1. Sepatu Anyar
Faza Hannan P.
XI A2 | 09
Ing pasar adhine Sari ngrengek njaluk sepatu anyar. Sepatue adhine pancen wis bodol lan
wis ora ana rupane. Adhine Sari jenenge Rina,sing umure 5 taun. Sari sayang banget karo adhine,
merga iku adhine siji-sijine. Sari saka keluarga sing ora nduweni, bapake mung kerja dadi buruh
bangunan lan ibune dadi tukang ngumbahi ing desane.
“Mbak tukokake sepatu sing werna putih iku loh, ketone apik tenan,” njaluke Rina sing arep nangis.
“Mbak ora duwe duwit, Rin. Iki duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Sari sing melas karo
adhine.
Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik iku pancen wis ngerti menawa
uripe rekasa, kanggo mangan wae kurang apa maneh tuku sepatu.
Sewise saka pasar lan tuku sayuran Sari bali menyang omahe sing kaya gubuk nanging tetep
rapi disawang, amarga Sari pancen bocah sing sregep lan manutan. Omahe saka pring sing dianyam
lan wis radha pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh kembang sing pada mekar.
Senajan Sari saka keluarga sing ora nduweni, nanging bapake pingin Sari dadi wong sukses lan
pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Sari iku siswa sing pinter ing
sekolahane. Wengine pas Sari arep sinau, bapake sing nembe bali kerja mereki Sari.
“Ri, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,”
ngendikane bapake Sari.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”
Esuk-esuk atis banget Sari wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Sari
mangkat esuk merga Sari arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Sari
pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu, kula budhal rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sepatu
kangge Rina,” pamitane Sari karo salaman marang wong tuwane.
“Ya, Amin. Ati-ati ya Ri,” ngendikane bapake.
“Mbak, mengko tuku sepatu ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sepatu anyar.
Tibaning sekolahan Sari deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah.
Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing
apik.
Ing lomba Sari bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Iki wektune
pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Sari. Sari langsung nerima piala karo amplop
sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Sari bali menyang omah karo sumringah ngonthel
sepedane.
“Assalamualaikum. Bu, pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa Ri?”pitakone ibune Sari.
“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sepatu anyar.”
“Alhamdulilah, Ri. Anake Ibune pinter temen. Ibu tambah sayang marang kowe.”ngendikane ibune
sing sumringah lan bangga.
2. Sore-sore,sewise ganti klambi Sari ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sepatu anyar.
“Tuku sepatu sing werna apa Rin?” pitakone Sari maring adhine.
“Sing werna putih Mbak!”
Langsung wae Sari tuku sepatu sing dipingini adhine. Ing jero atine Sari ngerasa lega merga
wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dhewe.
“Matur nuwun ya Mbak.”
Atine Sari tambah bungah.
UNSUR INTRINSIK CERPEN
1. Tema : Ekonomi & Keluarga
2. Tokoh : Sari, Rina, Bapake, Ibune
3. Penokohan
a) Sari :
Penyayang. Bukti : “Sari sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine…”
Sregeppan lan manutan. Bukti : “Sewise saka pasar lan tuku sayuran Sari bali menyang
omahe sing kaya gubuk nanging tetep rapi disawang, amarga Sari bocah sing sregep lan
manutan.”
Pinter. Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Sari termasuk siswa pinter ing sekolahane.”
Gelem usaha. Bukti : ““Nggih pak,kula ajeng usaha,”
b) Rina :
Nerima. Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.”
Pengerten. Bukti : “Bocah cilik iku wis ngerti angger uripe rekasa, kanggo mangan wae
kurang apa maneh tuku sepatu.”
c) Bapake :
Kerja keras. Bukti : “Wengine pas Sari arep sinau, bapake sing nembe bali kerja mereki Sari.”
Duwe pinginan sing mulya. Bukti : “Senajan Sari saka keluarga sing ora mampu, nanging
bapake pingin Sari dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
d) Ibune :
Penyayang. Bukti : ““Alhamdulilah, Ri. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang
marang kowe.”
4. Latar
a) Panggonan :
Ing pasar. Bukti : “Ing pasar adhine Sari ngrengek njaluk sepatu anyar.”
Ing omahe Sari. Bukti : “Sewise saka pasar lan tuku sayuran Sari bali menyang omahe sing
kaya gubuk nanging tetep rapi disawang, amarga Sari bocah sing sregep lan manutan.”
Ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Sari deg-degan amargi sekolahane wis rame lan
ana peserta liya sekolah.”
3. b) Wektu :
Wayah wengi. Bukti : “Wengine pas Sari arep sinau, bapake sing nembe bali kerja mereki
Sari.”
Esuk-esuk. Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Sari wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep
dienggo neng sekolah.”
c) Kahanan :
Rame ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Sari deg-degan amargi sekolahane wis rame
lan ana peserta liya sekolah.
Sumringah. Bukti : “Sari bali menyang omah karo sumringah ngonthel sepedane.”
5. Alur : Maju
6. Sesawangan : wong ketelu
7. Amanat
Senajan kita ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging kita kudu duweni ilmu sing
bisa nduwurke derajat.
Ing kehidupan kudu usaha lan pantang menyerah
Dadi wong kudu kerja keras, aja ngandalake wong liya terus-terusan.
8. Nilai-nilai
a) Pendidikan : Pantang putus asa ing mewujudake cita-cita.
Bukti : “Senajan Sari saka keluarga sing ora nduweni, nanging bapake pingin Sari dadi wong
sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
b) Budaya : Ngormati wong tuwa
Bukti : “…..,Pamitane Sari karo salaman marang wong tuwane.”
c) Moral : Angger pingin duweni sesuatu apike nganggo jerih payahe dhewe.
Bukti : “Ing jero atine Sari lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih
payahe dhewe.”