SlideShare a Scribd company logo
1 of 15
Nama : AHMAD FARID ANNAURY
Kelas : IX- F
No. Absen: 01
NASKAH LUDRUK
“SOGOL PENDHEKAR SUMUR GEMULING”
BABAK I
Adegan 1
Paraga: 1) Sogol
Kahanan:
Sawijing dalu ing Ambulu Jember nalika zaman penjajahan Landa, kanthi mbeta glangsing isi barang colongan,
Sogol mlajeng dipun oyak dening Polisi Landa. Sasampunipun rumaos aman, Sogol kendel sekedap nata
ambegan.
Setting : Margi pinggir wana wanci dalu.
Antawacana:
Sogol : (mlebet kanthi saking kiwa panggung kanthi mlajeng, kendel ing tengah panggung
lajeng balik kanan) He ... Landa! ... Entekna mimis mu! ... Koen gak bakalan bisa nyekel
Sogol! ... Uberen Sogol! (ambegan landhung, clingukan)... Katone Landa wis adoh
(ngadhep penonton) ... Dak leren dhisik (nyeleh glangsing) Sing tak nggumuni ... iku
kelakoane bangsa ku dhewe. (ngadhep ngiwa)Yen Landa ngono wis karuwan mungsuh
kanggone wong Jawa. Nanging ndara mantri lan opas-opas iku, dhekne lak wong Jawa,
nanging kelakoane nungkuli Landa. Dadi gedibale Landa wae senenge ora jamak.
(ngadhep nengen) Saben ndina tansah ngrugekna pendhudhuk, narik pajek gak nganggo
ukuran. Wong tani durung panen ... wis ditarik pajek. Ngingu sapi lagi manak ... babone
dijaluk. Yok apa karepe landa iku. Ya ngene iki sing nggarai sing sugih tambah sugih,
sing mlarat tambah mlarat. Rentenir tukang nganakna dhuwit merajalela ndhuk endi-
endi. (ngadhep ngiwa) Merga saka iku ... iki mau (nyandhak glangsing disangkluk
ing pundhak) donyane sinyo-sinyo iku dak jupuk arep dak dum-dumna pendhudhuk
sakiwa-tengene Sumur Gemuling sing mlarat-mlarat. (mundur) He... ndara mantri
lan para opas! Uberen iki Sogol Pendekar Sumur Gemuling! (mlajeng medal)
Adegan 2
Paraga: 1) Mantri Polisi Jatmika, 2) Opas Kacung, 3) Opas Keceng
Kahanan:
Mantri Polisi Jatmiko ngasta pistol didherekake para opas ngasta bedhil nguber Sogol. Suwantenipun bedhil
pathing jumedhor.
Setting : Margi pinggir wana wanci dalu.
Antawacana:
O. Kacung: Mangga ndara dipunlajengaken, Sogol selak mlajeng tebih!
Mantri PJ : Mengko dhisik aku dak ambegan.
O. Keceng: Inggih ndara kula inggih kesel ... ambegan kula badhe pedhot!
O. Kacung: Mulane dadi arek iku aja kakehan ngrokok ... cik ambeganmu landhung.
Mantri PJ : Hlo! Koen ojok nyalahna wong rokok, rokok mono akeh gunane.
O. Kacung: Ndara Mantri niki kok wonten-wonten mawon. Rokok kok wonten gunane.
O. Keceng: Mulane Cung! Koen ojok keminter, rungokna dhawuhe ndara Mantri.
Mantri PJ : Rokok iku gunane ana telu. Siji, wong sing rokok yen tuwa ora bakal lara-laranen.
Loro, ... omahe wong sing rokok ora bakal dileboni maling. Nomer telu, ...wong sing
rokok ora bakal diuber asu.
O. Kacung: Hla iki ... ilmu anyar iki. Aku biyen sekolah kok gak tau diwulang ngene.
O. Keceng: Jelasaken ndara! Jelasaken! Kacung, arek sitok iki cik gak ngethipris wae. Mosok
bolak-balik mesthi nyemoni aku. Jarene, “Rokok membunuhmu ... rokok
memperbanyak jandha!”
Mantri PJ : Siji, wong sing rokok yen tuwa ora bakal lara-laranen. Sebab durung tuwa ... wonge
wis mati.
O. Kacung: Dados, isih nom kados Keceng menika sampun lara-laranen, banjur mati. Modar
kowe Ceng!
O. Keceng: Hla kok senjata makan tuan, sing nomer kalih ndara!
Mantri PJ : Omahe wong sing rokok ora bakal dileboni maling, sebab wonge kena watuk TBC ...
sewengi wonge melek ... ora bisa turu merga watuk terus, mulane malinge ora wani
mlebu omah.
O. Kacung: Masuk akal! Apa maneh omahe Keceng mesthi ora bakal kemalingan, sebab ora
nduwe apa-apa. Malinge bingung ... sing arep dicolong apa? Anane mung kucing
rembes.
O. Keceng: Kowe aja ngenyek, masiya kuru ngenelah, biyen mbahku wong sugih lho!
Mantri PJ : Sing sugih lak mbahmu! Nomer telu, wong sing rokok ora bakal diuber asu. Sebab
yen diuber asu wonge ora kuwat mlayu ... terus ndheprok . Weruh wong ndheprok
asune balik, sebab dikira wonge njupuk watu kanggu mbalang asu.
O. Keceng: Sik...sik...sik... niki wau jane Ndara Mantri nyritakna gunane rokok, menapa
nyritakna bahayane rokok?
O. Kacung: Ooo.. alah Ceng...Keceng! Wong bodho kok kebangeten, iki mau Ndara Mantri
nuturi awakmu kanthi cara pasemon. Sebab wong kaya kowe iku, diumbah ora teles,
dipepe ora garing.
Mantri PJ : Wis, ... mumpung Sogol durung adoh, ayo terus nguber Sogol! Yen bisa bedhilen pas
sirahe ben mati!
O. Keceng: Nanging pluru kula kantun kalih!
O. Kacung: Mula yen mbedhil aja ngawur wae!
O. Keceng: Wingi...ana ireng-ireng ing sebelah omah...bareng tak bedhil lha kok mertuwaku
dhewe. Kepeksa... aku malah nambakna.
Mantri PJ : Wis ! Aja omong wae, ayo! (sedaya medal nututi Sogol)
BABAK II
Paraga: 1) Sogol, 2) Tumpi, 3) Mbok Tomblok, 4) Mbok Kastini, lan Mbok Kastonah
Kahanan:
Kanthi kabiyantu dening adhik sapeguron ingkang nama Tumpi, Sogol andum barang asilipun nyolong
dhumateng pendhudhuk Sumur Gemuling ingkang kathahipun para warandha.
Setting: Pinggir lepen Sumur Gemuling
Antawacana:
Tumpi : (mlebet saking kiwa panggung lajeng ngunandika) Wis bola-bali aku ngrewangi
Kang Sogol andum barang colongan. Nanging dina iki kok rasane katon beda
(ngadep ngiwa). Biasane, yah mene Kang Sogol wis teka (ambegan landhung,
nyawang tebih). Muga-muga Gusti Allah tansah njangkung Kang Sogol. Pancen
wong landa lan antek-anteke gething marang Kang Sogol, nanging pendhudhuk sing
rata-rata wong cilik padha seneng marang Kang Sogol. Marga Kang Sogol
penggaweyane nyolong donyane para nonik, sinyo, dauke, lan para rentenir lintah
dharat ... banjur dibagi marang wong cilik, kalebu para randha-randha tuwa.
(ngadhep nengen) Ing sakawit aku uga ora sarujuk karo tumindake Kang Sogol,
nanging bareng aku weruh dhewe ... yen Kang Sogol dadi maling iku ora kanggo
kaperluane pribadi, saiki aku malih ndhukung Kang Sogol.
( Para randha sepuh: Mbok Tomblok, Mbok Kastini, lan Mbok Kastonah mlebet saking tengen panggung )
Tomblok : Nuwun sewu ... napa leres niki panggenanipun dum-duman rejeki?
Tumpi : Inggih Mbok, tengga sekedhap barangipun dereng dugi.
Kastini : Sing dugi nggen kula wingi napa sampeyan?
Tumpi : Leres, ingkang ngaturi njenengan sedaya, rawuh ing mriki ... wingi niku ... kula.
Kastonah : (madhep marang Kastini, astanipun nuding dhateng Tumpi) Bocah kok ayu tenan,
aku biyen nalika isih enom ... ya ayu kaya bocah iki. (madhep marang Tumpi)
Lajeng asma panjenengan sinten?
Tumpi : Kula Tumpi mbok, asli kula arek Rambipuji.
Kastini : Nuwun sewu nggih, saderengipun ... rejeki ingkang badhe kita tampi mangke ...
menika asalipun saking pundi?
Kastonah : Halah mbok ora usah takon kaya ngono! Awak dhewe iki randha tuwa ora ana sing
nggolekna kaya. Iki arep oleh rejeki kok ndadak takon asal-usule barang.
Tomblok : Bener Kastonah, jare kendhilmu wingi wis arep nggoling? Gusti Allah iku yen paring
rejeki ora bakal kurang merga.
Kastini : Ora kok ngono...aku biyen tau diweling karo jenate bojoku... ujare mengkene,
“Kastini, senajan awak dhewe iki wong mlarat nanging aja nganti klebon barang
haram”.
Sogol : (Sogol mlebet kanthi dhehem) Ehem ... ehem ... Niki dum-duman zakat kok mbok!
Tomblok : Hlo ... rejekine teka! Menapa panjenengan ingkang badhe andum rejeki?
Sogol : Leres mbok ... niki barange sampun kula beta. Nami kula Sogol, kula menika panitia
andum zakat. Wiwit Lumajang nganti Jember ... kathah tiyang sugih ingkang sami
titip andum zakat malipun dhateng kula.
Kastini : Yen ngeten kula lak ayem. Ya ngene iki sing diarani rejeki barokah (noleh
marang Kastonah).
Sogol : Dhik Tumpi, iki barange ndang baginen!
Tumpi : (nampi barang saking Sogol) awit ingkang rawuh tiyang tiga, mila barang menika
kula bagi dados tiga. Mangga mbok!
(sedaya mbok randha nampi bagian)
Kastonah : Matur nuwun, mugi panjenengan kekalih pinaringan panjang umur!
Kastini : Cethek rejekine , lestari jejodhoane, sholeh lan sholehah putrane!
Sogol : Ngapunten mbok, kula kekalih menika taksih legan. Kula taksih bujang lan Adhi
Tumpi taksih kenya.
Tomblok : Hla nengga napa ... menawi kula tingali ... panjenengan kekalih menika jiian serasi
sanget! Ingkang kakung gagah lan gantheng, ingkang estri ayu lan manis. Coooocok!
Tumpi : Rencana menika sampun wonten, nanging Kang Sogol taksih repot nyambut damel.
Sogol : Inggih pangestunipun mawon, mugi kasembadan... kinabulan dening Gusti Allah.
Kastonah : Sarehne sampun cekap, kepareng kula nyuwun pamit.
Kastini : Inggih...ngapunten ... niki wau ninggal dandang.
Tomblok : Semanten ugi kula ... wayah kula boten wonten rencangipun.
(sedaya mbok randha medal, Sogol lan Tumpi nglajengaken rembagan)
Sogol : Dhik Tumpi! Seneng lan marem rasane atiku, bareng bisa nyawang para kawula cilik
ing Sumur Gemuling, kang padha bungah sawise nampa barang lan dhuwit iku mau.
Tumpi : Iya Kang Sogol! Wong cilik iku jalukane ora ngayawara, nampa rejeki sithik wae wis
rumangsa syukur. Beda karo para juragan ... tuan tanah kae.
Sogol : Nanging sajerone atiku ... kadhang-kadhang uga tukul pitakonan, “Apa sing kita
lakoni iki, wis bener apa durung?” (madhep ngiwa banjur sendhakep)
Tumpi : Padha... aku uga mangkono Kakang! (madhep nengen banjur sendhakep)
Sogol : Mula aku nduwe gagasan ... besok sawise awak dhewe jejodhoan ... mbangun rumah
tangga ... awek dhewe kudu bisa gawe pabrik utawa usaha liyane ... supaya bisa
menehi penggaweyan lan nulung para kawula cilik ing Sumur Gemuling kene. Yok
apa nurut rika? (madhep marang Tumpi)
Tumpi : Aku setuju Kakang!(madhep marang Sogol) Nanging saiki sing dak Jaluk ... rika
kudu ati-ati lan aja pisan-pisan ninggal ibadah. Awit mungsuhe awak dhewe iku akeh.
Sogol : Bener Dhik Tumpi, sinyo-sinyo iku ora bakal trima ... dhewekne bisa nabok nyilih
tangan. Wis dak kira cukup semene dhisik, andum gawe ... aku dak ngalor ... koen
mlakua ngidul.
Tumpi : Iya kakang!
(Tumpi medal ngiwa, Sogol medal nengen)
BABAK III
Paraga: 1) Bayan Sarmidin 3) Mbah Mukti
Kahanan:
Ing Pasirian, Bayan Sarmidin nyuwun tulung Mbah Mukti supados nyanthet Sogol.
Setting: Bale dalemipun Mbah Mukti (wonten meja kursi setunggal setel)
Antawacana:
M. Mukti : (mlebet saking kiwa panggung, jumeneng ing wingkingipun meja, lajeng ngunandika) Wis umum
ndhuk Pasirian kene, ... ora ana dhukun kang kondhang- kaonang kejaba ... Dul Mukti. Dhukun santhet ya
dhukun jengges ... aja maneh wujud menungsa biasa ... wong sekti sing jare kebal senjata ... kenek santhete Dul
Mukti ... matek ngglundhung. Kemis legi wingenane, ana wong njaluk tulung nyanthet saingane njago lurah ...
ora kesuwen ... saingane dak kirime gir sepedha ... pedhot ususe ... mlembung wetenge. (lenggah) Nanging, gak
ngonone ... wis pirang-pirang wulan iki anak ku ya Sarmidin ... kok gak ketok irunge. Pancen Sarmidin duduk
anak kandhung, nanging wis tak anggep kaya anak ku dhewe.
Sarmidin : (mlebet saking tengen panggung katon gupuh kanthi logat Medura) Amit! Amit!
Amit! ... Kula ingkang sowan Mbah! (langsung nggapyuk Mbah Mukti, ngantos
Mbah Mukti kangelan ambegan).
M. Mukti : (watuk-watuk) Uhuk ... uhuk ... uhuk ... Koen iku arep ngrangkul apa arep mateni
Mbah.
Sarmidin : Syorrr ... meja onok ulane, aja gela wis carane. Iki Syarrrmidiiin Mbah ...
Syarrrmidiiin (nebah dhadha).
M. Mukti : Kok njanur gunung, kadingaren koen dolan mrene ...
Sarmidin : Syampiyuuun iki pancen aneh, yen Syarrmidiin boten mriki direp-arep. Yen mriki
jare dungaren.
M. Mukti : Koen iku pancen kebacut ... pira adohe Ambulu – Pasirian. Dolan ana omahe wong
tuwa ... mung yen ana butuhe thok.
Sarmidin : Sepuranee Mbah ... sepurane ... syampiyun lak ngreti. Syarrrmidiin sakniki dados
bayan ndhuk Ambulu. Syarrmidiin sakniki pot-repot takiye. Pa maneh sakniki ...
dening gupermen ... Syarrmidiin ditambahi tugas narik jek-pajek ... wiwit Puger ing
sisih kilen, ngantos Tempurejo ing sisih wetan,... wiwit Rambipuji ing sisih ler,
nganti Watu ulo ing sisih kidul (yen ngendikan kados tiyang deklamasi).
M. Mukti : Iku arane ... awakmu oleh penggaweyan teles. Tegese, penggaweyan penak bayarane
gedhe. Ngono mbok ya kirim hadhiah ... apa dhuwit. Wis suwe aku pengin mangan
roti semir mertega, ngombe kopi susu koyok Landa kae.
Sarmidin : Waune pendamelan kula pancen pil-gampil ... asilipun kathah. Niku sak derenge
wonten arek nom-noman sing jenenge Sogol arek saking dusun Gemuling.
M. Mukti : Ngapa Sogol?
Sarmidin : Lho ... lho ... lho ... lho ... sampiyun dereng reng-mireng ... Sogol niku arek tang-
ontange ndhuk Lumajang nganti Jember. Julukane Sogol pendekar Sumur Gemuling.
M. Mukti : Hla terus?
Sarmidin : Syarrrmidin narik jek-pajek dilang-alangi.
M. Mukti : Dialang-alangi kok gak mbok jotos ndhase!
Sarmidin : Syampun Mbah ... syampun. Kula jotos ndhase mboteng nging-kenging ... malah
kula sing dibanting ... kula syi’in Mbah ... kula syi’in.
M. Mukti : Cethane ... koen mrene iki arep njaluk tulung Mbah ... apa ngono?
Sarmidin : Leser Mbah ... leser, ... syampiyun leser! Kula nyuwun tulung ... santhetaken Sogol ...
mangke yen Sogol sampun pejah ... syampiyun badhe nyuwun menapa mawon kula
turuti. Boten namung roti lan susu ... nek perlu sing dodol sak tokone kula beta mriki.
M. Mukti : Biasa, apa- apa iku yen durung kelakon ... janjine muluk-muluk. Kaya janjine wong
kampanye ika. Nanging yen wis kelakon ... aja maneh nepati janjine ... ngetok irunge
wae ora.
Sarmidin : Niku lak tiyang nes-sanes, yen Syarrrmidiiin beda Mbah! Menapa sampeyun pingin
jaran sakdhokare? Pokok e... sonten Sogol pejah ... enjing jaran sak dhokare sampun
teng ngajenge griya sampiyun.
M. Mukti : Ya wis. Iki sing diarani, “Anak polah bapa kepradah.” Menenga! Sogol dak garape. (ngedalaken
pusaka, ngobong dupa lajeng ngucapaken mantra) Somelah ... Hei syetan kober ... syetan lanang ... iki dak
pakani menyan kuning ... dak jaluk srayamu, mlebuwa wetenge Sogol arek Gemuling, ... jebolen wetenge, ... aja
bali yen durung kasil maksud, ... budhal !
Sarmidin : Hlo kerise syampiyun ical!(nggumun)
M. Mukti : Iki ora ilang ... saiki keris ku wis budhal. Tontonen saka kadohan,mengko koen lak
weruh Sogol mbledhos wetenge.
Sarmidin : Inggih, seneng ati kula ... sak niki kula nyuwun pamit.(salaman lajeng medal)
M. Mukti : Keris wis dak budhalna, iki wayahe wis surub ... tak tunggune ing mburi karo mangan
... wetengku kok krasa luwe. (medal)
BABAK IV
Paraga: 1) Mbok Sumi, 2) Sogol, 3) Mantri Polisi Jatmika, 4) Opas Kacung, 5) Opas Keceng
Kahanan:
Ibunipun Sogol (Mbok Sumi), kapang kaliyan Sogol. Ndara Mantri rawuh madosi Sogol. Awit boten saged
nedahaken papanipun Sogol, Mbok Sarinten dipun pilara Ndara Mantri.
Setting: Latar ngajeng dalemipun Mbok Sumi (wonten lincak setunggal).
Antawacana:
M. Sumi : (mlebet saking kiwa panggung, ngungak ngiwa- nengen jumeneng ing ngajengipun lincak lajeng
ngudarasa) Ya Allah Gusti, ... paringana welas dhateng kula! ... (lenggah miring nengen) Anak mung siji nganti
yah mene kok durung mulih. Kamangka iki wis ngarepna isyak ... budhal bar subuh ... durung kober sarapan ...
jare arep golek gaweyan. (minger ngiwa) Biasane yen lunga ... sadurunge manjing maghrib wis mulih ... adus ...
terus sholat ndhuk langgare Wak Kaji Dullah. Atiku kok ora kepenak . Dak cepaki mangan kawit awan ... sambele
nganti garing ... ooalah Sogol ... Sogol ... anakku lanang. Cilik wis ditinggal mati bapake ... saking pingine dadi
uwong ... terus meguru ... metu saka peguron oleh ngelmu ... jare pingin ngamalna ngelmune. (jumeneng,
madhep nengen) Kok ana rame-rame ... katone nuju mrene (bingung, ajrih lan gugup)
(Mantri Polisi Jatmika, Opas Kacung, lan Opas Keceng mlebet)
Mantri PJ : Mbok Sumi! ... Jenengmu Sumi, ... iya?
M. Sumi : Inggih, ... kula Sumi mboke Sogol.
O. Keceng : Wah ... leres ndara!!!
O. Kacung : Ngretia sing rawuh iki Ndara Mantri Jatmiko, kepala polisi pribumi ndhuk Jember
kene. Aku Opas Kacung lan iki Opas Keceng.
Mantri PJ : Tekaku mrene iki ana perlu ... nggoleki Sogol anakmu.
O. Keceng : Anakmu arep dak kecrek ... dak gawa menyang tangsi Landa.
M. Sumi : (bingung, lajeng ndheprok) Hla salahe yuga kula napa?
Mantri PJ : Sogol saiki dadi buron larone gupermen ... merga Sogol iku penggaweane maling.
O. Kacung : Thong - thong lor, Sogol maling. Thong - thong kidul Sogol nyolong.
O. Keceng : Mula, ... saiki duduhna! Sogol ana ngendi?!!! Selak gak sabar aku!
M. Sumi : Sogol dadi maling? (muwun) Ora mungkin, Sogol iku areke alim, ... arek sing bekti
marang wong tuwa.
Mantri PJ : Iku lak yen ana ngarepmu. Wis aja kakehan sandhiwara! ... Ora usah ndadak api-api
nangis ... tuduhna Sogol ana ngendi!
O. Kacung : Yen gak mbok duduhna, koen sida diajar karo Ndara Mantri! (nendhang lincak)
O. Keceng : Koen mesthi ngreti Sogol singidan ana ngendi!
M. Sumi : Sogol kawit bakda subuh pamit medal pados pendamelan, ngantos sakmenika
dereng mantuk!
Mantri PJ : Apa?!!! (njontong sirahipun Mbok Sumi)
M. Sumi : (dhawah, njerit) Saestu ndara ... kula boten ngretos.
O. Keceng : Saestu- saestu, iki sing kok jaluk! (njejeg sangking wingking)
M. Sumi : (dhawah, njerit) Dipejahana, ... kula boten ngretos.
Mantri PJ : Ora ana gunane koen nutup-nutupi Sogol! Yen nganti Sogol ketemu singidan ana
ngomah, ... ndhasmu sida dak tembak pisan! (njontong malih) Opas Keceng!
O. Keceng : Siap ndara!
Mantri PJ : Gledhah njero omah, yen ketemu langsung bedhil sirahe! Ben modar langsung.
O. Keceng : Siap laksanakan! (medal panggung / mlebet griya)
Mantri PJ : Opas kacung!
O. Kacung : Siap ndara!
Mantri PJ : Jaga lawang! Menawa Sogol mlayu.
O. Keceng : Siap laksanakan! (njaga lawang)
M. Sumi : Sogol niku lare sae ndara ... Sogol niku mboten nate pek-pinek barang liyan.
Najan njenengan ngobong griya kula, ... Panjenengan boten badhe manggihaken
Sogol (kanthi muwun).
Mantri PJ : Mingkem ! Kakehan omong! (kaliyan nabok)
O. Keceng : (mlebet panggung) Tidak berada ndara ... Sogol tidak ditemuinya.
Mantri PJ : Nganggo basa Jawa wae, ... yen nganggo basa Melayu ora bisa , ... mengko malah
ngisin-ngisini!
O. Kacung : Sekolah , ... penggaweyane yen ora ngrepek ... ya nyonto ... kon pinter. Rungokna
laporanku! Sogol ... kosong ndara, tidak ada mendhelik disini!
Mantri PJ : Halah! Padha wae! Wis ora ana gunane ana kene, ayo ditinggal! (medal)
O. Keceng : Aku ngalih, ... tapi sewayah-wayahnya Sogol berpulang, ... dirimu kudu merepot
kepadaku! (medal)
O. Kacung : Bhekeenack chorset ... bhekenack chorset (gaya kados basa Landa) ... digebek
penak dikukur siset. Bilamana Sogol mendhekem ... di rumah. Kamu orang ... harus
bilangin ya!(medal)
M. Sumi : Sogol ... mosok koen dadi maling? Mbok gak percaya, kawit cilik koen didhidhik
agama. Ora mungkin ... iki ora mungkin.
Sogol : (mlebet, sumerap ibunipun nangis ing njogan, Sogol kaget lajeng nuntun ibunipun
lenggah ing lincak). Mbok,...njenengan kok muwun ... kenging menapa mbok?
Njenengan kok wonten ing ngandhap ? (Sogol ningali pasuryane mbok Sumi)
Pasuryan panjenengan kok biru, ... kenging menapa mbok? (clingukan) Sinten
ingkang milara panjenengan ... ngendikan mbok?
M. Sumi : Ora kok Lee ... (mingseg-mingseg, ngusapi eluh kanthi pojok jarit/klambi) ora ana
sing milara mbok, ... mbok iki mau lungguh lincak iki ... merga ngantuk terus tiba
(polatanipun kadamel sumringah) ... Wis, perkara mbok tiba ora usah dirembug!
Koen iki mau wis mangan apa durung?
Sogol : (Sogol jumeneng) Kawit alit, ... sasampunipun bapak seda ... panjenengan ndhidhik
kula ... supados kula dados tiyang jujur. Nanging, ... kenging menapa dinten menika
Panjenengan goroh dhateng kula?
M. Sumi : Ya wis lah ... mbok tak blaka. Nanging koen aja tumindak apa-apa ya!
Sogol : Dados leres?!!! Niki wau mbok dipilara dening tiyang. Sinten mbok tiyangipun?
Kula ajare!!!(ngunus blathi)
M. Sumi : Sareh... syabar ya Le, mbok bakal crita... nanging syarate koen kudu janji marang
mbok ... yen koen ora bakal tumindak grusa-grusu. Mbok ikhlas kok! Mbok ora apa-
apa. Delengen! Mbok isih wutuh ora cacat apa-apa.
Sogol : Inggih mbok ... Sogol janji (lenggah).
M. Sumi : Iki mau ... sabubare maghrib ... embok lungguh ana lincak iki ... nunggu koen kok
gak mulih-mulih.
Sogol : Sogol niki wau ... mantuk radi telad ... awit Sogol kathah pendamelan. Pas dugi
pinggir desa sareng kalih manjing maghrib ... Sogol langsung tumuju langgare Wak
Kaji. Mantun maghrib, wonten lare nyuwun diwulang ngaji.
M. Sumi : Ngono ta le? Dak tutukake mbok crita,... dumadakan ana Ndara Mantri Jatmiko lan
opas mrene.
Sogol : Dadi sing milara iki mau Ndara Mantri ? !!! (jumeneng badhe ngunus blathi)
M. Sumi : Lungguh Le ... sareh, ... koen mau lak wis janji.
Sogol : Inggih mbok ... lajeng? (ngempet nesu)
M. Sumi : Ndara Mantri mrene ... polahe nggoleki koen, merga koen kadakwa dadi maling.
Lak ora bener ta Le? Koen lak ora dadi maling ta Le?
Sogol : (Jumeneng, ambegan landhung) Niku fitnah mbok ... yen Sogol ngalang-ngalangi
gupermen narik pajek, niku pancen leres. Sebab Sogol mesakna pendhudhuk.
(lenggah) ... sampun mbok ... sakniki simbok mlebet ... aso salira, ... sare, ... menawi
dereng ngisyak , ... ngisyak rumiyin!
M. Sumi : Ngono ta Le? Ya wis... embok tak mlebu, nanging koen aja nyang ngendi-endi lho!
Sogol : Sampun kuwatir mbok, ... kula tak klesetan teng mriki riyin ... hawanipun sumuk!
Mangke yen sampun asrep, ... kula tak mlebet.
(Mbok Sumi mlebet griya, Sogol nuntun dugi ngajeng lawang, balik lajeng ngunandika)
Sogol : Kurang ajar Ndara Mantri sak andhahane! Nyekel Sogol ora ngenekna, ... hla kok
salin bubuhan, ... paribasane, “Dudu berase kok ditempurake”. Ya wis! Nunggu
mbok sare dhisik ... aku dak ngleset ana kene. Mengko yen mbok wis sare, Ndara
Mantri tak beresane.
(Sogol tata-tata badhe ngleset, dumadakan wonten santhet dugi)
Sogol : Hlo ... hlo ... hlo ... sapa iki ngajak guyon Sogol? Isih sore ana wong kirim santhet.
Mandhek! (nyandhet santhet) Sapa aran mu lan Jin prewangane sapa koen? (kados
dene dhialog kalih lelembut) Setan Kober, ... prewangane Dul Mukti ing Pasirian?
Dadi sing ngirim koen iku dhukun santhet Dul Mukti? (kendel sekedhap kados
nengga jawaban) Banjur sapa sing njalukna? (kendel sekedhap kados nengga
jawaban) Bayan Sarmidin ing Ambulu? Ya wis, koen saiki balia marang
bendaramu. Kandhaa, yen Sogol kirim salam marang Dul Mukti! (ngungak lebet)
Katone Mbok wis sare, ... mbok nyuwun gunging pangapura! Mumpung durung
adoh tak tututane prewangane Dul Mukti. (mlebet)
BABAK V
Adegan 1
Paraga: 1) Dul Mukti, 2) Sogol, 3) Sarmidin.
Kahanan:
Dul Mukti was sumelang, awit prewanganipun dereng wangsul.
Setting: Latar ngajeng dalemipun Mbah Mukti, wonten kembang (pethetan) sawatawis.
Antawacana:
M. Mukti : (mlebet saking kiwa panggung, jumeneng nyawang tebih, lajeng ngunandika) Kok aneh ... setan
kober ... ya jin prewanganku ... wis wiwit surub nganti ngancik lingsir wengi ... durung bali. Kamangka, biasane
yen tak kirim iku ora tau suwe ... paling sak jam ... rong jam wis bali. Prewanganku ... iku sejatine akeh ... iki mau
sing dak pilih setan kober ... sebab setan kober iku sing paling tuwa lan paling ampuh ... (nrawang)
Ooo... hla kae ... wis katon ... nanging kok nglentruk! ... (kados dene dhialog kalih lelembut) Oleh
gawe apa ora? (kaget) Ora? Sogol sakti, ... wonge resik, ... atine suci? (kendel sekedhap kados nengga jawaban)
Tegese Sogol isih urip?
Sarmidin : (mlebet kanthi gugup) Taksih mbah ... Sogol taksih gesang! Niki wau kula tingali saking katebihan ...
santhet njenengan diajak mong-omangan, ... lajeng dikengken wangsul!
M. Mukti : (godheg-godheg, unjal ambegan) Prewangan siji kalah, ... yen ngono kabeh prewangan ku arep dak
budhalake! Dikroyok jin sewu mosok ora modar!
Sogol : (mlebet) Ora ana gunane, ... santhetmu ora mandi!
M. Mukti : (kaget) Hlo ... koen iku sapa?!!! ... Arek gak duwe tata krama ... sopan santun! ... Teka gak kula
nuwun ... gak ngajeni wong tuwa!
Sogol : Uwong iku diajeni ora mung sebab tuwane ... nanging sebab tingkah lakune. Kanggo apa aku ngajeni
dhapuramu iku?!!!
M. Mukti : Hlo ... hla kok tambah nglunjak! ... Ngakua sapa koen ... tak tempiling pecah ndhasmu!
Sarmidin : (kanthi ajrih) Nggih niki areke.
Sogol : Aku ... Sogol arek Sumur Gemuling!(ngunus blathi)
M. Mukti : Kutuk marani sunduk! ... (ngedalaken keris) Kenek kerise Dul Mukti sida dadi sate!
(Sogol kalih Dul Mukti tetandhingan, Sarmidin minggir ajrih, pungkasanipun Dul Mukti pejah)
Sarmidin : Aku tak lapor ndara mantri wae!(mlajeng medal)
Sogol : Sarmidiiiin ... koen aja mlayu! (ngoyak)
Adegan 2
Paraga: 1) Sogol, 2) Mantri Polisi Jatmika, 3) Opas Kacung, 4) Opas Keceng, 5) Sarmidin.
Kahanan:
Sarmidin lapor dhateng ndara mantri ingkang nembe patrol.
Setting: Tengah margi.
Antawacana:
(Ndara Mantri mlampah dipun dherekaken Opas Kacung lan Opas Keceng kanthi langkah tegap nanging
klentu/asta lan sukunipun sareng)
Mantri PJ : Hoooop ... grak!!!
O. Keceng: Lagi iki ana baris kok ... hoooop grak!
Mantri PJ : Sing penting paham, ... dadi wong iku aja ngeyelan!
O. Keceng: Yen sing kleru bawahan ... diseneni,... nanging yen sing kleru atasan ... harap
maklum!.
Mantri PJ : Ngecemes wae ... tak tembak kene koen engkok!
O. Kacung: Tembak gegeripun ndara!!! Paling mendat ... kenging balung!!!
Sarmidin : (mlebet, gugup) Mit ... amit ... amit, kula repot ndara ... wonten raja pejah, Sogol
ndara ... wonten Sogol!
Mantri PJ : Sik ... sik ... iki kok kaya bayan Sarmidin! Omong sing genah!
Sarmidin : Sorr meja onok ulane, ja gela wis carane! Kula repot, wonten raja pejah ... Mbah Dul
Mukti dipunpejahi Sogol!
O. Kacung: Ngapunten ndara .... madharan kula mules ... kula pamit badhe mantuk rumiyin!
O. Keceng: Haaalah, ... koen iku ... angger ana tugas alasan wae! Kula nyuwun pamit, yuga kula sakit!
Mantri PJ : Opas loro padha wae! Ayo siap! Brangkat nggoleki Sogol!
Sogol : (mlebet) Ora usah digoleki, aku wis teka! Koen kabeh kudu mati ing tanganku!
Sarmidin : (mundur ajrih, ngamping Opas Kacung) Niki...niki...niki.. Sogol ndara...tembak ndara!
(Opas Keceng nembe nyiapaken bedhil dipun tendhang Sogol, bedhil ucul gantos silat, Opas
Keceng pejah! Opas Kacung majeng, kenging blathi pejah. Ndara Mantri kaliyan Sarmidin
ngroyok Sogol, sedaya pejah)
Sogol : (Jumeneng ing tengah panggung) Hee...pendhudhuk Sumur Gemuling. Dina iki mungsuh-mungsuhku wis
kalah. Sejatine, aku ora ngreti tumindakku dadi maling budiman iki bener apa ora. Nanging sing jelas, niat ku
suci pengin tetulung marang wong cilik. .... Yen tumindakku salah, muga Gusti Allah paring pangapura. ... Iki
pepeling kanggo para pejabat sing serakah, Sogol bakal teka sawayah-wayah. Sogol ora bakal mati, Sogol bakal
tansah urip ing atine para pendhudhuk. Pendhudhuk bakal eling marang “Sogol Pendekar Sumur Gemuling!!!”

More Related Content

What's hot

Ringkasan nizhamul islam @abayabuhamzah
Ringkasan nizhamul islam @abayabuhamzahRingkasan nizhamul islam @abayabuhamzah
Ringkasan nizhamul islam @abayabuhamzahNaufal Rahmaniah
 
Pergaulan remaja yang islami
Pergaulan remaja yang islamiPergaulan remaja yang islami
Pergaulan remaja yang islamidela aristi
 
Pergaulan remaja yang Islami
Pergaulan remaja yang IslamiPergaulan remaja yang Islami
Pergaulan remaja yang IslamiDela Aristi
 
Sistem pergaulan-dalam-islam-1-50
Sistem pergaulan-dalam-islam-1-50Sistem pergaulan-dalam-islam-1-50
Sistem pergaulan-dalam-islam-1-50Puspita Ningtiyas
 
Uqdatul kubro
Uqdatul kubroUqdatul kubro
Uqdatul kubroel-hafiy
 
pakaian adat jawa gagrak surakarta
pakaian adat jawa gagrak surakarta  pakaian adat jawa gagrak surakarta
pakaian adat jawa gagrak surakarta rndtnt
 
Bilal tarawih
Bilal tarawihBilal tarawih
Bilal tarawihTita Ruby
 
Cerpen Pengalaman Pribadi
Cerpen Pengalaman PribadiCerpen Pengalaman Pribadi
Cerpen Pengalaman PribadiDevi Putri
 
Contoh naskah drama 5 orang
Contoh naskah drama 5 orangContoh naskah drama 5 orang
Contoh naskah drama 5 orangPipit P
 
Laporan percobaan pengaruh suhu terhadap pertumbuhan biji kacang hijau
Laporan percobaan pengaruh suhu terhadap pertumbuhan biji  kacang hijauLaporan percobaan pengaruh suhu terhadap pertumbuhan biji  kacang hijau
Laporan percobaan pengaruh suhu terhadap pertumbuhan biji kacang hijauyosa marinda
 
Rancangan percobaan pertumbuhan biji kacang hijau
Rancangan percobaan pertumbuhan biji kacang hijauRancangan percobaan pertumbuhan biji kacang hijau
Rancangan percobaan pertumbuhan biji kacang hijauSa Ya
 
Dinamika atmosfer dan Dampaknya terhadap kehidupan.pptx
Dinamika atmosfer dan Dampaknya terhadap kehidupan.pptxDinamika atmosfer dan Dampaknya terhadap kehidupan.pptx
Dinamika atmosfer dan Dampaknya terhadap kehidupan.pptxFritzPieterMichaelNa
 
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)ARISKA COMPNET
 

What's hot (20)

Ringkasan nizhamul islam @abayabuhamzah
Ringkasan nizhamul islam @abayabuhamzahRingkasan nizhamul islam @abayabuhamzah
Ringkasan nizhamul islam @abayabuhamzah
 
Pergaulan remaja yang islami
Pergaulan remaja yang islamiPergaulan remaja yang islami
Pergaulan remaja yang islami
 
Pergaulan remaja yang Islami
Pergaulan remaja yang IslamiPergaulan remaja yang Islami
Pergaulan remaja yang Islami
 
Sistem pergaulan-dalam-islam-1-50
Sistem pergaulan-dalam-islam-1-50Sistem pergaulan-dalam-islam-1-50
Sistem pergaulan-dalam-islam-1-50
 
Istiqomah
IstiqomahIstiqomah
Istiqomah
 
Drama Bahasa Jawa
Drama Bahasa JawaDrama Bahasa Jawa
Drama Bahasa Jawa
 
Uqdatul kubro
Uqdatul kubroUqdatul kubro
Uqdatul kubro
 
pakaian adat jawa gagrak surakarta
pakaian adat jawa gagrak surakarta  pakaian adat jawa gagrak surakarta
pakaian adat jawa gagrak surakarta
 
Bilal tarawih
Bilal tarawihBilal tarawih
Bilal tarawih
 
Cerpen Pengalaman Pribadi
Cerpen Pengalaman PribadiCerpen Pengalaman Pribadi
Cerpen Pengalaman Pribadi
 
Contoh naskah drama 5 orang
Contoh naskah drama 5 orangContoh naskah drama 5 orang
Contoh naskah drama 5 orang
 
Bahas Tuntas SKU Penegak Point 1
Bahas Tuntas SKU Penegak Point 1Bahas Tuntas SKU Penegak Point 1
Bahas Tuntas SKU Penegak Point 1
 
Thariqul iman
Thariqul imanThariqul iman
Thariqul iman
 
Laporan percobaan pengaruh suhu terhadap pertumbuhan biji kacang hijau
Laporan percobaan pengaruh suhu terhadap pertumbuhan biji  kacang hijauLaporan percobaan pengaruh suhu terhadap pertumbuhan biji  kacang hijau
Laporan percobaan pengaruh suhu terhadap pertumbuhan biji kacang hijau
 
Rancangan percobaan pertumbuhan biji kacang hijau
Rancangan percobaan pertumbuhan biji kacang hijauRancangan percobaan pertumbuhan biji kacang hijau
Rancangan percobaan pertumbuhan biji kacang hijau
 
Dinamika atmosfer dan Dampaknya terhadap kehidupan.pptx
Dinamika atmosfer dan Dampaknya terhadap kehidupan.pptxDinamika atmosfer dan Dampaknya terhadap kehidupan.pptx
Dinamika atmosfer dan Dampaknya terhadap kehidupan.pptx
 
Drama 6 orang
Drama 6 orangDrama 6 orang
Drama 6 orang
 
Contoh dialog negosiasi
Contoh dialog negosiasiContoh dialog negosiasi
Contoh dialog negosiasi
 
Naskah Drama Hukum Karma Berlaku
Naskah Drama Hukum Karma BerlakuNaskah Drama Hukum Karma Berlaku
Naskah Drama Hukum Karma Berlaku
 
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
TUGAS PAHLAWAN KEMERDEKAAN INDONESIA (ARISKA COMPNET)
 

Similar to Sogol Pendhekar Sumur Gemuling

Similar to Sogol Pendhekar Sumur Gemuling (7)

Ande ande lumut
Ande ande lumutAnde ande lumut
Ande ande lumut
 
Bary camaru
Bary camaruBary camaru
Bary camaru
 
Naskah drama
Naskah dramaNaskah drama
Naskah drama
 
Petualangan Sial Dan Untung
Petualangan Sial Dan UntungPetualangan Sial Dan Untung
Petualangan Sial Dan Untung
 
Misteri rumah tua
Misteri rumah tuaMisteri rumah tua
Misteri rumah tua
 
Contoh teks-naskah-drama-komedi
Contoh teks-naskah-drama-komediContoh teks-naskah-drama-komedi
Contoh teks-naskah-drama-komedi
 
Anekdot
AnekdotAnekdot
Anekdot
 

Sogol Pendhekar Sumur Gemuling

  • 1. Nama : AHMAD FARID ANNAURY Kelas : IX- F No. Absen: 01 NASKAH LUDRUK “SOGOL PENDHEKAR SUMUR GEMULING” BABAK I Adegan 1 Paraga: 1) Sogol Kahanan: Sawijing dalu ing Ambulu Jember nalika zaman penjajahan Landa, kanthi mbeta glangsing isi barang colongan, Sogol mlajeng dipun oyak dening Polisi Landa. Sasampunipun rumaos aman, Sogol kendel sekedap nata ambegan. Setting : Margi pinggir wana wanci dalu. Antawacana: Sogol : (mlebet kanthi saking kiwa panggung kanthi mlajeng, kendel ing tengah panggung lajeng balik kanan) He ... Landa! ... Entekna mimis mu! ... Koen gak bakalan bisa nyekel Sogol! ... Uberen Sogol! (ambegan landhung, clingukan)... Katone Landa wis adoh (ngadhep penonton) ... Dak leren dhisik (nyeleh glangsing) Sing tak nggumuni ... iku kelakoane bangsa ku dhewe. (ngadhep ngiwa)Yen Landa ngono wis karuwan mungsuh kanggone wong Jawa. Nanging ndara mantri lan opas-opas iku, dhekne lak wong Jawa, nanging kelakoane nungkuli Landa. Dadi gedibale Landa wae senenge ora jamak. (ngadhep nengen) Saben ndina tansah ngrugekna pendhudhuk, narik pajek gak nganggo ukuran. Wong tani durung panen ... wis ditarik pajek. Ngingu sapi lagi manak ... babone dijaluk. Yok apa karepe landa iku. Ya ngene iki sing nggarai sing sugih tambah sugih, sing mlarat tambah mlarat. Rentenir tukang nganakna dhuwit merajalela ndhuk endi- endi. (ngadhep ngiwa) Merga saka iku ... iki mau (nyandhak glangsing disangkluk ing pundhak) donyane sinyo-sinyo iku dak jupuk arep dak dum-dumna pendhudhuk
  • 2. sakiwa-tengene Sumur Gemuling sing mlarat-mlarat. (mundur) He... ndara mantri lan para opas! Uberen iki Sogol Pendekar Sumur Gemuling! (mlajeng medal) Adegan 2 Paraga: 1) Mantri Polisi Jatmika, 2) Opas Kacung, 3) Opas Keceng Kahanan: Mantri Polisi Jatmiko ngasta pistol didherekake para opas ngasta bedhil nguber Sogol. Suwantenipun bedhil pathing jumedhor. Setting : Margi pinggir wana wanci dalu. Antawacana: O. Kacung: Mangga ndara dipunlajengaken, Sogol selak mlajeng tebih! Mantri PJ : Mengko dhisik aku dak ambegan. O. Keceng: Inggih ndara kula inggih kesel ... ambegan kula badhe pedhot! O. Kacung: Mulane dadi arek iku aja kakehan ngrokok ... cik ambeganmu landhung. Mantri PJ : Hlo! Koen ojok nyalahna wong rokok, rokok mono akeh gunane. O. Kacung: Ndara Mantri niki kok wonten-wonten mawon. Rokok kok wonten gunane. O. Keceng: Mulane Cung! Koen ojok keminter, rungokna dhawuhe ndara Mantri. Mantri PJ : Rokok iku gunane ana telu. Siji, wong sing rokok yen tuwa ora bakal lara-laranen. Loro, ... omahe wong sing rokok ora bakal dileboni maling. Nomer telu, ...wong sing rokok ora bakal diuber asu. O. Kacung: Hla iki ... ilmu anyar iki. Aku biyen sekolah kok gak tau diwulang ngene. O. Keceng: Jelasaken ndara! Jelasaken! Kacung, arek sitok iki cik gak ngethipris wae. Mosok bolak-balik mesthi nyemoni aku. Jarene, “Rokok membunuhmu ... rokok memperbanyak jandha!” Mantri PJ : Siji, wong sing rokok yen tuwa ora bakal lara-laranen. Sebab durung tuwa ... wonge wis mati.
  • 3. O. Kacung: Dados, isih nom kados Keceng menika sampun lara-laranen, banjur mati. Modar kowe Ceng! O. Keceng: Hla kok senjata makan tuan, sing nomer kalih ndara! Mantri PJ : Omahe wong sing rokok ora bakal dileboni maling, sebab wonge kena watuk TBC ... sewengi wonge melek ... ora bisa turu merga watuk terus, mulane malinge ora wani mlebu omah. O. Kacung: Masuk akal! Apa maneh omahe Keceng mesthi ora bakal kemalingan, sebab ora nduwe apa-apa. Malinge bingung ... sing arep dicolong apa? Anane mung kucing rembes. O. Keceng: Kowe aja ngenyek, masiya kuru ngenelah, biyen mbahku wong sugih lho! Mantri PJ : Sing sugih lak mbahmu! Nomer telu, wong sing rokok ora bakal diuber asu. Sebab yen diuber asu wonge ora kuwat mlayu ... terus ndheprok . Weruh wong ndheprok asune balik, sebab dikira wonge njupuk watu kanggu mbalang asu. O. Keceng: Sik...sik...sik... niki wau jane Ndara Mantri nyritakna gunane rokok, menapa nyritakna bahayane rokok? O. Kacung: Ooo.. alah Ceng...Keceng! Wong bodho kok kebangeten, iki mau Ndara Mantri nuturi awakmu kanthi cara pasemon. Sebab wong kaya kowe iku, diumbah ora teles, dipepe ora garing. Mantri PJ : Wis, ... mumpung Sogol durung adoh, ayo terus nguber Sogol! Yen bisa bedhilen pas sirahe ben mati! O. Keceng: Nanging pluru kula kantun kalih! O. Kacung: Mula yen mbedhil aja ngawur wae! O. Keceng: Wingi...ana ireng-ireng ing sebelah omah...bareng tak bedhil lha kok mertuwaku dhewe. Kepeksa... aku malah nambakna. Mantri PJ : Wis ! Aja omong wae, ayo! (sedaya medal nututi Sogol)
  • 4. BABAK II Paraga: 1) Sogol, 2) Tumpi, 3) Mbok Tomblok, 4) Mbok Kastini, lan Mbok Kastonah Kahanan: Kanthi kabiyantu dening adhik sapeguron ingkang nama Tumpi, Sogol andum barang asilipun nyolong dhumateng pendhudhuk Sumur Gemuling ingkang kathahipun para warandha. Setting: Pinggir lepen Sumur Gemuling Antawacana: Tumpi : (mlebet saking kiwa panggung lajeng ngunandika) Wis bola-bali aku ngrewangi Kang Sogol andum barang colongan. Nanging dina iki kok rasane katon beda (ngadep ngiwa). Biasane, yah mene Kang Sogol wis teka (ambegan landhung, nyawang tebih). Muga-muga Gusti Allah tansah njangkung Kang Sogol. Pancen wong landa lan antek-anteke gething marang Kang Sogol, nanging pendhudhuk sing rata-rata wong cilik padha seneng marang Kang Sogol. Marga Kang Sogol penggaweyane nyolong donyane para nonik, sinyo, dauke, lan para rentenir lintah dharat ... banjur dibagi marang wong cilik, kalebu para randha-randha tuwa. (ngadhep nengen) Ing sakawit aku uga ora sarujuk karo tumindake Kang Sogol, nanging bareng aku weruh dhewe ... yen Kang Sogol dadi maling iku ora kanggo kaperluane pribadi, saiki aku malih ndhukung Kang Sogol. ( Para randha sepuh: Mbok Tomblok, Mbok Kastini, lan Mbok Kastonah mlebet saking tengen panggung ) Tomblok : Nuwun sewu ... napa leres niki panggenanipun dum-duman rejeki? Tumpi : Inggih Mbok, tengga sekedhap barangipun dereng dugi. Kastini : Sing dugi nggen kula wingi napa sampeyan? Tumpi : Leres, ingkang ngaturi njenengan sedaya, rawuh ing mriki ... wingi niku ... kula. Kastonah : (madhep marang Kastini, astanipun nuding dhateng Tumpi) Bocah kok ayu tenan, aku biyen nalika isih enom ... ya ayu kaya bocah iki. (madhep marang Tumpi) Lajeng asma panjenengan sinten? Tumpi : Kula Tumpi mbok, asli kula arek Rambipuji.
  • 5. Kastini : Nuwun sewu nggih, saderengipun ... rejeki ingkang badhe kita tampi mangke ... menika asalipun saking pundi? Kastonah : Halah mbok ora usah takon kaya ngono! Awak dhewe iki randha tuwa ora ana sing nggolekna kaya. Iki arep oleh rejeki kok ndadak takon asal-usule barang. Tomblok : Bener Kastonah, jare kendhilmu wingi wis arep nggoling? Gusti Allah iku yen paring rejeki ora bakal kurang merga. Kastini : Ora kok ngono...aku biyen tau diweling karo jenate bojoku... ujare mengkene, “Kastini, senajan awak dhewe iki wong mlarat nanging aja nganti klebon barang haram”. Sogol : (Sogol mlebet kanthi dhehem) Ehem ... ehem ... Niki dum-duman zakat kok mbok! Tomblok : Hlo ... rejekine teka! Menapa panjenengan ingkang badhe andum rejeki? Sogol : Leres mbok ... niki barange sampun kula beta. Nami kula Sogol, kula menika panitia andum zakat. Wiwit Lumajang nganti Jember ... kathah tiyang sugih ingkang sami titip andum zakat malipun dhateng kula. Kastini : Yen ngeten kula lak ayem. Ya ngene iki sing diarani rejeki barokah (noleh marang Kastonah). Sogol : Dhik Tumpi, iki barange ndang baginen! Tumpi : (nampi barang saking Sogol) awit ingkang rawuh tiyang tiga, mila barang menika kula bagi dados tiga. Mangga mbok! (sedaya mbok randha nampi bagian) Kastonah : Matur nuwun, mugi panjenengan kekalih pinaringan panjang umur! Kastini : Cethek rejekine , lestari jejodhoane, sholeh lan sholehah putrane! Sogol : Ngapunten mbok, kula kekalih menika taksih legan. Kula taksih bujang lan Adhi Tumpi taksih kenya. Tomblok : Hla nengga napa ... menawi kula tingali ... panjenengan kekalih menika jiian serasi sanget! Ingkang kakung gagah lan gantheng, ingkang estri ayu lan manis. Coooocok! Tumpi : Rencana menika sampun wonten, nanging Kang Sogol taksih repot nyambut damel.
  • 6. Sogol : Inggih pangestunipun mawon, mugi kasembadan... kinabulan dening Gusti Allah. Kastonah : Sarehne sampun cekap, kepareng kula nyuwun pamit. Kastini : Inggih...ngapunten ... niki wau ninggal dandang. Tomblok : Semanten ugi kula ... wayah kula boten wonten rencangipun. (sedaya mbok randha medal, Sogol lan Tumpi nglajengaken rembagan) Sogol : Dhik Tumpi! Seneng lan marem rasane atiku, bareng bisa nyawang para kawula cilik ing Sumur Gemuling, kang padha bungah sawise nampa barang lan dhuwit iku mau. Tumpi : Iya Kang Sogol! Wong cilik iku jalukane ora ngayawara, nampa rejeki sithik wae wis rumangsa syukur. Beda karo para juragan ... tuan tanah kae. Sogol : Nanging sajerone atiku ... kadhang-kadhang uga tukul pitakonan, “Apa sing kita lakoni iki, wis bener apa durung?” (madhep ngiwa banjur sendhakep) Tumpi : Padha... aku uga mangkono Kakang! (madhep nengen banjur sendhakep) Sogol : Mula aku nduwe gagasan ... besok sawise awak dhewe jejodhoan ... mbangun rumah tangga ... awek dhewe kudu bisa gawe pabrik utawa usaha liyane ... supaya bisa menehi penggaweyan lan nulung para kawula cilik ing Sumur Gemuling kene. Yok apa nurut rika? (madhep marang Tumpi) Tumpi : Aku setuju Kakang!(madhep marang Sogol) Nanging saiki sing dak Jaluk ... rika kudu ati-ati lan aja pisan-pisan ninggal ibadah. Awit mungsuhe awak dhewe iku akeh. Sogol : Bener Dhik Tumpi, sinyo-sinyo iku ora bakal trima ... dhewekne bisa nabok nyilih tangan. Wis dak kira cukup semene dhisik, andum gawe ... aku dak ngalor ... koen mlakua ngidul. Tumpi : Iya kakang! (Tumpi medal ngiwa, Sogol medal nengen) BABAK III
  • 7. Paraga: 1) Bayan Sarmidin 3) Mbah Mukti Kahanan: Ing Pasirian, Bayan Sarmidin nyuwun tulung Mbah Mukti supados nyanthet Sogol. Setting: Bale dalemipun Mbah Mukti (wonten meja kursi setunggal setel) Antawacana: M. Mukti : (mlebet saking kiwa panggung, jumeneng ing wingkingipun meja, lajeng ngunandika) Wis umum ndhuk Pasirian kene, ... ora ana dhukun kang kondhang- kaonang kejaba ... Dul Mukti. Dhukun santhet ya dhukun jengges ... aja maneh wujud menungsa biasa ... wong sekti sing jare kebal senjata ... kenek santhete Dul Mukti ... matek ngglundhung. Kemis legi wingenane, ana wong njaluk tulung nyanthet saingane njago lurah ... ora kesuwen ... saingane dak kirime gir sepedha ... pedhot ususe ... mlembung wetenge. (lenggah) Nanging, gak ngonone ... wis pirang-pirang wulan iki anak ku ya Sarmidin ... kok gak ketok irunge. Pancen Sarmidin duduk anak kandhung, nanging wis tak anggep kaya anak ku dhewe. Sarmidin : (mlebet saking tengen panggung katon gupuh kanthi logat Medura) Amit! Amit! Amit! ... Kula ingkang sowan Mbah! (langsung nggapyuk Mbah Mukti, ngantos Mbah Mukti kangelan ambegan). M. Mukti : (watuk-watuk) Uhuk ... uhuk ... uhuk ... Koen iku arep ngrangkul apa arep mateni Mbah. Sarmidin : Syorrr ... meja onok ulane, aja gela wis carane. Iki Syarrrmidiiin Mbah ... Syarrrmidiiin (nebah dhadha). M. Mukti : Kok njanur gunung, kadingaren koen dolan mrene ... Sarmidin : Syampiyuuun iki pancen aneh, yen Syarrmidiin boten mriki direp-arep. Yen mriki jare dungaren. M. Mukti : Koen iku pancen kebacut ... pira adohe Ambulu – Pasirian. Dolan ana omahe wong tuwa ... mung yen ana butuhe thok. Sarmidin : Sepuranee Mbah ... sepurane ... syampiyun lak ngreti. Syarrrmidiin sakniki dados bayan ndhuk Ambulu. Syarrmidiin sakniki pot-repot takiye. Pa maneh sakniki ... dening gupermen ... Syarrmidiin ditambahi tugas narik jek-pajek ... wiwit Puger ing sisih kilen, ngantos Tempurejo ing sisih wetan,... wiwit Rambipuji ing sisih ler, nganti Watu ulo ing sisih kidul (yen ngendikan kados tiyang deklamasi).
  • 8. M. Mukti : Iku arane ... awakmu oleh penggaweyan teles. Tegese, penggaweyan penak bayarane gedhe. Ngono mbok ya kirim hadhiah ... apa dhuwit. Wis suwe aku pengin mangan roti semir mertega, ngombe kopi susu koyok Landa kae. Sarmidin : Waune pendamelan kula pancen pil-gampil ... asilipun kathah. Niku sak derenge wonten arek nom-noman sing jenenge Sogol arek saking dusun Gemuling. M. Mukti : Ngapa Sogol? Sarmidin : Lho ... lho ... lho ... lho ... sampiyun dereng reng-mireng ... Sogol niku arek tang- ontange ndhuk Lumajang nganti Jember. Julukane Sogol pendekar Sumur Gemuling. M. Mukti : Hla terus? Sarmidin : Syarrrmidin narik jek-pajek dilang-alangi. M. Mukti : Dialang-alangi kok gak mbok jotos ndhase! Sarmidin : Syampun Mbah ... syampun. Kula jotos ndhase mboteng nging-kenging ... malah kula sing dibanting ... kula syi’in Mbah ... kula syi’in. M. Mukti : Cethane ... koen mrene iki arep njaluk tulung Mbah ... apa ngono? Sarmidin : Leser Mbah ... leser, ... syampiyun leser! Kula nyuwun tulung ... santhetaken Sogol ... mangke yen Sogol sampun pejah ... syampiyun badhe nyuwun menapa mawon kula turuti. Boten namung roti lan susu ... nek perlu sing dodol sak tokone kula beta mriki. M. Mukti : Biasa, apa- apa iku yen durung kelakon ... janjine muluk-muluk. Kaya janjine wong kampanye ika. Nanging yen wis kelakon ... aja maneh nepati janjine ... ngetok irunge wae ora. Sarmidin : Niku lak tiyang nes-sanes, yen Syarrrmidiiin beda Mbah! Menapa sampeyun pingin jaran sakdhokare? Pokok e... sonten Sogol pejah ... enjing jaran sak dhokare sampun teng ngajenge griya sampiyun. M. Mukti : Ya wis. Iki sing diarani, “Anak polah bapa kepradah.” Menenga! Sogol dak garape. (ngedalaken pusaka, ngobong dupa lajeng ngucapaken mantra) Somelah ... Hei syetan kober ... syetan lanang ... iki dak pakani menyan kuning ... dak jaluk srayamu, mlebuwa wetenge Sogol arek Gemuling, ... jebolen wetenge, ... aja bali yen durung kasil maksud, ... budhal ! Sarmidin : Hlo kerise syampiyun ical!(nggumun)
  • 9. M. Mukti : Iki ora ilang ... saiki keris ku wis budhal. Tontonen saka kadohan,mengko koen lak weruh Sogol mbledhos wetenge. Sarmidin : Inggih, seneng ati kula ... sak niki kula nyuwun pamit.(salaman lajeng medal) M. Mukti : Keris wis dak budhalna, iki wayahe wis surub ... tak tunggune ing mburi karo mangan ... wetengku kok krasa luwe. (medal) BABAK IV Paraga: 1) Mbok Sumi, 2) Sogol, 3) Mantri Polisi Jatmika, 4) Opas Kacung, 5) Opas Keceng Kahanan: Ibunipun Sogol (Mbok Sumi), kapang kaliyan Sogol. Ndara Mantri rawuh madosi Sogol. Awit boten saged nedahaken papanipun Sogol, Mbok Sarinten dipun pilara Ndara Mantri. Setting: Latar ngajeng dalemipun Mbok Sumi (wonten lincak setunggal). Antawacana: M. Sumi : (mlebet saking kiwa panggung, ngungak ngiwa- nengen jumeneng ing ngajengipun lincak lajeng ngudarasa) Ya Allah Gusti, ... paringana welas dhateng kula! ... (lenggah miring nengen) Anak mung siji nganti yah mene kok durung mulih. Kamangka iki wis ngarepna isyak ... budhal bar subuh ... durung kober sarapan ... jare arep golek gaweyan. (minger ngiwa) Biasane yen lunga ... sadurunge manjing maghrib wis mulih ... adus ... terus sholat ndhuk langgare Wak Kaji Dullah. Atiku kok ora kepenak . Dak cepaki mangan kawit awan ... sambele nganti garing ... ooalah Sogol ... Sogol ... anakku lanang. Cilik wis ditinggal mati bapake ... saking pingine dadi uwong ... terus meguru ... metu saka peguron oleh ngelmu ... jare pingin ngamalna ngelmune. (jumeneng, madhep nengen) Kok ana rame-rame ... katone nuju mrene (bingung, ajrih lan gugup) (Mantri Polisi Jatmika, Opas Kacung, lan Opas Keceng mlebet) Mantri PJ : Mbok Sumi! ... Jenengmu Sumi, ... iya? M. Sumi : Inggih, ... kula Sumi mboke Sogol. O. Keceng : Wah ... leres ndara!!! O. Kacung : Ngretia sing rawuh iki Ndara Mantri Jatmiko, kepala polisi pribumi ndhuk Jember kene. Aku Opas Kacung lan iki Opas Keceng. Mantri PJ : Tekaku mrene iki ana perlu ... nggoleki Sogol anakmu. O. Keceng : Anakmu arep dak kecrek ... dak gawa menyang tangsi Landa.
  • 10. M. Sumi : (bingung, lajeng ndheprok) Hla salahe yuga kula napa? Mantri PJ : Sogol saiki dadi buron larone gupermen ... merga Sogol iku penggaweane maling. O. Kacung : Thong - thong lor, Sogol maling. Thong - thong kidul Sogol nyolong. O. Keceng : Mula, ... saiki duduhna! Sogol ana ngendi?!!! Selak gak sabar aku! M. Sumi : Sogol dadi maling? (muwun) Ora mungkin, Sogol iku areke alim, ... arek sing bekti marang wong tuwa. Mantri PJ : Iku lak yen ana ngarepmu. Wis aja kakehan sandhiwara! ... Ora usah ndadak api-api nangis ... tuduhna Sogol ana ngendi! O. Kacung : Yen gak mbok duduhna, koen sida diajar karo Ndara Mantri! (nendhang lincak) O. Keceng : Koen mesthi ngreti Sogol singidan ana ngendi! M. Sumi : Sogol kawit bakda subuh pamit medal pados pendamelan, ngantos sakmenika dereng mantuk! Mantri PJ : Apa?!!! (njontong sirahipun Mbok Sumi) M. Sumi : (dhawah, njerit) Saestu ndara ... kula boten ngretos. O. Keceng : Saestu- saestu, iki sing kok jaluk! (njejeg sangking wingking) M. Sumi : (dhawah, njerit) Dipejahana, ... kula boten ngretos. Mantri PJ : Ora ana gunane koen nutup-nutupi Sogol! Yen nganti Sogol ketemu singidan ana ngomah, ... ndhasmu sida dak tembak pisan! (njontong malih) Opas Keceng! O. Keceng : Siap ndara! Mantri PJ : Gledhah njero omah, yen ketemu langsung bedhil sirahe! Ben modar langsung. O. Keceng : Siap laksanakan! (medal panggung / mlebet griya) Mantri PJ : Opas kacung! O. Kacung : Siap ndara! Mantri PJ : Jaga lawang! Menawa Sogol mlayu. O. Keceng : Siap laksanakan! (njaga lawang) M. Sumi : Sogol niku lare sae ndara ... Sogol niku mboten nate pek-pinek barang liyan. Najan njenengan ngobong griya kula, ... Panjenengan boten badhe manggihaken
  • 11. Sogol (kanthi muwun). Mantri PJ : Mingkem ! Kakehan omong! (kaliyan nabok) O. Keceng : (mlebet panggung) Tidak berada ndara ... Sogol tidak ditemuinya. Mantri PJ : Nganggo basa Jawa wae, ... yen nganggo basa Melayu ora bisa , ... mengko malah ngisin-ngisini! O. Kacung : Sekolah , ... penggaweyane yen ora ngrepek ... ya nyonto ... kon pinter. Rungokna laporanku! Sogol ... kosong ndara, tidak ada mendhelik disini! Mantri PJ : Halah! Padha wae! Wis ora ana gunane ana kene, ayo ditinggal! (medal) O. Keceng : Aku ngalih, ... tapi sewayah-wayahnya Sogol berpulang, ... dirimu kudu merepot kepadaku! (medal) O. Kacung : Bhekeenack chorset ... bhekenack chorset (gaya kados basa Landa) ... digebek penak dikukur siset. Bilamana Sogol mendhekem ... di rumah. Kamu orang ... harus bilangin ya!(medal) M. Sumi : Sogol ... mosok koen dadi maling? Mbok gak percaya, kawit cilik koen didhidhik agama. Ora mungkin ... iki ora mungkin. Sogol : (mlebet, sumerap ibunipun nangis ing njogan, Sogol kaget lajeng nuntun ibunipun lenggah ing lincak). Mbok,...njenengan kok muwun ... kenging menapa mbok? Njenengan kok wonten ing ngandhap ? (Sogol ningali pasuryane mbok Sumi) Pasuryan panjenengan kok biru, ... kenging menapa mbok? (clingukan) Sinten ingkang milara panjenengan ... ngendikan mbok? M. Sumi : Ora kok Lee ... (mingseg-mingseg, ngusapi eluh kanthi pojok jarit/klambi) ora ana sing milara mbok, ... mbok iki mau lungguh lincak iki ... merga ngantuk terus tiba (polatanipun kadamel sumringah) ... Wis, perkara mbok tiba ora usah dirembug! Koen iki mau wis mangan apa durung? Sogol : (Sogol jumeneng) Kawit alit, ... sasampunipun bapak seda ... panjenengan ndhidhik kula ... supados kula dados tiyang jujur. Nanging, ... kenging menapa dinten menika Panjenengan goroh dhateng kula?
  • 12. M. Sumi : Ya wis lah ... mbok tak blaka. Nanging koen aja tumindak apa-apa ya! Sogol : Dados leres?!!! Niki wau mbok dipilara dening tiyang. Sinten mbok tiyangipun? Kula ajare!!!(ngunus blathi) M. Sumi : Sareh... syabar ya Le, mbok bakal crita... nanging syarate koen kudu janji marang mbok ... yen koen ora bakal tumindak grusa-grusu. Mbok ikhlas kok! Mbok ora apa- apa. Delengen! Mbok isih wutuh ora cacat apa-apa. Sogol : Inggih mbok ... Sogol janji (lenggah). M. Sumi : Iki mau ... sabubare maghrib ... embok lungguh ana lincak iki ... nunggu koen kok gak mulih-mulih. Sogol : Sogol niki wau ... mantuk radi telad ... awit Sogol kathah pendamelan. Pas dugi pinggir desa sareng kalih manjing maghrib ... Sogol langsung tumuju langgare Wak Kaji. Mantun maghrib, wonten lare nyuwun diwulang ngaji. M. Sumi : Ngono ta le? Dak tutukake mbok crita,... dumadakan ana Ndara Mantri Jatmiko lan opas mrene. Sogol : Dadi sing milara iki mau Ndara Mantri ? !!! (jumeneng badhe ngunus blathi) M. Sumi : Lungguh Le ... sareh, ... koen mau lak wis janji. Sogol : Inggih mbok ... lajeng? (ngempet nesu) M. Sumi : Ndara Mantri mrene ... polahe nggoleki koen, merga koen kadakwa dadi maling. Lak ora bener ta Le? Koen lak ora dadi maling ta Le? Sogol : (Jumeneng, ambegan landhung) Niku fitnah mbok ... yen Sogol ngalang-ngalangi gupermen narik pajek, niku pancen leres. Sebab Sogol mesakna pendhudhuk. (lenggah) ... sampun mbok ... sakniki simbok mlebet ... aso salira, ... sare, ... menawi dereng ngisyak , ... ngisyak rumiyin! M. Sumi : Ngono ta Le? Ya wis... embok tak mlebu, nanging koen aja nyang ngendi-endi lho! Sogol : Sampun kuwatir mbok, ... kula tak klesetan teng mriki riyin ... hawanipun sumuk! Mangke yen sampun asrep, ... kula tak mlebet. (Mbok Sumi mlebet griya, Sogol nuntun dugi ngajeng lawang, balik lajeng ngunandika)
  • 13. Sogol : Kurang ajar Ndara Mantri sak andhahane! Nyekel Sogol ora ngenekna, ... hla kok salin bubuhan, ... paribasane, “Dudu berase kok ditempurake”. Ya wis! Nunggu mbok sare dhisik ... aku dak ngleset ana kene. Mengko yen mbok wis sare, Ndara Mantri tak beresane. (Sogol tata-tata badhe ngleset, dumadakan wonten santhet dugi) Sogol : Hlo ... hlo ... hlo ... sapa iki ngajak guyon Sogol? Isih sore ana wong kirim santhet. Mandhek! (nyandhet santhet) Sapa aran mu lan Jin prewangane sapa koen? (kados dene dhialog kalih lelembut) Setan Kober, ... prewangane Dul Mukti ing Pasirian? Dadi sing ngirim koen iku dhukun santhet Dul Mukti? (kendel sekedhap kados nengga jawaban) Banjur sapa sing njalukna? (kendel sekedhap kados nengga jawaban) Bayan Sarmidin ing Ambulu? Ya wis, koen saiki balia marang bendaramu. Kandhaa, yen Sogol kirim salam marang Dul Mukti! (ngungak lebet) Katone Mbok wis sare, ... mbok nyuwun gunging pangapura! Mumpung durung adoh tak tututane prewangane Dul Mukti. (mlebet) BABAK V Adegan 1 Paraga: 1) Dul Mukti, 2) Sogol, 3) Sarmidin. Kahanan: Dul Mukti was sumelang, awit prewanganipun dereng wangsul. Setting: Latar ngajeng dalemipun Mbah Mukti, wonten kembang (pethetan) sawatawis. Antawacana:
  • 14. M. Mukti : (mlebet saking kiwa panggung, jumeneng nyawang tebih, lajeng ngunandika) Kok aneh ... setan kober ... ya jin prewanganku ... wis wiwit surub nganti ngancik lingsir wengi ... durung bali. Kamangka, biasane yen tak kirim iku ora tau suwe ... paling sak jam ... rong jam wis bali. Prewanganku ... iku sejatine akeh ... iki mau sing dak pilih setan kober ... sebab setan kober iku sing paling tuwa lan paling ampuh ... (nrawang) Ooo... hla kae ... wis katon ... nanging kok nglentruk! ... (kados dene dhialog kalih lelembut) Oleh gawe apa ora? (kaget) Ora? Sogol sakti, ... wonge resik, ... atine suci? (kendel sekedhap kados nengga jawaban) Tegese Sogol isih urip? Sarmidin : (mlebet kanthi gugup) Taksih mbah ... Sogol taksih gesang! Niki wau kula tingali saking katebihan ... santhet njenengan diajak mong-omangan, ... lajeng dikengken wangsul! M. Mukti : (godheg-godheg, unjal ambegan) Prewangan siji kalah, ... yen ngono kabeh prewangan ku arep dak budhalake! Dikroyok jin sewu mosok ora modar! Sogol : (mlebet) Ora ana gunane, ... santhetmu ora mandi! M. Mukti : (kaget) Hlo ... koen iku sapa?!!! ... Arek gak duwe tata krama ... sopan santun! ... Teka gak kula nuwun ... gak ngajeni wong tuwa! Sogol : Uwong iku diajeni ora mung sebab tuwane ... nanging sebab tingkah lakune. Kanggo apa aku ngajeni dhapuramu iku?!!! M. Mukti : Hlo ... hla kok tambah nglunjak! ... Ngakua sapa koen ... tak tempiling pecah ndhasmu! Sarmidin : (kanthi ajrih) Nggih niki areke. Sogol : Aku ... Sogol arek Sumur Gemuling!(ngunus blathi) M. Mukti : Kutuk marani sunduk! ... (ngedalaken keris) Kenek kerise Dul Mukti sida dadi sate! (Sogol kalih Dul Mukti tetandhingan, Sarmidin minggir ajrih, pungkasanipun Dul Mukti pejah) Sarmidin : Aku tak lapor ndara mantri wae!(mlajeng medal) Sogol : Sarmidiiiin ... koen aja mlayu! (ngoyak) Adegan 2 Paraga: 1) Sogol, 2) Mantri Polisi Jatmika, 3) Opas Kacung, 4) Opas Keceng, 5) Sarmidin. Kahanan: Sarmidin lapor dhateng ndara mantri ingkang nembe patrol. Setting: Tengah margi. Antawacana:
  • 15. (Ndara Mantri mlampah dipun dherekaken Opas Kacung lan Opas Keceng kanthi langkah tegap nanging klentu/asta lan sukunipun sareng) Mantri PJ : Hoooop ... grak!!! O. Keceng: Lagi iki ana baris kok ... hoooop grak! Mantri PJ : Sing penting paham, ... dadi wong iku aja ngeyelan! O. Keceng: Yen sing kleru bawahan ... diseneni,... nanging yen sing kleru atasan ... harap maklum!. Mantri PJ : Ngecemes wae ... tak tembak kene koen engkok! O. Kacung: Tembak gegeripun ndara!!! Paling mendat ... kenging balung!!! Sarmidin : (mlebet, gugup) Mit ... amit ... amit, kula repot ndara ... wonten raja pejah, Sogol ndara ... wonten Sogol! Mantri PJ : Sik ... sik ... iki kok kaya bayan Sarmidin! Omong sing genah! Sarmidin : Sorr meja onok ulane, ja gela wis carane! Kula repot, wonten raja pejah ... Mbah Dul Mukti dipunpejahi Sogol! O. Kacung: Ngapunten ndara .... madharan kula mules ... kula pamit badhe mantuk rumiyin! O. Keceng: Haaalah, ... koen iku ... angger ana tugas alasan wae! Kula nyuwun pamit, yuga kula sakit! Mantri PJ : Opas loro padha wae! Ayo siap! Brangkat nggoleki Sogol! Sogol : (mlebet) Ora usah digoleki, aku wis teka! Koen kabeh kudu mati ing tanganku! Sarmidin : (mundur ajrih, ngamping Opas Kacung) Niki...niki...niki.. Sogol ndara...tembak ndara! (Opas Keceng nembe nyiapaken bedhil dipun tendhang Sogol, bedhil ucul gantos silat, Opas Keceng pejah! Opas Kacung majeng, kenging blathi pejah. Ndara Mantri kaliyan Sarmidin ngroyok Sogol, sedaya pejah) Sogol : (Jumeneng ing tengah panggung) Hee...pendhudhuk Sumur Gemuling. Dina iki mungsuh-mungsuhku wis kalah. Sejatine, aku ora ngreti tumindakku dadi maling budiman iki bener apa ora. Nanging sing jelas, niat ku suci pengin tetulung marang wong cilik. .... Yen tumindakku salah, muga Gusti Allah paring pangapura. ... Iki pepeling kanggo para pejabat sing serakah, Sogol bakal teka sawayah-wayah. Sogol ora bakal mati, Sogol bakal tansah urip ing atine para pendhudhuk. Pendhudhuk bakal eling marang “Sogol Pendekar Sumur Gemuling!!!”