SlideShare a Scribd company logo
1 of 22
KUMPULAN CERKAK
TUGAS BHS. JAWA
TERESA AMALIA PURBA
X MIPA 7 / 36
SMAN 1 SEMARANG
2015/2016
PETASAN
Dina iki dina sing nyenengna kanggo Santi. Saiki yaiku dina pisan pasa. Kanggo Santi,
bulan pasa yaiku bulan sing paling istimewa. Saben sawis bukak pasa,Santi lan kanca-kancane
lunga menyang masjid kanggo sholat Maghrib berjamaah. Nuli dekne kabeh dolanan neng njaba
masjid nunggu kanggo sholat isya dn sholat sunah tarawih.
"Bunda, aku arep lunga menyang masjid dhisik ya, padha kanca-kanca," tembung Santi njaluk
izin nang bundanya. "Iya oleh, ati-ati ya, neng dalan. Eling aja dolan petasan yo, kembang geni
boleh wae," jawab emboke.
"Becik, Bunda, Santi sanuli eling pesan saka Bunda," jawab Santi karo menehake salam.
"Assalamu'alikum," tembung Santi marang bundanya nuli lunga. "Waalaikum'salam," jawab
emboke. Santi pun cepet lunga menyang masjid.
Neng masjid ora ana sapa-sapa. "Endi kanca-kanca ya," tembung ati Santi sing terus takon. "Ah,
bokmenawa dekne kabeh ana neng warung," tembung Santi lan menuju menyang warung sing
cedhak cedhak karo masjid. Jebulna bener, kanca-kanca Santi lagi ana neng warung.
"Hai Santi, koe tak tunggu-tunggu, kok, kowe ora ana?"takon sawong kancane sing nduwe
jeneng Sarah. "Apura, mau aku makane alon," tembung Santi. "Ya wis ora apa-apa,awake dhewe
dolan petasan ayo," ajak Sarah.
"Aku ora arep ah, tembung Bunda kuwi berbahaya banget," tembung Santi. "Ya wis, yen kowe
ora arep, ake ae sing dolan," Sarah ketoe nesu. Akhire, Santi mung ndeleng kanca-kancane
dolanan karo lingguh saka kadohan. Rasane ora seneng yen mung linggah-lingguh wae karo
ndeleng wong dolanan.
"Kanca-kanca aku arep melon," tembung Santi. Santi mileh kanggo dolanan karo kanca-kancane
saka nang linggih dhewen. Dudune Santi wis diwanti-wanti kanggo ora dolanan petasan saka
emboke? Santi mengabaikan apa pesan saka emboke.
"Yey apik," tembung Santi. ning, "Ehhhh, auwwwwwwwww,"lara Santi. Tangan Santi kena
petasan sing tiba. Santi pun nangis. Bokmenawa larane nyat nyut linuwih. Santi diterna menyang
omahe saka kanca-kancane.
Sanganti neng omah, embok Santi kaget amarga krungu anake nangis. "Astagfirullah, Santi kowe
ngapa?" takon emboke. Santi isih rumangsa lara lan ora teras njawabe, Sarah pun sing njawabe.
"Mau dolanan petasan, lan tangan Santi tatu kena petasan," tembung Sarah. "Apa tembung
Bunda, aja dolan petasan," Bunda Santi rodo nesu. "Iya Bunda, apurakne Santi," Santi membak
membik. Bokmenawa manut, tangane Santi mestine ora kebledosan mercon.
Amanat saka wacan cerkak kasebut yaiku , aja dhemenorakrungokake prentahsaka
wongtua.
KEMBANG TURU LAN TRESNA
Suruping donya wis ganti dadi esuk,suara kicau ing manuk ning dhuwur wit cedhak
omah, nangiake wong wadon sing turu ing kasur putih.Kamare ora rapi nanging bisa gawe
penak sing duwe .Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing membengi bar dinggo
sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.Sepasang sandal sing ana ing ngisor amben dinggo banjur
mlaku liyat-liyut pinuju kamar mandi sing cedhak karo ambene.Dheweke banjur adus,ora lali
nanggo sabun lan shampo.
Sakwise adus banjur metu seko kamar mandi lan nganggo seragam putih abu-abu sing
anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku pinuju kaca sing ana ing cedhak rak-
rakane.Nyisiri rambute sing dawa,alus lan endah.Ora lali nganggo jepitan pita warna abang
saengga nambah gawe ayune.Mbak inah sing gaweane ngrawat wong kuwi dawuhi Dinda pinuju
mangan ing meja makan.
Sakwise iku, Dinda wis nganggo seragam rapi lan tas sing kebak karo buku pelajaran
musik.Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng. Dinda banjur mangan lan langsung
mangkat sekolah.Nanggo motor , Dinda nge-gas banter banget pinuju sekolahe sing cedhak karo
omahe.Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba tanda gerbang wis arep ditutup.”Tunggu
pak, gebange ampun ditutup rumiyin.Kula ajeng mlebu pak,Tulung bukake pak..”suwun
Dinda.“kowe ki rak siswa anyar ,mangkat sekolah kok awan ngene iki.Iki ki lagi sepisanan
mangkat sekolah,eh kok telat..piye nek dina sateruse.” tutur pak satpam. Dinda meneng nggolek
akal supaya bisa mlebu,Dinda gawe rupa melas kaya wong telung dina ora mangan.Ngrasa
mesakake pak satpam banjur mbukake gerbange.”awas yo ,nek sesuk telat maneh! Ora arep tak
bukake gerbange…!” pak satpam nggrundel. Dinda langsung markirke motor trus mlebu kelase
sing anyar.
Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni.Ruang kelase jembar serta akeh benda –
benda sing bisa gawe suara merdu kayata piano,drum,gitar listrik,gitar
akustik,terompet,harmonica,biola lan sapanunggalane.Temboke dikeki ukiran gambar –gambar
tembang. Pokoke kabeh serba tembang..”apa bener kowe sing jenenge Dinda Sukma Putri???
takon bu guru . Dinda nanggepi ulas-ulas “ Ee…enggih bu..Kula Dinda Sukma Putri.Bu guru
saged nimbali kula Dinda mawon.Kahanan opo iki,Dinda ora reti.Dinda mung bisa mikir lan
nebak –nebak wae.Manapa kok bu guru iso nakoni kayo ngono. Apa amargi dinda suwi mlebu
kelase apa amargi ora nggedok lawange. Apa apa???
Lamunane rampung sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe ngayonke tangane ning
arep rupane.”Hey..dinda…kowe ki ngapa ??apa kowe lagi loro?? Ngapa kok rupamu koyo wong
sing lagi ndelok hantu gentayangan..?” Dinda dadi kaget krungu ana hantu gentayangan “haa??
Apaa???hantu ??? hantu endi hantune ??? simbahku bisa ngusir hantu lho ..? ben tak celuke
simbahku supaya hantune ditangkap..Kabeh meneng pada binggung siji lan sijine.
Sakwise kuwi kelas sing maune tenang dadi rame..” hhaahaa… Dinda Dinda..kowe ki
ngomong apa ta ?? hantu ?? Jelas-jelas hantune ki kowe.. kok malah takon ,.kowe ora reti ta?
Kowe ki kaya hantu.Rambutmu dawa,ireng,kulitmu putih kaya susu,ditambah bunderan ireng
nang matamu.Coba kowe madhep mburi.mesti ana bolongane ..,hahaha”omong salah siji murid
lanange. Dinda nutupi matane ,dheweke isin amargi bunderan ireng nang matane kuwi
disebabake kurang turu.Dinda kelingan membengi turu jam siji mbengi amarga kesenengan
gawe lagu aransemene .
Bu guru nakoni Dinda “ membengi kowe turu jam pira Dinda?? kowe ora kelingan nek
hari iki hari sepisanan mangkat sekolah ta ?” Dinda sing isih isin mbukak tangane sing nutupi
rupa ayune.” Kula nyuwun pangapunten bu..”Buguru maklumi wangsulane Dinda trus neruske
pelajaran kepisan mau sing sempet mandhek.”Yowis..anak-anaku,sak iki bu guru pengin reti
bakat kepisan kowe kabeh,mboh kuwi nari,nyanyi,mainke alat musik terserah kowe,sing penting
maju nang ngarep.”
Siswa pada maju nang ngarep nunjukake bakat sing diduweni.Bocah lanang kang
perawakane dhuwur,rambut ireng,ganteng maju nang ngarep.Slirane banjur nari,Tangane
tengen lang kiwa cakap madukake karo tembang rep ring ding dong ring ding dong…Tangane
kaya sayap garuda sing mabur ing angkasa.sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih,Ing
pungkasan , tariane sempurna banget.Suara keplokan saka siswa laine nggelegar.. mak dheg
rasane ning ati Dinda nalika wong lang kuwi mau mlaku pinuju ing ngarepe lan nepuk pundake
sing cilik.” Saiki giliranmu,..moga sukses anggonmu maju..”Batine Dinda rada geter kaya wong
kang lagi ketaman asmara. Dinda banjur maju ning ngarep lan mulai aksine..aksine sing luar
biasa.. Suara piano kang merdu..endah,,alus,,lan tentrem.. kabeh siswa pada larut karo suara
merdune.
Ana lagu ning kalbuku,
Kuwi lagu sing nggawe aku tentrem,
Meneh lan meneh,
Aku nduwe angen,
Angenku ora bakal mandhek nang kene,
Aku percaya karo mimpiku,
Aku mung wong wadon sing duwe mimpi,
Aku percaya karo mimpiku,
swara keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh.para siswa seka kelas liya pada melu ndelok
lan keplok-keplok.Ana wong wadon ayu ndelok Dinda akeh iri.” Aku..ora bakal kalah karo
kowe,kowe mung itik kang elek rupa sing mung sepisan untung,..namung aku pada kaya itik
kang endah sing mbendina untung “Linda ninggalke kelas iku,.
~~nang kantin sekolah~~
“Wahh…penampilanmu apik banget din, suaramu merdu lan alus bisa gawe tentrem nang
atiku…”omong Siska.
”Luar biasa, bakatmu luar biasa din..tanganmu trampil mencet grand piano kuwi..” tambah wong
lanang keriting iku…Kamangka, Siska lan Bimbo duwe bakat sing pada luar biasane..siska sing
duwe awak apik bisa nari,..lan Bimbo sing setya karo gitare sing digawa nang ngendi-ngendi.
~~6 wulan sakwise ~~
Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni.Bocah iku
ngrasa ora puas karo kemampuane.Angene nerusake sekolah ing luar negeri yaiku Universitas
Seni London gedhe banget.Nalika dina kang untung Dinda entuk pengumuman saka Ibu guru.
“Anak-anaku ,,Ibu arep ngumumake kanggo kepirang siswa.Ibu pengin ngucapake selamat
kanggo kowe kabeh,moga kowe kabeh bisa sukses..” Suasana dadi rame lan kabeh siswa dadi
penasaran ..” menapa pengumumanipun ibu guru ?? Mboten sah gawe kita penasaran.” Sakwise
suasana tenang ibu guru nerusake pituture mau.” Dinda,Siska,Linda,Bimbo,lan Rando entuk
beasiswa sekolah Nang Universitas Seni London tanpa biaya ,kowe yo podo entuk pesangon
saka pemerintah.Sak wulan mengkas kowe podo arep Ujian Akhir,ibu guru ngarep kowe bisa
nampilke sing terbaik nang ngarep juri,”Kabeh kaget,sing utama kelima wong mau.Dinda
kaget,Akhire angenne bisa kelakon.Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene
saksuwene iki.
Dina arep ujian akhir samsaya cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem
gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe
kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri wus pada
manggon nang kursine dhewe-dhewe.Siswa-siswi gantian munggah panggung lan nampilke
tampilan sing paling apik.Kabeh siswa ora reti sing ditampilke apik opo ora,sing penting wis
usaha nampilke sing paling apik.
Saiki gilirane dinda,dheweke ngrasa gugup.Aneh.Padahal biasane ora ngrasa gugup kang
gedhe banget kaya ngene.Wong saka mburi nepuk pundak Dinda,”Kowe mesthi bisa
Dinda,Kowe kan wus latihan keras nganthi saiki ta ? ngapa mesthi wedi apik apa ora.lakonke
sing terbaik SEMANGAT.Oke?? “ Rando mbagekake grapyak.Dinda mesem lan ngangguk
“oke,, nuwun ya Ndo,penampilanmu mau apik banget lho,aku seneng karo tarianmu “ Rando
sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu “hahhaa..ngapa mung seneng karo tarianku,,,lha nek
karo aku seneng ora ??? hahaha” Dinda kaget.Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah
panggung.
Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora ana…Aku persembahke lagu iki kanggo
wongtuwaku,guru-guruku,lan wong sing lagi wae maringi aku semangat….Dinda langsung
nyanyi,.Swara gitar sing dipetik dinda kaya lagu nang surga kang bisa damai lan tentremake ati
kang lagi gundah.Kabeh terpesona,kalebu juri kang ana ing ngarep.Sakwise kuwi,acarane
rampung.
Akhire dina keberangkatan pinuju London wis cumepak.Nang pesawat.wong wadon
nyedhaki dinda.Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe dinda sethitik ora
nyaman.”kowe mesthi ngrasa seneng ta?.saiki kowe bisa seneng sikek.Segedhe apa
usahamu,kowe bakal kalah saka aku “ Dinda kaget lan mesem sethitik dipeksa “ akuu
….akuu ora bakal kalah saka kowe..” Linda karo meseme sing sinis mangsuli “ lakonke sing
terbaik,kawan..” Meneh lan meneh,dinda digawe kaget karo wanita iku.Sikep lan tindak –
tanduke sing saksuwene iki ditunjuke mung dinggo gawe aku terpacu bisa menang.Linda banjur
lunga ninggalke dinda sing isih kaget.
Sakwise penerbangan puluhan jam,akhire tiba nang London.Dinda mlaku nang antara
wong-wong kan lalu lalang nang bandara,Rando saka mburi ngampiri Dinda sing kabotan gawa
kopere.Rando mbantu nggawakake koper gedhe iku..”piye…?perjalanane,nyenengake ta ? rando
takon. “ nuwun ya Ndo,..” wangsulane dinda kang swarane nganggo nada rendah saengga rando
ora bisa krungu suwarane.”nuwun wis dadi Inspirasiku sak suwene iki…” dinda neruske
omongane.Wong loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake isin pinuju bis kang nganter ning
penginapan.
Kembang turu,Tresna,krasa bahagia umpama nduwe rasa iku.Usaha,kerja keras lan donga
kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene.Dinda reti,perjalanane ora mung mandhek ketok
kene.Dheweke pengen sinau,lan nggolek pangerten apa kang sebelume ora diretini.Dinda wani
duwe pangangen-angen,lan pangangen-angen kuwilah kang bisa nganterke dheweke ketok kene.
Amanat saka wacan cerkak kasebut yaiku :
 Saben manungsa kudu duwe mimpi kang bisa dadi penyemangat utawi pacuan supaya
bisa dadi sukses
 Usaha,kerja keras,Donga kang dadi utama sukses.
 Bakat manungsa iku kudu dikembangke.
Nasibe Manungsa
Srengengene menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dhasar wis patang
minggu ora udan, lemah-lemah sing dak encik kaya ngiocotake dlamakan sikil. Dakdhengak
srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Naning
panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon
terus wae dakpecaki. Kiwa tengene dalan setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara
ijoning godhong-godhong jagung kang katon sapendeleng ing adoh kana. Sauntara gubug-gubug
ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racak sing duwe gubug padha urban golek dhuwit
menyang kutha sing jare luwih gampang.
"No, Darno! Reneya!"
Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug,
ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani Kang
Parman.
"Iki Iho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik" sumeh, grapyak
semanak, lan eseme sing ngatonake untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka lageyane
Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel godhong
lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug.
"Rumangsaku pakah gubugmu sempal Kang, kok celuk-celuk. Tiwas kebeneran, malah
ana undangan pesta kebun," sautku nggo pantes-pantes. Kang Parman ngetokake rokok sing
durung dibukak segelane.
"Ponakanmu wingi rak tilik ngomah” tangane Kang Parman uwet mbukak bungkus rokok.
Banjur ndudut sak ler, terus disumet. Aku sing saben dina udutku mung mbako gewol, ya melu-
melu makmum ngrasakake nikmate rokok.
"Kerjane neng endi ta, Kang?"
"Neng pabrik plastik. Mbuh, saiki jare wis munggah dadi mandhor. Jare lumayan ceperane"
"Yen dadi mandhor ya pancen lumayan tenan, Kang. Kerjane ya penak, mung kari
ngawas-ngawasi," sambungku karo ngleleg tela.
"Maune lulusan apa, Kang?" aku nyambi nglangga teh ning botol aqua sawise gorokanku krasa
seret. Wah, tehe kok ya ngungkuli teh sosro. Legi sepet-sepete krasa tenan.
"Mung SMA, jane ya njaluk kuliah maune. Ning kowe dhewe rak ya ngerti kahananku.
Nyekolahake tekan lulus SMA wae wis mengkis-mengkis ning dhadha, kok ndadak arep nekat
nguliahke, ya sida pedhot napasku. Yen bocahe ngono ya pinter, wong oleh rangking siji terus,
kok. "Tangane Kang Parman ndudut tela sak puk.
"Aku ya ngandel yen anakmu kuwi pinter kaya bapake," eseme Kang Parman mlethek
nyigar lambene krungu pangalembanaku. Ning tenan, nalika isih sekolah Kang Parman kuwi
biyen pinter dhewe sak kelas.
"Ning pinter iku jebul kalah karo sing jeneng begja. Kowe rak eling Umar kae ta?!"
"Kancane dhewe sing goblog, ngowoh, pahpoh kae?" takonku. Kang Parman manthuk.
Pancene kabeh kancane sakelas Umar kalebu aku lan Kang Parman, padha ngarani yen
Umar kuwi bocah sing paling bodho. Mosok nalika guru biologi takon kebo kuwi manak apa
ngendhog, wangsulane jare ngendhog. Mesthi bocah sakelas padha ngguyu cekakakan, kalebu
Pak Guru kang kudune nesu. Lucu meneh yen wayahe nembang utawa nyanyi, tembang utawa
lagu sembarang dhengah, iramane padha wae, kaya wong menek. Saka ngisor mendhuwur tanpa
cengkok, ndlujur. Dadi yen Umar giliran nembang utawa nyanyi, padha karo ing kelasku ana
dhagelan. Nganti kaku neng weteng merga kemekelen. Malah Bu Guru Eni, guru kesenian, rikala
lagi sepisanan krungu tembang lan nyanyiane Umar, merga saking ngempet ngguyu nganti
mlayu neng kamar mandi.
"Kowe ngerti, Umar kae saiki dadi Kepala Sekolah" kandhane Kang Parman gawe
kejotku. Mripatku nganti mblalak amba. Lha kok bisa! Kepala Sekolah kuwi wiwitane rak kudu
dadi guru dhisik. Kamangka guru kuwi dadi narasumber kang pener lan bener. Gek-gek ndang
menehi soal marang muride, kebo kuwi ngendhog dibenerke. Rak payah! Utawa gek-gek nalika
didhaulat muride supaya nembang utawa nyanyi, eh, ora bisa mbayangke aku. E, Iha sapa ngerti,
yen nembang utawa nyanyi dadi guyon, ndang lagu ndhangdhut utawa pop malah jagone. Sapa
ngerti!
"Kok kowe ngerti yen dadi Kepala Sekolah, sing menehi kabar sapa ta, Kang!"
Banjur Kang Parman crita. Biyen sakluluse saka SMP (bocah bodho kok ya bisa lulus), Umar
ngulandara golek gaweyan ning kutha Semarang. Saben dina Umar ngleyeng menyang kantor-
kantor, menyang pabrik, nawakake tenagane supaya ditampa nyambut gawe. Nanging kantor-
kantor sing dileboni, racak ora ana lowongan.
Mung bandha ijazah SMP wae, arep diseleh ngendi. Lowongan sing pas ya mung penjaga
utawa pesuruh: Emane kantor-kantor sing dileboni wis ana penjagane. Saben dina dheweke
ditampik saka kantor siji menyang kantor sijine meneh. Saka pabrik siji menyang pabrik liyane.
Nanging Umar sajak ora nglokro. Najan yen bengi direwangi turu ing mesjid utawa terminal,
esuke panggah nerusake niyate golek gaweyan. Mbokmenawa iki sing dadi kehebatane utawa
keluwihane Umar. Yen cita-citane durung kecekel, ora bakal mandheg dalan.
Nganti ing sawijining dina, Umar mlebu ing sawijining Kantor Kelurahan. Kebeneran Pak
Lurahe butuh tenaga ora kanggo kantor, nanging kanggo tenaga omah.
Gampangane Pak Lurah butuh pembantu utawa buruh lanang. Umar cekat-ceket nampa,
tanpa takon sesasine dibayar pira. Pokoke sing penting bisa temangsang dhisik. Soale wis krasa
kesel olehe rana-rene, mlebu metu kantor apadene pabrik. Soal mengko neng kene kepenak
utawa ora, dipikir mburi karo mlaku.
Ing daleme Pak Lurah, Umar bisa ngepek atine keluargane Pak Lurah. Kabeh putra-
putrane Pak Lurah padha seneng karo Umar. Yen mung perkara gaweyan, sepisan dikandhani,
Umar mesthi ndalan, ora ndadak mindhan-mindhoni. Soal mangan-memangan, Umar ora tau
protes piye-piye. Kabeh panganan ora ana sing disiriki. Ora ana sing dipantangi. Ora ana sing
alergi.
Merga saka kemurahane Pak Lurah, Umar disekolahake ning SMA, najan olehe mergawe
minangka pembantu isih dibayar. Ora mung tekan SMA, nanging diterusake nganti kuliah lan
lulus nggondol sarjana. Terus mulang ing SMP, terus dientukake putrane Pak Lurah.
"Dadi mantune Pak Lurah?" Kang Parman manthuk.
"Kok gelem-geleme ta bocahe wadon putrane Pak Lurah?!" protesku. Banjur Kang Parman
mbisiki aku" kabare putrane Pak Lurah sing kuwi jare idiot."
Aku njomblak. Olehku mamah tela godhog daklerenke.
"Lha kok Umar gelem?!"
"Jodho, rejeki, pati, kuwi wewenange Gusti Allah. Menungsa ora bakal kuwawa nolak utawa
ngemohi" Yen kon bukak dalil bab kaya ngono Kang Parman pancen jagone.
"Sih kurang siji ta, Kang?!" sambungku rada keminter.
"Drajat lan pangkat. Kudune rak kowe ya Kang sing dadi Kepala Sekolah. Wong nalika sekolah,
Umar kae pintere kalah adoh karo kowe"
Kang Parman mung mesem kecut. "Aku ora bisa nerusake sekolah tekan kuliah. Aku ora
ngenger neng nggone Lurah kaya Umar. Mula akhire aku ya mung dadi wong tani gurem kaya
kowe. Najan mung tani gurem, nanging kepinteranku dakturunake menyang anak-anakku.
Buktine, sekolahe oleh ranking siji wiwit saka SD tumeka SMA. Nalika kerja, najan ing pabrik,
lagi sedhela wis dadi mandhor. Mulih wingi, eh, kowe rung dakcritani ya?!"
Aku gedheg karo ngglogok teh.
“Apa Kang?!"
"Mulih wingi wis nggawa Karisma gres, ninggali dhuwit mboke, ninggali rokok aku. Balik
Umar?!"
"Geneya Umar Kang?!"
"Ora duwe anak. jare emoh gawe anak. Merga miturut keterangane dokter, gen-e sing wadon
luwih dominan. Dadi kemungkinan yen anak-anake lair, dheweke ngeri mbayangake. Rak dheke
dhewe ya ngakoni, yen dheweke pancen bodho"
Weruh-weruh telane wis entek. Teh sak botol aqua ya gusis. Mung Jarum 76e sajake sing
isih. Terus diwenehake aku.
"Wis wengi, yo dha bali wae" pangajake Kang Parman karo mudhun saka amben-ambenan
gubug.
Aku mlaku lon-lonan, nggagas nasibe manungsa kang pancen werna-werna.
Amanat :
Lintang Panjer Esuk Wis Angslup
Esuk kuwi aku lagi ibut resik-resik kamar, kebeneran dina kuwi dina Minggu. Dadi aku
akeh wektu kanggo resik-resik kamar mess kang disedhiyani dening yayasan panggonanku
nyambut gawe. Lagi nedheng-nedhenge ngresiki rak buku karo ngrungokne radio, ujug-ujug
hapeku muni. Ana sms kang mlebu sajake, aku kelingan yen dina iki aku janji arep mlaku-mlaku
karo calon bojoku. Gageyan aku nyandhak hape kang gemlethak ing kasur, mbok menawa sms
saka dheweke.
"Jeng, Aku lan Tiara wis boarding pas kanggo penerbangan jam 10.00 saka Sepinggan.
Sepurane, wis ngrepoti Jenengan" Oh jebul sms saka mas Satrio.
Aku lagi arep mejet hape kanggo mbales sms-e, hape-ku wis muni maneh. Ana sms siji maneh
sing mlebu, aku wurung mbalesi sms-e mas Satrio, lan milih mbukak sms kang mentas wae teka.
Unine: "Sakjane tekaku mrene iki, arep njaluk slirane supaya dadi sesulihe ibune Tiara sing wis
marak Gusti setaun kepungkur. Nanging aku pranyata telat. Selamat ya jeng, Muga-muga jeng
Rastri bahagia"
Pleg... atiku kaya didhodhog. Awakku gemeter lan lemes saknalika, dadi mau bengi kuwi mas
Satrio wis goroh marang aku. Mas Satrio balik Jakarta cepet-cepet ora merga ana tugas, nanging
sak temene atine gela marang kejutanku.
"Dhuh Gusti... sepuranen aku ya mas. Aku ora ngira babarpisan marang kekarepanmu teka
mrene kanthi ndadak iki" Ora krasa pipiku teles dening eluh kang tumetes merga saking rasa
trenyuh campur getunku. Aku ora nyelaki yen sejatine atiku isih mendhem rasa tresna marang
Mas Satrio. Lan aku uga ngerti banget yen sejatine mas Satrio isih nyimpen aku ana ing njero
atine. Salahku geneye ora tanggap ing sasmita nalika limang sasi kepungkur mas Satrio kirim
email kang surasane nakoni kasedhiyanku menawa diajak urip bebarengan maneh. Nalika kuwi
aku mung mangsuli "Ya mas, tak pikir-pikire dhisik" Pranyata wangsulanku kuwi didadekne
piyandel dening mas Satrio. Emane mas, emane kenangapa njenengan kok ora critao yen saiki
wis dhewekan maneh.
"Mas Satrio.... " aku undang-undang rada rangu-rangu marang pawongan kang ngadeg ngungkuri
aku. Pawongan mawa klambi bathik motif kopi pecahpecah lengen dawa, kang padha-padha lagi
ngestreni acara wisudha ing Universitas Gadjah mada.
Rumangsa ana sing ngundang jenenge, pawongan kuwi banjur mengo memburi. Meneng
sauntara karo ngawasi aku mengisor mendhuwur.
"Mas iki aku mas, Rastri..." aku nyoba mbaleni nyapa kanthi nyebut jenengku. "He he...
Njenengan ta iki jeng. Masya Allah, pangling aku Jeng." Ngomonge sajak surprise banget.
"Piye-piye kabare Jeng,” ucape sak banjure nakokake kabarku.
"Apik mas. Njenengan kok wis katon sepuh ta mas?"
"Hehe ya wis ngene iki Jeng. Umur ora isa diendheg. Sing penting sehat. Lak ya ngono ta jeng"
saure.
"Lha iki gek ngestreni putrane wisudha apa piye?" takone.
"Iya mas. Wisudhane anak lanang;" wangsulanku.
"Lha endi putrane?" mas Satrio nggoleki anakku lanang karo ngubengke panyawange nggoleki
anak lan bojoku.
"Lagi nyang mburi, ngeterke bapake"
"Lha njenengan dhewe?" aku mbalik takon.
"Aku ya lagi ngancani Tiara wisudha iki," jawabe.
"Oh... cah ayu biyen kae ya mas?"
"Iyaa... saiki bocahe kan lagi lulus S2ne. Lha kuwi apa bocahe mrene," njlentrehe karo nudingi
pernahe bocah wedok kang nyandhang toga werna biru tuwa. Katon ayu banget.
Aku ngenut arah drijine mas Satrio, aku ora bakal lali karo sorot mripat rongpuluh taun
kepungkur. Sorot mripate bocah wadon cilik kang manja banget marang aku.
"Tiara, iki Bu Rastri. Salim dhisik ndhuk." Prentahe mas Satrio nalika Tiara wis nyedhak.
Kanthi sopan, bocah wadon ayu kuwi nyalami aku lan ora lali ngarasi tanganku. Aku bales karo
ngrangkul lan ngarasi pipi nggemesake biyen kuwi, kang saiki wis dadi prawan ayu.
"Isih kelingan ora cah ayu karo Ibu?" takonku marang dhewekne.
Tiara mung mesem karo isih nyawang aku. Mbok menawa karo ngeling-eling nate ketemu karo
aku kapan lan ana ngendi.
"Ha ha..... wis lali sajake Jeng," mas Satrio sing mangsuli pitakonku.
Aku mesem karo terus takon: "Lha iki terus kapan nak Tiara arep dimantu?" pitakonku karo
nglirik Tiara.
"He he mbuh kuwi jeng. Sakarepe bocahe. Wong bubar wisudha iki mengko malah langsung
bablas mambur nyang Jakarta terus mblandhang dhines neng Prancis. Mbuh sapa iki mengko
sing arep ngurusi aku ndhik kene," celathune mas Satrio mangsuli karo ngepuk-epuk pundhake
anake.
"Ngomong-ngomong, neng Yogja iki arep pirang dina Jeng?" takone nerusake olehe jagongan.
"Lho, aku saiki rak manggon neng Yogja mas. Wis meh setaun iki," wangsulanku.
"Wow alah... tiwas kebeneran yen ngono. Aku bakale ora kesepen ditinggal dening Tiara. Aku
saiki ya leren neng kene kurang luwih wis karo tengah taun." Mas Satrio sajak seneng Ian mesem
marem nalika ngerti yen saiki aku wis pindhah ing Yogja uga.
Sakwise sapatemon kang ora kajarag kasebut, antarane kulawargaku lan mas Satrio dadi akrab.
Prasasat mas Satrio kaya wis dadi sedulur dhewe tumrap aku lan anak bojoku, kang ora
mangerteni menawa biyen nate ana crita liya antara aku lan mas Satrio.
Lan esuk iki, ganep ing yuswane mas Satrio kang kaping suwidak telu taun. Aku isih lungguh
njegreg dhewekan ana ing teras rumah sakit Dr. Sardjito. Eluhku tumetes nelesi pipiku kang wis
ora kenceng maneh, ngancani turahan tangisku kang isih mingseg-mingseg.
Sewengi aku ngancani mas Satrio ing wektu-wektu akhir hayate ing rumah sakit iki. Subuh mau,
nalika adzan Subuh ngumandhang ing mesjid; mas Satrio tangi dadakan saka komane. Kapinujon
aku lagi lungguh ing sandhinge. Melek byar, katon pasuryane kang seger kaya ora lagi nandhang
lara. Sorot mripate tajem, tajem kaya nalika isih mudha...., kang nate gawe atiku trataban biyen.
"Jeng... kok njenengan neng kene. Lho, aku iki neng endi jeng?" pitakone.
"Iya mas, iki aku Rastri. Njenengan saiki lagi ing rumah sakit. Mas Satrio wis telung dina iki
koma sakwise tiba keplesed ing Kaliurang wingi kae," aku njlentrehke alon-alon. Tangane kang
temumpang ing dhadhane tak cekel alon-alon. Akungrasake hawa kang lembut lan anget ing
dhuwur dhadhane.
Mas Satrio mesem, banjur njaluk tulung aku supaya mbantu olehe arep tangi saka peturon.
"Jeng... aku pengin sholat. Tulungana aku sedhela"
"Mas... mas sareyan wae dhisik. Aku tak ngundang dokter piket ya,” aku nyoba nahan mas Satrio
supaya ora tangi-tangi dhisik lan arep ngundang dokter ben mriksa kahanane.
"Ora usah jeng... Aku selak pengin sholat:"
Sidane aku ngalah, Ian nuruti kekarepane. Mas Satrio banjur tak tuntun menyang kamar mandhi.
"Lha garwane endi. Kok dhewekan?" karo mlaku mas Satrio isih kober nakokake bojoku.
"Ana mas. Lagi menyang mesjid, sholat Subuh:" Wangsulanku.
Sak wise mas Satrio mlebu jedhing, aku banjur golek sajadah. Kebeneran aku sangu sajadah saka
omah, terus tak gelar ing sisihe dipan mujur ngulon. Ngerti yen wis dicawisake panggonane
sholat, mas Satrio banjur miwiti anggone sholat Subuh.
"Allah.. hu akbar..." ora suwe mas Satrio wis katon khusyuk anggone shalat Subuh. Karo
ngenteni anggone sholat, aku lungguhan ana ing kursi cedhak jendhela. Kordene tak bukak
saengga aku bisa nyawang lintang Joko Belek kang isih padhang sumunar. Aku dadi kelingan
marang puisi kang nate ditulis dening mas Satrio mligi kanggo aku biyen. Puisi kuwi isih tak
simpen nganti saiki. Aku mesem nyawang Lintang Panjer Esuk kuwi kang ngelingake aku
marang crita-crita lawas kang endah Ian romantis antarane aku lan mas Satrio.
Lamunanku buyar nalika aku sadhar yen mas Satrio olehe sujud sajak suwe banget. Kuwatir yen
ana apa-apa, aku banjur nyedhaki mas Satrio kang isih sujud kuwi.
"Mas... " aku nyoba ngganggu kekhusyukane merga kegawa rasa was sumelang.
"Mas... mas Satrio, tak baleni anggonku celuk-celuk kanthi suwara alon.
Merga ora ana reaksi, akhire tak wanek-wanekake nggugah anggone sujud. "Mas... mas Satrio.."
lengene tak candhak karo setengah tak hoyog-hoyog. Panggah meneng wae....
"Mas... Masya Allah... Mas... Innalillahi..." tangisku pecah sanalika bareng aku ngerti yen
pranyata mas Satrio wis ninggalake ragane kanggo selawase. Bali ing alam kelanggengan
tumuju. marang Gusti kang tansah disuyudi sak suwene iki.
Saiki kari aku dhewekan kang meneng angluh ing emperane rumah sakit Sardjito iki. Lintang
Panjer Esuk wis angslup digenteni dening esuk kang rantak-rantak ing bang-bang wetan. Lintang
kuwi angslup nggawa janji prasetya kang nate diucapke marang aku. Aku isih kelingan ujare
biyen, yen ta mati sukemben pengin mati ing kahanan sujud amarga ing mangsa sujud kuwi,
jarene jarak paling cedhak antarane kawula lan Gustine. Dheweke uga janji yen bakal tansah
nurahake separo atine kanggo aku. Lan kuwi'kabeh disembadani...
Amanat : tekaa lan dampingi wong sing mbutuhake banget awak awake dhewe
neng sampingnge, sanajan kaanan seneng arepa sedhih
Swarga Impen
Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung.
Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo
ndeleng tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah
apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono
kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku.
Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden
nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha
piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune
biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku
nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku
njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti
opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben
aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal
endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”
“Lha nyang ngendi lho?”
“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng
swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan
Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.
Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk
wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar
nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa
wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo
mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok
macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir
liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok
dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika
dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni
ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora
wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana
bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing
semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.
Amanat : Dadi wong ojo gampang meri kudu duwe usaha
Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut,
Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono
kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo
gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku.
Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
SANDAL ANYAR
Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan
wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine,
merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi
buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane.
“Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep
nangis.
“Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo
adhine.
Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger
kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.
Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep
rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing
dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang
sing pada mekar.
Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong
sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk
siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja
mereki Eka.
“Ka, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,”
ngendikane bapake Eka.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”
Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng
sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake
SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget
mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane.
“Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal
anyar.
Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya
sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna
orange sing apik.
Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune
pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo
amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah
gole ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka.
“Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane
ibune sing sumringah lan bangga.
Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine.
“Sing werna pink mba!”
Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga wis
bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
“Matur nuwun ya mba.”
Atine Eka tambah bungah
UNSUR INTRINSIK CERPEN
1. Tema
Ekonomi
2. Tokoh
- Eka
- Rina
- Bapake
- Ibune
3. Watak
Eka :
- Penyayang. Bukti : “Eka sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine…”
- Sregeppan lan manutan. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang
omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan
manutan.”
- Pinter. Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane.”
- Gelem usaha. Bukti : ““Nggih pak,kula ajeng usaha,”
Rina :
- Nerima. Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.”
- Pengerten. Bukti : “Bocah cilik ku we wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae
kurang apa maning tuku sandal.”
Bapake :
- Kerja keras. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki
Eka.”
- Duwe pinginan sing mulya. Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging
bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.”
Ibune :
- Penyayang. Bukti : ““Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring
kowe.”
4. Latar
Panggonan :
- Ing pasar. Bukti : “Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar.”
- Ing omahe Eka. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing
kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.”
- Ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana
peserta liya sekolah.”
Wektu :
- Wayah wengi. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki
Eka.”
- Esuk-esuk. Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep
dienggo neng sekolah.”
Kahanan :
- Rame ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame
lan ana peserta liya sekolah.
- Sumringah. Bukti : “Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.”
5. Alur
Maju
6. Sesawangan
Wasana Purusa (wong ketelu)
7. Amanat
- Senajan kita sekalian ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging dewek harus duweni
ilmu sing bisa nduwurke derajat.
- Ing kehidupan harus usaha lan pantang menyerah
- Dadi wong harus kerja keras aja ngandalake wong liya.
PETENG
Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung
wujud panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes,
perih utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak
byah bebasan megung ing bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa
kabungahan kang mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing
kahanan alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang
nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter
umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma
kang wus tilar donya.
Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane
Pangeran kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT.
Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing
semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk
kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa
kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing
semono taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul
memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga
nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud
prahara bebasan katerak angin lesus.
Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-
kayane aku lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung rada
sauntara, aku kasil lulus kanthi titel sarjana S1. Apa maneh sisihanku luwih komplet, anggone
klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1, akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel
uga trengginas anggone tumandang samubarange tansah cukat.
Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging ya rada
mrina yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan
menawa ngadhepi urip. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro
tambah loro gunggunge papat. Urip sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena
kajlentrehake, nora kena katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing
madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-
nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku
katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh…
makcles garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute
tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron. ”Harus istirahat total ya, bed rest…!”
ngendikane dhokter, banget anggone wanti-wanti.
”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggonku sumaur.
Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas
gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra.
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak
rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin
ketemu karo Pake Buke…?”
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut. Pokoke
manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone
jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh
kaluwarga ngesokake sih katresnan.
Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak
pangantu-antuning pepinginan momong anak bakal kelakon.
”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya,
amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis
akeh ya Mas…,” panjaluke bojoku.
”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni dina-dinaku. Apa
maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon bungahe,
anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret.
Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa
kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11
Maret. Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang
dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti
becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak
gugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap, jam enem sida budhal
menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek
jantung. Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran
cek darah karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter
kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan
mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,” dhoktere
ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan.
Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur ditutul-
tutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
”Lho kok tidak ada denyut jantung…” Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit
tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Bayinya meninggal…!”
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng
ndhedhet… lelimengan.
UNSUR INSTRINSIKCERKAK ”PETENG”
A. TEMA : BEBRAYAN
B. ALUR : MAJU
Paraga aku anggone bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus 14
taun. Ing semono taun tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah diimpi-impi diantu-antu,
mbesuk kapan bisa mecah sepining atine paraga aku lan bojone.
14 taun wareg anggone paraga aku kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni critaning
urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane paraga aku katiti dening
dokter positif ngandhut.
Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsulyasi lan priksa menyang dokter.
Rong minggu sepisan sanja priksa dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan bojone menyang
kedokteran saperlu priksa. Nalika bojone paraga aku dipriksa, dumadakan raine dokter katon
pucet, getihe kaya mandheg.
Doktere kandha yen ora ana denyut jantjng kang bisa dideteksi. Dheg, mak jenggirat paraga
aku jumbul. Keringet adhem wiwit tumetes.
Doktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane dokter kandha yen bayine
meninggal, glaarrr.... dumadakan peteng, peteng langite peteng panyawange paraga aku.
C. LATAR :
a. Latar panggonan : Rumah Sakit
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang
dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile
priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning
kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
b. Latar Suasana : Trenyuhake
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter
positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles garinging telak
katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake
kabungahan atiku sakloron.
c. Latar wektu : Esuk
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima
bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak.
D. PENOKOHAN :
a. Aku : Sabar, pangerten
Bukti tokoh ”aku” duwe watak sabar lan pangerten ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-
nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku
katiti dening dhokter positif ngandhut.
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut.
Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon
anggone jumangkah kapapah.
b. Bojoku : Penyayang
Bukti tokoh ”bojoku” duwe watak penyayang ana ing penggalan cerkak ngisor iki
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak
rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin
ketemu karo Pake Buke…?”
c. Dokter : Ramah / sumeh
Bukti tokoh ”dokter” duwe watak tegas lan bijaksana ana ing penggalan cerkaking ngisor iki
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku
tinimbalan mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,”
E. SUDUT PANDANG : Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana cerkak uga penulis
cerkak.
F. AMANAT : Kudu sabar anggone ngadepi cobaning urip.
G. GAYA BAHASA
Gaya bahasa ana cerkak PETENG migunakake basa Jawa ngoko kacampuran basa
Indonesia
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti
becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Uga migunakake tembung mbangetake
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng
ndhedhet… lelimengan.
“Kembang Desa”
Griyane Lik Wakijo dados rame sesampunipun wonten Heni, kemenakanipun ingkang
nembe dhateng saking kitha. Heni kepengin mapan ing dusun punika ngancani paklike ingkang
sampun krama luwih saking sedasa taun ananging ngantos sapunika dereng gadhah momongan.
Amargi Pasuryanipun Heni ingkang ayunipun ngedap-ngedapi, awakipun ingkang resik, lan
seneng sesrawungan dadosaken piyambakipun dipungandrungi sedaya tiyang enem ing dusun
punika lan boten kesupen kula ugi sami ananging yen kula taksih lingsem.
Sedaya ibu-ibu ugi sami ngrasani solah bawanipun Heni lan padha ngaosaken bingung
amargi sesampunipun kenal Heni lare-larenipun asipat aneh-aneh. Menawi adhi kula Tono
punika boten nate wangsul saking griyane lek wakijo, wangsul menawi badhe siram serasan.
Menawi Sardi larenipun Lik Sumi nglindur amargi mikirke Heni. Menawi lare ragilipun Yu
Minah ingkang asma Yanto punika boten doyan madhang ananging kosok wangsulipun kaliyan
Heru ingkang sansaya katah madhangipun. Mewani kula namung nyebat asma Heni nalika
kesandung jeglug utawa nalika watuk.
Sonten kula dolan ing griyane Sri, Sri punika ngendikan menawi Heni punika dados
omonganing tiyang, ngendikanipun para ibu Heni dadosaken dusun punika rucek lan ruwet uwet-
uwetan. Sanadjan ing mriku kula inggih angsal pawarta menawi sesampunipun panen, Heru
badhe nglamar Heninanging boten dadosaken kuciwaning kula marang Heni. Kula taksih boten
saget nampi menawi Heni dipunwicantenaken kados mekaten.
Tono ugi ngendikan menawi krungu Heni dados cewek gampangan amargi sampun dados
wicantenan, ngendikanipun Heni ngandut amargi saben wayah injing piyambakipun muntah-
muntah. Mireng pawarta kados mekaten kula enggal-enggal dhateng ing griyanipun Lik Wakijo,
nalika nembe dumugi ng ngajeng pintu kula mireng Heni muntah-muntah lan wonten priyantun
ingkang ngaken Heni supados sabar. Jebule leres...saking ngendikanipun Lik Wakijo marang
kula menawi Heni punika ngandhut. Ing mriki Heni namung numpang supados boten dados
wirangipun tiyang sepuh.
Unsur Intrinsik
1. Tema :
Tema ingkang wonten ing cariyos punika inggih punika tema Panguripan amargi saking cariyos
punika saged dipuntingali panguripan manungsa ing bebrayan. Menawi salah satunggalipun
tiyang nindhakaken prekawis awon dadosaken wicantenan tiyang kathah.
2. Tokoh lan Penokohan
No. Tokoh Penokohan
1. Heni
Kemenakanipun Lik Wakijo ingkang ramah, pinter
Srawung ananging boten purun ngrampungi
prekawis.
2. Lik Wakijo Petanidusun ingkang ramah lan jujur.
3. Tono
Adhine Agus igkang seneng geguyon lan nggodani
Agus.
4. Gito
Lare enem ingkang boten purun ngalah, asifat
wuyung lan seneng ndhagel.
5. Agus
Panganggit ingkang remen ngalamun, isinan,
wedinan, lan boten nate nyariosaken prekawisipun
marang tiyang sanes.
6. Lik Siti Seneng takon ananging boten mudengan.
7. Mbah Waginah Seneng takon
8. Mbok De Parti Seneng sambat lan anyel.
9. Sardi Nglinduran.
10. Lik Sumi Gawe ger-geran
11. Yanto
Larenipun Yu Minah ingkang boten
purun madhange amargi amargi kelingan kalih
lirikanipun Heni.
12. Yu Minah Ibune Yanto ingkang remen rasan-rasan.
13. Lek Tumirah Ibune Gito, melasan.
14. Ibuku (Agus) Melu anyel
15. Heru
Putune mbah Wagimah ingkang sansaya kathah
madhange ngantos boten ngumani adhine.
3. Alur
bIng cariyos punika ngginaken Alur Maju amargi prastawanipun urut saking awal dumugi
pungkasan. Nalika Heni nembe dumigi griyanipun Lik Wakijo, ingkang dadosaken sedaya
priyantun enem tresna marang piyambakipun ngantos Heni prayata yen ngandhut.
4. Latar
a. Papan
1) Omahe Lik wakijo.
- “Omahe Lik Wakijo malah dadi rame saploke ketambahan jiwa”.
- Tekan ngarep omahe Lik Wakijo aku mandheg.
2) Omahe Agus
“Tekan omah aku terus nyandhak gawe dandan lampu ruwangan ngarep”.
3) Omahe Sri
“Aku mau lak dolan neng omahe Sri, terus aku dicritani ibune”.
b. Wekdal
1) Esuk, awan, sore.
“Esuk, awan, tekan sore, ora tau benggang wong”.
2) Sore
“Sorene aku pamit mulih dhisik”.
3) Dina-dina candhake.
“Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa.
4) Wayah awan.
“Omahe katon sepi pancen iki wayah awan gek panase kaya ngene”.
c. Suasana
1) Seneng
“Kahanan omah katon regeng lan gayeng, padon ngguyu, gojegan, lan ana uga sing nyanyi sambi
gitar-gitaran”.
2) Kisinan.
“Aku mesem kisinan”.
3) Kesiksa.
“Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa”.
4) Ngalamun.
“Huuu, tujune dheweke ora ngerti nek aku ngalamun”.
5) Nesu
“kuwi jenenge srei, iri, sirik,” nesuku metu.
6) Kaget
- “ Meteng?” aku sansaya kaget.
- Jantungku ya arep pedhot nalika krungu tembunge sing mburi. Heni ngandhut? Dhuh gusti...
7) Gugup.
“Lik Wakijo katon gugup banget, katon pakewuh lan clingukan, ora kaya padatan”.
8) Bingung.
“Aku ora bisa kumecap apa-apa meneh”.
5. Sudut Pandang
Ing cariyos punika ngginakaken sudut pandang orang pertama akuantak sertaan (first person
peripheral) amargi paraga “aku” biasanipun namung dados pambiyantu utawi pengantar paraga
sanes ingkang langkung wigati. Ing cariyos “Bunga Desa” Agus minangka paraga “aku” dados
pambiyantu paraga Heni ingkang dados paraga utami.
6. Gaya basa
a. Apa maneh bocahe jan ngedab-ngedapi tenan...ayune! (Hiperbola)
b. Sabanjure Heni prasasat dadi kembange desa kene. (Hiperbola)
c. Rangkinge wis adoh sandhuwure Santi lan Nina sing maune dadi kembang lambene kabeh nom-
noman. (Hiperbola)
d. Apamaneh sajake Heni pinter srawung, cepet, raket karo wong sing lagi tepung. (Purwakanthi
guru swara)
e. Rasane aku kepengin nteret wong kuwi terus tak gebugi kareben kapok encit. (Rura basa)
f. Mesti bae katon ayu menik-menik. (Hiperbola)
g. Kesandhung jeglug, Heni, nglindur Heni, nganthi mangan keselek-selek sing disebut yo Heni.
(Hiperbola)
h. Kepiye ora, nek aku ora wani mrana dhewe, aku mesthi rame-rame sakancaku dadi aku ora
komanan apa-apa. (Paradoks)
i. Uga adhiku sing usile rong kecamatan kae. (Hiperbola)
j. Ah, aku dadi ribet dhewe, kesiksa dhewe, lara ati dhewe, aku kudu piye? (Purwakanthi guru
swara)
k. Marakake rucek, ruwet, uwet-uwetan. (Purwakanthi guru sastra)
Asal – Usule Kembang Terate
Dhek jaman biyen, ing tlatah Gunung Semeru ana raja kang wicaksana lan gemati banget
marang rakyate. Mimpin salah sijine kerajaan sing jenenge Umbul Wening. Raja kuwi asmane
Prabu Ranubaru. Prabu Ranubaru nduweni putri tunggal sing ayu banget, jenenge Dewi Arum.
Sang Putri nduweni karemenan adus lan lumban ing sendhang. Yen wis kadhung lumban lan
dolanan banyu dheweke lalimaem lan ngaso. Semono uga tugas liyane, asring ndadekake raja lan
prameswari ngelikake tumindake.
Nuju sawijining dina, Negara Umbul Wening kaserang pageblug. Pendhudhuk desa akeh
sing kaserang pageblug kuwi engga saperangan tiwas. Raja sedhih banget mikirake kahanan iki,
wis akeh tabib lan brahmana ditekakake kanggo ngawekani, nanging ora kasil.
Rikala raja wis nyedhaki pasrah, banjur teka sawijining brahmana ngadhep sang raja.
Brahmana kuwi crita, sajroning semedi kaya-kaya dheweke entuk wangsit yen wabah pageblug
kuwi bisa diprantasi nganggo sajinise sekar, lan sekar kuwi thukul ning tengah telaga sing ana
sajroning alas Kreda Wahana, lan kudu dijupuk dening putri raja dhewe.
Raja meneng sauntara wektu, mbayangake yen papan pinuju alas Kreda Wahana kuwi
angel tur mbebayani banget. Ing kana akeh kewan brangasan sing nggegirisi, nanging pikiran
kuwi diilangake. Kanggo katresnane raja marang rakyate.
Banjur raja nimbali putrine, njur dicritakake sakabehe. Dikancani dhayang kesayangane,
Nyi Empul, putri Dewi Arum mangkat. Akeh alangan sing ditemoni sang putri sasuwene
pangumbaran, nanging ora digagas. Wusana bisa tekan uga sang putri ing telaga kasebut. Nalika
ndeleng blumbang kang bening ing tengahe alas, sang putri ora bisa nahan pepinginane.
Dheweke banjur adus lan lelumban ing blumbang. Wis bola bali Nyi Emplung ngelikake tugase
sang putri, nanging ora digagas bababr pisan.
Raja lan sakabehe rakyat wis padha ngenteni. Nanging putri ora teka-teka uga. raja
tambah sedhih lan bingung nalika sang prameswarine uga ditulari penyakit kasebut. Merga ora
sabar, raja banjur nyusul sang putri.
Satekane ing tlaga kuwi, apa sing dipirsani? raja ora kuwat nahan dukane., mirsani Dewi
Arum enak-enakan ciblon lan lelumban dolanan banyu. Tanpa sadhar raja ngendikan.
“Hei Dewi Arum, apa kowe wis lali marang tugas sing takembanake? Ora sapantese
kowe dadi putri raja! Luwih becik kowe dadi tetunggune telaga iki wae!” Wis dadi kekarepane
Gusti, sawise nyabda Dewi Arum ilang saka pandulu. Sing ana mung satekem sekar sing endah
ana tengah-tengahe telaga. Raja ndelengi sekar terate kuwi, raja getun banget nanging kabeh mau
wis kelakon, wis dadi kersane Gusti Kang Maha Agung.
Kanthi ati sedhih lan deresing waspa, sekar mau dijupuk banjur digawa bali. Saka
kuwasane Gusti, sekar kuwi bisa marasake prameswari lan kabeh rakyate.
B. NILAI INTRINSIK
1. Tema : Lali Marang Tumindake
2. Alur :
 Prabu Ranubaru mimpin Umbul Wening, nduweni putri kang seneng adus lan lumban ing
sendhang, Dewi Arum
 Negara Umbul Wening kaserang penyakit mbebayani
 Akeh tabib lan brahmana ditekakake, nanging ora kasil
 Raja wis arep pasrah, nanging banjur ana brahmana kang nudhuhake obat yaiku sekar ing
tengah telaga kang kudu dijipuk dening putrine
 Dewi Arum lunga dikancani Nyi Empul
 Dewi Arum weruh blumbang kang bening lan adus ing blumbang kuwi.
 Raja nyusul putrine lan duka kanthi ngendika yen Dewi Arum ora pantes dadi putri raja.
 Dewi Arum malih dadi kembang terate kang bisa dadi tamba penyakit mau
3. Paraga lan watak:
 Prabu Ranubaru, watake wicaksana lan gemati marang rakyate, gampang duka, ora sabar.
 Dewi Arum, watake ora tanggung jawab, gampang lali merga kasenengane, ora nggagas
pangelikan.
 Prameswari, watake tansah setya ngelingake putrine.
 Nyi Empul, watake ngurmati
4. Papan Panggonan
 Tlatah Gunung Semeru
 Negara Umbul Wening
 Alas Kreda Wahana (telaga lan tengah alas)
5. Pesen saka Crita / Amanat
a. Ojo gampang kelayu marang kanikmatan donya.
b. Yen duwe tanggung jawab utawa amanat luwih becik enggal dilakokake lan ojo nganti lali
nglakokake.
c. Prayogane bisa nahan duka lan ngedohi ucapan kang ora perlu nalika duka.

More Related Content

What's hot

Laporan Praktikum Mengamati Sel
Laporan Praktikum Mengamati SelLaporan Praktikum Mengamati Sel
Laporan Praktikum Mengamati SelWien Adithya
 
Laporan Praktikum Pertumbuhan Tanaman Kacang Hijau pada Media yang Berbeda
Laporan Praktikum Pertumbuhan Tanaman Kacang Hijau pada Media yang BerbedaLaporan Praktikum Pertumbuhan Tanaman Kacang Hijau pada Media yang Berbeda
Laporan Praktikum Pertumbuhan Tanaman Kacang Hijau pada Media yang BerbedaArvina Frida Karela
 
Praktikum Fotosintesis Pada Percobaan Sach
Praktikum Fotosintesis Pada Percobaan SachPraktikum Fotosintesis Pada Percobaan Sach
Praktikum Fotosintesis Pada Percobaan SachHariyatunnisa Ahmad
 
Naskah drama pertengkaran
Naskah drama pertengkaranNaskah drama pertengkaran
Naskah drama pertengkaranagung hanafi
 
Contoh naskah drama musikal sederhana
Contoh naskah drama musikal sederhanaContoh naskah drama musikal sederhana
Contoh naskah drama musikal sederhanaalthofaji
 
CERPEN SUDUT PANDANG KETIGA "JIKA KAU SAHABAT"
CERPEN SUDUT PANDANG KETIGA "JIKA KAU SAHABAT"CERPEN SUDUT PANDANG KETIGA "JIKA KAU SAHABAT"
CERPEN SUDUT PANDANG KETIGA "JIKA KAU SAHABAT"Nur Widdya Kurniati
 
Naskah drama (global warming)
Naskah drama (global warming)Naskah drama (global warming)
Naskah drama (global warming)Nurul Wulandari
 
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"ripto atmaja
 
Laporan praktikum biologi GERAK REFLEKS PADA MANUSIA
Laporan praktikum biologi GERAK REFLEKS PADA MANUSIALaporan praktikum biologi GERAK REFLEKS PADA MANUSIA
Laporan praktikum biologi GERAK REFLEKS PADA MANUSIAKlara Tri Meiyana
 

What's hot (20)

Laporan Praktikum Mengamati Sel
Laporan Praktikum Mengamati SelLaporan Praktikum Mengamati Sel
Laporan Praktikum Mengamati Sel
 
Laporan Praktikum Pertumbuhan Tanaman Kacang Hijau pada Media yang Berbeda
Laporan Praktikum Pertumbuhan Tanaman Kacang Hijau pada Media yang BerbedaLaporan Praktikum Pertumbuhan Tanaman Kacang Hijau pada Media yang Berbeda
Laporan Praktikum Pertumbuhan Tanaman Kacang Hijau pada Media yang Berbeda
 
Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "
Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "
Naskah Drama " Pak Bayan Gagal Nyaleg "
 
Laporan Resmi Praktikum Biologi Uji Makanan
Laporan Resmi Praktikum Biologi Uji MakananLaporan Resmi Praktikum Biologi Uji Makanan
Laporan Resmi Praktikum Biologi Uji Makanan
 
Naskah drama 4 orang persahabatan
Naskah drama 4 orang persahabatanNaskah drama 4 orang persahabatan
Naskah drama 4 orang persahabatan
 
Jaka tarub
Jaka tarubJaka tarub
Jaka tarub
 
Taubatnya Preman Sekolah
Taubatnya Preman SekolahTaubatnya Preman Sekolah
Taubatnya Preman Sekolah
 
Praktikum Fotosintesis Pada Percobaan Sach
Praktikum Fotosintesis Pada Percobaan SachPraktikum Fotosintesis Pada Percobaan Sach
Praktikum Fotosintesis Pada Percobaan Sach
 
Naskah drama pertengkaran
Naskah drama pertengkaranNaskah drama pertengkaran
Naskah drama pertengkaran
 
Contoh naskah drama musikal sederhana
Contoh naskah drama musikal sederhanaContoh naskah drama musikal sederhana
Contoh naskah drama musikal sederhana
 
Laporan Resmi Praktikum Biologi Fotosintesis
Laporan Resmi Praktikum Biologi FotosintesisLaporan Resmi Praktikum Biologi Fotosintesis
Laporan Resmi Praktikum Biologi Fotosintesis
 
Laporan proyek model 3D sel hewan
Laporan proyek model 3D sel hewanLaporan proyek model 3D sel hewan
Laporan proyek model 3D sel hewan
 
Cerpen "Meraih Mimpi"
Cerpen "Meraih Mimpi"Cerpen "Meraih Mimpi"
Cerpen "Meraih Mimpi"
 
CERPEN SUDUT PANDANG KETIGA "JIKA KAU SAHABAT"
CERPEN SUDUT PANDANG KETIGA "JIKA KAU SAHABAT"CERPEN SUDUT PANDANG KETIGA "JIKA KAU SAHABAT"
CERPEN SUDUT PANDANG KETIGA "JIKA KAU SAHABAT"
 
Naskah drama (global warming)
Naskah drama (global warming)Naskah drama (global warming)
Naskah drama (global warming)
 
Laporan praktikum
Laporan praktikumLaporan praktikum
Laporan praktikum
 
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
NASKAH DRAMA "Kebencian sahabat hanya sesaat"
 
Naskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orangNaskah drama 7 orang
Naskah drama 7 orang
 
Contoh cerpen persahabatan
Contoh cerpen persahabatanContoh cerpen persahabatan
Contoh cerpen persahabatan
 
Laporan praktikum biologi GERAK REFLEKS PADA MANUSIA
Laporan praktikum biologi GERAK REFLEKS PADA MANUSIALaporan praktikum biologi GERAK REFLEKS PADA MANUSIA
Laporan praktikum biologi GERAK REFLEKS PADA MANUSIA
 

Viewers also liked

Crito Jawa Lan Unsusr Intrinsik
Crito Jawa Lan Unsusr IntrinsikCrito Jawa Lan Unsusr Intrinsik
Crito Jawa Lan Unsusr IntrinsikFirdika Arini
 
Cerkak (Cerita Cekak)
Cerkak (Cerita Cekak)Cerkak (Cerita Cekak)
Cerkak (Cerita Cekak)Rio Anggala
 
Cerita Cekak Bahasa Jawa
Cerita Cekak Bahasa JawaCerita Cekak Bahasa Jawa
Cerita Cekak Bahasa Jawadyahcitta
 
CONTOH CERKAK (BASA JAWA)
CONTOH CERKAK (BASA JAWA)CONTOH CERKAK (BASA JAWA)
CONTOH CERKAK (BASA JAWA)Nylla Aisyah
 
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningCerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningAgoeng R Aiueo
 
Cerkak intrinsik
Cerkak intrinsikCerkak intrinsik
Cerkak intrinsikwilmail9
 
Cerkak bhs jawa
Cerkak bhs jawaCerkak bhs jawa
Cerkak bhs jawagagallogin
 

Viewers also liked (8)

Crito Jawa Lan Unsusr Intrinsik
Crito Jawa Lan Unsusr IntrinsikCrito Jawa Lan Unsusr Intrinsik
Crito Jawa Lan Unsusr Intrinsik
 
Cerkak (Cerita Cekak)
Cerkak (Cerita Cekak)Cerkak (Cerita Cekak)
Cerkak (Cerita Cekak)
 
Cerita Cekak Bahasa Jawa
Cerita Cekak Bahasa JawaCerita Cekak Bahasa Jawa
Cerita Cekak Bahasa Jawa
 
CONTOH CERKAK (BASA JAWA)
CONTOH CERKAK (BASA JAWA)CONTOH CERKAK (BASA JAWA)
CONTOH CERKAK (BASA JAWA)
 
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa PeningCerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
Cerita rakyat bahasa jawa, Keong Mas, Jaka Tarub, Rawa Pening
 
02 rpp kbj 4
02 rpp kbj 402 rpp kbj 4
02 rpp kbj 4
 
Cerkak intrinsik
Cerkak intrinsikCerkak intrinsik
Cerkak intrinsik
 
Cerkak bhs jawa
Cerkak bhs jawaCerkak bhs jawa
Cerkak bhs jawa
 

Kumpulan cerkak

  • 1. KUMPULAN CERKAK TUGAS BHS. JAWA TERESA AMALIA PURBA X MIPA 7 / 36 SMAN 1 SEMARANG 2015/2016
  • 2. PETASAN Dina iki dina sing nyenengna kanggo Santi. Saiki yaiku dina pisan pasa. Kanggo Santi, bulan pasa yaiku bulan sing paling istimewa. Saben sawis bukak pasa,Santi lan kanca-kancane lunga menyang masjid kanggo sholat Maghrib berjamaah. Nuli dekne kabeh dolanan neng njaba masjid nunggu kanggo sholat isya dn sholat sunah tarawih. "Bunda, aku arep lunga menyang masjid dhisik ya, padha kanca-kanca," tembung Santi njaluk izin nang bundanya. "Iya oleh, ati-ati ya, neng dalan. Eling aja dolan petasan yo, kembang geni boleh wae," jawab emboke. "Becik, Bunda, Santi sanuli eling pesan saka Bunda," jawab Santi karo menehake salam. "Assalamu'alikum," tembung Santi marang bundanya nuli lunga. "Waalaikum'salam," jawab emboke. Santi pun cepet lunga menyang masjid. Neng masjid ora ana sapa-sapa. "Endi kanca-kanca ya," tembung ati Santi sing terus takon. "Ah, bokmenawa dekne kabeh ana neng warung," tembung Santi lan menuju menyang warung sing cedhak cedhak karo masjid. Jebulna bener, kanca-kanca Santi lagi ana neng warung. "Hai Santi, koe tak tunggu-tunggu, kok, kowe ora ana?"takon sawong kancane sing nduwe jeneng Sarah. "Apura, mau aku makane alon," tembung Santi. "Ya wis ora apa-apa,awake dhewe dolan petasan ayo," ajak Sarah. "Aku ora arep ah, tembung Bunda kuwi berbahaya banget," tembung Santi. "Ya wis, yen kowe ora arep, ake ae sing dolan," Sarah ketoe nesu. Akhire, Santi mung ndeleng kanca-kancane dolanan karo lingguh saka kadohan. Rasane ora seneng yen mung linggah-lingguh wae karo ndeleng wong dolanan. "Kanca-kanca aku arep melon," tembung Santi. Santi mileh kanggo dolanan karo kanca-kancane saka nang linggih dhewen. Dudune Santi wis diwanti-wanti kanggo ora dolanan petasan saka emboke? Santi mengabaikan apa pesan saka emboke. "Yey apik," tembung Santi. ning, "Ehhhh, auwwwwwwwww,"lara Santi. Tangan Santi kena petasan sing tiba. Santi pun nangis. Bokmenawa larane nyat nyut linuwih. Santi diterna menyang omahe saka kanca-kancane. Sanganti neng omah, embok Santi kaget amarga krungu anake nangis. "Astagfirullah, Santi kowe ngapa?" takon emboke. Santi isih rumangsa lara lan ora teras njawabe, Sarah pun sing njawabe. "Mau dolanan petasan, lan tangan Santi tatu kena petasan," tembung Sarah. "Apa tembung Bunda, aja dolan petasan," Bunda Santi rodo nesu. "Iya Bunda, apurakne Santi," Santi membak membik. Bokmenawa manut, tangane Santi mestine ora kebledosan mercon. Amanat saka wacan cerkak kasebut yaiku , aja dhemenorakrungokake prentahsaka wongtua.
  • 3. KEMBANG TURU LAN TRESNA Suruping donya wis ganti dadi esuk,suara kicau ing manuk ning dhuwur wit cedhak omah, nangiake wong wadon sing turu ing kasur putih.Kamare ora rapi nanging bisa gawe penak sing duwe .Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing membengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.Sepasang sandal sing ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut pinuju kamar mandi sing cedhak karo ambene.Dheweke banjur adus,ora lali nanggo sabun lan shampo. Sakwise adus banjur metu seko kamar mandi lan nganggo seragam putih abu-abu sing anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku pinuju kaca sing ana ing cedhak rak- rakane.Nyisiri rambute sing dawa,alus lan endah.Ora lali nganggo jepitan pita warna abang saengga nambah gawe ayune.Mbak inah sing gaweane ngrawat wong kuwi dawuhi Dinda pinuju mangan ing meja makan. Sakwise iku, Dinda wis nganggo seragam rapi lan tas sing kebak karo buku pelajaran musik.Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng. Dinda banjur mangan lan langsung mangkat sekolah.Nanggo motor , Dinda nge-gas banter banget pinuju sekolahe sing cedhak karo omahe.Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba tanda gerbang wis arep ditutup.”Tunggu pak, gebange ampun ditutup rumiyin.Kula ajeng mlebu pak,Tulung bukake pak..”suwun Dinda.“kowe ki rak siswa anyar ,mangkat sekolah kok awan ngene iki.Iki ki lagi sepisanan mangkat sekolah,eh kok telat..piye nek dina sateruse.” tutur pak satpam. Dinda meneng nggolek akal supaya bisa mlebu,Dinda gawe rupa melas kaya wong telung dina ora mangan.Ngrasa mesakake pak satpam banjur mbukake gerbange.”awas yo ,nek sesuk telat maneh! Ora arep tak bukake gerbange…!” pak satpam nggrundel. Dinda langsung markirke motor trus mlebu kelase sing anyar. Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni.Ruang kelase jembar serta akeh benda – benda sing bisa gawe suara merdu kayata piano,drum,gitar listrik,gitar akustik,terompet,harmonica,biola lan sapanunggalane.Temboke dikeki ukiran gambar –gambar tembang. Pokoke kabeh serba tembang..”apa bener kowe sing jenenge Dinda Sukma Putri??? takon bu guru . Dinda nanggepi ulas-ulas “ Ee…enggih bu..Kula Dinda Sukma Putri.Bu guru saged nimbali kula Dinda mawon.Kahanan opo iki,Dinda ora reti.Dinda mung bisa mikir lan nebak –nebak wae.Manapa kok bu guru iso nakoni kayo ngono. Apa amargi dinda suwi mlebu kelase apa amargi ora nggedok lawange. Apa apa??? Lamunane rampung sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe ngayonke tangane ning arep rupane.”Hey..dinda…kowe ki ngapa ??apa kowe lagi loro?? Ngapa kok rupamu koyo wong sing lagi ndelok hantu gentayangan..?” Dinda dadi kaget krungu ana hantu gentayangan “haa?? Apaa???hantu ??? hantu endi hantune ??? simbahku bisa ngusir hantu lho ..? ben tak celuke simbahku supaya hantune ditangkap..Kabeh meneng pada binggung siji lan sijine. Sakwise kuwi kelas sing maune tenang dadi rame..” hhaahaa… Dinda Dinda..kowe ki ngomong apa ta ?? hantu ?? Jelas-jelas hantune ki kowe.. kok malah takon ,.kowe ora reti ta? Kowe ki kaya hantu.Rambutmu dawa,ireng,kulitmu putih kaya susu,ditambah bunderan ireng nang matamu.Coba kowe madhep mburi.mesti ana bolongane ..,hahaha”omong salah siji murid lanange. Dinda nutupi matane ,dheweke isin amargi bunderan ireng nang matane kuwi disebabake kurang turu.Dinda kelingan membengi turu jam siji mbengi amarga kesenengan gawe lagu aransemene . Bu guru nakoni Dinda “ membengi kowe turu jam pira Dinda?? kowe ora kelingan nek hari iki hari sepisanan mangkat sekolah ta ?” Dinda sing isih isin mbukak tangane sing nutupi rupa ayune.” Kula nyuwun pangapunten bu..”Buguru maklumi wangsulane Dinda trus neruske pelajaran kepisan mau sing sempet mandhek.”Yowis..anak-anaku,sak iki bu guru pengin reti bakat kepisan kowe kabeh,mboh kuwi nari,nyanyi,mainke alat musik terserah kowe,sing penting maju nang ngarep.” Siswa pada maju nang ngarep nunjukake bakat sing diduweni.Bocah lanang kang perawakane dhuwur,rambut ireng,ganteng maju nang ngarep.Slirane banjur nari,Tangane tengen lang kiwa cakap madukake karo tembang rep ring ding dong ring ding dong…Tangane kaya sayap garuda sing mabur ing angkasa.sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih,Ing pungkasan , tariane sempurna banget.Suara keplokan saka siswa laine nggelegar.. mak dheg rasane ning ati Dinda nalika wong lang kuwi mau mlaku pinuju ing ngarepe lan nepuk pundake sing cilik.” Saiki giliranmu,..moga sukses anggonmu maju..”Batine Dinda rada geter kaya wong kang lagi ketaman asmara. Dinda banjur maju ning ngarep lan mulai aksine..aksine sing luar biasa.. Suara piano kang merdu..endah,,alus,,lan tentrem.. kabeh siswa pada larut karo suara merdune. Ana lagu ning kalbuku, Kuwi lagu sing nggawe aku tentrem,
  • 4. Meneh lan meneh, Aku nduwe angen, Angenku ora bakal mandhek nang kene, Aku percaya karo mimpiku, Aku mung wong wadon sing duwe mimpi, Aku percaya karo mimpiku, swara keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh.para siswa seka kelas liya pada melu ndelok lan keplok-keplok.Ana wong wadon ayu ndelok Dinda akeh iri.” Aku..ora bakal kalah karo kowe,kowe mung itik kang elek rupa sing mung sepisan untung,..namung aku pada kaya itik kang endah sing mbendina untung “Linda ninggalke kelas iku,. ~~nang kantin sekolah~~ “Wahh…penampilanmu apik banget din, suaramu merdu lan alus bisa gawe tentrem nang atiku…”omong Siska. ”Luar biasa, bakatmu luar biasa din..tanganmu trampil mencet grand piano kuwi..” tambah wong lanang keriting iku…Kamangka, Siska lan Bimbo duwe bakat sing pada luar biasane..siska sing duwe awak apik bisa nari,..lan Bimbo sing setya karo gitare sing digawa nang ngendi-ngendi. ~~6 wulan sakwise ~~ Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane.Angene nerusake sekolah ing luar negeri yaiku Universitas Seni London gedhe banget.Nalika dina kang untung Dinda entuk pengumuman saka Ibu guru. “Anak-anaku ,,Ibu arep ngumumake kanggo kepirang siswa.Ibu pengin ngucapake selamat kanggo kowe kabeh,moga kowe kabeh bisa sukses..” Suasana dadi rame lan kabeh siswa dadi penasaran ..” menapa pengumumanipun ibu guru ?? Mboten sah gawe kita penasaran.” Sakwise suasana tenang ibu guru nerusake pituture mau.” Dinda,Siska,Linda,Bimbo,lan Rando entuk beasiswa sekolah Nang Universitas Seni London tanpa biaya ,kowe yo podo entuk pesangon saka pemerintah.Sak wulan mengkas kowe podo arep Ujian Akhir,ibu guru ngarep kowe bisa nampilke sing terbaik nang ngarep juri,”Kabeh kaget,sing utama kelima wong mau.Dinda kaget,Akhire angenne bisa kelakon.Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene iki. Dina arep ujian akhir samsaya cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri wus pada manggon nang kursine dhewe-dhewe.Siswa-siswi gantian munggah panggung lan nampilke tampilan sing paling apik.Kabeh siswa ora reti sing ditampilke apik opo ora,sing penting wis usaha nampilke sing paling apik. Saiki gilirane dinda,dheweke ngrasa gugup.Aneh.Padahal biasane ora ngrasa gugup kang gedhe banget kaya ngene.Wong saka mburi nepuk pundak Dinda,”Kowe mesthi bisa Dinda,Kowe kan wus latihan keras nganthi saiki ta ? ngapa mesthi wedi apik apa ora.lakonke sing terbaik SEMANGAT.Oke?? “ Rando mbagekake grapyak.Dinda mesem lan ngangguk “oke,, nuwun ya Ndo,penampilanmu mau apik banget lho,aku seneng karo tarianmu “ Rando sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu “hahhaa..ngapa mung seneng karo tarianku,,,lha nek karo aku seneng ora ??? hahaha” Dinda kaget.Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung. Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora ana…Aku persembahke lagu iki kanggo wongtuwaku,guru-guruku,lan wong sing lagi wae maringi aku semangat….Dinda langsung nyanyi,.Swara gitar sing dipetik dinda kaya lagu nang surga kang bisa damai lan tentremake ati kang lagi gundah.Kabeh terpesona,kalebu juri kang ana ing ngarep.Sakwise kuwi,acarane rampung. Akhire dina keberangkatan pinuju London wis cumepak.Nang pesawat.wong wadon nyedhaki dinda.Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe dinda sethitik ora nyaman.”kowe mesthi ngrasa seneng ta?.saiki kowe bisa seneng sikek.Segedhe apa usahamu,kowe bakal kalah saka aku “ Dinda kaget lan mesem sethitik dipeksa “ akuu ….akuu ora bakal kalah saka kowe..” Linda karo meseme sing sinis mangsuli “ lakonke sing terbaik,kawan..” Meneh lan meneh,dinda digawe kaget karo wanita iku.Sikep lan tindak – tanduke sing saksuwene iki ditunjuke mung dinggo gawe aku terpacu bisa menang.Linda banjur lunga ninggalke dinda sing isih kaget. Sakwise penerbangan puluhan jam,akhire tiba nang London.Dinda mlaku nang antara wong-wong kan lalu lalang nang bandara,Rando saka mburi ngampiri Dinda sing kabotan gawa kopere.Rando mbantu nggawakake koper gedhe iku..”piye…?perjalanane,nyenengake ta ? rando takon. “ nuwun ya Ndo,..” wangsulane dinda kang swarane nganggo nada rendah saengga rando ora bisa krungu suwarane.”nuwun wis dadi Inspirasiku sak suwene iki…” dinda neruske
  • 5. omongane.Wong loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake isin pinuju bis kang nganter ning penginapan. Kembang turu,Tresna,krasa bahagia umpama nduwe rasa iku.Usaha,kerja keras lan donga kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene.Dinda reti,perjalanane ora mung mandhek ketok kene.Dheweke pengen sinau,lan nggolek pangerten apa kang sebelume ora diretini.Dinda wani duwe pangangen-angen,lan pangangen-angen kuwilah kang bisa nganterke dheweke ketok kene. Amanat saka wacan cerkak kasebut yaiku :  Saben manungsa kudu duwe mimpi kang bisa dadi penyemangat utawi pacuan supaya bisa dadi sukses  Usaha,kerja keras,Donga kang dadi utama sukses.  Bakat manungsa iku kudu dikembangke.
  • 6. Nasibe Manungsa Srengengene menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dhasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak encik kaya ngiocotake dlamakan sikil. Dakdhengak srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Naning panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon terus wae dakpecaki. Kiwa tengene dalan setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning godhong-godhong jagung kang katon sapendeleng ing adoh kana. Sauntara gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racak sing duwe gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha sing jare luwih gampang. "No, Darno! Reneya!" Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani Kang Parman. "Iki Iho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik" sumeh, grapyak semanak, lan eseme sing ngatonake untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka lageyane Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel godhong lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug. "Rumangsaku pakah gubugmu sempal Kang, kok celuk-celuk. Tiwas kebeneran, malah ana undangan pesta kebun," sautku nggo pantes-pantes. Kang Parman ngetokake rokok sing durung dibukak segelane. "Ponakanmu wingi rak tilik ngomah” tangane Kang Parman uwet mbukak bungkus rokok. Banjur ndudut sak ler, terus disumet. Aku sing saben dina udutku mung mbako gewol, ya melu- melu makmum ngrasakake nikmate rokok. "Kerjane neng endi ta, Kang?" "Neng pabrik plastik. Mbuh, saiki jare wis munggah dadi mandhor. Jare lumayan ceperane" "Yen dadi mandhor ya pancen lumayan tenan, Kang. Kerjane ya penak, mung kari ngawas-ngawasi," sambungku karo ngleleg tela. "Maune lulusan apa, Kang?" aku nyambi nglangga teh ning botol aqua sawise gorokanku krasa seret. Wah, tehe kok ya ngungkuli teh sosro. Legi sepet-sepete krasa tenan. "Mung SMA, jane ya njaluk kuliah maune. Ning kowe dhewe rak ya ngerti kahananku. Nyekolahake tekan lulus SMA wae wis mengkis-mengkis ning dhadha, kok ndadak arep nekat nguliahke, ya sida pedhot napasku. Yen bocahe ngono ya pinter, wong oleh rangking siji terus, kok. "Tangane Kang Parman ndudut tela sak puk. "Aku ya ngandel yen anakmu kuwi pinter kaya bapake," eseme Kang Parman mlethek nyigar lambene krungu pangalembanaku. Ning tenan, nalika isih sekolah Kang Parman kuwi biyen pinter dhewe sak kelas. "Ning pinter iku jebul kalah karo sing jeneng begja. Kowe rak eling Umar kae ta?!" "Kancane dhewe sing goblog, ngowoh, pahpoh kae?" takonku. Kang Parman manthuk. Pancene kabeh kancane sakelas Umar kalebu aku lan Kang Parman, padha ngarani yen Umar kuwi bocah sing paling bodho. Mosok nalika guru biologi takon kebo kuwi manak apa ngendhog, wangsulane jare ngendhog. Mesthi bocah sakelas padha ngguyu cekakakan, kalebu Pak Guru kang kudune nesu. Lucu meneh yen wayahe nembang utawa nyanyi, tembang utawa lagu sembarang dhengah, iramane padha wae, kaya wong menek. Saka ngisor mendhuwur tanpa cengkok, ndlujur. Dadi yen Umar giliran nembang utawa nyanyi, padha karo ing kelasku ana dhagelan. Nganti kaku neng weteng merga kemekelen. Malah Bu Guru Eni, guru kesenian, rikala lagi sepisanan krungu tembang lan nyanyiane Umar, merga saking ngempet ngguyu nganti mlayu neng kamar mandi. "Kowe ngerti, Umar kae saiki dadi Kepala Sekolah" kandhane Kang Parman gawe kejotku. Mripatku nganti mblalak amba. Lha kok bisa! Kepala Sekolah kuwi wiwitane rak kudu dadi guru dhisik. Kamangka guru kuwi dadi narasumber kang pener lan bener. Gek-gek ndang menehi soal marang muride, kebo kuwi ngendhog dibenerke. Rak payah! Utawa gek-gek nalika didhaulat muride supaya nembang utawa nyanyi, eh, ora bisa mbayangke aku. E, Iha sapa ngerti, yen nembang utawa nyanyi dadi guyon, ndang lagu ndhangdhut utawa pop malah jagone. Sapa ngerti! "Kok kowe ngerti yen dadi Kepala Sekolah, sing menehi kabar sapa ta, Kang!"
  • 7. Banjur Kang Parman crita. Biyen sakluluse saka SMP (bocah bodho kok ya bisa lulus), Umar ngulandara golek gaweyan ning kutha Semarang. Saben dina Umar ngleyeng menyang kantor- kantor, menyang pabrik, nawakake tenagane supaya ditampa nyambut gawe. Nanging kantor- kantor sing dileboni, racak ora ana lowongan. Mung bandha ijazah SMP wae, arep diseleh ngendi. Lowongan sing pas ya mung penjaga utawa pesuruh: Emane kantor-kantor sing dileboni wis ana penjagane. Saben dina dheweke ditampik saka kantor siji menyang kantor sijine meneh. Saka pabrik siji menyang pabrik liyane. Nanging Umar sajak ora nglokro. Najan yen bengi direwangi turu ing mesjid utawa terminal, esuke panggah nerusake niyate golek gaweyan. Mbokmenawa iki sing dadi kehebatane utawa keluwihane Umar. Yen cita-citane durung kecekel, ora bakal mandheg dalan. Nganti ing sawijining dina, Umar mlebu ing sawijining Kantor Kelurahan. Kebeneran Pak Lurahe butuh tenaga ora kanggo kantor, nanging kanggo tenaga omah. Gampangane Pak Lurah butuh pembantu utawa buruh lanang. Umar cekat-ceket nampa, tanpa takon sesasine dibayar pira. Pokoke sing penting bisa temangsang dhisik. Soale wis krasa kesel olehe rana-rene, mlebu metu kantor apadene pabrik. Soal mengko neng kene kepenak utawa ora, dipikir mburi karo mlaku. Ing daleme Pak Lurah, Umar bisa ngepek atine keluargane Pak Lurah. Kabeh putra- putrane Pak Lurah padha seneng karo Umar. Yen mung perkara gaweyan, sepisan dikandhani, Umar mesthi ndalan, ora ndadak mindhan-mindhoni. Soal mangan-memangan, Umar ora tau protes piye-piye. Kabeh panganan ora ana sing disiriki. Ora ana sing dipantangi. Ora ana sing alergi. Merga saka kemurahane Pak Lurah, Umar disekolahake ning SMA, najan olehe mergawe minangka pembantu isih dibayar. Ora mung tekan SMA, nanging diterusake nganti kuliah lan lulus nggondol sarjana. Terus mulang ing SMP, terus dientukake putrane Pak Lurah. "Dadi mantune Pak Lurah?" Kang Parman manthuk. "Kok gelem-geleme ta bocahe wadon putrane Pak Lurah?!" protesku. Banjur Kang Parman mbisiki aku" kabare putrane Pak Lurah sing kuwi jare idiot." Aku njomblak. Olehku mamah tela godhog daklerenke. "Lha kok Umar gelem?!" "Jodho, rejeki, pati, kuwi wewenange Gusti Allah. Menungsa ora bakal kuwawa nolak utawa ngemohi" Yen kon bukak dalil bab kaya ngono Kang Parman pancen jagone. "Sih kurang siji ta, Kang?!" sambungku rada keminter. "Drajat lan pangkat. Kudune rak kowe ya Kang sing dadi Kepala Sekolah. Wong nalika sekolah, Umar kae pintere kalah adoh karo kowe" Kang Parman mung mesem kecut. "Aku ora bisa nerusake sekolah tekan kuliah. Aku ora ngenger neng nggone Lurah kaya Umar. Mula akhire aku ya mung dadi wong tani gurem kaya kowe. Najan mung tani gurem, nanging kepinteranku dakturunake menyang anak-anakku. Buktine, sekolahe oleh ranking siji wiwit saka SD tumeka SMA. Nalika kerja, najan ing pabrik, lagi sedhela wis dadi mandhor. Mulih wingi, eh, kowe rung dakcritani ya?!" Aku gedheg karo ngglogok teh. “Apa Kang?!" "Mulih wingi wis nggawa Karisma gres, ninggali dhuwit mboke, ninggali rokok aku. Balik Umar?!" "Geneya Umar Kang?!" "Ora duwe anak. jare emoh gawe anak. Merga miturut keterangane dokter, gen-e sing wadon luwih dominan. Dadi kemungkinan yen anak-anake lair, dheweke ngeri mbayangake. Rak dheke dhewe ya ngakoni, yen dheweke pancen bodho" Weruh-weruh telane wis entek. Teh sak botol aqua ya gusis. Mung Jarum 76e sajake sing isih. Terus diwenehake aku. "Wis wengi, yo dha bali wae" pangajake Kang Parman karo mudhun saka amben-ambenan gubug. Aku mlaku lon-lonan, nggagas nasibe manungsa kang pancen werna-werna. Amanat :
  • 8. Lintang Panjer Esuk Wis Angslup Esuk kuwi aku lagi ibut resik-resik kamar, kebeneran dina kuwi dina Minggu. Dadi aku akeh wektu kanggo resik-resik kamar mess kang disedhiyani dening yayasan panggonanku nyambut gawe. Lagi nedheng-nedhenge ngresiki rak buku karo ngrungokne radio, ujug-ujug hapeku muni. Ana sms kang mlebu sajake, aku kelingan yen dina iki aku janji arep mlaku-mlaku karo calon bojoku. Gageyan aku nyandhak hape kang gemlethak ing kasur, mbok menawa sms saka dheweke. "Jeng, Aku lan Tiara wis boarding pas kanggo penerbangan jam 10.00 saka Sepinggan. Sepurane, wis ngrepoti Jenengan" Oh jebul sms saka mas Satrio. Aku lagi arep mejet hape kanggo mbales sms-e, hape-ku wis muni maneh. Ana sms siji maneh sing mlebu, aku wurung mbalesi sms-e mas Satrio, lan milih mbukak sms kang mentas wae teka. Unine: "Sakjane tekaku mrene iki, arep njaluk slirane supaya dadi sesulihe ibune Tiara sing wis marak Gusti setaun kepungkur. Nanging aku pranyata telat. Selamat ya jeng, Muga-muga jeng Rastri bahagia" Pleg... atiku kaya didhodhog. Awakku gemeter lan lemes saknalika, dadi mau bengi kuwi mas Satrio wis goroh marang aku. Mas Satrio balik Jakarta cepet-cepet ora merga ana tugas, nanging sak temene atine gela marang kejutanku. "Dhuh Gusti... sepuranen aku ya mas. Aku ora ngira babarpisan marang kekarepanmu teka mrene kanthi ndadak iki" Ora krasa pipiku teles dening eluh kang tumetes merga saking rasa trenyuh campur getunku. Aku ora nyelaki yen sejatine atiku isih mendhem rasa tresna marang Mas Satrio. Lan aku uga ngerti banget yen sejatine mas Satrio isih nyimpen aku ana ing njero atine. Salahku geneye ora tanggap ing sasmita nalika limang sasi kepungkur mas Satrio kirim email kang surasane nakoni kasedhiyanku menawa diajak urip bebarengan maneh. Nalika kuwi aku mung mangsuli "Ya mas, tak pikir-pikire dhisik" Pranyata wangsulanku kuwi didadekne piyandel dening mas Satrio. Emane mas, emane kenangapa njenengan kok ora critao yen saiki wis dhewekan maneh. "Mas Satrio.... " aku undang-undang rada rangu-rangu marang pawongan kang ngadeg ngungkuri aku. Pawongan mawa klambi bathik motif kopi pecahpecah lengen dawa, kang padha-padha lagi ngestreni acara wisudha ing Universitas Gadjah mada. Rumangsa ana sing ngundang jenenge, pawongan kuwi banjur mengo memburi. Meneng sauntara karo ngawasi aku mengisor mendhuwur. "Mas iki aku mas, Rastri..." aku nyoba mbaleni nyapa kanthi nyebut jenengku. "He he... Njenengan ta iki jeng. Masya Allah, pangling aku Jeng." Ngomonge sajak surprise banget. "Piye-piye kabare Jeng,” ucape sak banjure nakokake kabarku. "Apik mas. Njenengan kok wis katon sepuh ta mas?" "Hehe ya wis ngene iki Jeng. Umur ora isa diendheg. Sing penting sehat. Lak ya ngono ta jeng" saure. "Lha iki gek ngestreni putrane wisudha apa piye?" takone. "Iya mas. Wisudhane anak lanang;" wangsulanku. "Lha endi putrane?" mas Satrio nggoleki anakku lanang karo ngubengke panyawange nggoleki anak lan bojoku. "Lagi nyang mburi, ngeterke bapake" "Lha njenengan dhewe?" aku mbalik takon. "Aku ya lagi ngancani Tiara wisudha iki," jawabe. "Oh... cah ayu biyen kae ya mas?" "Iyaa... saiki bocahe kan lagi lulus S2ne. Lha kuwi apa bocahe mrene," njlentrehe karo nudingi pernahe bocah wedok kang nyandhang toga werna biru tuwa. Katon ayu banget. Aku ngenut arah drijine mas Satrio, aku ora bakal lali karo sorot mripat rongpuluh taun kepungkur. Sorot mripate bocah wadon cilik kang manja banget marang aku. "Tiara, iki Bu Rastri. Salim dhisik ndhuk." Prentahe mas Satrio nalika Tiara wis nyedhak. Kanthi sopan, bocah wadon ayu kuwi nyalami aku lan ora lali ngarasi tanganku. Aku bales karo ngrangkul lan ngarasi pipi nggemesake biyen kuwi, kang saiki wis dadi prawan ayu. "Isih kelingan ora cah ayu karo Ibu?" takonku marang dhewekne. Tiara mung mesem karo isih nyawang aku. Mbok menawa karo ngeling-eling nate ketemu karo aku kapan lan ana ngendi. "Ha ha..... wis lali sajake Jeng," mas Satrio sing mangsuli pitakonku. Aku mesem karo terus takon: "Lha iki terus kapan nak Tiara arep dimantu?" pitakonku karo nglirik Tiara. "He he mbuh kuwi jeng. Sakarepe bocahe. Wong bubar wisudha iki mengko malah langsung bablas mambur nyang Jakarta terus mblandhang dhines neng Prancis. Mbuh sapa iki mengko
  • 9. sing arep ngurusi aku ndhik kene," celathune mas Satrio mangsuli karo ngepuk-epuk pundhake anake. "Ngomong-ngomong, neng Yogja iki arep pirang dina Jeng?" takone nerusake olehe jagongan. "Lho, aku saiki rak manggon neng Yogja mas. Wis meh setaun iki," wangsulanku. "Wow alah... tiwas kebeneran yen ngono. Aku bakale ora kesepen ditinggal dening Tiara. Aku saiki ya leren neng kene kurang luwih wis karo tengah taun." Mas Satrio sajak seneng Ian mesem marem nalika ngerti yen saiki aku wis pindhah ing Yogja uga. Sakwise sapatemon kang ora kajarag kasebut, antarane kulawargaku lan mas Satrio dadi akrab. Prasasat mas Satrio kaya wis dadi sedulur dhewe tumrap aku lan anak bojoku, kang ora mangerteni menawa biyen nate ana crita liya antara aku lan mas Satrio. Lan esuk iki, ganep ing yuswane mas Satrio kang kaping suwidak telu taun. Aku isih lungguh njegreg dhewekan ana ing teras rumah sakit Dr. Sardjito. Eluhku tumetes nelesi pipiku kang wis ora kenceng maneh, ngancani turahan tangisku kang isih mingseg-mingseg. Sewengi aku ngancani mas Satrio ing wektu-wektu akhir hayate ing rumah sakit iki. Subuh mau, nalika adzan Subuh ngumandhang ing mesjid; mas Satrio tangi dadakan saka komane. Kapinujon aku lagi lungguh ing sandhinge. Melek byar, katon pasuryane kang seger kaya ora lagi nandhang lara. Sorot mripate tajem, tajem kaya nalika isih mudha...., kang nate gawe atiku trataban biyen. "Jeng... kok njenengan neng kene. Lho, aku iki neng endi jeng?" pitakone. "Iya mas, iki aku Rastri. Njenengan saiki lagi ing rumah sakit. Mas Satrio wis telung dina iki koma sakwise tiba keplesed ing Kaliurang wingi kae," aku njlentrehke alon-alon. Tangane kang temumpang ing dhadhane tak cekel alon-alon. Akungrasake hawa kang lembut lan anget ing dhuwur dhadhane. Mas Satrio mesem, banjur njaluk tulung aku supaya mbantu olehe arep tangi saka peturon. "Jeng... aku pengin sholat. Tulungana aku sedhela" "Mas... mas sareyan wae dhisik. Aku tak ngundang dokter piket ya,” aku nyoba nahan mas Satrio supaya ora tangi-tangi dhisik lan arep ngundang dokter ben mriksa kahanane. "Ora usah jeng... Aku selak pengin sholat:" Sidane aku ngalah, Ian nuruti kekarepane. Mas Satrio banjur tak tuntun menyang kamar mandhi. "Lha garwane endi. Kok dhewekan?" karo mlaku mas Satrio isih kober nakokake bojoku. "Ana mas. Lagi menyang mesjid, sholat Subuh:" Wangsulanku. Sak wise mas Satrio mlebu jedhing, aku banjur golek sajadah. Kebeneran aku sangu sajadah saka omah, terus tak gelar ing sisihe dipan mujur ngulon. Ngerti yen wis dicawisake panggonane sholat, mas Satrio banjur miwiti anggone sholat Subuh. "Allah.. hu akbar..." ora suwe mas Satrio wis katon khusyuk anggone shalat Subuh. Karo ngenteni anggone sholat, aku lungguhan ana ing kursi cedhak jendhela. Kordene tak bukak saengga aku bisa nyawang lintang Joko Belek kang isih padhang sumunar. Aku dadi kelingan marang puisi kang nate ditulis dening mas Satrio mligi kanggo aku biyen. Puisi kuwi isih tak simpen nganti saiki. Aku mesem nyawang Lintang Panjer Esuk kuwi kang ngelingake aku marang crita-crita lawas kang endah Ian romantis antarane aku lan mas Satrio. Lamunanku buyar nalika aku sadhar yen mas Satrio olehe sujud sajak suwe banget. Kuwatir yen ana apa-apa, aku banjur nyedhaki mas Satrio kang isih sujud kuwi. "Mas... " aku nyoba ngganggu kekhusyukane merga kegawa rasa was sumelang. "Mas... mas Satrio, tak baleni anggonku celuk-celuk kanthi suwara alon. Merga ora ana reaksi, akhire tak wanek-wanekake nggugah anggone sujud. "Mas... mas Satrio.." lengene tak candhak karo setengah tak hoyog-hoyog. Panggah meneng wae.... "Mas... Masya Allah... Mas... Innalillahi..." tangisku pecah sanalika bareng aku ngerti yen pranyata mas Satrio wis ninggalake ragane kanggo selawase. Bali ing alam kelanggengan tumuju. marang Gusti kang tansah disuyudi sak suwene iki. Saiki kari aku dhewekan kang meneng angluh ing emperane rumah sakit Sardjito iki. Lintang Panjer Esuk wis angslup digenteni dening esuk kang rantak-rantak ing bang-bang wetan. Lintang kuwi angslup nggawa janji prasetya kang nate diucapke marang aku. Aku isih kelingan ujare biyen, yen ta mati sukemben pengin mati ing kahanan sujud amarga ing mangsa sujud kuwi, jarene jarak paling cedhak antarane kawula lan Gustine. Dheweke uga janji yen bakal tansah nurahake separo atine kanggo aku. Lan kuwi'kabeh disembadani... Amanat : tekaa lan dampingi wong sing mbutuhake banget awak awake dhewe neng sampingnge, sanajan kaanan seneng arepa sedhih
  • 10. Swarga Impen Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng tivi. Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki. “Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok! Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong. “Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau. “Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu. “Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku. “Embuh, wong aku durung tau mrana!” “Aku pengin mrana, Mas Gondo!” “Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!” aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora. Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga. Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide. “Tan, dolan wae yuk!” pangajakku. “Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng. “Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!” “Lha nyang ngendi lho?” “Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarrga.” Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta. Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae! “Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku. “Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku. “Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh. “Iya!” jawabku mantep. “Kepingin apa wae klakon?” “Iya!” “Pingin mangan enak terus, klakon?” “Mesthi!” “Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?” “Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!” Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem. Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe. Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
  • 11. Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat. “Mas Gondo, apa iki wis teka?” “Durung,” wangsulanku alon. “Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?” “Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara. Amanat : Dadi wong ojo gampang meri kudu duwe usaha Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut, Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki. “Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?” grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
  • 12. SANDAL ANYAR Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane. “Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis. “Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo adhine. Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal. Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar. Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka. “Ka, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka. “Nggih pak,kula ajeng usaha,” Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane. “Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane. “Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake. “Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar. Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik. Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane. “Assalamualaikum. Bu,pak.” “Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka. “Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.” “Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga. Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar. “Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine. “Sing werna pink mba!” Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek. “Matur nuwun ya mba.” Atine Eka tambah bungah UNSUR INTRINSIK CERPEN 1. Tema Ekonomi 2. Tokoh - Eka - Rina - Bapake - Ibune 3. Watak Eka :
  • 13. - Penyayang. Bukti : “Eka sayang banget karo adhine,merga iku adhine siji-sijine…” - Sregeppan lan manutan. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.” - Pinter. Bukti : “Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane.” - Gelem usaha. Bukti : ““Nggih pak,kula ajeng usaha,” Rina : - Nerima. Bukti : “Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nrima.” - Pengerten. Bukti : “Bocah cilik ku we wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal.” Bapake : - Kerja keras. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.” - Duwe pinginan sing mulya. Bukti : “Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi.” Ibune : - Penyayang. Bukti : ““Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.” 4. Latar Panggonan : - Ing pasar. Bukti : “Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar.” - Ing omahe Eka. Bukti : “Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan.” - Ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah.” Wektu : - Wayah wengi. Bukti : “Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka.” - Esuk-esuk. Bukti : “Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah.” Kahanan : - Rame ing sekolahan. Bukti : “Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. - Sumringah. Bukti : “Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane.” 5. Alur Maju 6. Sesawangan Wasana Purusa (wong ketelu) 7. Amanat - Senajan kita sekalian ora duwe materi utawa harta sing melimpah nanging dewek harus duweni ilmu sing bisa nduwurke derajat. - Ing kehidupan harus usaha lan pantang menyerah - Dadi wong harus kerja keras aja ngandalake wong liya.
  • 14. PETENG Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung wujud panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes, perih utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak byah bebasan megung ing bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan kang mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya iki. Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya. Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane Pangeran kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT. Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus. Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya- kayane aku lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung rada sauntara, aku kasil lulus kanthi titel sarjana S1. Apa maneh sisihanku luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1, akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang samubarange tansah cukat. Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging ya rada mrina yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan menawa ngadhepi urip. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro gunggunge papat. Urip sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa. Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba- nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron. ”Harus istirahat total ya, bed rest…!” ngendikane dhokter, banget anggone wanti-wanti. ”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggonku sumaur. Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra. Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?” Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone
  • 15. jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan. Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak pangantu-antuning pepinginan momong anak bakal kelakon. ”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis akeh ya Mas…,” panjaluke bojoku. ”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa manut. Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni dina-dinaku. Apa maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon bungahe, anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe. Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret. Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11 Maret. Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter. Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal. ”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika. ”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh. Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap, jam enem sida budhal menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter kandungan. Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan. ”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere. ”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?” ”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…” ”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,” dhoktere ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan. Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur ditutul- tutul nganggo alate. Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg. ”Lho kok tidak ada denyut jantung…” Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit tumetes. Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Bayinya meninggal…!” Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet… lelimengan. UNSUR INSTRINSIKCERKAK ”PETENG” A. TEMA : BEBRAYAN B. ALUR : MAJU Paraga aku anggone bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus 14 taun. Ing semono taun tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah diimpi-impi diantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atine paraga aku lan bojone. 14 taun wareg anggone paraga aku kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane paraga aku katiti dening dokter positif ngandhut. Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsulyasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan bojone menyang
  • 16. kedokteran saperlu priksa. Nalika bojone paraga aku dipriksa, dumadakan raine dokter katon pucet, getihe kaya mandheg. Doktere kandha yen ora ana denyut jantjng kang bisa dideteksi. Dheg, mak jenggirat paraga aku jumbul. Keringet adhem wiwit tumetes. Doktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane dokter kandha yen bayine meninggal, glaarrr.... dumadakan peteng, peteng langite peteng panyawange paraga aku. C. LATAR : a. Latar panggonan : Rumah Sakit Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal. ”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika. ”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh. b. Latar Suasana : Trenyuhake Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki Dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh… mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron. c. Latar wektu : Esuk Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki. Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak. D. PENOKOHAN : a. Aku : Sabar, pangerten Bukti tokoh ”aku” duwe watak sabar lan pangerten ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba- nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut. Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake… manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah. b. Bojoku : Penyayang Bukti tokoh ”bojoku” duwe watak penyayang ana ing penggalan cerkak ngisor iki Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo bakal anake, ”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke…?” c. Dokter : Ramah / sumeh Bukti tokoh ”dokter” duwe watak tegas lan bijaksana ana ing penggalan cerkaking ngisor iki Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan. ”Selamat pagi dokter…” aku sakloron aruh-aruh dhoktere. ”Pagi silakan… besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa… 11?” ”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter…” ”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat di USG,” E. SUDUT PANDANG : Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana cerkak uga penulis cerkak. F. AMANAT : Kudu sabar anggone ngadepi cobaning urip. G. GAYA BAHASA
  • 17. Gaya bahasa ana cerkak PETENG migunakake basa Jawa ngoko kacampuran basa Indonesia Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal. ”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika. ”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh. Uga migunakake tembung mbangetake Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet… lelimengan.
  • 18. “Kembang Desa” Griyane Lik Wakijo dados rame sesampunipun wonten Heni, kemenakanipun ingkang nembe dhateng saking kitha. Heni kepengin mapan ing dusun punika ngancani paklike ingkang sampun krama luwih saking sedasa taun ananging ngantos sapunika dereng gadhah momongan. Amargi Pasuryanipun Heni ingkang ayunipun ngedap-ngedapi, awakipun ingkang resik, lan seneng sesrawungan dadosaken piyambakipun dipungandrungi sedaya tiyang enem ing dusun punika lan boten kesupen kula ugi sami ananging yen kula taksih lingsem. Sedaya ibu-ibu ugi sami ngrasani solah bawanipun Heni lan padha ngaosaken bingung amargi sesampunipun kenal Heni lare-larenipun asipat aneh-aneh. Menawi adhi kula Tono punika boten nate wangsul saking griyane lek wakijo, wangsul menawi badhe siram serasan. Menawi Sardi larenipun Lik Sumi nglindur amargi mikirke Heni. Menawi lare ragilipun Yu Minah ingkang asma Yanto punika boten doyan madhang ananging kosok wangsulipun kaliyan Heru ingkang sansaya katah madhangipun. Mewani kula namung nyebat asma Heni nalika kesandung jeglug utawa nalika watuk. Sonten kula dolan ing griyane Sri, Sri punika ngendikan menawi Heni punika dados omonganing tiyang, ngendikanipun para ibu Heni dadosaken dusun punika rucek lan ruwet uwet- uwetan. Sanadjan ing mriku kula inggih angsal pawarta menawi sesampunipun panen, Heru badhe nglamar Heninanging boten dadosaken kuciwaning kula marang Heni. Kula taksih boten saget nampi menawi Heni dipunwicantenaken kados mekaten. Tono ugi ngendikan menawi krungu Heni dados cewek gampangan amargi sampun dados wicantenan, ngendikanipun Heni ngandut amargi saben wayah injing piyambakipun muntah- muntah. Mireng pawarta kados mekaten kula enggal-enggal dhateng ing griyanipun Lik Wakijo, nalika nembe dumugi ng ngajeng pintu kula mireng Heni muntah-muntah lan wonten priyantun ingkang ngaken Heni supados sabar. Jebule leres...saking ngendikanipun Lik Wakijo marang kula menawi Heni punika ngandhut. Ing mriki Heni namung numpang supados boten dados wirangipun tiyang sepuh. Unsur Intrinsik 1. Tema : Tema ingkang wonten ing cariyos punika inggih punika tema Panguripan amargi saking cariyos punika saged dipuntingali panguripan manungsa ing bebrayan. Menawi salah satunggalipun tiyang nindhakaken prekawis awon dadosaken wicantenan tiyang kathah. 2. Tokoh lan Penokohan No. Tokoh Penokohan 1. Heni Kemenakanipun Lik Wakijo ingkang ramah, pinter Srawung ananging boten purun ngrampungi prekawis. 2. Lik Wakijo Petanidusun ingkang ramah lan jujur. 3. Tono Adhine Agus igkang seneng geguyon lan nggodani Agus. 4. Gito Lare enem ingkang boten purun ngalah, asifat wuyung lan seneng ndhagel. 5. Agus Panganggit ingkang remen ngalamun, isinan, wedinan, lan boten nate nyariosaken prekawisipun marang tiyang sanes. 6. Lik Siti Seneng takon ananging boten mudengan. 7. Mbah Waginah Seneng takon 8. Mbok De Parti Seneng sambat lan anyel. 9. Sardi Nglinduran. 10. Lik Sumi Gawe ger-geran 11. Yanto Larenipun Yu Minah ingkang boten purun madhange amargi amargi kelingan kalih lirikanipun Heni. 12. Yu Minah Ibune Yanto ingkang remen rasan-rasan. 13. Lek Tumirah Ibune Gito, melasan. 14. Ibuku (Agus) Melu anyel
  • 19. 15. Heru Putune mbah Wagimah ingkang sansaya kathah madhange ngantos boten ngumani adhine. 3. Alur bIng cariyos punika ngginaken Alur Maju amargi prastawanipun urut saking awal dumugi pungkasan. Nalika Heni nembe dumigi griyanipun Lik Wakijo, ingkang dadosaken sedaya priyantun enem tresna marang piyambakipun ngantos Heni prayata yen ngandhut. 4. Latar a. Papan 1) Omahe Lik wakijo. - “Omahe Lik Wakijo malah dadi rame saploke ketambahan jiwa”. - Tekan ngarep omahe Lik Wakijo aku mandheg. 2) Omahe Agus “Tekan omah aku terus nyandhak gawe dandan lampu ruwangan ngarep”. 3) Omahe Sri “Aku mau lak dolan neng omahe Sri, terus aku dicritani ibune”. b. Wekdal 1) Esuk, awan, sore. “Esuk, awan, tekan sore, ora tau benggang wong”. 2) Sore “Sorene aku pamit mulih dhisik”. 3) Dina-dina candhake. “Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa. 4) Wayah awan. “Omahe katon sepi pancen iki wayah awan gek panase kaya ngene”. c. Suasana 1) Seneng “Kahanan omah katon regeng lan gayeng, padon ngguyu, gojegan, lan ana uga sing nyanyi sambi gitar-gitaran”. 2) Kisinan. “Aku mesem kisinan”. 3) Kesiksa. “Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa”. 4) Ngalamun. “Huuu, tujune dheweke ora ngerti nek aku ngalamun”. 5) Nesu “kuwi jenenge srei, iri, sirik,” nesuku metu. 6) Kaget - “ Meteng?” aku sansaya kaget. - Jantungku ya arep pedhot nalika krungu tembunge sing mburi. Heni ngandhut? Dhuh gusti... 7) Gugup. “Lik Wakijo katon gugup banget, katon pakewuh lan clingukan, ora kaya padatan”. 8) Bingung. “Aku ora bisa kumecap apa-apa meneh”. 5. Sudut Pandang Ing cariyos punika ngginakaken sudut pandang orang pertama akuantak sertaan (first person peripheral) amargi paraga “aku” biasanipun namung dados pambiyantu utawi pengantar paraga sanes ingkang langkung wigati. Ing cariyos “Bunga Desa” Agus minangka paraga “aku” dados pambiyantu paraga Heni ingkang dados paraga utami. 6. Gaya basa a. Apa maneh bocahe jan ngedab-ngedapi tenan...ayune! (Hiperbola) b. Sabanjure Heni prasasat dadi kembange desa kene. (Hiperbola) c. Rangkinge wis adoh sandhuwure Santi lan Nina sing maune dadi kembang lambene kabeh nom- noman. (Hiperbola)
  • 20. d. Apamaneh sajake Heni pinter srawung, cepet, raket karo wong sing lagi tepung. (Purwakanthi guru swara) e. Rasane aku kepengin nteret wong kuwi terus tak gebugi kareben kapok encit. (Rura basa) f. Mesti bae katon ayu menik-menik. (Hiperbola) g. Kesandhung jeglug, Heni, nglindur Heni, nganthi mangan keselek-selek sing disebut yo Heni. (Hiperbola) h. Kepiye ora, nek aku ora wani mrana dhewe, aku mesthi rame-rame sakancaku dadi aku ora komanan apa-apa. (Paradoks) i. Uga adhiku sing usile rong kecamatan kae. (Hiperbola) j. Ah, aku dadi ribet dhewe, kesiksa dhewe, lara ati dhewe, aku kudu piye? (Purwakanthi guru swara) k. Marakake rucek, ruwet, uwet-uwetan. (Purwakanthi guru sastra)
  • 21. Asal – Usule Kembang Terate Dhek jaman biyen, ing tlatah Gunung Semeru ana raja kang wicaksana lan gemati banget marang rakyate. Mimpin salah sijine kerajaan sing jenenge Umbul Wening. Raja kuwi asmane Prabu Ranubaru. Prabu Ranubaru nduweni putri tunggal sing ayu banget, jenenge Dewi Arum. Sang Putri nduweni karemenan adus lan lumban ing sendhang. Yen wis kadhung lumban lan dolanan banyu dheweke lalimaem lan ngaso. Semono uga tugas liyane, asring ndadekake raja lan prameswari ngelikake tumindake. Nuju sawijining dina, Negara Umbul Wening kaserang pageblug. Pendhudhuk desa akeh sing kaserang pageblug kuwi engga saperangan tiwas. Raja sedhih banget mikirake kahanan iki, wis akeh tabib lan brahmana ditekakake kanggo ngawekani, nanging ora kasil. Rikala raja wis nyedhaki pasrah, banjur teka sawijining brahmana ngadhep sang raja. Brahmana kuwi crita, sajroning semedi kaya-kaya dheweke entuk wangsit yen wabah pageblug kuwi bisa diprantasi nganggo sajinise sekar, lan sekar kuwi thukul ning tengah telaga sing ana sajroning alas Kreda Wahana, lan kudu dijupuk dening putri raja dhewe. Raja meneng sauntara wektu, mbayangake yen papan pinuju alas Kreda Wahana kuwi angel tur mbebayani banget. Ing kana akeh kewan brangasan sing nggegirisi, nanging pikiran kuwi diilangake. Kanggo katresnane raja marang rakyate. Banjur raja nimbali putrine, njur dicritakake sakabehe. Dikancani dhayang kesayangane, Nyi Empul, putri Dewi Arum mangkat. Akeh alangan sing ditemoni sang putri sasuwene pangumbaran, nanging ora digagas. Wusana bisa tekan uga sang putri ing telaga kasebut. Nalika ndeleng blumbang kang bening ing tengahe alas, sang putri ora bisa nahan pepinginane. Dheweke banjur adus lan lelumban ing blumbang. Wis bola bali Nyi Emplung ngelikake tugase sang putri, nanging ora digagas bababr pisan. Raja lan sakabehe rakyat wis padha ngenteni. Nanging putri ora teka-teka uga. raja tambah sedhih lan bingung nalika sang prameswarine uga ditulari penyakit kasebut. Merga ora sabar, raja banjur nyusul sang putri. Satekane ing tlaga kuwi, apa sing dipirsani? raja ora kuwat nahan dukane., mirsani Dewi Arum enak-enakan ciblon lan lelumban dolanan banyu. Tanpa sadhar raja ngendikan. “Hei Dewi Arum, apa kowe wis lali marang tugas sing takembanake? Ora sapantese kowe dadi putri raja! Luwih becik kowe dadi tetunggune telaga iki wae!” Wis dadi kekarepane Gusti, sawise nyabda Dewi Arum ilang saka pandulu. Sing ana mung satekem sekar sing endah ana tengah-tengahe telaga. Raja ndelengi sekar terate kuwi, raja getun banget nanging kabeh mau wis kelakon, wis dadi kersane Gusti Kang Maha Agung. Kanthi ati sedhih lan deresing waspa, sekar mau dijupuk banjur digawa bali. Saka kuwasane Gusti, sekar kuwi bisa marasake prameswari lan kabeh rakyate. B. NILAI INTRINSIK 1. Tema : Lali Marang Tumindake 2. Alur :  Prabu Ranubaru mimpin Umbul Wening, nduweni putri kang seneng adus lan lumban ing sendhang, Dewi Arum  Negara Umbul Wening kaserang penyakit mbebayani  Akeh tabib lan brahmana ditekakake, nanging ora kasil  Raja wis arep pasrah, nanging banjur ana brahmana kang nudhuhake obat yaiku sekar ing tengah telaga kang kudu dijipuk dening putrine  Dewi Arum lunga dikancani Nyi Empul  Dewi Arum weruh blumbang kang bening lan adus ing blumbang kuwi.  Raja nyusul putrine lan duka kanthi ngendika yen Dewi Arum ora pantes dadi putri raja.  Dewi Arum malih dadi kembang terate kang bisa dadi tamba penyakit mau 3. Paraga lan watak:  Prabu Ranubaru, watake wicaksana lan gemati marang rakyate, gampang duka, ora sabar.  Dewi Arum, watake ora tanggung jawab, gampang lali merga kasenengane, ora nggagas pangelikan.  Prameswari, watake tansah setya ngelingake putrine.  Nyi Empul, watake ngurmati 4. Papan Panggonan  Tlatah Gunung Semeru  Negara Umbul Wening
  • 22.  Alas Kreda Wahana (telaga lan tengah alas) 5. Pesen saka Crita / Amanat a. Ojo gampang kelayu marang kanikmatan donya. b. Yen duwe tanggung jawab utawa amanat luwih becik enggal dilakokake lan ojo nganti lali nglakokake. c. Prayogane bisa nahan duka lan ngedohi ucapan kang ora perlu nalika duka.