Artosipun: Siji dino wadon lacut ningali asu ngelak ing tengah raino. Asu niku muteri sumur kranten nyuwun nginum, lajeng wadon niku nyopot sepatune lan paring tuyo saking sumur kagem asu, mongko duso wadon iku dipun apuro (HR. Muslim)
Hadis meniko paring pepertelan bilih rahmate Gusti Allah niku kagem sinten kimawon, sinaoso tiyange nggadah duso kados dene wadon lacut wonten hadis kasebat. Kunci utomone kedah mboten angsal putus asa ingatase nggayuh rahmate Gusti Allah.
Kedah kito mangertosi, rahmate Gusti Allah saget dipun raosaken kanti penggaleh ingkang sae lan telaten anggenipun ngelampahi aktitifitas ing dunyo. Misale petani ingkang telaten nandur pari niku saget ngeraosaken rahmate Gusti Allah nalikane mupuk, sabar ngeramut ngantos panene pari. Sedoyo usaha awit nandur ngantos panen meniko kalebet nggayuh rahmate Gusti Allah.