More than Just Lines on a Map: Best Practices for U.S Bike Routes
Materi B jawa 7.docx
1. Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan
sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu
utawa wong akeh.
Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang
bentuk kayata:
Bentuk cetak
Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar
semangat, lan sanesipun.
Bentuk Siaran
Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo
nyawisake pawarta menika. Contone: berita bahasa jawa TA TV, berita bahasa jawa
JOGJA TV, berita bahasa jawa Radio Persatuan, berita bahasa jawa TV Semarang, lan
sak panunggalane.
Liwat Internet
Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa
sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog. Contone situs
sing nyawisake berita basa jawa: pawarta bahasa jawa, sesorah jawa, kumpulan cerita
bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, lan sak panunggalane.
Bentuk lisan
Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake
langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta.
Contone: anak marang bapak, utawa sewalike.
Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku
nggamblangna babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan= Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye = Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut
neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.
Warta ingkang menarik kedah nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual, faktual utawa
nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.