SlideShare a Scribd company logo
TRAH NOVEL JAWA SING NJAWANI
Bibit, bobot, bebet dadi adate wong jawa naker ala beciking
wong. Asal usul, keturunan, apa maneh trahing wong luhur, sing
biyen diarani trahing kusuma rembesing madu, tekan seprene isih
mujudake pilihan penting ing sajrone wawasan uripe bebrayan
jawa. Sanajan satuhune ing pribadine manungsa iki tinemu watak
ala lan becik sing tansah rebut menang nguwasani pribadi. Yen
watak becik sing menang banjur dadi pribadi kang becik. Yen
watak ala sing menang uga banjur dadi pribadi sing kurang becik
utawa ala. Pribadi sing becik, bakal nurunake bibit kang becik
minangka trahing wong luhur bebudene.Dadi takeran pilihan lan
gegayuhane manungsa utama.
Trah, novel basa jawa karyane Atas S. Danusubroto bisa
entuk hadiah Rancage taun 2009 iki merga tetimbangan mungguh
ing jagad sastra jawa modern utawa gagrag anyar novel iki ora
mung mawa basa jawa, nanging temenan anggone njawani.
Paraga Tilarsih, trah saka Eyang Resodono sing biyen demang saka jeron
benteng wusana bali ing desa, iku priyayi luhur sing kajen keringan. Bareng Eyang
Resodono seda, putra wayahe bubrah ora bisa ngrumat warisane. Tilarsih urip
digedhekake Mbah Mardilah minangka turunan saka Eyang Resodono sing ora
keduman warisan kejaba kasangsaran. Tilarsih sing samestine bisa liwat seni
mentas saka urip mlarat, kedadak kena apus sing njlomprongake uripe ing jagad
letheg palanyahan ing kutha Jakarta.
Sajrone kahanan kaya iwak klebu wuw iku, paraga bagus nedya ngentas
tilarsih saka blumbang kanisthan kuwi. Tilarsih sing ngerti yen awake wis nistha lan
nganggep wong lanang sing nyedak dheweke mung butuh ngisep madu, apa
bedane karo wong lanang sing jeneng Bagus iki, Nanging Bagus sing tresna tenan
marang Tilarsih, kanthi sabar tetep mbudidaya bisa ngajak mulih bocah wadon
sing ditresnani kuwi. Bagus kandha blaka mungguh saka paring pangandikane
Eyang Ronggo, sing isih sanake Mbah Mardilah, Bagus ngerti mungguh Tilarsih iku
Trah saka Eyang Resadono. Dene buyute Bagus biyen dadi anak emase Eyang
Resodono. Manut Bagus putra putrane Eyang Resodono seneng main lan wadon
nganti ngentekake bandhane Eyang Resodono. Buyute Bagus ngemi-emi dhuwit
paringane Eyang Resodono , nganti bisa kanggo nguripi anak putu. Mulane Bagus
ngeman Tilarsih yen ora mentas saka jagad irenge kutha Jakarta.
Apa sing dikandhakake Bagus, engga Tilarsih
nurut marang karepe Bagus, sajatine bocah lanang
kuwi ora mung mbales budi marang leluhure
Tilarsih. Kepara uga kanggo nebus dosa leluhure
Bagus, sing nalika dadi abdi sing banget dipercaya
dening Eyang Resodono, nguja marang putra
putrane Eyang supaya doyan minum lan main sarta
madon. Dhuwite entuk saka anggone dodol pari,
saperangan disimpen dhewe. Saya suwe
pekarangan sawahe katut didol sing tuku leluhure
Bagus dhewe saka dhuwit sing disimpen nganti
Eyang Resodono seda lan putrane tiba mlarat
banjur padha melu transmigrasi. Kari Mbah
Mardilah, anak wadon siji, sing kari kawarisan urip
sangsara nanging luhur bebudene.

More Related Content

Viewers also liked

Ge0g rafi
Ge0g rafiGe0g rafi
Ccm energy solutions, about us
Ccm energy solutions, about usCcm energy solutions, about us
Ccm energy solutions, about us
Yvon Dugmore
 
Class newsletter pp
Class newsletter ppClass newsletter pp
Class newsletter pp
kathomas4
 
Aps anethomepage upgrade for committee_showrevised
Aps anethomepage upgrade for committee_showrevisedAps anethomepage upgrade for committee_showrevised
Aps anethomepage upgrade for committee_showrevised
pollykarpowicz
 
Guía de estudio leng
Guía de estudio lengGuía de estudio leng
Guía de estudio leng
Gladis Espinoza
 
Planificador de proyectos educativos con ab p
Planificador de proyectos educativos con ab pPlanificador de proyectos educativos con ab p
Planificador de proyectos educativos con ab p
sandra Milena Bejarano Garcia
 
wales belgie
wales   belgiewales   belgie
wales belgie
metalcools
 
ojos hermosos
ojos hermososojos hermosos
Bộ sưu tập áo khoác thu đông 2013
Bộ sưu tập áo khoác thu đông 2013Bộ sưu tập áo khoác thu đông 2013
Bộ sưu tập áo khoác thu đông 2013
Quang Trung
 
Bộ sưu tập áo khoác mùa đông
Bộ sưu tập áo khoác mùa đôngBộ sưu tập áo khoác mùa đông
Bộ sưu tập áo khoác mùa đông
Quang Trung
 
Assignment ib- twists and turns in globalisation (autosaved)
Assignment ib- twists and turns in globalisation (autosaved)Assignment ib- twists and turns in globalisation (autosaved)
Assignment ib- twists and turns in globalisation (autosaved)
krishymohan
 
Inflamacao Aguda e Cronica
Inflamacao Aguda e CronicaInflamacao Aguda e Cronica
Inflamacao Aguda e Cronica
João Dutra
 
asap2013-khoa-presentation
asap2013-khoa-presentationasap2013-khoa-presentation
asap2013-khoa-presentation
Abhishek Jain
 
Aligning Creative Approaches Towards Re-engineering Our Tourism Education a...
Aligning Creative Approaches Towards Re-engineering  Our Tourism Education a...Aligning Creative Approaches Towards Re-engineering  Our Tourism Education a...
Aligning Creative Approaches Towards Re-engineering Our Tourism Education a...
TIBFI
 

Viewers also liked (16)

Ge0g rafi
Ge0g rafiGe0g rafi
Ge0g rafi
 
Ccm energy solutions, about us
Ccm energy solutions, about usCcm energy solutions, about us
Ccm energy solutions, about us
 
Class newsletter pp
Class newsletter ppClass newsletter pp
Class newsletter pp
 
Aps anethomepage upgrade for committee_showrevised
Aps anethomepage upgrade for committee_showrevisedAps anethomepage upgrade for committee_showrevised
Aps anethomepage upgrade for committee_showrevised
 
Guía de estudio leng
Guía de estudio lengGuía de estudio leng
Guía de estudio leng
 
Planificador de proyectos educativos con ab p
Planificador de proyectos educativos con ab pPlanificador de proyectos educativos con ab p
Planificador de proyectos educativos con ab p
 
wales belgie
wales   belgiewales   belgie
wales belgie
 
ojos hermosos
ojos hermososojos hermosos
ojos hermosos
 
Bộ sưu tập áo khoác thu đông 2013
Bộ sưu tập áo khoác thu đông 2013Bộ sưu tập áo khoác thu đông 2013
Bộ sưu tập áo khoác thu đông 2013
 
Bộ sưu tập áo khoác mùa đông
Bộ sưu tập áo khoác mùa đôngBộ sưu tập áo khoác mùa đông
Bộ sưu tập áo khoác mùa đông
 
Actividad jueves 25
Actividad jueves 25Actividad jueves 25
Actividad jueves 25
 
Assignment ib- twists and turns in globalisation (autosaved)
Assignment ib- twists and turns in globalisation (autosaved)Assignment ib- twists and turns in globalisation (autosaved)
Assignment ib- twists and turns in globalisation (autosaved)
 
Inflamacao Aguda e Cronica
Inflamacao Aguda e CronicaInflamacao Aguda e Cronica
Inflamacao Aguda e Cronica
 
asap2013-khoa-presentation
asap2013-khoa-presentationasap2013-khoa-presentation
asap2013-khoa-presentation
 
Analisis numerico
Analisis numericoAnalisis numerico
Analisis numerico
 
Aligning Creative Approaches Towards Re-engineering Our Tourism Education a...
Aligning Creative Approaches Towards Re-engineering  Our Tourism Education a...Aligning Creative Approaches Towards Re-engineering  Our Tourism Education a...
Aligning Creative Approaches Towards Re-engineering Our Tourism Education a...
 

Trah novel jawa sing njawani

  • 1. TRAH NOVEL JAWA SING NJAWANI Bibit, bobot, bebet dadi adate wong jawa naker ala beciking wong. Asal usul, keturunan, apa maneh trahing wong luhur, sing biyen diarani trahing kusuma rembesing madu, tekan seprene isih mujudake pilihan penting ing sajrone wawasan uripe bebrayan jawa. Sanajan satuhune ing pribadine manungsa iki tinemu watak ala lan becik sing tansah rebut menang nguwasani pribadi. Yen watak becik sing menang banjur dadi pribadi kang becik. Yen watak ala sing menang uga banjur dadi pribadi sing kurang becik utawa ala. Pribadi sing becik, bakal nurunake bibit kang becik minangka trahing wong luhur bebudene.Dadi takeran pilihan lan gegayuhane manungsa utama. Trah, novel basa jawa karyane Atas S. Danusubroto bisa entuk hadiah Rancage taun 2009 iki merga tetimbangan mungguh ing jagad sastra jawa modern utawa gagrag anyar novel iki ora mung mawa basa jawa, nanging temenan anggone njawani.
  • 2. Paraga Tilarsih, trah saka Eyang Resodono sing biyen demang saka jeron benteng wusana bali ing desa, iku priyayi luhur sing kajen keringan. Bareng Eyang Resodono seda, putra wayahe bubrah ora bisa ngrumat warisane. Tilarsih urip digedhekake Mbah Mardilah minangka turunan saka Eyang Resodono sing ora keduman warisan kejaba kasangsaran. Tilarsih sing samestine bisa liwat seni mentas saka urip mlarat, kedadak kena apus sing njlomprongake uripe ing jagad letheg palanyahan ing kutha Jakarta. Sajrone kahanan kaya iwak klebu wuw iku, paraga bagus nedya ngentas tilarsih saka blumbang kanisthan kuwi. Tilarsih sing ngerti yen awake wis nistha lan nganggep wong lanang sing nyedak dheweke mung butuh ngisep madu, apa bedane karo wong lanang sing jeneng Bagus iki, Nanging Bagus sing tresna tenan marang Tilarsih, kanthi sabar tetep mbudidaya bisa ngajak mulih bocah wadon sing ditresnani kuwi. Bagus kandha blaka mungguh saka paring pangandikane Eyang Ronggo, sing isih sanake Mbah Mardilah, Bagus ngerti mungguh Tilarsih iku Trah saka Eyang Resadono. Dene buyute Bagus biyen dadi anak emase Eyang Resodono. Manut Bagus putra putrane Eyang Resodono seneng main lan wadon nganti ngentekake bandhane Eyang Resodono. Buyute Bagus ngemi-emi dhuwit paringane Eyang Resodono , nganti bisa kanggo nguripi anak putu. Mulane Bagus ngeman Tilarsih yen ora mentas saka jagad irenge kutha Jakarta.
  • 3. Apa sing dikandhakake Bagus, engga Tilarsih nurut marang karepe Bagus, sajatine bocah lanang kuwi ora mung mbales budi marang leluhure Tilarsih. Kepara uga kanggo nebus dosa leluhure Bagus, sing nalika dadi abdi sing banget dipercaya dening Eyang Resodono, nguja marang putra putrane Eyang supaya doyan minum lan main sarta madon. Dhuwite entuk saka anggone dodol pari, saperangan disimpen dhewe. Saya suwe pekarangan sawahe katut didol sing tuku leluhure Bagus dhewe saka dhuwit sing disimpen nganti Eyang Resodono seda lan putrane tiba mlarat banjur padha melu transmigrasi. Kari Mbah Mardilah, anak wadon siji, sing kari kawarisan urip sangsara nanging luhur bebudene.