SlideShare a Scribd company logo
1
YASA LAN KOLÉKSI WAYANG
KANGGO NGURI-URI BUDAYA JAWA
Aprilia Mardiastuti, SIP., Nugroho Samiadji, S.H.
Ora kétang klungsu-klungsu, mélu udhu. Paribasan kuwi mbok menawa
cocok kanggo tema lan isi, anggonè penulis ngudhar uneg-uneg lan gagasan
lumantar tulisan iki. Penulis kang wiwit isih bocah seneng banget lan kagilut
marang seni budaya tradisi Jawa, mliginè wayang kulit, kepéngin ngudhar
gagasan perkara seni tradisi tinggalan leluhur yaiku wayang kulit.
Sawisè wayang antuk kapitayan kekancingan saka masyarakat
internasional lumantar badan UNESCO minangka dadi peradaban dunia kang
adiluhung pirang taun kepungkur, wis pantes lan wajibè awakè dhèwè wong
Jawa kang andarbéni kudu gumrégah supaya wayang kulit tetep lestari lan
ngrembaka. Aja nganti wayang kondhang lan kawentar ing jaban rangkah,
nanging ing omahè dhèwè malah nangis ditinggal lan dilalèkakè.
Yén ora kléru, wayang bisa antuk kekancingan saka UNESCO, diakoni
minangka karya agung tinggalan leluhur kang adiluhung, jalaran jroning
wayang kuwi nuduhakè karya agung budaya leluhur kang adiluhung. Karya
kang dibiji déning masyarakat lan para ahli ing manca ora mung wujud
kebendaa-nè sing duwè nilai estetika karya seni rupa kang dhuwur, nanging
uga ana aspek non-bendawi yaiku filsafat lan ajaraning urip kang kamot
2
sajroning budaya wayang. Ing tulisan iki penulis coba kepéngin ngudhar
gagasan bab wayang kulit saka aspek bendawi.
Yén wayang disawang saka aspek bendawi, pancen ora mokal disebut
tinggalan leluhur minangka karya agung kang adiluhung. Jalaran apa, wayang
mujudakè karya seni rupa kang pepak. Wiwit saka téknik pangolahing lulang
kang nyatanè ora gampang pangrumatè. Pangolahing lulang mau wiwitan saka
piye caranè menthéng, ngerok, nganti téknik liyanè kang diréka amrih piyè
caranè supaya lulang bisa bening lan kenceng, isa ngasilakè wayang kang
kualitasè apik tur kuat nampa owah-owahaning wanci lan mangsa. Sabanjurè
seni kriya tatah kang manéka warna saka jinisè, kaya kang sinebut tatah
bubukan, kawatan, inten-inten, seritan, lsp, kang komposisi lan penganggonè
uga béda-béda miturut jinis paraga wayangè.
Ing bab tatahan, ana kunci kang dadi wigati. Tatahan sing dimaksud
ing kènè mligi banget, disebut dèning istilah bedhahan. Yaiku, tatahan
pérangan rai antaranè mripat, untu, lambè, irung, athi-athi, lan janggut, kang
bakal nemtokakè gambaran éksprési tokoh kang dicocokakè kalawan
karakterè. Menawa nganti luput, ora trep, ora luwes, ora imbang bedhahanè,
wayang ora bakal katon urip èksprèsinè.
Sawisè tatahan lan bedhahan, kang ora kalah wigati yaiku bab seni
pulasan werna utawa sunggingan kang pranyata uga manéka warna téknik lan
gaya sarta motif pangolahing warna. Sunggingan iki kang miturut penulis
bakal “ngancing” wujud utuhè wayang, dadi gesang lan pantesè wayang.
Senadyan kaya ngapa lembut lan ngrawitè tatahan wayang, nanging yèn ta
3
sunggingan utawa pulasanè ora trep, bisa ndadékakè wayang ora katon
gesang, malah kucem, lan ilang karakter paraga tokoh wayangè. Nanging
kosokbalinè, manawa ana wayang kang tatahanè mung prasaja, agal, ora
ngrawit, ning sungginganè trep bisa dadi lan pantesè wayang.
Wayang kang minangka kasil produk seni rupa kriya tatah lan sungging
isih disampurnakakè manéh nganggo garan kanggo ngéwangi ngobahakè
wayang, kang sinebut gapit. Gapit kang bahan bakunè digawe saka sungu
kebo iki, diolah lan diréka daya nganti mawujud barang kang èndah, kepénak
kanggo ngobahake wayang, tur nambahi semu lan gesangè wayang yén
disawang. Pancenè wayang mujudakè seni kriya sing perfect. Kabeh
migunakakè téknik pangolah kang katonè tradisional nanging sejatinè
nuduhakè budaya tinggalanè para leluhur ing tanah Jawa iku banget
adiluhung, pinter, luwes, tur wasis, bisa mbabar kaèndahan kang gawè
gumun lan sengseming bebrayan.
Wayang kulit minangka budaya tinggalanè para leluhur pranyata bisa
gawè sengsem lan gumun kang mriksani. Kalebu piyayi saka ing
mancanagara. Wis kabuktén, mapirang-pirang karya seni tatah sungging kang
awujud wayang kulit saka nuswantara, wiwit suwè akéh kang manggon dadi
koléksinè piyayi ing manca. Malah kepara artefak wayang lawas utawa kuna
kang kuwalitasè apik sarta ana sejarahè wis suwè anggonè dadi koléksi ana
ing museum-museum negara manca. Wayang-wayang kuwi mau akéh kang
asalè saka karyanè para Mpu wayang jaman kuna, malah kepara saka yasanè
para Pangéran ing jaman jayanè karaton-karaton ing Jawa. Malah saiki, wis
4
akéh uga universitas lan pawiyatan luhur ing manca kang ndadèkakè wayang
minangka objek penelitian sarta unit kegiatan perkuliahan. Mula akeh saka
universitas ing manca kuwi mau banjur padha yasa mboyong wayang kang
cacahè ora sithik saka pengrajin ing nuswantara.
Nitik saka kahanan mangkana mau, ora wurung suwèning-suwè yèn
nganti masyarakat padha lèna lan ora nggatékakè marang budayanè dhèwè,
mbesuk bisa kalakon nuswantara kentékan wayang jalaran pindhah ing
manca kabéh. Mula perlu ana pambudidaya kanggo nglestarékakè supaya
wayang tetep ngrembaka. Ing antaranè kudu ngopèni para penatah wayang
supaya isih tetep gelem setya padha gawè wayang kulit. Selawasè ana sing
gawè, tegesè wayang bakal tetep ana. Nanging yén ora ana sing yasa wayang,
penatah suwè-suwè bakal pindhah pakaryan ora gawè wayang manéh. Mula,
salah sawijining cara kanggo nglestarékakè kuwi mau yaiku kudu diwujudakè
lumantar yasa lan ngoléksi wayang kulit.
Sukur konjuk Ngarsaning Gusti, antaranè pirang-pirang taun kawuri
wis akéh piyayi kang saya sengkut anggonè nggatékakè budaya Jawa mliginè
wayang kulit supaya tetep ngrembaka. Kaya ramè kapacak ing media sosial,
akéh para seniman, mahasiswa, akademisi, birokrat, uga pemerintah daerah
kang saiki ramè-ramè padha yasa kolèksi wayang kulit, mliginè manéh tumrap
wayang gagrag Yogyakarta. Akéh wayang kulit kang wis manggon ana ing
manca di-rékonstruksi manéh nganggo cara nyorèk gambar kang kapacak ing
media sosial banjur digawè wayang.
5
Saka dhasar informasi ing dhuwur iku mau, lumantar tulisan iki penulis
kepéngin ngudhar gagasan sarta crita pengalaman anggonè penulis ngoléksi
wayang kulit mliginè wayang kulit gagrag Yogyakarta. Ora kétang klungsu-
klungsu, mélu udhu.
Sakdurungè crita pengalaman penulis yasa koléksi wayang kulit gagrag
Yogyakarta, luwih dhisik ing kènè penulis bakal ngudhar gagasan pérangan
jinising wayang, nganggo dhasar pengalaman penulis nonton lan niténi
wayang kulit saka buku, saka majalah, saka pengrajin wayang, uga saka toko
barang kerajinan. Nganggo dhasar pengalaman noton kuwi mau, miturut
penulis jinis wayang kapérang dadi: wayang dolanan bocah (ana kang digawè
saka kerdhus, karton, kertas semén), wayang souvenir utawa hiasan kang
digawè saka lulang uga ana saka bahan liyanè kaya kertas lsp., banjur wayang
pedhalangan, yaiku wayang sing digawè penatah kanggo kaperluan dhalang
pentas. Kang pungkasan kuwi mau sing bakal penulis jlentrèhakè ing tulisan
iki.
Saka pengalaman penulis srawung penatah lan nyuwun pirsa para
dhalang, wayang pedhalangan biasanè digawè saka lulang (kebo utawa sapi),
sarta luwih nggatèkakè aspek-aspek kang mirunggan. Aspek-aspek kuwi mau
ing antaranè:
a. Pilihan lulang. Wayang sing apik digawè saka lulang sapi utawa kebo
sing kenceng, bening, nggatèkakè kandel utawa tipise lulang gumantung
digawè tokoh apa. Lulang kebo kuwalitasè luwih apik ketimbang lulang
sapi. Yén diolah, kasile lulang bisa bening lan luwih kenceng, sarta
6
luwih kuwat, ora gampang nglunthung menawa ana owah-owahan
mangsa lan wektu kaya adhem lan panas, sarta saka ketiga lan mangsa
rendheng.
b. Bedhahan. Nyawang bentuk lan imbang-imbanganè sarta trep-trepanè
tatahan ing antaranè rai, mripat, irung, lambè, lan untu. Bedhahan iki
mau kang ana sambung rapet gegayutanè klawan karakter tokoh
wayang sing dilakonkè dhalang. Para dhalang biasanè bakal nyawang
bedhahan rai nalika ndhalang supaya karakter tokoh mau nuksma
klawan dhalang, diwujudkè lumantar solah, gunem lan antawacana.
c. Kapangan, tegese blegerè awak (postur) wayang saka dhuwur sirah
nganti sikil, dhuwur lan endhèkè bahu ngarep lan mburi.
d. Jangkahan, tegesè nggatèkakè antaranè suku ngarep lan mburi, endhék
lan dhuwurè.
e. Tatahan. Tatahan alus apa agal durung isa dianggo ukuran wayang iku
apik apa ora. Durung karuan wayang sing tatahanè lembut utawa
ngrawit, bedhahan utawa kapanganè uga apik. Lan uga durung mesti
yén tatahan agal iku wayang ora apik, jalaran ora sithik tatahan agal
kang bedhahan rai lan kapanganè apik, gesang, lan nengsemakè. Variasi
tatahan uga kalebu ing kènè, kaya ing antaranè variasi tatahan
pérangan sumping, uncal, ulur-ulur, praba, badhong, lan makutha.
f. Sabanjurè nyawang sunggingan. Akéh kang ngendikakakè wayang kang
apik menawa sungginganè ora tumbuk sorot, isa pilah ing antaranè
sunggingan sandhangan utawa pèrangan awak sing katon saka ngarep
7
utawa sing katon saka mburi pérangan awak, ulat-ulatan (alis, mripat,
athi-athi, brengos, lambè), resik lan ora katon reget utawa kusem,
nanging uga werna mateng ora gumebyar kepadhangen.
g. Kang pungkasan, gapitan. Gapitan sing apik yaiku kira-kira, lamun luk-
lukanè ora ngolét, rata, luk-lukan luwes saka bangkékan-dhadha-
gulu,kuping, gelung utawa makutha, saya munggah gapit saya mucuk
cilik, gapitan ora kelemesen nanging uga mecut, ora kaku lan nggebug.
Sawisè bab aspek-aspek kang wis dijlèntrèhakè ing dhuwur, penulis
bakal crita pengalaman yasa kolèksi wayang saka gawè putihan ing penatah,
nyunggingakè, nganti ngelukakè gapit. Apa waè tips lan piyè caranè sarta kang
kudu dicepakakè kanggo yasa wayang? Saka pengalaman penulis, kang kudu
dicepakakè lan ditindakakè mangkènè:
1. Nyiapakè anggaran utawa prabéa. Anggaran utawa prabèa iki penting
disiapakè dhisik, jalaran yasa wayang pancén butuh prabèa kang ora
sithik ngélingi proses kang kudu diliwati saka lulang nganti dadi
wayang kang isa disolahakè uga dawa. Wiwit saka penatah,
penyungging, lan nggapiti. Bahan baku lulang kebo, upah natahakè
wayang, upah nyunggingakè, lan nggapiti, mbutuhakè ragad kang ora
sithik. Nyepakakè anggaran manut ongkos wayang sing arep digawè,
utawa pilih gawè wayang manut anggaran kang diduwèni.
2. Milih tokoh kang arep digawè. Ing kenè kalebu milih babon wayang
kang bakal digawè. Babon ing kenè isa uga saka nyorék gambar
8
dhewé, mutrani utawa ngeblad wayang sing wis ana kanggo babonè,
utawa rekonstruksi saka gambar fotokopi kang ukuranè dipasakè
kalawan ukuran wayang sing baku, banjur dicorék manéh
dikepenakakè kapangan, rai, lan jangkahè.
3. Milih penatah kang bakal nggarapakè wayang. Ing kènè perkara
budget utawa anggaran mau uga kalebu digatekakè. Nyuwuna pirsa
dhisik kalawan kanca kang wis dhuwè pengalaman natahakè perkara
hasil garapanè si penatah, sarta nyatakakè dhèwè.
4. Sawisè wayang rampung ditatah, sabanjurè milih penyungging sing
bakal mulasakè wernanè wayang. Nontona dhisik utawa nyuwuna
pirsa kang wis natè nyunggingakè kepiyè hasil garap sunggingè si
penyungging kang dipilih.
5. Nyepakakè gapit lan pengeluk gapit.
6. Ngrumat wayang kang wis dadi sunggingan lan digapiti. Ing antaranè
ditata ing éblék banjur ditata lan dilebokakè kothak.
Iku mau ing antaranè tips saka pengalamanè penulis kanggo yasa lan
ngoléksi wayang kulit. Pancén kanggo yasa lan koléksi wayang kulit iku
mbutuhakè prabéa utawa ragad kang ora sithik. Nanging sejatinè larang iku
mau jalaran larangè wayang saka kasil pangreka sarta anggitanè para leluhur,
karya leluhur sing mbutuhakè lan dilairakè saka eninging cipta karsa para
leluhur kang mujudakè manawa dhuwur lan luhur budayanè. Pinter ngélmu
lan kawruhé nganggo pamikir lan pangrasa kang jero, luwes, lan wasis ngripta
lan mbabar barang kang éndah sarta gesang. Gesang ing kènè jalaran jroning
9
bleger lan wujudè wayang ana karakter, mengku karep lan teges, yaiku sing
disebut filsafat sarta ajaraning urip. Mula ora mokal wayang pantes antuk
kapitayan lan diakoni dadi karya agung tinggalanè leluhur kang adiluhung.
Saka katerangan lan gagasan penulis kang wis dijlèntrèhakè ing dhuwur
iku mau, penulis kepéngin ajak-ajak para maos, ayo padha nglestarèkake lan
ngrembakakè budaya mliginè wayang kulit. Kanthi cara yasa lan kolèksi
wayang, mujudakè salah sawijining pambudidaya nguri-uri tinggalan para
leluhur. Ujaring para wasis nimpuna, bangsa kang becik yaiku bangsa kang
nggatèkakè, ngopéni, lan ngrembakakè budayanè. Sura sudira jayaning
kanang rat, syuh brastha ulah tekaping darmastuti.

More Related Content

Featured

2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot
Marius Sescu
 
Everything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTEverything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPT
Expeed Software
 
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsProduct Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Pixeldarts
 
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
ThinkNow
 
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
marketingartwork
 
Skeleton Culture Code
Skeleton Culture CodeSkeleton Culture Code
Skeleton Culture Code
Skeleton Technologies
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
Neil Kimberley
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
contently
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
Albert Qian
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Kurio // The Social Media Age(ncy)
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Search Engine Journal
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
SpeakerHub
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next
Tessa Mero
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Lily Ray
 
How to have difficult conversations
How to have difficult conversations How to have difficult conversations
How to have difficult conversations
Rajiv Jayarajah, MAppComm, ACC
 
Introduction to Data Science
Introduction to Data ScienceIntroduction to Data Science
Introduction to Data Science
Christy Abraham Joy
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best Practices
Vit Horky
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project management
MindGenius
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
RachelPearson36
 

Featured (20)

2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot2024 State of Marketing Report – by Hubspot
2024 State of Marketing Report – by Hubspot
 
Everything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTEverything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPT
 
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsProduct Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
 
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
 
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
 
Skeleton Culture Code
Skeleton Culture CodeSkeleton Culture Code
Skeleton Culture Code
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
 
How to have difficult conversations
How to have difficult conversations How to have difficult conversations
How to have difficult conversations
 
Introduction to Data Science
Introduction to Data ScienceIntroduction to Data Science
Introduction to Data Science
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best Practices
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project management
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
 

ARTIKEL YASA LAN KOLEKSI WAYANG

  • 1. 1 YASA LAN KOLÉKSI WAYANG KANGGO NGURI-URI BUDAYA JAWA Aprilia Mardiastuti, SIP., Nugroho Samiadji, S.H. Ora kétang klungsu-klungsu, mélu udhu. Paribasan kuwi mbok menawa cocok kanggo tema lan isi, anggonè penulis ngudhar uneg-uneg lan gagasan lumantar tulisan iki. Penulis kang wiwit isih bocah seneng banget lan kagilut marang seni budaya tradisi Jawa, mliginè wayang kulit, kepéngin ngudhar gagasan perkara seni tradisi tinggalan leluhur yaiku wayang kulit. Sawisè wayang antuk kapitayan kekancingan saka masyarakat internasional lumantar badan UNESCO minangka dadi peradaban dunia kang adiluhung pirang taun kepungkur, wis pantes lan wajibè awakè dhèwè wong Jawa kang andarbéni kudu gumrégah supaya wayang kulit tetep lestari lan ngrembaka. Aja nganti wayang kondhang lan kawentar ing jaban rangkah, nanging ing omahè dhèwè malah nangis ditinggal lan dilalèkakè. Yén ora kléru, wayang bisa antuk kekancingan saka UNESCO, diakoni minangka karya agung tinggalan leluhur kang adiluhung, jalaran jroning wayang kuwi nuduhakè karya agung budaya leluhur kang adiluhung. Karya kang dibiji déning masyarakat lan para ahli ing manca ora mung wujud kebendaa-nè sing duwè nilai estetika karya seni rupa kang dhuwur, nanging uga ana aspek non-bendawi yaiku filsafat lan ajaraning urip kang kamot
  • 2. 2 sajroning budaya wayang. Ing tulisan iki penulis coba kepéngin ngudhar gagasan bab wayang kulit saka aspek bendawi. Yén wayang disawang saka aspek bendawi, pancen ora mokal disebut tinggalan leluhur minangka karya agung kang adiluhung. Jalaran apa, wayang mujudakè karya seni rupa kang pepak. Wiwit saka téknik pangolahing lulang kang nyatanè ora gampang pangrumatè. Pangolahing lulang mau wiwitan saka piye caranè menthéng, ngerok, nganti téknik liyanè kang diréka amrih piyè caranè supaya lulang bisa bening lan kenceng, isa ngasilakè wayang kang kualitasè apik tur kuat nampa owah-owahaning wanci lan mangsa. Sabanjurè seni kriya tatah kang manéka warna saka jinisè, kaya kang sinebut tatah bubukan, kawatan, inten-inten, seritan, lsp, kang komposisi lan penganggonè uga béda-béda miturut jinis paraga wayangè. Ing bab tatahan, ana kunci kang dadi wigati. Tatahan sing dimaksud ing kènè mligi banget, disebut dèning istilah bedhahan. Yaiku, tatahan pérangan rai antaranè mripat, untu, lambè, irung, athi-athi, lan janggut, kang bakal nemtokakè gambaran éksprési tokoh kang dicocokakè kalawan karakterè. Menawa nganti luput, ora trep, ora luwes, ora imbang bedhahanè, wayang ora bakal katon urip èksprèsinè. Sawisè tatahan lan bedhahan, kang ora kalah wigati yaiku bab seni pulasan werna utawa sunggingan kang pranyata uga manéka warna téknik lan gaya sarta motif pangolahing warna. Sunggingan iki kang miturut penulis bakal “ngancing” wujud utuhè wayang, dadi gesang lan pantesè wayang. Senadyan kaya ngapa lembut lan ngrawitè tatahan wayang, nanging yèn ta
  • 3. 3 sunggingan utawa pulasanè ora trep, bisa ndadékakè wayang ora katon gesang, malah kucem, lan ilang karakter paraga tokoh wayangè. Nanging kosokbalinè, manawa ana wayang kang tatahanè mung prasaja, agal, ora ngrawit, ning sungginganè trep bisa dadi lan pantesè wayang. Wayang kang minangka kasil produk seni rupa kriya tatah lan sungging isih disampurnakakè manéh nganggo garan kanggo ngéwangi ngobahakè wayang, kang sinebut gapit. Gapit kang bahan bakunè digawe saka sungu kebo iki, diolah lan diréka daya nganti mawujud barang kang èndah, kepénak kanggo ngobahake wayang, tur nambahi semu lan gesangè wayang yén disawang. Pancenè wayang mujudakè seni kriya sing perfect. Kabeh migunakakè téknik pangolah kang katonè tradisional nanging sejatinè nuduhakè budaya tinggalanè para leluhur ing tanah Jawa iku banget adiluhung, pinter, luwes, tur wasis, bisa mbabar kaèndahan kang gawè gumun lan sengseming bebrayan. Wayang kulit minangka budaya tinggalanè para leluhur pranyata bisa gawè sengsem lan gumun kang mriksani. Kalebu piyayi saka ing mancanagara. Wis kabuktén, mapirang-pirang karya seni tatah sungging kang awujud wayang kulit saka nuswantara, wiwit suwè akéh kang manggon dadi koléksinè piyayi ing manca. Malah kepara artefak wayang lawas utawa kuna kang kuwalitasè apik sarta ana sejarahè wis suwè anggonè dadi koléksi ana ing museum-museum negara manca. Wayang-wayang kuwi mau akéh kang asalè saka karyanè para Mpu wayang jaman kuna, malah kepara saka yasanè para Pangéran ing jaman jayanè karaton-karaton ing Jawa. Malah saiki, wis
  • 4. 4 akéh uga universitas lan pawiyatan luhur ing manca kang ndadèkakè wayang minangka objek penelitian sarta unit kegiatan perkuliahan. Mula akeh saka universitas ing manca kuwi mau banjur padha yasa mboyong wayang kang cacahè ora sithik saka pengrajin ing nuswantara. Nitik saka kahanan mangkana mau, ora wurung suwèning-suwè yèn nganti masyarakat padha lèna lan ora nggatékakè marang budayanè dhèwè, mbesuk bisa kalakon nuswantara kentékan wayang jalaran pindhah ing manca kabéh. Mula perlu ana pambudidaya kanggo nglestarékakè supaya wayang tetep ngrembaka. Ing antaranè kudu ngopèni para penatah wayang supaya isih tetep gelem setya padha gawè wayang kulit. Selawasè ana sing gawè, tegesè wayang bakal tetep ana. Nanging yén ora ana sing yasa wayang, penatah suwè-suwè bakal pindhah pakaryan ora gawè wayang manéh. Mula, salah sawijining cara kanggo nglestarékakè kuwi mau yaiku kudu diwujudakè lumantar yasa lan ngoléksi wayang kulit. Sukur konjuk Ngarsaning Gusti, antaranè pirang-pirang taun kawuri wis akéh piyayi kang saya sengkut anggonè nggatékakè budaya Jawa mliginè wayang kulit supaya tetep ngrembaka. Kaya ramè kapacak ing media sosial, akéh para seniman, mahasiswa, akademisi, birokrat, uga pemerintah daerah kang saiki ramè-ramè padha yasa kolèksi wayang kulit, mliginè manéh tumrap wayang gagrag Yogyakarta. Akéh wayang kulit kang wis manggon ana ing manca di-rékonstruksi manéh nganggo cara nyorèk gambar kang kapacak ing media sosial banjur digawè wayang.
  • 5. 5 Saka dhasar informasi ing dhuwur iku mau, lumantar tulisan iki penulis kepéngin ngudhar gagasan sarta crita pengalaman anggonè penulis ngoléksi wayang kulit mliginè wayang kulit gagrag Yogyakarta. Ora kétang klungsu- klungsu, mélu udhu. Sakdurungè crita pengalaman penulis yasa koléksi wayang kulit gagrag Yogyakarta, luwih dhisik ing kènè penulis bakal ngudhar gagasan pérangan jinising wayang, nganggo dhasar pengalaman penulis nonton lan niténi wayang kulit saka buku, saka majalah, saka pengrajin wayang, uga saka toko barang kerajinan. Nganggo dhasar pengalaman noton kuwi mau, miturut penulis jinis wayang kapérang dadi: wayang dolanan bocah (ana kang digawè saka kerdhus, karton, kertas semén), wayang souvenir utawa hiasan kang digawè saka lulang uga ana saka bahan liyanè kaya kertas lsp., banjur wayang pedhalangan, yaiku wayang sing digawè penatah kanggo kaperluan dhalang pentas. Kang pungkasan kuwi mau sing bakal penulis jlentrèhakè ing tulisan iki. Saka pengalaman penulis srawung penatah lan nyuwun pirsa para dhalang, wayang pedhalangan biasanè digawè saka lulang (kebo utawa sapi), sarta luwih nggatèkakè aspek-aspek kang mirunggan. Aspek-aspek kuwi mau ing antaranè: a. Pilihan lulang. Wayang sing apik digawè saka lulang sapi utawa kebo sing kenceng, bening, nggatèkakè kandel utawa tipise lulang gumantung digawè tokoh apa. Lulang kebo kuwalitasè luwih apik ketimbang lulang sapi. Yén diolah, kasile lulang bisa bening lan luwih kenceng, sarta
  • 6. 6 luwih kuwat, ora gampang nglunthung menawa ana owah-owahan mangsa lan wektu kaya adhem lan panas, sarta saka ketiga lan mangsa rendheng. b. Bedhahan. Nyawang bentuk lan imbang-imbanganè sarta trep-trepanè tatahan ing antaranè rai, mripat, irung, lambè, lan untu. Bedhahan iki mau kang ana sambung rapet gegayutanè klawan karakter tokoh wayang sing dilakonkè dhalang. Para dhalang biasanè bakal nyawang bedhahan rai nalika ndhalang supaya karakter tokoh mau nuksma klawan dhalang, diwujudkè lumantar solah, gunem lan antawacana. c. Kapangan, tegese blegerè awak (postur) wayang saka dhuwur sirah nganti sikil, dhuwur lan endhèkè bahu ngarep lan mburi. d. Jangkahan, tegesè nggatèkakè antaranè suku ngarep lan mburi, endhék lan dhuwurè. e. Tatahan. Tatahan alus apa agal durung isa dianggo ukuran wayang iku apik apa ora. Durung karuan wayang sing tatahanè lembut utawa ngrawit, bedhahan utawa kapanganè uga apik. Lan uga durung mesti yén tatahan agal iku wayang ora apik, jalaran ora sithik tatahan agal kang bedhahan rai lan kapanganè apik, gesang, lan nengsemakè. Variasi tatahan uga kalebu ing kènè, kaya ing antaranè variasi tatahan pérangan sumping, uncal, ulur-ulur, praba, badhong, lan makutha. f. Sabanjurè nyawang sunggingan. Akéh kang ngendikakakè wayang kang apik menawa sungginganè ora tumbuk sorot, isa pilah ing antaranè sunggingan sandhangan utawa pèrangan awak sing katon saka ngarep
  • 7. 7 utawa sing katon saka mburi pérangan awak, ulat-ulatan (alis, mripat, athi-athi, brengos, lambè), resik lan ora katon reget utawa kusem, nanging uga werna mateng ora gumebyar kepadhangen. g. Kang pungkasan, gapitan. Gapitan sing apik yaiku kira-kira, lamun luk- lukanè ora ngolét, rata, luk-lukan luwes saka bangkékan-dhadha- gulu,kuping, gelung utawa makutha, saya munggah gapit saya mucuk cilik, gapitan ora kelemesen nanging uga mecut, ora kaku lan nggebug. Sawisè bab aspek-aspek kang wis dijlèntrèhakè ing dhuwur, penulis bakal crita pengalaman yasa kolèksi wayang saka gawè putihan ing penatah, nyunggingakè, nganti ngelukakè gapit. Apa waè tips lan piyè caranè sarta kang kudu dicepakakè kanggo yasa wayang? Saka pengalaman penulis, kang kudu dicepakakè lan ditindakakè mangkènè: 1. Nyiapakè anggaran utawa prabéa. Anggaran utawa prabèa iki penting disiapakè dhisik, jalaran yasa wayang pancén butuh prabèa kang ora sithik ngélingi proses kang kudu diliwati saka lulang nganti dadi wayang kang isa disolahakè uga dawa. Wiwit saka penatah, penyungging, lan nggapiti. Bahan baku lulang kebo, upah natahakè wayang, upah nyunggingakè, lan nggapiti, mbutuhakè ragad kang ora sithik. Nyepakakè anggaran manut ongkos wayang sing arep digawè, utawa pilih gawè wayang manut anggaran kang diduwèni. 2. Milih tokoh kang arep digawè. Ing kenè kalebu milih babon wayang kang bakal digawè. Babon ing kenè isa uga saka nyorék gambar
  • 8. 8 dhewé, mutrani utawa ngeblad wayang sing wis ana kanggo babonè, utawa rekonstruksi saka gambar fotokopi kang ukuranè dipasakè kalawan ukuran wayang sing baku, banjur dicorék manéh dikepenakakè kapangan, rai, lan jangkahè. 3. Milih penatah kang bakal nggarapakè wayang. Ing kènè perkara budget utawa anggaran mau uga kalebu digatekakè. Nyuwuna pirsa dhisik kalawan kanca kang wis dhuwè pengalaman natahakè perkara hasil garapanè si penatah, sarta nyatakakè dhèwè. 4. Sawisè wayang rampung ditatah, sabanjurè milih penyungging sing bakal mulasakè wernanè wayang. Nontona dhisik utawa nyuwuna pirsa kang wis natè nyunggingakè kepiyè hasil garap sunggingè si penyungging kang dipilih. 5. Nyepakakè gapit lan pengeluk gapit. 6. Ngrumat wayang kang wis dadi sunggingan lan digapiti. Ing antaranè ditata ing éblék banjur ditata lan dilebokakè kothak. Iku mau ing antaranè tips saka pengalamanè penulis kanggo yasa lan ngoléksi wayang kulit. Pancén kanggo yasa lan koléksi wayang kulit iku mbutuhakè prabéa utawa ragad kang ora sithik. Nanging sejatinè larang iku mau jalaran larangè wayang saka kasil pangreka sarta anggitanè para leluhur, karya leluhur sing mbutuhakè lan dilairakè saka eninging cipta karsa para leluhur kang mujudakè manawa dhuwur lan luhur budayanè. Pinter ngélmu lan kawruhé nganggo pamikir lan pangrasa kang jero, luwes, lan wasis ngripta lan mbabar barang kang éndah sarta gesang. Gesang ing kènè jalaran jroning
  • 9. 9 bleger lan wujudè wayang ana karakter, mengku karep lan teges, yaiku sing disebut filsafat sarta ajaraning urip. Mula ora mokal wayang pantes antuk kapitayan lan diakoni dadi karya agung tinggalanè leluhur kang adiluhung. Saka katerangan lan gagasan penulis kang wis dijlèntrèhakè ing dhuwur iku mau, penulis kepéngin ajak-ajak para maos, ayo padha nglestarèkake lan ngrembakakè budaya mliginè wayang kulit. Kanthi cara yasa lan kolèksi wayang, mujudakè salah sawijining pambudidaya nguri-uri tinggalan para leluhur. Ujaring para wasis nimpuna, bangsa kang becik yaiku bangsa kang nggatèkakè, ngopéni, lan ngrembakakè budayanè. Sura sudira jayaning kanang rat, syuh brastha ulah tekaping darmastuti.