SlideShare a Scribd company logo
1 of 6
Assalamualaikum Wr. Wb.
Innalillahi wa innailaihi roji’un, sampun murud Bapak Mukidi wonten yuswa 63
taun.
Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabektan, Bapak-Bapak, Ibu-
Ibu para rawuh kakung minah putri ingkang dhahat kinurmatan.
Langkung rumiyin, sumangga panjenengan lan kula sedaya ngaturaken puji
kaliyansyukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi
rahmat saha berkah saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten
wanci menika. Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, keparenga minangkani
pamundhuting kaluwarga panandang musibah, kinen hangaturaken rerantamaning
acara pametahing layon ing karenggan menika.
Rehne handungkap titi wanci, tumunten badhe kula maosaken reroncening
adicarapametahing layon.
1. Adicara ingkang setunggal menika pambuka
2. Kalajengaken atur bela sungkawa saking kaluwarga panandhang musibah
3. Lajeng, adicara ingkang kaping tiga menika atur bela sungkawa saking para sesepuh
4. Adicara ingkang sekawan inggih menika atur bela sungkawa saking ketua panitia
5. Kalajengaken adicara ingkang gangsal inggih menika pambidhaling layon
Menika reroncening adicara pametahing dinten menika. Para rawuh ingkang dahat
kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken
sesarengan maos Basmalah. Mekaten, adicara ingkang sepisan sampun paripurna.
Kalajengaken adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur saking kulawarga
panandhang musibah. Katur Ibu Ipung kaliyan Adel, kasumanggakaken.
Matur nuwun dhumateng Ibu Ipung kaliyan Adel ingkang sampun atur bela
sungkawa. Ngancik acara ingkang angka tiga inggih menika atur bela sungkawa
saking para sesepuh. Wonten ing ngriki kawula suwunaken saking Bapak Tora.
Dhumateng Bapak Tora sumangga.
Matur nuwun dhumateng Bapak Haji Tora ingkang sampun atur bela
sungkawa. Menggah acara salajengipun inggih menika atursakingKetua Panitia.
Dhumateng Ibu Divanasumangga
Matur nuwun dhumateng Adik Divana ingkang sampun atur bela
sungkawa. Kalajengaken pamberangkating layon tumujweng sasana laya. Dhumateng
para kadang dipun mapanaken.
Mekaten menggah mauziah mauziin sedaya. Kula minangkani handerekaken
lumampahing acara pametahing layon. Kula aturaken panyuwun dhumateng para
rawuh sedaya. Menawi wonten kelepatan, kula aturaken pangapunten.
Billahitaufiq wal hidayah
Wassalamualaikum wr. wb
2) Sesorah Perwakilan Kulawarga
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x
Nuwun, para takziyah ingkang kula kurmati, kanthi rahmating Gusti ingkang
Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya tasih pinaringan kasarasan, saged rawuh
ing dalem duhkita ngriki ing upacara pametaking layon almarhum Mukidi (yuswa 71
taun).
Keparingan kula minangka wakilipun kulawarga, ingkang nandang bela sungkawa,
ngaturaken agungin panuwun dhumateng para takziyah ingkang sampun kepareng
rawuh wonten dalem mriki, paring pakurmatan upacara pametaking layonipun
almarhum Mukidi, mboten kesupen kulawarga ngaturaken agungin panuwun ingkang
tanpa umpami dhumateng panjengengan sedaya ingkang sampun paring pambiyantu
awujud bandha beya, iguh pratikel saha penggalihan, ingkang sedaya wau katujokaken
saha mahanani entenging sesangganipun kulawarga. Kulawarga wonten ngriki mboten
saged paring lelintu menapa-menapa, kejawi naming memuji mugi sedaya amal
kesaenan panjenengan sedaya tansaha pikantuk piwales saking Gusti Allah. Aamiin...
Para takziyah ingkang kula kurmati, perlu kawuningan sepinten upaya lan
ikhtiaripun kulawarga nalika almarhum Mukidi nandhang gerah, sageda sehat malih,
nanging gandheng sedaya pepesthen menika wonten ing astanipun Gusti. Sedaya
ingkang wonten donya menika namung Kagunganipun Gusti Allah lan dhateng Gusti
ugi sedaya badhe kapundhut wangsul, pramila kanthi tentrem Bapak Mukidi sampun
sowan wonten ngarsanipun Gusti, rikala dinten Jumat wanci tabuh tiga langkung
sedasa menit wonten Griya Sakit Raffles Medical Centre.
Dhumateng para takziyah sedaya kepareng donga amrih sedaya amal
kesaenanipun almarhum Mukidi saged ketampi linebura, sedaya dosa lan
kalepatanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi kaparingan manah
tabah, ikhlas uga tawakal.
Ing wasasna mbok bilih almarhum Mukidi rikala sugeng gadhah kalepatan, utawi
petangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan sami, kulawarga nyuwunaken
agenging pangapunten. Uga panjenengan kersa rawuh ngrampungaken sedaya wau
kaliyan kulawarganipun.
Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten atur
ingkang kirang prayogi. Kula nyuwun pangapunten. Nuwun.
Wassalamu'alaikum wr. wb.
3) Sesorah Sesepuh
Assalaamu'alaikum wr.wb.
Ingkang dhahat kinurmatan Para Alim Ulama'
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu sekalian
Ingkang kula tresnani Adik-adik karang taruna
Wonten ing madyaning duhkita ri kalênggahan mênika kula ingkang kapiji dening
Ibu Juminten, kinèn hanglarabakên lêkasing sêdya babaring karsa, nênggih awit saking
kawontênan tuwin bêbêging manah ingkang nêmbe nawung duhkita jalaran
panjênênganipun Bapak Mukidi ingkang sampun tinimbalan dening Allah swt, kala ing
wanci enjing jam tiga langkung sedasa menit jalaran nandhang gêrah sampun
sawatawis wonten Griya Sakit Raffles Medical Centre
Kula,sesepuh kaliyan kulawarga anggènipun budidaya sampun botên kirang-kirang,
bêbasan têkên janggut suku jaja anggènipun ngupadi usada murih waluyajati
têmahaning waluya, ananging sadaya mênika sampun dados pêpêsthèning ngagêsang
ingkang kinodrat, pramila panjênêngan lan kula namung sagêd nglênggana sumarah
wontên ngarsa dalêm Gusti ingkang Maha Wênang “Inna lillahi wa inna ilaihi roji’un “.
Lumantar kula, sagung sesepuh desa ingkang nawung dhuhkita, hangaturakên
kawilujengan rawuh panjênêngan sadaya, sinartan atur panuwun ingkang botên sagêd
kawêca ing pangandikan. Inggih awit saking rawuh panjênêngan sadaya minangka
pambela sungkawa ingkang mujudakên sih katrêsnanipun dhumatêng alm/mah
ingkang botên sagêd kagambarakên wontên ing ngriki.
Mênapa malih paringipun pambiyantu para tangga têpalih, sanak-kadang mitra
pitêpangan ingkang awujud mênapa kemawon, saèstu sadaya kulawarga boten sagêd
ngaturi lelintu dhumatêng panjênêngan sêdaya. Kajawi namung sagêd nyuwun
dhumatêng GustiIngkang Maha Suci, mugi-mugi panjênêngan sadaya nampi nugraha
piwalês ingkang satraju, dhêstun hanglangkungana sarta andadosna wêwahaning
kasaenan panjênêngan sadaya.
Sagung para pambela sungkawa ingkang tuhu kinurmatan, mawantu-wantu
panyuwunipun shohibul musibah, mugi wontên kêparêngipun paring donga pamuji
hamastuti mugi almarhum katampi amal kasaenan kala sugêngipun, dipunngapuntên
sadaya lêpat lan dosanipun.
Bokmênawi wêkdal sugêngipun almarhum taksih nggadhahi têtanggêlaning
pêpetangan sumangga sadèrèngipun layon kapêtak mugi enggal karampungna rumiyin,
murih gancar saha gangsar lampahipun almarhum anggènipun badhe sowan wontên
ngarsa dalêm Allah Swt. Ugi boten kêsupen bokmênawi kathah kalêpatanipun
almarhum ing wêkdal sugêngipun, kêrsaha panjênêngan sadaya ambabar samodraning
pangaksama.
Kangge panglipuring kulawarga ingkang tinilar, mugi tansah têguh imanipun, sabar
tawakal tuwin sumarah dhumatêng pêpêsthèning Gustiingkang sampun kinodrat, ugi
anggènipun nandhang dhuhkitaning tyas sampun ngantos kadlarung-dlarung, awit
sadaya titah ingkang gumêlar ing jagad mênika ugi purun utawi botên mêsthi badhe
hanglampahi ingkang kados mêkatên.
Dhumatêng sagung para pambela sungkawa, sru panyuwunipun para kulawarga,
para rawuh kasuwun ndhèrèkakên bidhaling layon dumugi papan pamêtak layon ing
sasana Giri laya Astana Keramat.
Wondene ingkang taksih wontên jêjibahan ingkang botên sagêd katilarakên
sagung para kulawarga namung sagêd andherekakên sugêng kondur lan matur nuwun.
Ing wasana kula nglênggana bilih anggèn kula nampi rawuh panjênêngan sadaya kirang
aruh, gupuh, lungguh, saha kathah kêkirangan anggèn kula matur wontên ngarsa
panjênêngan, kêparêng ngrumêntahakên samodraning pangaksama
Wallahul muwafiq wailla aqwamith thoriq wassalamu alaikum
Wassalaamu'alaikum wr.wb.
4) Sesorah Ketua Panitia
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Para sesepuh, Bapak-bapak, Ibu-ibu, kulawarga saha sadherek-sadherek ingkang
kinurmatan.
Innalillahi wa innailaihi raji'un 3x
Raos puji syukur wonten ngarsanipun Alloh SWT sumangga tansah kita aturaken
awit saking rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun satemah kula panjenengan sedaya saget
nderek takziah awit sampun murut kasidan jati almarhum Mukidi.
Kula minangka wakilipun para panitia saking karang taruna, nderek bela
sungkawa dhumateng ahli waris kulawarga Almarhum Bapak Mukidi ingkang nembe
pikantuk pacobaning Gusti kanthi konduripun wonten ngayunaning Gustiingkang
Maha Kuwasa.
Salajengipun ingkang kita suwun mugi-mugi arwahipun Almarhum Bapak
Mukidi angsal berkah rohmating Gustiingkang Maha Agung, pinaringan jembar
pasarean saha pinaringan pajar mirginipun, sagedipun apunten sadaya kalepatan saha
dosa-dosanipun.
Mugi-mugi sadaya keluarga ingkang tinilar pinaringan sabar, tawakal saha
pinaringan darmaning agesang wonten alam bebrayan. Mugi-mugi pinaringan manah
ikhlas, rila saha nrima ing takdir. Jer manungsa punika namung nampi punapa ingkang
dipunkersakaken Gusti. Manungsa menika namung titipanipun Gusti ingkang sawanci-
wanci kapundhut. Kita sadaya namung sadremi nglampahi, asrumawah wonten
ngarsanipun.
Wasana cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kirang langkungipun
atur, kula nyuwun lumunturing agunging pangaksami.
Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Contoh Pidato Bahasa Jawa Untuk Acara Yasinan
Assalamualaikum. Wr. Wb.
Alhamdulillah alhamdulillahi robbil alamin washolatu wassalam asrofil ambiyai
wal mursalin. Sayyidina wa maulana Muhammadin wa a’ala alihi washohbihi
aj’main. Amma ba’du.
Ibu-ibu jama’ah yasinan ingkang kawulo hormati, soho ingkang di mulya aken
ALLAH SWT.
Sak derengipun kito maos yasin dalasan tahlil sakcekapipun monggo kito tansah
muji syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT ingkang sampun paring
kenikmatan dumateng kito sedoyo, saenggo kito saget kempal wonten ndalemipun
ibu....
Kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal menopo. Aamiin.
Nikmat ingkang lumeber dumateng kito puniko kenikmatan iman Islam soho
kasarasan. Monggo ibu-ibu kito matur syukur kanthi waosan Hamdalah sareng-
sareng . Alhamdulillah...
Lan mboten kesupen sholawat meniko dipun aturaken dumateng junjungan Nabi
Muhammad SAW, ingkang kito ajeng-ajeng syafa’atipun wonten ing yaumil akhir.
Aamiin..
Waosan yasin dalasan tahlil puniko kakentunaken dumateng arwahipun
almarhum/almarhumah/leluhur/ahli kubur bapak/ibu...... ingkang sampun
katimbalan sowan wonten ngarsanipun ALLAH SWT , mugi-mugi dipun tampi
amal kesaenipun dipun akeni umate Nabi Muhammad SAW lan dipun lenggahaken
wonten sorganipun ALLAH SWT lan ugi lumeber dumateng kito ingkang taseh
gesang mugi-mugi dipun paringi kasarasan, kawilujengan ugi katetepan iman
kalian Islam. Aamiin...
Ing sarehneng sampun cekap kawulo minongko wakil saking ibu-ibu kepareng
nyuwun pamit lan Matur nuwun sanget pasugatanipun, lan mugi-mugi dados amal
saenipun ibu ....... sekeluarga. Mbok bilih wonten kalepatan ugi kekirangan
anggenipun waosan yasin dalasan tahlil kulo minongko wakil saking ibu-ibu
nyuwun agunging samudro pangaksami.
Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakutuh.
Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo senantiasa raos syukur dumateng
ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat kan hidayahipun sehinggo wekdal niki kito
saged ndugeni undanganipun Bapak .......ingkang nggadah hajatan arupi tasyakuran ngenggeni
griyo anyar.
Shalawat ugi salam, mugiyo tetep dipun paringaken dumateng Nabi kito Muhammad SAW,
keluarganipun, poro sohabatipun lan sedoyo kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam
kanthi estu - estu lan leres. Mugiyo kito kalebet umat beliau ingkang ngelampahi ajaran Islam kanti
estu - estu lan leres.
Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Perlu sedoyo undangan sumerepi mbok beleh Bapak........wekdal niki raos syukur dumateng
ngarsanipun Allah SWT, keranten nopo ingkang dipun arep - arepaken kaliyan keluarga saniki
sampun dipun kabulaken. Inggih meniko dipun paringi saget mbangun griyo ingkang sahe, kados
mekaten niki. Lan semanten ugi raos syukuripun Bapak......sekeluargo, kito dipun undang kaperlu
nderek tasyakuran sareng - sareng.
Pramilo saking niku Bapak.....nyuwun do'a restunipun dumateng panjenengan sedoyo, mugiyo
nikmat ingkang dipun terami Bapak......niki saget barokah, wonten manfaatipun lan nikmat niku ugi
saget nyaheni lelampahanipun ugi amalan - amalan lintunipun.
Lan Bapak......nyuwun agunge pangapunten beleh wonten kekiranganipun, nopo niku arupi
pasogatan lan lintu - lintunipun.
Sedoyo undangan ingkang kulo hormati.
Kulo lan panjenengan sedoyo meniko kedah senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah
SWT, ingkang sampun maringi pinten - pinten nikmat. Kito ugi kedah enget mbok beleh bersyukur
niku saget nambahi nikmat, maksudipun sinten ingkang raos syukur dumateng ngersanipun Allah,
milo saking niku bakal ditambah dening Allah SWT, lan kito kedah enget mbok beleh kito dipun
larang kufur nikmat. Syukur dateng nikmat ingkang dipun paringaken Allah, niku mboten cekap
diucapaken mawon, ananging kito kedah buktekaken kelawan perbuatan lan lelampahan ingkang
dipun perintah dening Allah SWT.
Undangan sedoyo ingkang kulo hormati.
Mekaten sambutan saking kulo atas nami saking Bapak.....sekeluargo, mugiyo saget kito fahami,
sehinggo kito saget ugi ngamalaken ing dalem gesang kito saben dinten.
Akhirul Kalaam. Ihdinash shiraathal mustaqiim. Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.
krar Syawalan dalam bahasa Jawa kromo Inggil yang dibacakan oleh Sek Cam
Banguntapan Bpk. Juwahir sebagai berikut Kepareng kawulo matur Dumateng
panjenengan sedoyo. Ingkang sepisan Kawulo ngaturaken sugeng riyadi 'Idul Fitri 1435
H'
Kaping kalihipun
Kawulo ngaturaken sungkem pangabektos Dumateng panjenengan ingkang kaleres
sepuh Soho ngaturaken salam taklim Dumateng kadang mudo Tuwin kadang sasami
sami. Kawulo ngaturaken sedoyo kalepatan lahir tuwin batos Ingkang tumuju dumateng
panjenengan sedoyo Ingkang arupi Ukar sakecap Lampah satindak Soho wiraos
saklimah Ingkang nalingsir saking paugeran agami. Mugi-mugi Alloh kepareng paring
pangapunten Lumantar panjenengan sedoyo Amin.
Setelah dibacakan ikrar Syawalan selanjutnya diadakan saling jabat tangan maaf
memaafkan oleh seluruh peserta yang hadir. (Sihumas Banguntapan)

More Related Content

More from Muhammad Nuroni

Dasar dasar pemahaman-perilaku_individu_[compatibility_mode]
Dasar dasar pemahaman-perilaku_individu_[compatibility_mode]Dasar dasar pemahaman-perilaku_individu_[compatibility_mode]
Dasar dasar pemahaman-perilaku_individu_[compatibility_mode]Muhammad Nuroni
 
6. modul bdr kelas 6 tema 2 (websiteedukasi.com)
6. modul bdr kelas 6 tema 2 (websiteedukasi.com)6. modul bdr kelas 6 tema 2 (websiteedukasi.com)
6. modul bdr kelas 6 tema 2 (websiteedukasi.com)Muhammad Nuroni
 
Pembel bil bul dgn manik-manik
Pembel bil bul dgn manik-manikPembel bil bul dgn manik-manik
Pembel bil bul dgn manik-manikMuhammad Nuroni
 
Aktivitas geometri dan pengukuran (phytagoras)
Aktivitas  geometri dan pengukuran (phytagoras)Aktivitas  geometri dan pengukuran (phytagoras)
Aktivitas geometri dan pengukuran (phytagoras)Muhammad Nuroni
 
Apa dan bagaimana penelitian tindakan sekolah (pts) forum guru indonesia
Apa dan bagaimana penelitian tindakan sekolah (pts)   forum guru indonesiaApa dan bagaimana penelitian tindakan sekolah (pts)   forum guru indonesia
Apa dan bagaimana penelitian tindakan sekolah (pts) forum guru indonesiaMuhammad Nuroni
 
40 nasehat memperbaiki rumah tangga
40 nasehat memperbaiki rumah tangga40 nasehat memperbaiki rumah tangga
40 nasehat memperbaiki rumah tanggaMuhammad Nuroni
 
Undangan rt untuk bapak2
Undangan rt untuk bapak2Undangan rt untuk bapak2
Undangan rt untuk bapak2Muhammad Nuroni
 
Jadwal imsakiyah-1436-h-tahun-2015-pacitan
Jadwal imsakiyah-1436-h-tahun-2015-pacitanJadwal imsakiyah-1436-h-tahun-2015-pacitan
Jadwal imsakiyah-1436-h-tahun-2015-pacitanMuhammad Nuroni
 
Penjumlahan susun pendek
Penjumlahan susun pendekPenjumlahan susun pendek
Penjumlahan susun pendekMuhammad Nuroni
 

More from Muhammad Nuroni (17)

Dasar dasar pemahaman-perilaku_individu_[compatibility_mode]
Dasar dasar pemahaman-perilaku_individu_[compatibility_mode]Dasar dasar pemahaman-perilaku_individu_[compatibility_mode]
Dasar dasar pemahaman-perilaku_individu_[compatibility_mode]
 
6. modul bdr kelas 6 tema 2 (websiteedukasi.com)
6. modul bdr kelas 6 tema 2 (websiteedukasi.com)6. modul bdr kelas 6 tema 2 (websiteedukasi.com)
6. modul bdr kelas 6 tema 2 (websiteedukasi.com)
 
Pembel bil bul dgn manik-manik
Pembel bil bul dgn manik-manikPembel bil bul dgn manik-manik
Pembel bil bul dgn manik-manik
 
Aktivitas geometri dan pengukuran (phytagoras)
Aktivitas  geometri dan pengukuran (phytagoras)Aktivitas  geometri dan pengukuran (phytagoras)
Aktivitas geometri dan pengukuran (phytagoras)
 
Apa dan bagaimana penelitian tindakan sekolah (pts) forum guru indonesia
Apa dan bagaimana penelitian tindakan sekolah (pts)   forum guru indonesiaApa dan bagaimana penelitian tindakan sekolah (pts)   forum guru indonesia
Apa dan bagaimana penelitian tindakan sekolah (pts) forum guru indonesia
 
40 nasehat memperbaiki rumah tangga
40 nasehat memperbaiki rumah tangga40 nasehat memperbaiki rumah tangga
40 nasehat memperbaiki rumah tangga
 
Pantun syukur
Pantun syukurPantun syukur
Pantun syukur
 
Ilmu iman amal
Ilmu iman amalIlmu iman amal
Ilmu iman amal
 
Undangan rt untuk bapak2
Undangan rt untuk bapak2Undangan rt untuk bapak2
Undangan rt untuk bapak2
 
Jadwal imsakiyah-1436-h-tahun-2015-pacitan
Jadwal imsakiyah-1436-h-tahun-2015-pacitanJadwal imsakiyah-1436-h-tahun-2015-pacitan
Jadwal imsakiyah-1436-h-tahun-2015-pacitan
 
Kata mutiara
Kata mutiaraKata mutiara
Kata mutiara
 
Tugas
TugasTugas
Tugas
 
Penjumlahan susun pendek
Penjumlahan susun pendekPenjumlahan susun pendek
Penjumlahan susun pendek
 
2. pembagian pecahan
2. pembagian pecahan2. pembagian pecahan
2. pembagian pecahan
 
4. volume bangun ruang
4. volume bangun ruang4. volume bangun ruang
4. volume bangun ruang
 
Alat peraga angka
Alat peraga angkaAlat peraga angka
Alat peraga angka
 
Pidato
PidatoPidato
Pidato
 

Assalamualaikum wr

  • 1. Assalamualaikum Wr. Wb. Innalillahi wa innailaihi roji’un, sampun murud Bapak Mukidi wonten yuswa 63 taun. Nuwun, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dahat kinabektan, Bapak-Bapak, Ibu- Ibu para rawuh kakung minah putri ingkang dhahat kinurmatan. Langkung rumiyin, sumangga panjenengan lan kula sedaya ngaturaken puji kaliyansyukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun maringi rahmat saha berkah saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal wonten wanci menika. Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, keparenga minangkani pamundhuting kaluwarga panandang musibah, kinen hangaturaken rerantamaning acara pametahing layon ing karenggan menika. Rehne handungkap titi wanci, tumunten badhe kula maosaken reroncening adicarapametahing layon. 1. Adicara ingkang setunggal menika pambuka 2. Kalajengaken atur bela sungkawa saking kaluwarga panandhang musibah 3. Lajeng, adicara ingkang kaping tiga menika atur bela sungkawa saking para sesepuh 4. Adicara ingkang sekawan inggih menika atur bela sungkawa saking ketua panitia 5. Kalajengaken adicara ingkang gangsal inggih menika pambidhaling layon Menika reroncening adicara pametahing dinten menika. Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmalah. Mekaten, adicara ingkang sepisan sampun paripurna. Kalajengaken adicara ingkang kaping kalih inggih menika atur saking kulawarga panandhang musibah. Katur Ibu Ipung kaliyan Adel, kasumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Ibu Ipung kaliyan Adel ingkang sampun atur bela sungkawa. Ngancik acara ingkang angka tiga inggih menika atur bela sungkawa saking para sesepuh. Wonten ing ngriki kawula suwunaken saking Bapak Tora. Dhumateng Bapak Tora sumangga. Matur nuwun dhumateng Bapak Haji Tora ingkang sampun atur bela sungkawa. Menggah acara salajengipun inggih menika atursakingKetua Panitia. Dhumateng Ibu Divanasumangga Matur nuwun dhumateng Adik Divana ingkang sampun atur bela sungkawa. Kalajengaken pamberangkating layon tumujweng sasana laya. Dhumateng para kadang dipun mapanaken. Mekaten menggah mauziah mauziin sedaya. Kula minangkani handerekaken lumampahing acara pametahing layon. Kula aturaken panyuwun dhumateng para rawuh sedaya. Menawi wonten kelepatan, kula aturaken pangapunten. Billahitaufiq wal hidayah Wassalamualaikum wr. wb
  • 2. 2) Sesorah Perwakilan Kulawarga Assalamu’alaikum Wr. Wb. Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x Nuwun, para takziyah ingkang kula kurmati, kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung, ing wekdal menika kita sedaya tasih pinaringan kasarasan, saged rawuh ing dalem duhkita ngriki ing upacara pametaking layon almarhum Mukidi (yuswa 71 taun). Keparingan kula minangka wakilipun kulawarga, ingkang nandang bela sungkawa, ngaturaken agungin panuwun dhumateng para takziyah ingkang sampun kepareng rawuh wonten dalem mriki, paring pakurmatan upacara pametaking layonipun almarhum Mukidi, mboten kesupen kulawarga ngaturaken agungin panuwun ingkang tanpa umpami dhumateng panjengengan sedaya ingkang sampun paring pambiyantu awujud bandha beya, iguh pratikel saha penggalihan, ingkang sedaya wau katujokaken saha mahanani entenging sesangganipun kulawarga. Kulawarga wonten ngriki mboten saged paring lelintu menapa-menapa, kejawi naming memuji mugi sedaya amal kesaenan panjenengan sedaya tansaha pikantuk piwales saking Gusti Allah. Aamiin... Para takziyah ingkang kula kurmati, perlu kawuningan sepinten upaya lan ikhtiaripun kulawarga nalika almarhum Mukidi nandhang gerah, sageda sehat malih, nanging gandheng sedaya pepesthen menika wonten ing astanipun Gusti. Sedaya ingkang wonten donya menika namung Kagunganipun Gusti Allah lan dhateng Gusti ugi sedaya badhe kapundhut wangsul, pramila kanthi tentrem Bapak Mukidi sampun sowan wonten ngarsanipun Gusti, rikala dinten Jumat wanci tabuh tiga langkung sedasa menit wonten Griya Sakit Raffles Medical Centre. Dhumateng para takziyah sedaya kepareng donga amrih sedaya amal kesaenanipun almarhum Mukidi saged ketampi linebura, sedaya dosa lan kalepatanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi kaparingan manah tabah, ikhlas uga tawakal. Ing wasasna mbok bilih almarhum Mukidi rikala sugeng gadhah kalepatan, utawi petangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan sami, kulawarga nyuwunaken agenging pangapunten. Uga panjenengan kersa rawuh ngrampungaken sedaya wau kaliyan kulawarganipun. Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten atur ingkang kirang prayogi. Kula nyuwun pangapunten. Nuwun. Wassalamu'alaikum wr. wb. 3) Sesorah Sesepuh Assalaamu'alaikum wr.wb. Ingkang dhahat kinurmatan Para Alim Ulama' Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu sekalian Ingkang kula tresnani Adik-adik karang taruna Wonten ing madyaning duhkita ri kalênggahan mênika kula ingkang kapiji dening Ibu Juminten, kinèn hanglarabakên lêkasing sêdya babaring karsa, nênggih awit saking
  • 3. kawontênan tuwin bêbêging manah ingkang nêmbe nawung duhkita jalaran panjênênganipun Bapak Mukidi ingkang sampun tinimbalan dening Allah swt, kala ing wanci enjing jam tiga langkung sedasa menit jalaran nandhang gêrah sampun sawatawis wonten Griya Sakit Raffles Medical Centre Kula,sesepuh kaliyan kulawarga anggènipun budidaya sampun botên kirang-kirang, bêbasan têkên janggut suku jaja anggènipun ngupadi usada murih waluyajati têmahaning waluya, ananging sadaya mênika sampun dados pêpêsthèning ngagêsang ingkang kinodrat, pramila panjênêngan lan kula namung sagêd nglênggana sumarah wontên ngarsa dalêm Gusti ingkang Maha Wênang “Inna lillahi wa inna ilaihi roji’un “. Lumantar kula, sagung sesepuh desa ingkang nawung dhuhkita, hangaturakên kawilujengan rawuh panjênêngan sadaya, sinartan atur panuwun ingkang botên sagêd kawêca ing pangandikan. Inggih awit saking rawuh panjênêngan sadaya minangka pambela sungkawa ingkang mujudakên sih katrêsnanipun dhumatêng alm/mah ingkang botên sagêd kagambarakên wontên ing ngriki. Mênapa malih paringipun pambiyantu para tangga têpalih, sanak-kadang mitra pitêpangan ingkang awujud mênapa kemawon, saèstu sadaya kulawarga boten sagêd ngaturi lelintu dhumatêng panjênêngan sêdaya. Kajawi namung sagêd nyuwun dhumatêng GustiIngkang Maha Suci, mugi-mugi panjênêngan sadaya nampi nugraha piwalês ingkang satraju, dhêstun hanglangkungana sarta andadosna wêwahaning kasaenan panjênêngan sadaya. Sagung para pambela sungkawa ingkang tuhu kinurmatan, mawantu-wantu panyuwunipun shohibul musibah, mugi wontên kêparêngipun paring donga pamuji hamastuti mugi almarhum katampi amal kasaenan kala sugêngipun, dipunngapuntên sadaya lêpat lan dosanipun. Bokmênawi wêkdal sugêngipun almarhum taksih nggadhahi têtanggêlaning pêpetangan sumangga sadèrèngipun layon kapêtak mugi enggal karampungna rumiyin, murih gancar saha gangsar lampahipun almarhum anggènipun badhe sowan wontên ngarsa dalêm Allah Swt. Ugi boten kêsupen bokmênawi kathah kalêpatanipun almarhum ing wêkdal sugêngipun, kêrsaha panjênêngan sadaya ambabar samodraning pangaksama. Kangge panglipuring kulawarga ingkang tinilar, mugi tansah têguh imanipun, sabar tawakal tuwin sumarah dhumatêng pêpêsthèning Gustiingkang sampun kinodrat, ugi anggènipun nandhang dhuhkitaning tyas sampun ngantos kadlarung-dlarung, awit sadaya titah ingkang gumêlar ing jagad mênika ugi purun utawi botên mêsthi badhe hanglampahi ingkang kados mêkatên. Dhumatêng sagung para pambela sungkawa, sru panyuwunipun para kulawarga, para rawuh kasuwun ndhèrèkakên bidhaling layon dumugi papan pamêtak layon ing sasana Giri laya Astana Keramat. Wondene ingkang taksih wontên jêjibahan ingkang botên sagêd katilarakên sagung para kulawarga namung sagêd andherekakên sugêng kondur lan matur nuwun. Ing wasana kula nglênggana bilih anggèn kula nampi rawuh panjênêngan sadaya kirang aruh, gupuh, lungguh, saha kathah kêkirangan anggèn kula matur wontên ngarsa panjênêngan, kêparêng ngrumêntahakên samodraning pangaksama Wallahul muwafiq wailla aqwamith thoriq wassalamu alaikum Wassalaamu'alaikum wr.wb.
  • 4. 4) Sesorah Ketua Panitia Assalamu'alaikum Wr. Wb. Para sesepuh, Bapak-bapak, Ibu-ibu, kulawarga saha sadherek-sadherek ingkang kinurmatan. Innalillahi wa innailaihi raji'un 3x Raos puji syukur wonten ngarsanipun Alloh SWT sumangga tansah kita aturaken awit saking rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun satemah kula panjenengan sedaya saget nderek takziah awit sampun murut kasidan jati almarhum Mukidi. Kula minangka wakilipun para panitia saking karang taruna, nderek bela sungkawa dhumateng ahli waris kulawarga Almarhum Bapak Mukidi ingkang nembe pikantuk pacobaning Gusti kanthi konduripun wonten ngayunaning Gustiingkang Maha Kuwasa. Salajengipun ingkang kita suwun mugi-mugi arwahipun Almarhum Bapak Mukidi angsal berkah rohmating Gustiingkang Maha Agung, pinaringan jembar pasarean saha pinaringan pajar mirginipun, sagedipun apunten sadaya kalepatan saha dosa-dosanipun. Mugi-mugi sadaya keluarga ingkang tinilar pinaringan sabar, tawakal saha pinaringan darmaning agesang wonten alam bebrayan. Mugi-mugi pinaringan manah ikhlas, rila saha nrima ing takdir. Jer manungsa punika namung nampi punapa ingkang dipunkersakaken Gusti. Manungsa menika namung titipanipun Gusti ingkang sawanci- wanci kapundhut. Kita sadaya namung sadremi nglampahi, asrumawah wonten ngarsanipun. Wasana cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kirang langkungipun atur, kula nyuwun lumunturing agunging pangaksami. Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu'alaikum Wr. Wb. Contoh Pidato Bahasa Jawa Untuk Acara Yasinan Assalamualaikum. Wr. Wb. Alhamdulillah alhamdulillahi robbil alamin washolatu wassalam asrofil ambiyai wal mursalin. Sayyidina wa maulana Muhammadin wa a’ala alihi washohbihi aj’main. Amma ba’du. Ibu-ibu jama’ah yasinan ingkang kawulo hormati, soho ingkang di mulya aken ALLAH SWT. Sak derengipun kito maos yasin dalasan tahlil sakcekapipun monggo kito tansah muji syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT ingkang sampun paring kenikmatan dumateng kito sedoyo, saenggo kito saget kempal wonten ndalemipun ibu.... Kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal menopo. Aamiin.
  • 5. Nikmat ingkang lumeber dumateng kito puniko kenikmatan iman Islam soho kasarasan. Monggo ibu-ibu kito matur syukur kanthi waosan Hamdalah sareng- sareng . Alhamdulillah... Lan mboten kesupen sholawat meniko dipun aturaken dumateng junjungan Nabi Muhammad SAW, ingkang kito ajeng-ajeng syafa’atipun wonten ing yaumil akhir. Aamiin.. Waosan yasin dalasan tahlil puniko kakentunaken dumateng arwahipun almarhum/almarhumah/leluhur/ahli kubur bapak/ibu...... ingkang sampun katimbalan sowan wonten ngarsanipun ALLAH SWT , mugi-mugi dipun tampi amal kesaenipun dipun akeni umate Nabi Muhammad SAW lan dipun lenggahaken wonten sorganipun ALLAH SWT lan ugi lumeber dumateng kito ingkang taseh gesang mugi-mugi dipun paringi kasarasan, kawilujengan ugi katetepan iman kalian Islam. Aamiin... Ing sarehneng sampun cekap kawulo minongko wakil saking ibu-ibu kepareng nyuwun pamit lan Matur nuwun sanget pasugatanipun, lan mugi-mugi dados amal saenipun ibu ....... sekeluarga. Mbok bilih wonten kalepatan ugi kekirangan anggenipun waosan yasin dalasan tahlil kulo minongko wakil saking ibu-ibu nyuwun agunging samudro pangaksami. Wassalamualaikum. Wr. Wb. Assalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakutuh. Sedoyo undangan ingkang kulo hormati. Langkung rumiyen monggo kulo lan panjenengan sedoyo senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat kan hidayahipun sehinggo wekdal niki kito saged ndugeni undanganipun Bapak .......ingkang nggadah hajatan arupi tasyakuran ngenggeni griyo anyar. Shalawat ugi salam, mugiyo tetep dipun paringaken dumateng Nabi kito Muhammad SAW, keluarganipun, poro sohabatipun lan sedoyo kaum muslimin ingkang purun ngelampahi ajaran Islam kanthi estu - estu lan leres. Mugiyo kito kalebet umat beliau ingkang ngelampahi ajaran Islam kanti estu - estu lan leres. Sedoyo undangan ingkang kulo hormati. Perlu sedoyo undangan sumerepi mbok beleh Bapak........wekdal niki raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, keranten nopo ingkang dipun arep - arepaken kaliyan keluarga saniki sampun dipun kabulaken. Inggih meniko dipun paringi saget mbangun griyo ingkang sahe, kados mekaten niki. Lan semanten ugi raos syukuripun Bapak......sekeluargo, kito dipun undang kaperlu nderek tasyakuran sareng - sareng. Pramilo saking niku Bapak.....nyuwun do'a restunipun dumateng panjenengan sedoyo, mugiyo nikmat ingkang dipun terami Bapak......niki saget barokah, wonten manfaatipun lan nikmat niku ugi
  • 6. saget nyaheni lelampahanipun ugi amalan - amalan lintunipun. Lan Bapak......nyuwun agunge pangapunten beleh wonten kekiranganipun, nopo niku arupi pasogatan lan lintu - lintunipun. Sedoyo undangan ingkang kulo hormati. Kulo lan panjenengan sedoyo meniko kedah senantiasa raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten - pinten nikmat. Kito ugi kedah enget mbok beleh bersyukur niku saget nambahi nikmat, maksudipun sinten ingkang raos syukur dumateng ngersanipun Allah, milo saking niku bakal ditambah dening Allah SWT, lan kito kedah enget mbok beleh kito dipun larang kufur nikmat. Syukur dateng nikmat ingkang dipun paringaken Allah, niku mboten cekap diucapaken mawon, ananging kito kedah buktekaken kelawan perbuatan lan lelampahan ingkang dipun perintah dening Allah SWT. Undangan sedoyo ingkang kulo hormati. Mekaten sambutan saking kulo atas nami saking Bapak.....sekeluargo, mugiyo saget kito fahami, sehinggo kito saget ugi ngamalaken ing dalem gesang kito saben dinten. Akhirul Kalaam. Ihdinash shiraathal mustaqiim. Wassalamu'alaikum warrahmatullahi wabarakatuh. krar Syawalan dalam bahasa Jawa kromo Inggil yang dibacakan oleh Sek Cam Banguntapan Bpk. Juwahir sebagai berikut Kepareng kawulo matur Dumateng panjenengan sedoyo. Ingkang sepisan Kawulo ngaturaken sugeng riyadi 'Idul Fitri 1435 H' Kaping kalihipun Kawulo ngaturaken sungkem pangabektos Dumateng panjenengan ingkang kaleres sepuh Soho ngaturaken salam taklim Dumateng kadang mudo Tuwin kadang sasami sami. Kawulo ngaturaken sedoyo kalepatan lahir tuwin batos Ingkang tumuju dumateng panjenengan sedoyo Ingkang arupi Ukar sakecap Lampah satindak Soho wiraos saklimah Ingkang nalingsir saking paugeran agami. Mugi-mugi Alloh kepareng paring pangapunten Lumantar panjenengan sedoyo Amin. Setelah dibacakan ikrar Syawalan selanjutnya diadakan saling jabat tangan maaf memaafkan oleh seluruh peserta yang hadir. (Sihumas Banguntapan)