Rangkuman semester 1 kelas 12 SMK.
Mapel Bahasa Jawa.
Materi Keraton Ngayogyakarta bagian Kompleks Ngajeng dan Kompleks Wingking (Kompleks depan dan kompleks belakang)
PERINGATAN DILARANG MENJADIKAN INI UNTUK PRESENTASI KARENA SUDAH KAMI PRESENTASIKAN. JADIKANLAH SAJA SEBAGAI REFERENSI. TERIMAKASIH đđ¤˛â¨đ
3. Bangunan kraton kinen darbe gaya arsitektur Jawa tradisional, sinaosa wonten
saperangan bangunan ingkang corakipun campuran saking Portugis, Walanda, lan Cina.
Kompleks karaton ing salebeting benteng kaliyan njawi benteng dipunpisadening regol
ingkang sinebut Plengkung, ing antawisipun:
1. Plengkung Nirbaya (Gading) ing sisih kidul
2. Plengkung Jagabaya (Tamansari) ing sisih kulon
3. Plengkung Tarunasura (Wijilan) ing sisih kulon
4. Plengkung Madyasura ing sisih wetan
Bangunan ing saben kompleks arupi Joglo. Bangunan kraton anggadhahi perangan-
perangan bangunan andhedhasar fungsinipun. Perangan bangunan kraton kaperang
dados 3.
Kompleks Karaton
7. Gladag-Pangurakan
Inggih menika regol pangajeng kangge
mlebet ing kompleks kraton, saking
sisih Lor inggih menika gepura Gladhag
lan gepura Pangurakan ingkang mapan
persis ing sisih Kidulipun.
9. Alun-Alun Lor
Karaton Ngayogyakarta papanipun mandhep wonten
sisih lor kanthi pelataran ingkang wiyar sinebat Alun-Alun
Lor, ingkang rumiyin dipunginakaken minangka papan
kangge ngempalaken para rakyat, gladhen perang
kangge prajurit kraton, lan papan kangge ngawontenaken
upacara adat. Samenika Alun-Alun Lor mligi kangge
upacara Grebeg lan Sekaten.
Ing sisih tengah alun-alun, wonten wit waringin ingkang dipunkupengi tembok,
cacahipun kalih ingkang mapan sisihan. Waringin kekalih kasebat Kyai Dewadaru ingkang
mapan ing sisih kulon, winihipun saking Majapahit. Dene waringin santunggalipun anama
Kyai Wijayadaru utawi Janadaru ingkang mapan ing sisih wetan, winihipun saking
Pajajaran. Waringin kekalih menika minangka simbol bilih ing donya menika wonten kalih
sipat ingkang boten sami, nun ingkang sipat sae lan awon. Dene waringin ingkang wonten
sakupenging Alun-Alun Lor cacahipun 62 waringin. Gunggungipun lajeng wonten 64
waringin. Cacah 64 menika mengku teges yuswanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW
nalika piyambakipun seda, miterat petangan taun Jawi.
12. Mesjid Gedhe Kauman
Masjid Agung utawi masjid gedhe Kauman dipunpandhegani dening Sri Sultan
Hamengkubuwana I tahun 1773. Kompleks Mesjid Gedhe Kauman mapan ing sisih
Kulon Alun - Alun Lor. Kompleks ingkang sinebat Mesjid Gedhe Kauman, dipunkupengi
tembok ingkang inggil. Wonten ing sisih Lor lan Kidul latar mesjid, wonten bangunan
ingkang langkung inggil sinebat Pagongan. Pagongan ing sisih Lor sinebat Pagongan
Lor, dene ingkang mapan ing sisih Kidul, sinebat Pagongan Kidul. Rikala upacara
Sekaten, Pagongan Lor dipunginakaken kangge mapan gangsa sekati Kangjeng Kyai
Naga Wilaga lan Pagongan Kidul kangge mapan gangsa sekati Kangjeng Kyai Guntur
Madu .
16. Alun-Alun Kidul
Alun-alun Kidul mapan ing sisih Kidul
kraton Ngayogyakarta. Asring sinebat
Pengkeran, saking tembung 'pengker'
utawi 'mburi'. Trep kaliyan papanipun
Alun-Alun Kidul ingkang wonten ing
wingking. Alun-Alun menika
dipunkupengi dening tembok persegi
kanthi 5 gapura (sisih Kidul setunggal,
wetan kalih, lan kulon kalih). Ing
sakupengi Alun-Alun dipuntanemi
pelem, pakel, lan kweni. Wit waringin
namung wonten kalih pasang ing
satengahing Alun-alun.
18. Plengkung Nirbaya
Plengkung Nirbaya inggih menika
pucuk Kidul poros punjering kraton.
Gerbang menika dipunginakaken
minangka rute medalipun prosesi
pametaking layon Sultan dhateng
Imogori. Amargi saking menika, papan
menika dados tinutup kangge Sultan
ingkang nembe minggah dados Raja.