1. Mesakake
nandur gadung rambatke
nyang wit pace
sawo kecik dicampur
jambu mete
wong wis kadung
mengkene
njur kepriye
luwih becik diatur
dirampungke ..
*
ooe ... jo diece
ooe ... mesakake
ooe ... yo ben wae
pancen wis begjane
rowe rowe manggare
kembang jambe
kembang melati sakotak
disebarake
uwis suwe ngrasake
rekasane
yen saiki kepenak
wis wayahe
(kembali *)
ooe ... jo diece
ooe ... mesakake
ooe ... yo ben wae
ooe ... wis begjane