4. Dhahar Jambu Dersana
Sasampunipun sadaya cekap sarta sampun bibaran, lajeng
dipunwontenaken wilujengan memule. Sekarmayang kabucal ing
prasekawanan margi, nanas kapendet kangge rujukan penganten.
Sasampunipun tamu kondur sadaya, ingkang tilar kantun kulawarga celak.
Lajeng dipunwontenaken Upacara Dhahar Jambu Dersana. Tata caranipun,
jambu dersana kaseleh ing dulangmas (papan buah ingkang sae) rinengga
sekar kenanga, melathi lan kanthil. Lajeng jambu dersana kadhahar dening
penganten putri.
Dalunipun taksih wonten upacara malih. Penganten sarimbit kadhawuhan
tilem ing krobongan utawi ing pasarean tengah. Manawi sampun sumadiya,
wonten saweneh pawestri sepuh ingkang mbekta lampu sarta nyatitekaken
panganten kekalih ingkang nembe sare, punapa sampun atut, punapa
dereng. Nanging tatacara kasebat sapunika sampun awis- awis dipunlampahi.
Menggah ing jaman punika, padatanipun ugi namung kawontenaken ing
dalemipun para pangageng. Ing kraton, Dalem Kadhaton utawi ing Dalem
Kapangeranan.
5. Busana Panggih Panganten
Kawit jaman rumiyin dumugi sapunika, tradhisi ngrasuk busana mirunggan ing
upacara panggih panganten ing Ngayogyakarta sarta Surakarta temtu
katindakaken. Salah satunggalipun inggih punika ngagem busana basahan.
Basahan tegesipun tanpa baju. Menggah ngagem Busana Basahan, maksudipun
ngagem Rasukan ingkang kanthi ngaliga sarira, utawi mboten mawi hem
(baju,klambi).
Wondene wernaning busana basahan kagem panganten kakung inggih punika
: Kampuh Gadung Mlathi(pinggir ijem, tengah pethak) utawi Kampuh Bangun Tulak
(pinggir biru sepuh, tengah pethak). Kampuh kalih wau pinggiripun kedah kaserat
mawi seseratan kupu, kinjeng sarta peksi. Salajengipun, ukup renda, celana cindhe
guber, kuluk mathak biru, ngaliga sarira (kalulur jene garutan), ngumbar konca,
kalung ulur- ulur saking emas, sesupe barleyan, dhuwung warangka ladrang/
branggah mawi kolong keris, sumping sekar mlathi satemlik ngagem selop.
6. Menggah warnaning busana basahan kagem panganten putri inggih
punika: Warnaning kampuh sami kembaran kaliyan kampuhipun
panganten kakung (rerengganing kampuh kaemba kampuhipun putri
dalem ingkang kawastanan kampuhan contokan), sinjang cindhe (punika
agemanipun prameswari dalem manawi tedhak Garebeg), udhet cindhe
(sabuk sutra rerangkening kampuh), sekar mawi buntal, paes, gelung bokor
mengkurep mawi sekar dhawah dhadha, ngagem cundhuk mentul cacah
sanga, ngaliga sarira ( kaboreh jene garutan), suweng bapang
(brumbunganipun panjang), gelang kalung sungsun, ngagem selop.
Nanging wekdal sapunika, busana basahan kagolong awis-awis
kaginakaken. Kajawi dening sawatawis golongan manengah sapanginggil,
utawi ing pawiwahan putra/putrid dalem nata ing Kraton Ngayogyakarta
saha ing Kraton Surakarta, utawi kagem kulawarga kraton sanesipun.
7. Busana panganten ingkang sapunika kathah kaagem nalika panggih panganten,
inggih punika: panganten kakung ngagem rasukan/sikepan ageng Langenharjan
warni cemeng, hem pethak lengen panjang tanpa gulon (staande kraag), dhasi
kupon pethak (sapunika kathahipun dhasi kupon cemeng), bebed Sidamukti
(sapunika cakrikipun warni-warni, gumantung ingkang kapilih, sabuk cindhe mawi bara
(bara kapasang ing sisih tengen leres cethik), apek bludiran sarta timang salerekipun,
kuluk kanigara utawi udheng gadungmlathi (udheng rinengga borokan barleyan,
kapasang ing iring kiwa. Manawi ngagem jenthitan kapasang ing tengah udheng,
sanginggil kuncung), sumping sekar mlathi satemlik, dhuwung warangka
ladrang/brangah mawi kolong keris, ngagem selop, ngagem bros.
Busana kagem panganten putri, inggih punika rasukan kebayak panjang dhasar
cemeng (utawi ingkang cocog kalihan pakulitanipun), sinjang kembaran kalihan
bebed ingkang kaagem panganten kakung, paes, gelung bokor mengkurep mawi
sekar dhawah dhadha, ngagem cundhuk mentul cacah sanga,panetep kanan kering,
semyok, jungkat tretes, kalung sungsum, peniti, bros, sesupe, gelang, ngagem selop.
9. Sepasaran
Tigang dinten sasampunipun dinten “D” (dinten panggih), pehak tiyang sepuh
panganten jaler kadherekaken sawatawis kulawarga, rawuh wontening
griyanipun pehak besan saperlu mertinjo ingkang putra, kanthi mbekta warni-
warni dhaharan gunggung kalih jodhang. Sasampunipun sepasar saking dinten
“D”, panganten sarimbit kalarabaken ing dalem tiyang sepuhipun panganten
kakung. Tatacara punika kawastanan Upacara Sepasaran utawi Upacara Nebus.
Tatacaranipun, tiyang sepuh panganten kakung utusan dhateng satunggaling
ibu ingkang sampun yuswa kinen nebus panganten sarimbit. Sarta nyuwun
supados panganten sarimbit pikantuk kaundhuh. Saratipun: pisang ayu satangkep
kapilih ingkang uleranipun jangkep, kaca pangilon, jungkat, suri, lisah sundhul
langit, lawe satukel, kapuk kapas kisi agel, kunir kalih grigeh, asem, menyan madu,
arta suwang saprapat. Sadaya dipunwadhahi bokor ageng saking jenean
(kuningan) ingkang kaulesan sindur. Pirantosing panebus nuli kapasrahaken ibu
panganten estri.
10. Upacara sepasaran punika cak-cakanipun meh sami
kemawon kados wekdal upacara panggih penganten. Namung
bentenipun, ing babagan punika pehak ibu saking panganten
jaler ngendika makaten: “Anakku ngger, sokur bage sewu olehmu
lunga dagang mulih nggawa bojo”.
Dalunipun panganten sarimbit nyipeng ing dalemipun tiyang
sepuh panganten jaler. Enjangipun panganten jaler kaparingan
nama enggal (nama sepuh). Sasampunipun kalih dinten, tiyang
sepuhipun panganten estri ugi lajeng martuwi. Rawuhipun
mbekta oleh-oleh kalih jodhang, wujud dhaharan sekul tuwin
lawuhipun sarta warna-warni dhaharipun sanesipun.
11. Sasampunipun sapeken, ibunipun panganten kakung nyuwun
priksa dhumateng putranipun “Apa wis atut?”. Panganten kakung
kedah njawab kanthi walaka. Manawi sampun estu atut,
panganten putrid lajeng kadamelaken jamu. Wujudipun: dlima
pethak (nglebetipun kakrowok, isinipun kabucal, kagantos
majakan), katangsulan lawe wenang, lajeng kinukus ing edang.
Manawi sampun mateng lan asrep, kapurih mamah panganten
estri, sarta toyanipun kaulu.
Majakan tuwin dlima punika paedahipun supados boten
murugaken badan lema, nanging saged ndadosaken badan
singset. Sarta criosipun panganten estri saged enggal mbobot.
Makaten mugi saged dados tambahing seserepan. (Cuthel)
12. Alasan
Wacana ing dhuwur diarani teks ekposisi amarga saka
ananing panjelasan sing dadi kata kunci saka wacana eksposisi.
Paragraf ing dhuwur njelasake babagan Adat Tatacara
Penganten Jawa Ing Surakarta Lan Ngayogyakarta, dijelasake
uga babagan makna-makna lan tata urutan upacara. Uga
dijelasake tanda-tanda/simbol-simbol sing ana ing upacara iku.