SlideShare a Scribd company logo
1
WALIKOTA YOGYAKARTA
SAMBUTAN PADA UPACARA PERINGATAN HUT KE-258 KOTA
YOGYAKARTA
Tanggal, 7 Oktober 2014
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Salam salam bagya mulya tumrap kita sedaya.
Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang minulya.
Puji syukur kita konjukaken dhumateng Allah SWT awit saking kuwaos-Ipun,
dinten menika, 7 (pitu) Oktober 2014 (kalih ewu sekawan welas) kita sesarengan
mengeti 258 (kalih atus seket wolu) warsa madegipun Kitha Ngayogyakarta.
Pengetan dinten madegipun Kitha Ngayogyakarta menika wigatos saha kedah
dipunenget-enget dening sedaya warga masyarakat amargi ngandhut biji sujarah
ngrembakanipun bangsa saha negari Indonesia. Dumugi ing titi wanci menika, Kitha
Ngayogyakarta tansah dados perangan ingkang wigatos saking sedaya upaya
pambangunan Indonesia.
Kitha Ngayogyakarta madeg minangka wujud istiqomah-ipun Pangeran
Mangkubumi kangge nampik kawicaksanan Walandi ingkang saestu damel
tuninipun rakyat. Dinten Kemis Paing tanggal 13 (tiga welas) Sura, Jimakir, warsa
Jawi 1682 (sewu enem atus wolung dasa kalih) utawi 7 (pitu) Oktober 1756 (sewu
pitung atus seket enem) nalika Pangeran Mangkubumi - ingkang ing tundhonipun
jejuluk Sri Sultan Hamengkubuwono I (kaping setunggal) -, tindak boyongan saking
pasanggrahan Ambarketawang tindak lumebet Kraton. Kadadosan menika ingkang
salajengipun dipundadosaken dhasar nemtokaken ambal warsanipun Kitha
Ngayogyakarta.
Salajengipun, pamilihan nama Ngayogyakarta ingkang asalipun saking
tembung ayodya ingkang tegesipun boten wonten paprangan ingkang ugi
kawastanan bedhamen. Bab menika dipun-gandhengaken kaliyan kasilipun
prajanjen Giyanti ingkang kasil ngirangi pradondi ing salebeting pamerangipun
kraton Mataram. Kejawi saking menika, tembung Ngayogyakarta manawi dipun-
jlentrehaken dumadosan saking tembung hayu, bagya saha karta. Tembung hayu
tegesipun endah, tembung bagya ateges mulya, tembung karta tegesipun mukti.
Sacara harfiah saged dipuntegesi Ngayogyakarta minangka panggenan ingkang
endah, mulya saha mukti.
2
Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang kula gadhang-gadhang.
Minangka wujud syukur saha caos pakurmatan kagem para leluhur, sedaya
warga masyarakat supados golong gilig nedahaken raos katresnanipun dhumateng
Kitha Ngayogyakarta mawi cara ekspresi karya ingkang maneka warni saengga
rerangken acara pengetan ambal warsa kaping 258 (kalih atus seket wolu) Kitha
Ngayogyakarta ingkang kanthi tema “Pesta Rakyat Jogja” dados grengseng saha
mumpangati. Pengetan ambal warsa menika kawiwitan saking Festival Seni ing 45
(sekawan dasa gangsal) kalurahan, masang lampion ing 13 (tigang welas)
panggenan strategis sa-Kitha Ngayogyakarta, Pawai Pedagang Pasar ing Gebyar
Pasar Tradisional Kitha Ngayogyakarta warsa 2014, Pameran Patung Jogja 258,
Grebeg Mall, Panggung Rakyat Jogja, saha minangka gongipun, dinten menika
tanggal 7 Oktober 2014 enjing, dipunwontenaken apel/upacara ing sedaya
SKPD/Unit Kerja miwah sekolah-sekolah sa-Kitha Ngayogyakarta sarta ing mangke
sonten badhe dipunwontenaken Pisowanan dhumateng Sri Sultan
Hamengkubuwono X (kaping sedasa) saha kalajengaken kanthi Pawai Budaya.
Pamarentah Kitha Ngayogyakarta minangka pangemban amanah
masyarakat, ugi tansah mbudi daya negesi saha ngginakaken istimewanipun
Ngayogyakarta kanthi makarya saestu nginggilaken kinerja ngladosi masyarakat.
Sadangunipun wekdal ing warsa 2013 (kalih ewu tiga welas - 2014 (kalih ewu
sekawan welas) menika, maneka warni partisara sampun kagayuh saha dados
cihna makarya ingkang golong gilig saiyeg saeka kapti, antawisipun Pamerentah
Kitha Ngayogyakarta kaliyan warga masyarakat. Partisara-partisara kasebat, ing
antawisipun inggih menika:
1) Ingkang angka setunggal, Partisara PARASAMYA PURNAKARYA NUGRAHA,
Partisara menika kaparingaken dhateng Kitha Ngayogyakarta ingkang dipunbiji
nggadhahi prestasi kinerja linangkung ing babagan lumampahing Pamarentah
Dhaerah.
2) Angka kalih, Partisara Indonesia Digital Society Award (IDSA) 2014, IDSA
menika papan partisara kangge kabupaten/kota saindenging Nuswantara ing
babagan pangginaan saha pambangunan teknologi, informasi saha komunikasi
ingkang ancas tujuanipun kangge nggambaraken, ngukur saha ngaosi kitha-
kitha dalah kabupaten ing Indonesia nggepok senggol kaliyan siyap siyaganipun
lumebet jaman digital.
3) Angka tiga, partisara OPINI WTP, partisara menika minangka asilipun sedaya
punggawa ingkang makarya kanthi saestu saha kanthi jejeg tansah nindakaken
proses akuntabilitas arta kanthi sae saengga Pamarentah Kitha Ngayogyakarta
saged nggayuh malih WTP ingkang kaping gangsal.
4) Angka sekawan, partisara INDONESIA GREEN AWARDS (IGA) 2014, partisara
menika kagayuh awit saking komitmen Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata
lingkungan, ing antawisipun kanthi program-program pandhapuking Jaripolah
3
(Jejaring Pengelola Sampah), Peningkatan Kapasitas dan Akses Informasi
Sumber Daya Lingkungan Hidup sarta pambudidayanipun RTH kanthi damel
Taman Kota, Mengembangkan Kampung Hijau Perkotaan, sarta Pasar Sehat
Tradisional.
5) Angka gangsal, partisara WAHANA TATA NUGRAHA, partisara ingkang dipun-
gayuh ing warsa menika minangka Wahana Tata Nugraha Kategori Lalu Lintas,
ingkang saderengipun, Kitha Ngayogyakarta pikantuk partisara ingkang sami ing
Kategori Angkutan. Partisara warsa menika minangka cihna estu-estunipun
Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata kebaking arus lalu lintas.
Partisara-partisara kasebat minangka cihna estu-estunipun Pamarentah
Kitha Ngayogyakarta anggenipun suka paladosan ingkang paling sae dhateng
masyarakat, makarya patembayatan ingkang nyatunggal greget, ing antawisipun
bilih sedaya SKPD, saha panyengkuyung sarta cancutipun ingkang aktif saking
sedaya elemen masyarakat. Pramila saking menika, minangka Pimpinan ngladosi
masyarakat Kitha Ngayogyakarta, Kula mahyakaken agenging panuwun ingkang
tanpa pepindhan, saha paring aos dhateng sedaya SKPD, sedaya ewoning
masyarakat ingkang sampun makarya sesarengan negesi saha ngginakaken
istimewanipun Ngayogyakarta kanthi nyengkuyung ing sadaya program
pambangunan.
Kula ngajak dhateng sedaya komponen masyarakat kangge nginggilaken
mandhireng pribadi, dhisiplin, peduli saha sesarengan nglantaraken Kitha
Ngayogyakarta dados kitha ingkang aman, nyaman, tentrem, berbudaya dalah
berkarater sarta kuwawi nyukani kamukten dhateng sedaya warga saha ing
akiripun, saged nyukani iguh pratikel kangge majengipun bangsa saha NKRI.
Menika minangka nilai hakiki makarya kathi estu-estu ingkang kedah kita gayuh
sesarengan.
Mugi-mugi Allah SWT paring kakiyatan dalah pitedah tumrap kita sedaya
supados kita tansah saged makarya tuwin mbangun Kitha Ngayogyakarta ingkang
kita tresnani sesarengan. Istimewa warganipun, sami kaliyan kithanipun ingkang
istimewa.
Dirgahayu Kitha Ngayogyakarta.
Salam Jogja Istimewa kagem Indonesia.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
WALIKOTA YOGYAKARTA
H. HARYADI SUYUTI.

More Related Content

Featured

Everything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPTEverything You Need To Know About ChatGPT
Everything You Need To Know About ChatGPT
Expeed Software
 
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage EngineeringsProduct Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Product Design Trends in 2024 | Teenage Engineerings
Pixeldarts
 
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental HealthHow Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
How Race, Age and Gender Shape Attitudes Towards Mental Health
ThinkNow
 
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdfAI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
AI Trends in Creative Operations 2024 by Artwork Flow.pdf
marketingartwork
 
Skeleton Culture Code
Skeleton Culture CodeSkeleton Culture Code
Skeleton Culture Code
Skeleton Technologies
 
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
PEPSICO Presentation to CAGNY Conference Feb 2024
Neil Kimberley
 
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
Content Methodology: A Best Practices Report (Webinar)
contently
 
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
How to Prepare For a Successful Job Search for 2024
Albert Qian
 
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie InsightsSocial Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Social Media Marketing Trends 2024 // The Global Indie Insights
Kurio // The Social Media Age(ncy)
 
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Trends In Paid Search: Navigating The Digital Landscape In 2024
Search Engine Journal
 
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
5 Public speaking tips from TED - Visualized summary
SpeakerHub
 
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
ChatGPT and the Future of Work - Clark Boyd
Clark Boyd
 
Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next Getting into the tech field. what next
Getting into the tech field. what next
Tessa Mero
 
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search IntentGoogle's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Google's Just Not That Into You: Understanding Core Updates & Search Intent
Lily Ray
 
How to have difficult conversations
How to have difficult conversations How to have difficult conversations
How to have difficult conversations
Rajiv Jayarajah, MAppComm, ACC
 
Introduction to Data Science
Introduction to Data ScienceIntroduction to Data Science
Introduction to Data Science
Christy Abraham Joy
 
Time Management & Productivity - Best Practices
Time Management & Productivity -  Best PracticesTime Management & Productivity -  Best Practices
Time Management & Productivity - Best Practices
Vit Horky
 
The six step guide to practical project management
The six step guide to practical project managementThe six step guide to practical project management
The six step guide to practical project management
MindGenius
 
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
RachelPearson36
 
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...
Unlocking the Power of ChatGPT and AI in Testing - A Real-World Look, present...
Applitools
 
Featured (20)

Upacara hut ke 258 (2014) kota versi jawa

  • 1. 1 WALIKOTA YOGYAKARTA SAMBUTAN PADA UPACARA PERINGATAN HUT KE-258 KOTA YOGYAKARTA Tanggal, 7 Oktober 2014 Assalamu’alaikum Wr.Wb Salam salam bagya mulya tumrap kita sedaya. Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang minulya. Puji syukur kita konjukaken dhumateng Allah SWT awit saking kuwaos-Ipun, dinten menika, 7 (pitu) Oktober 2014 (kalih ewu sekawan welas) kita sesarengan mengeti 258 (kalih atus seket wolu) warsa madegipun Kitha Ngayogyakarta. Pengetan dinten madegipun Kitha Ngayogyakarta menika wigatos saha kedah dipunenget-enget dening sedaya warga masyarakat amargi ngandhut biji sujarah ngrembakanipun bangsa saha negari Indonesia. Dumugi ing titi wanci menika, Kitha Ngayogyakarta tansah dados perangan ingkang wigatos saking sedaya upaya pambangunan Indonesia. Kitha Ngayogyakarta madeg minangka wujud istiqomah-ipun Pangeran Mangkubumi kangge nampik kawicaksanan Walandi ingkang saestu damel tuninipun rakyat. Dinten Kemis Paing tanggal 13 (tiga welas) Sura, Jimakir, warsa Jawi 1682 (sewu enem atus wolung dasa kalih) utawi 7 (pitu) Oktober 1756 (sewu pitung atus seket enem) nalika Pangeran Mangkubumi - ingkang ing tundhonipun jejuluk Sri Sultan Hamengkubuwono I (kaping setunggal) -, tindak boyongan saking pasanggrahan Ambarketawang tindak lumebet Kraton. Kadadosan menika ingkang salajengipun dipundadosaken dhasar nemtokaken ambal warsanipun Kitha Ngayogyakarta. Salajengipun, pamilihan nama Ngayogyakarta ingkang asalipun saking tembung ayodya ingkang tegesipun boten wonten paprangan ingkang ugi kawastanan bedhamen. Bab menika dipun-gandhengaken kaliyan kasilipun prajanjen Giyanti ingkang kasil ngirangi pradondi ing salebeting pamerangipun kraton Mataram. Kejawi saking menika, tembung Ngayogyakarta manawi dipun- jlentrehaken dumadosan saking tembung hayu, bagya saha karta. Tembung hayu tegesipun endah, tembung bagya ateges mulya, tembung karta tegesipun mukti. Sacara harfiah saged dipuntegesi Ngayogyakarta minangka panggenan ingkang endah, mulya saha mukti.
  • 2. 2 Warga masyarakat Kitha Ngayogyakarta ingkang kula gadhang-gadhang. Minangka wujud syukur saha caos pakurmatan kagem para leluhur, sedaya warga masyarakat supados golong gilig nedahaken raos katresnanipun dhumateng Kitha Ngayogyakarta mawi cara ekspresi karya ingkang maneka warni saengga rerangken acara pengetan ambal warsa kaping 258 (kalih atus seket wolu) Kitha Ngayogyakarta ingkang kanthi tema “Pesta Rakyat Jogja” dados grengseng saha mumpangati. Pengetan ambal warsa menika kawiwitan saking Festival Seni ing 45 (sekawan dasa gangsal) kalurahan, masang lampion ing 13 (tigang welas) panggenan strategis sa-Kitha Ngayogyakarta, Pawai Pedagang Pasar ing Gebyar Pasar Tradisional Kitha Ngayogyakarta warsa 2014, Pameran Patung Jogja 258, Grebeg Mall, Panggung Rakyat Jogja, saha minangka gongipun, dinten menika tanggal 7 Oktober 2014 enjing, dipunwontenaken apel/upacara ing sedaya SKPD/Unit Kerja miwah sekolah-sekolah sa-Kitha Ngayogyakarta sarta ing mangke sonten badhe dipunwontenaken Pisowanan dhumateng Sri Sultan Hamengkubuwono X (kaping sedasa) saha kalajengaken kanthi Pawai Budaya. Pamarentah Kitha Ngayogyakarta minangka pangemban amanah masyarakat, ugi tansah mbudi daya negesi saha ngginakaken istimewanipun Ngayogyakarta kanthi makarya saestu nginggilaken kinerja ngladosi masyarakat. Sadangunipun wekdal ing warsa 2013 (kalih ewu tiga welas - 2014 (kalih ewu sekawan welas) menika, maneka warni partisara sampun kagayuh saha dados cihna makarya ingkang golong gilig saiyeg saeka kapti, antawisipun Pamerentah Kitha Ngayogyakarta kaliyan warga masyarakat. Partisara-partisara kasebat, ing antawisipun inggih menika: 1) Ingkang angka setunggal, Partisara PARASAMYA PURNAKARYA NUGRAHA, Partisara menika kaparingaken dhateng Kitha Ngayogyakarta ingkang dipunbiji nggadhahi prestasi kinerja linangkung ing babagan lumampahing Pamarentah Dhaerah. 2) Angka kalih, Partisara Indonesia Digital Society Award (IDSA) 2014, IDSA menika papan partisara kangge kabupaten/kota saindenging Nuswantara ing babagan pangginaan saha pambangunan teknologi, informasi saha komunikasi ingkang ancas tujuanipun kangge nggambaraken, ngukur saha ngaosi kitha- kitha dalah kabupaten ing Indonesia nggepok senggol kaliyan siyap siyaganipun lumebet jaman digital. 3) Angka tiga, partisara OPINI WTP, partisara menika minangka asilipun sedaya punggawa ingkang makarya kanthi saestu saha kanthi jejeg tansah nindakaken proses akuntabilitas arta kanthi sae saengga Pamarentah Kitha Ngayogyakarta saged nggayuh malih WTP ingkang kaping gangsal. 4) Angka sekawan, partisara INDONESIA GREEN AWARDS (IGA) 2014, partisara menika kagayuh awit saking komitmen Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata lingkungan, ing antawisipun kanthi program-program pandhapuking Jaripolah
  • 3. 3 (Jejaring Pengelola Sampah), Peningkatan Kapasitas dan Akses Informasi Sumber Daya Lingkungan Hidup sarta pambudidayanipun RTH kanthi damel Taman Kota, Mengembangkan Kampung Hijau Perkotaan, sarta Pasar Sehat Tradisional. 5) Angka gangsal, partisara WAHANA TATA NUGRAHA, partisara ingkang dipun- gayuh ing warsa menika minangka Wahana Tata Nugraha Kategori Lalu Lintas, ingkang saderengipun, Kitha Ngayogyakarta pikantuk partisara ingkang sami ing Kategori Angkutan. Partisara warsa menika minangka cihna estu-estunipun Kitha Ngayogyakarta anggenipun nata kebaking arus lalu lintas. Partisara-partisara kasebat minangka cihna estu-estunipun Pamarentah Kitha Ngayogyakarta anggenipun suka paladosan ingkang paling sae dhateng masyarakat, makarya patembayatan ingkang nyatunggal greget, ing antawisipun bilih sedaya SKPD, saha panyengkuyung sarta cancutipun ingkang aktif saking sedaya elemen masyarakat. Pramila saking menika, minangka Pimpinan ngladosi masyarakat Kitha Ngayogyakarta, Kula mahyakaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, saha paring aos dhateng sedaya SKPD, sedaya ewoning masyarakat ingkang sampun makarya sesarengan negesi saha ngginakaken istimewanipun Ngayogyakarta kanthi nyengkuyung ing sadaya program pambangunan. Kula ngajak dhateng sedaya komponen masyarakat kangge nginggilaken mandhireng pribadi, dhisiplin, peduli saha sesarengan nglantaraken Kitha Ngayogyakarta dados kitha ingkang aman, nyaman, tentrem, berbudaya dalah berkarater sarta kuwawi nyukani kamukten dhateng sedaya warga saha ing akiripun, saged nyukani iguh pratikel kangge majengipun bangsa saha NKRI. Menika minangka nilai hakiki makarya kathi estu-estu ingkang kedah kita gayuh sesarengan. Mugi-mugi Allah SWT paring kakiyatan dalah pitedah tumrap kita sedaya supados kita tansah saged makarya tuwin mbangun Kitha Ngayogyakarta ingkang kita tresnani sesarengan. Istimewa warganipun, sami kaliyan kithanipun ingkang istimewa. Dirgahayu Kitha Ngayogyakarta. Salam Jogja Istimewa kagem Indonesia. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. WALIKOTA YOGYAKARTA H. HARYADI SUYUTI.