Surat ini ditulis oleh perwakilan siswa kelas tiga SMA Negeri 1 Wates untuk mengucapkan terima kasih dan salam perpisahan kepada kepala sekolah, guru-guru, serta siswa kelas lain. Surat ini mengungkapkan rasa haru dan syukur atas berakhirnya masa sekolah selama tiga tahun beserta ilmu yang diberikan guru. Siswa kelas tiga berharap adik kelas dapat belajar dengan baik dan meng
1. Assalamualaikum Wr.Wb
Bapak Kepala Sekolah ingkang kula kurmati. Bapak/Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan.
Konco saha adik-adik ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat
sarta hidayah saengga kita saged makempal wonten aula SMA 1 Wates kangge ngawontenaken
acara perpisahan.
Bapak/Ibu Guru ingkang kula kurmati, kula minangka wakilipun putra-putri klas tiga
ngaturaken agunging panuwun awit keiklasan saha katresnan Bapak/Ibu Guru anggenipun
nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan
sadangunipun tiga tahun.
Bapak/Ibu Guru tuwin adik-adik, sakedhap malih kula sarencang ninggalaken pawiyatan
punika. Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah
nyenyuwun supados taksih celak ing penggalih.
Kula sarencang kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik sedaya kasil
anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka wakilipun rencang kelas tiga,
tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau.
Kula kinten boten prayogi menawi atur kula pepanjang. Menawi wonten kirang tatakrami
anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb
Nama : Yusuf Harfi
No : 27
kelas : XI IS 3
SMA NEGERI 1 WATES