Presentasi basa jawi

581 views

Published on

0 Comments
0 Likes
Statistics
Notes
  • Be the first to comment

  • Be the first to like this

No Downloads
Views
Total views
581
On SlideShare
0
From Embeds
0
Number of Embeds
3
Actions
Shares
0
Downloads
12
Comments
0
Likes
0
Embeds 0
No embeds

No notes for slide

Presentasi basa jawi

  1. 1. PRESENTASI BASA JAWIKelas : XII IPA 4Nami Anggota :1. Dwi Khoirotun Nisak2. Kartika Setyarini3. Rafika Amalia4. Riani Nazila5. Siti Zuhrotun Nisa’6. Tisha Alya Arifiani
  2. 2. WAYANG Wayang dumadi saking tembung wod "yang/hyang" angsal ater- ater wa-. Tegesipun roh ingkangdipepundhinamargi pinercaya roh saged damel bejacilakanipun manungsa. Wayang punika wewayanganutawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa.Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa.Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumékaton éndah ing wewayangané lan dilakokaké déningdhalang kanthi iringan gamelan.
  3. 3. Wayang yoiku pagelaran ingkang migunakakeboneka kangge lakon-lakone. Bonéka kasebut bisa kangwujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kangbiyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direngganipenganggo saka kain kang manéka warna adhedhasarkarakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, ugaana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, anangingwayang jinis ngéné iki ora patia akèh ditemoni. Manut ingkemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayangkanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empukpangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthimedia digital kasebat e-wayang.
  4. 4. Sejarahe Wayang yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayangkira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakonwayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaraniki dienggo sarana nyembah marang roh leluhur. Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulisperkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marangapa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lantinggalan sajarah kang wis ana. Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasastingemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawabumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung,udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyangmacarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalangkanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
  5. 5. Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayangbéda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggokanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh(991-1016), akèh crita saka India kang mlebu lan digawé gagragjawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahitnguwasani Nusantara. Crita-crita kang asliné saka India iku pungkasané wis geseh karosadurunge. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apakang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan. Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ingpanyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagragtambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawékraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.
  6. 6. Sebutane Wayang Yèn dijupuk saka ukarané, wayang kuwi sakawewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengilan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisadiugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka kangana wewayangané. Wayang golèk kang digawé sakakayu ora ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang wisdadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang. Umumé, sebutan wayang tinuju marangwayang kulit purwa. Wayang iki digawé saka tatahankulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lanRamayana.
  7. 7. JENISING WAYANG• Wayang Golèk uga akèh wong sing arani wayang tengul. Wayang iki digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp.Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab.Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit.• Wayang Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.• Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critanè yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.• Wayang Kancil:Wayang iki uga diarai wayang Dupara.Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.• Wayang Wahyu: uga kasebut wayang bibel iki diciptakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo nyiarkè agama Kristen.

×