Raiza Ardillah Suhartono
XI MIPA 4
25
File ini berisikan tentang filosofi setiap tembang macapat, tujuan dari tembang macapat, unsur - unsur tembang macapat ( guru gatra, guru wilangan, guru lagu, dan tabel unsur tembang macapat), dan kebahasaan tembang macapat ( tembung kawi, tembung garba, tembung dasanama, sandi asma, sandi karsa)
TERIMA KASIH😍
3. #3
Tembung sinom tegesipun pucuking gegodhongan
ingkang nembe semi lan mekar. Tembang Sinom
menika nggambaraken lampahing gesang
manungsa ingkang nembe ngancik diwasa.
Minangka jejering wiranem ingkang nembe mekar
saget pun wastani remaja. Nalika nglampahi
jejering wiranem nggadhahi tanggel jawab ngudi
ngelmu ingkang sa inggilipun supados kagem
sangu gesang ing madyaning bebrayan.
Maskumambang menika nyariosaken
rikala manungsa cinipta dening Kang
Murbeng gesang rikala mapan ing guwa
garba saderengipun kaparingan ruh,
dereng saget pun mangertosi jalu
menapa pawestri.
Tembang Mijil mratelakaken bilih satunggaling
wiji utawi winih sampun lahir ing ngalam donya.
Mijil pinangka pralambang wiwitaning
manungsa ngambah ing alam donya ingkang
taksih suci, taksih ringkih pramila taksih
mbetahaken pangrengkuh lan kedah dipun jagi.
MACAPAT
FILOSOFI
#1
#2
MASKUMAMBANG
MIJIL
SINOM
4. #8
Tembung Asmarandana menika kapendhet
saking tembung” asmara “ ateges katresnan.
Filosofi tembang Asmarandana menika
pinangka pralambang lampahing gesang
manungsa ngancik ing alam katresnan
antawisipun jalu kaliyan pawestri.
Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen
wis rumangsa kacukupan uripé, banjur
tuwuh rasa welas asih marang kadang
mitra liyané kang lagi nandhang
kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa
kepéngin darma / wèwèh marang
sapadha – padha. Kabèh mau
disengkuyung uga saka piwulangé agama
lan watak sosialé manungsa.
Tembang Kinanthi menika nggambaraken
lampahing gesang tumrap lare ingkang nembe
mbetahaken panggandheng lan panuntun
supados saget jumangkah, tumindak supados
ing tembenipun mboten nalisir.
Tembung gambuh menika tegesipun:
gathuk, nyambung utawi cocog.Tembang
Gambuh menika nggambaraken
lumampahing gesang manungsa ingkang
sampun pinanggih kaliyan jodhonipun
ingkang sampun cocog ing manah.
#4
#5 #6
KINANTHI
ASMARANDANA GAMBUH
Nggambaraké uripé wong kang lagi
seneng- senengé, apa kang digayuh bisa
kasembadan. Kelakon duwé sisihan /
kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo
sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi
bungah / bombong atine, bisa diarani lagu
ndandanggula.
#7
DHANDHANGGULA
DURMA
FILOSOFI
MACAPAT
5. Pocung kapendhet saking tembung
pocong. Nggambaraken pungkasing
lampahan gesang kita utawi seda
sasampunipun dipun suceni lajeng
kabungkus mori pethak utawi dipun
pocong saderengipun kapetak ing
sasana laya
Tembang Pangkur menika nggambaraken
tiyang gesang ingkang sampun
mengkeraken kadonyan (duniawi),
nilaraken nafsu angkara murka, nyimpangi
saking tumindak awon
tembang megtruh menika nggmbaraken
bilih sejarah gesangipun ing alam donya
sampun rampung. Roh ipun sampun pegat
kaliyan badan wadhag (jasmani) lan roh
badhe wangsul ing ngayunan Gusti.
MACAPAT
FILOSOFI
#9
#11
#10
PANGKUR
MEGATRUH
POCUNG
6. ANCASE
TEMBANG MACAPAT
NGEMOT UNSUR - UNSUR ILMU AGAMA LAN TATA KRAMA,
DITRAPAKE MINANGKA SARANA MULANGAKE NORMA-NORMA URIP
ISLAM, LAN DUDU KANGGO IBADAH.
TUNTUNAN KANGGO MANUNGSA KANGGO NEMOKAKE AWAKE
DHEWE KANTHI NGATUR PATANG PEOENGINAN KADOYAN SING
NDAMPIMG SABEN INDIVIDU.
DIPUNGINAKAKEN WONTEN ING PAGESANGAN SOSIAL,
ANTAWISIPUN MINANGKA HIBURAN, ESTETIKA, PENDHIDHIKAN,
PAGELARAN TRADHISIONAL, SARANA KORESPONDENSI, TEMBANG
MACAPAT KANGGE REKAN KERJA, MANTRA KANGGO NGUSIR BALA,
UPACARA KUMPUL.
7. PAUGERAN
TEMBANG MACAPAT
Paugeran tembang macapat yen mung sapada
mau wujude guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu.
Guru gatra yaiku akehe gatra (baris) saben sapada
(bait) tembang.
Guru wilangan yaiku akehe wanda (suku kata) ing
saben gatra (baris) tembang.
GURU GATRA
GURU WILANGAN
GURU LAGU
Guru lagu yaiku dhong - dhinge/ tibane
swara ing saben pungkasane gatra.
8. UNSUR KEBASAAN
TEMBANG MACAPAT
TEMBUNG KAWI
Tembung - tembung sing asale
saka Basa Jawa Tengahan / Jawa
Kuna.
Tembung iki b piasane digunakake
kanggo omongan sabendina, mula
saiki wis arang keprungu.
Sudra : mlarat.
Arnawa: segara, lautan.
Mandhala: bumi, tlatah
1.
2.
3.
TULADHA
DASANAMA
Asale saka tembung 'dasan' ategese
sepuluh, 'nama' ategese jeneng
utawa aran.
Dasanama : jenenge wong utawa
aran siji nduweni jeneng utawa aran
nganti sepuluh (utawa luwih) kamg
padha utawa meh padha tegese
TULADHA
Aku : amba, durta, juti, dusta,
kunjana, durniti, durlakasana.
Banyu : we, tirta, wari, har, sindu,
wayi, tuban, arjuna.
Gawe : makirtya, ambangun, karya,
kardi, karti, yasa.
1.
2.
3.
TEMBUNG GARBA
Tembung kang kedadeyan saka gandhenge
tembung loro utawa luwih.
TULADHA
Narapati : nara dan dipati
Sinom : isih dan enom
Sugyarta : sugih dan arta
1.
2.
3.
https://www.intanpari.com/
2020/05/contoh-tembung-
garba.html?m=1
https://www.iweblogsite.com/20
22/06/500-contoh-tembung-
dasanama-terbaru.html?m=1
https://www.intanpari.com/
2020/05/tembung-basa-
kawi.html?m=1
9. Jenenge pengarang, pangripta,
utawa pujangga kang diwedharake
kang satemene kang dipilih - pilih
adhapur wanda - wanda utawa
aksara - aksara.
Ukara kang diwedharake kang
satemene kang dipilih - pilih
adhapur huruf. Sandi iki digawe
medharake cipta, gagasan, utawa
kekarepan.
UNSUR KEBASAAN
TEMBANG MACAPAT
SANDI ASMA TULADHA
SANDI KARSA
TULADHA
Dimen lebdeng kawruh
ing pakaryan mrih trengginas
Nalar mulur rinengga ambeg
berbudi
Anjrah mring para siswa
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi Nuwsantara