SlideShare a Scribd company logo
1 of 7
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
------------
TIMUN MAS
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
------------
Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak
utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina
mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke
yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.
Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu
Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya
metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.
Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto
ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu
kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak
tenan.
Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan.
Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto
ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat
lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing
antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning
emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi
manungsane.
Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok
randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau
wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya
emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.
Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep
menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga
supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi
ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun
mas ora dijupuk sang Buto.
Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo
pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa
kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi
sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane
nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-
cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa
banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok
randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas
bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh
woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau.
Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur
ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.
Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom
terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto.
Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.
Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba
lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas
saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan kang
pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan
kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas
iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo
mbok randa.
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
------------
JAKA TARUB
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
------------
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan
putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun
inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang
utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika
dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten.
Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha.
Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge
dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten
wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh
supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu
amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten
sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing
jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa.
Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun
menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget
amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi
pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub
madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka
Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten
suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing
sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau
amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih
pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan
dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar
rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika
dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening
Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka
Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila
Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun
kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun
Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika
punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming
satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados
widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu
pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi
pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun
manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa,
piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun
dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng
ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan
Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten
bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan
boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa.
Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi
rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara
kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
------------
RORO JONGRANG
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
------------
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku
ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.
Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane
kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo
senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok
naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu
banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung
Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi
permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise
ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing
diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung
Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake
dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno
bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan
langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.
Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke.
Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000
candi.
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
------------
JAKA TINGKIR
------------------------------------------------------------------------------------------------------------
------------
Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka
bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur
sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan
Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi
Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur
meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan
digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan
Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak,
dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi
lurah ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah
wiratamtama.
Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir
kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan
umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur
nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku,
Tingkir banjur ditundung saka Demak
Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang
bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka
Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang
aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil.
Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak
Boro. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu
kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka
Tingkir nganti tekan sebrange kali.
Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana
kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang
bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan
ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel
anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak
ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi
Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana.
Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto
ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung
sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu
Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).
Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan
Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu
Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih
ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-
terangan.
Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah
Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara
mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng
Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak
marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang
sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih
Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat
ngabehi.
Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng
Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram.
Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan
pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba
nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was
sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale
ngasorake Pajang.
Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib
sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan
wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda.
Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi
laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane
Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan
diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang
Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase.
Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka
paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang
nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah
perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana
ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun
ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir,
lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.
Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah
mau kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango
ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka
saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama,
lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang
kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng.
Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo
sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan
dadi patine.
Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni.
Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran.
Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu
kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke
didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi
ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan
kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya
mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni
ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke
gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan.
Ana ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka
Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha
pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi
lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan
Demak.
lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang
kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng.
Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo
sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan
dadi patine.
Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni.
Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran.
Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu
kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke
didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi
ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan
kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya
mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni
ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke
gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan.
Ana ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka
Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha
pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi
lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan
Demak.

More Related Content

What's hot

cerpen karangan sendiri
cerpen karangan sendiricerpen karangan sendiri
cerpen karangan sendiriNovi Indah
 
Cerita rakyat jawa timur
Cerita rakyat jawa timurCerita rakyat jawa timur
Cerita rakyat jawa timurEdy Sujiyono
 
Cerita pendek kanak2
Cerita pendek kanak2Cerita pendek kanak2
Cerita pendek kanak2samuelselfira
 
"Dewi Nawang Wulan" Cerita Rayat
"Dewi Nawang Wulan" Cerita Rayat "Dewi Nawang Wulan" Cerita Rayat
"Dewi Nawang Wulan" Cerita Rayat Apner Krei
 
Tugas bahasa inggris narrative text snow white
Tugas bahasa inggris narrative text snow white Tugas bahasa inggris narrative text snow white
Tugas bahasa inggris narrative text snow white Kami Haryani
 
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan FabelKumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan FabelFirdika Arini
 
Cerita fantasi zia tugas tugassssssssssssssssssssssssss
Cerita fantasi zia tugas tugassssssssssssssssssssssssssCerita fantasi zia tugas tugassssssssssssssssssssssssss
Cerita fantasi zia tugas tugassssssssssssssssssssssssssYudi Pujiadi
 
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN DIANTO IRAWAN
 
Rendahnya Minat Baca Siswa
Rendahnya Minat Baca SiswaRendahnya Minat Baca Siswa
Rendahnya Minat Baca Siswanovilalala
 
Rangkuman Materi Pkn Kelas VI
Rangkuman Materi Pkn Kelas VIRangkuman Materi Pkn Kelas VI
Rangkuman Materi Pkn Kelas VIYustin Anin
 
Contoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study TourContoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study TourDede Adi Nugraha
 
Naskah drama 5 orang tentang persahabatan
Naskah drama 5 orang tentang persahabatanNaskah drama 5 orang tentang persahabatan
Naskah drama 5 orang tentang persahabatanagung hanafi
 
Naskah drama (global warming)
Naskah drama (global warming)Naskah drama (global warming)
Naskah drama (global warming)Nurul Wulandari
 

What's hot (20)

cerpen karangan sendiri
cerpen karangan sendiricerpen karangan sendiri
cerpen karangan sendiri
 
cerkak
cerkakcerkak
cerkak
 
Cerita rakyat jawa timur
Cerita rakyat jawa timurCerita rakyat jawa timur
Cerita rakyat jawa timur
 
Cerita pendek kanak2
Cerita pendek kanak2Cerita pendek kanak2
Cerita pendek kanak2
 
Naskah drama musikal anak sma
Naskah drama musikal anak smaNaskah drama musikal anak sma
Naskah drama musikal anak sma
 
"Dewi Nawang Wulan" Cerita Rayat
"Dewi Nawang Wulan" Cerita Rayat "Dewi Nawang Wulan" Cerita Rayat
"Dewi Nawang Wulan" Cerita Rayat
 
Tugas bahasa inggris narrative text snow white
Tugas bahasa inggris narrative text snow white Tugas bahasa inggris narrative text snow white
Tugas bahasa inggris narrative text snow white
 
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan FabelKumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
Kumpulan Dongeng, Saga, Mitos, Legenda, dan Fabel
 
Cerita fantasi zia tugas tugassssssssssssssssssssssssss
Cerita fantasi zia tugas tugassssssssssssssssssssssssssCerita fantasi zia tugas tugassssssssssssssssssssssssss
Cerita fantasi zia tugas tugassssssssssssssssssssssssss
 
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN
SATU RASA BEDA BAHASA Tugas drama seni budaya DIANTO IRAWAN
 
Cerita rakyat muna la moelu
Cerita rakyat muna  la moeluCerita rakyat muna  la moelu
Cerita rakyat muna la moelu
 
Rendahnya Minat Baca Siswa
Rendahnya Minat Baca SiswaRendahnya Minat Baca Siswa
Rendahnya Minat Baca Siswa
 
Kumpulan Dongeng Anak
Kumpulan Dongeng AnakKumpulan Dongeng Anak
Kumpulan Dongeng Anak
 
Cerita rakyat muna o manu bhe ando
Cerita rakyat muna o manu bhe andoCerita rakyat muna o manu bhe ando
Cerita rakyat muna o manu bhe ando
 
Teks anekdot
Teks anekdotTeks anekdot
Teks anekdot
 
Cerita dongeng (sage)
Cerita dongeng (sage)Cerita dongeng (sage)
Cerita dongeng (sage)
 
Rangkuman Materi Pkn Kelas VI
Rangkuman Materi Pkn Kelas VIRangkuman Materi Pkn Kelas VI
Rangkuman Materi Pkn Kelas VI
 
Contoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study TourContoh Karya Tulis Study Tour
Contoh Karya Tulis Study Tour
 
Naskah drama 5 orang tentang persahabatan
Naskah drama 5 orang tentang persahabatanNaskah drama 5 orang tentang persahabatan
Naskah drama 5 orang tentang persahabatan
 
Naskah drama (global warming)
Naskah drama (global warming)Naskah drama (global warming)
Naskah drama (global warming)
 

More from ARISKA COMPNET

ALAT DAN GAMBAR SENAM LANTAI
ALAT DAN GAMBAR SENAM LANTAIALAT DAN GAMBAR SENAM LANTAI
ALAT DAN GAMBAR SENAM LANTAIARISKA COMPNET
 
Makalah Lingkungan Hidup (ARISKA COMPNET)
Makalah Lingkungan Hidup (ARISKA COMPNET)Makalah Lingkungan Hidup (ARISKA COMPNET)
Makalah Lingkungan Hidup (ARISKA COMPNET)ARISKA COMPNET
 
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAPKAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAPARISKA COMPNET
 
PAHLAWAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
PAHLAWAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)PAHLAWAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
PAHLAWAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)ARISKA COMPNET
 
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)ARISKA COMPNET
 
TUGAS PAHLAWAN NASIONAL INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN NASIONAL INDONESIA (ARISKA COMPNET)TUGAS PAHLAWAN NASIONAL INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN NASIONAL INDONESIA (ARISKA COMPNET)ARISKA COMPNET
 
SKRIPSI BELAJAR MENGAJAR (ARISKA COMPNET)
SKRIPSI BELAJAR MENGAJAR (ARISKA COMPNET)SKRIPSI BELAJAR MENGAJAR (ARISKA COMPNET)
SKRIPSI BELAJAR MENGAJAR (ARISKA COMPNET)ARISKA COMPNET
 
Makalah lingkungan hidup
Makalah lingkungan hidupMakalah lingkungan hidup
Makalah lingkungan hidupARISKA COMPNET
 
MAKALAH LAPORAN PEMBUATAN TEMPE
MAKALAH LAPORAN PEMBUATAN TEMPEMAKALAH LAPORAN PEMBUATAN TEMPE
MAKALAH LAPORAN PEMBUATAN TEMPEARISKA COMPNET
 
SOAL HIMPUNAN SMP KELAS 9
SOAL HIMPUNAN SMP KELAS 9SOAL HIMPUNAN SMP KELAS 9
SOAL HIMPUNAN SMP KELAS 9ARISKA COMPNET
 
LAPORAN PRAKERIN (ARISKA COMPNET)
LAPORAN PRAKERIN (ARISKA COMPNET)LAPORAN PRAKERIN (ARISKA COMPNET)
LAPORAN PRAKERIN (ARISKA COMPNET)ARISKA COMPNET
 

More from ARISKA COMPNET (15)

ALAT DAN GAMBAR SENAM LANTAI
ALAT DAN GAMBAR SENAM LANTAIALAT DAN GAMBAR SENAM LANTAI
ALAT DAN GAMBAR SENAM LANTAI
 
Makalah Lingkungan Hidup (ARISKA COMPNET)
Makalah Lingkungan Hidup (ARISKA COMPNET)Makalah Lingkungan Hidup (ARISKA COMPNET)
Makalah Lingkungan Hidup (ARISKA COMPNET)
 
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAPKAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
KAMUS BAHASA JAWA LENGKAP
 
PAHLAWAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
PAHLAWAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)PAHLAWAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
PAHLAWAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
 
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
 
TUGAS PAHLAWAN NASIONAL INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN NASIONAL INDONESIA (ARISKA COMPNET)TUGAS PAHLAWAN NASIONAL INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN NASIONAL INDONESIA (ARISKA COMPNET)
 
SKRIPSI BELAJAR MENGAJAR (ARISKA COMPNET)
SKRIPSI BELAJAR MENGAJAR (ARISKA COMPNET)SKRIPSI BELAJAR MENGAJAR (ARISKA COMPNET)
SKRIPSI BELAJAR MENGAJAR (ARISKA COMPNET)
 
Makalah lingkungan hidup
Makalah lingkungan hidupMakalah lingkungan hidup
Makalah lingkungan hidup
 
Makalah Lompat Tinggi
Makalah Lompat TinggiMakalah Lompat Tinggi
Makalah Lompat Tinggi
 
MAKALAH LAPORAN PEMBUATAN TEMPE
MAKALAH LAPORAN PEMBUATAN TEMPEMAKALAH LAPORAN PEMBUATAN TEMPE
MAKALAH LAPORAN PEMBUATAN TEMPE
 
SOAL HIMPUNAN SMP KELAS 9
SOAL HIMPUNAN SMP KELAS 9SOAL HIMPUNAN SMP KELAS 9
SOAL HIMPUNAN SMP KELAS 9
 
MAKSUD DAN TUJUAN
MAKSUD DAN TUJUANMAKSUD DAN TUJUAN
MAKSUD DAN TUJUAN
 
LAPORAN PRAKERIN (ARISKA COMPNET)
LAPORAN PRAKERIN (ARISKA COMPNET)LAPORAN PRAKERIN (ARISKA COMPNET)
LAPORAN PRAKERIN (ARISKA COMPNET)
 
SKRIPSI
SKRIPSISKRIPSI
SKRIPSI
 
DESAIN BAJU LONGDRESS
DESAIN BAJU LONGDRESSDESAIN BAJU LONGDRESS
DESAIN BAJU LONGDRESS
 

CERITA RAKYAT MENGGUNAKAN BAHASA JAWA (ARISKA COMPNET)

  • 1. ------------------------------------------------------------------------------------------------------------ ------------ TIMUN MAS ------------------------------------------------------------------------------------------------------------ ------------ Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah. Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe. Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan. Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul. Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane. Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas. Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto. Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih. Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet- cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas. Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh
  • 2. woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh. Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau. Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan kang pungkasan. Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa. ------------------------------------------------------------------------------------------------------------ ------------ JAKA TARUB ------------------------------------------------------------------------------------------------------------ ------------ Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun. Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih. Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika
  • 3. dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan. Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung. Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul. ------------------------------------------------------------------------------------------------------------ ------------ RORO JONGRANG ------------------------------------------------------------------------------------------------------------ ------------ Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan. Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang. "Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate." "Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso. "Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang. Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing
  • 4. diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange. Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1. Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi. ------------------------------------------------------------------------------------------------------------ ------------ JAKA TINGKIR ------------------------------------------------------------------------------------------------------------ ------------ Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru. Mas Karebet nyinau ilmu agama. Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama. Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak Jaka Tingkir banjur meguru marang Ki Ageng Banyubiru, Tingkir diwenehi lemah kang bisa ndadekake dheweke bisa katampa maneh ing Demak Bintoro. Saka Banyubiru Jaka Tingkir mangkat menyang Demak dikancani dening muride Ki Ageng Banyubiru kang aran Mas Manca, Mas Wila, lan Ki Wuragil. Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boro. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan sebrange kali. Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau. Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
  • 5. Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara). Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang- terangan. Mula dheweke nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan). Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi. Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang. Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen. Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama. Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calo-calon lurah mau kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. Praupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama,
  • 6. lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna. Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine. Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak. Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau. Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.
  • 7. lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna. Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine. Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak. Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau. Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, karo Sultan Demak kabeh salah kang wis tau digawe karo Jaka Tingkir dingapura, lan dheweke diangkat dadi lurah prajurit tamtama. Kanggo tandha pasrah marang Sultan Demak, Jaka Tingkir ngowahi kabeh sikape kang ala. Lan dadi lurah kang apik, tanggung jawag, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.