Dokumen ini berisi undangan pernikahan antara Agnes Pembriarni Nuryuaningdiah dan Hery Wahyu Wibowo yang akan dilaksanakan pada tanggal 19 Oktober 2008 di Gedung Madu Chandya, Ngayokjakarta. Undangan ini mengundang seluruh keluarga dan kerabat untuk hadir merayakan hari bahagia tersebut.
Sesi 1_PPT Ruang Kolaborasi Modul 1.3 _ ke 1_PGP Angkatan 10.pptx
Surat uleman
1. Ngayokjakarta, Oktober 2008
Bismillahirrohmanirrokhim ..
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Nambut Silaning Akrami
Agnes Pembriarni Nuryuaningdiah, SH. ( Putri Bpk. B. Wiharjo / Ibu Yunitri, Ketanggungan,
Ngayokjakarta )
kaliyan
Hery Wahyu Wibowo, SE., M. Bus. ( Putra Bpk. Edy Suharto / Ibu Temuwatie, Ngalangan,
Ngaglik, Sleman )
Dhaup Suci :
Dinten : Minggu Kliwon, Suryo Kaping : 19 Oktober 2008, Wanci Tabuh : 09.30 WIB,
Mapan ing Ketanggungan, Ngayokjakarta
Winantu Sagunging Pakurmatan,
Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan, Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa
Panjenengan, Sinartan Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat
Hanggadhahi Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Sri
Penganten Anak Kula,
Dinten : Minggu Kliwon, Suryo Kaping : 19 Oktober 2008, Wanci Tabuh : 12.00 – 14.00
WIB, Mapan ing Gedung Madu Chandya, Ngayokjakarta
Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing
Penggalih Saha Sepen ing Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring
Puja Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga Ingkang
Bagya Mulya
Wasan Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwu Lubering Pangaksami
Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur Taklim Kula,
Keluarga Bpk. Edy Suharto/Ibu Temuwatie
Keluarga Bpk. B. Wiharjo/Ibu Yunitri
Agnes & Hery