SlideShare a Scribd company logo
1 of 39
Tata Pangibadah 
Minggu Advèn 1 
Minggu, 30 November 2014 
TANSAH JUMAGA 
DUMUGI ING 
DELAHAN 
Katrangan: 
Ltgs: Liturgos; Pmp: Pemimpin; 
Prdt: Pradata; Lkt: Lèktor; Psw: Pasamuwan
 
PECAWISAN 
Pamaosing Pawartos Pasamuwan
PASAMUWAN NYAWIJI 
Ltgs Sih Rahmat lan tentrem rahayu tumraha mring kita, ingkang 
sami ndhèrèk ing pangibadah punika 
Psw SAKING GUSTI YÉSUS KRISTUS, TUK-ING PANGAJENG-AJENG LAN 
SUKA RENA KITA 
Ltgs Panjenenganipun punika Sang Mesih, ingkang kita antos-antos 
rawuhipun. 
Psw INGKANG BADHÉ JUMENENG MINANGKA RATU 
Ltgs Katresnanipun nguwalaken kita saking jireting dosa 
Psw LAN NDADOSAKEN KITA MINANGKA PÉRANGANING KULA WARGA 
KRATONING ALLAH 
Ltgs Kagem Panjenenganipun Kaluhuran lan Kaurmatan saha Pamuji. 
Psw SAPUNIKA LAN ING SALAMI-LAMINIPUN
Votum Lan Salam 
Pmp : Sumangga Pangibadah Minggu 
Advèn ingkang kapisan ing wanci punika kita 
sengker kanthi pengaken: Pitulungan kita 
punika, pinangkanipun saking Yéhuwah Allah 
ingkang nitahaken langit lan bumi. 
Psw: 5 6̕| 5 6̕ | 5 4 | 3 . || 
A – MIN, A - MIN, A - MIN! 
Pmp :“Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Allah 
Rama kita lan Gusti Yesus Kristus, wontena ing 
para kula/sadhèrèk sadaya”. 
Psw : LAN WONTEN ING SADHÈRÈK UGI !
Atur Pambuka (Pasamuwan Jumeneng) 
Ltgs : Para Sadhèrèk, dinten punika kita lumebet 
ing Minggu Advèn kapisan kanthi jejer: “Tansah Jumaga 
Dumugi ing Delahan.” Lumantar Jejer punika, kita 
kaèngetaken supados tansah jumaga dumugi ing 
wekdalipun Gusti Yésus rawuh, kados Pangandikani-pun: 
“Sing padha ngati-ati lan tansah padha melèka! Sabab 
kowé ora padha sumurup ing wektu-né. 34Upamané kaya 
wong lelungan, omahé ditinggal dipasrahaké marang para 
baturé, kang siji-sijiné padha diwenehi kuwajiban dhéwé-dhéwé 
sarta juru regol dikon melèk. (Mark.13:33).
Pasamuwan ngidungaken KPK BMGJ 210:1-3 
KPK BMGJ 210:1-3 “RAWUHIPUN GUSTI “
Dhuh Gusti kados pundi 
nggèn kula sung urmat 
methukken klayan puji 
mring ratuning jagad 
mugi Gusti madhangi 
lantaran Roh Suci 
mrih nggèn kula ngabekti 
mranani mring Gusti.
2. Sing dhampar kang sejati 
nggih kamulyan swargi, 
Gusti tedhak ing donya 
nunggil lan manungsa, 
tumut nandhang sangsara 
ngrembat kasisahan, 
ngrukunken tiyang dosa 
dhumateng Pangeran.
3. Punapa kang njalari 
dhuh Ratuning swarga, 
Paduka rawuh mriki 
karsa nandhang papa, 
mung sih piwlas Paduka 
dhumateng manungsa, 
manggiha gesang mulya 
nunggil lan Sang Rama.
Pangakening Dosa 
Angger-anggering Katresnan saking Matéus 22:37-40. 
7Paring wangsulané Gusti Yésus: “Sira tresnaa marang 
Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan 
gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. 
38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé. 
39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo 
iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya 
marang awakira dhéwé. 40Kabeh isining Torèt lan kitabé 
para nabi iku gumantung karo angger-angger loro 
mau.”
KPK BMGJ 43: 1,2 
“NYUWUN ÉNGGALING MANAH”
Gusti kula sèstu nalangsa, 
awit asring mbaléla, 
damel sekel galih Paduka, 
kèlu ombyaking donya, 
Rèfrèin: 
Dhuh Gusti kawula nyuwun apura, 
sinucèkken sing dosa 
mugi manah kula kaénggalna, 
mituhu Paduka.
Sèstu kula angraosaken 
sisah déning momotan, 
nging lamun Paduka 
apunten manah kawula padhang, 
Rèfrèin: 
Dhuh Gusti kawula nyuwun apura, 
sinucèkken sing dosa 
mugi manah kula kaénggalna, 
mituhu Paduka.
 Pasamuwan sami jawat asta kanthi ngucap:” Tentrem Rahayu, Gusti 
mberkahi Panjenengan”
Dhuh Gusti kawula tresna 
dhumateng Paduka, 
kula masrahken manah, 
badan kaliyan nyawa, 
Paduka kang agung sih, 
ingkang sampun menang, 
saèstu kula tresna dhumateng Paduka 
Rèfrèin: 
kula pasrah badan nyawa 
Gusti ingkang angasta pejah gesang, 
kula pasrah badan nyawa 
Gusti ingkang angasta pejah gesang.
Gusti ngrumiyini tresna 
mring kula tyang dosa, 
tan nggalih gung sangsara 
pinenthang ngruwat dosa, 
pramila kula ugi tresna dhateng Gusti, 
wah tresna mring sesami 
kanthi trusing ati 
Rèfrèin: 
kula pasrah badan nyawa 
Gusti ingkang angasta pejah gesang, 
kula pasrah badan nyawa 
Gusti ingkang angasta pejah gesang.
PELADOSANING PANGANDIKA 
Donga Èpiklèse( Pasamuwan lenggah) 
Pmp : (ngunjukaken donga 
peladosaning Pangandika)
Pamaosing Kitab Suci 
Waosan Kapisan : Yesaya 64:1-9 
Tanggapan: Masmur 80:1-7;17-19 
(sesautan ganjil – ganep) 
Waosan kaping kalih: 1 Korinta 1:3-9 
Waosan Injil: Markus 13:24-37 
Pmp : Makaten Injilipun Gusti Yésus Kristus. 
Ingkang Rahayu inggih menika tiyang ingkang tansah 
mirengaken Pangandikanipun Gusti, lan dipun gatosaken. 
Maranatha. 
PSw : 
5 5 | 6 5 ̕ 1 1 | 2 1 ̕ 4 4 | 3 2 1 2 | 1 || 
MA RA NATHA, MARANATHA, MARANA THA!
Khotbah: 
“Tansah Jumaga Dumugi ing 
Delahan”
Wekdal Ening
Pengaken Pitados Rasuli 
(pasamuwan Jumeneng)
Donga Syafaat 
(kapungkasan Donga Rama Kawula)
PISUNGSUNG 
PANGATAK 
Prdt : Sumangga kita ngaturaken pisungsung sokur 
kanthi ngèngeti Pangandikanipun Gusti: “13Awit anggonmu 
dieboti iku ora supaya wong liya padha kaènthèngna, 
nanging supaya dadia timbang. 14Mulané beciké saiki 
kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, 
supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi 
kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang. 15Kaya 
kang katulisan: “Wong kang oleh akèh, ora turah lan 
kang oleh sathithik ora kurang.” 
(2 Kor. 8:13-15).
Pasamuwan Ngidungaken 
KPK BMGJ 185: 1- 
”PISUNGSUNG KONJUK MRING ALLAH”
1. Konjuk mring Kang Maha agung 
kawula sung pisungsung 
cihnaning bingahing manah 
wit berkahing Allah 
sumengka wah sinengkera 
lan temen rineksa 
dadya srana munpangati mrih 
kamulyaning Gusti.
2. Konjuk Allah kang Maluhur 
kawula saos sokur, 
kebabaring raos urmat 
wit tansah rinimat, 
dalah gesang kula mugi 
kagem déning Gusti, 
dadya lantaraning berkah 
tumraha mring tyang kathah
3. Konjuk ing ngarsaning Allah 
kawula sung panrimah, 
tandha ajrih asih kula 
wit gung sih rahmatnya, 
mugi Gusti nggih karenan 
temah binerkahan 
dadya margi Kratoning Allah 
binabar nèng bumi
Donga Pisungsung (Pasamuwan 
Jumeneng) 
(Kapimpin déning salah satunggaling 
Pradata)
1 Kanca agiyaka 
muji Sang Pamarta 
kang nilar kamulyan ing swarga 
tedhaking donya dados bayi papa 
Rèfrèin: 
Payo sujud ngabekti, 
payo sujud ngabekti 
sung pisungsung panggunggung 
mring Gusti.
2 Kanca agiranga ngundhangken 
Injilnya, 
dé Allah netepi prasetya, 
ngentas manungsa sing kwasaning 
dosa. 
Rèfrèin: 
Payo sujud ngabekti, payo sujud 
ngabekti 
sung pisungsung panggunggung 
mring Gusti.
PANGUTUSAN 
Pmp Ngenerna manah panjenengan 
dhateng Gusti 
Psw KULA NGENERAKEN MANAH KAWULA 
DHATENG GUSTI 
Pmp Dadosa seksinipun Sang Kristus 
Psw PUJI SOKUR KONJUK GUSTI 
Pmp Pinujia Gusti 
Psw SAMANGKÉ LAN ING SALAMI-LAMINIPUN
Liturgi minggu adven I jawa

More Related Content

Featured

AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfmarketingartwork
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024Neil Kimberley
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)contently
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024Albert Qian
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsKurio // The Social Media Age(ncy)
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Search Engine Journal
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summarySpeakerHub
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Tessa Mero
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentLily Ray
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best PracticesVit Horky
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementMindGenius
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...RachelPearson36
 
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...Applitools
 
12 Ways to Increase Your Influence at Work
12 Ways to Increase Your Influence at Work12 Ways to Increase Your Influence at Work
12 Ways to Increase Your Influence at WorkGetSmarter
 

Featured (20)

AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
 
Skeleton Culture Code
Skeleton Culture CodeSkeleton Culture Code
Skeleton Culture Code
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
 
How to have difficult conversations
How to have difficult conversations How to have difficult conversations
How to have difficult conversations
 
Introduction to Data Science
Introduction to Data ScienceIntroduction to Data Science
Introduction to Data Science
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best Practices
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project management
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
 
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...
 
12 Ways to Increase Your Influence at Work
12 Ways to Increase Your Influence at Work12 Ways to Increase Your Influence at Work
12 Ways to Increase Your Influence at Work
 
ChatGPT webinar slides
ChatGPT webinar slidesChatGPT webinar slides
ChatGPT webinar slides
 
More than Just Lines on a Map: Best Practices for U.S Bike Routes
More than Just Lines on a Map: Best Practices for U.S Bike RoutesMore than Just Lines on a Map: Best Practices for U.S Bike Routes
More than Just Lines on a Map: Best Practices for U.S Bike Routes
 

Liturgi minggu adven I jawa

  • 1. Tata Pangibadah Minggu Advèn 1 Minggu, 30 November 2014 TANSAH JUMAGA DUMUGI ING DELAHAN Katrangan: Ltgs: Liturgos; Pmp: Pemimpin; Prdt: Pradata; Lkt: Lèktor; Psw: Pasamuwan
  • 2.  PECAWISAN Pamaosing Pawartos Pasamuwan
  • 3. PASAMUWAN NYAWIJI Ltgs Sih Rahmat lan tentrem rahayu tumraha mring kita, ingkang sami ndhèrèk ing pangibadah punika Psw SAKING GUSTI YÉSUS KRISTUS, TUK-ING PANGAJENG-AJENG LAN SUKA RENA KITA Ltgs Panjenenganipun punika Sang Mesih, ingkang kita antos-antos rawuhipun. Psw INGKANG BADHÉ JUMENENG MINANGKA RATU Ltgs Katresnanipun nguwalaken kita saking jireting dosa Psw LAN NDADOSAKEN KITA MINANGKA PÉRANGANING KULA WARGA KRATONING ALLAH Ltgs Kagem Panjenenganipun Kaluhuran lan Kaurmatan saha Pamuji. Psw SAPUNIKA LAN ING SALAMI-LAMINIPUN
  • 4.
  • 5.
  • 6.
  • 7. Votum Lan Salam Pmp : Sumangga Pangibadah Minggu Advèn ingkang kapisan ing wanci punika kita sengker kanthi pengaken: Pitulungan kita punika, pinangkanipun saking Yéhuwah Allah ingkang nitahaken langit lan bumi. Psw: 5 6̕| 5 6̕ | 5 4 | 3 . || A – MIN, A - MIN, A - MIN! Pmp :“Sih rahmat lan tentrem rahayu saking Allah Rama kita lan Gusti Yesus Kristus, wontena ing para kula/sadhèrèk sadaya”. Psw : LAN WONTEN ING SADHÈRÈK UGI !
  • 8. Atur Pambuka (Pasamuwan Jumeneng) Ltgs : Para Sadhèrèk, dinten punika kita lumebet ing Minggu Advèn kapisan kanthi jejer: “Tansah Jumaga Dumugi ing Delahan.” Lumantar Jejer punika, kita kaèngetaken supados tansah jumaga dumugi ing wekdalipun Gusti Yésus rawuh, kados Pangandikani-pun: “Sing padha ngati-ati lan tansah padha melèka! Sabab kowé ora padha sumurup ing wektu-né. 34Upamané kaya wong lelungan, omahé ditinggal dipasrahaké marang para baturé, kang siji-sijiné padha diwenehi kuwajiban dhéwé-dhéwé sarta juru regol dikon melèk. (Mark.13:33).
  • 9. Pasamuwan ngidungaken KPK BMGJ 210:1-3 KPK BMGJ 210:1-3 “RAWUHIPUN GUSTI “
  • 10. Dhuh Gusti kados pundi nggèn kula sung urmat methukken klayan puji mring ratuning jagad mugi Gusti madhangi lantaran Roh Suci mrih nggèn kula ngabekti mranani mring Gusti.
  • 11. 2. Sing dhampar kang sejati nggih kamulyan swargi, Gusti tedhak ing donya nunggil lan manungsa, tumut nandhang sangsara ngrembat kasisahan, ngrukunken tiyang dosa dhumateng Pangeran.
  • 12. 3. Punapa kang njalari dhuh Ratuning swarga, Paduka rawuh mriki karsa nandhang papa, mung sih piwlas Paduka dhumateng manungsa, manggiha gesang mulya nunggil lan Sang Rama.
  • 13. Pangakening Dosa Angger-anggering Katresnan saking Matéus 22:37-40. 7Paring wangsulané Gusti Yésus: “Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. 38Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé. 39Déné angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé. 40Kabeh isining Torèt lan kitabé para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”
  • 14. KPK BMGJ 43: 1,2 “NYUWUN ÉNGGALING MANAH”
  • 15. Gusti kula sèstu nalangsa, awit asring mbaléla, damel sekel galih Paduka, kèlu ombyaking donya, Rèfrèin: Dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucèkken sing dosa mugi manah kula kaénggalna, mituhu Paduka.
  • 16. Sèstu kula angraosaken sisah déning momotan, nging lamun Paduka apunten manah kawula padhang, Rèfrèin: Dhuh Gusti kawula nyuwun apura, sinucèkken sing dosa mugi manah kula kaénggalna, mituhu Paduka.
  • 17.
  • 18.
  • 19.  Pasamuwan sami jawat asta kanthi ngucap:” Tentrem Rahayu, Gusti mberkahi Panjenengan”
  • 20.
  • 21. Dhuh Gusti kawula tresna dhumateng Paduka, kula masrahken manah, badan kaliyan nyawa, Paduka kang agung sih, ingkang sampun menang, saèstu kula tresna dhumateng Paduka Rèfrèin: kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang, kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang.
  • 22. Gusti ngrumiyini tresna mring kula tyang dosa, tan nggalih gung sangsara pinenthang ngruwat dosa, pramila kula ugi tresna dhateng Gusti, wah tresna mring sesami kanthi trusing ati Rèfrèin: kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang, kula pasrah badan nyawa Gusti ingkang angasta pejah gesang.
  • 23. PELADOSANING PANGANDIKA Donga Èpiklèse( Pasamuwan lenggah) Pmp : (ngunjukaken donga peladosaning Pangandika)
  • 24. Pamaosing Kitab Suci Waosan Kapisan : Yesaya 64:1-9 Tanggapan: Masmur 80:1-7;17-19 (sesautan ganjil – ganep) Waosan kaping kalih: 1 Korinta 1:3-9 Waosan Injil: Markus 13:24-37 Pmp : Makaten Injilipun Gusti Yésus Kristus. Ingkang Rahayu inggih menika tiyang ingkang tansah mirengaken Pangandikanipun Gusti, lan dipun gatosaken. Maranatha. PSw : 5 5 | 6 5 ̕ 1 1 | 2 1 ̕ 4 4 | 3 2 1 2 | 1 || MA RA NATHA, MARANATHA, MARANA THA!
  • 25. Khotbah: “Tansah Jumaga Dumugi ing Delahan”
  • 27. Pengaken Pitados Rasuli (pasamuwan Jumeneng)
  • 28. Donga Syafaat (kapungkasan Donga Rama Kawula)
  • 29. PISUNGSUNG PANGATAK Prdt : Sumangga kita ngaturaken pisungsung sokur kanthi ngèngeti Pangandikanipun Gusti: “13Awit anggonmu dieboti iku ora supaya wong liya padha kaènthèngna, nanging supaya dadia timbang. 14Mulané beciké saiki kaluwihanmu kanggoa nyukupi kakuranganing liyan, supaya kaluwihaning liyan mengko genti kanggo nyukupi kekuranganmu, temahan banjur dadi satimbang. 15Kaya kang katulisan: “Wong kang oleh akèh, ora turah lan kang oleh sathithik ora kurang.” (2 Kor. 8:13-15).
  • 30. Pasamuwan Ngidungaken KPK BMGJ 185: 1- ”PISUNGSUNG KONJUK MRING ALLAH”
  • 31. 1. Konjuk mring Kang Maha agung kawula sung pisungsung cihnaning bingahing manah wit berkahing Allah sumengka wah sinengkera lan temen rineksa dadya srana munpangati mrih kamulyaning Gusti.
  • 32. 2. Konjuk Allah kang Maluhur kawula saos sokur, kebabaring raos urmat wit tansah rinimat, dalah gesang kula mugi kagem déning Gusti, dadya lantaraning berkah tumraha mring tyang kathah
  • 33. 3. Konjuk ing ngarsaning Allah kawula sung panrimah, tandha ajrih asih kula wit gung sih rahmatnya, mugi Gusti nggih karenan temah binerkahan dadya margi Kratoning Allah binabar nèng bumi
  • 34. Donga Pisungsung (Pasamuwan Jumeneng) (Kapimpin déning salah satunggaling Pradata)
  • 35.
  • 36. 1 Kanca agiyaka muji Sang Pamarta kang nilar kamulyan ing swarga tedhaking donya dados bayi papa Rèfrèin: Payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti sung pisungsung panggunggung mring Gusti.
  • 37. 2 Kanca agiranga ngundhangken Injilnya, dé Allah netepi prasetya, ngentas manungsa sing kwasaning dosa. Rèfrèin: Payo sujud ngabekti, payo sujud ngabekti sung pisungsung panggunggung mring Gusti.
  • 38. PANGUTUSAN Pmp Ngenerna manah panjenengan dhateng Gusti Psw KULA NGENERAKEN MANAH KAWULA DHATENG GUSTI Pmp Dadosa seksinipun Sang Kristus Psw PUJI SOKUR KONJUK GUSTI Pmp Pinujia Gusti Psw SAMANGKÉ LAN ING SALAMI-LAMINIPUN