Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Legenda Mranggen dalam lomba bahasa jawa
1. LEGENDA MRANGGEN
“Guk…guk…guk…”
“Eh…apa kuwi…asu….?”
“Iki Nyai…wis dakjupukake tropongmu. Apa aku arep didadike bojomu?”
“Duh gusti, apa sing wis dak ucapke? Apa aku kudu nikah karo asu?”
Halo kanca-kanca, mesthi penasaran karo terusane crita iki. Nanging sadurunge
dakterusake, jawaben dhisik salam saka aku, Assalamua’alikum warohmatullahi wabarokatuh.
Sugeng siyang kanca-kanca kabeh. Ing lomba iki aku arep nyritake kisah legenda Mranggen. Yuk
padha dimirengake ceritane… !
Dhek jaman biyen, ana salah sawijining raja sing jenenge Hyang Nata. Raja Hyang Nata dununge
ana ing Kerajaan Pajajaran, Pulo Jawa iring kulon. Raja Hyang Nata senengane mbebedhak ing alas. Ing
salah sawijining dina, Raja Hyang Nata mbebedhak dikancani para punggawane. Ananging nganti tekan
wayah sore ora oleh kasil babar pisan.
“Keteplak..keteplek..keteplak…keteplek (suara jaran). Hoop….hoop…hopp, mandhek dhisik, kita
wis meh sedina ana kene, kena apa ora ana kewan sing bisa dicekel, aahh…(sebel). Ayo, kabeh
leren dhisik.”
Rikala para punggawa leren, Raja Hyang Nata golek panggonan sing rada ndhelik kanggo toyan.
Entuk panggonan cedhak grumbul sing bisa kanggo toyan. Raja Hyang Nata banjur toyan, olehe toyan ora
ketok wong amarga kaling-kalingan wit-witan ing grumbul mau. Tanpa disengaja, banyu toyan mili neng
bathok klapa sing mlumah, mula banyune ora ilang mlebu nyang jero lemah.
Sawise Raja Hyang Nata lan para punggawane lunga, ana babi wedok saba tekan grumbul
panggonan raja toyan saperlu golek banyu kanggo ngombe. Babi wedok iku jelmaan saka wong wadon
sing disabda utawa dikutuk dening Dewa dadi babi, Weruh banyu ing bathok klapa, babi banjur ngombe
banyu ing bathok klapa mau. Babine ora ngerti menawa banyu ing bathok iku banyu toyane raja. Akibate
ora let suwe wetenge babi banjur tambah gedhe, jebule babi mau meteng. Sawise pirang-pirang sasi
anggone meteng, babi banjur manak. Anake babi arupa bayi wadon. Bayi mau dilahirake ana ing ndhuwur
suketan cedhak grumbul, banjur ditinggal lunga ngono bae.” Owe, owe, owe…” (suara bayi ).
Ing salah sawijining dina, Raja Hyang Nata mbaleni mbebedhak ing alas sing nalika biyen diparani
tanpa kasil. Ing tengah alas iku, Raja Hyang Nata mireng suwara tangising bayi. “Owe, owe, owe… “ Raja
lan para punggawa banjur nggoleki saka ngendi asale suwara tangising bayi. Ora nganti suwe, bayi nangis
ditemokake ana sadhuwure sesuketan sacedhake grumbul. Bayi temon banjur digawa bali menyang
keraton lan diwenehi asma Nyai Senthor.
Nyai Senthor banjur diopeni lan digedhekake ana ing keraton nganti dhewasa. Ing salah sawijining
dina, rikala Nyai Senthor lagi nenun, piranti tenun sing jenenge tropong tiba nyemplung ing kali sangisore
sing iline santer. “Aduh, tropongku tiba, ihhh… tiba ana ngendi ya? Aja-aja tiba kecemplung kali
kuwi …” Nyai Senthor ora bisa njupuk lan nemokake tropong sing tiba ing kali mau. Mula Nyai Senthor
banjur gawe sayembara. Mangkene pangucape ing sayembara, “Sapa bae sing bisa nemokake
tropongku, yen wadon arep didadekake sedulur sinarawedi, lan menawa lanang bakal dakpek
bojo”.
Sawise ngucap sayembara, ora let suwe ana salah sijining kewan yaiku asu lanang mlayu banjur
mencolot nyegur kali nggoleki lan njupuk troponge Nyai Senthor. Asu sing nyegur kali mau kasil bisa
nemoake troponge Nyai Senthor. Tropong banjur digawa ngadhep lan diwenehke Nyai Senthor.
“Guk…guk…guk…”
“Eh, apa kuwi…asu….?”
“Iki Nyai, wis dakjupukake tropongmu. Apa aku arep didadike bojomu?”
“Duh gusti apa sing wis dak ucapke? Apa aku kudu nikah karo asu?”
2. Nyai Senthor kaget, nanging wis kadhung ngucap janji ana ing sayembara. Wusanane, Nyai
Senthor ngajak asu kuwi bali menyang ngomahe lan dipethukake karo bapake. Raja Hyang Nata ora
percaya karo critane Nyai Senthor, terus duka. Nyai Senthor wusanane dinikahke karo asu mau. Pranyata
asu mau yen bengi malih rupa dadi menungsa.
Sawise nikah Nyai Senthor lan bojone banjur ditundhung saka kraton dening Raja Hyang Nata.
Nyai Senthor lan bojone banjur lunga saka kraton tumuju arah wetan disangoni emas-masan lan dhuwit
dening Raja Hyang Nata. Wusanane dheweke sakloron nemukake wit gedhe kang diwenehi jeneng Kalang
Mranggi. Nyai Senthor lan bojone terus manggon ana kono nganti nglahirake anak lanang sing diwenehi
jeneng Rayung Kusuma.
Sawise dewasa, nalika lagi turu Rayung Kusuma ngimpi yen wong tuwane loro-lorone arep lunga
ninggalake dheweke. Sawise tangi turu, dheweke langsung nggoleki wongtuwane. Jebul wongtuwane wis
ora ana kabeh, wis moksa. Wongtuwane ninggal tulisan sing isine pesen kanggo Rayung Kusuma supaya
njaga wit kalang mranggi. Besuke yen ana rejane jaman, panggonan iku arep dijenengake Mranggen.
Piwulang saka crita iki yaiku kita kudu ngati-ati anggone ngomong lan ngomong lan kudu bisa
netepi janji sing wis diucapake.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi migunani tumprap kita sedaya.
Billahitaufik wal hidayah wassalamu’alaikum wr.wb
3. LEGENDA MRANGGEN
Dhek jaman biyen, ana salah sawijining raja sing jenenge Hyang Nata. Raja Hyang Nata
dununge ana ing Kerajaan Pajajaran, Pulo Jawa iring kulon. Raja Hyang Nata senengane
mbebedhak ing alas. Ing salah sawijining dina, Raja Hyang Nata mbebedhak dikancani para
punggawane. Ananging nganti tekan wayah sore ora oleh kasil babar pisan. Sabanjure raja
ngajak leren lan golek grumbul kanggo panggonan toyan. Tanpa disengaja, banyu toyan mlebu
neng bathok klapa. Sawise let sawetara wektu, ana babi saba tekan grumbul panggonan raja
toyan saperlu golek banyu kanggo ngombe. Weruh banyu ing bathok klapa, babi banjur ngombe
banyu ing bathok klapa mau. Babine ora ngerti menawa banyu ing batho iku banyu toyane raja.
Akibate ora let suwe wetenge babi banjur tambah gedhe, jebule babi mau meteng. Sawise
pirang-pirang sasi anggone meteng, babi banjur manak. Anake babi arupa bayi wadon. Bayi
mau dilahirake ana ing ndhuwur sesuketan, banjur ditinggal lunga ngono bae.
Ing salah sawijining dina, Raja Hyang Nata mbaleni mbebedhak ing alas sing nalika biyen
diparani tanpa kasil. Ing tengah alas iku, Raja Hyang Nata mireng suwara tangising bayi. Raja lan
para punggawa banjur nggoleki saka ngendi asale suwara tangising bayi. Ora nganti suwe bayi
nangis ditemokake ana sadhuwure sesuketan sacedhake grumbul. Bayi temon banjur digawa
bali menyang keraton lan diwenehi asma Nyai Senthor.
Nyai Senthor banjur diopeni lan digedhekake ana ing keraton nganti dhewasa. Ing salah
sawijining dina, rikala Nyai Senthor lagi nenun, piranti tenuen sing jenenge tropong tiba
nyemplung ing kali sing iline santer. Nyai Senthor ora bisa njupuk lan nemokake tropong sing
tiba ing kali mau. Mula Nyai Senthor banjur gawe sayembara. Isine sayembara, sapa bae sing
bisa nemokake tropong sing tiba ing kali, yen wadon arep didadekake sedulur sinarawedi, lan
menawa lanang bakal dipek bojo. Sawise ngucap sayembara, ora let suwe ana salah sijining
kewan yaiku asu lanang mlayu banjur mencolot nyegur kali nggoleki lan njupuk troponge Nyai
Senthor. Asu sing nyegur kali mau kasil bisa nemoake troponge Nyai Senthor. Tropong banjur
digawa ngadhep lan diwenehke Nyai Senthor. Nyai Senthor kaget, nanging wis kadhung ngucap
janji ana ing sayembara. Mula, asu mau wusanane didadekake bojone. Anehe, asu mau yen
bengi malih rupa dadi menungsa.
Kabeh kang dialami dening Nyai Senthor diceritake marang Raja Hyang Nata, nanging
raja ora percaya. Nyai Senthor lan bojone banjur ditundhung saka kraton dening Raja Hyang
Nata. Nyai Senthor lan bojone banjur lunga saka kraton tumuju arah wetan disangoni emas-
masan lan dhuwit dening Raja Hyang Nata. Wusanane dheweke sakloron nemukake wit gedhe
kang diwenehi jeneng Kalang Mranggi. Nyai Senthor lan bojone terus manggon ana kono nganti
nglahirake anak lanang sing diwenehi jeneng Rayung Kusuma.
Sawise dewasa, nalika lagi turu Rayung Kusuma ngimpi yen wong tuwane loro-lorone
arep lunga ninggalake dheweke. Sawise tangi turu, dheweke langsung nggoleki wongtuwane.
Jebul wongtuwane wis ora ana kabeh, wis moksa. Wongtuwane ninggal tulisan sing isine pesen
kanggo Rayung Kusuma supaya njaga wit kalang mranggi. Besuke yen ana rejane jaman,
panggonan iku arep dijenengake Mranggen.