XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdfTiara86231
Tembang macapat yaiku tembang utowo puisi tradisional ing tlatah. Buku iki isine yaiku filosofi tembang macapat, filosofi 11 tembang macapat saka tembang maskumambang nganti tembang pocung, lan uga ana ancase tembang macapat, paugerane tembang macapat lan contoh kaedah kebasaan e tembang macapat.
XI MIPA 4-Naura Har T-Tembang Macapat.pdfTiara86231
Tembang macapat yaiku tembang utowo puisi tradisional ing tlatah. Buku iki isine yaiku filosofi tembang macapat, filosofi 11 tembang macapat saka tembang maskumambang nganti tembang pocung, lan uga ana ancase tembang macapat, paugerane tembang macapat lan contoh kaedah kebasaan e tembang macapat.
File ini berisi tentang Tembang Macapat mulai dari filosofi hingga struktur nya dan juga contoh nyaa.
Semoga file yang saya buat ini berguna sebagai sarana belajar dan mendukung program studi kalian,terima kasih :)
File ini berisi tentang Tembang Macapat mulai dari filosofi hingga struktur nya dan juga contoh nyaa.
Semoga file yang saya buat ini berguna sebagai sarana belajar dan mendukung program studi kalian,terima kasih :)
2. Puji syukur Alhamdulillah materi
"Tembang Macapat" saged
kababar wonten ing buku menika,
mugi saged mumpangadi tumrap
kanca-kancaku sedaya lan winasis
Basa Jawa.
Kula nglenggana bilih pustaka
menika wonten kekiranganipun.
Pramila sedaya panukarta saking
sinten kemawon katampi kanthi
tulus saha bingahing manah murih
prayoginipun. Awit keparengipun
paring panukarta kaaturaken
agenging panuwun. Nuwun.
Kata
Kata
pengantar
pengantar
II
3. Daftar Isi
Daftar Isi
III
Judul
Kata Pengantar
Daftar Isi
Biodata
Pengertian
Filosofi
Tembang Maskumambang
Tembang Mijil
Tembang Sinom
Tembang Kinanthi
Tembang Asmaradana
Tembang Gambuh
Tembang Dhandanggula
Tembang Durma
Tembang Pangkur
Tembang Megatruh
Tembang Pocung
Ancase Tembung Macapat
Paugeran
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Tabel Paugeran
Unsur Kebasaan
Tembung Garba
Tembung Kawi
Dasanama
Sandi Asma
Sandi Karsa
I
II
III
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
16
16
16
17
18
18
19
20
21
22
5. Tembang macapat saget pun wastani salah
satunggiling tembang utawi lagu daerah
ingkkang kawentar ing tanah Jawi. Dumugi
samenika taksih dipun sinau saha dipun
ngrembakakaken dening masyarakat Jawi.
Tembang macapat pancen ngremenaken
dipun sinau. Wonten 11 tembang macapat
ingkang dipun kawruhi dening masyarakat
suku Jawi. Ingkang saben tembang
macapat nggadhahi watak , filosofi saha
paugeran piyambak-piyambak.
2
6. Filosofi Tembang Macapat yaiku:
Saking cacah 11 tembang macapat menika
estunipun mujudaken carios lampahing
gesang manungsa wiwit saking guwa
garba, alam donya ngantos dumugi ing
alam kubur.
3
7. Filosofi Tembang Maskumambang
menika nyariosaken rikala manungsa
cinipta dening Kang Murbeng gesang
rikala mapan ing guwa garba saderengipun
kaparingan ruh, dereng saget pun
mangertosi jalu menapa pawestri.
4
8. Filosofi Tembang Mijil
mratelakaken bilih satunggaling wiji utawi
winih sampun lahir ing ngalam donya. Mijil
pinangka pralambang wiwitaning
manungsa ngambah ing alam donya
ingkang taksih suci, taksih ringkih pramila
taksih mbetahaken pangrengkuh lan kedah
dipun jagi.
5
9. Filosofi Tembang Sinom
Tembung sinom tegesipun pucuking
gegodhongan ingkang nembe semi lan
mekar. Tembang Sinom menika
nggambaraken lampahing gesang
manungsa ingkang nembe ngancik diwasa.
Minangka jejering wiranem ingkang nembe
mekar saget pun wastani remaja. Nalika
nglampahi jejering wiranem nggadhahi
tanggel jawab ngudi ngelmu ingkang sa
inggilipun supados kagem sangu gesang
ing madyaning bebrayan.
6
10. Filosofi Tembang Kinanthi
Kinanthi saking tembung kanthi tegesipun
dipun gandheng utawi dipun tuntun.
Filosofi tembang Kinanthi menika
nggambaraken lampahing gesang tumrap
lare ingkang nembe mbetahaken
panggandheng lan panuntun supados
saget jumangkah, tumindak supados ing
tembenipun mboten nalisir.
7
11. Filosofi Tembang Asmaradana
Tembung Asmaradana menika kapendhet
saking tembung” asmara “ ateges
katresnan. Filosofi tembang Asmaradana
menika pinangka pralambang lampahing
gesang manungsa ngancik ing alam
katresnan antawisipun jalu kaliyan pawestri.
Kangge nemtokaken pasanganing gesang
ing alam donya.
8
12. Filosofi Tembang Gambuh
Tembung gambuh menika tegesipun:
gathuk, nyambung utawi cocog. Tembang
Gambuh menika nggambaraken
lumampahing gesang manungsa ingkang
sampun pinanggih kaliyan jodhonipun
ingkang sampun cocog ing manah.
9
13. Filosofi Tembang Dhandhanggula
Tembung Dhandhanggula saking tembung
dhandhang lan gula. Dhandhang menika
teges pangajab, dene gula menika manis.
Filosofi tembang Dhandhanggula menika
mawa teges gesanging manungsa
kagungan pangajab manggiha gesang
ingkang mulya kebak ing kabagyan.
10
14. Filosofi Tembang Durma
Tembung Durma menika ateges weweh,
peparing. Filosofi tembang Durma menika
bilih wonten ing panggesangan kita tansah
nengenaken weweh utawi darma dhateng
tiyang sanes. Bantu binantu kanthi ikhlas,
sebab ngengeti gesang menika mboten
ajeg, kala mangsane kita taksih
mbetahaken pitulungan tiyang sanes.
11
15. Filosofi Tembang Pangkur
Tembung pangkur menika saking tembung
mungkur ingkang ateges nilaraken. Filosofi
tembang Pangkur menika nggambaraken
tiyang gesang ingkang sampun
mengkeraken kadonyan (duniawi),
nilaraken nafsu angkara murka, nyimpangi
saking tumindak awon. Sampun nyelak
dhateng Pangeran.
12
16. Filosofi Tembang Megatruh
Tembung megatruh saking “megat” lan
“roh”, ingkang tegesipun pegat kaliyan
rohipun. Filosofi tembang megtruh menika
nggmbaraken bilih sejarah gesangipun ing
alam donya sampun rampung. Roh ipun
sampun pegat kaliyan badan wadhag
(jasmani) lan roh badhe wangsul ing
ngayunan Gusti.
13
17. Filosofi Tembang Pocung
Pocung kapendhet saking tembung
pocong. Nggambaraken pungkasing
lampahan gesang kita utawi seda
sasampunipun dipun suceni lajeng
kabungkus mori pethak utawi dipun
pocong saderengipun kapetak ing sasana
laya.
14
18. Tembang macapat mujudaken peranganing
budaya lan kasusastran Jawa, sarta tembang
macapat ana kang awujud lisan lan tulisan.
Tembang macapat iku dianggit mula bukane
kanthi ancas/ pangajab ditembangake lan
dirungokake/ dimidhangetake, jalaran
masyarakat Jawa tradisional iku dhasare padha
luwih seneng ngrungokake katimbang sinau
dhewe. Teges utawa maknane tembang
macapat iku maneka warna werdine, kang
surasane kabeh bener lan bisa tinampa kanthi
nalar. Kang nyipta tembang macapat iku
walisanga ing pungkasaning karaton Majapahit
akhir abad 15 Masehi. Wondene cacah utawa
gunggunge tembang macapat iku antarane
para sarjana, para winasis siji lan sijine ora padha;
nanging kang lumrah lan sumebar ing
masyarakat, cacahing tembang macapat iku ana
11 (sewelas). Mula gunane tembang macapat,
saliyane supaya ditembangake; uga kanggo
salah sawijining sarana nyimpen/ ndokumentasi
prakara-prakara kang penting banget nganggo
wujud tembang macapat; pamrihe bisa
nggampangake pangeling-eling lan kanggo
nyenengane kang padha maca. Sajroning
tembang macapat iku ngemot pitutur,
piwulanging urip kang akeh banget; kayata:
"pitutur para prajurit, generasi mudha kang
utama, panyaruwe/ kritik sosial, cangkriman/
teka-teki, lelucon/ humor, tontonan".
15
19. Paugeran tembang macapat wis kawengku
dening guru: "gatra, wilangan/wanda, lagu/
dhong-dhing; pedhotan". Kaindahaning
tembang macapat iku bisa kadulu saka
akehing cengkok 'model, gaya' tembang
macapat (papan panggonan/ dhaerah,
asmaning priyantun).
Guru gatra yaiku cacahing gatra ing
tembang macapat.
Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben
sagatra.
Guru lagu yaiku tibaning swara ing
pungkasaning gatra.
16
21. Tembung garba yaiku tembung loro sing
digandheng dadi siji sarana kanggo nyuda
cacahe wanda, kanggo nyocogake cacahe
wanda ing sajroning tembang, lan kanggo
ngringkes tembung ing sajroning ukara.
Tembung garba kaperang dadi 3, yaiku:
1. Tembung loro utawa luwih menawa digarba
banjur muncul aksara "y", tuladha:
Lagyaning lagi dan ning
→ Taksyalit=taksih dan alit
→ Kalyan=kalih dan lan
→ Dupyarsa=dupi dan arsa
→ Sugyarta=sugih dan arta
2. Tembung loro utawa luwih menawa digarba
banjur muncul aksara "w", tuladha:
→ Kajwareng-kajuwara dan ing
→ Lumakweng-lumake ing
→ Ratwagung=ratu dan agung
→ Ratwelok-ratu dan elok
3. Tembung loro utawa luwih sing kagarba nganggo
tembung maha, ananging tembung maha kasebut
mung muni "mah", tuladha:
→ Maharja=maha dan raja
18
22. Tembung kawi yaiku tembung-tembung
kanga sale saka basa Jawa Tengahan utawa
Jawa Kuna. Tembung kawi rinaket banget
karo basa rinengga jalaran tembung kawi
akeh digunakake ing basa rinengga. Basa
rinengga yaiku basa kang digunakake
kanggo nggambarake kaendahan lan
kawibawan.
Tuladha:
Agni = geni
Amba = aku, ingsun
Brama = geni
Brangtha = kasmaran
Agra = pucuk
Ajar = pandhita
Aji = Ratu, Raja
Akasa = awang-awang
Aldaka = gunung
Bramantya = nesu
Brastha = rusak, ilang
Cintra = susah, cilaka
Cipta = ngarang
Citra = gambaran
19
23. Dasanama yaiku wong siji duwe jeneng
nganti sepuluh, malah kadhang luwih, kang
padha tegese utawa meh padha tegese.
Tuladha:
Sira = kowe, sampeyan,
panjenengan
Rina = rinten, siyang, awan
Sudra = papa, mlarat,
sengsara, kere
Misuwur = kawentar,
kaloka, kondhang, kasub,
Isp.
Anak = suta, sunu, siwi,
tanaya, weka, atmaja, Isp.
20
24. Tuladha:
Tak Enteni
Abot nandhang kangen
Nalika kowe lunga
Durung suwe pancene
Hawane atiku krasa kesepen
Ilang rasa bungah ing dadha
Kanca sing wis suwe bebarengan
Anane kasunyatan ninggalake
Pirang-pirang taun tak enteni
Uripku katon mbingungake
Tanpa kowe ing kene
Rasane nelangsa
Aku kudu kepiye saiki?
Sandi asma yaiku jeneng kang sinamun ana
ing tembang macapat, lumrahe wujud
jeneng asli pengarage utawa panciptane
tembang.
Sandi asma : Andhika Putra
21
25. Tuladha:
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuwsantara
Sandi Karsa yaiku tujuan, ancas, utawa
karep kang sinamun utawa sinamar ana
ing tembang. Ana uga wong kang
ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara
yaiku ukara (ukarane kanggo medharake
cipta, gagasan, rasa - pangrasa, utawa
kekarepan).
Sandi karsa : Dina Pendidikan
22