SlideShare a Scribd company logo
JAKA TARUB
          Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun.
Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben
dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus.
Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken
ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedame
sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
          Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten
lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi
mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun
dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu
lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
          Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun
taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub
taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi
lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi
kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa
lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya
kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten
suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi
panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama.
Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal
lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari.
Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta
wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
          Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang
naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge
nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep.
Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa
Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking
kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal
bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi
pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
          Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang
Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka
dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan
malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen
kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak
sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran
kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos
gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang
gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

More Related Content

Viewers also liked

El arte en la historia
El arte en la historiaEl arte en la historia
El arte en la historiaMarcela Giorno
 
Avaliacao neuropsicologica infantil
Avaliacao neuropsicologica infantilAvaliacao neuropsicologica infantil
Avaliacao neuropsicologica infantil
HÉRICO MACIEL DE AMORIM
 
Hola chicas
Hola chicasHola chicas
Hola chicas
qromina90
 
Anbefaling fra Kosan Crisplant
Anbefaling fra Kosan CrisplantAnbefaling fra Kosan Crisplant
Anbefaling fra Kosan CrisplantCamilla Rands
 
STOCKCITY 3ª FERIA OUTLET VLC
STOCKCITY 3ª FERIA OUTLET VLCSTOCKCITY 3ª FERIA OUTLET VLC
STOCKCITY 3ª FERIA OUTLET VLC
Javier Soy Yo
 
547 2 happy english.ru. 8кл. рабочая тетрадь 2.-kaufman_2010 -64c
547 2  happy english.ru. 8кл. рабочая тетрадь 2.-kaufman_2010 -64c547 2  happy english.ru. 8кл. рабочая тетрадь 2.-kaufman_2010 -64c
547 2 happy english.ru. 8кл. рабочая тетрадь 2.-kaufman_2010 -64c
dfdkfjs
 
Informatica
InformaticaInformatica
Informatica
dalys1405
 
Análisis del proyecto CORMA: Módulos de Distensión Estudiantil
Análisis del proyecto CORMA: Módulos de Distensión EstudiantilAnálisis del proyecto CORMA: Módulos de Distensión Estudiantil
Análisis del proyecto CORMA: Módulos de Distensión Estudiantil
Javier Zambra
 
Componentes del-ordenador
Componentes del-ordenadorComponentes del-ordenador
Componentes del-ordenador
magarlo
 

Viewers also liked (17)

El arte en la historia
El arte en la historiaEl arte en la historia
El arte en la historia
 
Avaliacao neuropsicologica infantil
Avaliacao neuropsicologica infantilAvaliacao neuropsicologica infantil
Avaliacao neuropsicologica infantil
 
Accred Alaa
Accred AlaaAccred Alaa
Accred Alaa
 
skydrive_word_doc
skydrive_word_docskydrive_word_doc
skydrive_word_doc
 
Hola chicas
Hola chicasHola chicas
Hola chicas
 
Planilha 19 09. led e ale
Planilha 19 09. led e alePlanilha 19 09. led e ale
Planilha 19 09. led e ale
 
Anbefaling fra Kosan Crisplant
Anbefaling fra Kosan CrisplantAnbefaling fra Kosan Crisplant
Anbefaling fra Kosan Crisplant
 
New text document
New text documentNew text document
New text document
 
STOCKCITY 3ª FERIA OUTLET VLC
STOCKCITY 3ª FERIA OUTLET VLCSTOCKCITY 3ª FERIA OUTLET VLC
STOCKCITY 3ª FERIA OUTLET VLC
 
Jeremiah and keilah's names
Jeremiah and keilah's namesJeremiah and keilah's names
Jeremiah and keilah's names
 
547 2 happy english.ru. 8кл. рабочая тетрадь 2.-kaufman_2010 -64c
547 2  happy english.ru. 8кл. рабочая тетрадь 2.-kaufman_2010 -64c547 2  happy english.ru. 8кл. рабочая тетрадь 2.-kaufman_2010 -64c
547 2 happy english.ru. 8кл. рабочая тетрадь 2.-kaufman_2010 -64c
 
Informatica
InformaticaInformatica
Informatica
 
Aquarela brasil
Aquarela brasilAquarela brasil
Aquarela brasil
 
El amor para zayn malik
El amor para zayn malikEl amor para zayn malik
El amor para zayn malik
 
19
1919
19
 
Análisis del proyecto CORMA: Módulos de Distensión Estudiantil
Análisis del proyecto CORMA: Módulos de Distensión EstudiantilAnálisis del proyecto CORMA: Módulos de Distensión Estudiantil
Análisis del proyecto CORMA: Módulos de Distensión Estudiantil
 
Componentes del-ordenador
Componentes del-ordenadorComponentes del-ordenador
Componentes del-ordenador
 

Cerito jaka tarub

  • 1. JAKA TARUB Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedame sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun. Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih. Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan. Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung. Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.