Surat ini berisi permintaan izin untuk meminang seorang gadis sebagai istri dari seorang pria. Surat tersebut menjelaskan latar belakang keluarga sang pria dan alasan mengapa pernikahan ini sesuai dengan adat istiadat setempat. Surat tersebut mengakhiri dengan memohon restu dan doa agar proses pernikahan dapat berjalan lancar.
Good Stuff Happens in 1:1 Meetings: Why you need them and how to do them well
Peningset
1. Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Kawula nuwun, Bapa/Rakamas/Adhimas* … (nama paraga panampi) ingkang hangemban wajib luhur
wonten ing madyaning pahargyan punika minangka sulih sarira saking Bapa … (ingkang hamengku
karsa) sakalihan garwa, ingkang satuhu bagya mulya. Sowan kula ing ngarsa panjenengan minangka
duta-sarayanipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung) ingkang pidalem ing …
(dedunung tiyang sepuhipun panganten kakung).
Saderengipun kula ngaturaken menggah wigatosing pisowan kula, keparenga langkung rumiyin kula
ngonjukaken suka-syukur tuwin sembah puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, inggih awit
rumentahing barokah tuwin kawilujengan, satemah lampah kula hangirid panekaring putra panganten
kakung manggih rahayu-wilujeng kalis saking pringgabayaning margi.
Minangka purwakaning atur, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapa … (nama tiyang sepuhipun
panganten kakung) sakalihan, mugi kaaturna Bapa … (nama ingkang hamengku karsa/tiyang
sepuhipun panganten putri) sakalihan garwa.
Sumusul atur ingkang angka kalih, sowan kula saprelu nglarapaken saha ngaturaken sekar cepaka
mulya sasele inggih pinanganten kakung Anakmas … (nama panganten kakung), putra kakungipun
Bapa … (nama tiyang sepuhipun panganten kakung), saprelu netepi pasarujukaning pirembagan ing
wekdal kawuri, bilih ing dinten winaton, inggih ing dinten punika, pinanganten kakung, Anakmas …
(nama panganten kakung) badhe kapanggihaken miturut adat-widhi-widana ingkang sampun
lumampah ing ngriki kaliyan Nimas Rara … (nama panganten putri), putra putrinipun Bapa … (nama
tiyang sepuhipun panganten putri) sakalihan. Ingkang punika, putra panganten kakung kula aturaken
panjenengan. Kajawi saking punika, minangka tangsuling katresnan, kula kinanthen sasana
redana/amplop* tuwin ubarampe sawatawis, mugi-mugi katampia kanthi suka renaning panggalih,
sarta sageda nambahi raketing pasadherekan anggenipun sami mangun bebesanan.
Salajengipun menggah badhe kaleksananing sedya, kula sapanggrubyuging pinanganten kakung,
tansah jumurung ing karsa sinartan puji-donga, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung ngijabahi sedya-
tama punika. Amiin.
Minangka panutuping atur, kula titah sawantah, tartamtu kathah kalepatan tuwin kekiranganipun. Awit
saking punika, kiranging subasita miwah tumpah-suhing basa, kula nyuwun agunging pangaksama.
Wabillaahi taufiq wal hidayah