Similar to soaliiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii
Similar to soaliiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiiii (20)
1. PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP
MADRASAH ALIYAH (MA) RIYADLUS SHOLIHIN AL ISLAMY
TAHUN PELAJARAN 2023/2024
Alamat : Dk Bibis RT. 01 RW. 02, Kel. Ngijo, Kec. Gunungpati Kota Semarang Telp. (024) 70176859
Mapel : Bahasa Jawa Hari/Tanggal :
Kelas : XI (Sebelas) Waktu :
I. Berilah tanda silang (x) huruf a, b, c, atau d pada
jawaban yang benar!
1. Parawira kang becik yaiku parawira kang ora kena ...
a. Nawakake dagangane
b. Masarake produk liya
c. Ngajak supaya tuku prodhuke
d. Duweni daya pangribawa
e. Blaka lan bisa dibuktikake
2. Tembang Gambuh kadhapuk saka ...
a. 4
b. 5
c. 6
d. 7
e. 8
3. Tembang Gambuh ngemot werdi kanggo sembah
jiwa, tegese yaiku ...
a. cahya utama kang mimpin uripe budi burani kang
sumunar ngebaki swasana lam katon kaya dene
lintang
b. merlokake pituduh maneh amarga anggayuhe
amung kanthi nggunakake kakuwatan batin
c. sembah kang sabenere diaturake konjuk gusti
kang maha agung
d. pangrasa was-was kang tansah sumendhe ing ati
wis ilang
e. panindak ngudi kawruh agama ing masarakat saiki
4. Pratelan ngisor iki kang ora trep karo tembang
gambuh yaiku ...
a. Kadhapuk saka lima gatra
b. Cacahe guru wilangan gatra katelu yaiku rolas
c. Sasmitane jumbuh
d. Watake tembang wani lan rumaket
e. Kanggo medharake rasa kapranan
Kanggo nomor 5 lan 6!
Nggonira mamrih tulus
Kalastaning reh kang rinuruh
Gyanira mrih wiwah warananing gaib
Paran ta lamun tan weruh
Sasmita jatining endhog
5. Ukara ngisor iki kang ora klebu tegese tembang
yaiku ...
a. bisa nemokake apa kang digoleki
b. aja nganti ora bisa mahami
c. yen kowe ora ngerti
d. amrih usahamu ana asile
e. tandha dumadine tigan
6. Gatra katelu ngemot tembung ...
a. Garba
b. Saroja
c. Wancahan
d. Plutan
e. Yogaswara
7. Cacahe tembang macapat saben salagu saka
wiwitan tekan pungkasan arane ...
a. Pada
b. Carita
c. Dirga
d. Gatra
e. Seratan
8. Roning ... sampun sayah nyuwun ngaso. Tembung
kang trep kanggo ngisi ukara ing dhuwur yaiku ...
a. Awan
b. Mlinjo
c. Rolasan
d. Kalah
e. Godhong
9. Damarwulan sejatine putra sudana ing Majapahit,
nanging dimong simbahe ing desa. Bareng wis
diwasa banjur nggoleki bapake nganti tumeka
ngenger ing daleme Patih Logender.
Tembung ngenger tegese ...
a. tresno
b. ngabdi
c. lunga
d. nesu
e. manggon
10. Kadadeyan kang dialami paraga sajrone dongeng
awujud bab-bab kang ora mungkin kedadeyan ing
panguripan sanyatane, mula diarani ...
a. historis
b. aninom
c. hiburan
d. gethok tular
e. fiktif
11. Crita epos iku crita kang surasa bab ...
a. kewan
b. pahlawan
c. hiburan
d. papan panggonan
e. dewa
12. Crita rakyat ngisor iki kang asale saka Jawa Tengah
yaiku ...
a. Jaka Tingkir
b. Tangkuban Prau
c. Malin Kundang
d. Segara Toba
e. Legenda Gunung Bromo
2. 13. “Durung Pakdhe, lha ... cepet-cepet ana apa ta,
Pakdhe?” saking Pakdhe Darsono wis anyel karo
Joko, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko. Joko
sing anteng-anteng wae kawit mau ora ngerti
karepe Pakdhene kok dheweke dikongkon cepet-
cepet aduse. Bubar adus Joko banjur nemoni
Pakdhene sing thenguk-thenguk ana ngemper omah
lagi jagongan karo Pak Burhan.
Miturut pethilan crita kasebut, kang ora klebu
watake Joko yaiku ...
a. segeleme dhewe
b. ora duwe ungguh-ungguh marang wong kang
luwih tuwa
c. tindak-tanduke ora trep marang wong tuwa
d. sregep
e. ora bisa ngurmati wong kang luwih tuwa
14. Ing crita candi Prambanan, Rara Jonggrang disabda
dadi reca dening ...
a. Bandung Bandawasa
b. Raden Logender
c. Prabu Siliwangi
d. Rukmuka
e. Calon Arang
15. Tembung kang digunakake ing pariwara becike ora
ngayawara mula sipate ...
a. persuasif
b. informatif
c. nggugah
d. narik kawigaten
e. unik
16. Paraga kang gawe sawijine prodhuk utawa leladi
diarani ...
a. partisipan
b. reseller
c. konsumen
d. distributor
e. produsen
17. Pariwara ing radhio kang dadi kawigaten yaiku bab
...
a. artis
b. gambar
c. akting
d. swara
e. animasi
18. Ngisor iki wujude ukara pangajap yaiku ...
a. kali Bengawan Solo lakune nrajang tumeka Jawa
Wetan
b. seumpama aku jaluk tulung ngono oleh apa ora?
c. mengko mulih sekolah aja lali tuku bensin
d. muga wae nalika aku mara ora suwung omahe
e. wingi aku ngerti masmu goncengan karo wong
wadon
19. Carane migunakake prodhuk yaiku ...
f. dioleske
g. diombe
h. ditetesne
i. dimut
j. diambu
20. Tembung sajrone pariwarakudu narik kawigaten.
Salah siji pariwara ana kang migunakake
ukara”biarkan jari-jari Anda yang berjalan”. Ukara
kasebut ngemot unsur ...
f. rima
g. humor
h. aliterasi
i. metafora
j. imajinatif
II. Jawablah pertanyaan-pertanyaan di bawah ini dengan
benar!
1. Aranana mitos kang ngrembaka ing wewengkonmu!
2. Apa perangan kang kudu digatekake nalika gawe
pariwara?
3. Jlentrehna paugerane tembang macapat!
4. Apa bedane crita rakyat lan crita cekak?
5. Aranana telu tuladha pariwara nonkomersial!