Ride the Storm: Navigating Through Unstable Periods / Katerina Rudko (Belka G...
3. Tanda-Tandane Ati Mati. Materi PAI semester 1emestee
1.
TANDA-TANDANÉ ATI MATI
Matiné atî ono tandané # Kang ono loro mungguh wêrnâné
Ora Ngroso susâh nomer si-jîné # Nalîko kendô amal ibadah é (2x)
Ora ngroso getûn nomer loroné # Lamun maksiat ing Pengérâné
Iku dawuhé Ulamâ’ Shûfî # Ibnu 'Athoillâh as-Sâkandarî (2x)
Ibnu ‘Ajibâh an dawuhaké # Matiné ati ono se-bâbé
Kang ono telû mungguh wêrnâné # Kito ojo ngantî ngelâlé aké (2x)
Mergo demen dunyô nomer sijiné # Lali éléng Alloh nomer lo-rôné
Ngumbar gautô nomer te-lûné # Kanggô maksiât ing Pêngérané (2x)
Uripé atî ono sebabé # Kang ono telu mungguh wêrnâné
Zuhud ing dunyô nomer si-jîné # Dzikîr ing Allôh nomêr loroné (2x)
Kumpul poro walî nomer teluné # Ugo wong soléh bersih a-tîné
Poro sedulûr lanang wâdôné # Monggo bareng-barêng a nînda aké (2x)
Ibnu ‘Ajibâh ugo ndawuhaké # Perkoro loro mungguh wêrnâné
Nglakoni to'ât nomer si-jîné # Tandâné bejô ing âkhiraté (2x)
Lakon maksiât nomer loroné # Ora kerso tobat ing Pengérâné
Tansah nurutî howo nâfsûné # Tondô cilokô ing âkhiraté (2x)
Ing dalem hadîts Nabi ndawuhaké # Sopo wongé bungah amal ba-gûsé
Ugo nyusahaké amal o-lôné # Tandâné imân manjîng atiné (2x)
Sopo kang dzikîr ing Pengérané # Iku wong urip mungguh côntôné
Kang ora dzikîr ing Pengérané # Ikû wong matî munggûh contoné (2x)