SlideShare a Scribd company logo
1 of 6
TIBA KANTEB 
Pak Bayu Widodo sing purnawirawan Mayor iku, esuk iki ora tidak-tindak kaya sabene, 
ning malah lenggahan njedhodhot neng kamar tamu. Panjenengane ngrasakake putrane si 
Gito Taryono, putra ontang-anting sing jarene kuliah wis telung taun kok isih panggah 
semester siji. Mbandhel... ndhugal.... ndableg...., marakake mumet. 
Dina-dina senengane mung kluyuran dolan irat-irit karo kancane gonta-ganti. Saiki wis 
ora wani nyuwun dhuwit bapakne, ning bu Bayu sing ora bisa endha yen disuwuni dhuwit 
putrane. Nyuwun pira-pira mesthi diparingi. Yen ora njur nesu lan ngamuk. 
Wektu iku Gito metu saka kamar tangi turu, njur arep ngalih neng kamar tamu arep 
nyetel TV, jegagik rada kaget merga bapakne lenggah neng kono. Rekane arep mbalik neng 
kamar mandhi, ning karo pak Bayu ditimbali : 
“Git! renea.... kono lungguh!” gelem ora gelem Gito banjur lungguh ing kursi ngarepe 
bapakne. Gito pancen wedi yen karo bapake. Ngendikane pak Bayu : 
“Git, ngapa yah mene kowe lagi tangi, genea kok ora mangkat kuliah?” 
“Kuliahipun mangkeh jam sedasa, pak, dhosenipun sami rapat.” 
“Bapak kuwi anane mung ngandel lho Git, senajan ngerti yen bapak kerep mbok apusi. 
Lha kuwi nyatane kowe ora tau munggah. Piye yen mengko bapak wis wegah ngragati? 
Dina-dinamu mung ngluyur ora juntrung karo cah adoh-adoh. Karo pemudha kampung kowe 
emoh srawung, kuwi jenenge rak kuwalik. Srawung baur neng masyarakat kuwi penting Git. 
Kaya sopire bapak mas Utomo kuwi. Kuliah wragat dhewe kanthi direwangi dadi sopir 
pocokan kana-kene. Merga anggone temen lan sregep sinau, saiki sekripsine wis rampung, 
ateges keri wisudha. 
Pak Bayu meneng ngenteni reaksine Gito, sing tetep meneng tumungkul ora mangsuli 
apa-apa. Sidane pak Bayu neruske ngendikane rada sereng : 
“Piye saiki, aku nanting tenan karo kowe, isih saguh kuliah, apa mung arep kluyuran 
dolan dadi wong urakan?” Lirih semu wedi wangsulane Gito :
“Inggih Pak, kula taksih sagah kuliah.” 
“Tenan lho...., wis kana... mung kuwi kandhaku.” Gito gage ngadeg terus neng kamar 
mandhi adus, let sedhela wis keprungu gebyar.... gebyur. Ature Gito karo bapakne mau 
embuh tenan embuh ora, ning gandheng wis jam sepuluh kurang seprapat, Gito ya njur 
nyangklong tas, ngetokke montor, njur lunga kaya nek arep kuliah. Pak Bayu mono priyayi 
kinurmat ing kampunge. Dasar priyayi ana, neng kampung gedhe sosiale. Samubarang 
kanggo kebutuhan lan kemajuane kampung tansah kersa cawe-cawe. Mula ora mokal yen 
panjenengane diangkat minangka sesepuh. 
Wayah sore, Gito maca koran neng taman ngarep teras, ndadak keprungu wong uluk 
salam : 
“Kula nuwun!” Gito noleh arahing suwara, ndadak kaget lan gumun dene ana kenya 
ayu medhayoh neng omahe. Nuli mangsuli karo gupuh ngadeg. 
“O... mangga-mangga dhik.” Nuli kandhane cah ayu mau : 
“Punapa bu Bayu wonten mas?” 
“O... ibu ta?..., wonten dhik, sekedhap kula aturanipun.” Gito gage mlebu nggoleki 
ibune, let sedhela wong loro wis metu nemoni dhayohe. Ngendikane bu Bayu : 
“Wow nak Prastiwi, mangga lenggah nak!” 
“Inggih bu, matur nuwun. Punika namung sekedhap kok. Punika bu, kula dipun utus bu 
Darmo nyaosi duku, kala wingi sonten rak ngendhah kebon iring ndalem punika.” Kandha 
ngono bocah ayu mau karo ngaturke tas kresek isi duku kebak, tinampan dening bu Bayu. 
Ora lali bu Bayu ngendika matur nuwun kaaturna bu Darmo. Bocah mau matur sendika, 
banjur pamit mulih. 
Gito mripate mentheleng kaya bandeng anggone nyawang cah ayu mau ora uwis-uwis. 
Batine gumun lan sengsem denea bocah kuwi kokle mulus ayu tanpa cacat, gek sopan 
santune genep pisan. Bu Bayu pirsa putrane sajak kepranan marang Tiwi njur ngendika :
“Git ngertia!, kuwi cah sing kos nggone bu Darmo, jenenge Prastiwi. Dene asline 
Semarang, ning neng kampung kene srawunge becik. Baur karo mudha-mudhine, malah saiki 
didadekake ketua I, dene wakile Utomo ya sopire bapakmu, kuwi.” 
“Wah bocahe ayu nggih bu?, gek sopan santune nggih genep.” 
“Iya Git, seje karo kanca-kancamu sing dha ting bejijak lan urakan kae. Kowe sejatine 
rugi, wong karo pemudha/ pemudhi sekampung kok ora tepung malah wong kana-kana sing 
dha ra juntrung mbok srawungi raket.” Gito ngakoni lan mbenerke ngendikane ibune. Jroning 
ati janji yen wiwit saiki arep melu ombyake pemudha kampung. E ya melu-melu mas Utomo 
sopire bapakne yen dhong rapat-rapat, kerja bakti, lan kegiatan kampung liyane. Sing cetha, 
wiwit weruh Tiwi sepisanan atine wis kecanthol. 
Atine Gito wis mantep kepingin nyedhaki... macari.... sing mengkone yen Tiwi gelem 
arep dirabi. Kuwi mau karepe Gito, pemudha lajang sing sekolahe mung disambi dolan lan 
kluyuran. Batine kuliah ora rampung ora dadi apa, toh bandhane wong tuwane akeh kepara 
kanggone kampung kono, pak Bayu kuwi sugih dhewe. Gito bakal nggunakake bandhane 
bapakne kanggo mikat Tiwi, srana arep diwenehi apata apa barang sing pengaji. Tiwi pancen 
bocah supel lan apikan, karo sapa wae cepet akrap lan sumadulur, klebu marang Gito. Saiki 
bubar kuliah, Gito sregep sanja neng nggone kanca pemudha-pemudha kampung, luwih-luwih 
neng nggone bu Darmo pondhokane Tiwi. Gito batine rada kecelik, jebul Tiwi iku ora 
gampangan kaya bocah-bocah wadon liyane. Biasane dha gampang nampa paweweh, lan 
seneng yen ditraktir jajan utawa diajak dolan. Gito wis bola-bali nari Tiwi arep ditukokake 
apa sing disenengi, ning Tiwi nolak alus, alasane wis duwe utawa kurang perlu. Nganti Gito 
judheg, piye carane gawe senenge Tiwi sing rupa hadiyah, sing maksude Gito kanggo 
nyedhaki Tiwi, syukur bisa ngetokke gembolaning ati, blaka yen dheweke seneng lan tresna 
marang Tiwi. Eman pambudidayane tansah gagal, merga Tiwi durung tau ketemu Gito kuwi 
ijen, ndilalah mesthi ana kancane. Saking ora kuwate ngampah, Gito nggoleki Utomo sopire 
bapakne neng kamare, lagi leyeh-leyeh. Gito njur njejeri Utomo karo takon : 
“Mas Ut, mbok aku diwarahi carane nelukke atine cah wadon sing angel. Pisan ji iki 
aku seneng tenan je mas, ora bakal tak enggo dolanan.” Wangsulane Utomo kalem : 
“Walah dhik Git, sliramu kuwi kurang apa? Rupa nggantheng, ya kuliahan, dhuwit 
neng ngesak muwel. Isih kurang apa? Mangka slirane kuwi ya baut ngrayu cah wadon. Kuwi
tak ngerteni sing uwis-uwis lho. Sliramu kleru dhik nek takon aku, soale aku durung tau 
pacaran. Aku mung arep adhang-adhang suk nek ana prawan welas nresnani aku dhik.” 
Krungu wangsulane Utomo, Gito gage njenggelek tangi karo kandha : 
“Mas Ut, wegah aku krungu kojahmu kuwi. Aku ki takon tenan je.” 
“Ora dhik Git, sejatine cah wadon ngendi ta sing mbok gandrungi kuwi?” 
“Ah rahasia mas, suk wae nek dheweke wis tak kuwasani tenan, kowe lagi tak 
kandhani.” Gito terus metu ninggal kamare Utomo kanthi ati mangkel. Gito saiki aktif neng 
organisasi kampung, soale tansah didhampingi Prastiwi. Notoling ati anggone kepingin 
nglairake tresnane mbangeti, ning... tansah ana-ana wae jalarane sing marahi cabar. Pancen 
angel tenan Gito nggolek wektu kanggo duaan, wong Prastiwi neng ngendi-ngendi mesti ana 
kancane. Jam-jam bubar kuliah, Tiwi pancen wis padhet banget kanggo kegiatan kampus lan 
kampung. Gito wis marani saben dina, bisa nyawang cedhak-cedhakan karo prawan ayu kuwi 
wae atine wis seneng. Awit Prastiwi pancen wis mlebu tenan ing atine. 
Saiki Gito uga nyah-nyoh aweh bantuan kanggo muda-mudi kampung, apa maneh yen 
sing nampa Prastiwi, dhasar dheweke ketuane. Kena pengaruhe Prastiwi, Gito dadi mempeng 
sinaune, ndadekke bungahe bapak lan ibune. Penjenengane uga remen yen mengkone Gito 
kasil nguwasani Prastiwi lan gelem diajak urip bebrayan. Dina Jum’at keluargane pak Bayu 
Widodo entuk uleman saka pak Darmo, sing surasane kabeh warga kampung, mbesuk malem 
Minggu kasuwun rawuh ing daleme pak Darmo. Ya sing dipondhoki Prastiwi, saperlu 
ngestreni ulang taune Prastiwi sing kaping sangalas. Malah jarene keluargane Prastiwi saka 
Semarang uga arep padha rawuh. Dene pak Bayu sekaliyan, kadhapuk nampa tamu lan paring 
pangandikan kanggo sing ulang taun. Pak Bayu uga sagah. Malah mundhutke hem lan clana 
anyar kanggo Utomo jare ben ora lusuh. 
Utomo pancen bocah sing lugu lan prasaja, nglungguhke dhirine sing mung sopir. 
Senajan dheweke mahasiswa sing wis lulus lan nyandhang gelar Drs. Wektu maca 
undhangan, Gito bungahe ngayang batin. Ya wektu iki kesempatan akeh kanggo aweh kadho 
istimewa kanggo Tiwi lan kesempatan kanggo ngrogoh atine prawan ayu kuwi. 
Gage sms karo Tiwi takon arep njaluk kadho apa? Jawabane, dikadho apa wae arep, lan 
matur nuwun sadurunge.
Oh... atine Gito lunjak-lunjak kesenengen. Gage nyuwun dhuwit ibune njur lunga 
menyang toko. Baline ngrenggiyeg, entuk bakal klambi putri patang potong, tas, sleyer. 
Gunggung dhuwit telung atus ewu dientekake. Kejaba kuwi tuku filem rong rol, mengko 
kanggo gawe kenang-kenangan karo Tiwi. 
Lagi jam lima Gito wis dandan mlithit, clana lan heme anyar gres saka toko durung 
dikumbah wis dianggo. Njur nyedhaki bapake karo matur : 
“Pak, mobile kula bekta, kula dugi nggene dhik Tiwi mruput, mbok menawi Tiwi 
mbetahke kengkenan kula.” Pak Bayu mangsuli : 
“Wis budhala Git, bapak mengko gampang, boncengan motor karo Utomo rak bisa.” 
Senajan isih sore ning wis rame. Kabeh wis tinata asri. Kira-kira jam setengah pitu wis wiwit 
padha rawuh. Tiwi neng ngarep lawang nyalami karo nampa kadho banjur diulungake sing 
nduwe tugas. 
Gito ngrengkek nyedhaki Tiwi nggawa bungkusan kadho gedhe sing pepak isine. 
Sawise ngulungake lan nyalami kenceng, rekane arep ngesun, ning Tiwi gage nyalami tamu 
liyane sing lagi wae rawuh. Gito gela, ning ya wis ora dilebokke ati. Anggone njepreti Tiwi 
ora leren-leren. Bareng ngerti ana tamu sing bisa motret, camera gedhe kuwi banjur 
diulungake, ganti awake dhewe sing tansah mepeti Tiwi njaluk difoto. Wis kanthi gaya sing 
apa wae, pokoke dipolke, janji mepeti Tiwi, sing sejatine atine ora seneng karo pokale Gito. 
Upacara banjur wiwit, sambutan-sambutan saka pranata adicara, pengurus-pengurus 
pemudha, wong tuwa lan keluargane Tiwi. Wusanane pak Bayu sing isine paring pitutur 
marang muda-mudi, uga ucapan selamat marang sing ulang tahun. Sawise rampung salam-salaman, 
banjur kaaturan dhahar bebarengan prasmanan neng kamar tengah. 
Gito tansah aksi, bejijagan motreti rana-rene sarwa nggaya. Rampung dhahar lan 
ngunjuk es crim, keprungu swarane lantang bapake Tiwi lewat mikrovon ngene : 
“Bapak ibu lan para tamu undhangan sadaya, ing dalu punika babar pisan, kula badhe 
ngresmekaken pepacanganipun anak kula pun Suprastiwi kaliyan nakmas Drs. Utomo, inggih 
sopir pribadinipun bapak Bayu Widodo ing kampung mriki. Dhateng nakmas Utomo, kula 
suwun jumeneng lan tindhak mriki, upacara pepancangan tumunten badhe katindakaken.”
Krungu tembung mau, Gito kaya krungu bledheg ing mangsa ketiga. Sakala otot 
bebayune kaya dilolosi, awak gemetar, sirah cleng-clengan buyer, mripat klemun-klemun 
kaya arep tiba, kringet adhem mbrubul. Gandheng dheweke mau bejijagan, mula ora 
ngetarani nalika Gito metu mulih tanpa pamit ninggal pasamuwan. Neng dalan lakune 
sempoyongan kaya wong mabuk. Tekan ngomah mbukak lawang, tanpa copot sepatu, 
langsung awak dibrukake dipan sakrosane karo sambat tangise ngaru wara : 
“O awak... awak... apes temen aku... jebul aku kewirangan. Aku prasasat kejungkel tiba 
kanteb... aku.... aku... di KO karo sopir bebaune bapakku dhewe si Utomo... Oh Tiwi... Tiwi... 
jebul kowe dudu jodhoku... Oh aku... tiba kanteb.” Nalika upacara tunangan dileksanani, wis 
ora ana gebyar-gebyar camera sing nggawe kenang-kenangan merga Gito wis bablas mulih. 
Ning bocah loro Tiwi lan Utomo tansah ngumbar esem sajak kalegan atine. 
Tamat

More Related Content

What's hot

Skrip cerita arti sebuah persahabatan
Skrip cerita arti sebuah persahabatanSkrip cerita arti sebuah persahabatan
Skrip cerita arti sebuah persahabatanandry_dwi
 
Naskah drama pertengkaran
Naskah drama pertengkaranNaskah drama pertengkaran
Naskah drama pertengkaranagung hanafi
 
Sebuah permusuhan berakhir dengan sebuah persahabatan
Sebuah permusuhan berakhir dengan sebuah persahabatanSebuah permusuhan berakhir dengan sebuah persahabatan
Sebuah permusuhan berakhir dengan sebuah persahabatanOperator Warnet Vast Raha
 
Semangat yang tak terkalahkan versi cerpen
Semangat yang tak terkalahkan versi cerpenSemangat yang tak terkalahkan versi cerpen
Semangat yang tak terkalahkan versi cerpenMuhammad Jaenal
 
Naskah drama arti sahabat
Naskah drama arti sahabatNaskah drama arti sahabat
Naskah drama arti sahabatFadhli Syar
 
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"ripto atmaja
 
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella Agoeng R Aiueo
 
Cerita rakyat jawa timur
Cerita rakyat jawa timurCerita rakyat jawa timur
Cerita rakyat jawa timurEdy Sujiyono
 

What's hot (20)

Dongeng kisah cinderella
Dongeng kisah cinderellaDongeng kisah cinderella
Dongeng kisah cinderella
 
Skrip cerita arti sebuah persahabatan
Skrip cerita arti sebuah persahabatanSkrip cerita arti sebuah persahabatan
Skrip cerita arti sebuah persahabatan
 
Naskah Drama Jawa
Naskah Drama JawaNaskah Drama Jawa
Naskah Drama Jawa
 
Naskah drama pertengkaran
Naskah drama pertengkaranNaskah drama pertengkaran
Naskah drama pertengkaran
 
Sebuah permusuhan berakhir dengan sebuah persahabatan
Sebuah permusuhan berakhir dengan sebuah persahabatanSebuah permusuhan berakhir dengan sebuah persahabatan
Sebuah permusuhan berakhir dengan sebuah persahabatan
 
Kumpulan cerkak
Kumpulan cerkakKumpulan cerkak
Kumpulan cerkak
 
Contoh cerpen persahabatan
Contoh cerpen persahabatanContoh cerpen persahabatan
Contoh cerpen persahabatan
 
Semangat yang tak terkalahkan versi cerpen
Semangat yang tak terkalahkan versi cerpenSemangat yang tak terkalahkan versi cerpen
Semangat yang tak terkalahkan versi cerpen
 
Naskah drama arti sahabat
Naskah drama arti sahabatNaskah drama arti sahabat
Naskah drama arti sahabat
 
Naskah Drama Hukum Karma Berlaku
Naskah Drama Hukum Karma BerlakuNaskah Drama Hukum Karma Berlaku
Naskah Drama Hukum Karma Berlaku
 
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
 
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella
dongeng cerita bahasa inggris Narrative text Cinderella
 
Naskah drama 4 orang persahabatan
Naskah drama 4 orang persahabatanNaskah drama 4 orang persahabatan
Naskah drama 4 orang persahabatan
 
Naskah drama
Naskah dramaNaskah drama
Naskah drama
 
Dongeng cinderella
Dongeng cinderellaDongeng cinderella
Dongeng cinderella
 
Cerita rakyat jawa timur
Cerita rakyat jawa timurCerita rakyat jawa timur
Cerita rakyat jawa timur
 
Drama Bahasa Jawa
Drama Bahasa JawaDrama Bahasa Jawa
Drama Bahasa Jawa
 
Naskah drama musikal anak sma
Naskah drama musikal anak smaNaskah drama musikal anak sma
Naskah drama musikal anak sma
 
Drama persahabatan 6 orang
Drama persahabatan 6 orangDrama persahabatan 6 orang
Drama persahabatan 6 orang
 
Cerpen
CerpenCerpen
Cerpen
 

More from Klara Tri Meiyana (20)

biokimia cairan tubuh
biokimia cairan tubuhbiokimia cairan tubuh
biokimia cairan tubuh
 
Sel
SelSel
Sel
 
Peran virus dalam kehidupan
Peran virus dalam kehidupanPeran virus dalam kehidupan
Peran virus dalam kehidupan
 
Mikroskop elektron
Mikroskop elektronMikroskop elektron
Mikroskop elektron
 
Hereditas, repro sel dan mutasi (repaired)
Hereditas, repro sel dan mutasi (repaired)Hereditas, repro sel dan mutasi (repaired)
Hereditas, repro sel dan mutasi (repaired)
 
Pranatacara
PranatacaraPranatacara
Pranatacara
 
Surat
SuratSurat
Surat
 
Menulis(karya ilmiah hasil pengmtan,penelitian)
Menulis(karya ilmiah hasil pengmtan,penelitian)Menulis(karya ilmiah hasil pengmtan,penelitian)
Menulis(karya ilmiah hasil pengmtan,penelitian)
 
Menulis(melengkapi karya tls dg daft pustk dn cattn kaki)
Menulis(melengkapi karya tls dg daft pustk dn cattn kaki)Menulis(melengkapi karya tls dg daft pustk dn cattn kaki)
Menulis(melengkapi karya tls dg daft pustk dn cattn kaki)
 
Menulis( menulis proposal)
Menulis( menulis proposal)Menulis( menulis proposal)
Menulis( menulis proposal)
 
Macam macam frase
Macam macam fraseMacam macam frase
Macam macam frase
 
Senyawa bioaktif
Senyawa bioaktifSenyawa bioaktif
Senyawa bioaktif
 
Zat anti gizi
Zat anti giziZat anti gizi
Zat anti gizi
 
Statistik dan penyajian data
Statistik dan penyajian dataStatistik dan penyajian data
Statistik dan penyajian data
 
Peluang
PeluangPeluang
Peluang
 
Ukuran pemusatan
Ukuran pemusatanUkuran pemusatan
Ukuran pemusatan
 
Distribusi peluang (2)
Distribusi peluang (2)Distribusi peluang (2)
Distribusi peluang (2)
 
Distribusi peluang(1)
Distribusi peluang(1)Distribusi peluang(1)
Distribusi peluang(1)
 
Distribusi frekuensi
Distribusi frekuensiDistribusi frekuensi
Distribusi frekuensi
 
Ukuran penyebaran
Ukuran penyebaranUkuran penyebaran
Ukuran penyebaran
 

Cerkak conto

  • 1. TIBA KANTEB Pak Bayu Widodo sing purnawirawan Mayor iku, esuk iki ora tidak-tindak kaya sabene, ning malah lenggahan njedhodhot neng kamar tamu. Panjenengane ngrasakake putrane si Gito Taryono, putra ontang-anting sing jarene kuliah wis telung taun kok isih panggah semester siji. Mbandhel... ndhugal.... ndableg...., marakake mumet. Dina-dina senengane mung kluyuran dolan irat-irit karo kancane gonta-ganti. Saiki wis ora wani nyuwun dhuwit bapakne, ning bu Bayu sing ora bisa endha yen disuwuni dhuwit putrane. Nyuwun pira-pira mesthi diparingi. Yen ora njur nesu lan ngamuk. Wektu iku Gito metu saka kamar tangi turu, njur arep ngalih neng kamar tamu arep nyetel TV, jegagik rada kaget merga bapakne lenggah neng kono. Rekane arep mbalik neng kamar mandhi, ning karo pak Bayu ditimbali : “Git! renea.... kono lungguh!” gelem ora gelem Gito banjur lungguh ing kursi ngarepe bapakne. Gito pancen wedi yen karo bapake. Ngendikane pak Bayu : “Git, ngapa yah mene kowe lagi tangi, genea kok ora mangkat kuliah?” “Kuliahipun mangkeh jam sedasa, pak, dhosenipun sami rapat.” “Bapak kuwi anane mung ngandel lho Git, senajan ngerti yen bapak kerep mbok apusi. Lha kuwi nyatane kowe ora tau munggah. Piye yen mengko bapak wis wegah ngragati? Dina-dinamu mung ngluyur ora juntrung karo cah adoh-adoh. Karo pemudha kampung kowe emoh srawung, kuwi jenenge rak kuwalik. Srawung baur neng masyarakat kuwi penting Git. Kaya sopire bapak mas Utomo kuwi. Kuliah wragat dhewe kanthi direwangi dadi sopir pocokan kana-kene. Merga anggone temen lan sregep sinau, saiki sekripsine wis rampung, ateges keri wisudha. Pak Bayu meneng ngenteni reaksine Gito, sing tetep meneng tumungkul ora mangsuli apa-apa. Sidane pak Bayu neruske ngendikane rada sereng : “Piye saiki, aku nanting tenan karo kowe, isih saguh kuliah, apa mung arep kluyuran dolan dadi wong urakan?” Lirih semu wedi wangsulane Gito :
  • 2. “Inggih Pak, kula taksih sagah kuliah.” “Tenan lho...., wis kana... mung kuwi kandhaku.” Gito gage ngadeg terus neng kamar mandhi adus, let sedhela wis keprungu gebyar.... gebyur. Ature Gito karo bapakne mau embuh tenan embuh ora, ning gandheng wis jam sepuluh kurang seprapat, Gito ya njur nyangklong tas, ngetokke montor, njur lunga kaya nek arep kuliah. Pak Bayu mono priyayi kinurmat ing kampunge. Dasar priyayi ana, neng kampung gedhe sosiale. Samubarang kanggo kebutuhan lan kemajuane kampung tansah kersa cawe-cawe. Mula ora mokal yen panjenengane diangkat minangka sesepuh. Wayah sore, Gito maca koran neng taman ngarep teras, ndadak keprungu wong uluk salam : “Kula nuwun!” Gito noleh arahing suwara, ndadak kaget lan gumun dene ana kenya ayu medhayoh neng omahe. Nuli mangsuli karo gupuh ngadeg. “O... mangga-mangga dhik.” Nuli kandhane cah ayu mau : “Punapa bu Bayu wonten mas?” “O... ibu ta?..., wonten dhik, sekedhap kula aturanipun.” Gito gage mlebu nggoleki ibune, let sedhela wong loro wis metu nemoni dhayohe. Ngendikane bu Bayu : “Wow nak Prastiwi, mangga lenggah nak!” “Inggih bu, matur nuwun. Punika namung sekedhap kok. Punika bu, kula dipun utus bu Darmo nyaosi duku, kala wingi sonten rak ngendhah kebon iring ndalem punika.” Kandha ngono bocah ayu mau karo ngaturke tas kresek isi duku kebak, tinampan dening bu Bayu. Ora lali bu Bayu ngendika matur nuwun kaaturna bu Darmo. Bocah mau matur sendika, banjur pamit mulih. Gito mripate mentheleng kaya bandeng anggone nyawang cah ayu mau ora uwis-uwis. Batine gumun lan sengsem denea bocah kuwi kokle mulus ayu tanpa cacat, gek sopan santune genep pisan. Bu Bayu pirsa putrane sajak kepranan marang Tiwi njur ngendika :
  • 3. “Git ngertia!, kuwi cah sing kos nggone bu Darmo, jenenge Prastiwi. Dene asline Semarang, ning neng kampung kene srawunge becik. Baur karo mudha-mudhine, malah saiki didadekake ketua I, dene wakile Utomo ya sopire bapakmu, kuwi.” “Wah bocahe ayu nggih bu?, gek sopan santune nggih genep.” “Iya Git, seje karo kanca-kancamu sing dha ting bejijak lan urakan kae. Kowe sejatine rugi, wong karo pemudha/ pemudhi sekampung kok ora tepung malah wong kana-kana sing dha ra juntrung mbok srawungi raket.” Gito ngakoni lan mbenerke ngendikane ibune. Jroning ati janji yen wiwit saiki arep melu ombyake pemudha kampung. E ya melu-melu mas Utomo sopire bapakne yen dhong rapat-rapat, kerja bakti, lan kegiatan kampung liyane. Sing cetha, wiwit weruh Tiwi sepisanan atine wis kecanthol. Atine Gito wis mantep kepingin nyedhaki... macari.... sing mengkone yen Tiwi gelem arep dirabi. Kuwi mau karepe Gito, pemudha lajang sing sekolahe mung disambi dolan lan kluyuran. Batine kuliah ora rampung ora dadi apa, toh bandhane wong tuwane akeh kepara kanggone kampung kono, pak Bayu kuwi sugih dhewe. Gito bakal nggunakake bandhane bapakne kanggo mikat Tiwi, srana arep diwenehi apata apa barang sing pengaji. Tiwi pancen bocah supel lan apikan, karo sapa wae cepet akrap lan sumadulur, klebu marang Gito. Saiki bubar kuliah, Gito sregep sanja neng nggone kanca pemudha-pemudha kampung, luwih-luwih neng nggone bu Darmo pondhokane Tiwi. Gito batine rada kecelik, jebul Tiwi iku ora gampangan kaya bocah-bocah wadon liyane. Biasane dha gampang nampa paweweh, lan seneng yen ditraktir jajan utawa diajak dolan. Gito wis bola-bali nari Tiwi arep ditukokake apa sing disenengi, ning Tiwi nolak alus, alasane wis duwe utawa kurang perlu. Nganti Gito judheg, piye carane gawe senenge Tiwi sing rupa hadiyah, sing maksude Gito kanggo nyedhaki Tiwi, syukur bisa ngetokke gembolaning ati, blaka yen dheweke seneng lan tresna marang Tiwi. Eman pambudidayane tansah gagal, merga Tiwi durung tau ketemu Gito kuwi ijen, ndilalah mesthi ana kancane. Saking ora kuwate ngampah, Gito nggoleki Utomo sopire bapakne neng kamare, lagi leyeh-leyeh. Gito njur njejeri Utomo karo takon : “Mas Ut, mbok aku diwarahi carane nelukke atine cah wadon sing angel. Pisan ji iki aku seneng tenan je mas, ora bakal tak enggo dolanan.” Wangsulane Utomo kalem : “Walah dhik Git, sliramu kuwi kurang apa? Rupa nggantheng, ya kuliahan, dhuwit neng ngesak muwel. Isih kurang apa? Mangka slirane kuwi ya baut ngrayu cah wadon. Kuwi
  • 4. tak ngerteni sing uwis-uwis lho. Sliramu kleru dhik nek takon aku, soale aku durung tau pacaran. Aku mung arep adhang-adhang suk nek ana prawan welas nresnani aku dhik.” Krungu wangsulane Utomo, Gito gage njenggelek tangi karo kandha : “Mas Ut, wegah aku krungu kojahmu kuwi. Aku ki takon tenan je.” “Ora dhik Git, sejatine cah wadon ngendi ta sing mbok gandrungi kuwi?” “Ah rahasia mas, suk wae nek dheweke wis tak kuwasani tenan, kowe lagi tak kandhani.” Gito terus metu ninggal kamare Utomo kanthi ati mangkel. Gito saiki aktif neng organisasi kampung, soale tansah didhampingi Prastiwi. Notoling ati anggone kepingin nglairake tresnane mbangeti, ning... tansah ana-ana wae jalarane sing marahi cabar. Pancen angel tenan Gito nggolek wektu kanggo duaan, wong Prastiwi neng ngendi-ngendi mesti ana kancane. Jam-jam bubar kuliah, Tiwi pancen wis padhet banget kanggo kegiatan kampus lan kampung. Gito wis marani saben dina, bisa nyawang cedhak-cedhakan karo prawan ayu kuwi wae atine wis seneng. Awit Prastiwi pancen wis mlebu tenan ing atine. Saiki Gito uga nyah-nyoh aweh bantuan kanggo muda-mudi kampung, apa maneh yen sing nampa Prastiwi, dhasar dheweke ketuane. Kena pengaruhe Prastiwi, Gito dadi mempeng sinaune, ndadekke bungahe bapak lan ibune. Penjenengane uga remen yen mengkone Gito kasil nguwasani Prastiwi lan gelem diajak urip bebrayan. Dina Jum’at keluargane pak Bayu Widodo entuk uleman saka pak Darmo, sing surasane kabeh warga kampung, mbesuk malem Minggu kasuwun rawuh ing daleme pak Darmo. Ya sing dipondhoki Prastiwi, saperlu ngestreni ulang taune Prastiwi sing kaping sangalas. Malah jarene keluargane Prastiwi saka Semarang uga arep padha rawuh. Dene pak Bayu sekaliyan, kadhapuk nampa tamu lan paring pangandikan kanggo sing ulang taun. Pak Bayu uga sagah. Malah mundhutke hem lan clana anyar kanggo Utomo jare ben ora lusuh. Utomo pancen bocah sing lugu lan prasaja, nglungguhke dhirine sing mung sopir. Senajan dheweke mahasiswa sing wis lulus lan nyandhang gelar Drs. Wektu maca undhangan, Gito bungahe ngayang batin. Ya wektu iki kesempatan akeh kanggo aweh kadho istimewa kanggo Tiwi lan kesempatan kanggo ngrogoh atine prawan ayu kuwi. Gage sms karo Tiwi takon arep njaluk kadho apa? Jawabane, dikadho apa wae arep, lan matur nuwun sadurunge.
  • 5. Oh... atine Gito lunjak-lunjak kesenengen. Gage nyuwun dhuwit ibune njur lunga menyang toko. Baline ngrenggiyeg, entuk bakal klambi putri patang potong, tas, sleyer. Gunggung dhuwit telung atus ewu dientekake. Kejaba kuwi tuku filem rong rol, mengko kanggo gawe kenang-kenangan karo Tiwi. Lagi jam lima Gito wis dandan mlithit, clana lan heme anyar gres saka toko durung dikumbah wis dianggo. Njur nyedhaki bapake karo matur : “Pak, mobile kula bekta, kula dugi nggene dhik Tiwi mruput, mbok menawi Tiwi mbetahke kengkenan kula.” Pak Bayu mangsuli : “Wis budhala Git, bapak mengko gampang, boncengan motor karo Utomo rak bisa.” Senajan isih sore ning wis rame. Kabeh wis tinata asri. Kira-kira jam setengah pitu wis wiwit padha rawuh. Tiwi neng ngarep lawang nyalami karo nampa kadho banjur diulungake sing nduwe tugas. Gito ngrengkek nyedhaki Tiwi nggawa bungkusan kadho gedhe sing pepak isine. Sawise ngulungake lan nyalami kenceng, rekane arep ngesun, ning Tiwi gage nyalami tamu liyane sing lagi wae rawuh. Gito gela, ning ya wis ora dilebokke ati. Anggone njepreti Tiwi ora leren-leren. Bareng ngerti ana tamu sing bisa motret, camera gedhe kuwi banjur diulungake, ganti awake dhewe sing tansah mepeti Tiwi njaluk difoto. Wis kanthi gaya sing apa wae, pokoke dipolke, janji mepeti Tiwi, sing sejatine atine ora seneng karo pokale Gito. Upacara banjur wiwit, sambutan-sambutan saka pranata adicara, pengurus-pengurus pemudha, wong tuwa lan keluargane Tiwi. Wusanane pak Bayu sing isine paring pitutur marang muda-mudi, uga ucapan selamat marang sing ulang tahun. Sawise rampung salam-salaman, banjur kaaturan dhahar bebarengan prasmanan neng kamar tengah. Gito tansah aksi, bejijagan motreti rana-rene sarwa nggaya. Rampung dhahar lan ngunjuk es crim, keprungu swarane lantang bapake Tiwi lewat mikrovon ngene : “Bapak ibu lan para tamu undhangan sadaya, ing dalu punika babar pisan, kula badhe ngresmekaken pepacanganipun anak kula pun Suprastiwi kaliyan nakmas Drs. Utomo, inggih sopir pribadinipun bapak Bayu Widodo ing kampung mriki. Dhateng nakmas Utomo, kula suwun jumeneng lan tindhak mriki, upacara pepancangan tumunten badhe katindakaken.”
  • 6. Krungu tembung mau, Gito kaya krungu bledheg ing mangsa ketiga. Sakala otot bebayune kaya dilolosi, awak gemetar, sirah cleng-clengan buyer, mripat klemun-klemun kaya arep tiba, kringet adhem mbrubul. Gandheng dheweke mau bejijagan, mula ora ngetarani nalika Gito metu mulih tanpa pamit ninggal pasamuwan. Neng dalan lakune sempoyongan kaya wong mabuk. Tekan ngomah mbukak lawang, tanpa copot sepatu, langsung awak dibrukake dipan sakrosane karo sambat tangise ngaru wara : “O awak... awak... apes temen aku... jebul aku kewirangan. Aku prasasat kejungkel tiba kanteb... aku.... aku... di KO karo sopir bebaune bapakku dhewe si Utomo... Oh Tiwi... Tiwi... jebul kowe dudu jodhoku... Oh aku... tiba kanteb.” Nalika upacara tunangan dileksanani, wis ora ana gebyar-gebyar camera sing nggawe kenang-kenangan merga Gito wis bablas mulih. Ning bocah loro Tiwi lan Utomo tansah ngumbar esem sajak kalegan atine. Tamat