SlideShare a Scribd company logo
1 of 6
ANALISIS UNSUR INTRINSIK CIUNG WANARA
A. Tema
Tema kang kaemot ing njero crita Ciung Wanara yaiku kepahlawanan. Iki bisa
kabukten saka ukara “Dheweke pingin Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi Pangrenyep
balik lan tanggung jawab. Nangin kekarone ora gelem saengga nyerang Ciung Wanara,
tapi Ciung wanara nyerang balik lan kena dhadhane Prabu Galuh Barma Wijaya. Banjur
kekarone nyuwun ngapura marang Ciung Wanara.” Ing ukara iku jelas yen Ciung Wanara
pingin Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi Pangranyep tanggung jawab marang
tindakane mbiyen lan gelem menehake kerajaan Galuh Pakuan marang Ciung Wanara.
Pengarang pingin nojolake sifat kepahlawanan Ciung Wanara sing pingin gawe kerajaan
Galuh Pakuan makmur maneh.
B. Alur
Ing crita Ciung Wanara iki, pengarang migunakake Alur maju. Kabukten saka akehe
ukara sabanjure, esoke lsp. Ukara-ukara iku mau wis jelas nandakake yen crita mau
pandhadarane nambah saben dino.
C. Latar
No Jenis Latar Rincian Bukti
1. Latar
Panggonan
Kerajaan Galuh
Pakuan
Ing tlatah Jawa sisih wetan, ana sawijining
negara gedhe kang kondhang subur makmur,
yaiku Galuh Pakuan.
Taman kaputren Ing sawijine awan, Prabu lenggahan ana
taman kaputren diadhep garwane loro.
Ing kamar Bengine ing kamar, Dewi Naganingrum lan
Dewi Pangrenyep lagi padha jagongan
kepiye carane supaya Prabu bisa duwe anak.
Njaba kraton Banjur Dewi Naganingrum nampa ajakane
Lengser kanggo mlaku-mlaku menyang
njaba kraton numpak kereta kencana.
Gubuk cilik Sak tekane ing gubuk cilik, Lengser
ngomong yen dheweke didhawuhi kanggo
merjaya Dewi Naganingrum.
Pinggir kali
Citanduy
Ing wewengkon Geger Sunten pinggir kali
Citanduy, Aki lan Nini Balangantrang nemu
bayi lanang sing ora liya putrane Dewi
Naganingrum.
Omahe Ciung
Wanara
Ing omah iku Lengser krungu ayam sing
kluruke aneh, Lengser njenggirat kaget.
Alun-alun Galuh
Pakuan
Esoke kabeh kawula Galuh Pakuan ngumpul
ing tengah alun-alun banjur ngumumake yen
dheweke milih Patih Arya Kebonan kanggo
nggenteni dheweke dadi raja lan sakwise iku
langsung pamit arep munggah gunung
kanggo semedhi.
Kutha raja Rong dina Ciung Wanara ing kutha Raja,
dheweke ketemu guru kang jenenge Ki
Bahung Lisangkoro.
2. Latar Wektu Awan Ing sawijine awan, Prabu lenggahan ana
taman kaputren diadhep garwane loro. Sang
Prabu katon sayah banget.
Bengi Bengine ing kamar, Dewi Naganingrum lan
Dewi Pangrenyep lagi padha jagongan
kepiye carane supaya Prabu bisa duwe anak.
Esok Esoke kabeh kawula Galuh Pakuan ngumpul
ing tengah alun-alun banjur ngumumake yen
dheweke milih Patih Arya Kebonan kanggo
nggenteni dheweke dadi raja lan sakwise iku
langsung pamit arep munggah gunung
kanggo semedhi.
Sesasi sakwise Sesasi sakwise, Dewi Naganingrum uga
durung lairan.
3. Latar
Kahanan
Tentrem Galuh Pakuan uga kondhang mujudake
negara kang aman lan tentrem ora ana tindak
maksiat.
Sayah Ing sawijine awan, Prabu lenggahan ana
taman kaputren diadhep garwane loro. Sang
Prabu katon sayah banget.
Rame Esoke kabeh kawula Galuh Pakuan ngumpul
ing tengah alun-alun banjur ngumumake yen
dheweke milih Patih Arya Kebonan kanggo
nggenteni dheweke dadi raja lan sakwise iku
langsung pamit arep munggah gunung
kanggo semedhi.
Seneng Bengi iku, sakwise melu pesta Dewi
Pangranyep nglairake putra ganteng, lan
pakulitane putih resik karo bantuan Nini
Bolang. Anake mau diwenehi jeneng Arya
Banga saka Prabu Galuh Barma Wijaya.
Sedhih Sakwise buka mripat Dewi Naganingrum
kaget yen anake malah kirik.
Tegang Nangin kekarone ora gelem saengga nyerang
Ciung Wanara, tapi Ciung wanara nyerang
balik lan kena dhadhane Prabu Galuh Barma
Wijaya.
Rusuh Galuh Pakuan padha geger dhewe. Sak
nalika Nini Bolang metu saka tengahe
penonton langsung mbenerake kedadeyan
iku.
D. Paraga lan Watak
No Paraga Watak Bukti
1. Prabu
Permana
Dikusumah
Wicaksana Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane
Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan
kang pinter, adil lan duweni rasa asih
Pinter Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane
Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan
kang pinter, adil lan duweni rasa asih.
Adil Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane
Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan
kang pinter, adil lan duweni rasa asih.
Duwe rasa
asih
Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane
Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan
kang pinter, adil lan duweni rasa asih.
2. Dewi
Naganingrum
Pangerten Dewi Naganingrum banjur takon sebabe Prabu
katon sayah.
Tresna
marang
bojone
Dewi Naganingrum banjur takon sebabe Prabu
katon sayah.
Tanggung
jawab
… dheweke rumangsa melu tanggung jawab
amarga nganti saiki dheweke durung bosa
ngandhut putrane Prabu.
Tresna
marang anak
Ing kana kekarone nangis lan kangen-kangenan.
Sabar Banjur Dewi Naganingrum nampa ajakane
Lengser kanggo mlaku-mlaku menyang njaba
kraton numpak kereta kencana. Sak tekane ing
gubuk cilik, Lengser ngomong yen dheweke
didhawuhi kanggo merjaya Dewi Naganingrum.
3. Dewi
Pangranyep
Iri Dewi Pangrenyep kogol atine amarga Sang
Prabu luwih tresno marang Dewi Naganingrum
ketimbang dheweke,…
Seneng foya-
foya
sakwise melu pesta Dewi Pangranyep nglairake
putra ganteng….
Gething Dewi Pangranyep tambah gething karo Dewi
Naganingrum.
4. Prabu Galuh
Barma Wijaya
Ora adil Patih Arya Kebonan ora bisa tumindak adil lan
wicaksana.
Seneng fitnah Prabu Galuh Barma Wijaya nimbali Lengser,
prajurite kanggo merjaya Dewi Naganingrum
supaya kutukanne ora nular.
Seneng
mrintah
Prabu Galuh Barma Wijaya nimbali Lengser,
prajurite kanggo merjaya Dewi Naganingrum
supaya kutukanne ora nular.
Ora
wicaksana
Patih Arya Kebonan ora bisa tumindak adil lan
wicaksana.
5. Nini Bolang Manut Pas Dewi Naganingrum nglairake, Nini Bolang
dipindhahake Dewi Pangranyep marang papan
liya.
Apikan Bengi iku, sakwise melu pesta Dewi Pangranyep
nglairake putra ganteng, lan pakulitane putih
resik karo bantuan Nini Bolang.
Jujur Sak nalika Nini Bolang metu saka tengahe
penonton langsung mbenerake kedadeyan iku.
6. Nyi
Timbaklarang
Setia Nanging dheweke malah nggowo Dewi
Naganingrum lan Nyi Timbaklarang ing gubuk
kuwi banjur ngudhukake barang-barang
kebutuhane Dewi Naganingrum lan Nyi
Timbaklarang.
Gampang
curiga
Ing sawijine dino Nyi Timbaklarang, dhayang
kaputren ngadhep marang Dewi Naganingrum
lan crita yen dheweke ora percoyo marang Dewi
Pangranyep.
7. Lengser Manut Lengser banjur gawa Ciung Wanara menyang
gubuk cilik anggone Dewi Naganingrum urip.
Apikan Sak tekane ing gubuk cilik, Lengser ngomong
yen dheweke didhawuhi kanggo merjaya Dewi
Naganingrum. Nanging dheweke malah nggowo
Dewi Naganingrum lan Nyi Timbaklarang ing
gubuk kuwi banjur ngudhukake barang-barang
kebutuhane Dewi Naganingrum lan Nyi
Timbaklarang.
Setia Bengi iku Lengser nemoni Ciung Wanara,
dheweke menehi cara supaya bisa ngrebut Galuh
Pakuan saka Prabu Galuh Barma Wijaya.
8. Aki lan Nini
Balangantrang
Pangerten Banjur Aki lan Nini Balangantrang ngemong
bocah kuwi.
9. Ciung Wanara Gumunan Saktekane ing kutha, Ciung Wanara banget
anggone gumun.
Wani Ciung wanara banjur ngoyak. Dheweke pingin
Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi
Pangrenyep balik lan tanggung jawab. Nangin
kekarone ora gelem saengga nyerang Ciung
Wanara, tapi Ciung wanara nyerang balik lan
kena dhadhane Prabu Galuh Barma Wijaya.
Tresna
marang Ibuk
Ing kana kekarone nangis lan kangen-kangenan.
Tanggung
jawab
Akhire Ciung Wanara dadi raja Galuh pakuan
sing duweni bebuden luhur lan kawicaksanaan.
Kawula Galuh Pakuan urip kanthi tentrem kerta
raharja.
Wicaksana Akhire Ciung Wanara dadi raja Galuh pakuan
sing duweni bebuden luhur lan kawicaksanaan.
Kawula Galuh Pakuan urip kanthi tentrem kerta
raharja.
10. Ki Bahung
Lisangkoro
Sekti Ora suwi saka iku, Ciung Wanara banjur
didhawuhi lungguh kanthi posisi sila. Tangane
loro sedhakep ana ngarepe dhadha. Mripati
merem. Dene Ki Bahung Lisangkoro lungguh
sila ana mburine. Tanganne loro-lorone nemplek
gegere Ciung Wanara.
E. Sudut pandang
Pengarang migunakake sudut pandang wong katelu ing crita Ciung Wanara iki,
amarga akehe ukara kang langsung nyebutake jenenge paraga lan ora ana ukara-ukara
kaya aku, kowe, jenengan lsp amarga pengarang ora melu langsung ing njerone crita mau.
F. Konflik
Perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketoakke perkara apa kang
ndadeake crita iki dadi narik kawigaten. Konflik ing njerone crita Ciung Wanara iki jelas
yen Ciung Wanara pingin ngrebut Galuh Pakuan sing wis pancen dadi hak dheweke. Ing
wektu iku Prabu Galuh Barma Wijaya samena-mena nyebabke kawula Galuh Pakuan
sengsara, dadi Ciung Wanara kagerak atine kanggo ngambil alih Kerajaan Galuh Pakuan
mau.
Saktemene Ciung Wanara duweni hak atas Galuh Pakuan amarga dheweke yaiku putra
Raja. Nanging pas dheweke lair, dheweke dibuang ing kali lan adoh saka Galuh Pakuan.
Akhire pas dheweke wis gedhe, dheweke ngrebut maneh Galuh Pakuan saka Raja sing ora
tanggung jawab nganggo cara adu jago.
G. Amanat
Ing crita iki, pengarang menehi akeh banget amanat kang isa dijipuk marang para
pamaos. Amanate iku kayata, aja seneng gawe wong liya kaseksa, amarga iku mau isa
balik ning dheweke dhewe. Yen tumindak samena-mena marang wong liya, dhewe mesti
bakal dibales wong sing liyane. Kudu duwe niat sing gedhe kanggo mujudake kepinginan.
Yen ora duwe niat sing gedhe, kepinginan ora bakal kawujud amarga ngelakokake
setengah-setengah. Lan sing paling penting iku kudu njaluk pangestu marang wong tuwa
sakdurunge ngelakokake pagaweyan amarga tanpa restu saka wong tuwa pagaweyan mau
ora bakal berkah utawa ora ana manfaate.

More Related Content

More from safira intan

More from safira intan (8)

Peran serta masyarakat dalam penegakan ham
Peran serta masyarakat dalam penegakan hamPeran serta masyarakat dalam penegakan ham
Peran serta masyarakat dalam penegakan ham
 
Kimia unsur (SMAN 1 Jepara)
Kimia unsur (SMAN 1 Jepara)Kimia unsur (SMAN 1 Jepara)
Kimia unsur (SMAN 1 Jepara)
 
Ekonomi jenis bank dan LKBB (lembaga keuangan bukan bank)
Ekonomi jenis bank dan LKBB (lembaga keuangan bukan bank)Ekonomi jenis bank dan LKBB (lembaga keuangan bukan bank)
Ekonomi jenis bank dan LKBB (lembaga keuangan bukan bank)
 
Sesorah (pidato) basa jawa kelas XI
Sesorah (pidato) basa jawa kelas XISesorah (pidato) basa jawa kelas XI
Sesorah (pidato) basa jawa kelas XI
 
negative impact of caesarean section (dampak negative dari operasi sesar)
negative impact of caesarean section (dampak negative dari operasi sesar)negative impact of caesarean section (dampak negative dari operasi sesar)
negative impact of caesarean section (dampak negative dari operasi sesar)
 
menilai buku fiksi dan non fiksi (membandingkan buku fiksi dan non fiksi)
menilai buku fiksi dan non fiksi (membandingkan buku fiksi dan non fiksi)menilai buku fiksi dan non fiksi (membandingkan buku fiksi dan non fiksi)
menilai buku fiksi dan non fiksi (membandingkan buku fiksi dan non fiksi)
 
Agama Islam (hari akhir/ hari kiamat)
Agama Islam (hari akhir/ hari kiamat)Agama Islam (hari akhir/ hari kiamat)
Agama Islam (hari akhir/ hari kiamat)
 
gamelan dan busana adat jawa (bahasa jawa)
gamelan dan busana adat jawa (bahasa jawa)gamelan dan busana adat jawa (bahasa jawa)
gamelan dan busana adat jawa (bahasa jawa)
 

Analisis unsur intrinsik ciung wanara (bahasa jawa)

  • 1. ANALISIS UNSUR INTRINSIK CIUNG WANARA A. Tema Tema kang kaemot ing njero crita Ciung Wanara yaiku kepahlawanan. Iki bisa kabukten saka ukara “Dheweke pingin Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi Pangrenyep balik lan tanggung jawab. Nangin kekarone ora gelem saengga nyerang Ciung Wanara, tapi Ciung wanara nyerang balik lan kena dhadhane Prabu Galuh Barma Wijaya. Banjur kekarone nyuwun ngapura marang Ciung Wanara.” Ing ukara iku jelas yen Ciung Wanara pingin Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi Pangranyep tanggung jawab marang tindakane mbiyen lan gelem menehake kerajaan Galuh Pakuan marang Ciung Wanara. Pengarang pingin nojolake sifat kepahlawanan Ciung Wanara sing pingin gawe kerajaan Galuh Pakuan makmur maneh. B. Alur Ing crita Ciung Wanara iki, pengarang migunakake Alur maju. Kabukten saka akehe ukara sabanjure, esoke lsp. Ukara-ukara iku mau wis jelas nandakake yen crita mau pandhadarane nambah saben dino. C. Latar No Jenis Latar Rincian Bukti 1. Latar Panggonan Kerajaan Galuh Pakuan Ing tlatah Jawa sisih wetan, ana sawijining negara gedhe kang kondhang subur makmur, yaiku Galuh Pakuan. Taman kaputren Ing sawijine awan, Prabu lenggahan ana taman kaputren diadhep garwane loro. Ing kamar Bengine ing kamar, Dewi Naganingrum lan Dewi Pangrenyep lagi padha jagongan kepiye carane supaya Prabu bisa duwe anak. Njaba kraton Banjur Dewi Naganingrum nampa ajakane Lengser kanggo mlaku-mlaku menyang njaba kraton numpak kereta kencana. Gubuk cilik Sak tekane ing gubuk cilik, Lengser ngomong yen dheweke didhawuhi kanggo merjaya Dewi Naganingrum.
  • 2. Pinggir kali Citanduy Ing wewengkon Geger Sunten pinggir kali Citanduy, Aki lan Nini Balangantrang nemu bayi lanang sing ora liya putrane Dewi Naganingrum. Omahe Ciung Wanara Ing omah iku Lengser krungu ayam sing kluruke aneh, Lengser njenggirat kaget. Alun-alun Galuh Pakuan Esoke kabeh kawula Galuh Pakuan ngumpul ing tengah alun-alun banjur ngumumake yen dheweke milih Patih Arya Kebonan kanggo nggenteni dheweke dadi raja lan sakwise iku langsung pamit arep munggah gunung kanggo semedhi. Kutha raja Rong dina Ciung Wanara ing kutha Raja, dheweke ketemu guru kang jenenge Ki Bahung Lisangkoro. 2. Latar Wektu Awan Ing sawijine awan, Prabu lenggahan ana taman kaputren diadhep garwane loro. Sang Prabu katon sayah banget. Bengi Bengine ing kamar, Dewi Naganingrum lan Dewi Pangrenyep lagi padha jagongan kepiye carane supaya Prabu bisa duwe anak. Esok Esoke kabeh kawula Galuh Pakuan ngumpul ing tengah alun-alun banjur ngumumake yen dheweke milih Patih Arya Kebonan kanggo nggenteni dheweke dadi raja lan sakwise iku langsung pamit arep munggah gunung kanggo semedhi. Sesasi sakwise Sesasi sakwise, Dewi Naganingrum uga durung lairan. 3. Latar Kahanan Tentrem Galuh Pakuan uga kondhang mujudake negara kang aman lan tentrem ora ana tindak maksiat. Sayah Ing sawijine awan, Prabu lenggahan ana taman kaputren diadhep garwane loro. Sang
  • 3. Prabu katon sayah banget. Rame Esoke kabeh kawula Galuh Pakuan ngumpul ing tengah alun-alun banjur ngumumake yen dheweke milih Patih Arya Kebonan kanggo nggenteni dheweke dadi raja lan sakwise iku langsung pamit arep munggah gunung kanggo semedhi. Seneng Bengi iku, sakwise melu pesta Dewi Pangranyep nglairake putra ganteng, lan pakulitane putih resik karo bantuan Nini Bolang. Anake mau diwenehi jeneng Arya Banga saka Prabu Galuh Barma Wijaya. Sedhih Sakwise buka mripat Dewi Naganingrum kaget yen anake malah kirik. Tegang Nangin kekarone ora gelem saengga nyerang Ciung Wanara, tapi Ciung wanara nyerang balik lan kena dhadhane Prabu Galuh Barma Wijaya. Rusuh Galuh Pakuan padha geger dhewe. Sak nalika Nini Bolang metu saka tengahe penonton langsung mbenerake kedadeyan iku. D. Paraga lan Watak No Paraga Watak Bukti 1. Prabu Permana Dikusumah Wicaksana Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan kang pinter, adil lan duweni rasa asih Pinter Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan kang pinter, adil lan duweni rasa asih. Adil Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan kang pinter, adil lan duweni rasa asih. Duwe rasa asih Kabeh mau ora liya uga saka kawicaksanaane Prabu Permana Dikusumah, raja Galuh Pakuan
  • 4. kang pinter, adil lan duweni rasa asih. 2. Dewi Naganingrum Pangerten Dewi Naganingrum banjur takon sebabe Prabu katon sayah. Tresna marang bojone Dewi Naganingrum banjur takon sebabe Prabu katon sayah. Tanggung jawab … dheweke rumangsa melu tanggung jawab amarga nganti saiki dheweke durung bosa ngandhut putrane Prabu. Tresna marang anak Ing kana kekarone nangis lan kangen-kangenan. Sabar Banjur Dewi Naganingrum nampa ajakane Lengser kanggo mlaku-mlaku menyang njaba kraton numpak kereta kencana. Sak tekane ing gubuk cilik, Lengser ngomong yen dheweke didhawuhi kanggo merjaya Dewi Naganingrum. 3. Dewi Pangranyep Iri Dewi Pangrenyep kogol atine amarga Sang Prabu luwih tresno marang Dewi Naganingrum ketimbang dheweke,… Seneng foya- foya sakwise melu pesta Dewi Pangranyep nglairake putra ganteng…. Gething Dewi Pangranyep tambah gething karo Dewi Naganingrum. 4. Prabu Galuh Barma Wijaya Ora adil Patih Arya Kebonan ora bisa tumindak adil lan wicaksana. Seneng fitnah Prabu Galuh Barma Wijaya nimbali Lengser, prajurite kanggo merjaya Dewi Naganingrum supaya kutukanne ora nular. Seneng mrintah Prabu Galuh Barma Wijaya nimbali Lengser, prajurite kanggo merjaya Dewi Naganingrum supaya kutukanne ora nular. Ora wicaksana Patih Arya Kebonan ora bisa tumindak adil lan wicaksana. 5. Nini Bolang Manut Pas Dewi Naganingrum nglairake, Nini Bolang dipindhahake Dewi Pangranyep marang papan liya. Apikan Bengi iku, sakwise melu pesta Dewi Pangranyep nglairake putra ganteng, lan pakulitane putih resik karo bantuan Nini Bolang. Jujur Sak nalika Nini Bolang metu saka tengahe penonton langsung mbenerake kedadeyan iku. 6. Nyi Timbaklarang Setia Nanging dheweke malah nggowo Dewi Naganingrum lan Nyi Timbaklarang ing gubuk kuwi banjur ngudhukake barang-barang kebutuhane Dewi Naganingrum lan Nyi Timbaklarang. Gampang curiga Ing sawijine dino Nyi Timbaklarang, dhayang kaputren ngadhep marang Dewi Naganingrum lan crita yen dheweke ora percoyo marang Dewi Pangranyep.
  • 5. 7. Lengser Manut Lengser banjur gawa Ciung Wanara menyang gubuk cilik anggone Dewi Naganingrum urip. Apikan Sak tekane ing gubuk cilik, Lengser ngomong yen dheweke didhawuhi kanggo merjaya Dewi Naganingrum. Nanging dheweke malah nggowo Dewi Naganingrum lan Nyi Timbaklarang ing gubuk kuwi banjur ngudhukake barang-barang kebutuhane Dewi Naganingrum lan Nyi Timbaklarang. Setia Bengi iku Lengser nemoni Ciung Wanara, dheweke menehi cara supaya bisa ngrebut Galuh Pakuan saka Prabu Galuh Barma Wijaya. 8. Aki lan Nini Balangantrang Pangerten Banjur Aki lan Nini Balangantrang ngemong bocah kuwi. 9. Ciung Wanara Gumunan Saktekane ing kutha, Ciung Wanara banget anggone gumun. Wani Ciung wanara banjur ngoyak. Dheweke pingin Prabu Galuh Barma Wijaya lan Dewi Pangrenyep balik lan tanggung jawab. Nangin kekarone ora gelem saengga nyerang Ciung Wanara, tapi Ciung wanara nyerang balik lan kena dhadhane Prabu Galuh Barma Wijaya. Tresna marang Ibuk Ing kana kekarone nangis lan kangen-kangenan. Tanggung jawab Akhire Ciung Wanara dadi raja Galuh pakuan sing duweni bebuden luhur lan kawicaksanaan. Kawula Galuh Pakuan urip kanthi tentrem kerta raharja. Wicaksana Akhire Ciung Wanara dadi raja Galuh pakuan sing duweni bebuden luhur lan kawicaksanaan. Kawula Galuh Pakuan urip kanthi tentrem kerta raharja. 10. Ki Bahung Lisangkoro Sekti Ora suwi saka iku, Ciung Wanara banjur didhawuhi lungguh kanthi posisi sila. Tangane loro sedhakep ana ngarepe dhadha. Mripati merem. Dene Ki Bahung Lisangkoro lungguh sila ana mburine. Tanganne loro-lorone nemplek gegere Ciung Wanara. E. Sudut pandang Pengarang migunakake sudut pandang wong katelu ing crita Ciung Wanara iki, amarga akehe ukara kang langsung nyebutake jenenge paraga lan ora ana ukara-ukara kaya aku, kowe, jenengan lsp amarga pengarang ora melu langsung ing njerone crita mau.
  • 6. F. Konflik Perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketoakke perkara apa kang ndadeake crita iki dadi narik kawigaten. Konflik ing njerone crita Ciung Wanara iki jelas yen Ciung Wanara pingin ngrebut Galuh Pakuan sing wis pancen dadi hak dheweke. Ing wektu iku Prabu Galuh Barma Wijaya samena-mena nyebabke kawula Galuh Pakuan sengsara, dadi Ciung Wanara kagerak atine kanggo ngambil alih Kerajaan Galuh Pakuan mau. Saktemene Ciung Wanara duweni hak atas Galuh Pakuan amarga dheweke yaiku putra Raja. Nanging pas dheweke lair, dheweke dibuang ing kali lan adoh saka Galuh Pakuan. Akhire pas dheweke wis gedhe, dheweke ngrebut maneh Galuh Pakuan saka Raja sing ora tanggung jawab nganggo cara adu jago. G. Amanat Ing crita iki, pengarang menehi akeh banget amanat kang isa dijipuk marang para pamaos. Amanate iku kayata, aja seneng gawe wong liya kaseksa, amarga iku mau isa balik ning dheweke dhewe. Yen tumindak samena-mena marang wong liya, dhewe mesti bakal dibales wong sing liyane. Kudu duwe niat sing gedhe kanggo mujudake kepinginan. Yen ora duwe niat sing gedhe, kepinginan ora bakal kawujud amarga ngelakokake setengah-setengah. Lan sing paling penting iku kudu njaluk pangestu marang wong tuwa sakdurunge ngelakokake pagaweyan amarga tanpa restu saka wong tuwa pagaweyan mau ora bakal berkah utawa ora ana manfaate.