1. Tika dan teman-temannya sedang berlatih untuk pentas seni di kota Magelang untuk merayakan festival bunga.
2. Fifi awalnya enggan ikut berlatih karena malas, tetapi akhirnya setuju untuk diajari Tika memainkan alat musik recorder.
3. Mereka terus berlatih hingga hari tes musik tiba.
1. Drama
Kuncine Mung Latihan
Sekolahe Tika nganake pementasan kangge ngerayakake kota Magelang sing oleh gelar
Sejuta Bunga. Pementasan mau bakal digelar ing tengah alun-alun. Tikal an kanca kancane pada
ngrundingake bab mau ana ing Gezebo sekolah.
Tika : “Eh, La kowe arep melu pementasan ora?”
Bella : “Oh.. asline aku sih arep melu, ning aku dipilih karu Bu Rina, Guru kariwitan.”
Ani : “Wah enak kui, Nek aku daftar pementasan wae ra ditrima. Asem je nasibku”
Tika : “Fi, gelem ra daftar seni musik gawe pementasan karo aku?”
Fifi : “Aku wegah ah, aku ra isa”
Tika : “Lah, ra po po aku we… ra isa main alat musik, suaraku we fales ”
Fifi : “La njuk ngapa ndaftar?”
Tika : “Njajal ta”
Bella : “He em lho, mendingan daftar, ndak nasibe kaya Ani”
Ani : “Eh, ngapa we nganda aku? Dosa we..”
Fifi : “Ya ya ya, tak daftar wis ayo mlebu kelas, mundak diseneni”
Bali sekolah Tika lan Fifi bali bareng, bocah loro mau lagi ngomongake pementasan kota
Sejuta Bunga Magelang.
Tika : “Piye, wis latihan rung?”
Fifi : “Ah hurung, aku meh metu seko pementasan, males je.”
Tika : “Lha ngapa?”
Fifi : (gedhek gedhek)“ Aku ra isa, alasane males”
Tika : (Mlongo) “He? Alasane mung kuwi? Eh mbok latihan, dewe melu pementasan iki, iku
gawe kutha Magelang ta.. dadine kita kudu semangat ”
Fifi : “Ah aku ra peduli, Magelang entuk gelar, aku ya ra entuk duwit. Malah aku dikon
pentas”
Tika : (gedhek gedhek ) “Kowe ki sadis ya? Wedi aku, wis ya tak bali…(mlayu)
Fifi : (ngguyu) “Aku ki medeni ya… ha ha ha”
Ing sekolah Tika nggawa recorder kanggo latihan ing sekolahan, amerga pentase tinggal
seminggu maneh., lan tes musik dina iki.
Tika : “Ah latihan sik…”
Bella : “Jarene ra isa nganggo alat musik. Kok isa”
Tika : “Eh aku latihan terus, nganti mbengi jam rolas. Delokake wae mripatku, ya ana
jendulane amarga isih ngantuk, luwih parah meneh, aku diseneni karo tanggaku, gara
garane nyuling mbengi-mbengi ”
Ani : (ngguyu) “Ha ha ha, salahmen dewe nyuling mbengi-mbengi, ning ana paedahe ta..”
2. Fifi : (ngguyu) “ha’a ana paedahe, aku malah ra isa, eh Ka aku ra sida metu, soale paling
tese aku ya ora lulus”
Tika : “Ramang pesimis, soale mesti sinis, dadine engko sadis, ati-ati bisa kritis…”
Ani : “Apa sih maksute? Ra jelas tenan.”
Bella : “Gek rusak bocahe ki..”
Ani : “Biasane kan kurang obat..”
Fifi : “Wis uwis, eh Tik.. Aku meh ngomong, rene melu aku”
Ani : “ Aku meluuu”
Bella : (mliriki Ani) “ Eh eh aku ya melu…”
Tika : “ Mmm… ya… ora oleh (melet)
Bella : “Ra lucu…”
Ani : (ngguyu) “Ha ha ha, ra lucu”
Ing mburi kelas Tika lan Fifi lagi omongan-omongan…
Tika : “O… dadine kowe sida ta?”
Fifi : “Sida tapi aku ra ngerti carane”
Tika : “Mengko tak ajari, nek wis isa, enak kok.”
Fifi : “Aku dajari ning iki rahasia lho..”
Tika : “Siip, kowe nggawa ra?”
Fifi : “Nggawa lah… masa njileh wek mu, kan bisa ketularan penyakit.”
Tika : “Iya… iya…”
Sawise bali sekolah ana tes kanggo kelas musik pementasan, 2 jam sadurunge tes Tika
karo Fifi lagi ing Gazebo
Tika : “Dudu kuwi sik ditutup, nah kuwi saiki sebul…”
Fifi : “Ha’a cocok suarane pas, ning kepriye tinggl 2 jam maneh.”
Tika : “Isa-isa kuncine mung latihan, recorder ki gampang kok”
Fifi : “Siap… latihan gawe Magelang…”
Tika : “Nah iki gek ra sadis”
Tes musik akhire rampung…. Tika lan Fifi bali bareng
Tika : “Ahh.. tenan ta… Kowe lulu tes”
Fifi : “Sapa ta gurune”
Tika : “Aku…”
Fifi : “Aku ra sabar pementasan ning alun alun, pokoke aku barisan ngarep lho”
Tika : “Eh ya ra isa, aku kudune!”
Fifi : “Aku”
Tika : “Aku”
Fifi : “AkuuuuuAkuuuu”
Tika&Fifi : “Ha ha ha ha”