SlideShare a Scribd company logo
1 of 12
WAWASAN BUDAYA JAWA
A. Ubarampe Wusana estri
Saderengipun kula ngaturaken bab tata adat Jawi mliginipun bab Busana Mataraman jangkep,
kula suwun sampun ngantos kagungan pemanggih bilih kula badhe ngguroni, nanging margi
kebekta saking kadereng raos anggen kula prihatos yen nyumerepi para kadang sutresna sami
ngagem busana Jawi boten runtut, kepara boten leres kaliyan paugeran ingkang wonten, jer
punika tundhonipun badhe ngirangi luhuring budaya Jawi.
Semanten ugi yen ngemuti wonten ing upacara-upacara adat. Kamangka upacara-upacara
adat, kathah sanget ingkang antawis satunggal daerah kaliyan daerah sanes boten sami,
ingkang sedaya dados tanda luhuring budaya. Nanging pinanggihipun sami campur bawur.
Kados conto yen gagem beskap Sala iketipun Yogya, ugi ngagem Surjan, kerisipun Sala, lan
tasih kathah sanesipun.
Punika dereng bab ubarampening upacara adat. Mila saking kedadosan ingkang kula
semerepi punika, tumusipun manah kepengin ngaturaken kados pundi Busana Mataram
jangkep ingkang leres, sarta kados pundi tatacara ngagem busana adat Jawi ingkang leres.
Tegesipun manut paugeran ingkang sampun wonten
Adhedhasar saking warisan para pini sepuh ingkang sami mumpuni, sarta saking pengalaman
anggen kula lelumban ing kabudayan Jawi, ingkang sak boten-botenipun 40 tahun wonten
donyaning Tata Busana lan Busana Rias Penganten Ngayogyakarta lan Surakarta.
Pramila mugi ingkang kula aturaken punika sageda migunani, mligi ingkang sami tresna
ngleluri budaya Jawi ingkang adi luhung. Temtu kemawon punapa ingkang kula aturaken
tasih tebih saking sampurna, mila yen pinanggih tumpang suh, kepara kathah klenta-
kletunipun kula nyadong agung pangapunten.
Mirunggan bab “KAIN“ (Bhs Indonesia) menggahing adat Jawi, pranyata dipun pilah-pilah
miturut ginanipun, gampilipun kados contonipun :
1. Kain dipun sebat ; Jarik, jarit, sinjang, nyamping. Nyamping mligi dipun agem pawestri.
Dene wiyaripun kalih setengah kacu. Ginanipun kagem nyampingan / jarikan
2. Kain = bebet ( basa madya, ngoko) punika sinjang mligi ingkang dipun agem kakung /
priya, dene ageng wiyaripun sami ingkang dipun agem pawestri
3. Kain= Cinde, wujudipun nyaping mirunggan kagem nyampingan busana manten. cinde
ugi kagem lapisan lonthong, lan kagen celana busana narendra / manten paes Ageng
4. Kain = Lendhang, utawi slendhang. Ageng alitipun benten kaliyan jarik, wiyaripun
sepalih jarik, cirinipun pucukipun lendhang wonten rerenggan utawi hiasan kang dipun
sebat “tumpal,” wujudipun gambar maju tiga (segi 3 sami kaki) lan wonten ingkang dipun
sebat Slarak kandhang,
5. Kain = Kemben. Ageng wiyaripun sami lendhang, bedanipun boten ngagem tumpal
nanging ngagem kemada (hiasan pinggiring kemben mubeng ) ginanipun kagem
kembenan ( nutupi susu ), sejatosipun punika gantosipun “kotang = BH” . Kemben
punika maneka warni kados saking batik, lan wonten ingkang dipun paringi tengahan
wujudipun wajikan utawi belah kethupat lan wonten ingkang tengahipun sedaya dipun
blok sutra.
Dene titikanipun ngagem Busana “Mataraman Jangkep”
1. ngagem nyamping utawi bebet model wiron.
2. ngagem lontong lan kamus
3. ngagem rasukan surjan
4. ngagem iket gagrak Yogya
5. ngagem keris gagrak Yogya
6. sarta selop polos
Tata cara ngagem Nyamping model Ngayogya
Saderengipun nyamping dipun agem dipun wiru rumiyin, utawi dipun lempit-lempit,
wiyaripun antawis + 3 jari kagem kakung, + 11/2 driji kagem putri, sarta seret nyamping
pethak dipun katingalaken.
1. Damel wiru / wiron nyamping
a. Nyamping dipun gelar, dipun padosi ingkang jawi, ingkang dipun wastani
“Ngengrengan”, awit nyamping perangan nglebet dipun wastani “terusan”. Liripun
kagem netepaken ingkang badhe dhawah nginggil. Utawi arah miringipun nyamping
yen model lerek.
b. Pucuk nyamping sisih tengen kagem pathokan damel wiru utawi diwiru, kang badhe
dipun cepengi asta tengen; diwiru utawi dipun lempit-lempit arah mlebet, menawi
sampun tumata, lajeng dipun wiru / dipun lempit, seret nyamping kedah dhawah
jawi/katingal tetep wonten pingggir malih, lajeng dipun ambali malih ngantos
wongsal-wangsul, udakara kaping 7-an.
Pucuk sutunggalipun dipun damel wiron pengasih, ingkan mangke dipun cepengi asta
kiwa, utawi dhawah nglebet. Dene pengasih wiyaripun mana suka, kanthi
tetimbangan yen dipun agem saged neces, lan sekeca yen kagem tindak. Dene
kathahipun wiru pengasih, gumantung ageng lan botenipun ingkang badhe ngagem
nyamping. Yen sampun dados wiwit dipun agem. Kagem pemut; seret pethak kedah
dhawah njawi utawi wonten sisih jawi.
c. Kejawi punika ugi wonten wiru engkol utawi pengkol, punika mligi kagem para abdi
dalem keprajan, damelipun wiwitanipun sami, namung yen dados kadudut pucukipun
wiru ingkang nomer 3
2. Tata Caranipun Ngagem :
a. Nyamping dipun agem, dipun jereng, dipun persani yen wonten ceplokipun utawi
gurdhanipun, lar gurdha kedah minggah, yen lerek kedah mandhap, utawi miring
ngiwa. Dene seret pethak kedah dhawah jawi. Wiru ageng dipun cepengi asta tengen,
wiron pengasih asta kiwa.
b. Ingkang dipun cepengi asta tengen langkung rumiyin dipun tempelaken tengah-tengah
padharan, kangge nginten-inten inggilipun nyamping. Pathokan sak kemiri.
c. Wiru wau dipun angkat majeng, tumuli pengasih dipun ubetaken diputer liwat
ngajengan padharan dumugi bangkekan sisih tengan ngandap kelek. Lajeng wiru
ingkang dipun cepengi asta tengen dipun tempelaken padharan malih, lan kedah tetep
dhawah tengah. Kagem ngawekani kodhok melet pengasih dipun tarik minggah
sekedhik, lajeng dipun tangsuli lawe
d. Salajengipun ngagem lontong lan kamus: yen nyamping sampun mapan lan rapi,
prayogi ngagem stagen rumiyin, nembe ngagem lotong. Kanthi ubetipun katumpuk,
paugeranipun pucuk lontong sampun dhawah wingking, Prayogi yen dhawah
ngajengan. Salajengipun nembe ngagem kamus (sabuk), ugi pucuk kamus dipun
angkah sampun dhawah wingking.
Mligi lontong wonten ingkang lontong polos, abrit, ijem, biru, jene, lan lontong
Cindhe, sarta lontong sindur. Semanten ugi kamus, wonten polos bludru, kamus
bludiran, lan kamus kristik.
3. Cara ngagem rasukan SURJAN: ngagemipun kados yen ngagem hem umumipun.
Surjan ugi wonten model Surjan sutra (sekaran), model surjan lurik, lan model surjan
pranakan. Dene Surjan Pranakan punika busana mirunggan wonten salebeting kraton
kemawon, sak jawining kraton boten umum,
4. Iket model Yogya. titikan wonten mondholan, sinthingan lan blumbangan. Dene
modelipun warni-warni; awit jaman kawuri ngagem iket amargi ngagemipun dipun ubet-
ubetaken utawi dipun iket dpun tangsuli. Mila lajeng sinthingan katingak warni-warni,
wonten njenthar, wonten sintingan dipun damel panjang ngantos kemlebreh dumugi
ngajengan, nanging ugi wonten sinthingan dipun dadosaken satunggal sisih kiwa tengen
mondholan, kados kuping trewelu (njepiping).
Mila kagem ngawekani gampilipun ngagem, lajeng badhe iket dipun damel blangkon,
mila lajeng wonten sebatan iket blangkon. Sedaya wau margi wonten sambetipun kaliyan
kabetahan, utawi tanda kalenggahan Conto satunggal resi, utawi sentana dalem, utawi
abdi dalem, lan kepara kagem tanda tiyangb ingkang kagungan kadegdayan lan
sanesipun. Bab ngagem iket samenika langkung gampil, awit namung kados ngagem topi.
Ewa semanten yen boten pirsa cara ngagemipun katingal lucu, mila prayogi ngagem iket
blangkon supados katingal mriyayi pucuk sinthingan sampun katingal, semanten ugi sisih
ngajeng kang dhawah nginggil alis, prayogi + 1 jempol, sampun tebih kaliyan alis,
menapa malih nutupi alis. Awit badhe katingan wagu.
a. Bilih bentuk/ rerenggan Iket Blangkon gaya Yogyakarta punika wonten kalih, inggih
punika blangkon model Mataraman lan blangkon model Kagok. Kalih-kalihipun
gadhah perangan ingkang meh sami. Kados “wiron/wiru, mondolan, cetetan,
kemadha, dan tanjungan “
b. Motif-motif ingkang dipun agem dhestar / iket antawisipun: motif modang,
blumbangan, celeng kewengen, jumputan, sido asih, sido wirasat, taruntum. Motif-
motif punika ingkang sampun kawentar dipun agem kangge damel iket blangkon
model Ngayogyakarta. Temtu kemawon ugi wonten motif-motif sanesipun ingkang
dipun larasaken kaliyan kabetahan ’badhe/kain batik”. Rangkepan perangan
nglebet:”Congking”
c. Werdining Iket Blangkon Ngayogyakarta
 Wiron/wiru, kadamel wiron ( 17 lempitan), mengku teges murih lampah utawi
tindakipun boten klentu kesrimpet. Mila wonten paribasan wirone byar-pet.
Nanging wonten ingkang kagungan pemanggih. kathahing rakaat nalika sholat
salebeting sedinten.
 Mondolan mengku teges bilih jejering kakung punika gadhah sesanggeman
ingkang boten entheng, ingkang kedah dipun lampahi .
 Cetetan, utawi dipun sebat sinthingan. mengku teges satunggaling gegayuhan
wonten ngarsaning Pangeran. Ugi dados pratanda sifat watak utawi jejeripun
satunggaling tiyang kakung. Kados satunggal sentana , resi utawi panndita, lan ugi
satunggaling warok. Sedaya duk semanten saged katanda saking anggenipun
damel cetetan utawi sintingan. Mila cetetan lajeng dipun damel maneka warni,
wonten ingkang njepaplang, ugi wonten ingkang kumlewer.
 Kemadha, menggahing badhe/kain, punika satunggaling hiasan pinggir, kados
dene wengkuning badhe/kain, mila tegesipun bilih gesang punika kawengku
dening edi penining kawontenan ( donya). Nanging sebatan kemadha ing iket
blangkon ingkang mapan woten sacelak ing talingan punika werdinipun kangge
nyamekaken, utawi nglarasaken, awit sok sintena gesang kedah saged nglarasaken
kaliyan kawontenan, mila duk semanten dados tandha kelompok abdi dalem,
upami saking Ketanggungan, Wirobrajan lsp
 Tanjungan ingkang asring dipun sebat jengger. Punika mengku teges kaendahan,
tegesipun supados katingal langkung perwira, mila tumusipun murih disanjung-
sanjung dipun pepundhi utawi dipun puja.
Mila pilihan motif kagem Iket Blangkon punika mengku pengajab :
a. Iket motif Modang, kinarya lambing kasekten pinangka ngregem sifat angkara
murka. Tegesipun murih saged ngawonaken mengsah ingkang wonten
salebeting angga pribadi . nanging wonten ingkang kagungan pemanggih sok
sintena nggagem iket modang pangajabipun “saged ngemot utawi momot
kadang“…. Saged ngladosi sok sintena kemawon
b. Motif Celeng kewengen, mengku teges murih tiyang ingkang ngagem dados
tiyang ingkang ajrihan, ugi lambing kejujuran, polos utawi prasaja
c. Motif Kumitir, dados lambang bilih tiyang boten kersa kendel ingkang tansah
ngudi murih saenipun gesang .
d. Motif Blumbangan, saking nama “blumbang” ingkang tegesipun papan
ingkang kebak toya. Dene toya punika piyambak lambang sumbering
panggesangan.
e. Motif Jumputan, saking tembung “jumput” mila tegesipun mendut sawentawis
punapa ingkang sae.
f. Motif Taruntum, motif wujud tebaran sekar-sekar ingang alit-alit, mila dados
pralambang kartika ing wanci dalu, werdinipun bilih gesanging titah boten
saged pisah kaliyan kalih perkawis, inggih punika padhang lan peteng, bingah
lan sisah, sugih lan mlarat sp..
g. Motif Wirasat, tegesipun satunggaling pangajab supados Kabul sedaya
panuwunipun,
h. Motif Sido Asih, lambing satunggaling pangajeng-ajeng utawi pangajab murih
saged sami asih tresna.
6. Ngagem Keris; dipun agem wonten wingking, kaselipaken antawis nyamping lan
lonthong. Utawi lebet lontong kamus
Dadosna wuninga bilih ngagem Keris kados conto gambar ngajeng wau, wonten
sambetipun kaliyan kabetahan, kados contonipun:
a. Model Klabang Pinipit (Pipitan). Keris dipun agem miring nengen (asta tengen)
kagem pahargyan / upacara resmi lan wonten ingkang mastani model “Ngogleng”.
b. Model “Munyuk Ngilo”, Keris dipun agem miring ngiwa, dipun agem para prajutit
kraton ngasta bedil lan kagem beksa, Wonten kang mastani model “Kewal”
c. Model “Andoran utawi dederan” Keris diagem ngadeg jejeh, mligi kagem marak
priyagung kang dipun urmati, utawi wonten papan kang kinurmatan (mesjid, makam
lsp), biasa priyantun Solo, utawi warok
d. Ngagem model “Anggaran” Keris dipun agem sajawining lonthong, ngagem wadhah
piyambak dipun paringaken ngajeng sisih kiwa, mligi dipun agem komandan prajurit.
e. Ngagem model Nyothe, semanten dipun agem para pandhita, resi, panji udi prajurit
Daeng
f. Wonten ngagemipun dipun anggar, dipun paringake wadhah utawa mligi kanthong
keris.
Dene tiiyang Jawi langkung-langkung para priyagung tentu kagungan keris werni
kalih; keris gayaman, lan keris branggah utawi ladrangan. Dene bedanipun
antawisipun Gayaman lan branggah wonten “godhonganipun” keris. Gayam ujud who
gayam, yen branggak gambar stilir saking ron tela kaspa.
Keris dipun agem manut kabetahan. Ingkang branggah umumipun kagem upacara
langkung resmi. Yen gayaman, dipun agem ingkang sifatipun climen utawi
padintenan.
B. Ubarampe Wusana estri
1) Kebaya
Kebaya asale saka tembung basa Arab yaiku “Abaya” sig artine klamben.
Akeh sing percaya kebaya iku asale saka Tiongkok ing atusan taun kepungkur.
Banjur nyebar mring Malaka, Jawa, Bali, Sumatera, lan Sulawesi. Sakwise
akulturasi kelakon atusan taun, klambi kuwi ditampa ing budhaya lan norma
daerahe dhewe- dhewe. Sakdurunge taun 1600 ing Pulo Jawa, kabaya kuwi
akeh dinggo dening kalangan keraton. Ing jaman Walanda, para estri Eropa
padha seneng nganggo kebaya kanggo klambi resmi. Kebaya ing jaman kwi
mung nggunakake bahan tenunan kang bahane sutra lan sulaman werna-
werni. Nggunakake kebayak ndadikake para estri mangkleh dadi esri kang
anggun lan nduweni kepribadian kang sae. Kebaya meloni lekuk awak, dadine
para estri kudu bisa madhakne lan njaga awake dhewe.
2) Ungkel utawa sanggul
Ungkel utawa sanggul yaiku rambut palsu ugi rambut asli kang digawe bentuk
oval lan ditempel ing mburi utawa ing sirah. Sanggul wis dikenal wiwit jaman
Mesir Kuno, ing wektu kuwi para estri Mesir Kuno nduweni kebiyasaan
nyukur resik rambut ing sirahe, kanggo kapentingan acara keagamaan uga
kanggo karesikan. Amarga wong- wong sing Mesir Kuno praduli marang
estetika, dekne kabeh milih nganggo rambut palsu ing acara-acara tartemtu,
dadine isih katon ayu. Ing jaman menika, sangul ora mung digawe saka
rambut manungsa, nanging uga digawe saka bulu kewan lan serat godhong
palma. Salah sawijining sanggul kang dikenal ing Jawa Tengah yaiku sanggul
ukel konde saka daerah Solo. Sanggul menika wis umum dinggo dening para
prawan lan wong diwasa. Ing jaman mbien bentuk sanggul iki cilik lan
panggonane rada ing nduwur sirah. Rambut kaum estri ing jaman mbien
mesthi dawa lan wektu para estri lungo adus utawa lungo rambute mesthi bae
dikonde. Panggonane ing sebelah nduwur utawa pucuk sirah.
Jinising sanggul yaiku :
a. Ukel Ageng Bangun Tilak b. Sanggul Bokor Mengkurep
c. Ukel konde
3) Setagen
Setagen yaiku yaiku kain tenunan dhawane 4x12 kanggo ngiket yen gunaake
kain bathik fungsine padha karo sabuk. Nanging saka bentuke sing dowo kuwi
ana nilai- nilai filosofi kang luhur, ngrupakne simbol supaya sabar (dadi
manungsa kang sabar) utawa dowo ususe.
4) Kemben
Kemben yaiki klamben kang digunakake para estru kanggo nutupi weteng
utawa dada, lan fungsine kanggo nggawe weteng luwih singset. Kemben
digunakake dadi gantine klambi lan pemepak kanggo nutupi payudara.
Kemben wis digunakake marang suku Dayak Ngaju ewonan taun kepungkur.
5) Jarik
Jarik utawa sinjang yaiku kain sing digunakake kanggo nutupi awak saka
bangkekan tekan sikil. Jarik nduweni makna aja gampang serik, yen ngadepi
masalah kudu ngati- ati aja grusa- grusu.
6) Cunduk Jungkat
Cunduk jungkat yaiku aksesori kang dipasang saka arah dhuwur uyeng uyeng.
Cunduk jungkat deweni nilai pendidikan gambaran saka keprawanan, saengga
yen penganten wanita nganggo wusana basahan karo cunduk jungkat ing
sirahe, mula penganten kemau isih perawan. Cunduk jungkat uga duweni teges
rapi utawa ketata. Penganten wanita dikarepake bisa nata kluwargane saengga
kacipta kulawarga sakinah, mawadah, lan warohmah.
7) Cunduk Mentul
Ing saknduwure sanggul biasane diwenehi aksesori liyane kayata Cunduk
Mentul. Cunduk Mentul yaiku aksesori kang manggone ngadeg ing sirah.
Cunduk mentul biasane kasusun saka 5 nganti 9 bunderan cilik. Nanging
sejatine bisa uga jumlahe 1,3, 5 utawa 9.
Cunduk mentul kang jumlahe 1 nduweni pralambang anane Gusti kang Maha
Esa. Cunduk mentul kang jumlahe 3 nduweni simbol trimurti. Dene kang
jumlahe 5 kuwi pralambang rukum Islam. Yen jumlahe 7 diarani simbol
pitulungan. Kang paling akeh yaiku 9 nduweni simbol wali songo. Cunduk
mentul biasane dipasang madhep mburi. Yaiku kanggo simbol yen wanita
kuwi kudu ayu kadi ngarep uga mburi.
8) Ronceng Melati
9) Suweng
Suweng utawa sruweng, utawa subang, utawa sungu iku sajinis aksesori
tumrap wanita sing dipasang nempel ing kuping.Bahane bisa saka logam,
plastik, kaca, watu mulia, manik-manik, lan liya-liyane.
10) Peniti Renteng
11) Selop
Sandhal Selop yaiku sandal kang digawe saka bahan kulit kéwan, ingkang
diolah lan wujude nutupi bagian driji, geger sikil lan bageyan tungkak
kebukak. Selop nduweni arti yaiku nyembah marang Gusti Allah, supaya saka
lair nganthi bathin. Ing njero ati mung sumeleh.
C. Jinising Wusana Estri
1. Putri Pinjung Kencong.
Wusana iki dianggo dening para putri raja kang umure wis luwih saka 8 taun,
sakdurunge para putri iku gedhe. Para putri raja nganggo klambi celup, mekak, lan
Ukel Welah Sawit kang diwenehi pelengkap yaiku kokar cunduk jungkat, cunduk
mentul, lan perhiasan kang lengkap.
2. Bedhaya dhodhot Klembrehan (ampil-ampil miyos bakda)
Wusana iki dianggo dening para dayang estri saka pejabat dhuwur kraton pas upacara
ageng kraton. Para dayang menika ngiring raja lan nggawa harta nggone raja.
3. Putri Kabaya Cekak Dalam
Pas ndampingi raja kanggo nyambut tamu-tamu penting ing Kraton, para putri raja
kang taksih lajang lan taksih tumbuh gedhe nganggo kabaya Cekak sing disulam
nganggo benang kang wernane keemasan, diwenehi pelengkap konde ukel ageng kang
diwenehi hiasan godhong pandan, para putri mau nganggo klambi batik pola parang
(kayata Parangkusumo), kalung, anting-anting, cunduk jungkat, gelang.
4. Putri Kebaya Panjang Dalam
Ing acara Pasowanan ageng, para putri raja kang wis duwe bojo nganggo Kebaya
Panjang, konde kang bentuke ukel ageng banguntulak, diwenehi hiasan kembang
melati, borokan asesoros, lan cunduk jungkat. Kebaya Panjang menika diwenehi
pelengkap bros saktumpuk, kalung, anting-anting, lan gelang. Wusana iki uga dianggo
ing upacara kawinan

More Related Content

What's hot

Sanggul ukel konde dari Solo Jawa Tengah
Sanggul ukel konde dari Solo Jawa TengahSanggul ukel konde dari Solo Jawa Tengah
Sanggul ukel konde dari Solo Jawa TengahAinina Sa'id
 
MATERI Sistem reproduksi KELAS XI SMA
MATERI Sistem reproduksi KELAS XI SMAMATERI Sistem reproduksi KELAS XI SMA
MATERI Sistem reproduksi KELAS XI SMAZona Bebas
 
Keanekaragaman KERAGAMAN BUDAYA INDONESIA 34 PROVINSI DAN GAMBARNYA
Keanekaragaman KERAGAMAN BUDAYA INDONESIA 34 PROVINSI DAN GAMBARNYAKeanekaragaman KERAGAMAN BUDAYA INDONESIA 34 PROVINSI DAN GAMBARNYA
Keanekaragaman KERAGAMAN BUDAYA INDONESIA 34 PROVINSI DAN GAMBARNYANaila N. K
 
Busana dan rias pengantin jogjakarta dan solo
Busana dan rias pengantin jogjakarta dan soloBusana dan rias pengantin jogjakarta dan solo
Busana dan rias pengantin jogjakarta dan soloRema Marninda Zahara
 
Hasil kebudayaan masyarakat indonesia pada masa praaksara smp 1
Hasil kebudayaan masyarakat indonesia pada masa praaksara smp 1Hasil kebudayaan masyarakat indonesia pada masa praaksara smp 1
Hasil kebudayaan masyarakat indonesia pada masa praaksara smp 1Andi Uli
 
Sel bawang dan sel pipi
Sel bawang dan sel pipiSel bawang dan sel pipi
Sel bawang dan sel pipiAminah Rahmat
 
Bab 5 (indonesia merdeka)
Bab 5 (indonesia merdeka)Bab 5 (indonesia merdeka)
Bab 5 (indonesia merdeka)Siti Fatimah
 
4. perkembangan ekonomi pada masa demokrasi liberal
4. perkembangan ekonomi pada masa demokrasi liberal4. perkembangan ekonomi pada masa demokrasi liberal
4. perkembangan ekonomi pada masa demokrasi liberalGungun Misbah Gunawan
 
LAPORAN PRAKTIKUM LARUTAN ELEKTROLIT DAN NON ELEKTROLIT
LAPORAN PRAKTIKUM LARUTAN ELEKTROLIT DAN NON ELEKTROLITLAPORAN PRAKTIKUM LARUTAN ELEKTROLIT DAN NON ELEKTROLIT
LAPORAN PRAKTIKUM LARUTAN ELEKTROLIT DAN NON ELEKTROLITNesha Mutiara
 
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningCerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningAgoeng R Aiueo
 
Peran serta masyarakat untuk mengatasi berbagai ancaman dalam membangun integ...
Peran serta masyarakat untuk mengatasi berbagai ancaman dalam membangun integ...Peran serta masyarakat untuk mengatasi berbagai ancaman dalam membangun integ...
Peran serta masyarakat untuk mengatasi berbagai ancaman dalam membangun integ...salmaffn
 
sejarah Kerajaan ternate tidore poltik ekonomi dan letak geografisnya
sejarah Kerajaan ternate tidore poltik ekonomi dan letak geografisnyasejarah Kerajaan ternate tidore poltik ekonomi dan letak geografisnya
sejarah Kerajaan ternate tidore poltik ekonomi dan letak geografisnyaFitriHastuti2
 
pernikahan adat jawa
pernikahan adat jawapernikahan adat jawa
pernikahan adat jawaunidev26
 
Tabel Organisasi Pergerakan Nasional Indonesia_SMAN1KEJAYAN
Tabel Organisasi Pergerakan Nasional Indonesia_SMAN1KEJAYANTabel Organisasi Pergerakan Nasional Indonesia_SMAN1KEJAYAN
Tabel Organisasi Pergerakan Nasional Indonesia_SMAN1KEJAYANIlham Iman
 
Hikmah sejarah perkembangan islam dan pengaruh islam pada
Hikmah sejarah perkembangan islam dan pengaruh islam padaHikmah sejarah perkembangan islam dan pengaruh islam pada
Hikmah sejarah perkembangan islam dan pengaruh islam padaShuzna Susan
 
Legenda sangkuriang
Legenda sangkuriangLegenda sangkuriang
Legenda sangkuriangDedy 'surya
 

What's hot (20)

Sanggul ukel konde dari Solo Jawa Tengah
Sanggul ukel konde dari Solo Jawa TengahSanggul ukel konde dari Solo Jawa Tengah
Sanggul ukel konde dari Solo Jawa Tengah
 
MATERI Sistem reproduksi KELAS XI SMA
MATERI Sistem reproduksi KELAS XI SMAMATERI Sistem reproduksi KELAS XI SMA
MATERI Sistem reproduksi KELAS XI SMA
 
Naskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orangNaskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orang
 
Keanekaragaman KERAGAMAN BUDAYA INDONESIA 34 PROVINSI DAN GAMBARNYA
Keanekaragaman KERAGAMAN BUDAYA INDONESIA 34 PROVINSI DAN GAMBARNYAKeanekaragaman KERAGAMAN BUDAYA INDONESIA 34 PROVINSI DAN GAMBARNYA
Keanekaragaman KERAGAMAN BUDAYA INDONESIA 34 PROVINSI DAN GAMBARNYA
 
Busana dan rias pengantin jogjakarta dan solo
Busana dan rias pengantin jogjakarta dan soloBusana dan rias pengantin jogjakarta dan solo
Busana dan rias pengantin jogjakarta dan solo
 
Hasil kebudayaan masyarakat indonesia pada masa praaksara smp 1
Hasil kebudayaan masyarakat indonesia pada masa praaksara smp 1Hasil kebudayaan masyarakat indonesia pada masa praaksara smp 1
Hasil kebudayaan masyarakat indonesia pada masa praaksara smp 1
 
Kemosintesis
KemosintesisKemosintesis
Kemosintesis
 
Sel bawang dan sel pipi
Sel bawang dan sel pipiSel bawang dan sel pipi
Sel bawang dan sel pipi
 
Bab 5 (indonesia merdeka)
Bab 5 (indonesia merdeka)Bab 5 (indonesia merdeka)
Bab 5 (indonesia merdeka)
 
4. perkembangan ekonomi pada masa demokrasi liberal
4. perkembangan ekonomi pada masa demokrasi liberal4. perkembangan ekonomi pada masa demokrasi liberal
4. perkembangan ekonomi pada masa demokrasi liberal
 
LAPORAN PRAKTIKUM LARUTAN ELEKTROLIT DAN NON ELEKTROLIT
LAPORAN PRAKTIKUM LARUTAN ELEKTROLIT DAN NON ELEKTROLITLAPORAN PRAKTIKUM LARUTAN ELEKTROLIT DAN NON ELEKTROLIT
LAPORAN PRAKTIKUM LARUTAN ELEKTROLIT DAN NON ELEKTROLIT
 
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningCerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
 
Peran serta masyarakat untuk mengatasi berbagai ancaman dalam membangun integ...
Peran serta masyarakat untuk mengatasi berbagai ancaman dalam membangun integ...Peran serta masyarakat untuk mengatasi berbagai ancaman dalam membangun integ...
Peran serta masyarakat untuk mengatasi berbagai ancaman dalam membangun integ...
 
Geguritan
GeguritanGeguritan
Geguritan
 
sejarah Kerajaan ternate tidore poltik ekonomi dan letak geografisnya
sejarah Kerajaan ternate tidore poltik ekonomi dan letak geografisnyasejarah Kerajaan ternate tidore poltik ekonomi dan letak geografisnya
sejarah Kerajaan ternate tidore poltik ekonomi dan letak geografisnya
 
pernikahan adat jawa
pernikahan adat jawapernikahan adat jawa
pernikahan adat jawa
 
Tabel Organisasi Pergerakan Nasional Indonesia_SMAN1KEJAYAN
Tabel Organisasi Pergerakan Nasional Indonesia_SMAN1KEJAYANTabel Organisasi Pergerakan Nasional Indonesia_SMAN1KEJAYAN
Tabel Organisasi Pergerakan Nasional Indonesia_SMAN1KEJAYAN
 
Hikmah sejarah perkembangan islam dan pengaruh islam pada
Hikmah sejarah perkembangan islam dan pengaruh islam padaHikmah sejarah perkembangan islam dan pengaruh islam pada
Hikmah sejarah perkembangan islam dan pengaruh islam pada
 
Makalah kerajaan kutai
Makalah kerajaan kutaiMakalah kerajaan kutai
Makalah kerajaan kutai
 
Legenda sangkuriang
Legenda sangkuriangLegenda sangkuriang
Legenda sangkuriang
 

Wawasan budaya jawa

  • 1. WAWASAN BUDAYA JAWA A. Ubarampe Wusana estri Saderengipun kula ngaturaken bab tata adat Jawi mliginipun bab Busana Mataraman jangkep, kula suwun sampun ngantos kagungan pemanggih bilih kula badhe ngguroni, nanging margi kebekta saking kadereng raos anggen kula prihatos yen nyumerepi para kadang sutresna sami ngagem busana Jawi boten runtut, kepara boten leres kaliyan paugeran ingkang wonten, jer punika tundhonipun badhe ngirangi luhuring budaya Jawi. Semanten ugi yen ngemuti wonten ing upacara-upacara adat. Kamangka upacara-upacara adat, kathah sanget ingkang antawis satunggal daerah kaliyan daerah sanes boten sami, ingkang sedaya dados tanda luhuring budaya. Nanging pinanggihipun sami campur bawur. Kados conto yen gagem beskap Sala iketipun Yogya, ugi ngagem Surjan, kerisipun Sala, lan tasih kathah sanesipun. Punika dereng bab ubarampening upacara adat. Mila saking kedadosan ingkang kula semerepi punika, tumusipun manah kepengin ngaturaken kados pundi Busana Mataram jangkep ingkang leres, sarta kados pundi tatacara ngagem busana adat Jawi ingkang leres. Tegesipun manut paugeran ingkang sampun wonten Adhedhasar saking warisan para pini sepuh ingkang sami mumpuni, sarta saking pengalaman anggen kula lelumban ing kabudayan Jawi, ingkang sak boten-botenipun 40 tahun wonten donyaning Tata Busana lan Busana Rias Penganten Ngayogyakarta lan Surakarta. Pramila mugi ingkang kula aturaken punika sageda migunani, mligi ingkang sami tresna ngleluri budaya Jawi ingkang adi luhung. Temtu kemawon punapa ingkang kula aturaken tasih tebih saking sampurna, mila yen pinanggih tumpang suh, kepara kathah klenta- kletunipun kula nyadong agung pangapunten. Mirunggan bab “KAIN“ (Bhs Indonesia) menggahing adat Jawi, pranyata dipun pilah-pilah miturut ginanipun, gampilipun kados contonipun : 1. Kain dipun sebat ; Jarik, jarit, sinjang, nyamping. Nyamping mligi dipun agem pawestri. Dene wiyaripun kalih setengah kacu. Ginanipun kagem nyampingan / jarikan 2. Kain = bebet ( basa madya, ngoko) punika sinjang mligi ingkang dipun agem kakung / priya, dene ageng wiyaripun sami ingkang dipun agem pawestri 3. Kain= Cinde, wujudipun nyaping mirunggan kagem nyampingan busana manten. cinde ugi kagem lapisan lonthong, lan kagen celana busana narendra / manten paes Ageng
  • 2. 4. Kain = Lendhang, utawi slendhang. Ageng alitipun benten kaliyan jarik, wiyaripun sepalih jarik, cirinipun pucukipun lendhang wonten rerenggan utawi hiasan kang dipun sebat “tumpal,” wujudipun gambar maju tiga (segi 3 sami kaki) lan wonten ingkang dipun sebat Slarak kandhang, 5. Kain = Kemben. Ageng wiyaripun sami lendhang, bedanipun boten ngagem tumpal nanging ngagem kemada (hiasan pinggiring kemben mubeng ) ginanipun kagem kembenan ( nutupi susu ), sejatosipun punika gantosipun “kotang = BH” . Kemben punika maneka warni kados saking batik, lan wonten ingkang dipun paringi tengahan wujudipun wajikan utawi belah kethupat lan wonten ingkang tengahipun sedaya dipun blok sutra. Dene titikanipun ngagem Busana “Mataraman Jangkep” 1. ngagem nyamping utawi bebet model wiron. 2. ngagem lontong lan kamus 3. ngagem rasukan surjan 4. ngagem iket gagrak Yogya 5. ngagem keris gagrak Yogya 6. sarta selop polos Tata cara ngagem Nyamping model Ngayogya Saderengipun nyamping dipun agem dipun wiru rumiyin, utawi dipun lempit-lempit, wiyaripun antawis + 3 jari kagem kakung, + 11/2 driji kagem putri, sarta seret nyamping pethak dipun katingalaken. 1. Damel wiru / wiron nyamping a. Nyamping dipun gelar, dipun padosi ingkang jawi, ingkang dipun wastani “Ngengrengan”, awit nyamping perangan nglebet dipun wastani “terusan”. Liripun kagem netepaken ingkang badhe dhawah nginggil. Utawi arah miringipun nyamping yen model lerek. b. Pucuk nyamping sisih tengen kagem pathokan damel wiru utawi diwiru, kang badhe dipun cepengi asta tengen; diwiru utawi dipun lempit-lempit arah mlebet, menawi sampun tumata, lajeng dipun wiru / dipun lempit, seret nyamping kedah dhawah jawi/katingal tetep wonten pingggir malih, lajeng dipun ambali malih ngantos wongsal-wangsul, udakara kaping 7-an. Pucuk sutunggalipun dipun damel wiron pengasih, ingkan mangke dipun cepengi asta
  • 3. kiwa, utawi dhawah nglebet. Dene pengasih wiyaripun mana suka, kanthi tetimbangan yen dipun agem saged neces, lan sekeca yen kagem tindak. Dene kathahipun wiru pengasih, gumantung ageng lan botenipun ingkang badhe ngagem nyamping. Yen sampun dados wiwit dipun agem. Kagem pemut; seret pethak kedah dhawah njawi utawi wonten sisih jawi. c. Kejawi punika ugi wonten wiru engkol utawi pengkol, punika mligi kagem para abdi dalem keprajan, damelipun wiwitanipun sami, namung yen dados kadudut pucukipun wiru ingkang nomer 3 2. Tata Caranipun Ngagem : a. Nyamping dipun agem, dipun jereng, dipun persani yen wonten ceplokipun utawi gurdhanipun, lar gurdha kedah minggah, yen lerek kedah mandhap, utawi miring ngiwa. Dene seret pethak kedah dhawah jawi. Wiru ageng dipun cepengi asta tengen, wiron pengasih asta kiwa. b. Ingkang dipun cepengi asta tengen langkung rumiyin dipun tempelaken tengah-tengah padharan, kangge nginten-inten inggilipun nyamping. Pathokan sak kemiri. c. Wiru wau dipun angkat majeng, tumuli pengasih dipun ubetaken diputer liwat ngajengan padharan dumugi bangkekan sisih tengan ngandap kelek. Lajeng wiru ingkang dipun cepengi asta tengen dipun tempelaken padharan malih, lan kedah tetep dhawah tengah. Kagem ngawekani kodhok melet pengasih dipun tarik minggah sekedhik, lajeng dipun tangsuli lawe d. Salajengipun ngagem lontong lan kamus: yen nyamping sampun mapan lan rapi, prayogi ngagem stagen rumiyin, nembe ngagem lotong. Kanthi ubetipun katumpuk, paugeranipun pucuk lontong sampun dhawah wingking, Prayogi yen dhawah ngajengan. Salajengipun nembe ngagem kamus (sabuk), ugi pucuk kamus dipun angkah sampun dhawah wingking. Mligi lontong wonten ingkang lontong polos, abrit, ijem, biru, jene, lan lontong Cindhe, sarta lontong sindur. Semanten ugi kamus, wonten polos bludru, kamus bludiran, lan kamus kristik. 3. Cara ngagem rasukan SURJAN: ngagemipun kados yen ngagem hem umumipun. Surjan ugi wonten model Surjan sutra (sekaran), model surjan lurik, lan model surjan pranakan. Dene Surjan Pranakan punika busana mirunggan wonten salebeting kraton kemawon, sak jawining kraton boten umum, 4. Iket model Yogya. titikan wonten mondholan, sinthingan lan blumbangan. Dene modelipun warni-warni; awit jaman kawuri ngagem iket amargi ngagemipun dipun ubet-
  • 4. ubetaken utawi dipun iket dpun tangsuli. Mila lajeng sinthingan katingak warni-warni, wonten njenthar, wonten sintingan dipun damel panjang ngantos kemlebreh dumugi ngajengan, nanging ugi wonten sinthingan dipun dadosaken satunggal sisih kiwa tengen mondholan, kados kuping trewelu (njepiping). Mila kagem ngawekani gampilipun ngagem, lajeng badhe iket dipun damel blangkon, mila lajeng wonten sebatan iket blangkon. Sedaya wau margi wonten sambetipun kaliyan kabetahan, utawi tanda kalenggahan Conto satunggal resi, utawi sentana dalem, utawi abdi dalem, lan kepara kagem tanda tiyangb ingkang kagungan kadegdayan lan sanesipun. Bab ngagem iket samenika langkung gampil, awit namung kados ngagem topi. Ewa semanten yen boten pirsa cara ngagemipun katingal lucu, mila prayogi ngagem iket blangkon supados katingal mriyayi pucuk sinthingan sampun katingal, semanten ugi sisih ngajeng kang dhawah nginggil alis, prayogi + 1 jempol, sampun tebih kaliyan alis, menapa malih nutupi alis. Awit badhe katingan wagu. a. Bilih bentuk/ rerenggan Iket Blangkon gaya Yogyakarta punika wonten kalih, inggih punika blangkon model Mataraman lan blangkon model Kagok. Kalih-kalihipun gadhah perangan ingkang meh sami. Kados “wiron/wiru, mondolan, cetetan, kemadha, dan tanjungan “ b. Motif-motif ingkang dipun agem dhestar / iket antawisipun: motif modang, blumbangan, celeng kewengen, jumputan, sido asih, sido wirasat, taruntum. Motif- motif punika ingkang sampun kawentar dipun agem kangge damel iket blangkon model Ngayogyakarta. Temtu kemawon ugi wonten motif-motif sanesipun ingkang dipun larasaken kaliyan kabetahan ’badhe/kain batik”. Rangkepan perangan nglebet:”Congking” c. Werdining Iket Blangkon Ngayogyakarta  Wiron/wiru, kadamel wiron ( 17 lempitan), mengku teges murih lampah utawi tindakipun boten klentu kesrimpet. Mila wonten paribasan wirone byar-pet. Nanging wonten ingkang kagungan pemanggih. kathahing rakaat nalika sholat salebeting sedinten.  Mondolan mengku teges bilih jejering kakung punika gadhah sesanggeman ingkang boten entheng, ingkang kedah dipun lampahi .  Cetetan, utawi dipun sebat sinthingan. mengku teges satunggaling gegayuhan wonten ngarsaning Pangeran. Ugi dados pratanda sifat watak utawi jejeripun satunggaling tiyang kakung. Kados satunggal sentana , resi utawi panndita, lan ugi
  • 5. satunggaling warok. Sedaya duk semanten saged katanda saking anggenipun damel cetetan utawi sintingan. Mila cetetan lajeng dipun damel maneka warni, wonten ingkang njepaplang, ugi wonten ingkang kumlewer.  Kemadha, menggahing badhe/kain, punika satunggaling hiasan pinggir, kados dene wengkuning badhe/kain, mila tegesipun bilih gesang punika kawengku dening edi penining kawontenan ( donya). Nanging sebatan kemadha ing iket blangkon ingkang mapan woten sacelak ing talingan punika werdinipun kangge nyamekaken, utawi nglarasaken, awit sok sintena gesang kedah saged nglarasaken kaliyan kawontenan, mila duk semanten dados tandha kelompok abdi dalem, upami saking Ketanggungan, Wirobrajan lsp  Tanjungan ingkang asring dipun sebat jengger. Punika mengku teges kaendahan, tegesipun supados katingal langkung perwira, mila tumusipun murih disanjung- sanjung dipun pepundhi utawi dipun puja. Mila pilihan motif kagem Iket Blangkon punika mengku pengajab : a. Iket motif Modang, kinarya lambing kasekten pinangka ngregem sifat angkara murka. Tegesipun murih saged ngawonaken mengsah ingkang wonten salebeting angga pribadi . nanging wonten ingkang kagungan pemanggih sok sintena nggagem iket modang pangajabipun “saged ngemot utawi momot kadang“…. Saged ngladosi sok sintena kemawon b. Motif Celeng kewengen, mengku teges murih tiyang ingkang ngagem dados tiyang ingkang ajrihan, ugi lambing kejujuran, polos utawi prasaja c. Motif Kumitir, dados lambang bilih tiyang boten kersa kendel ingkang tansah ngudi murih saenipun gesang . d. Motif Blumbangan, saking nama “blumbang” ingkang tegesipun papan ingkang kebak toya. Dene toya punika piyambak lambang sumbering panggesangan. e. Motif Jumputan, saking tembung “jumput” mila tegesipun mendut sawentawis punapa ingkang sae. f. Motif Taruntum, motif wujud tebaran sekar-sekar ingang alit-alit, mila dados pralambang kartika ing wanci dalu, werdinipun bilih gesanging titah boten saged pisah kaliyan kalih perkawis, inggih punika padhang lan peteng, bingah lan sisah, sugih lan mlarat sp..
  • 6. g. Motif Wirasat, tegesipun satunggaling pangajab supados Kabul sedaya panuwunipun, h. Motif Sido Asih, lambing satunggaling pangajeng-ajeng utawi pangajab murih saged sami asih tresna. 6. Ngagem Keris; dipun agem wonten wingking, kaselipaken antawis nyamping lan lonthong. Utawi lebet lontong kamus Dadosna wuninga bilih ngagem Keris kados conto gambar ngajeng wau, wonten sambetipun kaliyan kabetahan, kados contonipun: a. Model Klabang Pinipit (Pipitan). Keris dipun agem miring nengen (asta tengen) kagem pahargyan / upacara resmi lan wonten ingkang mastani model “Ngogleng”. b. Model “Munyuk Ngilo”, Keris dipun agem miring ngiwa, dipun agem para prajutit kraton ngasta bedil lan kagem beksa, Wonten kang mastani model “Kewal” c. Model “Andoran utawi dederan” Keris diagem ngadeg jejeh, mligi kagem marak priyagung kang dipun urmati, utawi wonten papan kang kinurmatan (mesjid, makam lsp), biasa priyantun Solo, utawi warok d. Ngagem model “Anggaran” Keris dipun agem sajawining lonthong, ngagem wadhah piyambak dipun paringaken ngajeng sisih kiwa, mligi dipun agem komandan prajurit. e. Ngagem model Nyothe, semanten dipun agem para pandhita, resi, panji udi prajurit Daeng f. Wonten ngagemipun dipun anggar, dipun paringake wadhah utawa mligi kanthong keris. Dene tiiyang Jawi langkung-langkung para priyagung tentu kagungan keris werni kalih; keris gayaman, lan keris branggah utawi ladrangan. Dene bedanipun antawisipun Gayaman lan branggah wonten “godhonganipun” keris. Gayam ujud who gayam, yen branggak gambar stilir saking ron tela kaspa. Keris dipun agem manut kabetahan. Ingkang branggah umumipun kagem upacara langkung resmi. Yen gayaman, dipun agem ingkang sifatipun climen utawi padintenan.
  • 7. B. Ubarampe Wusana estri 1) Kebaya Kebaya asale saka tembung basa Arab yaiku “Abaya” sig artine klamben. Akeh sing percaya kebaya iku asale saka Tiongkok ing atusan taun kepungkur. Banjur nyebar mring Malaka, Jawa, Bali, Sumatera, lan Sulawesi. Sakwise akulturasi kelakon atusan taun, klambi kuwi ditampa ing budhaya lan norma daerahe dhewe- dhewe. Sakdurunge taun 1600 ing Pulo Jawa, kabaya kuwi akeh dinggo dening kalangan keraton. Ing jaman Walanda, para estri Eropa padha seneng nganggo kebaya kanggo klambi resmi. Kebaya ing jaman kwi mung nggunakake bahan tenunan kang bahane sutra lan sulaman werna- werni. Nggunakake kebayak ndadikake para estri mangkleh dadi esri kang anggun lan nduweni kepribadian kang sae. Kebaya meloni lekuk awak, dadine para estri kudu bisa madhakne lan njaga awake dhewe. 2) Ungkel utawa sanggul Ungkel utawa sanggul yaiku rambut palsu ugi rambut asli kang digawe bentuk oval lan ditempel ing mburi utawa ing sirah. Sanggul wis dikenal wiwit jaman Mesir Kuno, ing wektu kuwi para estri Mesir Kuno nduweni kebiyasaan nyukur resik rambut ing sirahe, kanggo kapentingan acara keagamaan uga kanggo karesikan. Amarga wong- wong sing Mesir Kuno praduli marang estetika, dekne kabeh milih nganggo rambut palsu ing acara-acara tartemtu, dadine isih katon ayu. Ing jaman menika, sangul ora mung digawe saka rambut manungsa, nanging uga digawe saka bulu kewan lan serat godhong palma. Salah sawijining sanggul kang dikenal ing Jawa Tengah yaiku sanggul ukel konde saka daerah Solo. Sanggul menika wis umum dinggo dening para prawan lan wong diwasa. Ing jaman mbien bentuk sanggul iki cilik lan
  • 8. panggonane rada ing nduwur sirah. Rambut kaum estri ing jaman mbien mesthi dawa lan wektu para estri lungo adus utawa lungo rambute mesthi bae dikonde. Panggonane ing sebelah nduwur utawa pucuk sirah. Jinising sanggul yaiku : a. Ukel Ageng Bangun Tilak b. Sanggul Bokor Mengkurep c. Ukel konde 3) Setagen Setagen yaiku yaiku kain tenunan dhawane 4x12 kanggo ngiket yen gunaake kain bathik fungsine padha karo sabuk. Nanging saka bentuke sing dowo kuwi ana nilai- nilai filosofi kang luhur, ngrupakne simbol supaya sabar (dadi manungsa kang sabar) utawa dowo ususe. 4) Kemben Kemben yaiki klamben kang digunakake para estru kanggo nutupi weteng utawa dada, lan fungsine kanggo nggawe weteng luwih singset. Kemben digunakake dadi gantine klambi lan pemepak kanggo nutupi payudara. Kemben wis digunakake marang suku Dayak Ngaju ewonan taun kepungkur. 5) Jarik Jarik utawa sinjang yaiku kain sing digunakake kanggo nutupi awak saka bangkekan tekan sikil. Jarik nduweni makna aja gampang serik, yen ngadepi masalah kudu ngati- ati aja grusa- grusu.
  • 9. 6) Cunduk Jungkat Cunduk jungkat yaiku aksesori kang dipasang saka arah dhuwur uyeng uyeng. Cunduk jungkat deweni nilai pendidikan gambaran saka keprawanan, saengga yen penganten wanita nganggo wusana basahan karo cunduk jungkat ing sirahe, mula penganten kemau isih perawan. Cunduk jungkat uga duweni teges rapi utawa ketata. Penganten wanita dikarepake bisa nata kluwargane saengga kacipta kulawarga sakinah, mawadah, lan warohmah. 7) Cunduk Mentul Ing saknduwure sanggul biasane diwenehi aksesori liyane kayata Cunduk Mentul. Cunduk Mentul yaiku aksesori kang manggone ngadeg ing sirah. Cunduk mentul biasane kasusun saka 5 nganti 9 bunderan cilik. Nanging sejatine bisa uga jumlahe 1,3, 5 utawa 9. Cunduk mentul kang jumlahe 1 nduweni pralambang anane Gusti kang Maha Esa. Cunduk mentul kang jumlahe 3 nduweni simbol trimurti. Dene kang jumlahe 5 kuwi pralambang rukum Islam. Yen jumlahe 7 diarani simbol pitulungan. Kang paling akeh yaiku 9 nduweni simbol wali songo. Cunduk mentul biasane dipasang madhep mburi. Yaiku kanggo simbol yen wanita kuwi kudu ayu kadi ngarep uga mburi.
  • 10. 8) Ronceng Melati 9) Suweng Suweng utawa sruweng, utawa subang, utawa sungu iku sajinis aksesori tumrap wanita sing dipasang nempel ing kuping.Bahane bisa saka logam, plastik, kaca, watu mulia, manik-manik, lan liya-liyane.
  • 11. 10) Peniti Renteng 11) Selop Sandhal Selop yaiku sandal kang digawe saka bahan kulit kéwan, ingkang diolah lan wujude nutupi bagian driji, geger sikil lan bageyan tungkak kebukak. Selop nduweni arti yaiku nyembah marang Gusti Allah, supaya saka lair nganthi bathin. Ing njero ati mung sumeleh. C. Jinising Wusana Estri 1. Putri Pinjung Kencong. Wusana iki dianggo dening para putri raja kang umure wis luwih saka 8 taun, sakdurunge para putri iku gedhe. Para putri raja nganggo klambi celup, mekak, lan
  • 12. Ukel Welah Sawit kang diwenehi pelengkap yaiku kokar cunduk jungkat, cunduk mentul, lan perhiasan kang lengkap. 2. Bedhaya dhodhot Klembrehan (ampil-ampil miyos bakda) Wusana iki dianggo dening para dayang estri saka pejabat dhuwur kraton pas upacara ageng kraton. Para dayang menika ngiring raja lan nggawa harta nggone raja. 3. Putri Kabaya Cekak Dalam Pas ndampingi raja kanggo nyambut tamu-tamu penting ing Kraton, para putri raja kang taksih lajang lan taksih tumbuh gedhe nganggo kabaya Cekak sing disulam nganggo benang kang wernane keemasan, diwenehi pelengkap konde ukel ageng kang diwenehi hiasan godhong pandan, para putri mau nganggo klambi batik pola parang (kayata Parangkusumo), kalung, anting-anting, cunduk jungkat, gelang. 4. Putri Kebaya Panjang Dalam Ing acara Pasowanan ageng, para putri raja kang wis duwe bojo nganggo Kebaya Panjang, konde kang bentuke ukel ageng banguntulak, diwenehi hiasan kembang melati, borokan asesoros, lan cunduk jungkat. Kebaya Panjang menika diwenehi pelengkap bros saktumpuk, kalung, anting-anting, lan gelang. Wusana iki uga dianggo ing upacara kawinan