SlideShare a Scribd company logo
1 of 12
TUGAS BASA JAWA
“Cerita Sage”
Kelompok 2 (XI MIPA 3) :
1. Adela Salsabila Aulia (01)
2. Agga Ratano (09)
3. Ardi Sanjaya (10)
4. Ghaniyya Chandra Nada (22)
5. Idama Kusuma Dewi (23)
6. Safira Intan Rengganis (34)
SMAN 1 JEPARA
TAHUN PELAJARAN 2016/2017
1. Pengertian Sage
Pengertian Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun kalian
sujarah, ingkang nyritakaken kewantunan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban
satunggaling tiyang utawi tokoh.
2. Ciri-Ciri Sage
 Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit.
 Kalebu karya kolektif, dipun anggep gadhahipun rakyat sareng-sareng.
 Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kedadosan-kedadosan ingkang
mokal wontenipun (imajinasi).
 Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewahan ingkang wigati saking jaman dateng jaman
salajengipun.
3. Jenis-Jenis Sage
 Sage sejarah
 Sage keimanan
 Sage perjalanan
 Sage alam
4. Contoh Sage :
Aji Saka
Peksi-peksi padha ngoceh nangagapi rawuhe Hyang pratangga Pati. Cahya sumamburat
abang anerawang weh pepadhang mring sukuning gunung kang dadi papane alas gung liwang-
liwung. Sajroning wana kono ana sawijing guwa kang katon sepi nyenyet awit kaprabwan dening
rungguting gegodhongan.
Ing njero guwa iku ana sawijing raseksa kang serakah , galak, medeni lan seneng mangan
manungsa utamane bocah cilik. Raseksa iku jenenge Dhewata Cengkar, dheweke nduweni
kapinginan supaya dadi Ratu Medang.
Dhewata Cengkar banjur pengen mujudake angene iku mau, dheweke nyerang kerajaan
Medang lan mateni Prabu Kuru Welut. Sakwise mateni Prabu Kuru Welut Dhewata Cengkar dadi
Ratu ing Medang. Saben dinane Dhewata Cengkar cuman mangan, turu lan mbebani para kawula
karo pajak kang gedhe banget.
Endahing swasana datan kaya sesawangan ing padhepokan Sumber Pitu Padhepokan iku
ana ing lengkehing Gunung Semeru. Padhepokan iku dipangarsani dening Begawan
Mandhasia.Ing kana ana murid kang paling unggul yaiku Aji Saka. Aji Saka seneng karo Dewi
Cakrwati, putri wuragile Begawan Mandhasia.
Aji Saka kang ngira dheweke yatim piatu, jebule reti kasunyatan anyar saka Begawan
Mandhasia yen dheweke kuwi anake Raja Medang yaiku Prabu Kuru Welut.Begawan Mandhasia
ngongkon Aji Saka supaya mulih ing Medang amarga ilmu sing ditimba ing Padhepokan Sumber
Pitu dirasa wis cukup. Reti kaya mangkono kuwi Aji Saka pengen mulih nanging abot ninggalke
Padhepokan Sumber Waras tanpa nggawa wong sing ditresnani yaiku Dewi Cakrawati. Dewi
Cakrawati akhire dirabiake karo Aji Saka banjur digawa mulih menyang Kraton Medang.
Sedina sakdurunge mangkat Begawan Mandhasia nduweni mimpi elek ngenani keadaan
kraton Medang kang lagi nandang bebaya gedhe. Amarga iku Dewi Cakrawati ditinggal garwane
Raden Aji Saka kanggo niliki kahanan ing Kraton Medhang. Aji Saka lunga Medhang dikancani
karo Sembada lan Dora.
Sawise tekan wana ing gunung Kendheng, Raden Aji Saka, Sembada lan Dora ngaso ing
ngisor wit. Saka kadohan ana swara jaran, jebule iku Dewi Cakrawati kang nyusul Raden Aji
Saka.
Esuk-esuk banget Dewi Cakrawati,Dora lan Raden Aji Saka lunga saka wana iku,
nanging sembada dikon manggon ning kana kanggo njaga keris pusaka titipane Begawan
Mandhasia. Raden Aji Saka pesen yen ora bali nemuni Sembada telung sasi meneh, keris iku
kudu diwenehake karo Begawan Mandhasia. Pusaka iku ora oleh diwenehake karo sapa wae.
Pusaka iku kudu dibalekakke karo Raden Aji Saka.
Sakwise iku Raden Aji Saka, Dewi Cakrawati karo Dora lunga menyang kraton Medang.
Ing perbatasan kraton Medang wong telu mau ketemu pak tani kang katon sengsara banget uripe.
Raden Ajisaka mudhun saka jarane kanggo takon kahanan apa kang wis dadi ing Medang,
amarga sakdurunge Medang negara kang makmur.
Pak Tani crita yen Medang saiki lagi nandang kesusahan amarga diprentah karo raseksa
yaiku Dhewata Cengkar. Prabu Dhewata Cengkar seneng mangan bocah cilik lan narik pajak
kang gedhe. Dheweke kurang prihatin marang nasib rakyate.
Dewi Cakrawati ditinggal ning omahe Pak Tani amarga Raden Aji Saka kuwatir yen
garwane sing ditresnani kuwi bakal nemoni masalah kang mbebayani. Raden Aji Saka banjur
nglanjutake lakune tekan Kraton Medhang. Sak durunge ngadhepi raseksa kuwi Raden Aji Saka
karo Dora nginep ing panginepan cedhak kraton.
Aji Saka dedhonga marang Hyang Widhi sakdurunge ngadepi raseksa iku lan entuk akal
yen dheweke bakal dadi bocah cilik kang dadi panganane raseksa. Esukke Raden Aji Saka wis
memba-memba dadi bocak cilik kang bagas waras. Dheweke lunga menyang kraton kanggo
ketemu Dhewata Cengkar.
Ki Patih Julung Wangin lan Ki Julung Pugut ngerti yen bocak cilik kuwi dudu bocah
sembarangan, bocah kuwi kang bakal nylametake Medang saka kasusahan. Nalika Dhewata
Cengkar arep mangan Aji Saka, ilate Dhewata Cengkar ditujes nganggo keris sakti, saknalika
Dhewata Cengkar mati.
Ing panginepan Dora kaget yen Dewi Cakrawati bisa nyusul ing Medang. Dewi
Cakrawati malah meksa Dora kanggo ngancani mlebu kraton ndelok raseksa kang wis nemuni
pati. Ing kraton dheweke ketemu Aji Saka kang banget ditresnani.
Aji Saka krasa lemes sakwise ngalahke raseksa iku banjur digawa menyang kamar tamu
kraton. Esukke Dewi Parwati garwane Prabu Kuru Welut ngerti yen Aji Saka sing ngalahke
raseksa kuwi putrane sing dititpke ing Padhepokan Sumber pitu.
Nalika Raden Aji Saka ketemu ibune, dheweke banjur sungkem lan njaluk ngapura
amaraga ibune ora dikandani yen ndekke rabi karo anak ragile Begawan Mandhasia yaiku Dewi
Cakrawati. Sedina sakwise kadadean iku Raden Aji Saka diangkat dadi raja ing kraton Medang
ganteni Prabu Kuru Welut kang wis seda.
Tugase Aji Saka saya abot yaiku kanggo mulihake kahanan kang ana. Kabeh punggawa
kerajaan lan masyarakat dimakmurke. Sithik-sithik kraton Medang balik ing masa kejayaane
maneh. Sawijining dina, Aji Saka kepengen nyiptaake aksara kanggo ngenalke maca lan nulis ing
rakyat Medang.
Saking abote tugas dadi raja Aji Saka lali kanggo njupuk pusaka keris kang dititipke ing
Sembada. Sakanalika iku Raden Aji Saka ngutus Dora kanggo njupuk pusaka saka Sembada. Sak
dawane perjalanan tumuju wana Gunung Kendheng dheweke kelingan karo paseduluran karo
Sembada. Dora nyepetake langkahe amarga saake karo Sembada kang nunggu rong sasi ning
wana dhewekan.
Sak tekanne wana, Dora akhire nemoni gubuge Sembada,dithothok lawane nanging ora
ana sing semaur, banjur Dora angger mlebu ning gubuge Sembada lan turon ing njero kana. Lagi
enak-enake turu Sembada teka lan jaili Dora. Irunge Dora kang lagi turu diwenehi suket kang
ndadiakke Dora wahing terus. Sembada banjur ngguyu lekek-lekek, krasa keganggu Dora tangi
lan weruh Sembada kang lagi ngguyu lekek-lekek, sakanalika Dora uga melu ngguyu wong
sakloron ngguyu ora ana entekke.
Sawise kesel ngguyu baren, Dora ngutarakke maksude lunga nemoni Sembada yaiku
kanggo njupuk keris pusaka titipane Aji Saka, amarga Aji Saka ora bisa njupuk dhewe jalaran
tugase dadi Raja Medang kang abot, saengga Dora dikon njupuk keris iku lan nggawa bali
menyang Kerajaan Medang.
Sembada ora gelem menehake keris iku amarga wis kaiket janji marang bendarane.
Dheweke arep perang marang Dora yen pancen dibutuhake kanggo mertahankke keris kuwi.
Sanajan wong sakloron kuwi seduluran nanging kanggo nyaguhi janjine bakal tarung. Limang
dina wong sakloron tarung tanpa mangan, turu lan ngombe. Awakke Dora lan Sembada pada
ketaton. Akhire wong sakloron wis ora kuat lan njaluk ngapura siji marang sijine. Dora lan
Sembada gugur amarga tarung kasebut.
Sepuluh Dina lunga, Aji Saka kuatir marang Dora, dheweke banjur lunga menyang wana
Gunung Kendheng lan kaget nalika weruh Dora lan Sembada nemoni pati amarga pada setya
marang janji bendarane.
Aji Saka duka banjur dhuweni ide yen kasetyaane Dora lan Sembada kudu didadeakke
contoh. Layone wong sakloron banjur dipethak ing kuburan kraton. Aji Saka nemukake aksara
kanggo nglestariakke kasetyaane Dora lan Sembada yaiku hanacaraka datasawala padhajayanya
magabathanga. Isine yaiku hana caraka tegese ana utusan, data sawala tegese dadi pasulayan,
padha jayanya ateges padha digdayane, maga batanga sing tegese dadi bathange.
Aksara iku kacipta saka lelakone abdi setiane yaiku Dora lan Sembada. Aksara iku banjur
dienggo nulis kabeh peraturan ing Medang. Kabeh rakyat Medang uga melajari. Aksara iku saya
cepet kasebar ing saindhenging negara Medang. Amarga aksara iku rakyat Medang wis bisa maca
lan nulis.
Ciung Wanara
Ing tlatah Jawa sisih wetan, ana sawijining negara gedhe kang kondhang subur makmur,
yaiku Galuh Pakuan. Galuh Pakuan uga kondhang mujudake negara kang aman lan tentrem ora
ana tindak maksiat. Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane Prabu Permana Dikusumah,
raja Galuh Pakuan kang pinter, adil lan duweni rasa asih.
Sang Prabu kagungan garwa cacah loro yaiku Dewi Naganingrum lan Dewi Pangrenyep.
Dewi Naganingrum nduweni bebuden kang luhur. Nanging Dewi Pangrenyep kosok baline.
Dewi Pangrenyep kogol atine amarga Sang Prabu luwih tresno marang Dewi
Naganingrum ketimbang dheweke, saengga Dewi Pangrenyep meneng-meneng nduweni niat
arep nyingkirake Dewi Naganingrum.
Ing sawijine awan, Prabu lenggahan ana taman kaputren diadhep garwane loro. Sang
Prabu katon sayah banget. Dewi Naganingrum banjur takon sebabe Prabu katon sayah.
Saktemene Prabu ora kersa ngendika nanging sakwise Dewi Naganingrum dhesek, Prabu banjur
cerita.
Prabu bingung ora duwe putra sing bakal nerusake dadi Raja, dene umure tansaya tambah
tuwa. Dewi Naganingrum angglong atine, dheweke rumangsa melu tanggung jawab amarga
nganti saiki dheweke durung bosa ngandhut putrane Prabu. Banjur Dewi Naganingrum nyuwun
ngapura.
Bengine ing kamar, Dewi Naganingrum lan Dewi Pangrenyep lagi padha jagongan kepiye
carane supaya Prabu bisa duwe anak. Dewi Pangrenyep menehi panemu supaya ngangkat Panji
Gumilang, keponakane dheweke mawon, nanging Dewi Naganingrum ora sarujuk amarga
tumindake kang seneng foya-foya. Dewi Pangranyep tambah gething karo Dewi Naganingrum.
Sakwise iku Dewi Naganingrum rembugan karo Sang Prabu bab anak angkat, nanging
Sang Prabu wis duwe calon dhewe, yaiku Patih Arya Kebonan.
Esoke kabeh kawula Galuh Pakuan ngumpul ing tengah alun-alun banjur ngumumake yen
dheweke milih Patih Arya Kebonan kanggo nggenteni dheweke dadi raja lan sakwise iku
langsung pamit arep munggah gunung kanggo semedhi. Ninggalake garwane cacah loro kang lagi
padha ngandhut.
Patih Arya Kebonan ora bisa tumindak adil lan wicaksana. Dheweke uga nganggo gelar
Prabu Galuh Barma Wijaya. Dewi Naganingrum prihatin banget. Beda karo Naganingrum, Dewi
Pangranyep malah seneng.
Bengi iku, sakwise melu pesta Dewi Pangranyep nglairake putra ganteng, lan pakulitane
putih resik karo bantuan Nini Bolang. Anake mau diwenehi jeneng Arya Banga saka Prabu Galuh
Barma Wijaya.
Sesasi sakwise, Dewi Naganingrum uga durung lairan. Kamangka umur kandhutane wis
sangang sasi luwih. Dewi Pangranyep nggendhong putrane menyang kamare Dewi Naganingrum.
Wis setahun Dewi Naganingrum ngendhut. Ing atine Dewi Pangranyep thukul rasa was
sumelang yen putrane Dewi Naganingrum bisa ngalahke Arya Banga.
Pas Dewi Naganingrum nglairake, Nini Bolang dipindhahake Dewi Pangranyep marang
papan liya. Saengga Dewi Pangranyep ngewangi lairan anake Dewi Naganingrum. Nanging
dheweke mrintah supaya Dewi Naganingrum nutup mripat lan kupinge. Anake Dewi
Naganingrum nalika lair langsung dilebokake peti lan dibuang ning kali banjur Dewi Pangranyep
nurokake anak kirik ning sebelahe Dewi Naganingrum. Sakwise buka mripat Dewi Naganingrum
kaget yen anake malah kirik.
Ing sawijine dino Nyi Timbaklarang, dhayang kaputren ngadhep marang Dewi
Naganingrum lan crita yen dheweke ora percoyo marang Dewi Pangranyep. Sakwise iku dewi
naganingrum dadi ora karu-karuwan banjur nangis.
Prabu Galuh Barma Wijaya nimbali Lengser, prajurite kanggo merjaya Dewi
Naganingrum supaya kutukanne ora nular.
Banjur Dewi Naganingrum nampa ajakane Lengser kanggo mlaku-mlaku menyang njaba
kraton numpak kereta kencana. Sak tekane ing gubuk cilik, Lengser ngomong yen dheweke
didhawuhi kanggo merjaya Dewi Naganingrum. Nanging dheweke malah nggowo Dewi
Naganingrum lan Nyi Timbaklarang ing gubuk kuwi banjur ngudhukake barang-barang
kebutuhane Dewi Naganingrum lan Nyi Timbaklarang.
Ing wewengkon Geger Sunten pinggir kali Citanduy, Aki lan Nini Balangantrang nemu
bayi lanang sing ora liya putrane Dewi Naganingrum. Banjur Aki lan Nini Balangantrang
ngemong bocah kuwi. Akhire bocah mau dijenengi Ciung Wanara.
Wektu terus lumaku, Ciung Wanara dadi bocah enom sing bagus. Ing salah sawijining
bengi Ciung Wanara ora sengaja ketemu karo Lengser. Ciung Wanara banjur gawa Lengser
menyang omahe. Ing omah iku Lengser krungu ayam sing kluruke aneh, Lengser njenggirat
kaget. Akhire Lengser reti yen Ciung Wanara iku putrane Dewi Naganingrum.
Lengser banjur gawa Ciung Wanara menyang gubuk cilik anggone Dewi Naganingrum
urip. Ing kana kekarone nangis lan kangen-kangenan.
Esoke, Ciung Wanara budhal menyang Galuh Pakuan didhampingi Lengser. Saktekane
ing kutha, Ciung Wanara banget anggone gumun.
Rong dina Ciung Wanara ing kutha Raja, dheweke ketemu guru kang jenenge Ki Bahung
Lisangkoro. Ora suwi saka iku, Ciung Wanara banjur didhawuhi lungguh kanthi posisi sila.
Tangane loro sedhakep ana ngarepe dhadha. Mripati merem. Dene Ki Bahung Lisangkoro
lungguh sila ana mburine. Tanganne loro-lorone nemplek gegere Ciung Wanara.
Bengi iku Lengser nemoni Ciung Wanara, dheweke menehi cara supaya bisa ngrebut
Galuh Pakuan saka Prabu Galuh Barma Wijaya. Carane yaiku melu adu jago ana alun-alun. Sak
kirane cukup, Lengser banjur pamitan.
Esoke Ciung Wanara menyang alun-alun, ning kana ana kalangan kanggo adu jago.
Kawula Galuh Pakuan kumpul ing kana. Pas lagi nonton adu jago, pitike Ciung Wanara kluruk
agawe Sang Prabu kaget lan nesu. Dadine Sang Prabu ngajak adu jago karo Ciung Wanara lan
Ciung Wanara nyanggupi. Totohane kanggo lomba iki yaiku Galuh Pakuan bakal diwenehake
marang sing menang.
Pitike Sang Prabu karo pitike Ciung Wanara diadu, kabeh sing ana ing papan kono padha
surak-surak kesenengen. Ing pungkasane pitike Prabu kalah agawe kabeh wong ning kono kaget.
Iku artine Galuh Pakuan bakal diwenehake menyang Ciung Wanara. Tapi Prabu ora gelem netepi
janjine, malah mrintah prajurite kanggo nangkep Ciung Wanara.
Sedurunge ditangkep Ciung Wanara nyritakake bab Dewi Pangrenyep kang wis fitnah
Dewi Naganingrum. Dewi Pangranyep dadi pucet. Kawula Galuh Pakuan padha geger dhewe.
Sak nalika Nini Bolang metu saka tengahe penonton langsung mbenerake kedadeyan iku.
Kawulan Galuh Pakuan dadi tambah nesu. Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi Pangrenyep
mlayu ninggalake papan kono. Ciung wanara banjur ngoyak. Dheweke pingin Prabu Galuh
Barma Wijaya lan Dewi Pangrenyep balik lan tanggung jawab. Nangin kekarone ora gelem
saengga nyerang Ciung Wanara, tapi Ciung wanara nyerang balik lan kena dhadhane Prabu
Galuh Barma Wijaya. Banjur kekarone nyuwun ngapura marang Ciung Wanara.
Akhire Ciung Wanara dadi raja Galuh pakuan sing duweni bebuden luhur lan
kawicaksanaan. Kawula Galuh Pakuan urip kanthi tentrem kerta raharja.
Gajah Mada
Ing Pereng Gunung Arjuna ana sawijining padhepokan yaiku Watu Gunung. Ing kana
akeh murid kang lagi ngudi ilmu. Saka akehe murid ana siji nom-noman gagah, rupane bagus,
lagi wae ngrampungake gladhen padinan. Nom-noman iku jenenge Mada, dheweke murid paling
unggul ing padhepokan Watu Gunung. Ngerti kahanan mangkono kuwi Ki Ajar Gunung prihatin
marang nasibe Mada sing pinter nanging durung bisa melu andhil mbenahi negarane yaiku
Majapahit kang lagi kisruh amarga perang sedulur. Perang sedulur kuwi ana jalaran, kabeh
kaluwarga istana pengen dadi Raja ing Majapahit.
Sawijining dina Ki Ajar Gunung ngejak Mada lunga menyang sapinggiring Kali Brantas,
Mada diwenehi cerita ngenani riwayat kali brantas. Ki Ajar Gunung banjur nerangke yen Mada
nduwe kabisan kanggo ngubah negarane. Sawise srengenge arep angslup ing suwaliking Gunung
Arjuna, Mada lan gurune enggal-enggal mulih menyang padhepokan.
Sak tekane ing padhepokan, Pujut takon karo Mada “Apa sing kokrembug karo Guru
dhek mau Mada?” Mada cuman jawab yen panjenenganipun ngendika bab riwayate kali
Brantas”, “Lho kadingaren panjenenganne ora ngendika ajaran budi luhur, kesatrian utawa
perjuwangan?” , “ Ya embuh Pujut aku dhewe gumun”.
Sawise Mada crita karo Pujut dheweke ditimbali Ki Ajar Gunung. Ki Ajar Gunung
nimbali Mada supaya Mada nglaksanaake tugas saka gurune yaiku nemoakke keris Dwirupa
werna putih ing njerone Guwa Selapitu. Enggal-enggal wae Mada nyaguhi prentah gurune kuwi.
Guwa Selapitu yaiku guwa kan cacahe lorong ana pitu, tekan kana Mada ketemu karo
wong tuwa kang nganggo pakaian serba ireng jenenge Ki Daneswara. Ki Daneswara uga
kepengen njupuk keris iku kanggo nambani warga ning dhusun Prigen kang kena pagebluk.
Amarga Mada teteg karo janjine gurune Mada ora gelem ngalah. Akhire Ki Daneswara tukaran
karo Mada. Ki Daneswara kalah, saengga Mada enggal-enggal njupuk keris iku. Sakwise keris
ditemuakke Mada langsung menyang mulih, nanging ing dalan metu guwa wis ana Ki
Daneswara, njaluk tulung karo Mada supaya menehake keris iku. Amarga Mada ora tegelan keris
diwenehake Ki Daneswara
Mada mulih ing padhepokan kanthi kuciwa amarga ora bisa gawa mulih keris iku,Mada
banjur njaluk ngapura marang gurune amarga ora bisa gawa mulih keris Dwirupa. Gurune malah
ora ngamuk justru gurune katon ayem-ayem wae, Mada tambah bingung amarga gurune
ngetokake kotak wadah keris Dwirupa. Mada lagi sadar yen gurune iku mau wis memba-memba
dadi Ki Daneswara kanggi nguji Mada. “ Mada kuwe wis lulus pandhadaran sepisan”
Esuk dinane Mada entuk pandhadaran sing keloro. Mada dikunci ing kamar jero siti lan
kudu bisa nemoakke daln metu saka njero kana. Lawang iku bakal dibukak karo Ki Ajar Gunung
seminggu meneh. Ing njero kamar Mada ora bisa weruh apa-apa jalaran peteng dhedet,Mada
banjur nyumet obor kang ana ing njero kamar kuwi.
Mada bingung golek dalan metu saka kana,suwi mikir Mada ketemu akale.Dhewekke
wiwit nothoki temboking kamar sakpecak mbaka sakpecak. Dheweke kepengin ngerti beda-
bedaning swara sing keprungu saka thothokan iku.
Suwening suwe anggone nothok nuwuhake swara
kumandhang,dhung...dhung...dhung..Nah,iki sajake dalane metu. Ana kamar liya ing sisihe
kamar iki. Mada nyoba nyurung tembok kasebut karo tenaga sakrosane. Dumadakan tembok mau
mbukak. Awit saking rosane anggone nyurung, awake Mada kesurung mlebu ing sawijining
kamar ing suwaliking tembok kamar mau.
Kamar iku sajake buntu,nanging ana samubarang sing narik kawigatenne Mada yaiku
sawijing buku saka kulit kewan. Buku mau dijupuk Mada banjur diwaca. Mada melajari ilmu
kanuragan paku bumi. Saben dinane Mada latihan. Kasille Mada bisa nguwasani ilmu kasebut.
Mada nggunakake ilmu kasebut kanggo metu saka kamar.
Mada bisa metu saka kamar iku lan kaget sebab dheweke wis ana ing perenging Kali
Brantas. Ing kana Ki Ajar Gunung wis nyambut Mada . “Mada kuwe wis bisa nguwasani ilmu
kanuragan paku bumi saikine kuwe lulus pendhadaran keloro”.
Lulus saka pendhadaran gurune, Mada dikon gurune menyang Kutha Majapahit kanggo
mbenahi kahanan ing kana amarga ontran-ontran saka wong kang ora marem karo pangkat sing
diparingake.
Mada nglaksanaake tugas saka gurune kasebut. Dheweke lunga menyang
Majapahit lan nemoni Ki Wiratanu, mitrane Ki Ajar Gunung. Mada ditampa dening Ki Wiratanu
kanthi apik.
Ing sawijining dina nalika Mada lagi mlaku-mlaku ana bendhe kang ditabuh ing alun-
alun. Mada enggal-enggal marani suwara kuwi. Jebule ana pengumuman lowongan kanggo
prajurit kerajaan.
Esuk-esuk banget Mada mangkat menyang markas prajurit Majapahit lan nglamar dadi
prajurit Majapahit.Cacahe cah satus sing kepilih dadi prajurit Majapahit. Saka cah satus mau
bakal dipilih perwira kang mimpin saben kelompok nalika perang. Nanging sakdurunge ditampa
calon prajurit kudu njiglokake jeruk kang kagantung dhuwur tanpa ngrusak jeruk iku.Sing bisa
njiglokake bakal diangkat dadi perwira. Mada bisa njiglokake jeruk iku lan ditampa dadi perwira
prajurit Majapahit, banjur jenenge diganti Gajah Mada.
Enem sasi Mada lan kanca-kancane latihan. Ora suwe-suwe Mada lan kanca-kancane
bakal dpilih dadi prajurit bhayangkari kraton, pancen iku katon kesusu. Iku kabeh saka usulane
Ra Kuti lan Ra Semi kang arep gawe ontran-ontran anyar ing Kraton.
Saka cah sepuluh cuman siji sing wani dadi prajurit bhayangkari kraton yaiku Mada.Mada
banjur lunga menyang kraton Majapahit kanggo nglaksanaake kuwajibane.Mada ngrasa ana sing
aneh karo Ra Kuti lan Ra Semi amarga prajurit bhayangkari sing cepet-cepet diganti. Saka
kejadian sing dhisik-dhisik kabeh kedadean ontran-ontran iku digawe-gawe dhewe karo wong
sing ora marem karo jabatanne.
Ra Semi lan Ra Kuti enggal-enggal nyusun rencana kanggo nyerang kraton lan mateni
Prabu Jayanegara. Sadurunge mateni Prabu Jayanegara Ra Semi lan Ra Kuti arep mateni
Mahapatih Wirapati. Ra Semi lan Prajurite nyerang Mahapatih Wirapati. Ing peperangan iku
Mahapatih lan Ra Semi gugur amaraga pada ketaton awakke. Ngerti kabar mangkono Ra Kuti
sedih lan janji bakal mateni Prabu Jayanegara sakcepete.
Krungu kabar ontran-ontran iku Gajah Mada lan rolas prajurit kang isih ana lunga metu
saka kraton Majapahit. Telung dina mlaku Prabu Jayanegara lan Gajah Mada tekan ing Desa
Bedander. Ing desa iku Prabu Jayanegara diamanke supaya ora dipateni marang Ra Kuti lan
prajurite.
Koming sawijing prajurit ijin marang Gajah Mada yen arep lunga menyang kutha kanggo
niliki keluwargane. Gajah Mada ora ngijini, banjur wengi-wengi Koming meneng-meneng lunga
menyang kutha, nanging apes nasibe lagi tekan perbatasan wis ketemu kanca prajurit liyane yaiku
Panji karo Roso. Amarga Koming wis nglanggar sumpah janjine prajurit Koming dipateni karo
Panji lan Roso. Gajah Mada banjur ngomong marang prajurit liyane yen kabeh iku dilakoni
jalaran kanggo keamanane Prabu Jayanegara.
Suasana wis katon aman, Gajah Mada mulih menyang kutha kanggo gawe strategi
nyerang Ra Kuti. Kabeh wong kutha diapusi yen rajane wis mati iku kabeh dilakoni kanggo
golek prajurit, kanggo ngewangi nyerang Ra Kuti amarga jumlah prajurit kerajaan saya sithik.
Gajah Mada kasil mateni Ra Kuti.
Sakwise Ra Kuti mati Prabu Jayanegara digawa bali menyang kraton Majapahit. Gajah
Mada diangkat dadi Patih Kahuripan.Selang suwe Prabu Jayanegara seda amarga dipateni Ra
Tanca sing serik amarga bojone diselingkuhi Prabu Jayanegara. Kabar iku mau padahal durung
reti benere. Ra Tanca sing niate ngobati bisule Prabu Jayanegara malah mateni sang Prabu.
Ngerti kabar mangkono kuwi Gajah Mada langsung mbales nyerang Ra Tanca, Ra Tanca
akhire mati. Sakbanjure Prabu Jayanegara sing ganti dadi raja yaiku Putri Buana Tunggal Dewi
putrine Prabu Jayanegara.
Ing wiwitane paprentahan Buana Tunggal Dewi kaanan ing Majapahit aman. Srawunge
karo mancanegara lumaku kanthi becik. Sawijining dina kraton Majapahit karawuhan tamu
sawijining nom-noman saka kraton Melayu sing wektu iku punjere ing Sumatera kulon. Dheweke
putra raja Pulo Emas utawa Melayu sing asmane Adityawarman. Dheweke banjur diangkat dadi
werdhamantri.
Majapahit terus ngluasake kakuwasaane, kayata nguwasani Sadeng. Ing ontran-ontran iku
jebule Ra kembar melu-melu belani Sadeng. Gajah Mada sing ngonangi tingkah polahe Ra
Kembar banjur merangi Ra Kembar lan kasil Ra kembar nemuni pati. Saka kedadean iku Gajah
Mada diangkat dadi Mahapatih sing pangkate luwih dhuwur saka werdhamantri. Gajah Mada
banjur ngucapke Sunpah Amukti Palapa. Isine sumpah iku yen Gajah Mada ora bakal mangan
palapa sadurunge nusantara bisa dikuwasani Majapahit. Gajah Mada bisa buktiakke sumpah iku
lan kasil nusantara bisa dikuwasani karo kerajaan Majapahit.
Crita sage (basa jawa)

More Related Content

Similar to Crita sage (basa jawa) (8)

Legenda Mranggen dalam lomba bahasa jawa
Legenda Mranggen dalam lomba bahasa jawaLegenda Mranggen dalam lomba bahasa jawa
Legenda Mranggen dalam lomba bahasa jawa
 
Ppt m6 kb 2 CERITA WAYANG RAMAYANA LAKON ANOMAN DUTA
Ppt m6 kb 2 CERITA WAYANG RAMAYANA  LAKON ANOMAN DUTAPpt m6 kb 2 CERITA WAYANG RAMAYANA  LAKON ANOMAN DUTA
Ppt m6 kb 2 CERITA WAYANG RAMAYANA LAKON ANOMAN DUTA
 
Carita rakyat jawa tengah
Carita rakyat jawa tengahCarita rakyat jawa tengah
Carita rakyat jawa tengah
 
Kidung hayu indonesia
Kidung hayu indonesiaKidung hayu indonesia
Kidung hayu indonesia
 
Pandhawa (sadewa)
Pandhawa (sadewa)Pandhawa (sadewa)
Pandhawa (sadewa)
 
Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)
Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)
Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)
 
Cerita Cekak Bahasa Jawa
Cerita Cekak Bahasa JawaCerita Cekak Bahasa Jawa
Cerita Cekak Bahasa Jawa
 
Sumansantaka (cerita kuno bahasa jawa)
Sumansantaka (cerita kuno bahasa jawa)Sumansantaka (cerita kuno bahasa jawa)
Sumansantaka (cerita kuno bahasa jawa)
 

More from safira intan

More from safira intan (8)

Peran serta masyarakat dalam penegakan ham
Peran serta masyarakat dalam penegakan hamPeran serta masyarakat dalam penegakan ham
Peran serta masyarakat dalam penegakan ham
 
Kimia unsur (SMAN 1 Jepara)
Kimia unsur (SMAN 1 Jepara)Kimia unsur (SMAN 1 Jepara)
Kimia unsur (SMAN 1 Jepara)
 
Ekonomi jenis bank dan LKBB (lembaga keuangan bukan bank)
Ekonomi jenis bank dan LKBB (lembaga keuangan bukan bank)Ekonomi jenis bank dan LKBB (lembaga keuangan bukan bank)
Ekonomi jenis bank dan LKBB (lembaga keuangan bukan bank)
 
Sesorah (pidato) basa jawa kelas XI
Sesorah (pidato) basa jawa kelas XISesorah (pidato) basa jawa kelas XI
Sesorah (pidato) basa jawa kelas XI
 
negative impact of caesarean section (dampak negative dari operasi sesar)
negative impact of caesarean section (dampak negative dari operasi sesar)negative impact of caesarean section (dampak negative dari operasi sesar)
negative impact of caesarean section (dampak negative dari operasi sesar)
 
menilai buku fiksi dan non fiksi (membandingkan buku fiksi dan non fiksi)
menilai buku fiksi dan non fiksi (membandingkan buku fiksi dan non fiksi)menilai buku fiksi dan non fiksi (membandingkan buku fiksi dan non fiksi)
menilai buku fiksi dan non fiksi (membandingkan buku fiksi dan non fiksi)
 
Agama Islam (hari akhir/ hari kiamat)
Agama Islam (hari akhir/ hari kiamat)Agama Islam (hari akhir/ hari kiamat)
Agama Islam (hari akhir/ hari kiamat)
 
gamelan dan busana adat jawa (bahasa jawa)
gamelan dan busana adat jawa (bahasa jawa)gamelan dan busana adat jawa (bahasa jawa)
gamelan dan busana adat jawa (bahasa jawa)
 

Crita sage (basa jawa)

  • 1. TUGAS BASA JAWA “Cerita Sage” Kelompok 2 (XI MIPA 3) : 1. Adela Salsabila Aulia (01) 2. Agga Ratano (09) 3. Ardi Sanjaya (10) 4. Ghaniyya Chandra Nada (22) 5. Idama Kusuma Dewi (23) 6. Safira Intan Rengganis (34) SMAN 1 JEPARA TAHUN PELAJARAN 2016/2017
  • 2. 1. Pengertian Sage Pengertian Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun kalian sujarah, ingkang nyritakaken kewantunan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban satunggaling tiyang utawi tokoh. 2. Ciri-Ciri Sage  Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun ingkang nganggit.  Kalebu karya kolektif, dipun anggep gadhahipun rakyat sareng-sareng.  Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken kedadosan-kedadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi).  Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewahan ingkang wigati saking jaman dateng jaman salajengipun. 3. Jenis-Jenis Sage  Sage sejarah  Sage keimanan  Sage perjalanan  Sage alam 4. Contoh Sage :
  • 3. Aji Saka Peksi-peksi padha ngoceh nangagapi rawuhe Hyang pratangga Pati. Cahya sumamburat abang anerawang weh pepadhang mring sukuning gunung kang dadi papane alas gung liwang- liwung. Sajroning wana kono ana sawijing guwa kang katon sepi nyenyet awit kaprabwan dening rungguting gegodhongan. Ing njero guwa iku ana sawijing raseksa kang serakah , galak, medeni lan seneng mangan manungsa utamane bocah cilik. Raseksa iku jenenge Dhewata Cengkar, dheweke nduweni kapinginan supaya dadi Ratu Medang. Dhewata Cengkar banjur pengen mujudake angene iku mau, dheweke nyerang kerajaan Medang lan mateni Prabu Kuru Welut. Sakwise mateni Prabu Kuru Welut Dhewata Cengkar dadi Ratu ing Medang. Saben dinane Dhewata Cengkar cuman mangan, turu lan mbebani para kawula karo pajak kang gedhe banget. Endahing swasana datan kaya sesawangan ing padhepokan Sumber Pitu Padhepokan iku ana ing lengkehing Gunung Semeru. Padhepokan iku dipangarsani dening Begawan Mandhasia.Ing kana ana murid kang paling unggul yaiku Aji Saka. Aji Saka seneng karo Dewi Cakrwati, putri wuragile Begawan Mandhasia. Aji Saka kang ngira dheweke yatim piatu, jebule reti kasunyatan anyar saka Begawan Mandhasia yen dheweke kuwi anake Raja Medang yaiku Prabu Kuru Welut.Begawan Mandhasia ngongkon Aji Saka supaya mulih ing Medang amarga ilmu sing ditimba ing Padhepokan Sumber Pitu dirasa wis cukup. Reti kaya mangkono kuwi Aji Saka pengen mulih nanging abot ninggalke Padhepokan Sumber Waras tanpa nggawa wong sing ditresnani yaiku Dewi Cakrawati. Dewi Cakrawati akhire dirabiake karo Aji Saka banjur digawa mulih menyang Kraton Medang. Sedina sakdurunge mangkat Begawan Mandhasia nduweni mimpi elek ngenani keadaan kraton Medang kang lagi nandang bebaya gedhe. Amarga iku Dewi Cakrawati ditinggal garwane Raden Aji Saka kanggo niliki kahanan ing Kraton Medhang. Aji Saka lunga Medhang dikancani karo Sembada lan Dora. Sawise tekan wana ing gunung Kendheng, Raden Aji Saka, Sembada lan Dora ngaso ing ngisor wit. Saka kadohan ana swara jaran, jebule iku Dewi Cakrawati kang nyusul Raden Aji Saka. Esuk-esuk banget Dewi Cakrawati,Dora lan Raden Aji Saka lunga saka wana iku, nanging sembada dikon manggon ning kana kanggo njaga keris pusaka titipane Begawan Mandhasia. Raden Aji Saka pesen yen ora bali nemuni Sembada telung sasi meneh, keris iku kudu diwenehake karo Begawan Mandhasia. Pusaka iku ora oleh diwenehake karo sapa wae. Pusaka iku kudu dibalekakke karo Raden Aji Saka. Sakwise iku Raden Aji Saka, Dewi Cakrawati karo Dora lunga menyang kraton Medang. Ing perbatasan kraton Medang wong telu mau ketemu pak tani kang katon sengsara banget uripe. Raden Ajisaka mudhun saka jarane kanggo takon kahanan apa kang wis dadi ing Medang, amarga sakdurunge Medang negara kang makmur. Pak Tani crita yen Medang saiki lagi nandang kesusahan amarga diprentah karo raseksa yaiku Dhewata Cengkar. Prabu Dhewata Cengkar seneng mangan bocah cilik lan narik pajak kang gedhe. Dheweke kurang prihatin marang nasib rakyate.
  • 4. Dewi Cakrawati ditinggal ning omahe Pak Tani amarga Raden Aji Saka kuwatir yen garwane sing ditresnani kuwi bakal nemoni masalah kang mbebayani. Raden Aji Saka banjur nglanjutake lakune tekan Kraton Medhang. Sak durunge ngadhepi raseksa kuwi Raden Aji Saka karo Dora nginep ing panginepan cedhak kraton. Aji Saka dedhonga marang Hyang Widhi sakdurunge ngadepi raseksa iku lan entuk akal yen dheweke bakal dadi bocah cilik kang dadi panganane raseksa. Esukke Raden Aji Saka wis memba-memba dadi bocak cilik kang bagas waras. Dheweke lunga menyang kraton kanggo ketemu Dhewata Cengkar. Ki Patih Julung Wangin lan Ki Julung Pugut ngerti yen bocak cilik kuwi dudu bocah sembarangan, bocah kuwi kang bakal nylametake Medang saka kasusahan. Nalika Dhewata Cengkar arep mangan Aji Saka, ilate Dhewata Cengkar ditujes nganggo keris sakti, saknalika Dhewata Cengkar mati. Ing panginepan Dora kaget yen Dewi Cakrawati bisa nyusul ing Medang. Dewi Cakrawati malah meksa Dora kanggo ngancani mlebu kraton ndelok raseksa kang wis nemuni pati. Ing kraton dheweke ketemu Aji Saka kang banget ditresnani. Aji Saka krasa lemes sakwise ngalahke raseksa iku banjur digawa menyang kamar tamu kraton. Esukke Dewi Parwati garwane Prabu Kuru Welut ngerti yen Aji Saka sing ngalahke raseksa kuwi putrane sing dititpke ing Padhepokan Sumber pitu. Nalika Raden Aji Saka ketemu ibune, dheweke banjur sungkem lan njaluk ngapura amaraga ibune ora dikandani yen ndekke rabi karo anak ragile Begawan Mandhasia yaiku Dewi Cakrawati. Sedina sakwise kadadean iku Raden Aji Saka diangkat dadi raja ing kraton Medang ganteni Prabu Kuru Welut kang wis seda. Tugase Aji Saka saya abot yaiku kanggo mulihake kahanan kang ana. Kabeh punggawa kerajaan lan masyarakat dimakmurke. Sithik-sithik kraton Medang balik ing masa kejayaane maneh. Sawijining dina, Aji Saka kepengen nyiptaake aksara kanggo ngenalke maca lan nulis ing rakyat Medang. Saking abote tugas dadi raja Aji Saka lali kanggo njupuk pusaka keris kang dititipke ing Sembada. Sakanalika iku Raden Aji Saka ngutus Dora kanggo njupuk pusaka saka Sembada. Sak dawane perjalanan tumuju wana Gunung Kendheng dheweke kelingan karo paseduluran karo Sembada. Dora nyepetake langkahe amarga saake karo Sembada kang nunggu rong sasi ning wana dhewekan. Sak tekanne wana, Dora akhire nemoni gubuge Sembada,dithothok lawane nanging ora ana sing semaur, banjur Dora angger mlebu ning gubuge Sembada lan turon ing njero kana. Lagi enak-enake turu Sembada teka lan jaili Dora. Irunge Dora kang lagi turu diwenehi suket kang ndadiakke Dora wahing terus. Sembada banjur ngguyu lekek-lekek, krasa keganggu Dora tangi lan weruh Sembada kang lagi ngguyu lekek-lekek, sakanalika Dora uga melu ngguyu wong sakloron ngguyu ora ana entekke. Sawise kesel ngguyu baren, Dora ngutarakke maksude lunga nemoni Sembada yaiku kanggo njupuk keris pusaka titipane Aji Saka, amarga Aji Saka ora bisa njupuk dhewe jalaran tugase dadi Raja Medang kang abot, saengga Dora dikon njupuk keris iku lan nggawa bali menyang Kerajaan Medang.
  • 5. Sembada ora gelem menehake keris iku amarga wis kaiket janji marang bendarane. Dheweke arep perang marang Dora yen pancen dibutuhake kanggo mertahankke keris kuwi. Sanajan wong sakloron kuwi seduluran nanging kanggo nyaguhi janjine bakal tarung. Limang dina wong sakloron tarung tanpa mangan, turu lan ngombe. Awakke Dora lan Sembada pada ketaton. Akhire wong sakloron wis ora kuat lan njaluk ngapura siji marang sijine. Dora lan Sembada gugur amarga tarung kasebut. Sepuluh Dina lunga, Aji Saka kuatir marang Dora, dheweke banjur lunga menyang wana Gunung Kendheng lan kaget nalika weruh Dora lan Sembada nemoni pati amarga pada setya marang janji bendarane. Aji Saka duka banjur dhuweni ide yen kasetyaane Dora lan Sembada kudu didadeakke contoh. Layone wong sakloron banjur dipethak ing kuburan kraton. Aji Saka nemukake aksara kanggo nglestariakke kasetyaane Dora lan Sembada yaiku hanacaraka datasawala padhajayanya magabathanga. Isine yaiku hana caraka tegese ana utusan, data sawala tegese dadi pasulayan, padha jayanya ateges padha digdayane, maga batanga sing tegese dadi bathange. Aksara iku kacipta saka lelakone abdi setiane yaiku Dora lan Sembada. Aksara iku banjur dienggo nulis kabeh peraturan ing Medang. Kabeh rakyat Medang uga melajari. Aksara iku saya cepet kasebar ing saindhenging negara Medang. Amarga aksara iku rakyat Medang wis bisa maca lan nulis.
  • 6. Ciung Wanara Ing tlatah Jawa sisih wetan, ana sawijining negara gedhe kang kondhang subur makmur, yaiku Galuh Pakuan. Galuh Pakuan uga kondhang mujudake negara kang aman lan tentrem ora ana tindak maksiat. Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan kang pinter, adil lan duweni rasa asih. Sang Prabu kagungan garwa cacah loro yaiku Dewi Naganingrum lan Dewi Pangrenyep. Dewi Naganingrum nduweni bebuden kang luhur. Nanging Dewi Pangrenyep kosok baline. Dewi Pangrenyep kogol atine amarga Sang Prabu luwih tresno marang Dewi Naganingrum ketimbang dheweke, saengga Dewi Pangrenyep meneng-meneng nduweni niat arep nyingkirake Dewi Naganingrum. Ing sawijine awan, Prabu lenggahan ana taman kaputren diadhep garwane loro. Sang Prabu katon sayah banget. Dewi Naganingrum banjur takon sebabe Prabu katon sayah. Saktemene Prabu ora kersa ngendika nanging sakwise Dewi Naganingrum dhesek, Prabu banjur cerita. Prabu bingung ora duwe putra sing bakal nerusake dadi Raja, dene umure tansaya tambah tuwa. Dewi Naganingrum angglong atine, dheweke rumangsa melu tanggung jawab amarga nganti saiki dheweke durung bosa ngandhut putrane Prabu. Banjur Dewi Naganingrum nyuwun ngapura. Bengine ing kamar, Dewi Naganingrum lan Dewi Pangrenyep lagi padha jagongan kepiye carane supaya Prabu bisa duwe anak. Dewi Pangrenyep menehi panemu supaya ngangkat Panji Gumilang, keponakane dheweke mawon, nanging Dewi Naganingrum ora sarujuk amarga tumindake kang seneng foya-foya. Dewi Pangranyep tambah gething karo Dewi Naganingrum. Sakwise iku Dewi Naganingrum rembugan karo Sang Prabu bab anak angkat, nanging Sang Prabu wis duwe calon dhewe, yaiku Patih Arya Kebonan. Esoke kabeh kawula Galuh Pakuan ngumpul ing tengah alun-alun banjur ngumumake yen dheweke milih Patih Arya Kebonan kanggo nggenteni dheweke dadi raja lan sakwise iku langsung pamit arep munggah gunung kanggo semedhi. Ninggalake garwane cacah loro kang lagi padha ngandhut. Patih Arya Kebonan ora bisa tumindak adil lan wicaksana. Dheweke uga nganggo gelar Prabu Galuh Barma Wijaya. Dewi Naganingrum prihatin banget. Beda karo Naganingrum, Dewi Pangranyep malah seneng. Bengi iku, sakwise melu pesta Dewi Pangranyep nglairake putra ganteng, lan pakulitane putih resik karo bantuan Nini Bolang. Anake mau diwenehi jeneng Arya Banga saka Prabu Galuh Barma Wijaya. Sesasi sakwise, Dewi Naganingrum uga durung lairan. Kamangka umur kandhutane wis sangang sasi luwih. Dewi Pangranyep nggendhong putrane menyang kamare Dewi Naganingrum. Wis setahun Dewi Naganingrum ngendhut. Ing atine Dewi Pangranyep thukul rasa was sumelang yen putrane Dewi Naganingrum bisa ngalahke Arya Banga. Pas Dewi Naganingrum nglairake, Nini Bolang dipindhahake Dewi Pangranyep marang papan liya. Saengga Dewi Pangranyep ngewangi lairan anake Dewi Naganingrum. Nanging dheweke mrintah supaya Dewi Naganingrum nutup mripat lan kupinge. Anake Dewi Naganingrum nalika lair langsung dilebokake peti lan dibuang ning kali banjur Dewi Pangranyep
  • 7. nurokake anak kirik ning sebelahe Dewi Naganingrum. Sakwise buka mripat Dewi Naganingrum kaget yen anake malah kirik. Ing sawijine dino Nyi Timbaklarang, dhayang kaputren ngadhep marang Dewi Naganingrum lan crita yen dheweke ora percoyo marang Dewi Pangranyep. Sakwise iku dewi naganingrum dadi ora karu-karuwan banjur nangis. Prabu Galuh Barma Wijaya nimbali Lengser, prajurite kanggo merjaya Dewi Naganingrum supaya kutukanne ora nular. Banjur Dewi Naganingrum nampa ajakane Lengser kanggo mlaku-mlaku menyang njaba kraton numpak kereta kencana. Sak tekane ing gubuk cilik, Lengser ngomong yen dheweke didhawuhi kanggo merjaya Dewi Naganingrum. Nanging dheweke malah nggowo Dewi Naganingrum lan Nyi Timbaklarang ing gubuk kuwi banjur ngudhukake barang-barang kebutuhane Dewi Naganingrum lan Nyi Timbaklarang. Ing wewengkon Geger Sunten pinggir kali Citanduy, Aki lan Nini Balangantrang nemu bayi lanang sing ora liya putrane Dewi Naganingrum. Banjur Aki lan Nini Balangantrang ngemong bocah kuwi. Akhire bocah mau dijenengi Ciung Wanara. Wektu terus lumaku, Ciung Wanara dadi bocah enom sing bagus. Ing salah sawijining bengi Ciung Wanara ora sengaja ketemu karo Lengser. Ciung Wanara banjur gawa Lengser menyang omahe. Ing omah iku Lengser krungu ayam sing kluruke aneh, Lengser njenggirat kaget. Akhire Lengser reti yen Ciung Wanara iku putrane Dewi Naganingrum. Lengser banjur gawa Ciung Wanara menyang gubuk cilik anggone Dewi Naganingrum urip. Ing kana kekarone nangis lan kangen-kangenan. Esoke, Ciung Wanara budhal menyang Galuh Pakuan didhampingi Lengser. Saktekane ing kutha, Ciung Wanara banget anggone gumun. Rong dina Ciung Wanara ing kutha Raja, dheweke ketemu guru kang jenenge Ki Bahung Lisangkoro. Ora suwi saka iku, Ciung Wanara banjur didhawuhi lungguh kanthi posisi sila. Tangane loro sedhakep ana ngarepe dhadha. Mripati merem. Dene Ki Bahung Lisangkoro lungguh sila ana mburine. Tanganne loro-lorone nemplek gegere Ciung Wanara. Bengi iku Lengser nemoni Ciung Wanara, dheweke menehi cara supaya bisa ngrebut Galuh Pakuan saka Prabu Galuh Barma Wijaya. Carane yaiku melu adu jago ana alun-alun. Sak kirane cukup, Lengser banjur pamitan. Esoke Ciung Wanara menyang alun-alun, ning kana ana kalangan kanggo adu jago. Kawula Galuh Pakuan kumpul ing kana. Pas lagi nonton adu jago, pitike Ciung Wanara kluruk agawe Sang Prabu kaget lan nesu. Dadine Sang Prabu ngajak adu jago karo Ciung Wanara lan Ciung Wanara nyanggupi. Totohane kanggo lomba iki yaiku Galuh Pakuan bakal diwenehake marang sing menang. Pitike Sang Prabu karo pitike Ciung Wanara diadu, kabeh sing ana ing papan kono padha surak-surak kesenengen. Ing pungkasane pitike Prabu kalah agawe kabeh wong ning kono kaget. Iku artine Galuh Pakuan bakal diwenehake menyang Ciung Wanara. Tapi Prabu ora gelem netepi janjine, malah mrintah prajurite kanggo nangkep Ciung Wanara. Sedurunge ditangkep Ciung Wanara nyritakake bab Dewi Pangrenyep kang wis fitnah Dewi Naganingrum. Dewi Pangranyep dadi pucet. Kawula Galuh Pakuan padha geger dhewe. Sak nalika Nini Bolang metu saka tengahe penonton langsung mbenerake kedadeyan iku.
  • 8. Kawulan Galuh Pakuan dadi tambah nesu. Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi Pangrenyep mlayu ninggalake papan kono. Ciung wanara banjur ngoyak. Dheweke pingin Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi Pangrenyep balik lan tanggung jawab. Nangin kekarone ora gelem saengga nyerang Ciung Wanara, tapi Ciung wanara nyerang balik lan kena dhadhane Prabu Galuh Barma Wijaya. Banjur kekarone nyuwun ngapura marang Ciung Wanara. Akhire Ciung Wanara dadi raja Galuh pakuan sing duweni bebuden luhur lan kawicaksanaan. Kawula Galuh Pakuan urip kanthi tentrem kerta raharja.
  • 9. Gajah Mada Ing Pereng Gunung Arjuna ana sawijining padhepokan yaiku Watu Gunung. Ing kana akeh murid kang lagi ngudi ilmu. Saka akehe murid ana siji nom-noman gagah, rupane bagus, lagi wae ngrampungake gladhen padinan. Nom-noman iku jenenge Mada, dheweke murid paling unggul ing padhepokan Watu Gunung. Ngerti kahanan mangkono kuwi Ki Ajar Gunung prihatin marang nasibe Mada sing pinter nanging durung bisa melu andhil mbenahi negarane yaiku Majapahit kang lagi kisruh amarga perang sedulur. Perang sedulur kuwi ana jalaran, kabeh kaluwarga istana pengen dadi Raja ing Majapahit. Sawijining dina Ki Ajar Gunung ngejak Mada lunga menyang sapinggiring Kali Brantas, Mada diwenehi cerita ngenani riwayat kali brantas. Ki Ajar Gunung banjur nerangke yen Mada nduwe kabisan kanggo ngubah negarane. Sawise srengenge arep angslup ing suwaliking Gunung Arjuna, Mada lan gurune enggal-enggal mulih menyang padhepokan. Sak tekane ing padhepokan, Pujut takon karo Mada “Apa sing kokrembug karo Guru dhek mau Mada?” Mada cuman jawab yen panjenenganipun ngendika bab riwayate kali Brantas”, “Lho kadingaren panjenenganne ora ngendika ajaran budi luhur, kesatrian utawa perjuwangan?” , “ Ya embuh Pujut aku dhewe gumun”. Sawise Mada crita karo Pujut dheweke ditimbali Ki Ajar Gunung. Ki Ajar Gunung nimbali Mada supaya Mada nglaksanaake tugas saka gurune yaiku nemoakke keris Dwirupa werna putih ing njerone Guwa Selapitu. Enggal-enggal wae Mada nyaguhi prentah gurune kuwi. Guwa Selapitu yaiku guwa kan cacahe lorong ana pitu, tekan kana Mada ketemu karo wong tuwa kang nganggo pakaian serba ireng jenenge Ki Daneswara. Ki Daneswara uga kepengen njupuk keris iku kanggo nambani warga ning dhusun Prigen kang kena pagebluk. Amarga Mada teteg karo janjine gurune Mada ora gelem ngalah. Akhire Ki Daneswara tukaran karo Mada. Ki Daneswara kalah, saengga Mada enggal-enggal njupuk keris iku. Sakwise keris ditemuakke Mada langsung menyang mulih, nanging ing dalan metu guwa wis ana Ki Daneswara, njaluk tulung karo Mada supaya menehake keris iku. Amarga Mada ora tegelan keris diwenehake Ki Daneswara Mada mulih ing padhepokan kanthi kuciwa amarga ora bisa gawa mulih keris iku,Mada banjur njaluk ngapura marang gurune amarga ora bisa gawa mulih keris Dwirupa. Gurune malah ora ngamuk justru gurune katon ayem-ayem wae, Mada tambah bingung amarga gurune ngetokake kotak wadah keris Dwirupa. Mada lagi sadar yen gurune iku mau wis memba-memba dadi Ki Daneswara kanggi nguji Mada. “ Mada kuwe wis lulus pandhadaran sepisan” Esuk dinane Mada entuk pandhadaran sing keloro. Mada dikunci ing kamar jero siti lan kudu bisa nemoakke daln metu saka njero kana. Lawang iku bakal dibukak karo Ki Ajar Gunung seminggu meneh. Ing njero kamar Mada ora bisa weruh apa-apa jalaran peteng dhedet,Mada banjur nyumet obor kang ana ing njero kamar kuwi. Mada bingung golek dalan metu saka kana,suwi mikir Mada ketemu akale.Dhewekke wiwit nothoki temboking kamar sakpecak mbaka sakpecak. Dheweke kepengin ngerti beda- bedaning swara sing keprungu saka thothokan iku. Suwening suwe anggone nothok nuwuhake swara kumandhang,dhung...dhung...dhung..Nah,iki sajake dalane metu. Ana kamar liya ing sisihe kamar iki. Mada nyoba nyurung tembok kasebut karo tenaga sakrosane. Dumadakan tembok mau
  • 10. mbukak. Awit saking rosane anggone nyurung, awake Mada kesurung mlebu ing sawijining kamar ing suwaliking tembok kamar mau. Kamar iku sajake buntu,nanging ana samubarang sing narik kawigatenne Mada yaiku sawijing buku saka kulit kewan. Buku mau dijupuk Mada banjur diwaca. Mada melajari ilmu kanuragan paku bumi. Saben dinane Mada latihan. Kasille Mada bisa nguwasani ilmu kasebut. Mada nggunakake ilmu kasebut kanggo metu saka kamar. Mada bisa metu saka kamar iku lan kaget sebab dheweke wis ana ing perenging Kali Brantas. Ing kana Ki Ajar Gunung wis nyambut Mada . “Mada kuwe wis bisa nguwasani ilmu kanuragan paku bumi saikine kuwe lulus pendhadaran keloro”. Lulus saka pendhadaran gurune, Mada dikon gurune menyang Kutha Majapahit kanggo mbenahi kahanan ing kana amarga ontran-ontran saka wong kang ora marem karo pangkat sing diparingake. Mada nglaksanaake tugas saka gurune kasebut. Dheweke lunga menyang Majapahit lan nemoni Ki Wiratanu, mitrane Ki Ajar Gunung. Mada ditampa dening Ki Wiratanu kanthi apik. Ing sawijining dina nalika Mada lagi mlaku-mlaku ana bendhe kang ditabuh ing alun- alun. Mada enggal-enggal marani suwara kuwi. Jebule ana pengumuman lowongan kanggo prajurit kerajaan. Esuk-esuk banget Mada mangkat menyang markas prajurit Majapahit lan nglamar dadi prajurit Majapahit.Cacahe cah satus sing kepilih dadi prajurit Majapahit. Saka cah satus mau bakal dipilih perwira kang mimpin saben kelompok nalika perang. Nanging sakdurunge ditampa calon prajurit kudu njiglokake jeruk kang kagantung dhuwur tanpa ngrusak jeruk iku.Sing bisa njiglokake bakal diangkat dadi perwira. Mada bisa njiglokake jeruk iku lan ditampa dadi perwira prajurit Majapahit, banjur jenenge diganti Gajah Mada. Enem sasi Mada lan kanca-kancane latihan. Ora suwe-suwe Mada lan kanca-kancane bakal dpilih dadi prajurit bhayangkari kraton, pancen iku katon kesusu. Iku kabeh saka usulane Ra Kuti lan Ra Semi kang arep gawe ontran-ontran anyar ing Kraton. Saka cah sepuluh cuman siji sing wani dadi prajurit bhayangkari kraton yaiku Mada.Mada banjur lunga menyang kraton Majapahit kanggo nglaksanaake kuwajibane.Mada ngrasa ana sing aneh karo Ra Kuti lan Ra Semi amarga prajurit bhayangkari sing cepet-cepet diganti. Saka kejadian sing dhisik-dhisik kabeh kedadean ontran-ontran iku digawe-gawe dhewe karo wong sing ora marem karo jabatanne. Ra Semi lan Ra Kuti enggal-enggal nyusun rencana kanggo nyerang kraton lan mateni Prabu Jayanegara. Sadurunge mateni Prabu Jayanegara Ra Semi lan Ra Kuti arep mateni Mahapatih Wirapati. Ra Semi lan Prajurite nyerang Mahapatih Wirapati. Ing peperangan iku Mahapatih lan Ra Semi gugur amaraga pada ketaton awakke. Ngerti kabar mangkono Ra Kuti sedih lan janji bakal mateni Prabu Jayanegara sakcepete. Krungu kabar ontran-ontran iku Gajah Mada lan rolas prajurit kang isih ana lunga metu saka kraton Majapahit. Telung dina mlaku Prabu Jayanegara lan Gajah Mada tekan ing Desa Bedander. Ing desa iku Prabu Jayanegara diamanke supaya ora dipateni marang Ra Kuti lan prajurite.
  • 11. Koming sawijing prajurit ijin marang Gajah Mada yen arep lunga menyang kutha kanggo niliki keluwargane. Gajah Mada ora ngijini, banjur wengi-wengi Koming meneng-meneng lunga menyang kutha, nanging apes nasibe lagi tekan perbatasan wis ketemu kanca prajurit liyane yaiku Panji karo Roso. Amarga Koming wis nglanggar sumpah janjine prajurit Koming dipateni karo Panji lan Roso. Gajah Mada banjur ngomong marang prajurit liyane yen kabeh iku dilakoni jalaran kanggo keamanane Prabu Jayanegara. Suasana wis katon aman, Gajah Mada mulih menyang kutha kanggo gawe strategi nyerang Ra Kuti. Kabeh wong kutha diapusi yen rajane wis mati iku kabeh dilakoni kanggo golek prajurit, kanggo ngewangi nyerang Ra Kuti amarga jumlah prajurit kerajaan saya sithik. Gajah Mada kasil mateni Ra Kuti. Sakwise Ra Kuti mati Prabu Jayanegara digawa bali menyang kraton Majapahit. Gajah Mada diangkat dadi Patih Kahuripan.Selang suwe Prabu Jayanegara seda amarga dipateni Ra Tanca sing serik amarga bojone diselingkuhi Prabu Jayanegara. Kabar iku mau padahal durung reti benere. Ra Tanca sing niate ngobati bisule Prabu Jayanegara malah mateni sang Prabu. Ngerti kabar mangkono kuwi Gajah Mada langsung mbales nyerang Ra Tanca, Ra Tanca akhire mati. Sakbanjure Prabu Jayanegara sing ganti dadi raja yaiku Putri Buana Tunggal Dewi putrine Prabu Jayanegara. Ing wiwitane paprentahan Buana Tunggal Dewi kaanan ing Majapahit aman. Srawunge karo mancanegara lumaku kanthi becik. Sawijining dina kraton Majapahit karawuhan tamu sawijining nom-noman saka kraton Melayu sing wektu iku punjere ing Sumatera kulon. Dheweke putra raja Pulo Emas utawa Melayu sing asmane Adityawarman. Dheweke banjur diangkat dadi werdhamantri. Majapahit terus ngluasake kakuwasaane, kayata nguwasani Sadeng. Ing ontran-ontran iku jebule Ra kembar melu-melu belani Sadeng. Gajah Mada sing ngonangi tingkah polahe Ra Kembar banjur merangi Ra Kembar lan kasil Ra kembar nemuni pati. Saka kedadean iku Gajah Mada diangkat dadi Mahapatih sing pangkate luwih dhuwur saka werdhamantri. Gajah Mada banjur ngucapke Sunpah Amukti Palapa. Isine sumpah iku yen Gajah Mada ora bakal mangan palapa sadurunge nusantara bisa dikuwasani Majapahit. Gajah Mada bisa buktiakke sumpah iku lan kasil nusantara bisa dikuwasani karo kerajaan Majapahit.