1. Kancil karo Kethek
Kancil atine seneng nalika weeuh gedhang mateng satudhun.
Sarehning kancil ora bisa menek, mula dhewekne banjur marani kethek saperlu
njaluk tulung.
Kethek saguh dijaluki tulung waton mengko gedhange sing wis diunduh diparo.
Kancil ora kabotan. Kancil karo kethek banjur menyang ing papane gedhang.
Tekan papane gedhang, kethek pancen kelakuane ora pantes ditiru. Uwoh
gedhang sing wis dipothel enggal dipangan.kulite diwenehake kancil. Kancil atine
gela amarga dibodoni dening kethek.
Liya dina kancil weruh lombok abang. Kancil jupuk sagegem, digawa menyang
papane kethek. Sadurunge lambene kancil diusapi pupus godhong jati, katon
abang mereh-mereh. Kancil ditakoni dening kethek. Kancil mangsuli,
lambeneabang sebab lagi bae mangan lombok karo nduduhake lombok abang
sing digawa.
Weruh kaya kuwi kethek njaluk lombok abang marang kancil. Sawise lombok
abang dipangan, sanalika kethek girap-girap kepedhese. Kancil mung mesam-
2. mesem bisa bales ngapusi kethek. Mangkono pikolehe sapa sing ngapusi, bakal
diapusi.
Wangsulana Pitakonan Ing ngisor Iki.
1. Apa judhule dongeng ing dhuwur?
2. Sapa wae tokohe dongeng ing dhuwur?
3. Yagene kancil njaluk tulung kethek?
4. Kethek gelem apa ora dijaluki tulung?
5. Apa sebabe kancil atine gela marang kethek?