1. Tugas Basa Jawa
(Pawarta)
Nama kelompok :
Gunawan Yusuf (15)
Hasthin Fitriana Dewi (16)
XII IPA 1
2. Pawarta
Pawarta yaiku katrangan kang bisa menehi
pangerten ngenani sawijining kahanan
Wujud pawarta : lesan lan tulisan
-Lesan :bisa digiyarake lumantar radio, TV, utawa
diwaca lugas.
-Tulisan : lumrahe kapacak ana ing ariwarti,
kalawarti, lsp.
3. Pawarta minangka prastawa kang diwartakake.
Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan.
Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake
dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar
swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana
ariwarti, kalawarti.
4. Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku
1. Aktualitas
2. Sesambungan karo papan kedadean
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing
sakjrone kedadean
4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/
pamiyarsa
5. Ganepe Pawarta.
5. Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya
mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.
Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa
mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang
ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika
ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
b. mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c. nyathet informasi sing bener lan premathi
6. Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab
para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang
disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka
loro utawa luwih pernyataan kang handuweni
hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi
pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika
menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju
utawa ora setuju marang pawarta kang nembe
dirungokake.
7. Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:
1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang
cekak, padhat lan disusun kanthi apik.
2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha
3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang
dingerteni utawa dipahami
4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga
ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan)
Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese
menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa
anane.
8. Maca Pawarta
Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun
pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang
sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik”
tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis /
pawarta.
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling
swara / nada.
9. 3.Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun
mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas
prabawa, kanthi pandulu jejeg
5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
10. Supaya apa kang arep dikabarake marang wong liya ora
salah kedaden, kang kudu digatekake yaiku :
• Sumber informasi kudu cetha
• Kudu ngerti isine
• Informasine kudu anyar, actual lan bisa dipercaya
• Kanggo sapa kabar mau
• Kabar mau ora kena ditambah-tambahi utawa dikurangi
• Tujuane menehi kabar marang wong liya
• Paedahe informasi mau kanggo wong liya
11. Tuladha:
Dina selasa nganti tekan jemuwah, tanggal 15 - 18 November 2011,l
Perpustakaan Nasional lan Balai Soedjatmoko Sala nggelar adicara
pameran naskah kuno, buku kuno, lan peta kuno. Miturut pawarta
kang ditampa Espos saka Pengelola Balai Soedjatmoko Sala,
Yunanto Sutyastomo, sasuwene iki naskah kuno amung disinau
kanggo panaliten utawa bahan gawe disertasi, kamangka kasugihan
budaya iki aweh gambaran akeh ngenani sujarah, piwulang lan
tradhisi bangsa iki. Pameran kang diadani dening Perpustakaan
Nasional lan Balai Soedjatmoko iki bebas ditekani dening sapa bae,
wiwit jam 09.00 nganti 21.00 WIB. Perpustakaan Nasional bakal
mamerake naskah kuno, buku kuna, lan peta kuna.