2. DAFTAR ISI
Unsur Kebasaan 16
............................
Ancase Tembang
Macapat ...........................................
Halaman Judul .............................
Daftar Isi ........................................
Pangerten
Tembang Macapat
Jinise Tembang
Macapat
Guru Gatra, Guru
Lagu, lan Guru
Wilangan
I
Filosofi Tembang
Macapat
II
1
2
3
4
15
.......................
............................................
............................................
.........................................
II
3. Tembang macapat yaiku tembang utawa puisi tradisional
ing tlatah Jawa sing paugeran-paugerane ana telu, yaiku
guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
Tembang ing basa Jawa diarani sekar amarga wacan
kasebut kudu ditembangake, mula macapat asring diarani
tembang macapat utawa ing krama inggil diarani sekar
macapat. Sekar macapat dhewe kalebu sastra alit kang ing
kasusastran Jawa ana ing tataran katelu sawise Sekar
Tengahan lan Sekar Ageng.
Sacara tradisional ana 15 bungkus ing macapat. Nanging
umume macapat mung nduweni pola 11 metrum. Dene
tembang macapat sewelas iku mujudake lelampahan
sucining manungsa ing donya wiwit lair nganti ngadep
marang Gusti ing kafan.
Umume macapat ditegesi maca papat-papat yaiku cara
maca ukara kang raket saben patang gatra. Macapat
ngemot isi piwulang kang dirangkum dadi 11 bab. Isi
piwulang macapat dipahami masyarakat Jawa minangka
kawruh utawa filosofi Jawa. Macapat asring ditegesi
minangka madosi jati diri manungsa ingkang sejati ingkang
dipun ubengi dening patang nafsu kadonyan, kayata
pangertosan Jawi “sedulur papat kalimo pancer”.
TEMBANG
MACAPAT
PANGERTEN
1
4. Tembang macapat wiwitane diwiwiti saka maca geguritan
mantra kang ditembangake kang wektu iku diarani kekawin
kang nggunakake basa Sansekerta. Kekawin biyasane
digunakake ing ritual-ritual agama amarga sifate mantra.
Salajengipun, sasampunipun Islam mlebet ing tanah Jawi,
para wali ndadosaken tembang cerkak kanthi nglebetaken
unsur-unsur ilmu agami, tata krama lan digunakake
minangka sarana kangge mulangake norma-norma agami
Islam lan sanes kangge ngibadah. Banjur, tembang cilik iki
diarani tembang macapat.
Macapat ngemot isi 11 piwulang sing asring ditegesi
minangka madosi jati diri manungsa ingkang sejati ingkang
dipun ubengi dening patang nafsu kadonyan, kayata
pangertosan Jawi “sedulur papat kalimo pancer”.
Macapat minangka tuntunan tumrap manungsa kanggo
golek jati diri kanthi cara ngatur patang pepenginan
kadonyan kang ana ing saben individu manungsa lan
dikarepake saben manungsa bisa nguwasani lan dadi
manungsa sejati kang sejatine manungsa.
TEMBANG
MACAPAT
ANCASE
2
6. Lelampahan manungsa dipunwiwiti kanthi
nyariyosaken kawontenan manungsa ingkang taksih
wonten ing ruh utawi ing alam garbanipun ibu.
“Maskumambang” ditegesi minangka manifesto wiji
manungsa saka wong lanang sing tuwuh ing
wadhah manungsa wadon ing kandhutan ibu.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
MASKUMAMBANG
Fase ing Kandhutan
4
7. Proses laire manungsa utawa laire bayi. Anane manungsa ing
donya iku dibarengi karo rong prakara, yaiku wong tuwa loro,
mesem lan guyu bungah ngiringi anak-anake ing donya. Dene
kanggo bocah, anane ing donya ditandhani dening tangise sing
pertama, karep papat sing nemplek sing bakal dadi pendamping
kekuatan batin, mengko dados kekuwatan ing pangembangan
urip manungsa. Kekuwatan lan hawa nepsu iki sing mengko bakal
mbantu awak manungsa supaya bisa mberangkang, mlaku lan
ngerti peri kauripan awal urip minangka bocah.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
MIJIL
Fase Kelairan
5
8. Ing umure manungsa bocah-bocah wiwit sinau
adaptasi lan tuwuh lan ngrembaka ing wektu lan urip
ing proses iki diarani sinom. Sinom nduweni teges
gegambaran para mudha ayu kang kebak pangarep-
arep lan angen-angen dolanan lan nongkrong karo
kanca-kanca sinambi nguri-uri kabisan pikiran lan atine
supaya bisa nduweni pepenginan lan pangarep-arep.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
SINOM
Fase Dolanan
6
9. Kinanthi asale saka tembung "Kanthi" utawa petunjuk
kang tegese butuh tuntutan utawi dalam kang bener
supaya bisa mujudake cita-cita lan pangarepan. Ing
periode iki yaiku mbentuk jati diri lan ndhidhik dalan
tumuju tujuan, sekolah lan ngerti urip ing njaba omah
minangka kagiyatan manungsa individu.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
KINANTHI
Fase Sekolah
7
10. Asmara tegesipun katresnan. Gegambaran fase menika
ngandharaken wekdal-wekdal asmara, kasmaran, utawi
lebur ing samodra katresnan. Ing fase iki dinamika
panguripan sansaya nyata lan rumit, butuh perjuangan
kanggo ngalahake egoe dhewe saengga kabentuk
kesepakatan sing diarani toleransi kanggo saling nampa
kekurangane saben individu.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
ASMARADHANA
Fase Kasmaran
8
11. F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
GAMBUH
Gambuh tegesipun jumbuh utawa manunggal. Tahap iki
ngandarake babagan prasetya ing bebrayan kanggo
manunggalake katresnan ing kauripan rumah tangga.
Pernikahan ora mung babagan nikahi individu, nanging uga
saling nikahi kulawargane nganthi kabentuk kerukunan,
kaselarasan, lan saling ngurmati antarane kaloro pasangan.
Fase iki ora gampang amarga ngelibatake prabedan sing
ana, saengga mbutuhake sifat legowo.
Fase Rumah Tangga
9
12. Dandhanggula tegesipun pait manise urip. Ing
fase iki yaiku kauripan sing sampun sampe tahap
nggolek kemapanan sosial saha kesejahteraan
kauripan gawe nyukupi sandang, pangan, lan
papan. Cukup ora ateges sugih utawi mewah,
nanging cukup migunani miturut porsi.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
DANDHANGGULA
Fase Makarya
10
13. F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
DURMA
Durma asale saka tembung darma kang nduweni teges
gambarane manungsa kang kudu tatag ngadhepi sakabehe
cobaan urip, carane yaiku saben manungsa kudu tumindak
becik marang wong liya sajrone urip bebrayan. Fase iki
nggambarake semangat gotong royong, welas asih, utawa
tresna marang manungsa liyane. Saka fase iki, dipunajab
supaya kauripan manungsa iku dhewe bisa nduweni manfaat
kanggo kauripan manungsa liyane saha ngelemesake jiwa
manungsa supaya adoh saka sifat angkara murka.
Fase Ngadhepi Cobaan
11
14. Pangkur tegese nyingkrina nafsu lan angkara murka, serta nafsu
ala kang nggerogoti jiwa manungsa. Ing fase iki, mesthine
manungsa kudu bisa ngendhaleni hawa nepsu. Miturut
pawulangane leluhure, manungsa Jawa diwulangi prihatin lan
lelaku kanggo lelaku kanggo mendem angkara murka nepsu
dunyo. Prihatin tegese nandhang murka kanthi nindakake
dhawuh agama lan piwulang kabecikan kang diwarisake dening
para leluhure masyarakat Jawa. Ing njero manah manungsa kang
dijenengi tawakal utawa pasrah diri marang sang Pangripta.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
PANGKUR
Fase Tuwa
12
15. Megatruh tegese megat roh, yaiku ing fase iki manungsa
ngadhep marang Gusti Allah. Fase iki yaiku kepedhote
nyawa saka jasad utawa kepedhote roh tumuju alam
keabadian kanthi macem-macem proses lan dalan tumuju
kematian sing nyebabake pati manungsa ingkang beda-
beda cara. Yen manungsa ndadekake agama minangka
dasar kauripan, banjur fase iki endah banget kanggo
dilakoni.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
MEGATRUH
Fase Pati
13
16. Pucung tegese pocong utawa ragane manungsa kang
dibungkus kain. Sabanjure kapisahe roh karo jasad lan
manungsa diabadino saka alam semesta, manungsa bali
marang Gusti Allah kanthi raga dibungkus nganggo kafan 3
lembar utawa 5 lembar lan ditaleni marang saben ruas raga
ingkang kasebut pocong. Fase iki diarani fase peristirahatan
jasad manungsa lan roh suci nerusake urip ing alam akhirat
miturut tumindak lan amal ibadahe ing dunyo.
F I L O S O F I
T E M B A N G
M A C A P A T
PUCUNG
Fase Pocong
14
17. GURU GATRA, GURU LAGU,
LAN GURU WILANGAN
Guru gatra
Guru lagu
Guru wilangan
yaiku cacahing larik saben sapada.
Tuladha:
Durma 7 gatra, Pucung 4 gatra, lan sapanunggale.
yaiku tibane swara ing pungkasaning gatra.
Tuladha:
Sinom yaiku a, i, a, i, i, u, a, i, a.
yaiku cacahing wanda saben sagatra.
Tuladha:
Dandhanggula yaiku 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.
15
18. Tembung Garba
Tuladha
UNSUR KEBASAAN
yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi
siji, kanthi ngurangi jumlah wanda lan nduwe makna
dewe, tembung garba uga diarani sinandhi.
Maharsi saka tembung maha + resi
Jalwestri saka tembung jalu + estri
Lumakweng saka tembung lumaku + ing
Tembung loro utawa luwih menawa digarba
banjur muncul aksara “y”.
Tembung loro utawa luwih menawa digarba
banjur muncul aksara “w”.
Tembung loro utawa luwih sing kagarba
nganggo tembung maha, ananging tembung
maha kasebut mung muni “mah”.
1.
2.
3.
Kaperang dadi 3
16
19. Digunakake ing kasusastran Jawa Kuna, kayata
ing kakawin, candi, dagelan, prasasti lan liya-
liyane.
Digunakake kanggo pagelaran kethoprak,
wayang, uga pranata adicara ing acara kejawen.
Asring digunakake ing bebrayan Jawa (Kejawen).
Bisa didadekake jeneng wong amarga dipercaya
nduweni pengaruh positif marang sing nduweni.
1.
2.
3.
4.
Tembung Kawi
Tuladha
UNSUR KEBASAAN
yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing
basa endah, umpamane kanggo ing tembang utawa
acara liyane kang gegayutan karo adat kejawen.
Cakrawala yaiku langit
Gama yaiku dalam
Ratri yaiku bengi
Guna
17
20. Jenenge kewan
Jenenge tokoh wayang
Panggonan
Kalender jawa
Istilah-istilah umum sing asring digunakake ing
pacelathon saben dina, kayata kriya.
1.
2.
3.
4.
5.
Tembung Dasanama
Tuladha
UNSUR KEBASAAN
yaiku tembung pirang-pirang kang duweni teges siji
utawa padha, asale saka tembung "dasa" lan "nama"
kang nduweni arti sepuluh asma.
Aku podo karo amba, ngong, ingong, ingwang, ulun,
patikbra, katengong, ingsun, kawula, manira, robaya.
Jinise
18
21. DImen lebdeng kawruh ing pakaryan mrih trengginas
NAlar mulur rinengga ambeg berbudi anjrah mring
para siswa
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Nanging mulya
Dina dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuswantara
UNSUR KEBASAAN
Sandi Karsa
yaiku tujuan, ancas, utawa karep kang sinamun
utawa sinamar ana ing tembang. Ana uga wong kang
ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara yaiku ukara
(ukarane kanggo medharake cipta, gagasan, rasa–
pangrasa, utawa kekarepan).
Tuladha
19
22. UNSUR KEBASAAN
Sandi Asma
yaiku jeneng kang disamarake, jeneng kang ora
diketarakake, utawa jeneng kang didhelikake (
Indonesia: nama samaran). Sejatine jeneng mau wis
jangkep, nanging jeneng mau dipedhot-pedhot, ora
langsung bisa ditemtokake. Biasane sandhi asma iki
dumunung ing reriptan/karya sastra awujud tembang
utawa ing geguritan. Nanging bisa uga ing sesanti.
Tuladha
NAlika ingsung aneng praja
lumakweng maDya ratri
den ngisor kIrana len cahya gama
nggawA raga menyang pangrasa nestapa
kelingan kepriye kAUripan iki terus leksana
aruna den garis cakrawaLa ingkang mbelah
mandhala
adItya wiwit katon saka narasunya
manungsa Arsa miwiti aktivitase, makarya kanggo
kulawarga
20