1. TANDUK
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Njih nyuwun pepaipun sederek sepuh utawi anem ingkang pun
katuran lenggah wonten dalemipun……… kasuwun nyekseni njih
Kulo sadermi ngikroraken punopo ingkang dados niyat soho
hajatimun Bapak……… sekalian.
Bapak …………. Ngawontenaken ambeng bujono kagem sodakoh
karono alloh…
Nggih setunggal bab malih caos hormat ingkang dipun kurmati
ingkang gelar wiwitan sarto pungkasan, Arwahipun bopo adam ibu
hawa, pramilo dipun kurmati ……….. nggih sageto slamet wilujeng
ngajeng sak pawingkingipun
Njih Setunggal bab malih caos hormat ingkangdipun kurmatiingkang
nurunake rinten kelawan dalu dinten pitu pekenan gangsal
Kaleres ing dinten …………. meniko saperlu minuju mengeti
.…………………, mugi mugi saget wilujeng sedayanipun
Njih Setunggal bab malih kagem kurmati fi hadzal kuryah ……..….
Kiblat sekawan gangsal pancer, ingkang dipun lenggahi ……. …....
Pramilo dipun kurmati njih saget tegeng langgeng teguh rahayu
ngajeng sak pawingkingipun.
Mugi mugi Gusti alloh ngijabahi menopo ingkang dados niyat soho
hajatipun …….. Soho putro wayahipun sedoyo
Njih Setunggal bab malih kagem kurmati selehing tahun kumpuling
sasi, sasi 12, tahun 8 windu sekawan pawukon tinggang doso
jangkepipun penanggalan rinten kelawan dalu. Kaleres ing dinten
………….. saperlu milujengi …………..
2. Njih Setunggal bab malih kagem kurmati bagindo ilyas soho bagindo
khidir, bagindo ilyas ingkang grekso daratan, bagindo kidir ingkang
ngrekso toyo, pramilo dipun kurmati mugio saget slamet wilujeng
rinten sak dalunipun.
Njih Setunggal bab malih wontenipun sekul arum ulam suci kagem
caos kurmat, ingkang dipun kurmati kanjeng nabi Muhammad
ingkang minongko kajumeneng rosul, katuro sak garwo putro ugi
wayahipun sedoyo. Ugi dumateng sekawan sahabatipun, abu bakar,
umar, usman, sayidina ali, ingkang pidados syariatipun kanjeng nabi.
Pramilo dipun kurmati njih dipun suwuni safaatipun wilujeng rinten
sak dalunipun
Njih Setunggal bab malih wontenipun pisangayu, sekar kenyo sedah
ayu kagem kurmati mbok aminah siti fatimah sami, ingkang makuto
wonten ing mekah sumare wonten madinah, ingkang pantes dados
patuladanipun kaum estri, pramilo dipun kurmati …………….. njih
sageto gemeni rejekinipun …. ….. saget hanyekapi kabetahanipun
rinten sak dalunipun.
Setunggal bab malih wontenipun kayu, toyo, api, sedoyo
pirantosipun ……… anggenipun kagungan hajat soho perlu ing dinten
…… milujengi …………….. mugi saget slamet wilujeng sedayanipun.
Ugi wontenipun gangsulan mbok bilih wonten kekiranganipun mugi
gusti alloh paring pangapunten…
Njih sedayane ambeng wau ngiras pantes mengku salu bale lan
griyo, sak sikep sri rojo koyo tanem tuwuhipun sedoyo,
Sah ijab kumpulingperlu sami dipun sekseni kabulo ing dinten
…………… meniko
Sedoyo kasuwun tadah amin…