1. TUGAS AKHIR BASA JAWA
Dosen pengampu : Endang Sri Maruti ,S.Pd., M.Pd
Disusun:
Nama :
Repy Putri P
Kelas :
5G
NPM :
11 141 292
FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR
IKIP PGRI MADIUN
TAHUN AJARAN 2013/2014
2. Tugas Nulis Berita Basa Jawa!
SH 14 tahun warga desa gelagahwangi OEP 13 tahun warga desa Margasana lan SW 16 tahun warga
desa Pancaraya kecamatan Sugihwaras kabupaten Bojonegoro kudu ndekem ning bui polsek
sugihwaras. Sakwise di cekel polisi merga maling sepeda motor. Saka hasil selidik dikonangi yen SH
lan OEP isih kelas 3 SMP ning salah siji SMP ing kecamatan Sugihwaras. Sak wetoro SW lulusan SMP
.ning ngarepe petugas sak kabehe ngaku wis ping 3 maling sepeda motor .nemene maling dilakoni
pas jam sekolah lan isih gawe seragam sekolah . maling kuwi di uteki karo SW sing ngaku maling
kanggo tuku kalung . jare ketule sepeda motor hasil malinge arep didol ning Krian rupo eceran.
Sakwetoro OEP ngaku maling kanggo bayar sekolah. Merga ibuke sing dadi tkw ning Malaysia ora tau
ngirim duit. Merga kelakuane ketelu dijeret pasal 363 KUHP sing diincem hukuman luweh 5tahun di
bui . sakwetoro SH lan EOP diincem ora iso melu ujian nasional lan ditokne saka sekolahanane.
Kuncoro-Bowo JTV Bojonegoro
3. Cerkak Basa jawa
Sawijining dina, ana mbok randha kang duwe anak cilik kelas 2 SD arane Bejo. Ing dina Senen awan
sawise Bejo mulih saka sekolah, katon rambute pating cowek gara-gara dicukur gurune anaing
sekolahan amarga rambute Bejo gondrong, wis nutupi kupinge.Sawise teka ngomah, Bejo katon
sedhih. Amarga ing sekolahan padha diguyu kanca-kancane.Bareng mbokne Bejo weruh rambute
anake pating cowek, banjur nimbali Bejo, “kowe kok katon sedih lan rambutmu kaya mangkono ki
geneya ta Le,” takone Simbok marang Bejo.
Bejo ora nyauri karo pitakone Simbok. “Ndang maem, mengko Simbok cukurne menyang
nggone Mas
Kancil,” ngendikane Simbok menyang Bejo, supaya ora katon sedhih maneh.
Sinambi maem Bejo ngomong menyang Simbokne, dheweke kepengin cukur model kipli supaya bisa
padha karo kanca-kancane.
“Ya Le, Simbok nyarah karo kowe,” jawabe Simbok menyang Bejo.
Sabubare mangan, Bejo lan Simbok mangkat menyang nggone Mas Kancil kang mapane radaadoh
saka omahe Bejo. Ndilalah tekan nggone, antrine akeh banget. Nalika ngenteni giliran,Bejo keturon
ing pangkone mbokne. Bareng tekan gilirane, Bejo isih turu. Setengahe isih turu,Bejo banjur dicukur
karo dipangku mbokne.
“Bejo dicukur model piye Mbok?” takone Mas Kancil menyang Simbok.
Wangsule Simbok, “Nyarah Mas, sing penting ora pating cowek kaya ngene iki. Penting rapiwae
Mas,” sambunge Simbok karo ngelus
-elus sirahe Bejo sing pating cowek.
“Rambute Bejo kok kaya ngene Mbok, kena apa iki?” takone Mas Kancil karo mesem.
“Dicukur gurune ing sekolahan,” jawabe Simbok. Mas Kancil anyak nyukur rambute Bejo.
Bareng Simbokne ngadeg saka kursi sing kanggo cukur, Bejo nglilir lan ngelus-elus sirahe singwis
ora gondrong maneh. Bareng Bejo ngaca ing kacane Mas Kancil, Bejo mbengok banter amarga
nyawang cukurane kang ora padha karo sing dikarepake Bejo. Wong sing padha antriarep cukur
padha kaget krungu jeritane Bejo. Bejo banjur nangis ora ketulungan, karo ngakonMas Kancil
mbalekake rambute maneh.Sawise mbayar ongkos cukur, Bejo digendhong mulih mboke. Neng dalan,
Bejo tetep nangiskekejer. Simbokne banjur ngandhani Bejo supaya ora nangis terus. Amarga ana ing
dalan sabenwong sing ngerti Bejo nangis mesthi takon kena apa Bejo kok nangis. Salah sawijine
pawongan
tuwa, sing takon marang Simbokne Bejo. “Kena ngapa ta Dhe, Bejo kok nangis kekejer ki? ”Karo
mesem Simbok mangsuli, “Iki lho Mbah rambute sing gondrong kae ilang.”
“Meneng-meneng Le, malih bagus rambute sing gondrong kae dicukur. Rene mampir dakwenehi
gethuk,” sambunge Mbah Karto, tanggane Bejo. Nanging Bejo ora nggagas, gur gela
-gelo anaing gendhongane Simbokne karo nangis.Satekane omah, Bejo langsung uwal saka
gendhongane Simbok, nesu mapan turu. Sabubaretangi turu Bejo linggih ana ing kursi ngarep omah
sinambi ngalamun lan ngelus-elus rambutesing kuncung. Simbokne banjur nyedhaki Bejo. Sawise
Simbok linggih ana jejere Bejo, Bejo banjur ngomong menyang Simbok, manawa dheweke sesuk ora
gelem mlebu sekolah, amargaBejo isin manawa diisin-isin kancane ing sekolahan. Krungu Bejo
ngomong koyo mangkonoSimbok kaget. Gara-gara olehe cukur ora kebeneran wae anake ora gelem
sekolah. Simbok banjur ngandhani Bejo supaya gelem sekolah, nanging wis dikandhani Simbok,
tetep wae Bejo ora gelem sekolah
4. IKLAN BASA JAWA
Ibu : Motor mogok ngene ae kok taksih di damel to pak, iki tandane pak pun wekdale dipun gantos
kalihe sing anyar
Bapak : apa yo isa to bu....
Ibuk : saged pak, menawi tumbas motor honda wonten dealor CAHAYA SAKTI MOTOR ,uang muka
sadeg diatur angsuranipun nggih ringan, prosesipun cepat. Ugi nglayani tukar tambah motor
,ingkang lami di ijolke kalihane sing anyar pak.
Bapak : ning ndi to bu alamate kuwi.
Ibu: niku lopak, celakipun lampu stopan abang ijo Jrubong Ngawi
5. Nulis jeneng gawe aksara jawa
Endang sri maruti
[ a n =D si] mru ti
Repi Putri
repipu ti}
Magetan
mgetn
Lir –ilir
Lir ilir ,tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
6. Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira ,tumitir bedah ing pinggir
Dondomana dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane mumpung jembar segarane
Yo suraka surak hore
li/ ali/
li/ ali/ , tn/Fu
t k
[r wu s Su mi li/
H [jo [ro [yo [ro [yo tkSe= guh temn[TnHnY/
ch a [zon Cha[zon [P nkN bLimi=B ku wi
lu vu lu vu[p[nkNk=[go mBsuh [fo tir
[fo[fotir [fo [fotir tu mi ti/ [ b fh a= pi= gi/
[fo [nFom n jLu mtTnk= [go seb me= [ko [so [r
mumP=u p f= xm Bu l [n mumPu= je mB/ klz [n
[yo su r k Su r K [ao [r
7. KHUTBAH !
KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NIKMATIPUN NGIBADAH Dening : Anis Purwanto Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah. Wajib kita syukuri bilih dinten punika kita taksih dipun
paring kesempatan nglajengaken pangibadahan kita ing wulan Ramadhan, Alhamdulillah kita
sampun nindakaken siyan dinten ingkang kaping sedoso, insya allah. Ibadah siyam kita tindakaken
kajawi nderek dhawuhipun Allah SWT, nindakaken kewajiban, ananging ugi kangge keperluan lan
kepentingan kita piyambak, inggih punika supadas kita dadas tiyang ingkan taqwa. Kadas ingkat
kaserat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 183 :
(١٨٣) “He para wong Mukmin kabeh, sira padha diwajibake pasa, kaya kang wus
diwajibake tumrap wong-wong kuna kang sadurungira, supaya sira kabeh padha wedi ing Allah”.
Supaya sira kabeh taqwa marang Allah, ing akhir ayat punika minangka nilai paling inggil, ingkang
badhe dipun gayuh dening tiyang ingkang nindakaken ibadah siyam. Sebab taqwa anggadahi makna
ingkang ageng, ingkang nyakup sedaya kesainan lan ngicalaken sedaya kemungkaran. Sahingga
taqwa ingkang dadas tujuan siyam ugi mujudaken ahklakul karimah. Pramila jelas saiba raket lan
kiyatipun sesambetan antawisipun ibadah kaliyan ahklak. Ibadah ingkang katindakaken kanthi sae,
badhe ngasilaken ahklak ingkang sae. Utawi ahklak ingkang sae mujudaken kasil saking
pangibadahan ingkang sae. Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah. Ibadah siyam
kedah kita tindakaken kanthi kesadaran inggil. Mboten namung kita tindakaken secara gugur
kewajiban utawi ibadah ingkang sifatipun rutin kemawon. Ananging siyam minangka sarana olah
kejiwaan, kedah kita renungaken kasil lan pengaruhipun. Sebab taksih kathah tumrap kaum
muslimin, bilih siyam namung wanten ing wulan Ramadhan , sahingga saksampunipun wulan
Ramadhan telas, mental dalah rohani kita wangsul malih kadas sakderengipun nindakaken siyam,
liripun ibadah siyam punika mbaten wanten pengaruhipun. Kadas sampun dipun sindir dening
Kanjeng Nabi Muhammad SAW, bilih kathah tiyang ingkang nindakaken siyam, nanging mbaten
pikantuk punapa-punaka kajawi namung ngelak lan luwe. “Akeh banget wong-wong kang pasa kang
ora oleh kasil saka pasane kejaba mung rasa ngelih lan ngelak” Pramila saking punika, kangge
nggayuh sampurnanipun pribadi taqwa, kedah kita upadi kanthi pengorbanan ingkang ageng , lan
kedah kita udi terus terusan. Treneng jiwa, kanthi siyam Ramadhan kita tindakaken namung
satunggal wulan, ananging nilai siyam kita amalaken salami setunggal tahun. Sahingga jiwa ibadah
siyam setunggal wulan, saget menjiwai prilaku kita setunggal tahun, ngantos dhatengipun wulan
Ramadhan candhakipun. Bilih proses kejiwaan ingkang makaten punika dumados secara terus
menerus, salami gesang lan pagesangan kita, ngantos kita kapundhut sowan marak ing Gusti,
wonten ing kasedan jati, insya allah ibadah siyam kita kasil, kita dadas manungsa ingkang taqwa
sejati, wangsul dumateng fitrah, bebas saking sedaya kalepatan lan dosa. Cocok kaliyan
pangandikanipun nunjungan kita Nabi Muhammad SAW : MAN SHOMA ROMADHONA IMANAN
WAH TISABAN GHUFIROLAHU MATAQODAM MIN DZAMBIH. “Sing sapa wonge nindakake pasa
8. Ramadhan, kanthi rasa iman lan ngupadi ridhane Allah, bakal diapura dosane kan uwis-uwis”.
Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah. Pasa hakekatipun nahan utawi mper, liripun
mbaten namung nahan diri saking dahar lan ngunjuk, ananging ugi nahan saking sedaya tumindak
ingkang saget ngrisak pahala siyam. Pramila ibadah siyam kedah kita tindakaken kanthi utuh, jasmani
lan rohani. Awit ibadah siyam punika sejatosipun ibadah ingkang sifatipun khusus. Sahingga ibadah
punika mbaten saget dipun priksani secara lahir. Malah khusukipun tiyang ingkang nindakaken
shalat, taksih kawan kabanding kaliyan kesaenan tiyang engkang nindakaken ibadah siyam. Pahala
ingkang inggil, pahala ingkang ageng, tiyang ingkang mbayar zakat, ugi taksih kawon endahipun,
kabanding kaliyan ngelak lan ngelihipun tiyang ingkang nembe siyam. Kita ugi mbaten kesupen
derajat ingkang inggil, karomah, fadhilah lan malah-malah ambu wanginipun tiyang ingkang kundur
saking nindakaken ibadah haji ing kita Mekah, taksih kawon kabanding ngelak lan ngelihipun tiyang
ingkang siyam. Buktinipun Allah sanget ngajeng-ajeng pahala siyam, pahala siyam kagunganipun
Allah, ibadah-ibadah sanesipun kita ingkang badhe nampi. Ananging ibadah siyam dipun suwun
dening Allah, pasa iku kagungan-Ku, Allah ingkang paring ganjaran. “Kabeh amal anak Adam iku biso
kecampur karo kepentingan hawa nepsu, kejaba pasa, mula pasa iku mung kanggoku, aku dhewe
kanga rep paring ganjaran”. Makaten suraosipun salah satunngalipun hadist Nabi. Ma’asyiral
Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah. Hal punika mertandani bilih ibadah siyam minangka
ibadah ingkang paling inggil nilainipun ing ngarsa dalem Allah SWT, buktinipun siyam dipun suwun
dening Allah, Allah piyambak ingkang paring pahala. Sebab siyam tanda pedulinipun para manungsa
kangge berkorban, mbaten rakus, sanggup nahan hawa nepsu, sanggup menderita, ngendaleni lan
ngekang pepinginan, senaosa piyambakipun saget nindakaken, buktinipun ing rikala siyam kita
mbaten badhe ngunjuk lan dahar sakderengipun wanci buka, senaosa kita saget nindakaken,
umpaminipun mlebet dhateng kamar lajeng dipun kunci saking nglebet, dahar ngunjuk sak wareke.
Hal punika mbaten kita tindakaken, krana netepi dhawuh saking Allah, netepi kewajiban saking Allah
SWT. Dados indahipun ngelak lan ngelih, krana netepi kewajiban agesang minangka hamba Allah,
mbuktekaken bilih kita mbaten mentingaken pepinginan diri kita piyambak, minangka bukti bilih kita
mbaten nomersetunggalaken pepinginan ingkang ftuwuh saking nuruti hana sepsu, ananging
mentingaken dhawuhipun Allah. Makaten kemesraan saha endahipun hubungan antawsipun hamba
ingkang purun nahan ngelak lan ngelih, kangge nindakaken siyam. Pramila sepindah malih, syukur al
hamdulillah, kita ing saat punika ihklas nindaken siyam, senaosa ing saat kita nyambut damel awrat,
nyambut kangge nyekapi kebetahan keluarga, nanging tetep mantap nindakaken siyam. Kanthi
modal dasar ihklas punika, kita sanggup nindakaken kewajiban. Kewajiban punika mboten dados
beban, ananging malah minangka sumber kenikmatan ingkang luar biasa, lahir batos, masya allah.
Kanthi keihklasan ingkang makaten, kita badhe nampi pinwales saking Allah langkung kathah,
kabanding kaliyan pengorbanan kita nahan ngelak lan ngelih setunggal dinten. Bekja fidun ya wal
akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.
9. NGARTEKNE AKSARA JAWA !
Rahmad gubra kang ugo minagka salah asijine dosen ing jurusan pendidikan bahasa jawa lan sastra
daerah universitas negeri surabaya iku ngandarake yen kahanan ing saiki bedakaro ing jaman biyen
yen jaman biyen ing nglestarekakke bahasa jawaiku diuri-uri kanthi tenanan nanging yen saiki saya
iling wong-wong kang ing nglestarekake ana ing ngrembakakke basa jawa kanthi tulus bab kasebut
anyar jalari wulangan basa jawa masyarakat kaluwarga lan sekolah ana kahanane mrihatinke.