Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Budaya mantu copy 2
1. Budaya
MantuA n g g o t a :
C i n t y a D e v i S . ( 0 7 )
L a t i v a P u t r i ( 1 8 )
L u l a S o r a y a N . I ( 1 9 )
P u t r i T i a r a K . ( 2 4 )
R i d h o F d h i l l a h A . ( 2 5 )
S o f i a U l a y y a Z . ( 2 9 )
T h o r i q F a d h i l A . ( 3 1 )
2. Ing adicara iki dibutuhake
talangin atur, minangka utusan
saka kulawarga calon penganten
kakung kanggo nemoni calon
peganten putri.
Adicara iki dikarepke kanggo
delengi calon penganten putri.
Non
toni
BUDAYAMANTU
3. Adicara iku uga diwastani ‘asok tukon’ yaiku
calon penganten kakung menehake ubarampe
lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakake
pahargyan pengantenan. Saliyane iku sing paling
penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing
tumprape kanggo ngragati upacara pahargyan
ing omahe penganten putri. Ing upacara iki ana
prastawa liru kalpika (tukar cincin)
Ngala
mar
4. BUDAYA MANTU
B l e k e t e p e / P a s a n g T a r u b
Yaiku salah sawijining prosesi manten
adat jawa ingkang penerapanipun arupi
nggawe "bleketepe" / anyaman saka
godong klapa ingkang didadosaken
dados gendeng utawa gawe
ngademke/payon manten.
Bleketep
e
5. Midodareni utawa midodaren yaiku
saka tembung widadari. Malem
midodareni ya iku malem para
widadari mudhun saka suwarga. Ana
ing malem midodareni iku ana
pangarepan supaya calon penganten
putri ayu kaya widadari. Ing malem
midodareni calon pengantin putri ana
ing jero kamar pengantin. Ora éntuk
ana sing nemoni penganten putri ana
ing kamar kajaba tamu lan sadulur
wadon.
Midodar
Midodar
eni
6. Acara siraman iku upacara pralambang
kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn.
Upacara iki dianakaké sadina sadurungé
ijab kabul ing omahé calon mantèn.
Padatan mapan ing pérangan omah sing
rada kabuka kaya ing plataran mburi omah
utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram
sepisanan lumrahé wong tuwa calon
mantèn, banjur diterusaké déning para
sadulur liyané, lan uga pemaès nganti
gunggung pitu.
Siram
an
7. Ijab
QabulIjab kabul yaiku acara nalika pengantèn
kakung ngucapaké janji bebojoan karo
pengantèn putri lan diseksèni wong
akèh supaya bisa sah nikahé.
8. Upacara balang suruh minangka
pralambang sih katresnan lan
kasetyan ing antarané pengantèn
kakung lan putri.
Balang
anSuruh
9. B a l a n g a n S u r u h
Suruh isi gambir lan injet
dilinting ditaleni benang lawe
putih kanggo baling-balangan
manten lanang lan wadon.
Cacahe gantal ana 7, sing 4
dicekel sing wadon (gondhang
kasih), sing lanang kebagean 3
(gondhang tutur), banjur kanggo
balang-balangan mbaka siji.
Werdine: baling-balang
katresnan.
10. B A L A N G A N S U R U H
Suruh lumah lan kurepe beda,
nanging rasane padha, dadi
lanang lan wadon iku beda
nanging padha tresnane.
Sedhah utawa suruh dilinting,
ditaleni lawe wenang. Cacahe
loro, kanggo balnagan
penganten sarimbit. Balanagane
penganten putri diarani
gondhang kasih, balnagane
penganten kakung diarani
gondhang tulur. Suruh dipilih
sing gathuk rose.
11. Balangan suruh iki mralambangi :
a) Suruh yen dideleng beda rupa lumah lan
kurebe, nanging yen digeget pada rasane,
senajan sing siji kakung, sing liyane putri ,
ananging yen wis manungga tekade, bisa
manunggal cipta, rasa lan karsane, pinasthi jatu
kramane.
b) Marga ditaleni lawe wenang warna putih,
minagka pengarep-arep muga sawise ditaleni
ing akrami, dadiya paningset anggone mbangun
bebrayan, ora nalisir saka angger-anggering
kautaman.
c) Dipilih suruh kan temu rose, mengku werdi
supaya penganten sarimbit manungal lair batine
tansah ngudi nyawiji, nyirik tumindak kang
marakake sulaya kasembadan sedyane lestari
kang tansah kaesthi.
B A L A N G A N S U R U H
12. Wiji
Dadi
Penganten kakung ngidak endhog
pitik nganti pecah, banjur pengantèn
putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané
pengantèn kakung nganggo banyu
kembang.
Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga
sing tanggung jawab marang kaluwargane. Antiga utawa
endhog pitik kampung sing isih mentah, dening ibu juru paes
disenggolake bathuke manten lanang lan manten wadon,
banjur dibanting nganti pecah. Werdine: pecahing wiji priya lan
wanita kang bakal mbabarake turun.
13. Y
W I J I D A D I
Endhog ayam kapidak dening penganten kakung nganti
pecah, tegese anggone mbangun bebrayan bisa mecah
(misah) saka tanggunng jawabe wong tuwa,bisa urip
mandhireng pribadi. Sawise penganten kakung ngidak
endhog ayam nganti pecah, penganten putri enggal
anjengu (ndhodhok) nyembah penganten kakung lan
enggal mijiki samparane nganggo banyu kembang
setaman sing ana ing bokor. Iku minangka pralambang
ngilangake sesuker, muga anggone urip mbangu
bebrayan bisa dadi tuladha. Wanita wajib bekti marang
sing kakung. Sing kakung wajib ngregani bektine sing
putri, mula nuntun ngajak sing putri ngadek jajar.
14. Pupuk
P U P U K U T A W A W I S U D A N
Ibu penganten putri ngusap-usap
sirah/mustaka mantu kakung
minongko tondho ikhlas nompo
dadi bageane kulawargo.
16. S I N D U R A N
Asale saka jeneng kain, jeneng prosesi dijupuk. Kain Sindur
utawa jinis 'rimong' sing nutupi kalorone, nduweni karakter
abang kanthi sudhut putih. Loro warna kasebut kalebu wanita
kanthi warna abang lan lanang diwakili putih sing tegese
ngarep-arep bisa nyawiji terus keturunan.
Kanthi alon-alon manten lan putri mlaku ing sandhinge bapake panganten wadon
nalika ngubungake pethikan lan saben klambi, lan bareng-bareng ngrebut keris
pusaka sing ana ing mburi bapake penganten wanita. Posisi bapak penganten ing
ngarep tegese 'ngambah dalane', lan nuntun anak-anake supaya seneng.
Sakiwa tengene panganten putri, ibu panganten putri
ngrangkul lan nutupi kain nganggo sissy sing ateges ibu bakal
tansah gelem nyengkuyung anake lan putri. Ing sisih mburi
yaiku sedulur-sedulur pengantin wadon sing ngiringi.
17. Timbanga
n
B O B O T T I M B A N G / T I M B A N G A N
Sadurunge lungguh ing lorong, penganten putri lenggah ing sisih
loro bapak ibune. Banjur panganten lanang munggah lungguh ing
sikil tengen bapakne, lan calon panganten kakung menyang sikil
kiwa bapakne. Sawise kuwi ibune panganten putri takon "Abot
endi bapakne?" Lan bapake mangsuli "Podo, podo abote".
Tegesipun, panganten putri sami-sami sehat, bakal nduwe rasa lan
bungah lan sedhih bareng yen urip bareng mengko.
18. Tekan dhamparing panganten, manten lanang ngesok kaya ing
kacu gedhe neng pangkone manten wadon. Werdine : wong
lanang wajib aweh kaskaya (rejeki) marang sing wadon kanggo
kabutuhane bale wisma.
Penganten kakungjumeneng ngasta tilam lampus (klasa bangka)
,isine dhuwit receh(dhuwit logam)dicampuri beras lan ketan dis
untek ing pangkoning penganten putri.
Adatkacarkucur mengku pralambang jejibahane penganten k
akung, wajib tanggung jawab marang bojone, guna kaya (nafka
h) asiling pakartine dipasrahake marang bojone. Mangkono uga
sing putri duwe tanggung jawab nyukup-
nyukupake utawa ngiguhake supaya murakabi sekabehane.
Kacar
Kucur
19. Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan
minangka pralambang pinangantèn kekalih arep
urip susah lan seneng kanthi bebarengan.Sing
lanang ngepel sega isi lawuh telung kepelan,
mbaka siji diwenehake sing wadon ditampani
ing piring, banjur dipangan (telu pisan sethithik-
sethithik) disawang sing lanang. Werdine:
ngecakake kaskaya kanggo karaharjaning
kulawarga.
Dhahar
Klimah
20. BUDAYA MANTU
Wong tuwane pengantèn putri methuk
wong tuwané pengantèn kakung ing
ngarep omah lan bebarengan tindak
menyang acara resepsi.
Mertui
21. Pinangantèn sak kloron sungkem
nyuwun pangèstu marang wong
tuwa kekalih.Manten lanang lan
wadon urut-urutan sungkem
marang bapa biyunge lan
maratuwane. Werdine: wajib bekti
marang wong tuwa lan mara tuwa.
Sungkem
Sungkem
an
22. Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak
acara pengantenan, uga kadang diarani
resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan
iki nduwe makna upacara selametan,
selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul
wis rampung diselenggaraake. Neng acara
iki, pasangan penganten nerima ucapan
selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing
hadir neng acara iki.
Kirab
23. Ngunduh
MantuNgundhuh mantu yaiku upacara kang dilakoni khusus
kanggo wongtua temanten lanang, kanthi cara nekaake
temanten lanang lan wadon ing omahe temanten lanang,
biasane diadaake 5 dina anak lanange iku mau manggon
ing omahe mertuane wiwit dilaksanaake simahe, kanggo
gawe gentenan diadakne ing omahe wongtuane
(wongtua temanten lanang) tujuwane yaiku ngenalne
temanten marang kaluwargane lan wujud rasa syukur
amarga entuk mantu kang dikarepake.