1. “Kembang D esa”
Griyane Lik Wakijo dados rame sesampunipun wonten Heni, kemenakanipun ingkang
nembe dhateng saking kitha. Heni kepengin mapan ing dusun punika ngancani paklike ingkang
sampun krama luwih saking sedasa taun ananging ngantos sapunika dereng gadhah momongan.
Amargi Pasuryanipun Heni ingkang ayunipun ngedap-ngedapi, awakipun ingkang resik, lan
seneng sesrawungan dadosaken piyambakipun dipungandrungi sedaya tiyang enem ing dusun
punika lan boten kesupen kula ugi sami ananging yen kula taksih lingsem.
Sedaya ibu-ibu ugi sami ngrasani solah bawanipun Heni lan padha ngaosaken bingung
amargi sesampunipun kenal Heni lare-larenipun asipat aneh-aneh. Menawi adhi kula Tono
punika boten nate wangsul saking griyane lek wakijo, wangsul menawi badhe siram serasan.
Menawi Sardi larenipun Lik Sumi nglindur amargi mikirke Heni. Menawi lare ragilipun Yu
Minah ingkang asma Yanto punika boten doyan madhang ananging kosok wangsulipun kaliyan
Heru ingkang sansaya katah madhangipun. Mewani kula namung nyebat asma Heni nalika
kesandung jeglug utawa nalika watuk.
Sonten kula dolan ing griyane Sri, Sri punika ngendikan menawi Heni punika dados
omonganing tiyang, ngendikanipun para ibu Heni dadosaken dusun punika rucek lan ruwet uwet-uwetan.
Sanadjan ing mriku kula inggih angsal pawarta menawi sesampunipun panen, Heru
badhe nglamar Heninanging boten dadosaken kuciwaning kula marang Heni. Kula taksih boten
saget nampi menawi Heni dipunwicantenaken kados mekaten.
Tono ugi ngendikan menawi krungu Heni dados cewek gampangan amargi sampun dados
wicantenan, ngendikanipun Heni ngandut amargi saben wayah injing piyambakipun muntah-muntah.
Mireng pawarta kados mekaten kula enggal-enggal dhateng ing griyanipun Lik Wakijo,
nalika nembe dumugi ng ngajeng pintu kula mireng Heni muntah-muntah lan wonten priyantun
ingkang ngaken Heni supados sabar. Jebule leres...saking ngendikanipun Lik Wakijo marang
kula menawi Heni punika ngandhut. Ing mriki Heni namung numpang supados boten dados
wirangipun tiyang sepuh.
2. Unsur Intrinsik
1. Tema :
Tema ingkang wonten ing cariyos punika inggih punika tema Panguripan amargi
saking cariyos punika saged dipuntingali panguripan manungsa ing bebrayan. Menawi salah
satunggalipun tiyang nindhakaken prekawis awon dadosaken wicantenan tiyang kathah.
2. Tokoh lan Penokohan
No. Tokoh Penokohan
1. Heni
Kemenakanipun Lik Wakijo ingkang ramah, pinter Srawung
ananging boten purun ngrampungi prekawis.
2. Lik Wakijo Petani dusun ingkang ramah lan jujur.
3. Tono Adhine Agus igkang seneng geguyon lan nggodani Agus.
4. Gito
Lare enem ingkang boten purun ngalah, asifat wuyung lan
seneng ndhagel.
5. Agus
Panganggit ingkang remen ngalamun, isinan, wedinan, lan
boten nate nyariosaken prekawisipun marang tiyang sanes.
6. Lik Siti Seneng takon ananging boten mudengan.
7. Mbah Waginah Seneng takon
8. Mbok De Parti Seneng sambat lan anyel.
9. Sardi Nglinduran.
10. Lik Sumi Gawe ger-geran
11. Yanto
Larenipun Yu Minah ingkang boten purun madhange amargi
amargi kelingan kalih lirikanipun Heni.
12. Yu Minah Ibune Yanto ingkang remen rasan-rasan.
13. Lek Tumirah Ibune Gito, melasan.
14. Ibuku (Agus) Melu anyel
15. Heru
Putune mbah Wagimah ingkang sansaya kathah madhange
ngantos boten ngumani adhine.
3. 3. Alur
Ing cariyos punika ngginaken Alur Maju amargi prastawanipun urut saking awal
dumugi pungkasan. Nalika Heni nembe dumigi griyanipun Lik Wakijo, ingkang dadosaken
sedaya priyantun enem tresna marang piyambakipun ngantos Heni prayata yen ngandhut.
4. Latar
a. Papan
1) Omahe Lik wakijo.
“Omahe Lik Wakijo malah dadi rame saploke ketambahan jiwa”.
Tekan ngarep omahe Lik Wakijo aku mandheg.
2) Omahe Agus
“Tekan omah aku terus nyandhak gawe dandan lampu ruwangan ngarep”.
3) Omahe Sri
“Aku mau lak dolan neng omahe Sri, terus aku dicritani ibune”.
b. Wekdal
1) Esuk, awan, sore.
“Esuk, awan, tekan sore, ora tau benggang wong”.
2) Sore
“Sorene aku pamit mulih dhisik”.
3) Dina-dina candhake.
“Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa.
4) Wayah awan.
“Omahe katon sepi pancen iki wayah awan gek panase kaya ngene”.
c. Suasana
1) Seneng
“Kahanan omah katon regeng lan gayeng, padon ngguyu, gojegan, lan ana uga
sing nyanyi sambi gitar-gitaran”.
2) Kisinan.
“Aku mesem kisinan”.
3) Kesiksa.
“Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa”.
4. 4) Ngalamun.
“Huuu, tujune dheweke ora ngerti nek aku ngalamun”.
5) Nesu
“kuwi jenenge srei, iri, sirik,” nesuku metu.
6) Kaget
“ Meteng?” aku sansaya kaget.
Jantungku ya arep pedhot nalika krungu tembunge sing mburi. Heni ngandhut?
Dhuh gusti...
7) Gugup.
“Lik Wakijo katon gugup banget, katon pakewuh lan clingukan, ora kaya padatan”.
8) Bingung.
“Aku ora bisa kumecap apa-apa meneh”.
5. Sudut Pandang
Ing cariyos punika ngginakaken sudut pandang orang pertama akuantak sertaan (first
person peripheral) amargi paraga “aku” biasanipun namung dados pambiyantu utawi
pengantar paraga sanes ingkang langkung wigati. Ing cariyos “Bunga Desa” Agus minangka
paraga “aku” dados pambiyantu paraga Heni ingkang dados paraga utami.
6. Gaya basa
a. Apa maneh bocahe jan ngedab-ngedapi tenan...ayune! (Hiperbola)
b. Sabanjure Heni prasasat dadi kembange desa kene. (Hiperbola)
c. Rangkinge wis adoh sandhuwure Santi lan Nina sing maune dadi kembang lambene kabeh
nom-noman. (Hiperbola)
d. Apamaneh sajake Heni pinter srawung, cepet, raket karo wong sing lagi tepung.
(Purwakanthi guru swara)
e. Rasane aku kepengin nteret wong kuwi terus tak gebugi kareben kapok encit. (Rura basa)
f. Mesti bae katon ayu menik-menik. (Hiperbola)
g. Kesandhung jeglug, Heni, nglindur Heni, nganthi mangan keselek-selek sing disebut yo
Heni. (Hiperbola)
h. Kepiye ora, nek aku ora wani mrana dhewe, aku mesthi rame-rame sakancaku dadi aku
ora komanan apa-apa. (Paradoks)
i. Uga adhiku sing usile rong kecamatan kae. (Hiperbola)
5. j. Ah, aku dadi ribet dhewe, kesiksa dhewe, lara ati dhewe, aku kudu piye? (Purwakanthi
guru swara)
k. Marakake rucek, ruwet, uwet-uwetan. (Purwakanthi guru sastra)