1. ADAT ISTIADAT BARI’AN
Bari’an yaiku adat istiadat desa tayu, sing dilaksanakna saben tanggal 1 sura.
Biasane acara iki dianakna ing saben pertigaan utawa perapatan dalan, nanging ing
desaku dilakoni ing ngarep makam omahe Mbah Syech Ahmad Siddiq Balawi utawa
kulina disebut mbah Bungkle, panggonane ana ing prapatan lawiyah. Manfaate
dipercaya iso jaga keselamatan desa tayu lan penduduk sekitar.
Saben penduduk nggawe bubur putih sing isine ana tumisan tahu, tempe, ndok
lan wadahe saka takir sing go godong gedhang. Sak durunge jam 5 penduduk wes
ngumpul ing pertigaan utawa perapatan dalan, karo ngenteni kyai sing ndongani acara
bari’an. Acarane dimulai sore sekitar jam 5, sak wise di dongani bubur sing digowo mau
diijolno karo penduduk liane.
NAMA : FITRIA DWI INDRIYANI
KELAS : IX – C
NO. ABSEN : 07 (TUJUH)