SlideShare a Scribd company logo
Blog ngengingiPendidikan, Basa, Sastra, lan Kabudayan
Selasa, 02 Desember 2014
Naskah KetoprakDenmas Contreng (Nggayuh Panguwasa)
DENMAS CONTRENG
PARAMPARAMACALAYANG PRANATAN
( INTRODUCING)
01. PARAMPARA
( Mantep – Cetha ) Kula. Parampara kadipaten Nogo Bondho
kinen maosaken pranatan anyar tumprap kadipatenNogo
Bondha.
Sepisan : Mungguhing Praja pancen kudu ana pengayomaning
kawula. Kanggo Nata,Mranata amrih karahayoning Praja.
Kapindho : Merga jaman lan kahanan wis beda, mula sak-
lengserku besok, Aku ora bakal matah Sentana utawa
Nayaka gumantikelungguhanku. minangka pengayomaning kawula.
Kabeh mau tak pasrahake marang Punggawa
mudhune kawula amrih langgenging Praja Nogo Bondha
Katelu : Minangka pengayomaning kawula ora mung wenange
para Sentana lan Nayaka Praja. Nanging kawula uga duwe
wenang dadi pengayomaning kawula. Jalaran jejering
pengayomanora mung kudu pinter lan sugih bandha donya.
Nanging kudu wani ngiwakake kawigatening pribadi
Nengenake kebutuhaning kawula
MLEBET : CRAEDIT TITLE
CUT TO :
ADEGAN : KA I. PLATARAN
SWASANA : RAMAI
IRINGAN : DINAMIS
WANCI : ESOK
PROPERTI : TOYA 4.
PARAGA : 1. PAJINEMAN
KATRANGAN : a. Pajineman Sodriyan sami gladen olah
beladiri
01. WONGSO DRIYO
( Mantep ) Cukup anggone padha gladen. Iki aku ndhereke
Den Ayu Satiti sak perlu bakal ketemu marang kowe kabeh.
( Dhateng Satiti ) Mangga Den Ayu.
Raden Ayu Satiti mlampah nengah. Para Pajinemansami
lenggah ( Leter U )
02. RADEN AYU SATITI
( Alus – Mantep – Cetha ) Para Pajineman lan sanak
kadhangku kabeh.
Wektu iki aku pancen kepingin ketemu marang kowe kabeh.
Sak-perlu tak jak ngermbug ngenanikadipaten Nogo
Bondho sak-surute rama dipati Nogo Bondho.
Uga ngenanipranatan anyar keng wis kapacakana ing Nogo
Bondho.
03. PAJINEMAN I.
( Mantep – Sero ) Kula kinten perkawis pranatan enggal
menika namung damelanipun sak-perangan tiyang ingkeng
mboten remenmenawi
Den Ayu Satiti ingkeng ngasto kawibawan wonten ing Nogo
Bondho. ( Dhateng tiyang-tiyang ) Bener ora Ca !!!
04. PARA PAJINEMAN
( Saur manuk – Mantep – Sero ) Bener,... !!!
05. PAJINEMAN II.
( Mantep – Sero ) Yektosipun tanpa prenatanmenika
penjenengan ingkang wenang jumeneng lenggah dampar
wontening Nogo Bondho.
Jalaran penjenenganmenika putro ingkeng mijil pembarep.
Ateges nomer setunggal.!Dados sampun trep lan wenang
menawi
penjenengannglintir lenggah dampar lan mranata kawula
Nogo Bondho.
( Dhateng para Pajineman – Mantep ) Hiya ora Ca !!!
06. PARA PAJINEMAN
( Saur manuk – Mantep - Sero ) Cocok!!!
07. PAJINEMAN III.
Mantep – Sero ) Pramila dipun gugat kemawonPranatan
anyar menika. !
Kedah dipun cabaraken. ! ( Dhateng para Pajineman) Piye
Ca !? Sarujuk ..?!
08. PARA PAJINEMAN
( Saur manukpating clebung – Mantep ) Sarujuk !!! Gugat
kon mbatalke wae !
09. WONGSO DRIYO
( Nyabarake para Pajineman sing pating clebung ) Sabar Ca.
Sabar . Sareh ta ?! Kabeh mau isa dirembug ora tumindhak
dhewe-dhewe. Takkira ngenanipranatan anyar kuwi wis di
penggalih dening Den Ayu Satiti. ( Dhateng Satiti ) Injih ta
Den Ayu ?
10. RADEN AYU SATITI
( Alus – Cetha ) Pancenperkara pranatananyar kuwi ora
gampang di cabarake. Jalaran wis dadi sarujukane para
Parampara lan Nayaka Praja. Nanging yen kowe kabeh
mercaya aku lan njurung aku nglintir dampar Nogo Bondho
? Mula ayo bareng nyawiji nggemblengke tekat piye amrih
dampar Nogo Bondho kuwi ora tiba wong sing mung
kepingin kuasa. Mung pitakonku. Apa sekirane kowe kabeh
padha gelem manunggalnyawiji karo aku nggayuh dampar
Nogo Bondho.
11. PARA PAJINEMAN
( Saur manuk – Mantep ) Sagah !!!
12. RADEN AYU SATITI
Yen ngono wiwit dina iki aku bakal mbudidaya bareng karo
kowe kabeh Nggayuh dampar Nogo Bondho.Nanging aku
ora arep janji apa-apa
Merga aku ora bisa gawe raharjaning Nogo Bondho tanpa
kowe kabeh cancuttali wandha !
CUT TO :
ADEGAN : KA II. DALEM KASATRIYAN NOGO
BONDHO
SWASANA : AGUNG
IRINGAN : AGUNG
WANCI : ESOK
PROPERTI : LAYANG
PARAGA : 1. RADEN MAS CONTRENG
2. SURO
3. SAPAR
KATRANGAN : a.. Raden MasContreng mboten jenjem
penggalihipun
01. SURO
( Nyembah ) Kula ingkeng sowan Den Mas.
02. RADEN MAS CONTRENG
Kene, kene maju sowanmu Suro lan sliramu Sapar
03. SURO – SAPAR
( Nyembah – Mantep ) Nuninjih sendika Den Mas.
04. RADEN MAS CONTRENG
( Alon – Cetha ) Sak-tenane anggonku nimbali sliramu
supaya sowan iki, aku butuh titimbanganmu.
05. SURO
( Nyembah – Alus ) Titimbangan perkawis menapa DenMas
?
06. SAPAR
( Nyembah ) Injih. Perkawis menapa ta Den ?
07. RADEN MAS CONTRENG
( Ngulungke layang marang Suro ) Ngenanipranatananyar
keng wis kapacak. Bab angger-angger keng wenang dadi
wakiling
kawula kanti lenggah dampar Nogo Bondho
08.SURO
( Cepet nyahut – Cetha ) Perkawis mboten kedah putro
pembareputawiputro nomer setunggalingkang wenang
dados
pengayomaning kawula ta ? Nanging sinten ingkang dipun
sengkuyung kawula menika ingkang wenang nglenggahi
dampar Nogo Bondho..
09. RADEN MAS CONTRENG
( Mantep ) Bener Suro. Ya kuwi sing njalari jibeging atiku.
10. SURO
Lo, kok saget Jibeg ? Ingkang dipun penggalih kemawon
menapa ?
11. RADEN MAS CONTRENG
Yen ngantimengko dampar kuwi tiba kawula, merga unine
Angger-angger keng kapacakana Pranatananyar kuwi ?
“ Sok-sapa-a ora mandeng Sentana lan kawula duwe wenang
makili kawula lenggah dampar minangka dadi
pengayomaning kawula Nogo Bondho. Waton disengkuyung
dening kawula. “ Menawa kuwi kelakon ? Banjur
kawula keng lenggah dampar Nogo Bondho ? Aku banjur
kepiye ? Apa aku ya kudu nyembah kawula kuwi mau Suro.
12. SURO
Ngatenkemawonkok repot ! ( Dhateng Sapar ) Yo ra Par ?!
13. SAPAR
( Sak-kepenake ) Ha hiya...
14. SURO
Pranatan menika malah saget dados mergipenjenengan
lenggah dampar Nogo Bondho.
( Dhateng Sapar ) Hiya ra Par ?
15. SAPAR
( Sak-kepenake ) Ha hiya,...
16. SURO
Kowe kuwi kok mung hiya-hiyo ta Par. Mbokmelu matur
nek duwe penemu.
Piye iguh pertikele. Ora mung hiya-hiyo !
17. SAPAR
Nek iguh pertikel kuwi aku percaya nekkowe luwih pinter isa
hooss,... !
Aku mengko Kor-lap wae, ngertine golekwong tak kon milih
Den Mas Contreng. Bres.
18. SURO
( Cepet munggel) Huss !
19. RADEN MAS CONTRENG
Ora Suro ? Nalare piye kok malah dadi dalanku kanggo
lenggah dampar Nogo Bondho?
20. SURO
Nalaripun ? Menawiangger-engger menika mboten wonten?
Tangeh penjenengansaget lenggahdampar
Nogo Bondho minangka pengayomaning kawula.
Jalaran rikala eyang dalem swargi menika, pranatansampun
kapacakwontening Pustaka raja. “ Putro pembarep. utawa
nomer Siji.
Ya kuwi sing gumanti nata. “
Kamangka jejer penjenenganputro ingkeng dede pembarep
ta ? tangeh lamun. Injih ta ? Nanging sak-menika margi
Angger-engger
Pranatan anyar menika, kabuka kagem penjenengan
jumeneng nata ing Nogo Bondho (Dhateng Sapar) Hiya Par ?
Bener ora ?
21. SAPAR
Leres ! Pokokipun sak-menika wis ora model urut kacang.
!Nomer-nomeran !Nomer : Siji, Loro,
Telu,...menika sampun ora kudu sing dadi. Ning sing dadi
niku endi sing Dhuwite akeh, lan disengkuyung kawula, ya
kuwi sing dadi. Bener ngono ta Kang ?
22. SURO
( Radi jengkel ) Huus..! Lambemu kuwi ! Omong kok
ndhadakdicethak-cethake
23. RADEN MAS CONTRENG
Nanging piye aku isa disengkuyung dene kawula ? Aku
ngrumaksanikurang cedhakmarang kawula. Beda menawa
kangmbokSatiti saben dinane tansah caketkawula.
24. SURO
Lo kantun caranipun ta Den Mas. Jer basuki mawa beya.
Kawula Nogo Bondho menika pancenkula akeni wis dha
pinter.
Nanging taksih katah keringkihanipun. Angger muni ana
dhum-dhuman, reguduk! Nyawa wis ora dianggep. La
menika kantun dipun tingali kemawon. Sisih Wetan kurang
apa ? Sembako ? Mbyuki sembako. Kulon kurang Sandhang
? Byuki sandhang. Lor kurang Pupuk? Byuki pupuk. Kidul
byuki menapa, ngaten kemawon.Jalaran Kawula Nogo
Bondho menika dha seneng menawidipun biyantu. Sing
mlarat seneng.Sing sugih ya melu ngaku mlarat, lo pripun ?
Aneh ta ?
25. RADEN MAS CONTRENG
Yen ngono aku kudu tarung karo kangmbokSatiti ngenani
dampar Nogo Bondho iki ?
26. SURO
( Mantep ) Nyuwun pangapunten DenMas.Ngengingi
panguwasa menika ora ana Sanakkadhang lan sedulur sing
langgeng. Ora ana mungsuhsing langgeng.Wontipun
namung kabetahaningkeng langgeng. Endi sing dibutuhke ya
kuwi sing dicedhaki.
27. SAPAR
( Mantep – Cetha ) Pokoke jaman sak-niki niku sing penting
kepentingan !
28. SURO
Kowe kuwi kok iyig wae ta.
29. SAPAR
Lo,? Lha hiya ta Kang. Jamane kuwi wis beda. Saiki kuwi wis
ora ana wong tetengukentukgetuk. Tegese tanpa mbudidaya
ora bakal oleh panguwasa.Ada uang ada barang !
30. SURO
Omonganmukok malah ngladrah...
31. RADEN MAS CONTRENG
Ya wis ! Pira beya kanggo kelakonku nggayuh dampar Nogo
Bondho takpasrahke marang kowe ! CUT TO :
ADEGAN : KA III. PLATARAN
SWASANA : GEMBIRA
IRINGAN : PARAREL ADEGAN II.
WANCI : AWAN
PROPERTI : KANTONG - DHUWIT KRICIK
PARAGA : 1. GLOWAH
2. GLOWEH
3. SURO
KATRANGAN : a. Parareldialog Raden MasContreng
01. GLOWEH
( Parareldialog Den Mas Contreng – Mantep ) Wis, kowe
pasrah aku.
02. GLOWAH
La arep pasrah sapa wong kancaku ya mung kowe je.
03. GLOWEH
Mulane kudu isa ngulir budi. Jaman sak-iki kuwi ora isa
njagake gaweyan. Golekgaweyankuwi angel-angelgampang.
Sing diutamakan Titel.
Arepa ora isa ngapa-ngapa watontitele S III. Apa meneh
nganggo diembel-ebeli Profesor wis senadyan dudu bidange
mesti oleh kedudukan.
04. GLOWAH
Ning pengalaman ya penting lo Weh.
05. GLOWEH
Sing kandha sapa ? Pengalaman jaman sak-iki kuwi nomer
pat belas. Mula Nogo Bondho kene okeh piyayi pinter ning
kawulane remuk.
La sing dioyak mung titel je. Dadi entekneng sinau ning ora
ana karyane. Hiya ora ? Kapan le arep berkarya nekmung
ngoyaktitel.
Ngantituwa ya mung sinau terus. Basanwis lulus ya wis
tuwa.
Sing diendelke mung teori,..terus. Prakteke.Huu,...Nol.
06. GLOWAH
Hiya ya. Ha ning kuwi kebutuhan pokokje. Ngoyak titel kuwi
nggo ngunggahke pangkat lan bayar. Arep munggah
pangkate lan
mundhakbayare kuwi syarate, Titel.
07. GLOWEH
Ya kuwi sing marahi Nogo Bondho kene iki ora maju. Titel
mung nggo syarat ngunggahke pangkatlan drajat. Ning ora
nggo
kebutuhaning kawula. Awake dhewe kuwi wis pirang tahun le
nyambut gawe.Merga ra dhuwe titel,ya ora bakal mundhak
kelungguhane.Beda karo cah wingi sore sing lagi oleh titel
langsung dadi pengarep.
Wis sak-iki ngrembug nasibpe awake dhewe wae.Ora usah
golek gaweyan.
Wong awake dhewe ora mangan sekolahan.Apa meneh lagi
okeh buruh sing di PHK. Punggawa sing di incer KPK. Sak-
iki
kuwi kudu gawe lapangan kerja. Dodol.
08. GLOWAH
Dodol apa ? Saingane okeh. Adol program ya wis akeh sing
ora percaya.
09. GLOWEH
La hiya piye carane. Waton pinter le ngecap. Mestipayu. Aku
arep dodol sega gudeg.
Warung P P L Kang Gloweh.
10. GLOWAH
P P L kuwi apa ?
11. GLOWEH
Pembrantas Perut Lapar. Gambar ku mengko arep tak
pasang neng ngendi-endi.
Neng uwit.Neng prapatan Pokoke uwit karo prapatansak-iki
sing nunggu dudu dhemit !
Ning gambarku. Lo piye, kreatif ta ? Isih tak tambah umbul-
umbul ro baliho.
12. GLOWAH
Apik kuwi. Ning ngganggu.Aku ora arep dodolpanganan
wae kok wong arep mangan kuwi nek ora sehat sengara
doyan mangan.Aku arep dodol obat-obatanwae.Kuwi mesti
payune. Jalaran sak-iki akeh wong sing ora sehat.
Ya awake. Ya pikirane. Apa menah nek konanganle korupsi
lara. Ning ya kuwi lara dasar. Dasare arep endha.
13. GLOWEH
Payu lan orane kuwi mung gumatung tawane.
Gloweh lajeng nawakaken daganganipun.
( Mantep ) Bapak. Ibu sanak kadhang kula sedaya. Mangga
kula aturi mampir dhateng warung kula.
Warung P P L Pembrantas Perut Lapar Kang Gloweh.
Menunipun Gudeg.
Cocokkaliyan hawanipun. Sekulipun anget.Gudegipun Jos. !
Langkung eco malih menawidipun lawuhi mawi,..
14. GLOWAH
( Cepet nyahut – Cetha ) Tensoplas ! Tensoplas menika
ginanipun kangge nutup tatu lecet. Menawi
penjenengannggagem sepatu anyar njur mlecet, menika sae
menawidipun Tensoplas. Caranipun ingkang mlecet dipun
resiki rumiyin mawi,...
15. GLOWEH
( Cepet nyahut – Cetha ) Dada Menthok. Ayam kampung.
Menika eco sakestu. Anggenipun masakbumbunipun
komplit.
Wonten salam laos.dipun masakgurih Lajeng supados
langkung eco lan sedep dipun tambahimawi,...
16. GLOWAH
( Cepet nyahut – Cetha ) Salep ! Salep menika saget kangge
nambaniKadas kudis lan ugi saget kangge nambatisakit
mata.
Mata abang. Belekenmenawidipun salep mesti mboten
ndangu bade mantun.Caranipun nambani, Mripat dipun
resiki rumiyin mawi,...
17. GLOWEH
( Cepet nyahut – Cetha ) Sambel Goreng !. SambelGoreng
menika pancen jodonipun Gudeg.
Dahar sega gudeg tanpa sambelgoreng rasane cemplang.
SambelGoreng kula menika sambel goreng krecek. Tolo.
Kajengipun saya pedes dipun tambahimawi,...
18. GLOWAH
( Cepet nyahut – Cetha ) Betadin ! Betadin utawi Yudium
menika kangge mencegahinfeksi, Tatu anyar.
Amergi dawah. Kepenges cepet garing menawidipun sukani
Betadin utawiYudium. Caranipun gampil.
Menawipenjenengandawahutawikepenges
panggenan tatu kala wau dipun resiki rumiyin lajeng dipun
tetesimawi ,......
19. GLOWEH
( Cepat nyahut – Cetha ) Areh ! Areh menika waton
santenipun santen kanil, kentel, Mestimak nyuss,.. !
Rasanipun.
Sego gudeg lawuhipun dada menthokditambah mawi,..
20. GLOWAH
( Cepet nyahut – Cetha ) Pinisilin. !
21. GLOWEH
( Mangkel) Heh Glowah ! Kowe ora waton tawa lo. Nek
ngono kuwi jenenge ngrusakdaganganku. Apa ana
Sego gudeg kon ditambahi pinisilin.
22. GLOWAH
Sing jarak kuwi ya kowe ! Lara mripat kuwi tambahne
ditetesi obat mata kok ditetesi sambel goreng. Terus rasane
piye kuwi matane nekditetesi sambelgoreng.
Glowah lan Gloweh lajeng padu rame. Gelut. Dhatengipun
Suro misah
23. SURO
( Misah anggenipun sami gelut ) Heh,.heh,.ana apa iki heh ?
Wong tuwa-tuwa kok dha gelut. Padu !
Kowe wis dha pinter apa ? kok wani padu karo gelut. Padu
lan gelut Kuwi ben dadi gaweyane wong sing wis dha pinter
kae wae.
24. GLOWEH
Sinten sing mboten mangkelKang Suro. Mosoksega gudeg
kok dicampur Salep.
25. SURO
( Nyalahke Glowah ) Kowe kuwi ya ngawur. Sega gudeg kok
dicampur salep
26. GLOWAH
Sak-niki sing ngawur sinten. Nekbeleken. Lara mata kok
ditetesi sambel goreng.
27. SURO
( Nyalahke Gloweh ) Nek kuwi sing ngawur kowe Weh.
Gloweh. Lara mata kok ditetesi sambel goreng
. Kuwi apa ora malah ilang matane.
28. GLOWEH
Sak-niki nek sampeyan dahar sego gudeg arehe kentelterus
dicampuri Sol-patilamit pripun ?
Terus lawuhe Tensoplas. Apa isa mangan wong lambene di
Tensoplas.
29. GLOWAH
( Mangkel) Yo ben wong tatu mlecet kok diresiki nganggo
dada menthok.
30. GLOWEH
( Nesu ) Merga kowe sing ngawur. ! Endi ana sambel goreng
kok ditambahi Betadin.
Glowah – Gloweh lajeng padu malih. Gelut.
31. SURO
( Misah ) Heh ! heh uwis ta !. Sak-iki endi Gudegmu sing
dicampuri salep. Lan endi pasienmu sing matane
ditetesi sambel goreng. Takejoli. Sing lara tak ragatane.
32. GLOWEH
Endi hayo. Pasienmu sing tatune di resiki nganggo dada
menthok
33. GLOWAH
Sak-iki gudegmusing dicampuri Sol-patilamit. Kuwi endi
hayo. ?
34. SURO
Heh ! Endi ta ? Gudegmu ! Pasienmu !
35. GLOWEH
( Cengengesan) Anu,... niki wau nembe umpama kok.
36. GLOWAH
Enggih kok kang Suro. Niki wau nembe wacana kok.
37. SURO
Ooo,... Iki mau mung dha lagi mbayangke ta. Mulane uwong
kuwi aja seneng mbayangke.
Ning bayanganmukuwi mau bisa dadi kasunyatan.
Kowe kepingin dodol Gudeg ta ? Lan kowe Glowah kepingin
adol obat. Kabeh mau bakal kelakon.
Malah ora mung warung gudeg.
Ning Rumah makan. Kowe ya ora mung kios obat. Ning
Apotek.
38. GLOWAH
( Mantep ) I,..yak! Tenane kang Suro. Napa enggih kula isa
bukak Apotek?
39. GLOWEH
Enggih kang Suro. Sing kangge pawitan mawonnapa. Nggo
mangan wae kurang je.
40. SURO
Waton kowe gelem melu aku nyengkuyung Den Mas
Contreng nggayuh dampar Nogo Bondho.
Mestikelakon gegayuhanmu. CUT TO :
ADEGAN : KA IV. OMAH SUGIH
SWASANA : ROMANTIS
IRINGAN : ROMANTIS
WANCI : BENGI
PROPERTI : TEH POCI – NYAMIKAN
PARAGA : 1. RIMANG
2. SARI
3. SURO
4. MBOK SURO
KATRANGAN : a. Dialog Rimang parareldialog Suro.
01. RIMANG
( Parareldialog Suro – Cetha ) Sak-estu menapa.?
Kula namung anakipun pak Glowah Abdi penjenengan.
Kamangka penjenenganmenika putranipun pak Suro tiyang
sugih !
Ingkang dipun pitados dening Raden MasContreng calon
pengayomaning kawula Nogo Bondho. Menapa injih ingkeng
bapa
marengaken lan mengestonipenjenengan gesang bebrayan
kaliyan kula.?
02. SARI
Kowe ora usah kuwatir Rimang. Mengko yen ana wektu sing
apik aku keng bakal matur bapak.
Menawa aku tresna marang kowe. Ning kowe tresna marang
aku tenan ta ?
Tresna ora ? Nek ora ya wis. !
03. RIMANG
( Ngondheli ) Injih mangke rumiyin ta ? Kula matur blaka
njih ? Kula ugi tresna.
04. SARI
( Centhil – Manja ) Gombal ! Tresna kok basa.
05. RIMANG
Lha kula kedah kados pundi ?
06. SARI
Ya ora usah basa. Kaku je.
07. RIMANG
Injih sampun. Eh ! Ya wis aku ora basa. Aku tresna marang
sliramu Sari.
Sari noleh mesem nyaket Rimang. Gandrung. Romantis.
Rampung gandrung, mireng MbokSuro kaliyan pak Suro
wawan rembag.
Sari kaliyan Rimang lajeng sami kesah.
PakSuro mekdal kaliyan bekta cangkir. Lenggah.Kemaki.
08. SURO
( Nyruput wedang – Kemaki ) Iki ya mung kendhel-
kendhelan ta ?
09. MBOK SURO
La sampeyan ta sing marahi kendhel niku. Gawe wedang
wae kon nganggo teh celup. Nekuwis dicelupke terus dipepe.
Mengko dienggo gawe meneh. Ora usah masakwerna-werna
cukup ngoreng gerehben tanggane mambu. Urip kuwi kudu
prihatin.
Sak-madyo merga jamane lagi ngrekasa. Sak-niki kok
kadingaren. Wedangan mawon kudu Ginastel nganggo
nyamikan.
Mbokngelingi sak-ngisore awake dhewe niku taksih katah
sing ngrekasa. Mung butuh sak-emplokan mawon direwangi
totohane nyawa.
10. SURO
( Sak-penake ) Salahe mlarat.
11. MBOK SURO
Lo, ? Kok nyalahke ?! Sampeyan niku aja angger mung
nyalahke. Ngendiana wong urip kok nggayuh mlarat. Nggih
punggawane niku sing marahi kawulane mlarat !
12. SURO
Heh, kowe aja nyalahke punggawane lo ?
13. MBOK SURO
( Cepet nyahut – Cetha ) Kula niku ora nyalahke
punggawane. Ning coba sampeyan penggalih ta. Nogo Bondho
niki sugih lo ?
Apa-apa duwe. Sarwa ana. Lenga. Beras.Emas. Iwak. Ning
kula ajeng dadenmawon goleklenga ndhadakngantri.
Beras mundhakmerga rabuke ra ana. Iwak ora diopeni dadi
dha dicolongi wong bengkanane. Emas.? Dhuwe kula ya
mung mas Suro. Pripun ? Sinten sing ajeng disalahke.
Kawula ?
14. SURO
Mula aku nyengkuyung DenMas Contreng lenggah dampar
minangka pengayomaning kawula kuwi merga
Den Mas Contreng bakalmenehi kelungguhan aku ? manut
aku.
15. MBOK SURO
O,.. Sampeyan Njurung niku merga sampeyan dhuwe karep
ta ? Oleh kalungguhan ? Kula sarujuk. Sae. Waton
kelungguhan niku
bener-bener arep kanggo makmuring kawula lo ? Ning nek
kelungguhan niku mung ajeng nggo blendhuke wetenge
dhewe
lan kanca-kancane, ngapusikawula,
Kula nomer siji sing ajeng mriksa Sampeyan!
16. SURO
Nah ngono kuwi sing jenenge bojo. Kudu manut sing lanang.
Sing lanang ngalor ya melu ngalor. Sing lanang ngidul ya
kudu
melu ngidul. Ora sing lanang ngetan sing wedhokngulon.
Kapan ketemune.Kudu manut !
17. MBOK SURO
Sing nguduke sinten ? Ngoten niku lo kula sing ora.seneng.
Durung kelakon oleh kelungguhan wae wis meksa lan
nguduke.
Mengko nekwis oleh samyaya le kemaki.
Nek kula ora manut sampeyanbab niki terus sampeyan
anggepmungsuhnapa ? nggih ?Napa nekora manut lan beda
panemu niku
terus mungsuh ?
18. SURO
Mungsuh ! Merga Den Mas Contreng kudu dadi
pengayomaning Nogo Bondho !
Nek ora ? Kapan lehku arep oleh kelungguhan. Mula kudu !
19. MBOK SURO
( Cepe nyahut ) Sampeyan niku apalane kok mung kudu ta ?
Naskahe isine mung kudu napa ?
Kudu niku tegesa meksa lo.? Kamangka jamane pun mboten
jaman peksan. Kawula diwenehi wenang kanggo
nyengkuyung sing pancen kena disengkuyung.
20. SURO
( Jengkel– Sengol) Wis, wis ! Omong karo kowe kuwi ora
ana menange. Ngeyel!
( Ngundhang Rimang. ) Mang. Rimang. !
21. RIMANG
( Mundhuk-mundhuk) Kula ndara,..
22. SURO
( Kemaki ) Tukokna nyamikan kana Mang.
23. MBOK SURO
( Radi sengol) Mbotensah tuku. ( Dhateng Rimang ) Wis tak
cepake ning mburi kae.
24. RIMANG
( Alus ) Nggih ndara.
25. MBOK SURO
Nek nyebut aku ora usah ndara. Bu.
26. RIMANG
( Alus ) Nggih Bu.
27. SURO
Bu. Babu apa ?
Rimang kesah. Dhateng malih sampun bekta nyamikan.
28. SURO
( Kemaki – Semangkeyan ) Jok.
29. RIMANG
( Alus ) Nggih, ndara.
Rimang kesah. Dhateng malih kaliyan bekta Poci.
30. SURO
( Kemaki – Semangkeyan ) Lape endi ?
31. RIMANG
( Alus ) Nggih ndara..
Rimang kesah malih. Dhateng bekta serbet.
32. SURO
( Kongkonan malih ) Sogokuntune kuwi endi ? Wah bodo
banget lo kowe kuwi. ?!
33. RIMANG
( Alus ) Nggih,..
34. MBOK SURO
( Menggak) Ora usah dijupuke. Wis kana, kowe ngaso kana.
( Dhateng Suro ) Sampeyan niku mbok ora semangkeyan
pakne. Kongkonan kok ora sisan ! Tar-tir Tar-tir.
35. SURO
Loh, ? Rimang kae abdiku je. Sing mbayar aku, je. Le tak
bayar kuwi yu mung tak nggo kongkonan je.
Karepe kon mbayar wong nganggur ? Teneh okeh wong
nganggur.
36. MBOK SURO
( Mangkel– Kesah ) Huh ! Kemaki !
37. SURO
( Sero ) Mbokne ! Mbokne !!
MbokSuro mboten ngrewes. Suro lajeng ngundhang Glowah-
Gloweh.
Glowah ! Gloweh !
Glowah-Glowehdhateng bekta buku catetan.
38. GLOWAH – GLOWEH
( Alus ) Onten napa kang Suro ?
39. SURO
( Kemaki ) Kang. Kakangmu apa ? Sak-iki nek nguturi aku
ndara.
Piye desa ngendhimeneh sing perlu dibantu ? Ning sing
mengko nyengkuyung aku lo ?
Glowah saha Gloweh lajeng buka buku catetan. Silent.
CUT TO :
ADEGAN : KA V. PLATARAN
SWASANA : GEMBIRA
IRINGAN : GENDHING DOLANAN
WANCI : ESOK
PROPERTI : SLENDHANG –TENGGOK - SAPU
PARAGA : 1. KONYIL
2. SARI
3. RADEN MAS CONTRENG
KATRANGAN : a. Konyil nyapu plataran sinambi nembang
lan jejogetan.
b. Dhatengipun Saribade wontenpasar.
01. SARI
Loh ?! lik. Ayo. Piye ta ? Jare kon ngampiri menyang pasar
esok. La kok lagi nyapu ?
02. KONYIL
Wah. Hiya je ndhuk. La aku kerinan je. Mau benginganti
wengi.
03. SARI
La kok nganti wengikuwi ngapa ta Lik ? Nglembur apa ?
04. KONYIL
Ora. Ning melu kumpulan neng nggone kang Wongsodriyo.
Sing rawuh kuwi piyayi-piyayi kutha lo Ndhuk.
Raden Ayu Satiti putra putrine kanjeng Adipati swargi wae
ya rawuh. Malah aku kon nyanyi nggo ngisi wektu sela.
05. SARI
Kowe ya nembang lik.
06. KONYIL
( Mantep ) Lo ? Cetha ! Bar nyanyi aku dikeploki wong okeh
banget je.
07. SARI
Merga ? Aoik ?
08. KONYIL
( Mantep ) Ho,ora ! Merga Fales ora cocokkaro iringane.
Dadio disoraki kon mendhun.
09. SARI
Wong nembang ora cocokkaro iringane wae kok mantep
banget ta lik kowe kuwi.
10. KONYIL
( Mantep ) We jarang lo ? Wong kewirangan ning mantep.
Nek ora aku.
Aku mendhun terus disalami Raden Ayu Satiti. Lo Piye. Nek
ora aku apa ana nyanyi ora pener ning malah disalami.
11. SARI
( Radi jengkel ) Embuh Lik. Terus isine dha ngumpul kuwi
apa Lik ?
12. KONYIL
( Mantep ) Wah, ha ora ngerti.? Ngertiku teka ya mung kon
ngrungoke.Melu nyanyi.
13. SARI
Ning kowe ya ngrungoke ?
14. KONYIL
( Mantep ) Ha ora ! Kuwi nek urusane piyayi-piyayi gede kae
ta ndhuk.
15. SARI
Lo, ya ora Lik. Merga kowe diundhang kuwi kowe supaya
ngomong.
Jalaran sak-iki kuwi kawula kaya kowe, aku lan sanak
kdhang kabeh iki dhuwe wenang nemtokake sapa bakal dadi
pengayomane awake dhewe. Lha.
Kowe mung kari arep nyengkuyung endising tok anggep isa
makili kowe. Nek biyen nak wis cetha.Endi sing putro
pembarep. Utawa nomer siji kuwi mesti sing dadi wakiling
kawula.Sak-iki ora.
16. KONYIL
Kuwi kudu ya Ndhuk. Nek aku wegah nyengkuyung ngono ya
ora oleh ya Ndhuk.
17. SARI
Ya sak-temene kuwi wewenangmuLik. Ning prayogane kowe
ya kudu nyengkuyung salah sijining calon.
Nek ora rugi kowe mengko.
18. KONYIL
Ah ya embuh mengko Ndhuk. Aku tak nggebyur dhisik.
Konyil lajeng kesah. Dhatengipun RadenMasContreng.
19. RADEN MAS CONTERNG
( Alus ) Nyuwun pangapunten. Kula bade,..
..
Sari noleh RM.Contreng kaget mriksani pasuryanipun Sari
ingkeng ayu lugu.
20. SARI
( Radi kaget – Nyawang ) Oh,..inijh. Bade nyuwun priksa
menapa ?
21. RADEN MAS CONTRENG
( Plegukan ) E,...nganu. Nama penjenengan sinten, Eh,..
Dalemipun,...
22. SARI
Nyuwun panganpunten.Penjenengan menika bade nyuwun
priksa nami kula menapa dalemipun sinten ?
23. RADEN MAS CONTRENG
( Radi gugup ) E,.. anu,.. Nama,... eh,.. Griya,...
23. SARI
Nyuwun sewu. Penjenengan menika sinten ta ?
24. RADEN MAS CONTRENG
( Taksih radi gugup ) Kula eh,.. aku Contreng. Raden Mas
Contreng.
25. SARI
( Radi kaget – Alon – Mikir ) Den Mas Contrenng ?
Eh,.. Nyuwun panganpunten Den Mas. Kula bade wonten
peken. Mindhakkesiangan.
( Dhateng Konyil – Sero ) Lik,.. ! Aku dhisik ya. Tak enteni
neng nggon sayuran!
26. RADEN MAS CONTRENG
( Mlenggong ) Ning,.... ?
Sari klipat kesah. Dhatengipun Konyil bekta tenggok. Dipun
cegatRM Contreng.
( Nyegah Konyil ) Eh,.. Nyuwun pangapunten Lik. Kula bade
nyuwun pirsa ?
Lare pawestriingkeng nembe kemawon menika wau sinten
njih ?
27. KONYIL
Nggih. O,.. nika wau namine Sari yogane Kang Suro. Tiyange
Den Mase Contreng.
Sing jarene ajeng nglenggahidampar Nogo Bondho nika lo ?
Mpun nggih kula selak ditunggu Sari .
Raden Mas Contreng mlenggong sajakgumun. Kok dadi
durung dha dingertini dening kawula Nogo Bondho.
ZOOM IN / CU : RADEN MAS CONTRENG.
SAMBET SERI II.
TOKOH PERAN DAN KARAKTER
CERITA
NGGAYUH PANGUWASA
NO
TOKOH PERAN
UMUR KARAKTER /
WATAK
1.
PARAMPARA 50-60 SUMANGGEM –
WIBAWA
2.
RADEN AYU
SATITI
30-35 WIBAWA-
TEGAS
3.
WONGSO
DRIYO
45-55 SUMANGGEM-
TEGAS
4.
RADEN MAS
CONTRENG
25-30 WIBAWA-
RONGEH
5.
SURO 45-55 NGOLOR-
SOMBONG
6.
SAPAR 40-50 ELA-ELU
7.
JOKO RIMANG 20-25 JUJUR-LUGU
8.
SARI 17-19 RADA CENTHIL
9.
GLOWAH- 40-45 HUMORIS
GLOWEH
10.
KONYIL 35-40 HUMORIS
11.
PARA
PAJINEMAN
17-50 VARIATIF
12.
MBOK SURO 35-45 RADA KERAS-
LUGU
NGGAYUH PANGUWASA
Cerita ini berawal dari turunya Pranatan baru hasil dari
Amandemen Pustaka Raja Nogo
Bondho.Dalam Pranatan baru terdapat Angger-angger yang
menyatakan Putra
pembarep atau putra nomer satu tidak otomatis menjadi
wakil kawula lenggah dampar
Nogo Bondho. Tapi yang berhak mewakili kawula adalah
yang mendapat dukungan terbanyak kawula Nogo Bondho.
Maka hal ini menjadi kekuatiran Raden Mas Contreng putra
nomer dua bila sampai dampar Nogo Bondho dimenangkan
oleh kawula.
Dengan dibantu Suro setelah sanggup menjadi tim sukses
Raden Mas Contreng,
Maka cerita ini bergulir. Menimbulkan berbagai macam
konflik
Raden Ayu Satiti putra nomer satu tidak merasa kuatir
dengan adanya Pranatan itu. Karena sebelumnya sudah
yakin bahwa
dirinya dapat meraih dampar Nogo Bondho menjadi
pengayom kawula.
Yang menjadi kekhawatiran justru apakah kawula sudah
memahami arti yang terkandung dan tata cara mendukung
salah satu
calon yang berhak manjadi wakilnya yang tertuang dalam
Pranatan baru Nogo Bondho.? Dan siapakah nantinya yang
dapat
kepercayaan kawula lenggah dampar Nogo Bondho ?
Silahkan mengikuti ceritanya.
ADEGAN : KA I. PLATARAN
SWASANA : GAYENG
IRINGAN : DHINAMIS
WANCI : ESOK
PROPERTI : BENDERAOBAR-ABIR
PARAGA : 1. PARA PAJINEMAN
2. WONGSO DRIYO
3. RADEN AYU SATITI
4. PARAMPARA
TRANGAN : a. Wongso Driyo nglempakaken Para Pajinemanlajeng
pun arak nyambut dhatengipun RadenAyu Satiti.
b. Para Pajineman saminjejogetan.
WONGSO DRIYO
( Mantep ) Ca leren dhisik ! Iki Raden Ayu Satiti wis tedhak.
02. PAJINEMAN II.
( Mantep – Sero ) Satiti ?! 3X
03. PARA PAJINEMAN
( Mantep – Sero ) Mantep ! 3X
04. RADEN AYU SATITI
( Sareh – Cetha ) Matur nuwun sanakkadhangku kabeh. Aku
ora ngira menawa. Ngantikaya ngene anggonmu
padha menehipangormatantumprap aku. Mula sak-iki aku
malah butuh ngertiapa sing tok karepake tumprap aku.
Dene sliramu kabeh padha njurung aku minangka dadi
badan wakiling kawula Nogo Bondho.
05. PAJINEMAN I.
( Mantep ) Inijih Nyuwun pangapunten. Yek-tosipun kula
sak-perangantaksih kepingin ngertos menapa Den Ayu Satiti.
Sak-estu saget ngluwarikacingkranganing kawula Nogo
Bondho sak-sampunipun lenggah dampar minangka dados
wakiling para kawula ingkang sak-estu ngantos dumugisak-
menika taksih bingung. Bade menapa ?
06. WONGSO DRIYO
Heh ! Kowe durung percaya marang kawegigkane DenAyu
Satiti ta ?
07. RADEN AYU SATITI
( Sareh – Mantep) Wis ben ora apa-apa paman Wongso
Driyo. Aku ngerti kekuatiraning kawula. Jalaran pancen
ngantisak-iki sak-perangan Parampara lan Nayaka durung
ana keng dianggep makili suaraning kawula. Nanging
ngganggep menapa isih mung nengenake butuhe dhewe.
08. PARA PAJINEMAN
( Saur manuk) Leres ! Pancen niku kasunyatane ! Ora ana
sing isa dipercaya !!!
09. RADEN AYU SATITI
( Dhateng para kawula ) Sanakkadhangku kabeh. Ing ngarep
aku wis nate ngendhika,
aku ora arep janji. Nanging menawa aku pancen tok
sengkuyung minangka dadi pengayomaning kawula Nogo
Bondho.
Aku bakal mbudidaya ngluwari apa sing gawe bingunging
kawula. Merga kanti cara apa wae durung bisa ngrampungke
perkara.
10. PAJINEMAN III.
( Mantep ) Menapa Den Ayu sagah, sak-derengipun sak-estu
dipun sengkuyung dening para kawula langkung
rumiyin tumut tanggeljawab paring ngertos kados pundi
caranipun kawula bade nyengkuyung salah satunggaling
pengayoman. Ingkang ngantos wekdalsak-menika taksih
katah kawula ingkang bingung.
11. RADEN AYU SATITI
Mestiwae saguh. Awit menawa kawula nganti bingung ora
ngerti carane nyengkuyung, kuwi tegese aku durung
bisa ngerti perkaraning kawula. Mula saka kuwi aku uga
ngaturiParampara supaya nylentrahake ngenaniPranata
anyar Nogo Bondho.
( Dhateng Parampara ) Bapa. Sumangga penjenengan kula
aturi paring ngertos ngengingipranatan anyar Nogo Bondho
ingkeng
sampun dipun sarujuki dening para Parampara lan Nayaka
Praja Nogo Bondho.
12. PARAMPARA
( Alus – Cetha ) Wonten ing serat Pranatan anyar ingkeng
sampun dipun sarujuki sedaya Parampara saha Nayaka
Praja
Nogo Bondho,Wonten angger-angger ingkeng ungelipun. “
Sok sapa-a ora mandhang Nayaka,Sentana lan kawula
dhuwe
wenang jumeneng minangka pangayomaning kawula.
Lanang, wadhon ora kudu anakpembarep keng ateges anak
nomer Siji, Loro,Telu
, Waton disengkuyung dening kawula ya kuwi ingkeng
wenang minangka dadi wakiling kawula lenggah dampar
Nogo Bondho.“
Menika babaraning Pranatan Anyar Nogo Bondho.
13. RADEN AYU SATITI
( Cepet nyahut – Mantep ) Menawingaten kula ugi taksih wenang
nglintir dampar
Nogo Bondha ?
14. PARAMPARA
( Alus – Cetha ) Sok-sintena. Menika ingkeng dipun sarujuki para
Parampara tuwin
Nayaka Praja Nogo Bondho.Ingkang sampunkacakup wontening
Pranatan anyar.
15. WONGSO DRIYO
( Mantep ) Piye ? Wis gamblang Ca ?! Menawa Den Ayu Satiti isih
dhuwe wenang
makili sliramu kabeh. Yen pancen sliramu percaya lan nyengkuyung
Den Ayu Satiti !
.
CUT TO :
ADEGAN : KA II. OMAH SUGIH
SWASANA : LUMRAH
IRINGAN : ILUSTRASI PERKUSI
WANCI : AWAN
PROPERTI : TEH POCI – NYAMIKAN – TENGGOK –
BLANJAN
KATRANGAN : a. Parareldialog Wongso Driyo.
01. MBOK SURO
( Parareldialog Wongso Driyo – Cetha ) Sing ajeng percaya
mawon sinten. !?
Wong nyatane pancendurung ana sing isa dipercaya. Napa
malih sak-niki sing kepingin dha disengkuyung niku akeh.
Dadi
malah gawe bingunging kawula.
02. SURO
( Nyruput wedhang ) Lha hiya sing disengkuyung kuwi ya
sing pancen dingerteni.
03. MBOK SURO
Le ajeng ngertitenane mawon pripun ? Wong ngertine nggih
mung saking gambar sing pating templek teng uwit lan
prapatannika.
Ning dereng nate ta ? Tiyang sing kepengin disengkuyung
niku nekani kawula.? Nepungke terusnapa sing ajeng
ditindhake.?
04. SURO
( Mantep ) Mulane kowe kudu manut aku nyengkuyung Den
Mas Contreng.
Wis mesti ora bakal kleru.
05. MBOK SURO
Sampeyan niku kok seneng bangetta nekkandha kudu.
Mbokampun dikulinake tembung kudu. Kudu niku padha
mawon meksa ta ?.
Kamangka atilan karep niku ora kena dikuduke je. Nek
pancenpiyayi niku isa dipercaya tenankanti tindhak-
tandhuksing kena nggo
patuladan. Ora dikuduke wae mesti disengkuyung kawula.
Ning nek mung dhuwe lara omong mawon sinten sing ajeng
percaya.
06. SURO
La piye le arep ngrobah uripmu nek karo ati lan karepmu
dhewe wae ora percaya.
07. MBOK SURO
Pancen angelje pakne. Nekati niki wis kebacut ora percaya.
Merga pun tumekdiapusi.
08. SURO
( Ngundhang Sari) Sari,... !
09. MBOK SURO
Sari teng pasar.
Dhatengipun Raden Mas Contreng.
10. RADEN MAS CONTRENG
( Alus ) Kula nuwun......
11. SURO
( Kaget gugub) Weh,.. Mangga,mangga Den Mas.. Kokinjih
mboten utusanrumiyin menawibade tindhak Rompog kula.
12. RADEN MAS CONTRENG
Pancen iki mau amung krenteking penggalihku kepingin aku
nliti kawula Nogo Bondho Dadisaktenane ora ana wigati apa-
apa kok.
13. SURO
Nanging kados pundi kemawon rak injih langkung prayogi
utusan paring pirsa langkung rumiyin. Dados kula sak-gotrah
saget
caos pasunggatan ingkeng limrah.
( Dhateng MbokSuro ) Mbokne !Kowe kuwi kok malah
mung dlongop wae ta ? Iki Raden Mas Contreng calon
pengayomaning
kawula Nogo Bondho (Dateng Contreng ) Nyuwun
pangapuntenDen Mas. Kula ngaturakensembahbekti
kunjuk.
14. RADEN MAS CONTRENG
Tak tampa bektimu.
15. MBOK SURO
Iki ta pakne Raden Mas Contreng.Kula ugi ngaturaken
sembah Den Mas.
16. RADEN MAS CONTRENG
Yoh ndhaktampa. Iki sapa ta ?
17. SURO
Menika simah kula Den Mas. Nyuwun pangapunten dereng
nate kula ajak sowan.
( Ngundhang Rimang ) Rimang,... !
18. RIMANG
( Mundhuk-mundhuk– Alus ) Dhawuh pakSuro...
19. SURO
( Radi alon ) Pak. Bapakmu apa ? Ndara. Awas angger muni
pak meneh.
20. RIMANG
( Alus ) Injih ndara.
21. SURO
Unjukan kagem Raden Mas Contreng. ( Dhateng DenMas )
Nyuwun pangapunten
Den Mas.Abdienggal. Dados taksih kedah dipun ajari. Lan
ugi dereng ngertos sinten ingkeng rawuh .
22. RADEN MAS CONTRENG
Ya ngenanikuwi lo ? Sing bakal tak pundhutake pirsa
marang sliramu. Kenapa kawula durung ngertimarang aku.
Jalaran
tindhaku mrene mau kuwi uga ketemu pawonganya sing
durung ngertimarang aku.. Banjur wis tekan ngendi
anggonmu
menehingertikawula ngenaniaku bakal nggayuh dampar
Nogo Bondho.
23. SURO
Menika namung dereng kemawon.Kula sampun ngrancang
bade ngempalaken kawula wonten griya kula mriki. Mangke
lajeng kula suwun penjenengan rawuh.
Paring pangandikan. Sampun kula pitados kawula bade
mongkokmanahipun.
24. RADEN MAS CONTRENG
Apa ora malah prayoga menawa ana ing Kasatriyan wae ?
25. SURO
( Mantep – Kemaki ) Wa,.. mboten ? Kawula malah ajrih
bade dhateng ?
26. RADEN MAS CONTRENG
Yo wis yen ngono. Banjur wragate pira mengko sliramu
matur wae. Ning nganu... aku arep mrene mau ketemu bocah
keng ngaku jenenge,..
. Sari. Apa bener kuwi yogamu ?
27. SURO
( Mantep ) Injih Den Mas. Wonten menapa ta ?
28. RADEN MAS CONTRENG
( Radi gugup ) Ora kok. Ora apa-apa. Yen ngono aku pamit
ya. Kapan wektune bakal ketemu kawula aku mung manut.
MbokSuro. Sapa jenengmu ? Rimang ? Aku pamit.
Raden Mas Contreng bakalkundur nanging ora kanyana-
nyana tekane Sari keng ya ora pati ngawaske keng pungka
sane nabrakDen Mas Contreng.Tenggoke tiba ndilalah
anggone bakalnjupuk tenggokbareng Den Mas ya arep
nulungi jupuk
tenggok. Den Mas lan Sari tatapan. Saridingkluk terus
mlayu mlebu.
Rimang mung nyawang meneng wae. Nanging atine duwe
rasa sujono.
Raden Mas Contreng nyawang terus pamit. Suro nganggep
Den Mas Contreng kepranan marang Sari. Suro banjur
mbisiki mbok Suro.
29. SURO
Mbokne.Mrene takkandhani.
30. MBOK SURO
( Dibisiki Suro – Sinis ) Huh,... !
MbokSuro ngidid lunga. Suro nututi.
Rimang ngadheg nyawang ning ngemu rasa sujono marang
Den Mas Contreng.
CUT TO :
ADEGAN : KA III. KASATRIYAN
SWASANA : NGLANGGUT
IRINGAN : ILUSTRASI PERKUSI
WANCI : ESOK
PROPERTI : LAYANG
PARAGA : 1. RADEN MAS CONTRENG
2. SAPAR
3. WONGSO DRIYO
KATRANGAN : a. PararelScene/AdeganKa II.
b. CU : Raden Mas Contreng ngalamun
nyawang tebih.
01. SAPAR
( Alon – Nyembah ) Kula ingkeng sowan Den Mas...
02. RADEN MAS CONTRENG
( Radi kaget ) Oh,.. Kene,kene Sapar sowanmu rada maju
kene.
03. SAPAR
Injih sendhika Den Mas. ( Maju – Nyembah – Lungguh )
Sowan kula nglarapaken kakang Wongso Driyo ingkeng bade
sowan nandalem Den Mas.
04. RADEN MAS CONTRENG
Hiya, hiya ndhak keparengake Sapar. Mangga Wa. Njanur
gunung sowankula bade wontenkawigaten menapa Wa ?
05. WONGSO DRIYO
( Nyembah – Alus ) Injih nyuwun pangapunten Den Mas.
Sowan kula menika, kula dipun utus Den Ayu Satiti sakperlu
maringaken
nawala kunjuk penjenengandalem.
06. RADEN MAS CONTRENG
KangmbokSatiti ? Kok kadingaren layang-layang barang.
Injih kula tampi Wa.
07. WONGSO DRIYO
Lan kula supados nengga pangandika dalem ngengingi serat
menika Den Mas.
Wongso driyo lajeng nyaosaken serat.
Sak-sampunipun serat pun waos dening Den Mas Contreng
08. RADEN MAS CONTRENG
( Mantep ) Wa Wongso Driyo. Kula sampun ngertos
surasanipun serat menika. Pramila Wa Wongso Driyo kula
aturi matur
kangmbokSatiti. Bilih kula mboten sagetnyengkuyung
kangmbokSatiti nggayuh dampar Nogo Bondho.
Jalaran kula ugi dipun sengkuyung para kawula Nogo
Bondho supadoslenggah dampar minangka badal wakilipun
kawula Nogo Bondho.
Malah menawikersa kangmbokSatiti kemawon ingkeng
nyawiji kaliyan kula. Nata kawula Nogo Bondho. CUT TO :
ADEGAN : KA IV. PLATARAN
SWASANA : RAME
IRINGAN : DHINAMIS
WANCI : AWAN
PROPERTI : GENDERAOBAR-ABIR
PARAGA : 1. PARA PAJINEMAN
2. WONGSO DRIYO
3. SAPAR
4. PARAMPARA
KATRANGAN : a. Para Pajinemansami nengga
dhatengipun Wongso Driyo.
01. PARA PAJINEMAN
( Koor - Sero – Mantep ) Pokoke Satiti ! Pokoke Satiti !
Pokoke Satiti.
02. PAJINEMAN I.
( Mantep – Sero ) Satiti !
03. PARA PAJINEMAN
( Koor – Mantep ) Mantep!!!
Dhatengipun Sapar.
04. SAPAR
( Mangkel– Sero ) Heh ! Bubar ! Bubar !!! Hayo. Isa bubar
ora. ?!
05. WONGSO DRIYO
( Rada sareh ) Dhek Sapar. Sampeyan ora isa mbubarke
wong-wong iki. Jalaran iki tanda kastyaning kawula marang
piyayi sing
arep disengkuyung. Lan iki uga ora nyalahi Angge-engger
kang kapacakana ing Pranatan anyar Nogo Bondho.
06. SAPAR
Sing kandha nekniki mboten nerakangger-angger Pranatan
anyar sinten ? Sampeyan niku mbok nyimak sing tenan.
Sepisan tiyang-tiyang
sampeyan niki dha ora duwe palilah saking Nayaka Praja
ngenanile dha kumpul. Kaping pindho niki wewengkone
sinten ?
Niki wewengkone Den MasContreng. Nekajeng loap-laop
nggih teng wewengkon sampeyandhewe mrika.
07. WONGSO DRIYO
Kula ngertinek niki wewengkone Den Mas Contreng.Ning
Sampeyan nggih nyimak. Nek sampeyan ora isa mbubarke
wong-wong niki.
Dede wewenang sampeyan nglarang tiyang sami kumpul lan
ngumpul.
08. SAPAR
( Jengkel) Pun kula ora butuh kekucah sampeyan. Sak-niki
sampeyan saget mbubarakentiyang-tiyang sampeyan
mboten.?
09. WONGSO DRIYO
( Tegas ) Mboten! Nek kula ora isa mbubarke terus ajeng
napa ?
10. SAPAR
( Tegas ) Nek sampeyan ora isa kepeksa ajeng kula bubarke
kanti peksa.!
Para Pajineman lajeng pating clebung. Swasan dados panas.
Dhatengipun Paramapara nyapih.
11. PARAMPARA
( Sero – Cetha – Wibawa ) Cukup ! Cukup ! Apa
rumangsamu neknganggo cara nggunake kekuatankaya
ngono kuwi banjur rampung apa ?
Anane Pranatananyar kuwi aja tok maknani kaya ngene iki.
Pancen Pranatan anyar kuwi menehikelonggaran marang
kawula Nogo Bondho.
Ning apa ya kudu kelonggaran kuwi banjur ora ana batese ?
Aja kebablasen ta, anggone maknanikelonggaran. Kabeh
pancenduwe wenang.
Merga sakiki wewenang kuwi wis ana tanganing kawula.
Ning nganggo tepa silara. Empan papan. Ngono ya ngono
ning aja ngono.
Wis ayo bubar kabeh.
Wongso Driyo. Sliramu kudu bisa ngendhake wong-wongmu.
Merga sliramu sing dituake dening wong-wongmu. Lan kowe
Sapar.
Yen ana apa-apa kowe uga ora kena tumindhakdhewe.
Nanging diaturake sing dhuwe wenang.
12. WONGSO DRIYO
Injih ngestokaken dhawuh.
13. SAPAR
Nggih sendika.
Para Pajineman lajeng sami kesah.
CUT TO :
ADEGAN : KA V. OMAH SUGIH
SWASANA : ROMANTIS
IRINGAN : ROMANTIS
WANCI : BENGI
PARAGA : 1. RIMANG
2. SARI
3. SURO
4. MBOK SURO
KATRANGAN : a. Rimang ngalamun jengkel atine.
b.Sari dhateng. Rimang ngertos Sari
dhateng lajeng bade kesah.
01. SARI
( Radi sero ) Kakang. Kakang Rimang. Arep menyang ngendi
?
02. RIMANG
( Ngampetmangkel) Bade ngrampungaken pedamelan.
03. SARI
( Radi ngungun) Lo, kakang ? Kok nganeh-anehita ? Ana
apa ta kakang ?
04. RIMANG
( Ngampetmangkel) Mboten wonten menapa-menapa kok.
Sampun.
05. SARI
( Menggak) Kosik ! Salahku apa kakang ? Kok kowe dadi
beda anggoninanggapiaku.
06. RIMANG
( Tatag ) Nyuwun pangapunten.Kula pancen mboten
drajatipun caket penjenengan. Mas Roro langkung pas
menawicaket Den Mas Contreng.
07. SARI
( Lega ) O,..kuwi ta perkarane.Kakang Rimang. Cethane
kakang sujono marang aku ta.Merga aku ketemu Den Mas
Contreng.
08. RIMANG
Aku ora sujono. Nanging aku ngrumaksani. Sarung Jagung.
Bobotku apa kok aku wani nresnanikowe. Aku mung jejere
batur,
kamangka kowe putrane bendaraku.
09. SARI
Kakang. Tresna keng suci kuwi ora merga bondho lan donya.
Nanging kasetyan lan kapercayankuwi keng utama. Dadiaku
nresnani
kakang kuwi merga aku percaya menawa kakang kuwi setya.
Lha kakng negesitresna kuwi mung merga bondho lan donya
? Teges
kakang durung ngertitresna keng sejati. Kakang. Aku nate
sumpah setya marang kakang. Jiwa ragaku tak pasrahke sak-
wutuhe.
Nanging menawa kurang percaya ya ora apa-apa.Pancenaku
keng kurang pantes nresnanikakang.
10. RIMANG
( Rumangsa salah ) Waduh. Nekngono aku sing salah
nangkep tresnamu Sari.
Aku luput.Aku durung bisa ngerti katresnan keng sejati. Aku
njaluk pangapura Sari....
11. SARI
( Cepet nyahut ) Ning ngapa ? Isih durung percaya ta ?
12. RIMANG
Percaya, percaya. Sari. Kapan kabagyan iki isa dadi
kasunyatan. Ora mung tansah sesideman. Yen ngrasake kaya
ngene iki
kaya-kaya selak kepingin dadi kasunyatan je.
Coba sawangen. Wulan purnama katone njurung marang
katresnan iki.
Gandrung. Romantis. Rampung gandrung dhatengipun Suro.
Ngertos Sarilan Rimang nembe andhon tresna Suro nesu.
13. SURO
( Tajem ) Sari...
14. SARI
( Kaget – Radi ajrih ) Pak,... ?
15. SURO
( Ngampetnesu ) Kaya ngono kuwi ta ? Nek aku ora neng
ngomah ?
16. RIMANG
( Alon – Tatag ) Nyuwun pangapunten ndara.Matur bares
kemawon menawisak-estu kula tresna dhateng Sari. Sari ugi
tresna dhateng kula.
Mila menawiwonten kepareng ipun kula nyuwun lilah lan
pangestu.Saribade kula ajak gesang bebrayansesarengan.
17. SURO
( Ngampetnesu ) E,..m. Dadi kowe tresna marang Sari? Sari
uga tresna marang kowe Pancen wis lumrahe menawa wis
padha tresnane kuwi Banjur mbangun bale omah. Nanging
banjur arep tok pakani apa ? Apa kowe isa nuruti
kesenengake Sari ?
Sari kuwi anaklo ? Anake wong sugih. Dadi aku wenang
milih mantu.
18. RIMANG
Injih kados pundi kemawon kula bade mbudidaya amrih
saget nyekapikabetahantiyang omah-omah. Ingkang baku
kula tresna Sari ugi tresna.
19. SURO
Tak kandhaniya Rimang. Wong bebojoan kuwi ora mung
cukup pawitan tresna ! Nanging bondho donya kuwi
rangkeane.
Rimang, Rimang. Bebet bobotmuwae apa kowe wani
nyenengianaku. Apa bandhamu kuwi wis kena nggo nambak
kali. Apa ?
Batur wae kemlinthi. Mbokngrumangsaninek drajatmu
kwui mung gedibal pitulikur.
Hayo minggat ! CUT TO :
ADEGAN : KA VI. PLATARAN
SWASANA : LUMRAH
IRINGAN : IKUSTRASI STRESSING
WANCI : BENGI
PROPERTI : KEPRUKAN
PARAGA : 1. GLOWAH
2. GLOWEH
3. RIMANG
4. SAPAR
KATRANGAN : a. Parareldialog Suro
01. GLOWAH
( Nyekeli sikili Gloweh ) Waduh. Nyuwun pangapunten
Rama.
02. GLOWEH
( Kados Wrekudara ) Nek kowe ora gelem dhaup tak ajar !
Piye Tot gelem ora ?
03. GLOWAH
( Takon ) Kok Tot ? Jenengku sapa ta ?
04. GLOWEH
Kowe kuwi kocape dadiGatotkaca.Aku Wrekudara.
Wrekudara kuwi nek ngundhang Gatotkaca mung disingkat
Tot.
Wah jan bodo kok dipilihara.
( Wrekurada – Mantep ) Piye Tot kowe kudu manut aku.
Dhaup karo putri pilahanku.
05. GLOWAH
( Kados Gatotkaca ) Nyuwun pangapuntenRama. Kula derek
sagah ngladosiwanita. Kula taksih bade nerusaken kuliah.
07. GLOWEH
( Kados Wrekudara ) Sepisan menah. Gelam ora. Nek ora
gelem tak ajar tenan lo,?
08. GLOWAH
( Kados Gatotkaca ) Kula dereng siap berumah tangga Rama.
09. GLOWEH
( Kados Wrekudara ) Gelem ora ? Tak ajar nek kowe ora
gelem manut aku.
10. GLOWAH
( Kados Gatotkaca ) Mboten Rama.
11. GLOWEH
( Kados Wrekudara ) Gelem ra ?!
12. GLOWAH
( Kados Gatotkaca ) Mboten.
13. GLOWEH
( Kados Wrekudara – Mantep– Nggebuk) Gelem ra ! Ayo
kudu gelem !
14. GLOWAH
( Mangkel) Bubar ! Bubar. Dadi Gatotkaca rong menit isa
gagar otakaku. Bubar !
15. GLOWEH
Lo ? Jarene ngleluri kabudayan. KokMutungan ? Critane
kuwi pancen ngono kuwi je.
16. GLOWAH
Ha teneh penaksing dadi Wrekudara. Aku Wrekudarane.
Kowe Gatotkaca.
17. GLOWEH
Wis, ? Isa tenan dadiWrekudara. Yo wis. Aku Gatotkacane.
(Gatotkaca ) Kula Rama..
18. GLOWAH
( Kados Wrekudara – Mantep) Kowe arep takdhaupke Tot.
Gelam ra.
19. GLOWEH
( Kados Gatotkaca ) Dhaup Rama. Kaliyan sinten Rama.
20. GLOWAH
( Kados Wrekudara – Mantep) Karo Ellis. Ya karo
Sembadra wah jan pekok. Lem ra
21. GLOWEH
( Kados Gatotkaca ) Injih sagah Rama. Sak-menika kemawon
mangga enggalpun dhaupaken. Rama.
22. GLOWAH
( Kados Wrekudara – Mantep) Kowe gelem tenan ?
Gandheng Sembadra durung gelem kowe takdhaupake
marang
putri liyane ya gelem ? Hayo gelem ora.
23. GLOWEH
( Kados Gatotkaca ) Waduh,... Sagah Rama.
24. GLOWAH
( Wrekudara – Mantep ) Gelem ?! Putrine dhuwe lara Mengi
tur Aid. Piye ? Gelem ?
25. GLOWEH
( Kados Gatotkaca ) Mangke rumiyin Rama kula pikire. Injih
sampun purun Rama.
Glowah mangkel merga ora isa mbales nggebuki Gloweh.
Mutung.
26. GLOWAH
( Mangkel– Mutung ) Bubar ! Kapan lehku isa mbales
nggebuki. Nek Gatotkacane cluthak. Waton putri gelem.
27. GLOWEH
Mulane dadi wong kuwi sing pinter. Ora mung pinter akal
ning ya kudu pinter ngakali.
Kamangka sesukkuwi Den Mas Contreng nakarep
ngumpulke kawula. Menehibantuan lan ngenalke menawa
Den Mas Contreng kuwi ya maju, nyalon. Aku krungu kowe
kang sing menehi ngertipiye cara milih nggo nyengkuyung
Den Mas Contreng.
28. GLOWAH
( Kemaki ) Hu,... gampang nekmung kon nggenahke carane
milih. Kecil Dim. Angger di coblos gambare DenMas
Contreng nakberes.
29. GLOWEH
Ngawur ! Sak-iki wis ra model dicoblos. Ning di centhang.
Dhatengipun Rimang..
30. RIMANG
( Nubruk Glowah ) Pak,.. ! Patenana wae aku pak. Patenana
aku !
31. GLOWAH
( Radi bingung ) Lo ? Kosik ta. Teka-teka kopknjuur kon
matenikuwi nalare piye. ?
32. RIMANG
Pokoke aku patenana pak.
33. GLOWAH
Aku kuwi dudu jagal. Kok kon mateni.Genahe kuwi je heh ?
34. RIMANG
Pokoke nekaku ora sida rabi. Aku trima mati pak.
35. GLOWEH
E,..gene mung njaluk rabi. Mbokya dirabeke ta kang.
36. GLOWAH
Di rabeke ya dirabeke. Ning karo sapa. Wong Rimang
durung tahu kandha aku je.
37. GLOWEH
Hiya le. Rabi kuwi rabi karo sapa ? Apa kowe wis dhuwe
calon apa ? Terus sapa le.
40. RIMANG
Sari.
41. GLOWAH
( Kaget ) Heh ?! Mbokeling ta le, le.. Kowe kuwi anake sapa.
Anak batur wae kok ya arep ngepekanake juragane.
Cecaknguntalblack. Sengara kelakone.
42. GLOWEH
Ya ora terus ngono kuwi kang. Jan ma tan kina ing ngina.
Apa meneh jaman sak-iki. Waton bocahe wis padha geleme.
Wong tuwa kuwi arep ngapa ta ?
43. GLOWAH
Aku ngerti. Weh. Bocah wis padha seneng. Ning sing angel
kuwi rak malah wong tuwane. ? Hiya ora ? Aku ora sanggup
!
44. RIMANG
Ya wis pak. Nek pancenbapakora saguh. Wis dadis
sumpahku. Aku luwung mati yen ora klakon urip bareng
Sari. Aku pamit mati Pak !
Rimang bade nglalu dipun nggondheli Glowah -Gloweh.
Sapar dhateng menggak.
45. SAPAR
Heh ! ? dingapa iki. ?!
46. GLOWAH
Anaku iki arep nglalu kang Sapar.
47. SAPAR
Lha kok arep nglalu kuwi genahe ngapa ?
48. GLOWAH
Njaluk rabi ning aku ora isa nuruti.
49. SAPAR
Gene mung njaluk rabi. Kok ngantidirewangi nglalu.
Dirabeke rak beres ta ?
50. GLOWAH
Beres. Neksing arep dirabi kuwi anake wong lumrah. Ha
Rimang kuwi kepingin rabi karo Sari anake kang Suro je.
Apa ora malah kewirangan nek aku nglamarke. Wong
watake kaya ngana kae. Lgi mendhem kuasa. Mendhem
Bandha.
51. SAPAR
Anak polah bapa kepradah. Nekmung kuwi
perkarane.Gampang.Sesukkowe melu aku.
ADEGAN : KA VII. KASATRIYAN
SWASANA : LUMRAH
IRINGAN :
WANCI : ESOK
PARAGA : 1. RADEN MAS CONTRENG
2. SAPAR
3. GLOWAH - GLOWEH
5. RIMANG
6. SURO
7. SARI
KATRANGAN : a. Den Mas Contreng ngalamun nyawang
tebih..
01. SAPAR
( Alon – Alus ) Kula ingkeng sowan Den Mas.
02. RADEN MAS CONTRENG
( Radi kaget ) Eh,.. ?! Sliramu Sapar ? Kene,kene lungguh
kene.
03. SAPAR
( Alus ) Injih sampun Den Mas. Wonten mriki kemawon.
04. RADEN MAS CONTRENG
E,... ora apa-apa. Kene lungguh kene. ( Sapar lajeng kenggah
kursi )
Ana apa Sapar ? Kok sajak ana wigati.
05. SAPAR
Injih nyuwun pangapunten DenMas. Sowankula menika
bade nglarapaken Glowah.
06. RADEN MAS CONTRENG
Glowah kuwi sapa ?
07. SAPAR
Glowah menika tiyangipun kang Suro. Menapa kepareng
kula undhang mriki kemawon supados matur piyambak
wonten ngersa panjenengan Den Mas.
08. RADEN MAS CONTRENG
Yo wis timbalana sowan mrene.
Sapar lajeng nyowanaken Glowah-Gloweh saha Rimang.
09. SAPAR
Menika Den Mas
10. RADEN MAS CONTRENG
( Radi ngungun) Lo, ? Kowe menawa ora kleru abdine Suro
ta ?
11. RIMANG
Injih leres Den Mas.
12. RADEN MAS CONTRENG
La, Glowah sing diaturke Sapar kuwi sing endi ?
13. GLOWAH
Kula Den Mas.
14. RADEN MAS CONTRENG
Banjur arep dhuwe wigati apa kowe sowan aku.
15. GLOWAH
Injih nyuwun pangapunten DenMas. Yek-tosipun kula bade
nyuwun iguh pertikel amrih kula mboten kecalan anak.
16. RADEN MAS CONTRENG
Kosik ta. Nalare kuwi kepiye kok nganti arep kelengan anak
?
16. GLOWAH
Anak kula menika nyuwun supados kula nglamaraken.
Kamangka ingkang kapurih nglamar menika anakipun ndara
Suro.
Menapa injih kelampahan ndara Suro menika bade
mangestonilan marengakenanakipun pikantuk anakkula.
17. RADEN MAS CONTRENG
Apa wis tok coba kowe kandha karo Suro ?
18. GLOWAH
Dereng DenMas. Nanging anakkula menika malah sampun
kadenanganmenawisambet tresna kaliyan Sari anakipun
ndara Suro.
19. RADEN MAS CONTRENG
( Kaget ) Dadi Sari yogane Suro kuwi sambung tresna karo
anakmu ta ?
Lha sak-iki endi anakmu ?
20. GLOWAH
( Nuding Rimang ) Menika anak kula Den Mas. Rimang
naminipun.
Den Mas Contreng mlenggong nyawang Rimang sak-
sampunipun ngertosRimang menika pacanganipun Sari.
Glowah mendhelsekedhap.
Lajeng,....
21. RADEN MAS CONTRENG
( Cepet nyahut - Exspresif ) Terus, terus !?
22. GLOWAH
Lajeng ndara Suro nesu. Rimang dipun usir. Menika
aturipun anak kula Den Mas.
Kamangka Rimang aumpah luwung pejah menawimboten
kelampahan gesang bebrayan kaliyan Sari.
Menapa menika mboten ategeskula bade kecalan anak.Den
Mas. Pramila sumangga kula pasrah amrih saenipun Den
Mas.
23. RADEN MAS CONTRENG
Hiya ngono apa, Rimang ?
Sapar lejeng matur dhateng DenMasContreng. Alon kados
bisik-bisik
24. SAPAR
( Alon ) Nyuwun pangapunten DenMas. Rimang menika
nem-neman ingkeng dipun suyuti tiyang-tiyang Banaran nem,
menapa dene sepuh.
25. RADEN MAS CONTRENG.
( Alon – Mantep– Cetha ) Nanging kuwi perkara sing ora ana
sambunge karo anggonku nggayuh dampar Nogo Bonbdho,
Sapar ?!
26. SAPAR
( Alon – Cetha ) Wonten Den Mas. Menawipenjenengan
kecalan Rimang sami kemawon penjenengan kecalan tiyang
ingkeng bade
nyengkuyung penjenengan.
Kamangka banaran menika kekiyatan penjenengan anggen
penjenenganbade nggayuh dampar Nogo Bondho.Menawi
kula saenipun
injih dipun iguhaken. Manawimboten, Nandalem piyambak
ingkeng tuna.
27. RADEN MAS CONTRENG
( Mendel– Menggalih lebet ) Yen ngono timbalan Suro lan
Sari supaya ngadhep aku.
Kowe kabeh takkeparengake sesingidan ana ing pungkuran
dhisik kana.
Glowah-glowehlan Rimang mlebet. Sapar dhateng kaliyan
Suro lan Sari.
29. RADEN MAS CONTRENG
Mestine kowe kagetndhaktimbali supaya ngantiSari. Ca
blaka wae Suro. Aku sak-wise mriksani lan ngertimenawa
Sari kuwi yogamu.
Aku banjur kepingin mundhut mlebu Sari ana ing
Kapangeranan. Piye Suro. Apa kowe nglilakake Sari tak
pundhut
mlebu ana ing Kapangeranan ?
Yen ora tok ulungake. Ya ora apa-apa ? nanging nyen kowe
lila ngulungake Sari, ya sing iklas tulusing bathin.
30. SURO
( Mantep ) Sak-glugut kolang-kaling pinara sosro manah
kula mboten bade nolakpangandika dalem.
Kula namung pasrahsumangga kersa menawisak-estu
penjenenganngersakaken anakkula mlebet wontening
Kapangeranan. DenMas.
Sumangga kula ulungaken kanti tangan kula sekawan.
31. RADEN MAS CONTRENG
Yoh tak trima banget aturmu. Iki disekseni Sapar. Lan sing
baku sineksenan Gusti allah.
Kandhamu kowe ikhlas lahir bathin Sari tak pundhut.
32. SURO
( Mantep ) Sak-estu Den Mas. Kula iklhas lahir bathin Sari
penjenengankersakaken. Sumangga bade
penjenengandadosakenjuru dhang juru penginang kula
iklhas !
33. RADEN MAS CONTRENG
Yen ngono sak-iki resmi Sari tak pundhut. Wis pasrah tenan
ta ? Ora gela ?
34. SURO
( Samsaya mantep ) MbotenDen Mas ! Sak-estu lila legawa
iklhas lahir bathin.
35. RADEN MAS CONTRENG
Nek pancen ngono Sari dadi wewenangku. Sarikowe wis
mireng ta. Yen kowe wis diparingake aku.
Merga kersaku kepingin mundhut, kowe. ( Sari namung
mendel)
Sapar, timbalanan tamuku kae mau. ( Suro kaget Rimang
wonten kapangeranan)
Kowe wis tepung apa, karo tamuku iki ? Kok katone kaget
sak-wise ngerti.?
34. SURO
( Alon – Getem-getem ) Sampun Den Mas.Menika batur
kula.
35. RADEN MAS CONTRENG
Sapar, Glowah-Gloweh lan kabeh sing ana ing kene. Kowe
kabeh minangka seksi menawa dina iki.
Kanti resmi Sari bakal tak Dhaup, ke karo Rimang.!
Sarujuk ?!
Sedaya sami sarujuk. Namung Suro ingkeng mboten sarujuk.
36. SURO
( Mantep – ngadhek) Aku ora sarujuk. ! Anakku di dhaupke
karo gedibalku !
37. RADEN MAS CONTRENG
Suro. Ing ngarep kowe wis ngulungake Sari kanti iklhas
marang aku. Dadi sak-iki Sari wis dudu wewenangmu.
Nanging aku sing wenang dhawuhSari.
38. SURO
( Mantep ) Nanging menika namung akal-akalan Den Mas.
Penjenangan namung bade dameldolanan kula.
Penjenengan sengaja mirang-mirangakenkula ! Sumpah kula
Sari mboten bade kula dhaupaken Gedibalala menika !
Kula akeni manawi Sari sampun kula caosaken penjenengan
!. Pramila kula ugi mboten bade selak.
Nanging ginanipun menapa kula nyengkuyung penjenengan
menawipenjenengan sampunnatoniati kula.
Pramila wiwit dinten menika kula mboten bade nyengkuyung
penjenengannggayuhDampar Nogo Bondho !
Jalaran kula ugi wenang lenggah dampar Nogo Bondho.
wiwit dinten menika kula ugi bade nggayuhpanguwasa !
R A M P U N G

More Related Content

Featured

2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot
Marius Sescu
 
Everything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTEverything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPT
Expeed Software
 
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsProduct Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Pixeldarts
 
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
ThinkNow
 
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
marketingartwork
 
Skeleton Culture Code
Skeleton Culture CodeSkeleton Culture Code
Skeleton Culture Code
Skeleton Technologies
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
Neil Kimberley
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
contently
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
Albert Qian
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Kurio // The Social Media Age(ncy)
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Search Engine Journal
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
SpeakerHub
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next
Tessa Mero
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Lily Ray
 
How to have difficult conversations
How to have difficult conversations How to have difficult conversations
How to have difficult conversations
Rajiv Jayarajah, MAppComm, ACC
 
Introduction to Data Science
Introduction to Data ScienceIntroduction to Data Science
Introduction to Data Science
Christy Abraham Joy
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best Practices
Vit Horky
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project management
MindGenius
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
RachelPearson36
 

Featured (20)

2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot
 
Everything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTEverything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPT
 
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsProduct Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
 
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
 
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
 
Skeleton Culture Code
Skeleton Culture CodeSkeleton Culture Code
Skeleton Culture Code
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
 
How to have difficult conversations
How to have difficult conversations How to have difficult conversations
How to have difficult conversations
 
Introduction to Data Science
Introduction to Data ScienceIntroduction to Data Science
Introduction to Data Science
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best Practices
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project management
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
 

Blog ngengingi pendidikan

  • 1. Blog ngengingiPendidikan, Basa, Sastra, lan Kabudayan Selasa, 02 Desember 2014 Naskah KetoprakDenmas Contreng (Nggayuh Panguwasa) DENMAS CONTRENG PARAMPARAMACALAYANG PRANATAN ( INTRODUCING) 01. PARAMPARA ( Mantep – Cetha ) Kula. Parampara kadipaten Nogo Bondho kinen maosaken pranatan anyar tumprap kadipatenNogo Bondha. Sepisan : Mungguhing Praja pancen kudu ana pengayomaning kawula. Kanggo Nata,Mranata amrih karahayoning Praja. Kapindho : Merga jaman lan kahanan wis beda, mula sak- lengserku besok, Aku ora bakal matah Sentana utawa Nayaka gumantikelungguhanku. minangka pengayomaning kawula. Kabeh mau tak pasrahake marang Punggawa mudhune kawula amrih langgenging Praja Nogo Bondha Katelu : Minangka pengayomaning kawula ora mung wenange para Sentana lan Nayaka Praja. Nanging kawula uga duwe wenang dadi pengayomaning kawula. Jalaran jejering pengayomanora mung kudu pinter lan sugih bandha donya. Nanging kudu wani ngiwakake kawigatening pribadi Nengenake kebutuhaning kawula MLEBET : CRAEDIT TITLE
  • 2. CUT TO : ADEGAN : KA I. PLATARAN SWASANA : RAMAI IRINGAN : DINAMIS WANCI : ESOK PROPERTI : TOYA 4. PARAGA : 1. PAJINEMAN KATRANGAN : a. Pajineman Sodriyan sami gladen olah beladiri 01. WONGSO DRIYO ( Mantep ) Cukup anggone padha gladen. Iki aku ndhereke Den Ayu Satiti sak perlu bakal ketemu marang kowe kabeh. ( Dhateng Satiti ) Mangga Den Ayu. Raden Ayu Satiti mlampah nengah. Para Pajinemansami lenggah ( Leter U ) 02. RADEN AYU SATITI ( Alus – Mantep – Cetha ) Para Pajineman lan sanak kadhangku kabeh. Wektu iki aku pancen kepingin ketemu marang kowe kabeh. Sak-perlu tak jak ngermbug ngenanikadipaten Nogo Bondho sak-surute rama dipati Nogo Bondho. Uga ngenanipranatan anyar keng wis kapacakana ing Nogo Bondho.
  • 3. 03. PAJINEMAN I. ( Mantep – Sero ) Kula kinten perkawis pranatan enggal menika namung damelanipun sak-perangan tiyang ingkeng mboten remenmenawi Den Ayu Satiti ingkeng ngasto kawibawan wonten ing Nogo Bondho. ( Dhateng tiyang-tiyang ) Bener ora Ca !!! 04. PARA PAJINEMAN ( Saur manuk – Mantep – Sero ) Bener,... !!! 05. PAJINEMAN II. ( Mantep – Sero ) Yektosipun tanpa prenatanmenika penjenengan ingkang wenang jumeneng lenggah dampar wontening Nogo Bondho. Jalaran penjenenganmenika putro ingkeng mijil pembarep. Ateges nomer setunggal.!Dados sampun trep lan wenang menawi penjenengannglintir lenggah dampar lan mranata kawula Nogo Bondho. ( Dhateng para Pajineman – Mantep ) Hiya ora Ca !!! 06. PARA PAJINEMAN ( Saur manuk – Mantep - Sero ) Cocok!!! 07. PAJINEMAN III. Mantep – Sero ) Pramila dipun gugat kemawonPranatan anyar menika. ! Kedah dipun cabaraken. ! ( Dhateng para Pajineman) Piye Ca !? Sarujuk ..?! 08. PARA PAJINEMAN ( Saur manukpating clebung – Mantep ) Sarujuk !!! Gugat kon mbatalke wae ! 09. WONGSO DRIYO
  • 4. ( Nyabarake para Pajineman sing pating clebung ) Sabar Ca. Sabar . Sareh ta ?! Kabeh mau isa dirembug ora tumindhak dhewe-dhewe. Takkira ngenanipranatan anyar kuwi wis di penggalih dening Den Ayu Satiti. ( Dhateng Satiti ) Injih ta Den Ayu ? 10. RADEN AYU SATITI ( Alus – Cetha ) Pancenperkara pranatananyar kuwi ora gampang di cabarake. Jalaran wis dadi sarujukane para Parampara lan Nayaka Praja. Nanging yen kowe kabeh mercaya aku lan njurung aku nglintir dampar Nogo Bondho ? Mula ayo bareng nyawiji nggemblengke tekat piye amrih dampar Nogo Bondho kuwi ora tiba wong sing mung kepingin kuasa. Mung pitakonku. Apa sekirane kowe kabeh padha gelem manunggalnyawiji karo aku nggayuh dampar Nogo Bondho. 11. PARA PAJINEMAN ( Saur manuk – Mantep ) Sagah !!! 12. RADEN AYU SATITI Yen ngono wiwit dina iki aku bakal mbudidaya bareng karo kowe kabeh Nggayuh dampar Nogo Bondho.Nanging aku ora arep janji apa-apa Merga aku ora bisa gawe raharjaning Nogo Bondho tanpa kowe kabeh cancuttali wandha ! CUT TO :
  • 5. ADEGAN : KA II. DALEM KASATRIYAN NOGO BONDHO SWASANA : AGUNG IRINGAN : AGUNG WANCI : ESOK PROPERTI : LAYANG PARAGA : 1. RADEN MAS CONTRENG 2. SURO 3. SAPAR KATRANGAN : a.. Raden MasContreng mboten jenjem penggalihipun 01. SURO ( Nyembah ) Kula ingkeng sowan Den Mas. 02. RADEN MAS CONTRENG Kene, kene maju sowanmu Suro lan sliramu Sapar 03. SURO – SAPAR ( Nyembah – Mantep ) Nuninjih sendika Den Mas. 04. RADEN MAS CONTRENG ( Alon – Cetha ) Sak-tenane anggonku nimbali sliramu supaya sowan iki, aku butuh titimbanganmu. 05. SURO ( Nyembah – Alus ) Titimbangan perkawis menapa DenMas ? 06. SAPAR ( Nyembah ) Injih. Perkawis menapa ta Den ? 07. RADEN MAS CONTRENG
  • 6. ( Ngulungke layang marang Suro ) Ngenanipranatananyar keng wis kapacak. Bab angger-angger keng wenang dadi wakiling kawula kanti lenggah dampar Nogo Bondho 08.SURO ( Cepet nyahut – Cetha ) Perkawis mboten kedah putro pembareputawiputro nomer setunggalingkang wenang dados pengayomaning kawula ta ? Nanging sinten ingkang dipun sengkuyung kawula menika ingkang wenang nglenggahi dampar Nogo Bondho.. 09. RADEN MAS CONTRENG ( Mantep ) Bener Suro. Ya kuwi sing njalari jibeging atiku. 10. SURO Lo, kok saget Jibeg ? Ingkang dipun penggalih kemawon menapa ? 11. RADEN MAS CONTRENG Yen ngantimengko dampar kuwi tiba kawula, merga unine Angger-angger keng kapacakana Pranatananyar kuwi ? “ Sok-sapa-a ora mandeng Sentana lan kawula duwe wenang makili kawula lenggah dampar minangka dadi pengayomaning kawula Nogo Bondho. Waton disengkuyung dening kawula. “ Menawa kuwi kelakon ? Banjur kawula keng lenggah dampar Nogo Bondho ? Aku banjur kepiye ? Apa aku ya kudu nyembah kawula kuwi mau Suro. 12. SURO Ngatenkemawonkok repot ! ( Dhateng Sapar ) Yo ra Par ?! 13. SAPAR ( Sak-kepenake ) Ha hiya...
  • 7. 14. SURO Pranatan menika malah saget dados mergipenjenengan lenggah dampar Nogo Bondho. ( Dhateng Sapar ) Hiya ra Par ? 15. SAPAR ( Sak-kepenake ) Ha hiya,... 16. SURO Kowe kuwi kok mung hiya-hiyo ta Par. Mbokmelu matur nek duwe penemu. Piye iguh pertikele. Ora mung hiya-hiyo ! 17. SAPAR Nek iguh pertikel kuwi aku percaya nekkowe luwih pinter isa hooss,... ! Aku mengko Kor-lap wae, ngertine golekwong tak kon milih Den Mas Contreng. Bres. 18. SURO ( Cepet munggel) Huss ! 19. RADEN MAS CONTRENG Ora Suro ? Nalare piye kok malah dadi dalanku kanggo lenggah dampar Nogo Bondho? 20. SURO Nalaripun ? Menawiangger-engger menika mboten wonten? Tangeh penjenengansaget lenggahdampar Nogo Bondho minangka pengayomaning kawula. Jalaran rikala eyang dalem swargi menika, pranatansampun kapacakwontening Pustaka raja. “ Putro pembarep. utawa nomer Siji. Ya kuwi sing gumanti nata. “
  • 8. Kamangka jejer penjenenganputro ingkeng dede pembarep ta ? tangeh lamun. Injih ta ? Nanging sak-menika margi Angger-engger Pranatan anyar menika, kabuka kagem penjenengan jumeneng nata ing Nogo Bondho (Dhateng Sapar) Hiya Par ? Bener ora ? 21. SAPAR Leres ! Pokokipun sak-menika wis ora model urut kacang. !Nomer-nomeran !Nomer : Siji, Loro, Telu,...menika sampun ora kudu sing dadi. Ning sing dadi niku endi sing Dhuwite akeh, lan disengkuyung kawula, ya kuwi sing dadi. Bener ngono ta Kang ? 22. SURO ( Radi jengkel ) Huus..! Lambemu kuwi ! Omong kok ndhadakdicethak-cethake 23. RADEN MAS CONTRENG Nanging piye aku isa disengkuyung dene kawula ? Aku ngrumaksanikurang cedhakmarang kawula. Beda menawa kangmbokSatiti saben dinane tansah caketkawula. 24. SURO Lo kantun caranipun ta Den Mas. Jer basuki mawa beya. Kawula Nogo Bondho menika pancenkula akeni wis dha pinter. Nanging taksih katah keringkihanipun. Angger muni ana dhum-dhuman, reguduk! Nyawa wis ora dianggep. La menika kantun dipun tingali kemawon. Sisih Wetan kurang apa ? Sembako ? Mbyuki sembako. Kulon kurang Sandhang ? Byuki sandhang. Lor kurang Pupuk? Byuki pupuk. Kidul byuki menapa, ngaten kemawon.Jalaran Kawula Nogo Bondho menika dha seneng menawidipun biyantu. Sing
  • 9. mlarat seneng.Sing sugih ya melu ngaku mlarat, lo pripun ? Aneh ta ? 25. RADEN MAS CONTRENG Yen ngono aku kudu tarung karo kangmbokSatiti ngenani dampar Nogo Bondho iki ? 26. SURO ( Mantep ) Nyuwun pangapunten DenMas.Ngengingi panguwasa menika ora ana Sanakkadhang lan sedulur sing langgeng. Ora ana mungsuhsing langgeng.Wontipun namung kabetahaningkeng langgeng. Endi sing dibutuhke ya kuwi sing dicedhaki. 27. SAPAR ( Mantep – Cetha ) Pokoke jaman sak-niki niku sing penting kepentingan ! 28. SURO Kowe kuwi kok iyig wae ta. 29. SAPAR Lo,? Lha hiya ta Kang. Jamane kuwi wis beda. Saiki kuwi wis ora ana wong tetengukentukgetuk. Tegese tanpa mbudidaya ora bakal oleh panguwasa.Ada uang ada barang ! 30. SURO Omonganmukok malah ngladrah... 31. RADEN MAS CONTRENG Ya wis ! Pira beya kanggo kelakonku nggayuh dampar Nogo Bondho takpasrahke marang kowe ! CUT TO : ADEGAN : KA III. PLATARAN SWASANA : GEMBIRA
  • 10. IRINGAN : PARAREL ADEGAN II. WANCI : AWAN PROPERTI : KANTONG - DHUWIT KRICIK PARAGA : 1. GLOWAH 2. GLOWEH 3. SURO KATRANGAN : a. Parareldialog Raden MasContreng 01. GLOWEH ( Parareldialog Den Mas Contreng – Mantep ) Wis, kowe pasrah aku. 02. GLOWAH La arep pasrah sapa wong kancaku ya mung kowe je. 03. GLOWEH Mulane kudu isa ngulir budi. Jaman sak-iki kuwi ora isa njagake gaweyan. Golekgaweyankuwi angel-angelgampang. Sing diutamakan Titel. Arepa ora isa ngapa-ngapa watontitele S III. Apa meneh nganggo diembel-ebeli Profesor wis senadyan dudu bidange mesti oleh kedudukan. 04. GLOWAH Ning pengalaman ya penting lo Weh. 05. GLOWEH Sing kandha sapa ? Pengalaman jaman sak-iki kuwi nomer pat belas. Mula Nogo Bondho kene okeh piyayi pinter ning kawulane remuk. La sing dioyak mung titel je. Dadi entekneng sinau ning ora ana karyane. Hiya ora ? Kapan le arep berkarya nekmung ngoyaktitel.
  • 11. Ngantituwa ya mung sinau terus. Basanwis lulus ya wis tuwa. Sing diendelke mung teori,..terus. Prakteke.Huu,...Nol. 06. GLOWAH Hiya ya. Ha ning kuwi kebutuhan pokokje. Ngoyak titel kuwi nggo ngunggahke pangkat lan bayar. Arep munggah pangkate lan mundhakbayare kuwi syarate, Titel. 07. GLOWEH Ya kuwi sing marahi Nogo Bondho kene iki ora maju. Titel mung nggo syarat ngunggahke pangkatlan drajat. Ning ora nggo kebutuhaning kawula. Awake dhewe kuwi wis pirang tahun le nyambut gawe.Merga ra dhuwe titel,ya ora bakal mundhak kelungguhane.Beda karo cah wingi sore sing lagi oleh titel langsung dadi pengarep. Wis sak-iki ngrembug nasibpe awake dhewe wae.Ora usah golek gaweyan. Wong awake dhewe ora mangan sekolahan.Apa meneh lagi okeh buruh sing di PHK. Punggawa sing di incer KPK. Sak- iki kuwi kudu gawe lapangan kerja. Dodol. 08. GLOWAH Dodol apa ? Saingane okeh. Adol program ya wis akeh sing ora percaya. 09. GLOWEH La hiya piye carane. Waton pinter le ngecap. Mestipayu. Aku arep dodol sega gudeg. Warung P P L Kang Gloweh. 10. GLOWAH P P L kuwi apa ?
  • 12. 11. GLOWEH Pembrantas Perut Lapar. Gambar ku mengko arep tak pasang neng ngendi-endi. Neng uwit.Neng prapatan Pokoke uwit karo prapatansak-iki sing nunggu dudu dhemit ! Ning gambarku. Lo piye, kreatif ta ? Isih tak tambah umbul- umbul ro baliho. 12. GLOWAH Apik kuwi. Ning ngganggu.Aku ora arep dodolpanganan wae kok wong arep mangan kuwi nek ora sehat sengara doyan mangan.Aku arep dodol obat-obatanwae.Kuwi mesti payune. Jalaran sak-iki akeh wong sing ora sehat. Ya awake. Ya pikirane. Apa menah nek konanganle korupsi lara. Ning ya kuwi lara dasar. Dasare arep endha. 13. GLOWEH Payu lan orane kuwi mung gumatung tawane. Gloweh lajeng nawakaken daganganipun. ( Mantep ) Bapak. Ibu sanak kadhang kula sedaya. Mangga kula aturi mampir dhateng warung kula. Warung P P L Pembrantas Perut Lapar Kang Gloweh. Menunipun Gudeg. Cocokkaliyan hawanipun. Sekulipun anget.Gudegipun Jos. ! Langkung eco malih menawidipun lawuhi mawi,.. 14. GLOWAH ( Cepet nyahut – Cetha ) Tensoplas ! Tensoplas menika ginanipun kangge nutup tatu lecet. Menawi penjenengannggagem sepatu anyar njur mlecet, menika sae menawidipun Tensoplas. Caranipun ingkang mlecet dipun resiki rumiyin mawi,...
  • 13. 15. GLOWEH ( Cepet nyahut – Cetha ) Dada Menthok. Ayam kampung. Menika eco sakestu. Anggenipun masakbumbunipun komplit. Wonten salam laos.dipun masakgurih Lajeng supados langkung eco lan sedep dipun tambahimawi,... 16. GLOWAH ( Cepet nyahut – Cetha ) Salep ! Salep menika saget kangge nambaniKadas kudis lan ugi saget kangge nambatisakit mata. Mata abang. Belekenmenawidipun salep mesti mboten ndangu bade mantun.Caranipun nambani, Mripat dipun resiki rumiyin mawi,... 17. GLOWEH ( Cepet nyahut – Cetha ) Sambel Goreng !. SambelGoreng menika pancen jodonipun Gudeg. Dahar sega gudeg tanpa sambelgoreng rasane cemplang. SambelGoreng kula menika sambel goreng krecek. Tolo. Kajengipun saya pedes dipun tambahimawi,... 18. GLOWAH ( Cepet nyahut – Cetha ) Betadin ! Betadin utawi Yudium menika kangge mencegahinfeksi, Tatu anyar. Amergi dawah. Kepenges cepet garing menawidipun sukani Betadin utawiYudium. Caranipun gampil. Menawipenjenengandawahutawikepenges panggenan tatu kala wau dipun resiki rumiyin lajeng dipun tetesimawi ,...... 19. GLOWEH ( Cepat nyahut – Cetha ) Areh ! Areh menika waton santenipun santen kanil, kentel, Mestimak nyuss,.. ! Rasanipun.
  • 14. Sego gudeg lawuhipun dada menthokditambah mawi,.. 20. GLOWAH ( Cepet nyahut – Cetha ) Pinisilin. ! 21. GLOWEH ( Mangkel) Heh Glowah ! Kowe ora waton tawa lo. Nek ngono kuwi jenenge ngrusakdaganganku. Apa ana Sego gudeg kon ditambahi pinisilin. 22. GLOWAH Sing jarak kuwi ya kowe ! Lara mripat kuwi tambahne ditetesi obat mata kok ditetesi sambel goreng. Terus rasane piye kuwi matane nekditetesi sambelgoreng. Glowah lan Gloweh lajeng padu rame. Gelut. Dhatengipun Suro misah 23. SURO ( Misah anggenipun sami gelut ) Heh,.heh,.ana apa iki heh ? Wong tuwa-tuwa kok dha gelut. Padu ! Kowe wis dha pinter apa ? kok wani padu karo gelut. Padu lan gelut Kuwi ben dadi gaweyane wong sing wis dha pinter kae wae. 24. GLOWEH Sinten sing mboten mangkelKang Suro. Mosoksega gudeg kok dicampur Salep. 25. SURO ( Nyalahke Glowah ) Kowe kuwi ya ngawur. Sega gudeg kok dicampur salep 26. GLOWAH
  • 15. Sak-niki sing ngawur sinten. Nekbeleken. Lara mata kok ditetesi sambel goreng. 27. SURO ( Nyalahke Gloweh ) Nek kuwi sing ngawur kowe Weh. Gloweh. Lara mata kok ditetesi sambel goreng . Kuwi apa ora malah ilang matane. 28. GLOWEH Sak-niki nek sampeyan dahar sego gudeg arehe kentelterus dicampuri Sol-patilamit pripun ? Terus lawuhe Tensoplas. Apa isa mangan wong lambene di Tensoplas. 29. GLOWAH ( Mangkel) Yo ben wong tatu mlecet kok diresiki nganggo dada menthok. 30. GLOWEH ( Nesu ) Merga kowe sing ngawur. ! Endi ana sambel goreng kok ditambahi Betadin. Glowah – Gloweh lajeng padu malih. Gelut. 31. SURO ( Misah ) Heh ! heh uwis ta !. Sak-iki endi Gudegmu sing dicampuri salep. Lan endi pasienmu sing matane ditetesi sambel goreng. Takejoli. Sing lara tak ragatane. 32. GLOWEH Endi hayo. Pasienmu sing tatune di resiki nganggo dada menthok 33. GLOWAH Sak-iki gudegmusing dicampuri Sol-patilamit. Kuwi endi hayo. ?
  • 16. 34. SURO Heh ! Endi ta ? Gudegmu ! Pasienmu ! 35. GLOWEH ( Cengengesan) Anu,... niki wau nembe umpama kok. 36. GLOWAH Enggih kok kang Suro. Niki wau nembe wacana kok. 37. SURO Ooo,... Iki mau mung dha lagi mbayangke ta. Mulane uwong kuwi aja seneng mbayangke. Ning bayanganmukuwi mau bisa dadi kasunyatan. Kowe kepingin dodol Gudeg ta ? Lan kowe Glowah kepingin adol obat. Kabeh mau bakal kelakon. Malah ora mung warung gudeg. Ning Rumah makan. Kowe ya ora mung kios obat. Ning Apotek. 38. GLOWAH ( Mantep ) I,..yak! Tenane kang Suro. Napa enggih kula isa bukak Apotek? 39. GLOWEH Enggih kang Suro. Sing kangge pawitan mawonnapa. Nggo mangan wae kurang je. 40. SURO Waton kowe gelem melu aku nyengkuyung Den Mas Contreng nggayuh dampar Nogo Bondho. Mestikelakon gegayuhanmu. CUT TO : ADEGAN : KA IV. OMAH SUGIH SWASANA : ROMANTIS IRINGAN : ROMANTIS
  • 17. WANCI : BENGI PROPERTI : TEH POCI – NYAMIKAN PARAGA : 1. RIMANG 2. SARI 3. SURO 4. MBOK SURO KATRANGAN : a. Dialog Rimang parareldialog Suro. 01. RIMANG ( Parareldialog Suro – Cetha ) Sak-estu menapa.? Kula namung anakipun pak Glowah Abdi penjenengan. Kamangka penjenenganmenika putranipun pak Suro tiyang sugih ! Ingkang dipun pitados dening Raden MasContreng calon pengayomaning kawula Nogo Bondho. Menapa injih ingkeng bapa marengaken lan mengestonipenjenengan gesang bebrayan kaliyan kula.? 02. SARI Kowe ora usah kuwatir Rimang. Mengko yen ana wektu sing apik aku keng bakal matur bapak. Menawa aku tresna marang kowe. Ning kowe tresna marang aku tenan ta ? Tresna ora ? Nek ora ya wis. ! 03. RIMANG ( Ngondheli ) Injih mangke rumiyin ta ? Kula matur blaka njih ? Kula ugi tresna. 04. SARI ( Centhil – Manja ) Gombal ! Tresna kok basa. 05. RIMANG Lha kula kedah kados pundi ?
  • 18. 06. SARI Ya ora usah basa. Kaku je. 07. RIMANG Injih sampun. Eh ! Ya wis aku ora basa. Aku tresna marang sliramu Sari. Sari noleh mesem nyaket Rimang. Gandrung. Romantis. Rampung gandrung, mireng MbokSuro kaliyan pak Suro wawan rembag. Sari kaliyan Rimang lajeng sami kesah. PakSuro mekdal kaliyan bekta cangkir. Lenggah.Kemaki. 08. SURO ( Nyruput wedang – Kemaki ) Iki ya mung kendhel- kendhelan ta ? 09. MBOK SURO La sampeyan ta sing marahi kendhel niku. Gawe wedang wae kon nganggo teh celup. Nekuwis dicelupke terus dipepe. Mengko dienggo gawe meneh. Ora usah masakwerna-werna cukup ngoreng gerehben tanggane mambu. Urip kuwi kudu prihatin. Sak-madyo merga jamane lagi ngrekasa. Sak-niki kok kadingaren. Wedangan mawon kudu Ginastel nganggo nyamikan. Mbokngelingi sak-ngisore awake dhewe niku taksih katah sing ngrekasa. Mung butuh sak-emplokan mawon direwangi totohane nyawa. 10. SURO ( Sak-penake ) Salahe mlarat. 11. MBOK SURO
  • 19. Lo, ? Kok nyalahke ?! Sampeyan niku aja angger mung nyalahke. Ngendiana wong urip kok nggayuh mlarat. Nggih punggawane niku sing marahi kawulane mlarat ! 12. SURO Heh, kowe aja nyalahke punggawane lo ? 13. MBOK SURO ( Cepet nyahut – Cetha ) Kula niku ora nyalahke punggawane. Ning coba sampeyan penggalih ta. Nogo Bondho niki sugih lo ? Apa-apa duwe. Sarwa ana. Lenga. Beras.Emas. Iwak. Ning kula ajeng dadenmawon goleklenga ndhadakngantri. Beras mundhakmerga rabuke ra ana. Iwak ora diopeni dadi dha dicolongi wong bengkanane. Emas.? Dhuwe kula ya mung mas Suro. Pripun ? Sinten sing ajeng disalahke. Kawula ? 14. SURO Mula aku nyengkuyung DenMas Contreng lenggah dampar minangka pengayomaning kawula kuwi merga Den Mas Contreng bakalmenehi kelungguhan aku ? manut aku. 15. MBOK SURO O,.. Sampeyan Njurung niku merga sampeyan dhuwe karep ta ? Oleh kalungguhan ? Kula sarujuk. Sae. Waton kelungguhan niku bener-bener arep kanggo makmuring kawula lo ? Ning nek kelungguhan niku mung ajeng nggo blendhuke wetenge dhewe lan kanca-kancane, ngapusikawula, Kula nomer siji sing ajeng mriksa Sampeyan! 16. SURO
  • 20. Nah ngono kuwi sing jenenge bojo. Kudu manut sing lanang. Sing lanang ngalor ya melu ngalor. Sing lanang ngidul ya kudu melu ngidul. Ora sing lanang ngetan sing wedhokngulon. Kapan ketemune.Kudu manut ! 17. MBOK SURO Sing nguduke sinten ? Ngoten niku lo kula sing ora.seneng. Durung kelakon oleh kelungguhan wae wis meksa lan nguduke. Mengko nekwis oleh samyaya le kemaki. Nek kula ora manut sampeyanbab niki terus sampeyan anggepmungsuhnapa ? nggih ?Napa nekora manut lan beda panemu niku terus mungsuh ? 18. SURO Mungsuh ! Merga Den Mas Contreng kudu dadi pengayomaning Nogo Bondho ! Nek ora ? Kapan lehku arep oleh kelungguhan. Mula kudu ! 19. MBOK SURO ( Cepe nyahut ) Sampeyan niku apalane kok mung kudu ta ? Naskahe isine mung kudu napa ? Kudu niku tegesa meksa lo.? Kamangka jamane pun mboten jaman peksan. Kawula diwenehi wenang kanggo nyengkuyung sing pancen kena disengkuyung. 20. SURO ( Jengkel– Sengol) Wis, wis ! Omong karo kowe kuwi ora ana menange. Ngeyel! ( Ngundhang Rimang. ) Mang. Rimang. ! 21. RIMANG ( Mundhuk-mundhuk) Kula ndara,..
  • 21. 22. SURO ( Kemaki ) Tukokna nyamikan kana Mang. 23. MBOK SURO ( Radi sengol) Mbotensah tuku. ( Dhateng Rimang ) Wis tak cepake ning mburi kae. 24. RIMANG ( Alus ) Nggih ndara. 25. MBOK SURO Nek nyebut aku ora usah ndara. Bu. 26. RIMANG ( Alus ) Nggih Bu. 27. SURO Bu. Babu apa ? Rimang kesah. Dhateng malih sampun bekta nyamikan. 28. SURO ( Kemaki – Semangkeyan ) Jok. 29. RIMANG ( Alus ) Nggih, ndara. Rimang kesah. Dhateng malih kaliyan bekta Poci. 30. SURO ( Kemaki – Semangkeyan ) Lape endi ? 31. RIMANG ( Alus ) Nggih ndara..
  • 22. Rimang kesah malih. Dhateng bekta serbet. 32. SURO ( Kongkonan malih ) Sogokuntune kuwi endi ? Wah bodo banget lo kowe kuwi. ?! 33. RIMANG ( Alus ) Nggih,.. 34. MBOK SURO ( Menggak) Ora usah dijupuke. Wis kana, kowe ngaso kana. ( Dhateng Suro ) Sampeyan niku mbok ora semangkeyan pakne. Kongkonan kok ora sisan ! Tar-tir Tar-tir. 35. SURO Loh, ? Rimang kae abdiku je. Sing mbayar aku, je. Le tak bayar kuwi yu mung tak nggo kongkonan je. Karepe kon mbayar wong nganggur ? Teneh okeh wong nganggur. 36. MBOK SURO ( Mangkel– Kesah ) Huh ! Kemaki ! 37. SURO ( Sero ) Mbokne ! Mbokne !! MbokSuro mboten ngrewes. Suro lajeng ngundhang Glowah- Gloweh. Glowah ! Gloweh ! Glowah-Glowehdhateng bekta buku catetan. 38. GLOWAH – GLOWEH ( Alus ) Onten napa kang Suro ?
  • 23. 39. SURO ( Kemaki ) Kang. Kakangmu apa ? Sak-iki nek nguturi aku ndara. Piye desa ngendhimeneh sing perlu dibantu ? Ning sing mengko nyengkuyung aku lo ? Glowah saha Gloweh lajeng buka buku catetan. Silent. CUT TO : ADEGAN : KA V. PLATARAN SWASANA : GEMBIRA IRINGAN : GENDHING DOLANAN WANCI : ESOK PROPERTI : SLENDHANG –TENGGOK - SAPU PARAGA : 1. KONYIL 2. SARI 3. RADEN MAS CONTRENG KATRANGAN : a. Konyil nyapu plataran sinambi nembang lan jejogetan. b. Dhatengipun Saribade wontenpasar. 01. SARI Loh ?! lik. Ayo. Piye ta ? Jare kon ngampiri menyang pasar esok. La kok lagi nyapu ? 02. KONYIL Wah. Hiya je ndhuk. La aku kerinan je. Mau benginganti wengi. 03. SARI La kok nganti wengikuwi ngapa ta Lik ? Nglembur apa ?
  • 24. 04. KONYIL Ora. Ning melu kumpulan neng nggone kang Wongsodriyo. Sing rawuh kuwi piyayi-piyayi kutha lo Ndhuk. Raden Ayu Satiti putra putrine kanjeng Adipati swargi wae ya rawuh. Malah aku kon nyanyi nggo ngisi wektu sela. 05. SARI Kowe ya nembang lik. 06. KONYIL ( Mantep ) Lo ? Cetha ! Bar nyanyi aku dikeploki wong okeh banget je. 07. SARI Merga ? Aoik ? 08. KONYIL ( Mantep ) Ho,ora ! Merga Fales ora cocokkaro iringane. Dadio disoraki kon mendhun. 09. SARI Wong nembang ora cocokkaro iringane wae kok mantep banget ta lik kowe kuwi. 10. KONYIL ( Mantep ) We jarang lo ? Wong kewirangan ning mantep. Nek ora aku. Aku mendhun terus disalami Raden Ayu Satiti. Lo Piye. Nek ora aku apa ana nyanyi ora pener ning malah disalami. 11. SARI ( Radi jengkel ) Embuh Lik. Terus isine dha ngumpul kuwi apa Lik ? 12. KONYIL
  • 25. ( Mantep ) Wah, ha ora ngerti.? Ngertiku teka ya mung kon ngrungoke.Melu nyanyi. 13. SARI Ning kowe ya ngrungoke ? 14. KONYIL ( Mantep ) Ha ora ! Kuwi nek urusane piyayi-piyayi gede kae ta ndhuk. 15. SARI Lo, ya ora Lik. Merga kowe diundhang kuwi kowe supaya ngomong. Jalaran sak-iki kuwi kawula kaya kowe, aku lan sanak kdhang kabeh iki dhuwe wenang nemtokake sapa bakal dadi pengayomane awake dhewe. Lha. Kowe mung kari arep nyengkuyung endising tok anggep isa makili kowe. Nek biyen nak wis cetha.Endi sing putro pembarep. Utawa nomer siji kuwi mesti sing dadi wakiling kawula.Sak-iki ora. 16. KONYIL Kuwi kudu ya Ndhuk. Nek aku wegah nyengkuyung ngono ya ora oleh ya Ndhuk. 17. SARI Ya sak-temene kuwi wewenangmuLik. Ning prayogane kowe ya kudu nyengkuyung salah sijining calon. Nek ora rugi kowe mengko. 18. KONYIL Ah ya embuh mengko Ndhuk. Aku tak nggebyur dhisik. Konyil lajeng kesah. Dhatengipun RadenMasContreng.
  • 26. 19. RADEN MAS CONTERNG ( Alus ) Nyuwun pangapunten. Kula bade,.. .. Sari noleh RM.Contreng kaget mriksani pasuryanipun Sari ingkeng ayu lugu. 20. SARI ( Radi kaget – Nyawang ) Oh,..inijh. Bade nyuwun priksa menapa ? 21. RADEN MAS CONTRENG ( Plegukan ) E,...nganu. Nama penjenengan sinten, Eh,.. Dalemipun,... 22. SARI Nyuwun panganpunten.Penjenengan menika bade nyuwun priksa nami kula menapa dalemipun sinten ? 23. RADEN MAS CONTRENG ( Radi gugup ) E,.. anu,.. Nama,... eh,.. Griya,... 23. SARI Nyuwun sewu. Penjenengan menika sinten ta ? 24. RADEN MAS CONTRENG ( Taksih radi gugup ) Kula eh,.. aku Contreng. Raden Mas Contreng. 25. SARI ( Radi kaget – Alon – Mikir ) Den Mas Contrenng ? Eh,.. Nyuwun panganpunten Den Mas. Kula bade wonten peken. Mindhakkesiangan. ( Dhateng Konyil – Sero ) Lik,.. ! Aku dhisik ya. Tak enteni neng nggon sayuran! 26. RADEN MAS CONTRENG
  • 27. ( Mlenggong ) Ning,.... ? Sari klipat kesah. Dhatengipun Konyil bekta tenggok. Dipun cegatRM Contreng. ( Nyegah Konyil ) Eh,.. Nyuwun pangapunten Lik. Kula bade nyuwun pirsa ? Lare pawestriingkeng nembe kemawon menika wau sinten njih ? 27. KONYIL Nggih. O,.. nika wau namine Sari yogane Kang Suro. Tiyange Den Mase Contreng. Sing jarene ajeng nglenggahidampar Nogo Bondho nika lo ? Mpun nggih kula selak ditunggu Sari . Raden Mas Contreng mlenggong sajakgumun. Kok dadi durung dha dingertini dening kawula Nogo Bondho. ZOOM IN / CU : RADEN MAS CONTRENG. SAMBET SERI II. TOKOH PERAN DAN KARAKTER CERITA NGGAYUH PANGUWASA NO TOKOH PERAN UMUR KARAKTER / WATAK
  • 28. 1. PARAMPARA 50-60 SUMANGGEM – WIBAWA 2. RADEN AYU SATITI 30-35 WIBAWA- TEGAS 3. WONGSO DRIYO 45-55 SUMANGGEM- TEGAS 4. RADEN MAS CONTRENG 25-30 WIBAWA- RONGEH 5. SURO 45-55 NGOLOR- SOMBONG 6. SAPAR 40-50 ELA-ELU 7. JOKO RIMANG 20-25 JUJUR-LUGU 8. SARI 17-19 RADA CENTHIL 9. GLOWAH- 40-45 HUMORIS
  • 29. GLOWEH 10. KONYIL 35-40 HUMORIS 11. PARA PAJINEMAN 17-50 VARIATIF 12. MBOK SURO 35-45 RADA KERAS- LUGU NGGAYUH PANGUWASA Cerita ini berawal dari turunya Pranatan baru hasil dari Amandemen Pustaka Raja Nogo Bondho.Dalam Pranatan baru terdapat Angger-angger yang menyatakan Putra pembarep atau putra nomer satu tidak otomatis menjadi wakil kawula lenggah dampar Nogo Bondho. Tapi yang berhak mewakili kawula adalah yang mendapat dukungan terbanyak kawula Nogo Bondho.
  • 30. Maka hal ini menjadi kekuatiran Raden Mas Contreng putra nomer dua bila sampai dampar Nogo Bondho dimenangkan oleh kawula. Dengan dibantu Suro setelah sanggup menjadi tim sukses Raden Mas Contreng, Maka cerita ini bergulir. Menimbulkan berbagai macam konflik Raden Ayu Satiti putra nomer satu tidak merasa kuatir dengan adanya Pranatan itu. Karena sebelumnya sudah yakin bahwa dirinya dapat meraih dampar Nogo Bondho menjadi pengayom kawula. Yang menjadi kekhawatiran justru apakah kawula sudah memahami arti yang terkandung dan tata cara mendukung salah satu calon yang berhak manjadi wakilnya yang tertuang dalam Pranatan baru Nogo Bondho.? Dan siapakah nantinya yang dapat kepercayaan kawula lenggah dampar Nogo Bondho ? Silahkan mengikuti ceritanya.
  • 31. ADEGAN : KA I. PLATARAN SWASANA : GAYENG IRINGAN : DHINAMIS WANCI : ESOK PROPERTI : BENDERAOBAR-ABIR PARAGA : 1. PARA PAJINEMAN 2. WONGSO DRIYO 3. RADEN AYU SATITI 4. PARAMPARA TRANGAN : a. Wongso Driyo nglempakaken Para Pajinemanlajeng pun arak nyambut dhatengipun RadenAyu Satiti. b. Para Pajineman saminjejogetan. WONGSO DRIYO ( Mantep ) Ca leren dhisik ! Iki Raden Ayu Satiti wis tedhak. 02. PAJINEMAN II. ( Mantep – Sero ) Satiti ?! 3X 03. PARA PAJINEMAN ( Mantep – Sero ) Mantep ! 3X 04. RADEN AYU SATITI ( Sareh – Cetha ) Matur nuwun sanakkadhangku kabeh. Aku ora ngira menawa. Ngantikaya ngene anggonmu
  • 32. padha menehipangormatantumprap aku. Mula sak-iki aku malah butuh ngertiapa sing tok karepake tumprap aku. Dene sliramu kabeh padha njurung aku minangka dadi badan wakiling kawula Nogo Bondho. 05. PAJINEMAN I. ( Mantep ) Inijih Nyuwun pangapunten. Yek-tosipun kula sak-perangantaksih kepingin ngertos menapa Den Ayu Satiti. Sak-estu saget ngluwarikacingkranganing kawula Nogo Bondho sak-sampunipun lenggah dampar minangka dados wakiling para kawula ingkang sak-estu ngantos dumugisak- menika taksih bingung. Bade menapa ? 06. WONGSO DRIYO Heh ! Kowe durung percaya marang kawegigkane DenAyu Satiti ta ? 07. RADEN AYU SATITI ( Sareh – Mantep) Wis ben ora apa-apa paman Wongso Driyo. Aku ngerti kekuatiraning kawula. Jalaran pancen ngantisak-iki sak-perangan Parampara lan Nayaka durung ana keng dianggep makili suaraning kawula. Nanging ngganggep menapa isih mung nengenake butuhe dhewe. 08. PARA PAJINEMAN ( Saur manuk) Leres ! Pancen niku kasunyatane ! Ora ana sing isa dipercaya !!! 09. RADEN AYU SATITI ( Dhateng para kawula ) Sanakkadhangku kabeh. Ing ngarep aku wis nate ngendhika, aku ora arep janji. Nanging menawa aku pancen tok sengkuyung minangka dadi pengayomaning kawula Nogo Bondho.
  • 33. Aku bakal mbudidaya ngluwari apa sing gawe bingunging kawula. Merga kanti cara apa wae durung bisa ngrampungke perkara. 10. PAJINEMAN III. ( Mantep ) Menapa Den Ayu sagah, sak-derengipun sak-estu dipun sengkuyung dening para kawula langkung rumiyin tumut tanggeljawab paring ngertos kados pundi caranipun kawula bade nyengkuyung salah satunggaling pengayoman. Ingkang ngantos wekdalsak-menika taksih katah kawula ingkang bingung. 11. RADEN AYU SATITI Mestiwae saguh. Awit menawa kawula nganti bingung ora ngerti carane nyengkuyung, kuwi tegese aku durung bisa ngerti perkaraning kawula. Mula saka kuwi aku uga ngaturiParampara supaya nylentrahake ngenaniPranata anyar Nogo Bondho. ( Dhateng Parampara ) Bapa. Sumangga penjenengan kula aturi paring ngertos ngengingipranatan anyar Nogo Bondho ingkeng sampun dipun sarujuki dening para Parampara lan Nayaka Praja Nogo Bondho. 12. PARAMPARA ( Alus – Cetha ) Wonten ing serat Pranatan anyar ingkeng sampun dipun sarujuki sedaya Parampara saha Nayaka Praja Nogo Bondho,Wonten angger-angger ingkeng ungelipun. “ Sok sapa-a ora mandhang Nayaka,Sentana lan kawula dhuwe wenang jumeneng minangka pangayomaning kawula. Lanang, wadhon ora kudu anakpembarep keng ateges anak nomer Siji, Loro,Telu
  • 34. , Waton disengkuyung dening kawula ya kuwi ingkeng wenang minangka dadi wakiling kawula lenggah dampar Nogo Bondho.“ Menika babaraning Pranatan Anyar Nogo Bondho. 13. RADEN AYU SATITI ( Cepet nyahut – Mantep ) Menawingaten kula ugi taksih wenang nglintir dampar Nogo Bondha ? 14. PARAMPARA ( Alus – Cetha ) Sok-sintena. Menika ingkeng dipun sarujuki para Parampara tuwin Nayaka Praja Nogo Bondho.Ingkang sampunkacakup wontening Pranatan anyar. 15. WONGSO DRIYO ( Mantep ) Piye ? Wis gamblang Ca ?! Menawa Den Ayu Satiti isih dhuwe wenang makili sliramu kabeh. Yen pancen sliramu percaya lan nyengkuyung Den Ayu Satiti ! . CUT TO : ADEGAN : KA II. OMAH SUGIH SWASANA : LUMRAH IRINGAN : ILUSTRASI PERKUSI WANCI : AWAN PROPERTI : TEH POCI – NYAMIKAN – TENGGOK – BLANJAN KATRANGAN : a. Parareldialog Wongso Driyo. 01. MBOK SURO ( Parareldialog Wongso Driyo – Cetha ) Sing ajeng percaya mawon sinten. !?
  • 35. Wong nyatane pancendurung ana sing isa dipercaya. Napa malih sak-niki sing kepingin dha disengkuyung niku akeh. Dadi malah gawe bingunging kawula. 02. SURO ( Nyruput wedhang ) Lha hiya sing disengkuyung kuwi ya sing pancen dingerteni. 03. MBOK SURO Le ajeng ngertitenane mawon pripun ? Wong ngertine nggih mung saking gambar sing pating templek teng uwit lan prapatannika. Ning dereng nate ta ? Tiyang sing kepengin disengkuyung niku nekani kawula.? Nepungke terusnapa sing ajeng ditindhake.? 04. SURO ( Mantep ) Mulane kowe kudu manut aku nyengkuyung Den Mas Contreng. Wis mesti ora bakal kleru. 05. MBOK SURO Sampeyan niku kok seneng bangetta nekkandha kudu. Mbokampun dikulinake tembung kudu. Kudu niku padha mawon meksa ta ?. Kamangka atilan karep niku ora kena dikuduke je. Nek pancenpiyayi niku isa dipercaya tenankanti tindhak- tandhuksing kena nggo patuladan. Ora dikuduke wae mesti disengkuyung kawula. Ning nek mung dhuwe lara omong mawon sinten sing ajeng percaya. 06. SURO
  • 36. La piye le arep ngrobah uripmu nek karo ati lan karepmu dhewe wae ora percaya. 07. MBOK SURO Pancen angelje pakne. Nekati niki wis kebacut ora percaya. Merga pun tumekdiapusi. 08. SURO ( Ngundhang Sari) Sari,... ! 09. MBOK SURO Sari teng pasar. Dhatengipun Raden Mas Contreng. 10. RADEN MAS CONTRENG ( Alus ) Kula nuwun...... 11. SURO ( Kaget gugub) Weh,.. Mangga,mangga Den Mas.. Kokinjih mboten utusanrumiyin menawibade tindhak Rompog kula. 12. RADEN MAS CONTRENG Pancen iki mau amung krenteking penggalihku kepingin aku nliti kawula Nogo Bondho Dadisaktenane ora ana wigati apa- apa kok. 13. SURO Nanging kados pundi kemawon rak injih langkung prayogi utusan paring pirsa langkung rumiyin. Dados kula sak-gotrah saget caos pasunggatan ingkeng limrah. ( Dhateng MbokSuro ) Mbokne !Kowe kuwi kok malah mung dlongop wae ta ? Iki Raden Mas Contreng calon pengayomaning
  • 37. kawula Nogo Bondho (Dateng Contreng ) Nyuwun pangapuntenDen Mas. Kula ngaturakensembahbekti kunjuk. 14. RADEN MAS CONTRENG Tak tampa bektimu. 15. MBOK SURO Iki ta pakne Raden Mas Contreng.Kula ugi ngaturaken sembah Den Mas. 16. RADEN MAS CONTRENG Yoh ndhaktampa. Iki sapa ta ? 17. SURO Menika simah kula Den Mas. Nyuwun pangapunten dereng nate kula ajak sowan. ( Ngundhang Rimang ) Rimang,... ! 18. RIMANG ( Mundhuk-mundhuk– Alus ) Dhawuh pakSuro... 19. SURO ( Radi alon ) Pak. Bapakmu apa ? Ndara. Awas angger muni pak meneh. 20. RIMANG ( Alus ) Injih ndara. 21. SURO Unjukan kagem Raden Mas Contreng. ( Dhateng DenMas ) Nyuwun pangapunten Den Mas.Abdienggal. Dados taksih kedah dipun ajari. Lan ugi dereng ngertos sinten ingkeng rawuh .
  • 38. 22. RADEN MAS CONTRENG Ya ngenanikuwi lo ? Sing bakal tak pundhutake pirsa marang sliramu. Kenapa kawula durung ngertimarang aku. Jalaran tindhaku mrene mau kuwi uga ketemu pawonganya sing durung ngertimarang aku.. Banjur wis tekan ngendi anggonmu menehingertikawula ngenaniaku bakal nggayuh dampar Nogo Bondho. 23. SURO Menika namung dereng kemawon.Kula sampun ngrancang bade ngempalaken kawula wonten griya kula mriki. Mangke lajeng kula suwun penjenengan rawuh. Paring pangandikan. Sampun kula pitados kawula bade mongkokmanahipun. 24. RADEN MAS CONTRENG Apa ora malah prayoga menawa ana ing Kasatriyan wae ? 25. SURO ( Mantep – Kemaki ) Wa,.. mboten ? Kawula malah ajrih bade dhateng ? 26. RADEN MAS CONTRENG Yo wis yen ngono. Banjur wragate pira mengko sliramu matur wae. Ning nganu... aku arep mrene mau ketemu bocah keng ngaku jenenge,.. . Sari. Apa bener kuwi yogamu ? 27. SURO ( Mantep ) Injih Den Mas. Wonten menapa ta ? 28. RADEN MAS CONTRENG
  • 39. ( Radi gugup ) Ora kok. Ora apa-apa. Yen ngono aku pamit ya. Kapan wektune bakal ketemu kawula aku mung manut. MbokSuro. Sapa jenengmu ? Rimang ? Aku pamit. Raden Mas Contreng bakalkundur nanging ora kanyana- nyana tekane Sari keng ya ora pati ngawaske keng pungka sane nabrakDen Mas Contreng.Tenggoke tiba ndilalah anggone bakalnjupuk tenggokbareng Den Mas ya arep nulungi jupuk tenggok. Den Mas lan Sari tatapan. Saridingkluk terus mlayu mlebu. Rimang mung nyawang meneng wae. Nanging atine duwe rasa sujono. Raden Mas Contreng nyawang terus pamit. Suro nganggep Den Mas Contreng kepranan marang Sari. Suro banjur mbisiki mbok Suro. 29. SURO Mbokne.Mrene takkandhani. 30. MBOK SURO ( Dibisiki Suro – Sinis ) Huh,... ! MbokSuro ngidid lunga. Suro nututi. Rimang ngadheg nyawang ning ngemu rasa sujono marang Den Mas Contreng. CUT TO : ADEGAN : KA III. KASATRIYAN SWASANA : NGLANGGUT IRINGAN : ILUSTRASI PERKUSI WANCI : ESOK PROPERTI : LAYANG PARAGA : 1. RADEN MAS CONTRENG 2. SAPAR
  • 40. 3. WONGSO DRIYO KATRANGAN : a. PararelScene/AdeganKa II. b. CU : Raden Mas Contreng ngalamun nyawang tebih. 01. SAPAR ( Alon – Nyembah ) Kula ingkeng sowan Den Mas... 02. RADEN MAS CONTRENG ( Radi kaget ) Oh,.. Kene,kene Sapar sowanmu rada maju kene. 03. SAPAR Injih sendhika Den Mas. ( Maju – Nyembah – Lungguh ) Sowan kula nglarapaken kakang Wongso Driyo ingkeng bade sowan nandalem Den Mas. 04. RADEN MAS CONTRENG Hiya, hiya ndhak keparengake Sapar. Mangga Wa. Njanur gunung sowankula bade wontenkawigaten menapa Wa ? 05. WONGSO DRIYO ( Nyembah – Alus ) Injih nyuwun pangapunten Den Mas. Sowan kula menika, kula dipun utus Den Ayu Satiti sakperlu maringaken nawala kunjuk penjenengandalem. 06. RADEN MAS CONTRENG KangmbokSatiti ? Kok kadingaren layang-layang barang. Injih kula tampi Wa. 07. WONGSO DRIYO Lan kula supados nengga pangandika dalem ngengingi serat menika Den Mas.
  • 41. Wongso driyo lajeng nyaosaken serat. Sak-sampunipun serat pun waos dening Den Mas Contreng 08. RADEN MAS CONTRENG ( Mantep ) Wa Wongso Driyo. Kula sampun ngertos surasanipun serat menika. Pramila Wa Wongso Driyo kula aturi matur kangmbokSatiti. Bilih kula mboten sagetnyengkuyung kangmbokSatiti nggayuh dampar Nogo Bondho. Jalaran kula ugi dipun sengkuyung para kawula Nogo Bondho supadoslenggah dampar minangka badal wakilipun kawula Nogo Bondho. Malah menawikersa kangmbokSatiti kemawon ingkeng nyawiji kaliyan kula. Nata kawula Nogo Bondho. CUT TO : ADEGAN : KA IV. PLATARAN SWASANA : RAME IRINGAN : DHINAMIS WANCI : AWAN PROPERTI : GENDERAOBAR-ABIR PARAGA : 1. PARA PAJINEMAN 2. WONGSO DRIYO 3. SAPAR 4. PARAMPARA KATRANGAN : a. Para Pajinemansami nengga dhatengipun Wongso Driyo. 01. PARA PAJINEMAN ( Koor - Sero – Mantep ) Pokoke Satiti ! Pokoke Satiti ! Pokoke Satiti. 02. PAJINEMAN I. ( Mantep – Sero ) Satiti ! 03. PARA PAJINEMAN
  • 42. ( Koor – Mantep ) Mantep!!! Dhatengipun Sapar. 04. SAPAR ( Mangkel– Sero ) Heh ! Bubar ! Bubar !!! Hayo. Isa bubar ora. ?! 05. WONGSO DRIYO ( Rada sareh ) Dhek Sapar. Sampeyan ora isa mbubarke wong-wong iki. Jalaran iki tanda kastyaning kawula marang piyayi sing arep disengkuyung. Lan iki uga ora nyalahi Angge-engger kang kapacakana ing Pranatan anyar Nogo Bondho. 06. SAPAR Sing kandha nekniki mboten nerakangger-angger Pranatan anyar sinten ? Sampeyan niku mbok nyimak sing tenan. Sepisan tiyang-tiyang sampeyan niki dha ora duwe palilah saking Nayaka Praja ngenanile dha kumpul. Kaping pindho niki wewengkone sinten ? Niki wewengkone Den MasContreng. Nekajeng loap-laop nggih teng wewengkon sampeyandhewe mrika. 07. WONGSO DRIYO Kula ngertinek niki wewengkone Den Mas Contreng.Ning Sampeyan nggih nyimak. Nek sampeyan ora isa mbubarke wong-wong niki. Dede wewenang sampeyan nglarang tiyang sami kumpul lan ngumpul. 08. SAPAR
  • 43. ( Jengkel) Pun kula ora butuh kekucah sampeyan. Sak-niki sampeyan saget mbubarakentiyang-tiyang sampeyan mboten.? 09. WONGSO DRIYO ( Tegas ) Mboten! Nek kula ora isa mbubarke terus ajeng napa ? 10. SAPAR ( Tegas ) Nek sampeyan ora isa kepeksa ajeng kula bubarke kanti peksa.! Para Pajineman lajeng pating clebung. Swasan dados panas. Dhatengipun Paramapara nyapih. 11. PARAMPARA ( Sero – Cetha – Wibawa ) Cukup ! Cukup ! Apa rumangsamu neknganggo cara nggunake kekuatankaya ngono kuwi banjur rampung apa ? Anane Pranatananyar kuwi aja tok maknani kaya ngene iki. Pancen Pranatan anyar kuwi menehikelonggaran marang kawula Nogo Bondho. Ning apa ya kudu kelonggaran kuwi banjur ora ana batese ? Aja kebablasen ta, anggone maknanikelonggaran. Kabeh pancenduwe wenang. Merga sakiki wewenang kuwi wis ana tanganing kawula. Ning nganggo tepa silara. Empan papan. Ngono ya ngono ning aja ngono. Wis ayo bubar kabeh. Wongso Driyo. Sliramu kudu bisa ngendhake wong-wongmu. Merga sliramu sing dituake dening wong-wongmu. Lan kowe Sapar. Yen ana apa-apa kowe uga ora kena tumindhakdhewe. Nanging diaturake sing dhuwe wenang.
  • 44. 12. WONGSO DRIYO Injih ngestokaken dhawuh. 13. SAPAR Nggih sendika. Para Pajineman lajeng sami kesah. CUT TO : ADEGAN : KA V. OMAH SUGIH SWASANA : ROMANTIS IRINGAN : ROMANTIS WANCI : BENGI PARAGA : 1. RIMANG 2. SARI 3. SURO 4. MBOK SURO KATRANGAN : a. Rimang ngalamun jengkel atine. b.Sari dhateng. Rimang ngertos Sari dhateng lajeng bade kesah. 01. SARI
  • 45. ( Radi sero ) Kakang. Kakang Rimang. Arep menyang ngendi ? 02. RIMANG ( Ngampetmangkel) Bade ngrampungaken pedamelan. 03. SARI ( Radi ngungun) Lo, kakang ? Kok nganeh-anehita ? Ana apa ta kakang ? 04. RIMANG ( Ngampetmangkel) Mboten wonten menapa-menapa kok. Sampun. 05. SARI ( Menggak) Kosik ! Salahku apa kakang ? Kok kowe dadi beda anggoninanggapiaku. 06. RIMANG ( Tatag ) Nyuwun pangapunten.Kula pancen mboten drajatipun caket penjenengan. Mas Roro langkung pas menawicaket Den Mas Contreng. 07. SARI ( Lega ) O,..kuwi ta perkarane.Kakang Rimang. Cethane kakang sujono marang aku ta.Merga aku ketemu Den Mas Contreng. 08. RIMANG Aku ora sujono. Nanging aku ngrumaksani. Sarung Jagung. Bobotku apa kok aku wani nresnanikowe. Aku mung jejere batur, kamangka kowe putrane bendaraku. 09. SARI
  • 46. Kakang. Tresna keng suci kuwi ora merga bondho lan donya. Nanging kasetyan lan kapercayankuwi keng utama. Dadiaku nresnani kakang kuwi merga aku percaya menawa kakang kuwi setya. Lha kakng negesitresna kuwi mung merga bondho lan donya ? Teges kakang durung ngertitresna keng sejati. Kakang. Aku nate sumpah setya marang kakang. Jiwa ragaku tak pasrahke sak- wutuhe. Nanging menawa kurang percaya ya ora apa-apa.Pancenaku keng kurang pantes nresnanikakang. 10. RIMANG ( Rumangsa salah ) Waduh. Nekngono aku sing salah nangkep tresnamu Sari. Aku luput.Aku durung bisa ngerti katresnan keng sejati. Aku njaluk pangapura Sari.... 11. SARI ( Cepet nyahut ) Ning ngapa ? Isih durung percaya ta ? 12. RIMANG Percaya, percaya. Sari. Kapan kabagyan iki isa dadi kasunyatan. Ora mung tansah sesideman. Yen ngrasake kaya ngene iki kaya-kaya selak kepingin dadi kasunyatan je. Coba sawangen. Wulan purnama katone njurung marang katresnan iki. Gandrung. Romantis. Rampung gandrung dhatengipun Suro. Ngertos Sarilan Rimang nembe andhon tresna Suro nesu. 13. SURO ( Tajem ) Sari... 14. SARI
  • 47. ( Kaget – Radi ajrih ) Pak,... ? 15. SURO ( Ngampetnesu ) Kaya ngono kuwi ta ? Nek aku ora neng ngomah ? 16. RIMANG ( Alon – Tatag ) Nyuwun pangapunten ndara.Matur bares kemawon menawisak-estu kula tresna dhateng Sari. Sari ugi tresna dhateng kula. Mila menawiwonten kepareng ipun kula nyuwun lilah lan pangestu.Saribade kula ajak gesang bebrayansesarengan. 17. SURO ( Ngampetnesu ) E,..m. Dadi kowe tresna marang Sari? Sari uga tresna marang kowe Pancen wis lumrahe menawa wis padha tresnane kuwi Banjur mbangun bale omah. Nanging banjur arep tok pakani apa ? Apa kowe isa nuruti kesenengake Sari ? Sari kuwi anaklo ? Anake wong sugih. Dadi aku wenang milih mantu. 18. RIMANG Injih kados pundi kemawon kula bade mbudidaya amrih saget nyekapikabetahantiyang omah-omah. Ingkang baku kula tresna Sari ugi tresna. 19. SURO Tak kandhaniya Rimang. Wong bebojoan kuwi ora mung cukup pawitan tresna ! Nanging bondho donya kuwi rangkeane. Rimang, Rimang. Bebet bobotmuwae apa kowe wani nyenengianaku. Apa bandhamu kuwi wis kena nggo nambak kali. Apa ?
  • 48. Batur wae kemlinthi. Mbokngrumangsaninek drajatmu kwui mung gedibal pitulikur. Hayo minggat ! CUT TO : ADEGAN : KA VI. PLATARAN SWASANA : LUMRAH IRINGAN : IKUSTRASI STRESSING WANCI : BENGI PROPERTI : KEPRUKAN PARAGA : 1. GLOWAH 2. GLOWEH 3. RIMANG 4. SAPAR KATRANGAN : a. Parareldialog Suro 01. GLOWAH ( Nyekeli sikili Gloweh ) Waduh. Nyuwun pangapunten Rama. 02. GLOWEH ( Kados Wrekudara ) Nek kowe ora gelem dhaup tak ajar ! Piye Tot gelem ora ? 03. GLOWAH ( Takon ) Kok Tot ? Jenengku sapa ta ? 04. GLOWEH Kowe kuwi kocape dadiGatotkaca.Aku Wrekudara. Wrekudara kuwi nek ngundhang Gatotkaca mung disingkat Tot. Wah jan bodo kok dipilihara.
  • 49. ( Wrekurada – Mantep ) Piye Tot kowe kudu manut aku. Dhaup karo putri pilahanku. 05. GLOWAH ( Kados Gatotkaca ) Nyuwun pangapuntenRama. Kula derek sagah ngladosiwanita. Kula taksih bade nerusaken kuliah. 07. GLOWEH ( Kados Wrekudara ) Sepisan menah. Gelam ora. Nek ora gelem tak ajar tenan lo,? 08. GLOWAH ( Kados Gatotkaca ) Kula dereng siap berumah tangga Rama. 09. GLOWEH ( Kados Wrekudara ) Gelem ora ? Tak ajar nek kowe ora gelem manut aku. 10. GLOWAH ( Kados Gatotkaca ) Mboten Rama. 11. GLOWEH ( Kados Wrekudara ) Gelem ra ?! 12. GLOWAH ( Kados Gatotkaca ) Mboten. 13. GLOWEH ( Kados Wrekudara – Mantep– Nggebuk) Gelem ra ! Ayo kudu gelem ! 14. GLOWAH ( Mangkel) Bubar ! Bubar. Dadi Gatotkaca rong menit isa gagar otakaku. Bubar !
  • 50. 15. GLOWEH Lo ? Jarene ngleluri kabudayan. KokMutungan ? Critane kuwi pancen ngono kuwi je. 16. GLOWAH Ha teneh penaksing dadi Wrekudara. Aku Wrekudarane. Kowe Gatotkaca. 17. GLOWEH Wis, ? Isa tenan dadiWrekudara. Yo wis. Aku Gatotkacane. (Gatotkaca ) Kula Rama.. 18. GLOWAH ( Kados Wrekudara – Mantep) Kowe arep takdhaupke Tot. Gelam ra. 19. GLOWEH ( Kados Gatotkaca ) Dhaup Rama. Kaliyan sinten Rama. 20. GLOWAH ( Kados Wrekudara – Mantep) Karo Ellis. Ya karo Sembadra wah jan pekok. Lem ra 21. GLOWEH ( Kados Gatotkaca ) Injih sagah Rama. Sak-menika kemawon mangga enggalpun dhaupaken. Rama. 22. GLOWAH ( Kados Wrekudara – Mantep) Kowe gelem tenan ? Gandheng Sembadra durung gelem kowe takdhaupake marang putri liyane ya gelem ? Hayo gelem ora. 23. GLOWEH
  • 51. ( Kados Gatotkaca ) Waduh,... Sagah Rama. 24. GLOWAH ( Wrekudara – Mantep ) Gelem ?! Putrine dhuwe lara Mengi tur Aid. Piye ? Gelem ? 25. GLOWEH ( Kados Gatotkaca ) Mangke rumiyin Rama kula pikire. Injih sampun purun Rama. Glowah mangkel merga ora isa mbales nggebuki Gloweh. Mutung. 26. GLOWAH ( Mangkel– Mutung ) Bubar ! Kapan lehku isa mbales nggebuki. Nek Gatotkacane cluthak. Waton putri gelem. 27. GLOWEH Mulane dadi wong kuwi sing pinter. Ora mung pinter akal ning ya kudu pinter ngakali. Kamangka sesukkuwi Den Mas Contreng nakarep ngumpulke kawula. Menehibantuan lan ngenalke menawa Den Mas Contreng kuwi ya maju, nyalon. Aku krungu kowe kang sing menehi ngertipiye cara milih nggo nyengkuyung Den Mas Contreng. 28. GLOWAH ( Kemaki ) Hu,... gampang nekmung kon nggenahke carane milih. Kecil Dim. Angger di coblos gambare DenMas Contreng nakberes. 29. GLOWEH Ngawur ! Sak-iki wis ra model dicoblos. Ning di centhang. Dhatengipun Rimang..
  • 52. 30. RIMANG ( Nubruk Glowah ) Pak,.. ! Patenana wae aku pak. Patenana aku ! 31. GLOWAH ( Radi bingung ) Lo ? Kosik ta. Teka-teka kopknjuur kon matenikuwi nalare piye. ? 32. RIMANG Pokoke aku patenana pak. 33. GLOWAH Aku kuwi dudu jagal. Kok kon mateni.Genahe kuwi je heh ? 34. RIMANG Pokoke nekaku ora sida rabi. Aku trima mati pak. 35. GLOWEH E,..gene mung njaluk rabi. Mbokya dirabeke ta kang. 36. GLOWAH Di rabeke ya dirabeke. Ning karo sapa. Wong Rimang durung tahu kandha aku je. 37. GLOWEH Hiya le. Rabi kuwi rabi karo sapa ? Apa kowe wis dhuwe calon apa ? Terus sapa le. 40. RIMANG Sari. 41. GLOWAH ( Kaget ) Heh ?! Mbokeling ta le, le.. Kowe kuwi anake sapa. Anak batur wae kok ya arep ngepekanake juragane. Cecaknguntalblack. Sengara kelakone.
  • 53. 42. GLOWEH Ya ora terus ngono kuwi kang. Jan ma tan kina ing ngina. Apa meneh jaman sak-iki. Waton bocahe wis padha geleme. Wong tuwa kuwi arep ngapa ta ? 43. GLOWAH Aku ngerti. Weh. Bocah wis padha seneng. Ning sing angel kuwi rak malah wong tuwane. ? Hiya ora ? Aku ora sanggup ! 44. RIMANG Ya wis pak. Nek pancenbapakora saguh. Wis dadis sumpahku. Aku luwung mati yen ora klakon urip bareng Sari. Aku pamit mati Pak ! Rimang bade nglalu dipun nggondheli Glowah -Gloweh. Sapar dhateng menggak. 45. SAPAR Heh ! ? dingapa iki. ?! 46. GLOWAH Anaku iki arep nglalu kang Sapar. 47. SAPAR Lha kok arep nglalu kuwi genahe ngapa ? 48. GLOWAH Njaluk rabi ning aku ora isa nuruti. 49. SAPAR Gene mung njaluk rabi. Kok ngantidirewangi nglalu. Dirabeke rak beres ta ? 50. GLOWAH
  • 54. Beres. Neksing arep dirabi kuwi anake wong lumrah. Ha Rimang kuwi kepingin rabi karo Sari anake kang Suro je. Apa ora malah kewirangan nek aku nglamarke. Wong watake kaya ngana kae. Lgi mendhem kuasa. Mendhem Bandha. 51. SAPAR Anak polah bapa kepradah. Nekmung kuwi perkarane.Gampang.Sesukkowe melu aku. ADEGAN : KA VII. KASATRIYAN SWASANA : LUMRAH IRINGAN : WANCI : ESOK PARAGA : 1. RADEN MAS CONTRENG 2. SAPAR 3. GLOWAH - GLOWEH 5. RIMANG 6. SURO 7. SARI KATRANGAN : a. Den Mas Contreng ngalamun nyawang tebih.. 01. SAPAR ( Alon – Alus ) Kula ingkeng sowan Den Mas. 02. RADEN MAS CONTRENG ( Radi kaget ) Eh,.. ?! Sliramu Sapar ? Kene,kene lungguh kene.
  • 55. 03. SAPAR ( Alus ) Injih sampun Den Mas. Wonten mriki kemawon. 04. RADEN MAS CONTRENG E,... ora apa-apa. Kene lungguh kene. ( Sapar lajeng kenggah kursi ) Ana apa Sapar ? Kok sajak ana wigati. 05. SAPAR Injih nyuwun pangapunten DenMas. Sowankula menika bade nglarapaken Glowah. 06. RADEN MAS CONTRENG Glowah kuwi sapa ? 07. SAPAR Glowah menika tiyangipun kang Suro. Menapa kepareng kula undhang mriki kemawon supados matur piyambak wonten ngersa panjenengan Den Mas. 08. RADEN MAS CONTRENG Yo wis timbalana sowan mrene. Sapar lajeng nyowanaken Glowah-Gloweh saha Rimang. 09. SAPAR Menika Den Mas 10. RADEN MAS CONTRENG ( Radi ngungun) Lo, ? Kowe menawa ora kleru abdine Suro ta ? 11. RIMANG Injih leres Den Mas. 12. RADEN MAS CONTRENG
  • 56. La, Glowah sing diaturke Sapar kuwi sing endi ? 13. GLOWAH Kula Den Mas. 14. RADEN MAS CONTRENG Banjur arep dhuwe wigati apa kowe sowan aku. 15. GLOWAH Injih nyuwun pangapunten DenMas. Yek-tosipun kula bade nyuwun iguh pertikel amrih kula mboten kecalan anak. 16. RADEN MAS CONTRENG Kosik ta. Nalare kuwi kepiye kok nganti arep kelengan anak ? 16. GLOWAH Anak kula menika nyuwun supados kula nglamaraken. Kamangka ingkang kapurih nglamar menika anakipun ndara Suro. Menapa injih kelampahan ndara Suro menika bade mangestonilan marengakenanakipun pikantuk anakkula. 17. RADEN MAS CONTRENG Apa wis tok coba kowe kandha karo Suro ? 18. GLOWAH Dereng DenMas. Nanging anakkula menika malah sampun kadenanganmenawisambet tresna kaliyan Sari anakipun ndara Suro. 19. RADEN MAS CONTRENG ( Kaget ) Dadi Sari yogane Suro kuwi sambung tresna karo anakmu ta ? Lha sak-iki endi anakmu ?
  • 57. 20. GLOWAH ( Nuding Rimang ) Menika anak kula Den Mas. Rimang naminipun. Den Mas Contreng mlenggong nyawang Rimang sak- sampunipun ngertosRimang menika pacanganipun Sari. Glowah mendhelsekedhap. Lajeng,.... 21. RADEN MAS CONTRENG ( Cepet nyahut - Exspresif ) Terus, terus !? 22. GLOWAH Lajeng ndara Suro nesu. Rimang dipun usir. Menika aturipun anak kula Den Mas. Kamangka Rimang aumpah luwung pejah menawimboten kelampahan gesang bebrayan kaliyan Sari. Menapa menika mboten ategeskula bade kecalan anak.Den Mas. Pramila sumangga kula pasrah amrih saenipun Den Mas. 23. RADEN MAS CONTRENG Hiya ngono apa, Rimang ? Sapar lejeng matur dhateng DenMasContreng. Alon kados bisik-bisik 24. SAPAR ( Alon ) Nyuwun pangapunten DenMas. Rimang menika nem-neman ingkeng dipun suyuti tiyang-tiyang Banaran nem, menapa dene sepuh. 25. RADEN MAS CONTRENG.
  • 58. ( Alon – Mantep– Cetha ) Nanging kuwi perkara sing ora ana sambunge karo anggonku nggayuh dampar Nogo Bonbdho, Sapar ?! 26. SAPAR ( Alon – Cetha ) Wonten Den Mas. Menawipenjenengan kecalan Rimang sami kemawon penjenengan kecalan tiyang ingkeng bade nyengkuyung penjenengan. Kamangka banaran menika kekiyatan penjenengan anggen penjenenganbade nggayuh dampar Nogo Bondho.Menawi kula saenipun injih dipun iguhaken. Manawimboten, Nandalem piyambak ingkeng tuna. 27. RADEN MAS CONTRENG ( Mendel– Menggalih lebet ) Yen ngono timbalan Suro lan Sari supaya ngadhep aku. Kowe kabeh takkeparengake sesingidan ana ing pungkuran dhisik kana. Glowah-glowehlan Rimang mlebet. Sapar dhateng kaliyan Suro lan Sari. 29. RADEN MAS CONTRENG Mestine kowe kagetndhaktimbali supaya ngantiSari. Ca blaka wae Suro. Aku sak-wise mriksani lan ngertimenawa Sari kuwi yogamu. Aku banjur kepingin mundhut mlebu Sari ana ing Kapangeranan. Piye Suro. Apa kowe nglilakake Sari tak pundhut mlebu ana ing Kapangeranan ? Yen ora tok ulungake. Ya ora apa-apa ? nanging nyen kowe lila ngulungake Sari, ya sing iklas tulusing bathin.
  • 59. 30. SURO ( Mantep ) Sak-glugut kolang-kaling pinara sosro manah kula mboten bade nolakpangandika dalem. Kula namung pasrahsumangga kersa menawisak-estu penjenenganngersakaken anakkula mlebet wontening Kapangeranan. DenMas. Sumangga kula ulungaken kanti tangan kula sekawan. 31. RADEN MAS CONTRENG Yoh tak trima banget aturmu. Iki disekseni Sapar. Lan sing baku sineksenan Gusti allah. Kandhamu kowe ikhlas lahir bathin Sari tak pundhut. 32. SURO ( Mantep ) Sak-estu Den Mas. Kula iklhas lahir bathin Sari penjenengankersakaken. Sumangga bade penjenengandadosakenjuru dhang juru penginang kula iklhas ! 33. RADEN MAS CONTRENG Yen ngono sak-iki resmi Sari tak pundhut. Wis pasrah tenan ta ? Ora gela ? 34. SURO ( Samsaya mantep ) MbotenDen Mas ! Sak-estu lila legawa iklhas lahir bathin. 35. RADEN MAS CONTRENG Nek pancen ngono Sari dadi wewenangku. Sarikowe wis mireng ta. Yen kowe wis diparingake aku. Merga kersaku kepingin mundhut, kowe. ( Sari namung mendel) Sapar, timbalanan tamuku kae mau. ( Suro kaget Rimang wonten kapangeranan)
  • 60. Kowe wis tepung apa, karo tamuku iki ? Kok katone kaget sak-wise ngerti.? 34. SURO ( Alon – Getem-getem ) Sampun Den Mas.Menika batur kula. 35. RADEN MAS CONTRENG Sapar, Glowah-Gloweh lan kabeh sing ana ing kene. Kowe kabeh minangka seksi menawa dina iki. Kanti resmi Sari bakal tak Dhaup, ke karo Rimang.! Sarujuk ?! Sedaya sami sarujuk. Namung Suro ingkeng mboten sarujuk. 36. SURO ( Mantep – ngadhek) Aku ora sarujuk. ! Anakku di dhaupke karo gedibalku ! 37. RADEN MAS CONTRENG Suro. Ing ngarep kowe wis ngulungake Sari kanti iklhas marang aku. Dadi sak-iki Sari wis dudu wewenangmu. Nanging aku sing wenang dhawuhSari. 38. SURO ( Mantep ) Nanging menika namung akal-akalan Den Mas. Penjenangan namung bade dameldolanan kula. Penjenengan sengaja mirang-mirangakenkula ! Sumpah kula Sari mboten bade kula dhaupaken Gedibalala menika ! Kula akeni manawi Sari sampun kula caosaken penjenengan !. Pramila kula ugi mboten bade selak. Nanging ginanipun menapa kula nyengkuyung penjenengan menawipenjenengan sampunnatoniati kula. Pramila wiwit dinten menika kula mboten bade nyengkuyung penjenengannggayuhDampar Nogo Bondho !
  • 61. Jalaran kula ugi wenang lenggah dampar Nogo Bondho. wiwit dinten menika kula ugi bade nggayuhpanguwasa ! R A M P U N G