2. S A S T R A
• Sastra kudu bisa menehi rasa seneng, panglipur,
kabagyan lair batin tumrap
• Manungsa nglairake rasa seneng mau lumantar seni;
tari, rupa, musik, sastra.
• Jiwa-ruh sastra manunggale cipta-rasa-karsa-karya.
Saka alam pikir, alam rasa lan pengalamane
manungsa
• Sastra kudu bisa nyugihake batine pamaos, dadi
sesuluh, pepadhang kang tumuju marang kautaman
3. Sastra Anak
• sastra anak iku karya seni imajinatif kanthi unsur
estetis basa, lisan lan tulis kang bisa dingerteni
dening bocah, lan isine donyane bocah
• Sastra anak iku sastra kanggo bocah/anak kang
diciptakake, diurusi dening wong tuwa/dhiwasa;
artine sastra anak iku ditulis dening wong tuwa
kanggo keperluwane bocah; kang prodhuksine uga
ditangani dening wong tuwa
4. Karakteristik
• imajiner, ora adhedhasar fakta. Unsur
imajinasi ditengenake
• Hakikat sastra anak kudu salaras karo
donyane bocah, alam panguripan bocah;
dudu alam panguripan dhiwasa
• Sastra anak kudu nyuguhake pedoman,
aturan, norma tingkah laku kanggone bocah.
5. SASTRA kanggone bocah :
• Sastra nepungake bocah/anak marang jagad
gumelar
• Bocah/anak bisa ngrasakake, mbayangake
kaendahan, melu-melu mikir kahanan kaya
kang ana ing karya sastra. Bisa ngrasakake
dadi wong liya, dadi bangsa liya
• Sastra ngembangake rasa pangrasa,
imajinasine bocah marang pengalaman anyar
kang migunani, nenuntun batin. Nganti kaya-
kaya si bocah dhewe sing ngrasakake,
ngadhepi kaya tema pokok kang ana ing
sastra.
6. TAHAP PEMBELAJARAN SASTRA ANAK
• Tahap Penikmatan
(diperkenalkan, diperdengarkan, dibacakan)
• Tahap Penghargaan
(diajak setengah aktif, dipertanyakan, kekaguman)
• Tahap Pemahaman
(unsur instrinsik – ekstrinsik karya)
• Tahap Penghayatan
(mbiji, ngritik, mbandingake karya sastra)
• Tahap Implikasi
(nggunakake, ngasilake karya sastra; ekskul, bengkel, sanggar,)
7. SASTRA kanggone bocah :
• Sastra nepungake bocah/anak marang jagad
gumelar
• Bocah/anak bisa ngrasakake, mbayangake
kaendahan, melu-melu mikir kahanan kaya
kang ana ing karya sastra. Bisa ngrasakake
dadi wong liya, dadi bangsa liya
• Sastra ngembangake rasa pangrasa,
imajinasine bocah marang pengalaman anyar
kang migunani, nenuntun batin. Nganti kaya-
kaya si bocah dhewe sing ngrasakake,
ngadhepi kaya tema pokok kang ana ing
sastra.
8. S A S T R A J A W A A N A K
• Kelas Rendah
tembang dolanan, geguritan, dongeng, cangkriman
• Kelas Tinggi
tembang dolanan, tembang macapat, parikan, crita
rakyat, wacan bocah
10. Kangen
Dening: Edi Winarno
aja nangis anakku
ibumu isih lunga
sedhela maneh teka
aja nangis, anakku
umpama Hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi
dakparani
11. BONEKAKU
Iki hadhiyah saka ibu
Endah kaya mripatmu
Lucu
Takgendhong mrana-mrene
Yen wis turu takglethakake
Swaramu kaya asihe ibu