1. KÊBUN MÊLATI
Cipt. Yok Koeswoyo
=================
Bandêng campur uyah
Kok pindhang dhadine
Sênêng opo susah
Gaweane dhewe
#
Sêmut jare gajah
Rak goroh arane
Yên kakêhan polah
Rasakno dhewe
#
Wis rong tahun jare kênal karo kênya
Omahe têngah kêbun mêlati
Ati bingun jare nandhang loro bronto
Tansah kêlingan kêbun mêlati
#
Karung isi wêdhi
Kanggo mbêndung kali
Wurung opo dadhi
Isih durung ngêrti
#
Londo numpak balon
Kathik mangan roti
Yên sido kêlakon
Yo sing gêmati