Dêdongengan

620 views

Published on

Published in: Education
0 Comments
0 Likes
Statistics
Notes
  • Be the first to comment

  • Be the first to like this

No Downloads
Views
Total views
620
On SlideShare
0
From Embeds
0
Number of Embeds
4
Actions
Shares
0
Downloads
1
Comments
0
Likes
0
Embeds 0
No embeds

No notes for slide

Dêdongengan

  1. 1. Dêdongengan, Bale Pustaka, 1932, #1241 Katalog : Dêdongengan, Bale Pustaka, 1932, #1241 Sambung : - Serie No. 1021a. --- 0 --- Dêdongengan Jilid 2. [Grafik] Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm. --- 1 --- Serie No. 1021a. Dêdongengan. Jilid 2. [Grafik] Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm. --- 2 --- Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600. --- 3 --- Nagara Grêsik lan wêwêngkone. Kira-kira rolas pal dohe saka kutha Surabaya, ana sawijining kutha kuna aran: Grêsik, kutha mau cilik lan rêgêd, ananging mungguh dhèk samana, kahanane tinêmu bêcik, iya iku bab panggawene omah-omah, tataning kuthane, lan manèh ananing dalan-dalan cilik ing pakampungan Arab. Ananging kahanan mau ora pati disumurupi utawa diajèni dening wong-wong saka Surakarta, kang padha among sênêng mrono sabên ing dina Nga'at.
  2. 2. Uwong kang mlaku ana ing kutha Grêsik tansah ngambah ing dalan kang panas. Wiwit saka ing panggonan sawetan tambak iwak kang ômba bangêt nganti tumêka [tu...] --- 4 --- [...mêka] krêtêg ing kali gêdhe, wiwit ngambah papan kang munggah. Ing wêwêngkon Grêsik akèh thêthukulan lontar, kang paedahe kêna dinèrès diêpèk lêgène. Lêgèn mau bangêt dikarêmi ing wong-wong Madura, inganggêp kaya dene inuman lan akèh kang ditandho banjur dikirimake marang Surabaya. Saka Surabaya uwong uga bisa maring kutha Grêsik kalawan nunggang kapal api cilik. Laku layaran kang mung sadhela bangêt mau, pakolèhe ngungkuli kang padha mêtu ing dharatan amarga wong-wong kang lêlungan liwat ing sagara, bisa andulu marang èdi-pènine kalimas palabuhan ing Surabaya, lan dalane marang Madura, kang padha katon luwih asri sarta bisa nênarik sêngsêming pandulu. --- 5 --- Manawa wus têkan ing palabuhan Grêsik katon bangêt arja, kuli-kuli lan wong-wong kang padha dodolan katon pating sriwêt tanpa pêdhot. Turut dalan sacêdhaking mênara akèh wong dodolan lan wong têtuku. Dalan mau banjur anjog ing kutha kuna. Manawa wong malaku têkan ing kono, anyatitèkna marang wujuding omah kang dhuwur- dhuwur, lan nyawanga marang ananing pasarean kuna kang katembok kandêl. Ing kono akèh barang patilasan kanggo pangeling-eling, saka gêgaweane bôngsa kumpêni ing India wetan dhèk biyèn. Lan manèh ana ing kono bisa nyumurupi sawênèhing panggonan kang bangêt bêcik lan misuwure, aran: Mahpura, utawa: Gapura wetan dumunung ana satêngahing ara-ara --- 6 --- kutha kuna. Ing antarane taun Walônda 1400 lan 1500 ing kono kagawe pasarean, bab pasarean mau ana caritane sathithik kaya ing ngisor iki. Nalika tanggal kaping 12 Rabingulawal 822 ambarêngi tiba ing tanggal kaping 8 April 1419 taun Walônda Maulana Malik Ibrahim seda, iya iku kang rawuh ing Kaligradwipa, lan banjur mulang agama Islam marang wong bumi. Sawuse panjênêngane kang miwiti mulang agama Islam nuli Radèn Rahmad rawuh, kang ingaran wayahe nata ing Ciyampa, (ing layang babad tanah Jawa muni: Cêmpa), iya iku sawijining nagara tanah Kamboja, kang dhèk samana gêgayutan among dagang karo tanah Jawa lan Majapait. --- 7 --- Radèn Rahmad nalika lagi yuswa 25 taun sowan marang ingkang rama alit asma: Ôngkawijaya utawa Brawijaya, nata ing Majapait lampahe mampir ing Palembang, banjur mandhap ing dharatan Grêsik kêpanggih lan sawênèhing bôngsa ngarab kang alim. Uwong Arab mau nêrangake manawa sêdya arêp anggêlar mungguhing piyandêle agama Mukhamad sarta sêdya anyirnakake agama Indu ing tanah Jawa sisih wetan. Awit saka iku Radèn Rahmad banjur nyakabat lan banjur sowan Ôngkawijaya (Prabu Brawijaya) uga prêlu arêp nandukake kêkarêpane. Nanging sang prabu ora karsa manjing agama Islam. Ewadene sang Prabu malah angganjar marang Radèn Rahmad (putra kapenakane) diwênangake ngêrèh wong 3000 ing Ngampèl --- 8 ---
  3. 3. (Surabaya). Wiwit mau Radèn Rahmad banjur anggêlar agama Islam uga tindak marang padesan kang cêdhak lan pulo Madura, kang dirawuhi dhisik ing desa Arosbaya. Dhèk samana ing praja Majapait bangêt misuwur ing panguwasane, nanging sawise tumindak sawatara taun banjur suda, putra wayahe padha têtumpêsan seda. Tinêmune ing saiki ananing patilasan-patilasan ing kono, kari arupa patilasan kadhaton kang saprene isih pinundhi-pundhi utawa inganggêp elok dening para têdhak turune. Sapa kang wus tau marang ing Ondêr Dhistrik: Trowulan Abdeling Jombang, ing kono bisa nyumurupi patilasan- patilasan kuna, dumunung ing desa Watês [Watê...] --- 9 --- [...s] umpak arupa saka watu tilas kadhaton lan banjur bisa angira ing atase panguwasa dhèk jaman Majapait. Ana manèh patilasan kang bangêt misuwure, aran: Bajangratu. Patilasan mau arupa lawang gêdhe bangêt (Gapura) kang dadi lawang anjog marang omah gêdhe. Saka piyandêle wong, manawa ana wong ngadêg ana sacêdhaking patilasan kono, bakal nêmahi sangsara. Ing kono mau dunung pasareane ingkang ibu Radèn Rahmad aran Putri Ciyampa. Radèn Rahmad piyambak sinêbut ing ngakèh jêjuluk Kangjêng Sinuhun Waliyolah, seda sumare ing Ngampèl kang saprene pasareane pinundhi-pundhi lan kanggo jiyarahing wong akèh. --- 10 --- Sasedane Radèn Rahmad kang gumanti: Radèn Paku iya Prabu Sèdmata Giri Kadhaton putrane wong bôngsa Ngarab mijil saka putrining nata ing Blambangan. Nalika timure panjênêngane dilêbêtake ing pêthi banjur kacêmplungake ing sêgara, ing pangira wus mêsthi minôngsa ing baya. Nanging mungguhing Pangeran kang sipat esa, tansah mayungi marang titahe kang lagi ginawe lêlakon iya iku prêlu bakal dadi wong pinunjul kang piniji ing Pangeran amratakake agama Islam ana ing Praja Blambangan. Mungguh ing lampahane kacarita mangkene: Sawênèhing sudagar wadon aran Nyai Patih ing Grêsik misuwur ing kasugihane. Nuju sawiji dina ing wayah esuk nyai sudagar kongkonan [kongkona...] --- 11 --- [...n] bature wong Kamboja kalawan anggawa prau. Lakune wong Kamboja mau ana ing dalan nêmu pêthi kampul- kampul ana ing banyu, ing jêro isi bocah, banjur diwèhake nyai patih. Bocah mau banjur dipèk anak angkat dijênêngake: Sêmbadra. Barêng wis diwasa, puruita marang Radèn Rahmad iya Sunan Ngampèl, ing taun 1387 panjênêngane wangsul marang Giri, lan banjur jumênêng dadi wong brata kang nindakake piandêle. Sajrone taun 1409 panjênêngane jumênêng Waliyolah, lan banjur nindakake damêlan ing sawênèhing panggonan. Barêng taun 1428 seda ana ing Girigajah, iya iku sawênèhing gunung dhuwur ing sacêdhake Grêsik. Kang gumanti putrane, aran: Sunan Dalêm. --- 12 --- Sasedane kang gumanti Sunan Margalaya, mangkono sabanjure, turun-tumurun marang putra wayah iya iku: Sunan Pathikal Panêmbahan Karanggawa, Panêmbahan Agung, Panêmbahan Mas Witana, lan akèh manèh liya-liyane. Kabèh mau padha sumare cêcêdhakan bae. Kajaba Sunan Pathikal lan ingkang putra, Panêmbahan Karanggawa, padha sumare ana ing gunung Prapèn.
  4. 4. Gênti anyaritakake Radèn Patah, iya iku putrane Arya Damar, kang dadi wêwakil nata Majapait ana ing Palembang, lumaku marang tanah Jawa kanthi sadulure lanang aran Radèn Kusèn. Satêkane ing tanah Jawa anjujug ing nagara Grêsik lan Ngampèl wusana ambalela prang mungsuh Prabu Brawijaya, nata ing Majapait, amula mangkono, [mangko...] --- 13 --- [...no,] dening nêpsu bangêt jalaran Nata Majapait ambucal marang kang ibu Radèn Patah nalika isih ambobotake sarirane, awit saka panyuwune putri ing Ciyampa. Ibune banjur diparingake marang Arya Damar ing Palembang. Wêkasane Radèn Kusèn malah ngiloni sang prabu. Dadi anggone pêpêrangan Radèn Patah campuh padha kadang. Prabu Brawijaya kasoran ing jurit nêmahi seda ana ing paprangan. Radèn Kusèn oncat saka palagan uga bisa kapikut nanging banjur pinaringan pangapura, linuwaran saka ing dosane. Sarusake karaton ing Majapait karaton ngalih ing Dêmak ing Surabaya mung diwêngku ing adipati bae. Sawuse kabawah marang praja Dêmak para wong bôngsa indhu padha lumayu marang tanah --- 14 --- Jawa sisih wetan sarêmbug lan wong ing Blambangan sêdya anglawan mungsuh, nanging tansah diêlud ing mungsuhe bae, kongsi têkan ing Bali. Dhèk samana kira-kira têkane wong bôngsa Portêgis ana ing tanah Jawa, kalawan anggawa kapal kang dipanggêdhèni dening nangkodha Bre (d'Abreu) lakune urut pasisir lor, mampir ing palabuhan Grêsik kang dhèk samana arja lan misuwure ngungkuli Surabaya. Saka kono nuli budhal marang Molukên (Molukken). Sajrone tahun 1521 wadyabala lautan wadyane Antonio de Brit têkan ana ing Grêsik anyumurupi manawa akèh barang dagangan utawa pangan kang diêdol ana ing kono. Jiwane wong ing Grêsik kira-kira --- 15 --- ana 30000, samono mau akèh kang padha dêdagangan: piring, sutra, lan barang liya-liyane, kang padha asli saka nagara Cina, Borneo, lan sapanunggalane. Kahananing kutha Surabaya dhèk samana manggon ana sapinggiring kali kang ambaladhêr, isih aran Ngampèl iya iku kutha cilik dununging bôngsa muslimin kang padha ulah ngibadah. Beda lan ing Grêsik lumahing kutha amangku sagara, dadi anggampangake têkane wong laku dagang, kang anggawa dêdagangane. Tuwan Palêntin (Valentijn) angandhakake bab kahanane ing kutha Grêsik mangkene: uwong-uwong ing Grêsik akèh kang padha duwe omah bêcik-bêcik kaya omahing tumênggung, utawa kaya --- 16 --- omah Cina, sudagar-sudagar bôngsa timur sabên taun padha mampir mrono prêlu ngêmot bêras uyah, lan pangan warna-warna. Awit sakabèhe wong kang padha laku dagang, andadèkake arjane kutha kono. Lan manèh akèh prau- prau kang padha labuh ana ing palabuhan kang ora jêro, barang dêdagangane bisa payu akèh, mung diêdol ana ing pasisir bae. Uwong ngamônca kang ngenggar-enggar ati ana ing kutha bisa nêmu kabungahan dening nyumurupi dalan-dalan omah-omah kang dadi pêpaèsing kutha. Dene kahanane kang saiki kaya wujude dhèk satus taun kang kapungkur.
  5. 5. Tumrap wong ing Surabaya, marang kaelokaning pasarean-pasarean ing gapura wetan kurang sêsurupane, [sê...] --- 17 --- [...surupane,] awit saka iku akèh kang padha marang Grêsik ora ana kang marang Gapura wetan. Kaya dene kahanane wong ing Ngayogyakarta, akèh kang durung sumurup candhi Barabudhur. Manawa wong lumaku wus angliwati dalan rupak banjur anjog ing lawang tembok kang wus rusak adêge santosa, manggon ana sangisore wit gêdhe, kang bangêt ayom, sarèhning lawang mau tanpa payon dadi rusak dening kêtiban pang panging kayu kang padha tiba, tuwin gogrog saka pangrêkahing oyod-oyode. Ing kono wong bisa wêruh lan bisa nyatakake mungguh kaluwihaning yayasane wong dhèk jaman samana. Bata kang ginawe tembok iku, bata gaweane wong dhèk jaman Majapait ing tanah Jawa durung [du...] --- 18 --- [...rung] tinêmu anane bata kang santosane kaya bata kang ginawe têmbok mau. Tembok sajabaning pasarean gapura wetan mèh ilang babar pisan. Ana ing pucak lawang kang arupa ijo lan abang isih katon ngadêg dene kayune kang ingukir-ukir ginawe rêrêngganing lawang iya isih padha dirumati, ananging saiki salong wis pinangan ing bubuk pamangane saya katon mundhak akèh. Dene cagak kang kêtumpangan pucak lawang isih katon kuwat bangêt amarga tembok santosa. Cagak kang kaya mangkono mau ing patilasan Trowulan iya ana, ananging mung gumlethak ditogake bae. Lan manggone ana panggonan kang sêpi, ora pisan-pisan dirêksa kaya dene kahanane patilasan ing Grêsik. --- 19 --- Sangarêping gapura, sacêdhaking tembok kang wis ambruk ana wit-witan kang ngrêmpoyok katon saka dalan gêdhe, ing kono dununging pasareane Maulana Malik Ibrahim pasarean mau isih bêcik sêkarane marmêr tinulis sastra lan basa Ngarab. Pasarean iku, pasareane wong kang minulyakake ing Allah, kang dosane ingapura, kang ngandêl marang rahmating Allah kang kuwasa, kang alus ing budi, kang mêmitran para ratu lan para sultan kang asih marang pêkir miskin, iku arane wong kang olèh kabêgjan kang santosa marang agama Allah, iya iku Maulama Malik Ibrahim kang kadunungan Iman, mara ayo padha andêdonga, [andê...] --- 20 --- [...donga,] muga-muga Gusti Allah aparinga rahmat lan swarga. Dene sedane Maulana Malik Ibrahim iku nalika dina Sênèn tanggal kaping 12 Rabingulawal taun 822. Ing lawang ciyut kang rinêngga kayu ingukir, ing kono prênah dunung têngahing pasarean tinêmu akèh pasarean kang kuna-kuna, kalawan rinêngga-rêngga ing rêrênggan kang anandhakake mungguhing kawignyane juru ngukir dhèk jaman samana. Ing kono ana tôndha pangeling-eling, arupa watu gêdhe tinulisan ing pinggir rinêngga ing ukir-ukiran minôngka tôndha angluhurake marang kyai Tumênggung Puspanagara, kang agarwa 4, apêputra lanang 12, apêputra wadon 3, awêwayah 42, abêbuyut 2. Dhèk sajrone taun --- 21 ---
  6. 6. 1633 Bupati mau pêrang lan Surapati, iya iku wong kang mungsuh lan Kumpêni. Barêng Surapati wus tumêka ing pati ana ing paprangan tumênggung Puspanagara banjur kondur saka pasanggrahan ing desa Dhêmpul (Malang) marang Grêsik anglangkungi tilas jajahan Majapait, ana ing kono manggih barang-barang kuna, ana watu kang wangune kaya kodhok utawa barang liya-liyane. Sakèhing barang- barang mau ing saiki rinumat ana ing pasarean gapura wetan. Lan ing kono uga ana pêthi kuna, ing jêro isi panganggo lan uga ana watu yoni kang ingukir rinêngga ing mas, kabèh mau padha dumunung ana ing pasareane sawênèhing bupati, kang pamanggone bangêt pêtêng lan singup. --- 22 --- Juru kunci kang rumêksa pasarean kono ora tau angunci panggonan mau. Tumrap wong liya kang nêdya sowan mrono, sadurunge malêbu supaya sêmbahyang dhisik ana sangarêping pasarean, ing kono juru kunci nuli dêdupa. Lan uga akèh pasarean kang manggon ana ing papan jêmbar jroning gapura, ananging kang bêcik mung sawatara. Sawênèh ana kang wus rusak, jalaran saka kabotan sêkarane. Wus mangkono lumrahe kahananing pakuburan utawa patilasan, ana kang kayoman ing kêkayon gêdhe, sawênèh mung kêpanasan ngênthak-ênthak bae. Sanadyan kahanane kaya mangkono, nanging isih nuduhake mungguh awiging pakirtyane wong dhèk jaman biyèn. --- 23 --- Tumrap pasarean liyane, kang katon gedhe utawa bêcik, kang ngiribi mung pasareane Nyai Gêdhe Pinatih, kang sinarèkake ana ing liya panggonan, uga wêwêngkon ing Grêsik. Manawa arêp mrono nganggo ngambah dalan kang rupêk. Sajroning omah los kang tanpa aling-aling, ana jarambah marmêr, ing kono dununging pasareane ingkang ibu Radèn Paku, lan pakuburane para inya tuwin para êmban. Lan ing kono tinêmu ana tulisan ana ing jrambah kang didhuwurake, trape mawa tata prayoga. Ana sawênèhing dalan kang anjog ing gunung Giri, ing Giri kono dununging pasareane Radèn Paku kang misuwur ing asmane. Lan ing kono ana --- 24 --- tilas lawang kang wangune kaya lawang puri ing pulo Bali, ananging bata-batane wus akèh kang rusak utawa ilang. Uga ana manèh dalan liyane kang anjog mrono. Anadene bab caritane nagara Giri, miturut caritane nyai Gêdhe Kabumèn, iku nalika taun 1475. Dene Kabumèn mau ing saiki aran Sêdayu, kaya ing ngisor iki: Ing Ngampèl, iya iku ing wêwêngkon Surabaya, sacêdhaking pasareane para nata, didêgi masjid kang sebêtan lan bêcik warnane, ing sisih kulon ajarambah marmêr, sajroning pangimaman ana tilas palungguhane Sètmata. Pasarean ing kono kagawe rong panggonan, lawang kang malêbu marang pasarean ciyut lan êndhèk. [ê...] --- 25 --- [...ndhèk.] Sajroning wêwêngkon kono dumunung ing têngah, tinêmu ana pasarean sinêkar watu, salawas-lawase tansah pinundhi ing ngakèh, ora kêndhat tansah sinêbaran kêmbang, nanging pamanggone ana papan kang pêtêng,
  7. 7. wujuding maejan kang arupa kuning nganti ora katon, amarga ing papan kono bangêt ing ciyute, lan tanpa jandhela, dadi ora tau kasorotan padhanging srêngenge. Lan ing kono tinêmu ana pêthi kayu kang isi gêgamaning ratu, iya iku kêris. Ukirane kayu kêmuning rupane nyawo matêng, pucuking kêris lincip amingis-mingis, adhapur luk. Mungguh dhèk jaman biyèn, panganggêpe kêris mau bisa narik marang kasêktèn. Kêris mau dijênêngake Sura Angun-angun, asli wasiyat saka Sunan Giri, dhèk biyèn [biyè...] --- 26 --- [...n] didokok ana ing Giri sacêdhaking Grêsik. Ananging kêris mau tinêmu ora ana ing kono, katrangane: dhèk taun 1772 kêris mau ana ing astaning Gupêrnur utawa dirèktur ing Pasisir, iya iku Yohanês Robrèt Pandhêrburêh (Johannes Robbert van der Burg) nanging uga manjir pakaringake bali marang Giri, kanthi kawrat ing bêslit tanggal kaping 27 Oktober 1772, surasane: Kêris mau ora kêna diuwèhake marang sapa-sapa, kajaba manawa wis olèh palilahe gupêrnur kang nguwasani. Dhèk jaman paprangan Sinuhun Amangkurat II lan raja pandhita ing Giri, kêris mau aran Kalamunyêng.[1] Dadi ora anèh mungguh kahanane pangulu ing kono anggone ngajèni bangêt marang kêris mau, sabên anggrayang mêsthi kanthi andonga. --- 27 --- Gêdhong kang isi pasareane Sunan Giri kang misuwur sakti, kang perangan ing jaba akèh rêrênggan kayu ingukir. Gunung Giri iku dhuwur, saka kono manawa nyawang ngiwa-nêngên, bisa sumurup panggonan kang adoh-adoh, saka sasêlaning wit-witan katon tambak iwak kang banyune kimplah-kimplah, banyuning sêgara katon pindha talaga mênêb, pulo Madura lan pulo Sêmbilangan padha katon diyane ing mênara, sorote katon cêtha. Tumraping wong muslim ing Giri iku luwih pinundhi-pundhi tinimbang ing Gapura wetan. Ing kono, iya iku ing Gununge, manawa nuju ana pakumpulan kang ngrêmbug agama, akèh wong sacêdhake kono utawa uga saka Surabaya kang padha têka. --- 28 --- Ana manèh pasarean liyane kang uga misuwur iya iku ing desa Lêran, dohe saka Grêsik kira-kira ana nêm pal. Manawa lakune wis munggah undhak-undhakan, banjur tumêka ing candhi watu, nanging akèh kang wus rusak. Ing kono pasareane Dèwi Suwari, karo êmban inyane. Pasareane putri mau lumrah ing akèh diarani: kuburan dawa. Kasêbut ing sawênèhing layang carita, dewi Suwari lan êmban inyane mau seda lan patine nalika taun 1303 jalaran saka kataman ing lêlara nular. Nanging ana sawênèhing carita manèh, jalarane saka gêrah galihe, amarga didhawuhi ingkang rama Prabu Gêdhèh, kadhawuhan [kadhawuha...] --- 29 --- [...n] krama dhaup lan Prabu Brawijaya ing Majapait sang putri lumuh. Pasarean iku ana ing panggonan kang sêpi bangêt, lan ing saubênge akèh wit-witane. Ing kono ana watu marmêr tinulis nganggo sastra lan basa ngarab, kang surasane nêrangake anane wong ngarab kang têka dhisik dhewe. Patilasan jaman Indhu ing sacêlakipun Bogor.
  8. 8. Mênggah patilasan-patilasan ing jaman Indhu, ingkang kathah pinanggih wontên ing Jawi têngah utawi Jawi wetan. Nanging satunggal kalih ugi wontên ingkang pinanggih ing bawah paresidhènan Batawi, kados ta: ing bawah Dhistrik Lêwiliyang, inggih punika --- 30 --- ing dhusun Sadhèngjambu. Ing ngriku wontên sela ingkang wontên sêsêratanipun, lan ing Ciampeya ugi wontên tilas tapak gajah ing sela. Aliya punika wontên malih ing Ciarutên, ugi ing Ciampeya, wontên sela mawi sêsêratan. Dene sêsêratan wau, sadaya suraosipun: Pangalêmbana dhatêng Purnawarman, bokmanawi namung tumuju dhatêng tiyang satunggal kemawon, ing Taruma. Ingkang linuhurakên dening bôngsa Sundha, awit saking kaprawiranipun. Sela ingkang pinanggih ing Sadhèngjambu, manggèn wontên sawênèhing parêdèn saêlèr-kilènipun kampung Pênyawungan, sela wau wontên sêsêratanipun kalih larik, lan tapak suku kêkalih nanging botên cêtha. Dene jarwanipun sêsêratan wau makatên: --- 31 --- Sang Prabu Purnawarman, nata ambêg adil lan alus ing budi, angluwihi pêpadhaning ratu, kang wus ngambah marang kautaman, kang misuwur angagêm rasukan waja, ora têdhas kataman panahing mungsuh. Iki tapak sampeane nata kang rêmên nyirnakake mungsuh kang mrêngkang, kang ambêk wêlas lan asih marang para ratu têtêlukan apadene kang miturut marang dhêdhawuhane, amung panjênêngane kang sagêd numpês ing mêngsahe. Sela ingkang wontên tapakipun gajah wau gumlethak ing ara-ara. Saêlèr-wetanipun kampung Thangkil, cêlak margi saking Ciampeya dhatêng Muara Antên. Antawising tapak gajah kêkalih wau wontên sêsêratanipun salarik, amratelakakên bilih [bi...] --- 32 --- [...lih] tapak wau tapak sawênèhing nata, kintên-kintên nata ing Taruma, ingkang kasêbut ing nginggil. Ing sakawit sêsêratan wau dèrèng wontên ingkang sagêd anjarwani, nanging lami-lami pinanggih dening tuwan Dhoktêr Kern, kajêngipun makatên: Kagungan nata kang jumênêng ing Taruma, nata kang ambêg prawira, iya iku nata ... tapak iki, tapak sampeyane piyambak. Sela ing Ciarutên, manggèn sacêlaking têmpuraning lèpèn Ciarutên lan Cisêdhane. Ing sisih ngajêng wontên sêsêratanipun, lan ing nginggil wontên tapak suku kêkalih ragi ngalêbêt. Tapak wau ugi tapakipun Prabu Purnawarman, sêsêratan ingkang kacêtha ing sela wau basa Sanskrêta, dene suraosipun: --- 33 --- Kang sairip tapak sampeane Sang Hyang Wisnu iki, tapake prabu Purnawarman, kang jumênêng ing ... managara. Sarèhning araning panggènan samar, mila ingkang kenging kawaos namung pungkasanipun kemawon, nanging wangun-wangunipun: Tarumanagara.
  9. 9. Kajawi sela-sela wau, wontên patilasan-patilasan sanèsipun, inggih punika ing rêdi Cibodhas. Saêlè-kilènipun rêdi wau wontên rêcanipun satunggal, nama: Arcagêdhe, linggih salonjor ngêdhêpi sirah tiyang kêkalih. Miturut cariyosanipun tiyang ing ngriku, makatên: Ing jaman Praja Pajajaran, wontên sawênèhing --- 34 --- Pangeran ingkang bagus ing warni, kagungan pacangan putri ugi pinunjul ing warni. Cêkaking cariyos kêlampahan dhaup. Ing nalika rame-ramening pasamuan, sang putri miyos. Dipun êntosi ngantos dangu sang putri botên wangsul. Wusana wontên abdi saos atur, bilih wontên sawênèhing putri binêkta ing durjana, sampun têbih oncat saking ngriku. Sang Pangeran gita-gita nusul, tindakipun analasak wana-wasa, tumurun ing jurang sirung, nanging ugi botên kêsusul. Sarêng tindakipun dumugi pucaking rêdi Sinala (pucak rêdi Cibodhas ingkang inggil piyambak) kêpanggih lan tiyang nênêm. Botên kenging botên têtiyang wau tamtu sumêrêp dhatêng lampahing durjana, awit langkung ing ngriku. --- 35 --- Sarèhing têtiyang wau sami kumbi, mila lajêng dipun tigas gulunipun, sami dipun cacah-cacah, lan dipun sabdakakên dados sela. Sasampunipun makatên, sang Pangeran anglajêngakên lampah nututi durjana ngantos kêcêpêng. Awit saking dukanipun, sakalih-kalihipun sami dipun tigas lan ugi dipun sabdakakên dados sela. Sang Pangeran rumaos dèrèng marêm ing galih, sirah kêkalih tansah dipun galethakakên ing ngarsanipun, sarta tansah dipun dhawahi asta. Ing wêkasanipun Sang Pangeran piyambak inggih dados sela. Ingkang sumêrêp cariyosan bab wau namung tiyang satunggal-kalih, lan malih wangunipun wontêning cariyos wau sawêg kakarang kemawon sasampunipun sirah --- 36 --- rêca wau ical, awit saking dangunipun. Mênggahing sayêktosipun, ingkang langkung misuwur, inggih punika patilasan jaman buda ing Batutulis, sacêlakipun Bogor, ing ngriku wontên sêsêratan tumraping sela, mila ing panggenan wau karan: Batutulis. Inggiling sela wau wontên sadêdêging tiyang, wiyaripun sèmetêr langkung, kandêlipun tigang têbah. Ing sela ngriku kasêrat titimôngsa adêgipun karaton ing Pakuan, kadhatonipun Nata ing Pajajaran. Ing sisihipun ugi wontên sela malih, awujud kados pathok, lan ing ngajêng sisih kiwa wontên tapak kêkalih. Panggenan wau dipun tembok sae, sarta dipun kêlamboni, awit kathah tiyang ingkang nênêpi mriku. Dene sêsêratan ingkang pinanggih ing sela wau --- 37 ---
  10. 10. wontên wolu satêngah garis, sinêrat ing basa Sundha kina. Sakawit botên wontên ingkang sagêd anjarwani. Nanging lami-lami ing têngah-têngahing jaman ingkang kaping 19, sawêg sagêd katêrangakên sakêdhik dening Tuwan Friederich, lajêng Tuwan Holle, nanging ingkang sampurna piyambak pamanggihipun Tuwan C. M. Pleyte, sairib kados pamanggihipun Tuwan Prof. Kern, dene jarwanipun kintên-kintên kados ing ngandhap punika. Ingkang rumiyin jêjuluk Prabu Ratu, ingkang sumilih Prabu Guru Dewata Bahna. Sasampunipun punika ingkang sumundhul: Sri Maharaja, Nata Pakuan Pajajaran. Prabu Dewata ingkang yasa Pakuan. Dene putra Rahiyang Dewaniskala suwarga, ingkang sumare ing Gunatiga, wayahipun Rahiyang Niskalawastu [Niskala...] --- 38 --- [...wastu] kancana suwarga ingkang sumare ing Nusalarang. Panjênênganipun ingkang yasa kadhaton ing parêdèn dipun grogol, ingkang yasa ... dha, ingkang yasa talaga Rêna Mahawijaya,[2] sangkalanipun: Lima Pandhawa Pangasuh Bumi, têgêsipun: lima = 5, pandhawa = 5, pangasuh = 4, bumi = 1 = 1455, Cocog lan taun walandi 1532. Wana ing Siluman.[3] Ing Distrik Ranca, apdeling Ciamis, (Cirêbon) wontên sawetanipun wana, ingkang dipun wastani: Lêwêngonom. Têmbung lêwêngonom [lêwêngono...] --- 39 --- [...m] punika basa Sundha, mênggah jawinipun: Wana siluman, dene wana wau lêrêsipun salèr-kilèning dhusun Siluman, têbihipun saking ing kitha Ciamis 18 pal. Kacariyos bilih wontên tiyang lumêbêt dhatêng ing wana wau, ing môngka dipun sênêngi dhatêng ingkang ambaurêksa, wana punika lajêng katingalan awujud nagari agêng langkung rêja, loh jinawi tur anêngsêmakên ing pandulu: kawontênanipun, dene kathah woh-wohan ingkang adi-adi, sarta tiyang wau kenging nênêdha ing sasênêngipun, punapa malih ugi kenging katêdha ngantos satuwukipun. Namung sirikanipun: botên kenging ambêkta mantuk punapa-punapa, jalaran saupami kalampahan ngantos ambêkta barang-baranging wana wau, punika sawêg angsal pitung --- 40 --- jangkah anggènipun lumampah, barang-barang wau tamtu lajêng amalih warni, dados siti utawi sela tuwin sanèsipun ingkang botên kenging katêdha ing tiyang utawi ingkang botên wontên gunanipun. Ing sacêlakipun wana ngriku, kaprênah sakidulipun cakêt, wontên rawanipun agêng ingkang kathah cucukulanipun awarni-warni, sukêtipun angrêmbuyung sarta kathah ulamipun, rawa wau ing basa Sundha, kawastanan: Rôncaonom, jawinipun: Rawa siluman, punika tumrap tiyang ingkang sami dhatêng ing ngriku, bilih dipun sênêngi kaliyan ingkang ambaurêksa ugi botên katingal rawa, lajêng katingal talaga wêning toyanipun, ulamipun kathah awarni-warni. Wondene para siluman ing onom wau, --- 41 --- asring ngatingal awujud manungsa, rêmên anêningali tontonan ing dhusun-dhusun sacêlakipun ngriku, pundi ingkang wontên tanggapan sarta bilih tontonan sampun badhe bibar, lajêng ical, botên kantênan purugipun. Makatên
  11. 11. malih inggih purun balônja têtumbas dhatêng pêkên-pêkên, manawi têtumbas barang punapa kemawon botên mawi takèn rêginipun utawi ngawis, lajêng nyèlèhakên arta sarta mêndhêt barang ingkang dipun kajêngakên. Tandhanipun para siluman ing Onom punika, bilih wontên tiyang, jalêra èstria: tamtu ngangge kalung sêkar panjantos, ugêl-ugêling suku tuwin tangan dipun tangsuli ing tutus utawi oyod-oyodan sanèsipun. Bilih wontên tiyang ingkang mangangge makatên, punika botên [bo...] --- 42 --- [...tên] kenging kaarubiru, saparipolahipun kêdah namung kinèndêlakên kemawon, jalaran manawi wontên ingkang purun ngaruh-aruhi, kirang sakeca kadadosanipun, lajêng sakit bêntèr, kasrêpên utawi sakit sanèsipun. Kasaenanipun para siluman wau: purun têtulung dhatêng kasusahaning tiyang, kadosta: bilih wontên pakaryan anggarap radinan, punika manawi kintên-kintên rampung 6 - 7 dintên kagarap ing tiyang kathah, sagêd rampung sadintên, namung anggèning tumut nyambut damêl wau botên ngatingalakên wujudipun, namung wontên suwara kumrêsêg. Kenging kasambat madosi durjana. Punapadene bilih ingkang Bupati Ciamis kagungan damêl ingkang mawi pasamuan agêng, para siluman wau lajêng sami dhatêng sowan ingkang Bupati kados [ka...] --- 43 --- [...dos] tiyang limrah, kalayan ambêkta sumbangan warni-warni, kados ta: maesa, lêmbu tuwin banthèng, sarta sumbangan punika kêdah lajêng kapragat sanalika, botên kenging ngantos dipun sumênèkakên, awit manawi kasumênèkakên, sumbangan wau lajêng sami musna tanpa lari. Lêlampahan punika taksih lastantun dumugi samangke. Wontên malih wana-wana gêgandhènganipun wana Onom, inggih punika ing wana Siluman, tuwin ing Jatilêga. Mênggah isinipun wana-wana wau taksih kathah bubujênganipun: banthèng, kidang, manjangan, andhapan tuwin tiyang ingkang sami lumêbêt utawi ngambah wana-wana punika wau, manawi kalêrêsan pinanggih tiyang mangangge anèh-anèhan, utawi [u...] --- 44 --- [...tawi] nyambut damêl ingkang botên samurwatipun, punika botên kenging ngaruh-aruhi utawi anggêgujêng, jalaran saupami kêlampahan makatên, tiyang ingkang nyaruwe tamtu lajêng bilai, (sakit), nanging para siluman wau, bilih nuju ngatingal, ugi kenging kaajak rêmbagan bab sanèsipun, ingkang botên magêpokan dhatêng kawontênaning piyambakipun. Kanugrahan ingkang ngêmar-êmari manah. Kangjêng Pangeran Pugêr ing Kartasura, kagungan kêkasih tiyang Tionghwa totok anama: Jan gêgriya ing Pakalongan. Jan wau misuwur sae manahipun, bèrbudi lila donya, rêmên têtulung --- 45 --- dhatêng tiyang ingkang kasusahan. Ingkang suwau Jan sugih, nanging saking bèring manahipun dados malarat. Sarêng mirêng Kangjêng Pangeran Pugêr sampun jumênêng nata Mataram, akadhaton ing Kartasura, ajêjuluk: Kangjêng Susuhunan Pakubuwana I, Jan enggal sowan ambêkta angsal-angsal sakêdhik. Sadumugining ngarsa dalêm angsal-angsal katampèn, Jan kadangu mênggah kawilujênganipun lan kawontênanipun ing Pakalongan. Sasampuning ngunjuki wangsulan pandangu dalêm, Jan lajêng kadhawuhan ngaso ing satunggiling griya kajagi ing
  12. 12. prajurit, kaparingan têdha ing sacêkapipun, ananging botên kaparêng kesah, manawi kêpêksa mêdal saking griya wau, kados ta badhe têtoya, kêdah dipun tutakên ing prajurit asikêp dêdamêl. Makatên punika ngantos pintên-pintên [pi...] --- 46 --- [...ntên-pintên] wulan. Jan canthèl unjuk badhe ngadhêp ing ngarsa dalêm, botên kaparêng, nyuwun pamit badhe mantuk botên kalilan, amila sangêt susahipun, ngintên kasiku jalaran sowanipun nalika mêntas dhatêng wau tanpa larapan. Ngèngêti panguwasanipun ratu Jawi ing jaman samantên, kintên-kintên Jan badhe kapatrapan ukuman awrat, lêpat-lêpat kaukum pêjah. Sarêng sampun lami anggènipun wontên ing Kartasura, Djan kaparêng mantuk, nanging botên kalilan ngadhêp rumiyin ing ngarsa dalêm. Lampahipun kaêtêrakên prajurit asikêp dêdamêl, kados lampahing dêdosan, namung kaot botên kabêsta, tur kinanthènan sêrat dhatêng pangagênging paprentahan ing Pakalongan. --- 47 --- Botên kacariyos lampahipun ing margi, Jan sampun dumugi ing Pakalongan. Sarêng dumugi ngajênging griyanipun, sapintên kagètipun, ningali griyanipun sampun botên wontên, jêbul papan pakawisanipun sampun kaadêgan ing griya agêng asae, pantêsipun Kabupatèn. Jan saya nalôngsa, ngintên griyanipun kajarah ing nagari. Jan sawêg mingak-minguk, ingkang èstri manglong-manglong ing kori, nguwuh-uwuh bojonipun. Jan lumêbêt ing griya, dipun cariyosi yèn griyanipun sampun dipun brukakên, papanipun lajêng dipun adêgi griya agêng punika. Nanging ingkang èstri wau botên sumêrêp sintên ingkang ngakèn ngêbrukakên griyanipun, namung sasampuning dados griya agêng wau, piyambakipun lan ingkang jalêr kenging manggèn ing ngriku. --- 48 --- Jan anglajêngakên lampahipun, pinanggih priyantun ingkang nyêpêng paprentahan ing kitha ngriku. Sarêng nawala dalêm kabikak, jêbul isi piyagêm, anêtêpakên Jan dados bupati ing Pakalongan, kapatêdhan nama: Tumênggung Janingrat. Cariyos ing nginggil punika saking salah satunggiling turunipun Tumênggung Janingrat. 1. Kalam Munyêng. (kembali) 2. § Saking pangandikanipun Tuwan Pleyte inggih punika siraman ing Kotabatu, ingkang sapunika toyanipun kailèkakên dhatêng ilèn-ilèning Bogor. (kembali) 3. § Cariyos punika, Bale Pustaka botên sagêd anêtêpakên awit Bale Pustaka dèrèng anyatakakên piyambak. (kembali)
  13. 13. Dongèng Akal Pêngaos Kalih Sèn, Wiryaatmaja, 1917, #1240 Katalog : Dongèng Akal Pêngaos Kalih Sèn, Wiryaatmaja, 1917, #1240 Sambung : - Rêgi dalah wragad ngintunakên wêdal ing pos f 0.21 --- 0 --- Kenging tumbas dhatêng Dépôt van Leermiddelen ing Wèltêphrèdhên kalayan ngintunakên yatra wau mawi pos wisêl. Dongèng Akal Pêngaos Kalih Sèn Karanganipun Wiryaatmaja Guru bantu ing Kêtawang (Kuthaarja) Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan Pisêr en ko. Wèltêphrèdhên 1917. --- 3 --- Serie uitgaven door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslectuur No. 299. Dongèng Akal Pêngaos Kalih Sèn Karanganipun Wiryaatmaja Guru bantu ing Kêtawang (Kuthaarja)
  14. 14. Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr ing sêtatsêblad taun 1912 No. 600. Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilah saking Commisie voor de Volkslectuur sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa. Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan Pisêr en ko. Wèltêphrèdhên 1917. --- 4 --- Yatra Kalih Sèn Minôngka Panumbasing Akal Kacariyos ing jaman kina, ing nagari Sidayu wontên satunggilipun sudagar wasta: Karyaarta, katêlah nama Kiyai Agêng utawi Kiyai Gêdhe. Misuwur ing sugihipun, sanagari Sidayu botên wontên ingkang nyamèni. Mila kajèn lan kèringanipun mèh sami kalihan priyantun luhur. Griyanipun wontên kawan panggenan, sadaya pinagêr banon sae, rinêngga kalangkung asri, sarta kêbak isi barang pirantos ingkang endah-endah. Milanipun Kyai Agêng wau yasa griya kawan panggenan, awit semahipun sakawan, sami ayu ing warni sarta ênèm. Punika kagriyakakên piyambak-piyambak. Pambajêngipun nama Êmbok Wagiyêm, punika semah jakalara, karanipun êmbok sêpuh, panggulu nama Mênik, karanipun êmbok têngah, nuntên êmbok pandhadha, nama Langên, karanipun êmbok ênèm, dene semah wuragil nama --- 4 --- Karsih, karanipun êmbok ragil. Semah sakawan punika sami atut rukun kados sadhèrèk tunggil bapa biyung. Dene anggènipun makatên punika botên pisan sabab saking adilipun kyai sudagar, awit sanyatanipun ki sudagar taksih kenging katêmbungakên êmban klaras, êmban cindhe, nanging namung jalaran saking pangugunge dhatêng semahipun wuragil, panêngah lan panggulu, langkung-langkung dhatêng êmbok ragil, kasok sihipun kyai sudagar, prasasat katêdhaa nyawanipun, inggih kaulungakên, dados semah têtiga wau sami inguja, mèh sadaya panêdhanipun tinurutan. Samangke êmbok sêpuh kadospundi. Tangèh sagêdipun kasêmbadan kados maru- marunipun, ananging sarèhne sae manahipun, mantêp bêkti ing laki, dados salaminipun tansah narimah kemawon. Ewadene têtiyang ingkang botên sumêrêp wêwadosipun kyai sudagar, sami angalêmbana, malah wontên ingkang kawêdal ucapipun makatên: nganggoa kopyah sêmôngka, pantês bae kyai agêng sugih arta, dhasar sambada adil palamarta. --- 5 --- Kyai Agêng manawi nyukani pangangge utawi barang sanès-sanèsipun, ingkang kapurih milih rumiyin piyambak, êmbok ragil, lajêng êmbok ênèm, êmbok têngah, kêkantunanipun kasukakakên dhatêng êmbok sêpuh. Kacariyos anuju satunggiling dintên, Kyai Agêng ningali barang dêdaganganipun, katingal kantun sakêdhik, amargi nalika punika mangsanipun tiyang gadhah damêl mantu, nyupitakên, lan sanès-sanèsipun. Mila barang dêdaganganipun kathah ingkang pajêng, dipun tumbas ing tiyang ingkang sami gadhah damêl wau. Saking bingahing manah amargi daganganipun laris sangêt, Kyai Agêng sumêdya kesah kilak dagangan piyambak, dhatêng nagari Nungsa Kancana, tumuntên parentah dhatêng juru sêratipun, ingkang taksih kalêrês kaponakan, awasta: Sastrarumêksa, têmbungipun:
  15. 15. Sastra, kowe gawea pratelan ananing barang-barang kang wis payu, lan barang kang durung payu, sajroning sapuluh dina kudu rampung, awit aku besuk tanggal ping limalas sasi iki, bakal lunga [lu...] --- 6 --- [...nga] kulak dagangan, mênyang nagara Nungsa Kancana, kang bakal dakgawa layar, kowe lan kancamu sudagar ana rolas. Wangsulane Sastrarumêksa: Inggih, sandika. Sastra nuntên mantuk, sadumugining griya enggal miwiti anggarap punapa ingkang dados parentahipun Kyai Agêng. Kyai Agêng anggènipun parentah dhatêng juru sêratipun, pinuju wontên ing griyanipun semah ingkang ênèm piyambak. Sapêngkêring juru sêrat, lajêng wicantên dhatêng ingkang èstri, têmbungipun: Karsih, aku besuk tanggal ping limalas sasi iki, arêp lunga kulak dagangan mênyang nagara Nungsa Kancana. Amarga saka iku ênggonmu tunggu omah sing ngati-ati. Besuk yèn aku mulih, kowe anjaluk olèh-olèh apa. Wangsulanipun êmbok ragil: Inggih kyai, kula mêmuji kawilujêngan sampeyan. Kajawi saking punika sarèhne paring sampeyan sêngkang kirang sae, mugi sampeyan tumbasakên sêngkang ingkang langkung sae, lan kalung ingkang mawi mainan barleyan [bar...] --- 7 --- [...leyan] sêling mirah dêlima. Gêlang olan-olan tinrètès barleyan mawi mripat mirah dêlima. Dene barang sanès- sanèsipun sumôngga sakarsa sampeyan. Kyai Agêng: Iya dakgolèkake apa kang dadi panjalukmu. Ananging aku gawèkna sangu rokok kang enak. Sasampunipun wicantên makatên, Kyai Agêng lajêng dhatêng griyanipun êmbok ênèm, ugi wicantên kadosdene nalika wontên ing panggenanipun êmbok ragil. Wasana êmbok ênèm mangsuli: Kyai, kula mêmuji kawilujêngan sampeyan. Benjing manawi sampun dumugi ing Nungsa Kancana, kula sampeyan tumbasakên pêniti barleyan sêling mirah dêlima, sêsupe sapasang panunggul barleyan, kaapit ing mirah dêlima. Dene barang sanès-sanèsipun sumôngga sakarsa sampeyan. Kyai Agêng: Iya dakgolèkake. Ananging aku gawèkna sangu wedang sapacitane. Bakda makatên lajêng dhatêng griyanipun êmbok têngah, ugi wicantên kadosdene kasebut ing nginggil. --- 8 --- Dene wangsulanipun êmbok têngah: Kula muji kawilujêngan sampeyan, dumugining purug, ngantos wangsul ing ngriki malih. Kula benjing nêdha angsal-angsal kancing gêlung barleyan sêling mirah dêlima. Lopak-lopak pênyu, tinarètès ing barleyan ugi sêling mirah dêlima. Dene sanès-sanèsipun sumôngga andhèrèk sakarsa sampeyan. Kyai Agêng: Iya yèn ora lali. Dene kabèh-kabèh wêlingane sarwa barleyan sêling mirah dêlima ... Bok têngah: He, la, wong bojone Kyai Agêng, yèn bojone buruhe iya trima nganggo barang mripat jênangan abang sêling bêling. Kyai Agêng: Wis, Mênik, aja nêpsu. Mung panjalukku marang kowe, besuk aku gawèkna sêga salawuhe. Dene sangu wedang lan liya-liyane, adhimu Langên lan Karsih kang padha nyaguhi anggawèkake.
  16. 16. Satêlasing wicantên, Kyai Agêng lajêng dhatêng panggenanipun êmbok sêpuh. Sadumugining --- 9 --- ngriku lajêng linggih wontên ing pandhapi, sarta angundang-undang, têmbungipun: Yêm, Yêm, mrenea. Êmbok sêpuh: Kula, ontên napa. Kyai Agêng: Ya mrene, ta, wong diundang iku rak mara, aja mung mangsuli bae, mulane diundang iya ana pêrlune. Êmbok sêpuh dhatêng kalihan wicantên: Dene ora tau-tau ngundang, ajêng diprentahi napa. Kyai Agêng: Sarèhne besuk tanggal kaping limalas, aku arêp layar mênyang Nungsa Kancana, kowe gawea lawuh mangan lan pacitan wedang, cukupe kanggo wong têlung puluh. Awit aku arêp anggawa Si Sastrarumêksa, lan sudagar liyane rolas, môngka sudagar mau anggawa kônca niji. Êmbok sêpuh: Dene kathah têmên, adate ming anggawa sudagar lima utawa nênêm, saniki têka anggawa rolas, ajêng dikèn napa mawon. Kyai Agêng: Yah, aja kakehan rêmbug, --- 10 --- lakonana bae kang dadi prentahku. Mulane anggawa kônca akèh, iya akèh kang bakal digolèki. Êmbok sêpuh: Ênggih pakne, ananging kula sampeyan olèh-olèhake. Kyai Agêng: Diolèh-olèhake apa bae, apa kang dadi karêpmu, ing kene rak wis ana. Êmbok sêpuh: He, saking kumudu-kudune duwe bojo arêp lungan. Kula sampeyan tumbasake sing jênêng akal, ontêna pangaji rong sèn mawon. Kyai Agêng: Iya besuk, yèn ana, daktukokake. (anggènipun wicantên makatên wau, kalihan mênyat kesah dhatêng ing jamban). Kacariyos, sarêng sampun dumugi ing tanggal gangsal wêlas ingkang kasêbut ing ngajêng, barang bêbêktan lan sangu sampun dipun tata wontên ing baita. Dene baitanipun Kyai Agêng namanipun: Pangudi, misuwur agêng santosa, tuwin endahipun. Kyai Agêng sakancanipun lajêng sami minggah ing baita, mriyêm ing baita kaungêlakên [ka...] --- 11 --- [...ungêlakên] kaping tiga, mratandhani ambêdhol jangkar, mangkat layar. Lampahing baita Pangudi angsal angin sae ngêncêng dhatêng nagari Nungsa Kancana. Kyai Agêng sakancanipun wontên satêngahing sagantên tansah asuka-suka nganton[1] nêlas. Lampahing baita wilujêng dumugi ing palabuhan Nungsa Kancana. Mriyêm ing baita kaungêlakên tigang rambahan, ngantos kaping kalih, mratandhani yèn Kyai Agêng Karyaarta dhatêng kados adat sabên sumêdya kilak dagangan. Sarêng para sudagar ing Nungsa Kancana, mirêng têngara wau, tumuntên sami minggah dhatêng ing baita manêmbrama ingkang mêntas dhatêng sarta ngampirakên ing griyanipun, supados
  17. 17. ningalana barang daganganipun. Ananging Kyai Agêng dèrèng purun dhatêng griyaning para sudagar, awit taksih sayah. Mila lajêng dhatêng ing griya pasewan, pêrlu ngasokakên badanipun. Para sudagar bêktanipun Kyai Agêng sarêng sampun sami aso, lajêng dipun êkèn ngupados dagangan ingkang sampun kasêdya saking Sidayu. Mila lajêng sami pangkat pating prênca. Wontên ingkang ngalèr, wontên ingkang ngidul, ngilèn tuwin ngetan, [nge...] --- 12 --- [...tan,] kilak sawarnining barang dagangan ingkang mirah ing nagari ngriku sarta lajêng kasade ing nagari Sidayu. Kyai Agêng kantun katilar wontên ing griya pasewan, namung kalihan juru sêratipun. Sabên dintên para sudagar ing Nungsa Kancana sami manggihi Kyai Agêng, tawi barang dêdaganganipun piyambak-piyambak. Enggaling cariyos sampun kathah angsal-angsalanipun barang dagangan, punapadene ingkang dados pawêlinganing semahipun, ugi sampun angsal sadaya. Ananging namung kantun pawêlingipun êmbok sêpuh ingkang dèrèng angsal, awit Kyai Agêng waunipun kasupèn. Wêlinganing semah satunggalipun winadhahan ing pêthèn mas ingukir asri, tuwin rinêngga ing sêsotya, sarta cinirèn namanipun ingkang badhe dipun angsal-angsali, supados ing têmbe sadumugining griya, ingkang èstri sakalangkung bingah, sabab dipun angsal-angsali barang pèni-pèni langkung saking pawêlingipun. Kyai Agêng tansah anggagas, saiba badhe bingahing para semahipun, satampinipun angsal-angsal wau. --- 13 --- Barang tansah liniling-liling, manawi sakintên taksih wontên ingkang kuciwa, supados kalêrêsna dening kêmasan ing Nungsa Kancana. Murih saenipun. Sadangunipun maspaosakên kawontênaning barang-barang wau, kasambi wicantênan kalihan juru sêratipun. Têmbungipun Kyai Agêng: Sastra, mara dêlêngên barang ing pêthèn têlu iki, êndi kang kurang bêcik, aranana. Sastrarumêksa lajêng mêndhêt pêthèn satunggal, kawaspaosakên kawontênanipun. Sarêng sampun cêtha anggènipun ningali pêthèn, lajêng kabikak tiningalan isinipun. Sangêt eramipun Sastrarumêksa, sumêrêp barang ingkang langkung sae punika, amargi salaminipun gêsang dèrèng nate sumêrêp barang ingkang sae kados makatên. Sarêng pêthèn tiga wau sampun tiningalan sadaya, lajêng matur dhatêng Kyai Agêng, têmbungipun: Mênggah kawontênanipun barang punika sadaya, saking pamanggih kula sampun botên wontên ingkang kuciwa. Tumrap ing nagari Sidayu, kajawinipun sang prabu, kados botên wontên ingkang gadhah barang makatên saenipun. [sae...] --- 14 --- [...nipun.] Punika sintên kemawon ingkang badhe kaparingan angsal-angsal. Kyai Agêng: Dêlêngên tulisan ing tutuping pêthi iku. Iya iku kang bakal anduwèni. Sastrarumêksa: Punika kangge êmbok têngah, punika kangge êmbok ênèm, punika kangge êmbok ragil ... Ingkang kangge angsal-angsal êmbok sêpuh pundi. Kyai Agêng: O, la, iya, aku lali, durung ana. Sastrarumêksa mirêng têmbungipun Kyai Agêng makatên punika, ing batos gumujêng, ciptanipun: Hêm, sing ênom- ênom bae sing dipêrlokake, kang tuwa ora dipikir.
  18. 18. Kyai Agêng kèndêl ngantos dangu, mikir-mikir kadospundi prayoginipun, supados sampun andadosakên gêlaning semah ingkang sêpuh piyambak. Wasana kèngêtan yèn êmbok sêpuh wêling supados katumbasna akal pêngaos kalih sèn kemawon. Ananging piyambakipun dèrèng nate sumêrêp ingkang nama: akal punika, mila judhêg ing manah. Wasana pitakèn dhatêng --- 15 --- Sastrarumêksa, têmbungipun: Sastra, apa kowe sumurup apa kang diarani akal. Yèn kowe sumurup mara tuduhna ing êndi panggonane, awit iku kang dadi wêlingane êmbokmu tuwa. Sastrarumêksa: Salami kula gêsang dèrèng nate sumêrêp warninipun: akal. Kyai Agêng rumaos isin sangêt, dene dipun wêlingi pangaos kalih sèn kemawon badhe botên sagêd angsal. Pêpuntoning manah sumêdya kesah ngupados tiyang ingkang sade akal. Dene Sastrarumêksa kapurih têngga wontên ing griya pasewan, ngrêksa sakathahing barang-barang. Ananging sadèrèngipun Kyai Agêng kesah, atilar wêling dhatêng juru sêratipun: Sastra, kowe karia ana ing pondhokan kene, kang ngati-ati, aku arêp lunga, sumêdya golèk kang diarani akal. Sastrarumêksa: Inggih, sandika. Kyai Agêng enggal mangkat botên mawi ambêkta kônca, lampahipun anjujug ing pêkên. Sabên bakul dipun takèni: Apa adol akal. [a...] --- 16 --- [...kal.] Sakathahing bakul ingkang dipun takèni sami mangsuli: Sampun ingkang sade, sumêrêp dhatêng ingkang nama akal kemawon dèrèng. Kyai Agêng sangêt judhêg ing manahipun, dene sampun takèn mrika-mriki, botên wontên ingkang nêrangakên wujudipun ingkang nama akal. Bibar pêkên tiyang-tiyang ingkang sami têtumbas, sarta para bakul sampun sami mantuk, Kyai Agêng taksih wontên pêkên linggih wontên ing lincak alit, ingkang mêntas kangge dhasar jêjanganan. Ing ngriku Kyai Agêng sumêrêp, sakathahing kere ingkang mêntas sami ngêmis, ngêmpal dados sapanggenan. Wontên ingkang ngratêngi angsal-angsalanipun ngêmis, wontên ingkang tilêman, wontên ingkang gêgujêngan. Kyai Agêng sumêrêp polahing kere makatên punika, lajêng ngrêsula kawêdal têmbungipun: Ing atase wong kang tinitah urip mangkana, dene bisa sênêng-sênêng, kaya-kaya ngungkuli kasênênganaku. Kapara aku iki kang dititahake sugih, bisa mangan kang enak-enak, mênganggo sarwa bêcik, ora bisa kadunungan sênêng kaya wong kang dakwatara [dakwata...] --- 17 --- [...ra] sangsara uripe iku. Coba aku dakngumpuli kere-kere iku, êmbokmanawa ana sawijining kere kang wêruh rupaning akal. Kyai Agêng lajêng numbasi sakathahing têtêdhan, kasukakakên dhatêng kere ingkang wontên ing ngriku. Tandanging kere anggènipun nêdha, kumrubut rêbatan ambujêng kathahing panêdhanipun. Sarèhne têtêdhanipun kathah sangêt, kere-kere wau ngantos sami katuwukkên. Wontên ingkang mêkêh-mêkêh, dhêlêg- dhêlêg, utawi glintingan, awit kêmlakarên. Wontên satunggiling kere ingkang sae budinipun, botên purun tumut nêdha. Sadanguning kônca-kancanipun sami rêbatan, piyambakipun ugi tumut angrêbat, ananging manawi angsal lajêng kasukakakên dhatêng kancanipun ingkang botên sagêd tumut angrêbat, awit badanipun sêsakitên. Makatên punika ngantos kancanipun ingkang botên sagêd anggulawat, sami sagêd tuwuk sadaya. Kere ingkang ambêk wêlas wau, sarêng sumêrêp solahing kônca ingkang sami katuwukkên, lajêng wicantên sora: iku têmahane [têmah...] --- 18 ---
  19. 19. [...ane] wong kang tanpa pamikir, dupèh ana panganan akèh, anggonmu mangan korosani bae, tanpa dêduga lan watara. Saiki kowe ngrasakake paukuman, amarga saka ing murkamu. Kawruhana: mungguh ing pamangan iku ora kêna dirosani, kakehan mangan iku andadèkake sangsaraning awak, bisa uga anjalari karusakaning awak. Balik mangan kanthi dêduga lan watara, iku mupangati awak, mulane samubarang gawe lakonana samurwate, aja kanthi pangôngsa-angsaning ati ... Wicantêning kere sawêg dumugi samantên, kandhêg dipun undang dening Kyai Agêng. Têmbungipun: Ki sanak, dika mriki kula ajêng takon. Kere mangsuli: Sampeyan ngundang kula. Ontên napa. Kyai Agêng: Mulane dika kula undang, kula ajêng takèn têng dika. Napa dika wêruh kang diarani akal. Kere: Ing atase wong kang loma lan welas asih sapadha-padha, têka takon kang aran akal, niku ajêng dika gawe napa. --- 19 --- Kyai Agêng: Ajêng kula gawe olèh-olèh bojo kula, dhèwèke anjaluk kang aran akal. Kere: Êmpun ta, yèn dika ajêng pados akal, ga[2] dika tumut ing salaku kula, kula tuduhake wong kang adol akal. Kyai Agêng: Ênggih, kula manut mawon, anggêre dituduhake ênggone wong adol akal. Kyai Agêng lajêng tumut salampahing kere wau. Saking pêkên mêdal dhatêng sajawining kitha. Lampahipun ngalèr ngilèn anjujug ing rêdi alit, ingkang botên têbih saking kitha Nungsa Kancana. Sadumugining rêdi lajêng lumêbêt ing guwa, Kyai Agêng botên kantun. Dene guwa wau manawi tiningalan saking jawi katingal samun tuwin pêtêng. Kyai Agêng sadèrèngipun lumêbêt ing guwa, manahipun dhêg-dhêgan uwas-uwas, kados-kados badhe kèndêl wontên sangajênging guwa kemawon. Ananging sarèhne sampun pitados dhatêng kere ingkang têrang ing --- 20 --- budi, dados inggih mêksa lumêbêt ing guwa. Sarêng lumêbêt antawis angsal pitung tindak, byar katingal padhang nrawang, kados dinilahan. Ing ngriku katingal wontên satunggiling tiyang sêpuh, rambut lan jenggotipun sampun pêthak, lênggah timpuh wontên ing sela ingkang saèmpêr kursi. Mênggah sang maratapa punika kasêbut nama: Kyai Agêng Êning. Dene pêkir ingkang dipun turut dening Kyai Agêng Karyaarta awasta: Buka. Buka sujud dhatêng sang maratapa. Kyai Agêng ugi tumut sujud anut lêkasipun, Buka. Sang maratapa andangu: Buka, apa padha slamêt têkamu ing kene. Buka: Inggih wilujêng saking sawab panjênêngan kyai. Kyai Agêng Êning: Wong kang ana ing burimu iku sapa, lan sêdyane têka mrene arêp apa. Buka: Punika sudagar ing Sidayu, sumêdya ngupados ingkang nama akal. Kyai Agêng Êning: He, sudagar, sapa jênêngmu, lan apa pêrlune dene kowe golèk akal. --- 21 ---
  20. 20. Kyai Agêng: Nama kula Karyaarta. Dene anggèn kula ngupados ingkang nama akal, awit semah kula ingkang sêpuh piyambak, nêdha angsal-angsal ingkang nama akal. Kyai Agêng Êning: Lo, apa sababe dene bojomu koarani kang tuwa dhewe, apa kowe wayuh. Kyai Agêng: Inggih wayuh, semah kula sadaya sakawan, ingkang tiga sampun kula tumbasakên ingkang dados panêdhanipun. Nanging kantun semah kula ingkang sêpuh piyambak nêdha angsal-angsal akal, kula dèrèng sagêd numbasakên, awit botên wontên tiyang sade. Amargi saking punika manawi sarjuning panggalih, kula nyuwun kagungan panjênêngan akal, sapintên rêginipun kula caosi arta. Kyai Agêng Êning: Akal iku rêgane mung rong sèn, ananging kudu ana kanthine, iya iku têmên-têmên lan gêlêm anglakoni. Kyai Agêng: Inggih, inggih, punapa ingkang dados dhawuh panjênêngan kula lampahi, sok ugi kula kaparingan ingkang nama akal kemawon. --- 22 --- Kyai Agêng Êning: Yèn kowe wis saguh, môngka ora kolakoni, sangganên supataku: aja lumrah wong uripmu. Kyai Agêng: Nuwun inggih, sandika. Kyai Agêng Êning: Yèn kowe besuk mulih, satêkani[3] palabuhan Sidayu, aja nganggo tôndha kaya adat sabêne, kancamu konên tunggu ana ing prau, kowe nganggoa sandhangan momohan kaya panganggone kere. Nuli nêmonana marang bojomu, katêmua bojo kang ênom dhewe, saurute, wêkasane katêmu karo bojomu kang tuwa dhewe. Yèn ditakoni: apa sababe nganggo sandhangan kang kaya mangkono iku, wangsulana: praune kèrêm, kabèh barang-barang êntèk kalêbu ing sagara, môngka barang mau akèh kang durung dibayar. Wis mung mangkono pituturku marang kowe, panjalukku muga lakonana kang têmên-têmên, mêngko kowe bakal wêruh kang diarani akal sanyata. Wis ta, êndang muliha dakdongakake slamêt. Kyai Agêng: Sangêt gêng panuwun kula, dhatêng pitêdah [pitê...] --- 23 --- [...dah] panjênêngan, kyai. Sumôngga kula ngaturi yatra sawontênipun. Kyai Agêng Êning: Ah, mungguhing aku dhuwit akèh-akèh diênggo apa. Aku trima anjupuk rong sèn, minôngka pambayare akalku. Kyai Agêng: Nuwun inggih, sampun kula kalilan mantuk. Kyai Agêng Êning: Iya, muliha, aja kasuwèn ana ing Nungsa Kancana kene, mundhak wurung kang dadi kêkarêpanamu. Kyai Agêng lajêng mêdal saking guwa, raosing manahipun sênêng sangêt, kapengin sumêrêp kadospundi kawontênanipun ing têmbe. Lampahipun gêgancangan, daya-daya dumugia ing griya pasewan.
  21. 21. Kacariyos Sastrarumêksa ingkang têngga barang-barang wontên ing griya pasewan, sangêt anggènipun ngajêng- ajêng dhatêngipun Kyai Agêng, dene sampun dangu têka botên wangsul, kadospundi kawontênanipun, punapa angsal ingkang nama akal, punapa botên, dene têka anèh têmên namanipun, kados punapa wujudipun. [wujudi...] --- 24 --- [...pun.] Sadangunipun manah-manah ingkang samantên, mirêng suwaraning kreta dhatêng. Sastrarumêksa gurawalan mêthuk. Kyai Agêng enggal-enggal takèn, têmbungipun: Sastra, apa slamêt kahananmu ing kene. Sastrarumêksa: Saking pangèstunipun kyai, inggih wilujêng. Kyai, punapa angsal anggèn panjênêngan ngupados akal. Kyai Agêng: Iya olèh. Kyai Agêng pitakèn malih: Sastra, sudagar-sudagar kang padha kulak dagangan, apa wis cukup ênggone têtuku. Sastrarumêksa: Sampun, malah sampun kainggahakên ing baita sadaya. Kyai Agêng: Kabênêran, apa ing sakira bisa budhal mulih sesuk. Sastrarumêksa: Sagêd, amargi sampun sami aso badanipun, mila sami ngajêng-ajêng konduripun kyai. Kyai Agêng: Mara saiki parentahana sadhiya, aku sesuk mulih marang Sidayu. Sastrarumêksa: Inggih sandika. --- 25 --- Para sudagar lan punggawa ing baita sarêng tampi parentah ingkang makatên, tumuntên sami tumandang ing damêl, nata barang-barang wontên ing baita. Enjingipun para sudagar sakancanipun tumuntên sami minggah ing baita, kantun Kyai Agêng kalihan Sastrarumêksa ingkang dèrèng. Sarêng kyai agêng kalihan Sastrarumêksa sampun minggah, tukang mriyêm lajêng ngungêlakên mriyêm kaping tiga. Baita lajêng mangkat layar wangsul dhatêng Sidayu. Mundhi pangèstunipun Kyai Agêng Êning, lampahing baita pangudi, ambêkta têtiyang saha barang sadaya wau angsal angin sae angênêr dhatêng nagari Sidayu. Botên antawis dangu tanah Nungsakancana sampun botên katingal. Sarêng lampahing baita sampun wontên satêngah-têngahing sagantên, kyai agêng rêrêmbagan kalihan kancanipun: ing têmbe manawi sampun cêlak ing Sidayu, botên suka adamêl têngara utawi ngungêlakên mriyêm kados adat sabênipun. Lan malih kyai agêng badhe minggah ing dharat rumiyin. Sakathahing kancanipun botên kenging minggah ing dharat sadèrèngipun kyai agêng wangsul dhatêng [dha...] --- 26 --- [...têng] baita malih. Botên antawis lami lampahing baita Pangudi sampun cêlak kalihan nagari Sidayu. Kyai Agêng tumuntên mangangge cara kere, sadaya sarwa pating srêmpal, sarta kuluh-kuluh, wujudipun sampun kados kere saèstu. Piyambakipun akèn angèndêlakên baita, sarta ngudhunakên sampan. Kyai Agêng lajêng minggah ing dharat sarana sampan. Para sudagar ingkang katilar wontên ing baita, sami ningalakên[4] anjomblong, botên mangêrtos ingkang dados kajêngipun Kyai Agêng. Sasampunipun minggah ing dharat, lampahipun Kyai Agêng anjujug panggenanipun êmbok ragil, pinanggih sawêg manglong-manglong wontên ing ngajêngan, sarêng sumêrêp dhatêng Kyai Agêng dipun kintên kere, mila piyambakipun enggal lumêbêt ing griya. Kyai Agêng lajêng andhodhog- andhodhog kori kalihan angundang-undang, têmbungipun: Sih, Sih, Karsih, aku wênganana lawang daklumêbu.
  22. 22. Karsih mangsuli: Sapa, ya, andhodhog-andhodhog lawang, ana kere têka wani andhodhog-andhodhog lawang. Lungaa. --- 27 --- Kyai Agêng: Aku dudu kere, aku Kyai Gêdhe Karyaarta, mêntas têka saka lêlungan. Karsih: E, e, ana kere wani ngaku-aku Kyai Agêng. Mara, enggal lungaa, aja kêsuwèn ana ing kene, mundhak angrêgêdi jogan. Aku ora sudi andêlêng rupamu, wong anjalêbud, kêmproh mangkono. Ora mèmpêr aku wong ayu anom têka duwe bojo kaya ngono. Hi, hi, aku gigu. Kyai Agêng: Iki rak omahku, kowe harak bojoku, têka nganggo muni gigu, apa kowe lali. Êmbok Karsih mirêng têmbung makatên wau, lajêng mêdal ambêkta pêdhang ligan, sarta wicantên sora: Hèh gêntho, ora wêruh ing isin, age minggata, dêlêngên, apa kang dakcêkêl iki. Nèk ora gêlêm lunga, mêsthi tugêl gulumu. Kyai Agêng lajêng kesah kalihan nalôngsa, sarta ngincim-incim: Ya, ngati-ati wong wadon kowe, bakal kalakon anampani paukumanaku. Lampahipun Kyai Agêng anjujug panggenanipun êmbok ênèm, --- 28 --- pinanggih sawêg linggih wontên ing kursi goyang, lênggut-lênggut kalihan nginang tuwin ngilo. Sarêng sumêrêp tiyang saèmpêr kere, lajêng mênyat saking kursi, maspadakakên dhatêng tiyang wau. Botên pandung yèn punika Kyai Agêng, ananging manahipun botên ajêng, lajêng api-api kagèt wicantên anyênggrang. Têmbungipun: He, man, kowe iku wong ngêndi, têka mandhêg ana ing latar bae. Kyai Agêng: Lo, apa kowe lali marang aku, aku rak bojomu, Kyai Agêng Karyaarta. Êmbok Langên: E, e, ana Kyai Agêng rupane têka kaya ngono. Kowe iku rak wong edan, apa sababe dene ngaku- aku Kyai Agêng. Aluwung kowe anjêjaluka, dakwènèhi dhuwit têlung sèn, karo sêga jangan sabuntêl. Kyai Agêng: Têka siya-siya têmên kowe, apa iya lali marang aku, êmbok iya emuta kabêcikanku biyèn nalika isih sugih. Êmbok Langên: Pis, wong edan têka andarung, [anda...] --- 29 --- [...rung,] ngaku bojoku, lungaa saiki, aku ora sudi caturan karo dhapurmu. Kyai Agêng: Yagene, kowe ora sudi caturan karo aku, kowe rak bojoku, iki iya omahku. Êmbok Langên: Ya, ya, ya, yèn kowe wani-wani lumêbu ing omah. Ngati-ati, sida dakpênthung êndhasmu. Êmbok Langên anggènipun wicantên makatên wau kalihan lumêbêt ing griya. Lawang-lawang tuwin jandhelanipun sadaya lajêng sami dipun kancingi. Kyai Agêng ngadêg anjêjêr kamitênggêngên, ciptanining manah: Hêm bêcik têmên kowe Langên, ya, ngati-ati kowe besuk tômpa paukumanaku. Kyai Agêng lajêng kesah murugi griyanipun êmbok têngah. Êmbok Mênik kalêrês sawêg linggih wontên ing ambèn kalihan mêthiki sêdhah. Sarêng sumêrêp Kyai
  23. 23. Agêng dhatêng pindha kere, gupuh wicantênipun: Mriki man linggih ngriki mawon, omah dika niku ing pundi, sintên jênêng dika. Kyai Agêng: O, Mênik, apa kowe lali [la...] --- 30 --- [...li] marang aku, dene têka nganggo takon kang mangkono, aku iki harak bojomu, Kyai Agêng Karyaarta. Êmbok Mênik: E, e, têka nungkak krama, panganggêpe marang aku bojone. Kowe wong apa, apa wong waras, apa wong edan. Yèn wong waras môngsa bakal andalêming ngono, marang aku nganggêp bojo. Enggal lungaa saka kene. Kyai Agêng: Dene kowe ngoyak-oyak aku, iki rak omahku dhewe, kowe iku iya bojoku, êmbok iya elinga marang kabêcikanaku biyèn-biyèn kae. Êmbok Mênik: Hus, wong edan, lungaa, lungaa, aku wêdi marang rupamu. Yèn kowe wani mlêbu marang omah, ngati-ati, lo, sida klakon. Anggènipun wicantên makatên wau, kalihan mênyat lumêbêt ing griya, sarta sumbar nginêb lawang, dipun gêbragakên. Ing nalika samantên manahipun Kyai Agêng kados tinotog ing alu bengkong [beng...] --- 31 --- [...kong] kamitênggêngên, botên obah botên mosik, kados tugu sinukarta, dhêlêg-dhêlêg tanpa sabawa, botên èngêt wiwitan lan wêkasanipun. Sarêng èngêt sakalangkung wirang. Lajêng mênyat saking ambèn sumêdya murugi griyanipun êmbok sêpuh. Wontên ing ngriku êmbok sêpuh kalêrês mèmèni pangangge, awit sampun anyêp lami botên dipun êpe. Sarêng nolèh sumêrêp ingkang jalêr dhatêng apindha kere, tumuntên lumajêng sarwi nangis mêthukakên. Ingkang jalêr lajêng kagandhèng kabêkta lumêbêt ing griya. Kyai Agêng lênguk-lênguk saèmpêr kasusahan agêng. Ingkang èstri êmbok sêpuh gupuh nata wedang, sarta ngrukti têtêdhan, sasampunipun sami nêdha, ingkang èstri lajêng pitakèn: Bapakne, napa sababe dene nganti mangangge pating sranthil makotên, kaya kere. Napa kacilakan ontên ing paran. Kyai Agêng: Wagiyêm, andadèkna kawruhanamu, prauku kèrêm, barang dagangan kabèh kacêmplung ing sagara, ora ana sing katututan, kancaku padha mati kèrêm, sing bisa --- 32 --- mêntas saka ing bêbaya mung aku dhewe. Môngka barang dagangan mau akèh kang durung dibayar. Omahku iki kabèh bakal kaduwe dening wong kang dakkulaki dagangan. Êmbok Wagiyêm: O, Allah, alkhamdulillah, dene isih ginanjar waras. Pakne, mang nrima ing takdir, manusa niku ming sipat dêrma nglakoni, manusa mung darma anggadhuh, kabèh-kabèh niku kagungane Kang Maha Suci. Samôngsa dipundhut kang kagungan, niku êmpun bênêre, mula botên prayoga yèn angrêsulaa. Dene omah niki saisine sampeyan dol, digawe nyauri utang. Yèn kurang ênggih disêmayani anjaluk nicil. Yèn kula waras, sampeyan ajêng kula rewangi nyambut gawe, bakal kanggo nicil utang sampeyan, nadyan pintên taun mawon lunase, ênggih kula lakoni, awit riyin kula êmpun ngrasakake kapenak sarana saking sampeyan, sarèhne saniki sampeyan nêmu kasusahan, ing sabisa-bisa kula ênggih ajêng ambelani.
  24. 24. Kyai Agêng sarêng mirêng têmbungipun ingkang èstri, --- 33 --- anglêlipur manah tumrap ing kasangsaran, kados jinait, rumaos karoban ing sih. Wasana ciptanipun makatên: Sakèhing donyaku iki ora cukup yèn kanggo ambayara sih katrêsnane bojoku Si Wagiyêm, kang bangêt rumêksa marang aku, ora mawang apa-apa kajabane mung amurih kaslamêtanaku. Kyai Agêng botên sagêd nambak wêdaling êluh, satêmah nangis angaru-ara kados lare alit, sarwi ngrangkul ingkang èstri, kaduwung dhatêng lêkasipun ingkang sampun-sampun anggène ngewani dhatêng ingkang susêtya sêdyasih, kumêdah asih dhatêng têmbung lêlamisan. Wicantênipun: Adhuh, Wagiyêm, wong ayu ngumala ing budi, aku wus ora duwe bojo manèh-manèh kajaba kowe, iya kowe bojoku ing donya ngakir. Barangku iki kabèh ora sapira akèhe tumrap ing sih katrêsnanmu marang aku. Kabèh maru-marumu bakal dakbuwang daktundhung kaya kirik gudhigên, tuwin dakcuthat cara cacing. Aku ora bakal nganggêp manèh marang si lamis, Mênik, Langên lan Karsih. Wagiyêm, kowe [ko...] --- 34 --- [...we] aja prihatin, aku saiki wêruh kahanane bojoku kabèh. Mung kari kowe dhewe kang têtêp dadi bojoku. Ya wis ta, karia ana ing omah, barang-barangku bakal dakudhunake saka ing prau. Mungguh ing sajatine aku iki ora kasangsaran apa-apa, waras-wiris tanpa sakara-kara. Kyai Agêng lajêng dhatêng palabuhan, suka katêrangan dhatêng tiyang ingkang sami wontên ing baita, yèn sampun kenging wiwit andhudhah barang-barangipun. Sarêng para bêbauning baita tampi sasmitanipun Kyai Agêng, baitanipun lajêng kapinggirakên. Labuh jangkar sarta ngungêlakên mriyêm kaping pitu, mratandhani bilih Kyai Agêng dhatêng saking lêlayaran. Kacariyos sarêng barang-barang wau sampun kadhudhah, tiyang buruh ing Sidayu sami andilir dhatêng palabuhan, ambêktani barang dêdaganganipun Kyai Agêng dhatêng griyanipun Êmbok Wagiyêm. Dene Mênik, Langên tuwin Karsih, sarêng mirêng swaraning mriyêm kaping pitu, lajêng gugup dandos sumêdya mêthuk Kyai Agêng. Ananging Kyai Agêng kapêthuk [kapê...] --- 35 --- [...thuk] semahipun têtiga wau botên pisan purun nanggapana, malah ningalakên kemawon botên. Para semah sami gandhang-gandhang takèn, kanthi swara ingkang pait gêndhis. Ananging Kyai Agêng sampun ingkang mangsuli, nolèh kemawon botên. Ing nalika punika para semah sami kèwêdan, anggènipun sami pados pangrekadaya sagêdipun kyai agêng lilih nêpsunipun, ananging cabar sadaya. Lampahipun kyai agêng sarêng sampun dumugi ing griyanipun èmbok Wagiyêm, lajêng kengkenan tiyang nênêm. Ingkang kalih dhatêng padununganipun êmbok Mênik, ingkang kalih dhatêng panggenanipun êmbok Langên, ingkang kalih malih dhatêng panggenanipun êmbok Karsih. Dene kengkenan wau kapurih anyukakakên sêrat pêgat, sarta ngakèn kesah saking padununganipun ngriku ing dintên punika ugi. Semah tiga wau sarêng tampi sêrat wau sakalangkung prihatos ing manahipun, sarta sami ngraos ing kalêpatanipun, ananging kadospundi malih, botên kenging botên masthi mantuk dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun, kanthi wirang. --- 36 --- Sasampunipun makatên, Kyai Agêng nuntên ambikaki angsal-angsal ingkang pancènipun badhe kasukakakên dhatêng semah têtiga kasêbut ing ngajêng, samangke sadaya kasukakakên dhatêng Êmbok Wagiyêm.
  25. 25. Wicantênipun kyai sudagar: Wagiyêm, barang-barang iki dadi duwèkmu kabèh, mara tampanana. Aja sing barang kaya mangkono, kabèh saduwèk-duwèkku, iku kaduwe ing kowe, aku mung nunut marang kowe bae. Kyai Agêng lajêng kawêdal ipat-ipatipun[5] : Wiwit ing dina iki aku mung nganggo bojo siji, iya iku Êmbok Wagiyêm, kang wis kacihna kabêcikane marang aku. Mulane besuk turunku aja ana kang nglakoni wayuh. Yèn ana kang nêrak ipat-ipatku iki, muga-muga aja kaparingan rahmating Pangeran. Wiwit nalika samantên Kyai Agêng narimah mêngku semah satunggil. Dene kawontênanipun saya lami saya sugih, tikêl têkuk tinimbang kasugihanipun ingkang rumiyin. Tamat 1. ngantos. (kembali) 2. § cêkakanipun têmbung: môngga. (kembali) 3. satêkaning. (kembali) 4. ningali. (kembali) 5. § ipat-ipat = supata. (kembali)

×