SlideShare a Scribd company logo
1 of 3
“SESORAH PENGETAN TANGGAP WARSA PROKLAMASI
KAMARDIKAN INDONESIA KAPING 66”
Dening : Wahyu Ari Wibowo
Assalamu’alakum Wr. Wb.
Salam kawilujengan saha katentreman Gusti Allah tansah manunggil
dhumateng kula lan panjenengan sadaya.
Langkung rumiyin sumangga kula derekaken sami angaturaken puji syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun kepareng paring kanugrahan,
kanikmatan, rahmat, deneo ing wekdal injing menika kula lan panjenengan sadaya
saget makempal wonten ing Aula SMA Negeri 1 Sentolo menika kanthi wilujeng
mboten wonten alangan setunggal menapa.
Dhumateng Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Sentolo ingkang kinurmatan,
Bapak/Ibu Guru saha Karyawan ingkang kinurmatan lan para konco-konco ingkang
kula tresnani.
Para rawuh ingkang satuhu kula hormati, mugi panjenengan sadaya kersa
paring samodra pangaksami dhumateng diri kula, dene sampun kumawani jejer
wonten ingarsa panjenengan sami. Inggih awit kula kadhawuhan nderekaken sesorah
ing adicara “ Pengetan Tanggap Warsa Proklamasi Kamardikan Indonesia Kaping
66”. Inggih awit kaderekaken manah kula ingkang kepingin ngaturaken sekedhik
pangertosan kula kanthi irah-irahan : ”Neladhani Jiwa Pahlawan ing Jaman
Kamardikan”
Para kadhang,
Saperlu kawuningan bilih ingkang dipunwastani Pahlawan menika ?
Pahlawan inggih menika tiyang ingkang lila ngorbanaken jiwa lan raganipun lan
ikhlas pambela bangsa kangge njagi kakukuhan lan kawutuhan bangsa saking
penjajah. Para Pahlawan sami nyambut damel lan mbiyantu ngempalaken kawiyatan
ingkang badhe dipunginakaken kangge njagi wilayah Indonesia menika. Para
Pahlawan kula lan panjenegan sami pancen kumawani, gagah, bijaksana, lan pinter
ndamel cara kangge nglawan penjajah.
Para Pahlawan menika mboten namung saking golongan tiyang sepuh
kemawon, ananging wonten saking golongan pemuda. Saking kalih golongan menika
nggadhai tugas piyambak-piyambak. Tugas tiyang sepuh inggih menika maringi ide-
ide lan gagasan marang golongan pemuda kangge nglawan para penjajah lan pripun
saget ngrebat kamardikan. Mbok bilih tugas golongan pemuda inggih menika
nglampahaken ide lan gagasan saking golongan tiyang sepuh. Awit wontenipun kerja
sesarengan saking kalih golongan menika saget gotong-royong nglawan para penjajah
lan pungkasan surya 17 Agustus 1945 wanci jam 10.00 enjing Indonesia saget
mardika. Kamardikan menika dipungayuh kasil perjuangan pahlawan kula lan
panjenengan sadaya. Saingga kula lan panjenengan sadaya saget urip tentrem lan
makmur sarta mboten enten gangguan malih saking para penjajah.
Ananging napa kula lan panjenengan sadaya saget dados Pahlawan?
Terus kepripun caranipun?
Saget! niku jawabanipun. Kula lan panjenengan sadaya saget dados Pahlawan, kanthi
kathah cara ingkang saget kula lan panjenengan lakoni.
Dados, Pahlawan menika bintang kamardikan kula lan panjenengan sadaya.
Pahlawan ingkang ikhlas lan purun pambela bangsa Indonesia menika.
Kangge sadaya konco-konco, mangga kula lan panjenengan sadaya conto
Pahlawan-pahlwan kamardikan menika. Kula lan panjenengan sadaya saget
nglampahaken ngangge kathah cara, kayata sinau ingkang sregep, sami tetulungan,
hormat dhateng tiyang sepuh, lan sakpanunggalanipun. Sakpanunggalanipun menika,
Guru kula lan panjenengan sadaya inggih Pahlawan, inggih Pahlawan tanpa tanda
jasa ingkang kedah kula lan panjenengan sadaya hormati. Mangga kula lan
panjenengan sadaya njunjung raos persatuan bangsa menika supados kawujud
kamakmuran sesarengan. Mugi-mugi pangertosan ingkang sekedhik menika saget
manfaati kangge sesarengan.
Para rawuh ingkang kinurmatan kados cekap semanten atur kula, mbok bilih
kathah kalepatan utawi solah bawa ingkang mbotan mranani ing penggalih
panjenengan sadaya, kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Girimulyo, 2 Maret 2011
Kawuningan dening tiyang sepuh
Suparman

More Related Content

More from WaQhyoe Arryee

More from WaQhyoe Arryee (20)

Ipa 1
Ipa 1Ipa 1
Ipa 1
 
Sistem gerak
Sistem gerakSistem gerak
Sistem gerak
 
Pengertian kubus
Pengertian kubusPengertian kubus
Pengertian kubus
 
Makalah Balok
Makalah BalokMakalah Balok
Makalah Balok
 
PPT MTK Balok
PPT MTK BalokPPT MTK Balok
PPT MTK Balok
 
PPT PKN Pentingnya Pembelajaran PKn dkk
PPT PKN Pentingnya Pembelajaran PKn dkkPPT PKN Pentingnya Pembelajaran PKn dkk
PPT PKN Pentingnya Pembelajaran PKn dkk
 
Makalah Kedudukan Media dalam Pembelajaran
Makalah Kedudukan Media dalam PembelajaranMakalah Kedudukan Media dalam Pembelajaran
Makalah Kedudukan Media dalam Pembelajaran
 
Makalah "Prosedur Pemilihan Media Pembelajaran"
Makalah  "Prosedur Pemilihan Media Pembelajaran"Makalah  "Prosedur Pemilihan Media Pembelajaran"
Makalah "Prosedur Pemilihan Media Pembelajaran"
 
Bahan ajar kelas xi semester 2 (genap) ms excel
Bahan ajar kelas xi semester 2 (genap)  ms excelBahan ajar kelas xi semester 2 (genap)  ms excel
Bahan ajar kelas xi semester 2 (genap) ms excel
 
Bahan ajar tik microsoft excewahyuel
Bahan ajar tik microsoft excewahyuelBahan ajar tik microsoft excewahyuel
Bahan ajar tik microsoft excewahyuel
 
Kanker serviks 2007
Kanker serviks 2007Kanker serviks 2007
Kanker serviks 2007
 
Kbm biologi virus
Kbm biologi virusKbm biologi virus
Kbm biologi virus
 
Kbm biologi protista
Kbm biologi protistaKbm biologi protista
Kbm biologi protista
 
Kbm biologi fungi
Kbm biologi fungiKbm biologi fungi
Kbm biologi fungi
 
Kbm biologi monera
Kbm biologi  moneraKbm biologi  monera
Kbm biologi monera
 
Interaksi sosial2
Interaksi sosial2Interaksi sosial2
Interaksi sosial2
 
Kbm mengenal biologi
Kbm mengenal biologiKbm mengenal biologi
Kbm mengenal biologi
 
Polio
PolioPolio
Polio
 
Mmr
MmrMmr
Mmr
 
Hib prp t & hib prp-omp
Hib prp t & hib prp-ompHib prp t & hib prp-omp
Hib prp t & hib prp-omp
 

Sesorah pengetan tanggap warsa proklamasi

  • 1. “SESORAH PENGETAN TANGGAP WARSA PROKLAMASI KAMARDIKAN INDONESIA KAPING 66” Dening : Wahyu Ari Wibowo Assalamu’alakum Wr. Wb. Salam kawilujengan saha katentreman Gusti Allah tansah manunggil dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Langkung rumiyin sumangga kula derekaken sami angaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun kepareng paring kanugrahan, kanikmatan, rahmat, deneo ing wekdal injing menika kula lan panjenengan sadaya saget makempal wonten ing Aula SMA Negeri 1 Sentolo menika kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal menapa. Dhumateng Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Sentolo ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru saha Karyawan ingkang kinurmatan lan para konco-konco ingkang kula tresnani. Para rawuh ingkang satuhu kula hormati, mugi panjenengan sadaya kersa paring samodra pangaksami dhumateng diri kula, dene sampun kumawani jejer wonten ingarsa panjenengan sami. Inggih awit kula kadhawuhan nderekaken sesorah ing adicara “ Pengetan Tanggap Warsa Proklamasi Kamardikan Indonesia Kaping 66”. Inggih awit kaderekaken manah kula ingkang kepingin ngaturaken sekedhik pangertosan kula kanthi irah-irahan : ”Neladhani Jiwa Pahlawan ing Jaman Kamardikan”
  • 2. Para kadhang, Saperlu kawuningan bilih ingkang dipunwastani Pahlawan menika ? Pahlawan inggih menika tiyang ingkang lila ngorbanaken jiwa lan raganipun lan ikhlas pambela bangsa kangge njagi kakukuhan lan kawutuhan bangsa saking penjajah. Para Pahlawan sami nyambut damel lan mbiyantu ngempalaken kawiyatan ingkang badhe dipunginakaken kangge njagi wilayah Indonesia menika. Para Pahlawan kula lan panjenegan sami pancen kumawani, gagah, bijaksana, lan pinter ndamel cara kangge nglawan penjajah. Para Pahlawan menika mboten namung saking golongan tiyang sepuh kemawon, ananging wonten saking golongan pemuda. Saking kalih golongan menika nggadhai tugas piyambak-piyambak. Tugas tiyang sepuh inggih menika maringi ide- ide lan gagasan marang golongan pemuda kangge nglawan para penjajah lan pripun saget ngrebat kamardikan. Mbok bilih tugas golongan pemuda inggih menika nglampahaken ide lan gagasan saking golongan tiyang sepuh. Awit wontenipun kerja sesarengan saking kalih golongan menika saget gotong-royong nglawan para penjajah lan pungkasan surya 17 Agustus 1945 wanci jam 10.00 enjing Indonesia saget mardika. Kamardikan menika dipungayuh kasil perjuangan pahlawan kula lan panjenengan sadaya. Saingga kula lan panjenengan sadaya saget urip tentrem lan makmur sarta mboten enten gangguan malih saking para penjajah. Ananging napa kula lan panjenengan sadaya saget dados Pahlawan? Terus kepripun caranipun? Saget! niku jawabanipun. Kula lan panjenengan sadaya saget dados Pahlawan, kanthi kathah cara ingkang saget kula lan panjenengan lakoni. Dados, Pahlawan menika bintang kamardikan kula lan panjenengan sadaya. Pahlawan ingkang ikhlas lan purun pambela bangsa Indonesia menika.
  • 3. Kangge sadaya konco-konco, mangga kula lan panjenengan sadaya conto Pahlawan-pahlwan kamardikan menika. Kula lan panjenengan sadaya saget nglampahaken ngangge kathah cara, kayata sinau ingkang sregep, sami tetulungan, hormat dhateng tiyang sepuh, lan sakpanunggalanipun. Sakpanunggalanipun menika, Guru kula lan panjenengan sadaya inggih Pahlawan, inggih Pahlawan tanpa tanda jasa ingkang kedah kula lan panjenengan sadaya hormati. Mangga kula lan panjenengan sadaya njunjung raos persatuan bangsa menika supados kawujud kamakmuran sesarengan. Mugi-mugi pangertosan ingkang sekedhik menika saget manfaati kangge sesarengan. Para rawuh ingkang kinurmatan kados cekap semanten atur kula, mbok bilih kathah kalepatan utawi solah bawa ingkang mbotan mranani ing penggalih panjenengan sadaya, kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama. Nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Girimulyo, 2 Maret 2011 Kawuningan dening tiyang sepuh Suparman