SlideShare a Scribd company logo
LEGENDA BANJARNEGARA
Carita iki kawiwitan nalika perang Diponegoro, yaiku perange Indonesia mungsuh
Walanda. Nalika semana Indonesia isih awujud kerajaan-kerajaan kayata kerajaan
Tarumanegara, Samudera Pasai, Mataram lan sak panunggalane.
Nalika perang Diponegoro kababar akeh para prajurit, tumenggung, kawula lan liya-
liyane kang budhal perang. Semono uga R.Tumenggung Dipoyudi IV, salah siwijining
Tumenggung ing Mataram uga budhal ing paprangan. Senadyan abot, nanging
dheweke kudu bisa ninggalake kaluargane kang dtresnani banget, iki sadermo kanggo
kapentingan Negara.
Sadurunge paprangan kawiwitan Raja, Tumenggung, lan para panasehat Raja
nganakake Pasewakan Agung saperlu kanggo ngrembug babagan perang. Ana
Pasewakan Agung Raja ngutus R.Tumenggung Dipoyudo IV supaya mimpin
paprangan, banjur menehi keris kang sekti mandraguna.
Ana kana Raja uga dhawuh marang R.Tumenggung Dipoyudo IV, “Aja pisan-pisan
sliramu lan wadyabalamu (prajuritmu) ngadohi benteng pertahane dhewe amarga bisa
cilaka dadine.” Mangkana dhawuhe Raja. Pasewakan Agung ditutup. Kabeh padha
ngerti tugase dhewe-dhewe. Ora ganti suwe R. Tumenggung lan wadyabalane wis
kumpul dadi siji ing alun-alun saperlu nyiapake paprangan. Ana pasukan kang nggawa
parang, pedhang, panah lan gaman liyane kabeh dadi siji nyawiji ing paprangan, aba-
aba muni, paprangan kawiwitan sorak-sorak para prajurit , suwara pedang, panah, lan
bedhil dadi siji thar…..thor……thar….thor. Akeh prajurit Mataram kang mati muspra
amarga nglanggar dhawuhe Sang Raja yaiku ngliwati benteng pertahanan. Paprangan
sansaya rame, para prajurit akeh kang tumiba amarga kena gamane Walanda.
Samparane R. Tumenggung Dipoyudo IV uga kena gamane Walanda. Ora nganti suwe
ana mburine R.Tumenggung Dipoyudo IV ana salah siwijining prajurit saka Walanda
kang ngamang-ngamang pedang nanging tujune R. Tumenggung Dipoyudo IV bisa
nylametake awake yaiku mlumpat saka jaran kang ditunggangi. Ngengingi kahanan
kaya mangkono R.Tumenggung langsung mburu prajurit kuwi banjur dipateni. Wusana
paprangan rampung walanda bisa dikalahake, Mataram oleh kamenangan. Sawise
paprangan rampung R. Tumenggung sakwadyabala uga para petinggi-petinggi
Walanda sing dicekel banjur digawa bali menyang kerajaan mataram.
R. Tumenggung banjur sowan dhateng kanjeng Gusti Mataram, matur menawa
Walanda bisa dikalahake. Ora liya kejaba bungah ngengengi kahanan mangkono.
Kanggo balas jasa marang R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke diangkat dadi Bupati
Banjarnegara adhedhasar Resolutie Governoer General Buitenzorg tanggal 22 agustus
1831 nomor I supaya ngisi jabatan Bupati Banjar kang wis dibusak utawa diapus
setatuse kanthi panggonan ing Banjarmangu, banjur dikenal kanthi sebutan
Banjarwatulembu. Sawise diangkat dadi Bupati R.Tumenggung kondur ing daleme,
ibune kaget banget ngengingi kahanan mangkono. Banjur para Walanda kang dicekel
dikunjara dadi tahanane Mataram.
Dadi Bupati ora gampang tumrape R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke bingung,
dheweke kudu bisa nata, ngatur dhaerahe dadi dhaerah kang subur lan makmur. Akeh
banget alangane salah sijining yaiku mbludage Kali Serayu kang dadi kendhala angele
rerembugan iki dirasakake dadi beban kanggo bupati nalika kudu ngrawuhi Pasewakan
Agung ing kasunan Surakarta. Kanggo ngatasi perkara kuwi R. Tumenggung Dipoyudo
IV nggawe kaputusan yaiku mindhahake ibukota kabupaten ing sisih kidule Kali Serayu.
R.Tumenggung banjur nggoleki dhaerah kang apik kanthi mangembara. Ing tengahing
pangumbarane dheweke dicegat bagal nanging dhasare wong pinter geluta karo sapa
wae mesthi menange. Ora mung semono ing tengah alas R. Tumenggung uga ketemu
wong wadon ayu banget ngrayu supaya ora usah nggoleki dhaerah maneh, luwih becik
urip ing tengahing alas kene karo dheweke, sing sejatine iku iblis. R. Tumenggung
mung mesem ngguyu. Banjur teka mbah-mbah kang nuduhake yen sisih alas kana ana
dhaerah kang apik nanging kanyata dhaerah mau among jurang.
Ing kana R. Tumenggung banjur nyekel ula gedhe, ula iku ngomong, “Aku aja dipateni,
Den.” Dheweke banjur ngeculake ula mau.
Pungkasan R. Tumenggung nemokake dhaerah anyar, kaanane dhaerah sing anyar iku
wujude sawah-sawah kang amba kanthi pereng-pereng kang medeni. Panggonan sing
isih sawahe (Banjar) iku digawe ibukota kabupaten (Negara) sing anyar sahengga
dhaerah iki kasebut dadi Banjarnegara (Banjar: Sawah, Negara: Kota).

More Related Content

Similar to Legenda banjarnegara

Sejarah hidup pahlawan
Sejarah hidup pahlawan Sejarah hidup pahlawan
Sejarah hidup pahlawan
shasyakhalisha
 
perlawanan-diponegoro.pptx
perlawanan-diponegoro.pptxperlawanan-diponegoro.pptx
perlawanan-diponegoro.pptx
salsadwi161
 
Hikayat langlang buana
Hikayat langlang buanaHikayat langlang buana
Hikayat langlang buana
srdz31
 
Perlawanan Diponegoro
Perlawanan DiponegoroPerlawanan Diponegoro
Perlawanan Diponegoro
Ester Elisabeth
 
Perlawanan cut nyak dien dan teuku umar terhadap belanda ]
Perlawanan cut nyak dien dan teuku umar terhadap belanda ]Perlawanan cut nyak dien dan teuku umar terhadap belanda ]
Perlawanan cut nyak dien dan teuku umar terhadap belanda ]
Septian Muna Barakati
 
Perjuangan bangsa indonesia melawan penjajah
Perjuangan bangsa indonesia melawan penjajahPerjuangan bangsa indonesia melawan penjajah
Perjuangan bangsa indonesia melawan penjajahShafiraaaaa
 
Makalah perang diponogoro l
Makalah perang diponogoro lMakalah perang diponogoro l
Makalah perang diponogoro lYadhi Muqsith
 
Similar to Legenda banjarnegara (7)

Sejarah hidup pahlawan
Sejarah hidup pahlawan Sejarah hidup pahlawan
Sejarah hidup pahlawan
 
perlawanan-diponegoro.pptx
perlawanan-diponegoro.pptxperlawanan-diponegoro.pptx
perlawanan-diponegoro.pptx
 
Hikayat langlang buana
Hikayat langlang buanaHikayat langlang buana
Hikayat langlang buana
 
Perlawanan Diponegoro
Perlawanan DiponegoroPerlawanan Diponegoro
Perlawanan Diponegoro
 
Perlawanan cut nyak dien dan teuku umar terhadap belanda ]
Perlawanan cut nyak dien dan teuku umar terhadap belanda ]Perlawanan cut nyak dien dan teuku umar terhadap belanda ]
Perlawanan cut nyak dien dan teuku umar terhadap belanda ]
 
Perjuangan bangsa indonesia melawan penjajah
Perjuangan bangsa indonesia melawan penjajahPerjuangan bangsa indonesia melawan penjajah
Perjuangan bangsa indonesia melawan penjajah
 
Makalah perang diponogoro l
Makalah perang diponogoro lMakalah perang diponogoro l
Makalah perang diponogoro l
 
More from M Anwar Solichin

1. rm 3304
1. rm 33041. rm 3304
1. rm 3304
M Anwar Solichin
 
02.brs februari 2011
02.brs  februari  201102.brs  februari  2011
02.brs februari 2011
M Anwar Solichin
 
01.brs januari 1 2011
01.brs  januari 1 201101.brs  januari 1 2011
01.brs januari 1 2011
M Anwar Solichin
 
Soal post test
Soal post testSoal post test
Soal post test
M Anwar Solichin
 
Statistik keuangan desa k3
Statistik keuangan desa k3Statistik keuangan desa k3
Statistik keuangan desa k3
M Anwar Solichin
 
Pp inflasi
Pp inflasiPp inflasi
Pp inflasi
M Anwar Solichin
 
Konvergensi, Pertumbuhan Ekonomi dan Ketimpangan
Konvergensi, Pertumbuhan Ekonomi dan KetimpanganKonvergensi, Pertumbuhan Ekonomi dan Ketimpangan
Konvergensi, Pertumbuhan Ekonomi dan Ketimpangan
M Anwar Solichin
 
More from M Anwar Solichin (7)

1. rm 3304
1. rm 33041. rm 3304
1. rm 3304
 
02.brs februari 2011
02.brs  februari  201102.brs  februari  2011
02.brs februari 2011
 
01.brs januari 1 2011
01.brs  januari 1 201101.brs  januari 1 2011
01.brs januari 1 2011
 
Soal post test
Soal post testSoal post test
Soal post test
 
Statistik keuangan desa k3
Statistik keuangan desa k3Statistik keuangan desa k3
Statistik keuangan desa k3
 
Pp inflasi
Pp inflasiPp inflasi
Pp inflasi
 
Konvergensi, Pertumbuhan Ekonomi dan Ketimpangan
Konvergensi, Pertumbuhan Ekonomi dan KetimpanganKonvergensi, Pertumbuhan Ekonomi dan Ketimpangan
Konvergensi, Pertumbuhan Ekonomi dan Ketimpangan
 
Recently uploaded

Pendanaan Kegiatan Pemilihan dari Dana Hibah (1).pptx
Pendanaan Kegiatan Pemilihan dari Dana Hibah (1).pptxPendanaan Kegiatan Pemilihan dari Dana Hibah (1).pptx
Pendanaan Kegiatan Pemilihan dari Dana Hibah (1).pptx
AmandaJesica
 
PPT SOSIALISASI DBHCHT Gempur Rokok Ilegal.pdf
PPT SOSIALISASI DBHCHT Gempur Rokok Ilegal.pdfPPT SOSIALISASI DBHCHT Gempur Rokok Ilegal.pdf
PPT SOSIALISASI DBHCHT Gempur Rokok Ilegal.pdf
adminguntur
 
CERITA REMEH TEMEH DESA ANKOR JAWA TENGAH.pdf
CERITA REMEH TEMEH DESA ANKOR JAWA TENGAH.pdfCERITA REMEH TEMEH DESA ANKOR JAWA TENGAH.pdf
CERITA REMEH TEMEH DESA ANKOR JAWA TENGAH.pdf
Zainul Ulum
 
Bahan Paparan SPI Gratifikasi Riau Tahun 2024
Bahan Paparan SPI Gratifikasi Riau Tahun 2024Bahan Paparan SPI Gratifikasi Riau Tahun 2024
Bahan Paparan SPI Gratifikasi Riau Tahun 2024
heri purwanto
 
Materi Edukasi Penyelamatan Mata Air.pdf
Materi Edukasi Penyelamatan Mata Air.pdfMateri Edukasi Penyelamatan Mata Air.pdf
Materi Edukasi Penyelamatan Mata Air.pdf
pelestarikawasanwili
 
Rapat koordinasi penguatan kolaborasi_7 Juni 2024sent.pptx
Rapat koordinasi penguatan kolaborasi_7 Juni 2024sent.pptxRapat koordinasi penguatan kolaborasi_7 Juni 2024sent.pptx
Rapat koordinasi penguatan kolaborasi_7 Juni 2024sent.pptx
ApriyandiIyan1
 
MATERI FASILITASI PEMBINAAN DAN PENGUATAN KELEMBAGAAN PADA PEMILIHAN UMUM.pptx
MATERI FASILITASI PEMBINAAN DAN PENGUATAN KELEMBAGAAN PADA PEMILIHAN UMUM.pptxMATERI FASILITASI PEMBINAAN DAN PENGUATAN KELEMBAGAAN PADA PEMILIHAN UMUM.pptx
MATERI FASILITASI PEMBINAAN DAN PENGUATAN KELEMBAGAAN PADA PEMILIHAN UMUM.pptx
DidiKomarudin1
 
Rencana Moderasi Lokakarya dua prgram guru penggerakk
Rencana Moderasi Lokakarya dua prgram guru penggerakkRencana Moderasi Lokakarya dua prgram guru penggerakk
Rencana Moderasi Lokakarya dua prgram guru penggerakk
DwiSuprianto2
 
Regulasi Wakaf di Indonesia Tahun 021.pdf
Regulasi Wakaf di Indonesia Tahun 021.pdfRegulasi Wakaf di Indonesia Tahun 021.pdf
Regulasi Wakaf di Indonesia Tahun 021.pdf
MuhaiminMuha
 
Mitigasi Penyelamatan Mata Air Nganjuk.pdf
Mitigasi Penyelamatan Mata Air Nganjuk.pdfMitigasi Penyelamatan Mata Air Nganjuk.pdf
Mitigasi Penyelamatan Mata Air Nganjuk.pdf
pelestarikawasanwili
 
Recently uploaded (10)

Legenda banjarnegara

  • 1. LEGENDA BANJARNEGARA Carita iki kawiwitan nalika perang Diponegoro, yaiku perange Indonesia mungsuh Walanda. Nalika semana Indonesia isih awujud kerajaan-kerajaan kayata kerajaan Tarumanegara, Samudera Pasai, Mataram lan sak panunggalane. Nalika perang Diponegoro kababar akeh para prajurit, tumenggung, kawula lan liya- liyane kang budhal perang. Semono uga R.Tumenggung Dipoyudi IV, salah siwijining Tumenggung ing Mataram uga budhal ing paprangan. Senadyan abot, nanging dheweke kudu bisa ninggalake kaluargane kang dtresnani banget, iki sadermo kanggo kapentingan Negara. Sadurunge paprangan kawiwitan Raja, Tumenggung, lan para panasehat Raja nganakake Pasewakan Agung saperlu kanggo ngrembug babagan perang. Ana Pasewakan Agung Raja ngutus R.Tumenggung Dipoyudo IV supaya mimpin paprangan, banjur menehi keris kang sekti mandraguna. Ana kana Raja uga dhawuh marang R.Tumenggung Dipoyudo IV, “Aja pisan-pisan sliramu lan wadyabalamu (prajuritmu) ngadohi benteng pertahane dhewe amarga bisa cilaka dadine.” Mangkana dhawuhe Raja. Pasewakan Agung ditutup. Kabeh padha ngerti tugase dhewe-dhewe. Ora ganti suwe R. Tumenggung lan wadyabalane wis kumpul dadi siji ing alun-alun saperlu nyiapake paprangan. Ana pasukan kang nggawa parang, pedhang, panah lan gaman liyane kabeh dadi siji nyawiji ing paprangan, aba- aba muni, paprangan kawiwitan sorak-sorak para prajurit , suwara pedang, panah, lan bedhil dadi siji thar…..thor……thar….thor. Akeh prajurit Mataram kang mati muspra amarga nglanggar dhawuhe Sang Raja yaiku ngliwati benteng pertahanan. Paprangan sansaya rame, para prajurit akeh kang tumiba amarga kena gamane Walanda. Samparane R. Tumenggung Dipoyudo IV uga kena gamane Walanda. Ora nganti suwe ana mburine R.Tumenggung Dipoyudo IV ana salah siwijining prajurit saka Walanda kang ngamang-ngamang pedang nanging tujune R. Tumenggung Dipoyudo IV bisa nylametake awake yaiku mlumpat saka jaran kang ditunggangi. Ngengingi kahanan kaya mangkono R.Tumenggung langsung mburu prajurit kuwi banjur dipateni. Wusana paprangan rampung walanda bisa dikalahake, Mataram oleh kamenangan. Sawise paprangan rampung R. Tumenggung sakwadyabala uga para petinggi-petinggi Walanda sing dicekel banjur digawa bali menyang kerajaan mataram. R. Tumenggung banjur sowan dhateng kanjeng Gusti Mataram, matur menawa
  • 2. Walanda bisa dikalahake. Ora liya kejaba bungah ngengengi kahanan mangkono. Kanggo balas jasa marang R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke diangkat dadi Bupati Banjarnegara adhedhasar Resolutie Governoer General Buitenzorg tanggal 22 agustus 1831 nomor I supaya ngisi jabatan Bupati Banjar kang wis dibusak utawa diapus setatuse kanthi panggonan ing Banjarmangu, banjur dikenal kanthi sebutan Banjarwatulembu. Sawise diangkat dadi Bupati R.Tumenggung kondur ing daleme, ibune kaget banget ngengingi kahanan mangkono. Banjur para Walanda kang dicekel dikunjara dadi tahanane Mataram. Dadi Bupati ora gampang tumrape R. Tumenggung Dipoyudo IV, dheweke bingung, dheweke kudu bisa nata, ngatur dhaerahe dadi dhaerah kang subur lan makmur. Akeh banget alangane salah sijining yaiku mbludage Kali Serayu kang dadi kendhala angele rerembugan iki dirasakake dadi beban kanggo bupati nalika kudu ngrawuhi Pasewakan Agung ing kasunan Surakarta. Kanggo ngatasi perkara kuwi R. Tumenggung Dipoyudo IV nggawe kaputusan yaiku mindhahake ibukota kabupaten ing sisih kidule Kali Serayu. R.Tumenggung banjur nggoleki dhaerah kang apik kanthi mangembara. Ing tengahing pangumbarane dheweke dicegat bagal nanging dhasare wong pinter geluta karo sapa wae mesthi menange. Ora mung semono ing tengah alas R. Tumenggung uga ketemu wong wadon ayu banget ngrayu supaya ora usah nggoleki dhaerah maneh, luwih becik urip ing tengahing alas kene karo dheweke, sing sejatine iku iblis. R. Tumenggung mung mesem ngguyu. Banjur teka mbah-mbah kang nuduhake yen sisih alas kana ana dhaerah kang apik nanging kanyata dhaerah mau among jurang. Ing kana R. Tumenggung banjur nyekel ula gedhe, ula iku ngomong, “Aku aja dipateni, Den.” Dheweke banjur ngeculake ula mau. Pungkasan R. Tumenggung nemokake dhaerah anyar, kaanane dhaerah sing anyar iku wujude sawah-sawah kang amba kanthi pereng-pereng kang medeni. Panggonan sing isih sawahe (Banjar) iku digawe ibukota kabupaten (Negara) sing anyar sahengga dhaerah iki kasebut dadi Banjarnegara (Banjar: Sawah, Negara: Kota).