Beginners Guide to TikTok for Search - Rachel Pearson - We are Tilt __ Bright...
Gampang angel
1. GAMPANG ANGEL
Gampang-gampange wong urip maido lan marai
Angel-angele wong urip maido diri pribadi
Mu’min priatin sadurunge munafek susah sauwise
Mu’min kangelan ingdunya munafek kangelan ing akhirat
Yen siro sabar saiki mbesuk kari menikmati
Yen siro seneng-senenge saiki siksa wis disediani
Pawitane wong nyembah kenal maring sing disembah
Jeneng lan penggaweane uga sifat lan zate
Alloh wujud qidam baqo, mukholatu lil hawadisi
Qiyamuhu binafsihi wahdaniyah kudrat irodat
Ilmu hayat sama’ basor kalam, qoodiron
Muridan ngaiiman hayyan samingan
Bashiron mutakaliman
Jibril nggawa wahyu mikail mbagi rezki isrofil
niup terompet ngizroil nyabut nyawa mungkar
nakir takon ing kubur rokib ngatid nulisi amal
malik njaga neraka nuli ridwan njaga sorga
rosul ingkang selawe nggih menika nabi
Adam Idris Nuh Hud Soleh Ibrohim Luth
Ismail Ishak Ya’kub Yusuf Ayub Sungeb
Harun Musa Yasa’ Zulkifli lan Dawud
Suleman Ilyas Yunus Zakariya Yahya
Isa lan Muhammad Alaihimus salam