Muhammad Khoerol Anam
Rinto Anugraha
Slamet Setya Aji
Winardo Guardian Bayu B.

22
27
29
30
WAYANG
• Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah
ing wewayangané lan dilakokaké déning dalang kanthi
ir...
WAYANG
• Crita kang dilakonaké dijupuk saka
épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa.
Uga ana kang ngge...
SAJARAH
• Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan
wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn
ndeleng prasasti lan...
SAJARAH
• Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti
ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran
pahargyan si...
SAJARAH
• Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh
karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kang...
Jenise
•

Wayang Kulit iku salah sawijining
pagelaran wayang ingkang mbabaraké
lakon mahabharata utawa ramayana
sing wayan...
Jenise
•

Wayang kulit dilakokaké ing layar putih
kang sinebut kelir. Déné wayangwayang kuwi ditancepaké ing debog
ana ing...
Jenise
• Wayang bèbèr yaiku wayang kang
digawè saka kain utawa kulit lembu
kang awujud bèbèran (lembaran).
Wayang Bèbèr ya...
Jenise
• Wong-wong kang
nglèstarèkakè wayang iki yaiku:
Musyafiq kanthi gawè wayang
bèbèr kang narasinè paragaparaga wayan...
Jenise
Wayang Golek iku
sawijining seni
tontonan wayang
sing kagawé saka
bonéka kayu.
Wayang iki
populèr banget
ing Tlatah...
Jenise
•

Wayang Potèhi:Wayang kang awujud
bonèka cilik-cilik. Critanè mangsa jaman
kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. Thio
...
Jenise
•

Ciri khasè dhewèkè uga kerep
nggunakakè tembang campursari. Thio
Tiong Gie saiki umurè wis 76 taun, akeh
prihati...
WIS RAMPUNG
LHO!
Upcoming SlideShare
Loading in …5
×

Wayang

2,773 views
2,500 views

Published on

Presentasi PowerPoint Wayang Bahasa Jawa

Published in: Education
0 Comments
1 Like
Statistics
Notes
  • Be the first to comment

No Downloads
Views
Total views
2,773
On SlideShare
0
From Embeds
0
Number of Embeds
2
Actions
Shares
0
Downloads
170
Comments
0
Likes
1
Embeds 0
No embeds

No notes for slide

Wayang

  1. 1. Muhammad Khoerol Anam Rinto Anugraha Slamet Setya Aji Winardo Guardian Bayu B. 22 27 29 30
  2. 2. WAYANG • Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. • Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.
  3. 3. WAYANG • Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa. • Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar. • Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi
  4. 4. SAJARAH • Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agamaHindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur. • Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.
  5. 5. SAJARAH • Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara." • Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh(991-1016), akèh crita seka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.
  6. 6. SAJARAH • Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan. • Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati. • Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku wayang kulit purwa.
  7. 7. Jenise • Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.
  8. 8. Jenise • Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayangwayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.
  9. 9. Jenise • Wayang bèbèr yaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran). Wayang Bèbèr yaiku mori digambari wayang dipitontonakè sarana dibèbèr banjur dicritakakè.Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. • Wayang iki digawè jaman krajaan Majapait. Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul.Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.
  10. 10. Jenise • Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè paragaparaga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto gawè wayang bèbèr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka rèalitas uripè manungsa ing saben dinanè.
  11. 11. Jenise Wayang Golek iku sawijining seni tontonan wayang sing kagawé saka bonéka kayu. Wayang iki populèr banget ing Tlatah Pasundhan.
  12. 12. Jenise • Wayang Potèhi:Wayang kang awujud bonèka cilik-cilik. Critanè mangsa jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. Thio Tiong Giè yaiku salah sijining dhalang wayang potèhi ing Semarang Tengah kang manggon ing Dèsa Pesantrèn, Kelurahan Purwodinatan. Dhèwèkè nduwèni prinsip paribasan Cina Tiongkok kang dadi semangate kanggo nglestarekake Wayang potèhi iki yaiku:”TAK ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.” Yen ta wayangan dhèwèkè nggunakakè basa Indonèsia kanggo basa pengantar, bèda karo para sesepuhè sing biyèn nggonakakè basa Cina.Ciri khasè
  13. 13. Jenise • Ciri khasè dhewèkè uga kerep nggunakakè tembang campursari. Thio Tiong Gie saiki umurè wis 76 taun, akeh prihatinè mikirakè kabudayanè sing mung didelok dèning saglintir wong sing kalah adoh yèn dibandingakè karo jaman biyèn. Langka banget sing kepèngin nyinaoni wayang iki sing dadi generasinè mung siji ntok wongè yaiku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yèn ta wayangan. Para niyaganè adoh banget yaiku saka Surabaya.
  14. 14. WIS RAMPUNG LHO!

×