SlideShare a Scribd company logo
1 of 2
) LUMUNTURING BUDAYA
Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumpraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak angger-anggering budaya
Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanadyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe.
Ki Andanawarih
Kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat No. 46 – 15 November 2008
Geguritan

More Related Content

Viewers also liked

Cara perkembangbiakan tumbuhan vegetatif alami
Cara perkembangbiakan tumbuhan vegetatif alamiCara perkembangbiakan tumbuhan vegetatif alami
Cara perkembangbiakan tumbuhan vegetatif alamiFelix net
 
Pengenalan Komputer Untuk Anak TK
Pengenalan Komputer Untuk Anak TKPengenalan Komputer Untuk Anak TK
Pengenalan Komputer Untuk Anak TKFelix net
 
Macam macam uang giral
Macam macam uang giralMacam macam uang giral
Macam macam uang giralFelix net
 
Festa e conferência missionária
Festa e conferência missionáriaFesta e conferência missionária
Festa e conferência missionáriafelipe_higa
 
ADM - Rochedo MS.
ADM - Rochedo MS.ADM - Rochedo MS.
ADM - Rochedo MS.felipe_higa
 
clasificacion y funcionamiento de bombas centrifugas
clasificacion y funcionamiento de bombas centrifugasclasificacion y funcionamiento de bombas centrifugas
clasificacion y funcionamiento de bombas centrifugasoscar guerrero
 

Viewers also liked (9)

Cara perkembangbiakan tumbuhan vegetatif alami
Cara perkembangbiakan tumbuhan vegetatif alamiCara perkembangbiakan tumbuhan vegetatif alami
Cara perkembangbiakan tumbuhan vegetatif alami
 
Flora - Angico Branco
Flora - Angico BrancoFlora - Angico Branco
Flora - Angico Branco
 
Pengenalan Komputer Untuk Anak TK
Pengenalan Komputer Untuk Anak TKPengenalan Komputer Untuk Anak TK
Pengenalan Komputer Untuk Anak TK
 
Macam macam uang giral
Macam macam uang giralMacam macam uang giral
Macam macam uang giral
 
Corguinho ms
Corguinho msCorguinho ms
Corguinho ms
 
Festa e conferência missionária
Festa e conferência missionáriaFesta e conferência missionária
Festa e conferência missionária
 
ADM - Rochedo MS.
ADM - Rochedo MS.ADM - Rochedo MS.
ADM - Rochedo MS.
 
Geguritan
GeguritanGeguritan
Geguritan
 
clasificacion y funcionamiento de bombas centrifugas
clasificacion y funcionamiento de bombas centrifugasclasificacion y funcionamiento de bombas centrifugas
clasificacion y funcionamiento de bombas centrifugas
 

Geguritan

  • 1. ) LUMUNTURING BUDAYA Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasanku Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku Amersani jaman saiki Tumpraping polah tingkahing putra lan putri Kang wis ninggalake subasita Nerak angger-anggering budaya Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa Kabeh rumangsa nistha Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa Sanadyan jaman wis maju Aja banjur dadi kleru Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah Busana owah samesthine Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe? Apa budaya kita wis ora ana ajine? Apa budaya kita wis kedaluwarsa? Apa budaya kita wis luntur? Pemuda pemudi jaman saiki Unggah ungguh basa wis dilirwakake Tata krama wis ditinggalna Tata wicara wis ninggalake subasita Apa sing salah sekolah? Apa sing salah ibu bapak? Apa kabeh salah? Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake Wis arep luntur amerga pokale kita dhewe. Ki Andanawarih Kapacak ing kalawarti Panjebar Semangat No. 46 – 15 November 2008