Jujur lan Temen agawe Mulya
Srengenge durung katon madhangi swasana esuk kuwi. Esuk durung kena
soroting srengenge. Ing kaanan kang kaya mangkono mau bocah lanang tukang koran
sing jenenge Galih ngonthel sepedane.
Saben tabuh lima esuk, dheweke wis tekan agen koran. “Jupuk pira Galih?”
Pitakonane Kang Kirun. “Biyasanipun kemawon Kang”, wangsulane Galih. Kang Kirun
banjur njupuk koran lan majalah sing wis dipontha-ponta banjur ditampakke Galih
kanggo langganane. “Iki Galih, coba bagiyanmu iki dietung maneh yen manawa salah
anggonku ngetung”, tembunge Kang Kirun karo nampakke gendhelan koran mring
Galih. Sakwise buyar, dheweke banjur mangkat.
Dheweke ngeterake koran ing omahe pelanggan-pelanggane. Mangkono
pagawean Galih saben dinane, ngeterake koran marang para pelanggane. Kabeh kuwi
dilakoni kanthi seneng, ikhlas lan rasa kebak tanggung jawab. Nalika Galih lagi ngonthel
sepedane, dumadakan dheweke weruh bungkusan tas kresek ireng. Galih ndredhek
banjur mandheg, nyekel barang mau. Barang apa kuwi? Dheweke kuweden amarga
kelingan kabar neng tv lan koran akhir-akhir iki kerep kadadean teror bom neng endi-
endi. Galih was-was lan kuwatir, aja-aja barang kuwi bungkusan bom.
Sanadyan was-was, dheweke mbukak bungkusan kuwi. Katon neng jero
bungkusan kuwi ana kardus isi barang. Kerdus diocak-ocak, “Wah, apa isine ya?’’
pitakone neng njero ati. Galih cepet mbukak bungkusan kanthi ngati-ati. Kagete
dheweke, amarga neng jerone ana kalung emas lan panganggo liyane. “Wah apa ini?”
Pitakone njero ati. “iki duweke sapa, ya?” Galih molak-malik ali-ali lan kalung sing ana
neng jero kardus. Dheweke luwih kaget meneh amarga neng njero tas ireng kuwi ana
kertu kredite. “Lho,…iki duwe pak Alif ta, Mesakake banget pak Alif, ketoke pak Alif lagi
bae kemalingan”, batine Galih sajroning ati.
Galih gage-gage ngonthel sepedhane tumuju daleme pak Alif. Dheweke
nyritakake apa sing kadadean lan sing ditemokake wektu ider koran. Pak Alif seneng
banget amarga panganggone bojone wis bali. Dheweke rumangsa syukur banget,
panganggo kuwi tiba menyang tangan wong sing jujur. Pirsa sipate Galih kang jujur,
pak Alif banjur kelingan piwulangan nalika isih sekolah. Indonesia bakal maju manawa
pemudha-pemudha duweni sifat jujur, semangat, ulet, lan pantang menyerah, kaya
sing ditindakake pemudha-pemudha kang ngikrarake sumpah pemuda, kayata Moh.
Yamin, Sugondo Joyopuspita, lan liya-liyane
Minangka tandha matur nuwun, pak Alif maringi modhal marang Galih kanggo
mbukak kios neng omahe. Saiki Galih ora kudu ngonthel sepedane maneh kanggo
bebakulan koran.
Mangkene crita patuladhan Jujur lan Temen Agawe Mulya.

Jujur lan temen agawe mulya

  • 1.
    Jujur lan Temenagawe Mulya Srengenge durung katon madhangi swasana esuk kuwi. Esuk durung kena soroting srengenge. Ing kaanan kang kaya mangkono mau bocah lanang tukang koran sing jenenge Galih ngonthel sepedane. Saben tabuh lima esuk, dheweke wis tekan agen koran. “Jupuk pira Galih?” Pitakonane Kang Kirun. “Biyasanipun kemawon Kang”, wangsulane Galih. Kang Kirun banjur njupuk koran lan majalah sing wis dipontha-ponta banjur ditampakke Galih kanggo langganane. “Iki Galih, coba bagiyanmu iki dietung maneh yen manawa salah anggonku ngetung”, tembunge Kang Kirun karo nampakke gendhelan koran mring Galih. Sakwise buyar, dheweke banjur mangkat. Dheweke ngeterake koran ing omahe pelanggan-pelanggane. Mangkono pagawean Galih saben dinane, ngeterake koran marang para pelanggane. Kabeh kuwi dilakoni kanthi seneng, ikhlas lan rasa kebak tanggung jawab. Nalika Galih lagi ngonthel sepedane, dumadakan dheweke weruh bungkusan tas kresek ireng. Galih ndredhek banjur mandheg, nyekel barang mau. Barang apa kuwi? Dheweke kuweden amarga kelingan kabar neng tv lan koran akhir-akhir iki kerep kadadean teror bom neng endi- endi. Galih was-was lan kuwatir, aja-aja barang kuwi bungkusan bom. Sanadyan was-was, dheweke mbukak bungkusan kuwi. Katon neng jero bungkusan kuwi ana kardus isi barang. Kerdus diocak-ocak, “Wah, apa isine ya?’’ pitakone neng njero ati. Galih cepet mbukak bungkusan kanthi ngati-ati. Kagete dheweke, amarga neng jerone ana kalung emas lan panganggo liyane. “Wah apa ini?” Pitakone njero ati. “iki duweke sapa, ya?” Galih molak-malik ali-ali lan kalung sing ana neng jero kardus. Dheweke luwih kaget meneh amarga neng njero tas ireng kuwi ana kertu kredite. “Lho,…iki duwe pak Alif ta, Mesakake banget pak Alif, ketoke pak Alif lagi bae kemalingan”, batine Galih sajroning ati. Galih gage-gage ngonthel sepedhane tumuju daleme pak Alif. Dheweke nyritakake apa sing kadadean lan sing ditemokake wektu ider koran. Pak Alif seneng banget amarga panganggone bojone wis bali. Dheweke rumangsa syukur banget, panganggo kuwi tiba menyang tangan wong sing jujur. Pirsa sipate Galih kang jujur, pak Alif banjur kelingan piwulangan nalika isih sekolah. Indonesia bakal maju manawa pemudha-pemudha duweni sifat jujur, semangat, ulet, lan pantang menyerah, kaya sing ditindakake pemudha-pemudha kang ngikrarake sumpah pemuda, kayata Moh. Yamin, Sugondo Joyopuspita, lan liya-liyane Minangka tandha matur nuwun, pak Alif maringi modhal marang Galih kanggo mbukak kios neng omahe. Saiki Galih ora kudu ngonthel sepedane maneh kanggo bebakulan koran. Mangkene crita patuladhan Jujur lan Temen Agawe Mulya.