Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas
Upcoming SlideShare
Loading in...5
×
 

Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas

on

  • 11,893 views

ebook ini dipergunakan untuk keperluan non komersial sebagai upaya pelestarian budaya wayang

ebook ini dipergunakan untuk keperluan non komersial sebagai upaya pelestarian budaya wayang
Hak Cipta ada pada Penulis/Pengarang, Penerbit

Statistics

Views

Total Views
11,893
Views on SlideShare
11,893
Embed Views
0

Actions

Likes
0
Downloads
61
Comments
0

0 Embeds 0

No embeds

Accessibility

Categories

Upload Details

Uploaded via as Adobe PDF

Usage Rights

© All Rights Reserved

Report content

Flagged as inappropriate Flag as inappropriate
Flag as inappropriate

Select your reason for flagging this presentation as inappropriate.

Cancel
  • Full Name Full Name Comment goes here.
    Are you sure you want to
    Your message goes here
    Processing…
Post Comment
Edit your comment

Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas Document Transcript

  • cahmbanjar BAB I PURWAKA Bab "Pedhalangan Gagrag Banyumas" sajatosipun sampun dangu dados rembag ingkalanganing bebrayan pewayangan. Namung kemawon ing kanyatanipun punapa ingkang dipunwastani "Pedhalangan gagrag Banyumas" punika mboten gampil kaandharaken kanthi pratitis. Ingkalanganing para sedherek ingkang asal saking njawi rangkah Banyumas, nanging ugi kalebetsedherek Banyumas piyambak kathah ingkang sami gadhah panganggep bilih ingkang sinebat"Pedhalangan Gagrag Banyumas" punika mboten sanes inggih Pedhalangan Gagrag Surakarta utawiNgayogyakarta ingkang kawewahan Bawor tuwin lagu Kembang Lepang saha gendhing-gendhingBanyumasan sanesipun. Malah para seniman dhalang Banyumas piyambak ugi sami derenggumolong pamanggihipun ing bab pangertosan Pedhalangan Gagrag Banyumas wau. Ingggih awit saking kawontenan ingkang makaten wau ingkang lajeng nuwuhaken ada-adangawontenaken parepatan Koordinasi GANASIDI sakukuban tilas karesidhenan Banyumas,manggen wonten ing pandhapi kawedanan Bukateja nalika tanggal 21 April 1979, kanthi jejeringrembag "Tumuju dhateng manunggaling Pedhalangan Gagrag Banyumas". Salah satunggalingputusaning parepatan inggih punika sami rumojong badhe sesarengan ngimpun "PathokanPedhalangan Wayang Purwa Gagrag Banyumas". Panitya lajeng kadhapuk ingkang jangkepipunkasebat "Panitya Pangimpun Pathokan Pedhalangan Wayang Purwa Gagrag Banyumas". Wondenepratelan nama-namanipun ingkang sami tumut ngimpun saged kawaos ing lampiraning naskahpunika. Sesampunipun tumindak kirang langkung setahun sarana ngawontenaen parepatan jangkepingkang rambah kaping sekawan saha rapat-rapat ingkang dipun ayahi dening para dhalang tuwinpara paranpara pamonging pawayangan Banyumas, ingkang kapantha-pantha miturut babagangarapanipun piyambak-piyambak, wasana saged kasembadan mujudaken naskah "PathokanPedhalangan Gagrag Banyumas" punika. "Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas" punika tamtunipun dereng jangkep, punapa malihyen kaanggep sampurna tamtu dereng paja-paja sanget. Pramila taksih perlu dipun jangkepi saranaandharan warni-warni ingkang perlu kasumurupan dening para dhalang Banyumas. Kajawi punikaancasing pandhapukipun naskah punika taksih winates sanget, inggih punika namung badhe sukasarana mamrih manunggaling Pedhalangan Gagrag Banyumas kanthi ngimpun pathokan-pathokaningkang kawawas sami tumrap cak-cakaning pakeliran gagrag Banyumas. Bakuning isinipunnaskah punika kawrat wonten ing Bab IV inggih punika bab "Wewaton caking pakeliran".Wondene ingkang kapacak ing bab-bab sanesipun arupi samukawis andharan ingkang perlu 1
  • cahmbanjarkasumurupan dening para dhalang, kadosta Bab II ngewrat Sejarah mekaripun pedhalangan gagragBanyumas ingkang tundhonipun suka seserepan bab asal-usuling seni pedhalangan ing laladanBanyumas. Bab V dumugi Bab IX ngewrat katrangan warni-warni minangka jangkeping kawruhbab pakeliran. Pathokan punika kajawi minangka sarana mamrih manunggaling pedhalangan gagragBanyumas ugi kaangkah sageda kangge tuntunaning para dhalang Banyumas supados sagednindakaken cak-cakaning pakeliran miturut cara ingkang baku. Kanthi mekaten para dhalang waulajeng saged mangertos saestu ing bab Pedhalangan Gagrag Banyumas tuwin leregipun lajeng samisaged nggelaraken Pedhalangan Gagrag Banyumas kanthi gumathok. Ing nginggil sampun kaandharaken bilih naskah punika taksih dereng paja-paja jangkep utawisampurna. Pramila taksih kedah dipun jangkepi. Miturut rancangan, naskah-naskah "PathokanPedhalangan Gagrag Banyumas" jilid II ugi badhe enggal kagarap, semanten ugi jilid III tuwinsalajengipun, ingkang ngewrat seserepan maneka warni. minangka jangkeping isinipun naskah"Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas" jilid I punika. 2
  • cahmbanjar SEJARAH MEKARIPUN SENI PEDHALANGAN. BANYUMASAN1. Umum2. Sejarah mekaripun Seni Pewayangan ing Indonesia: a. Jaman Dyah Balitung b. Jaman Prabu Darmawangsa c. Jaman Prabu Airlangga d. Jaman Kediri e. Jaman Majapahit f. Jaman Demak g. Jaman Pajang h. Jaman Mataram Islam i. Jaman Plered3. Sejarah mekaripun Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas 3
  • cahmbanjar BAB II SEJARAH MEKARIPUN SENI PEDHALANGAN BANYUMASAN1. Umum Saderengipun angadani ndhapuk Pathokan Pedhalangan Gagrag lianyumas, wontenprayoginipun bilih langkung rumiyin nalusur riwayat latah-larahipun tuwin tuwuh ngrembakanipunSeni Pedhalangan ing tlatah Banyumas. Prekawis punika wigatos sanget amrih saged netepakenkawontenan salugunipun Pedhalangan Banyumas, kados ingkang kasrambah samangke punika.Mekar ngrembakanipun seni pedhalangan ing tlatah Banyumas estunipun mboten uwal sakingtuwuh saha ngrembakanipun seni pedhalangan ingkang sipatipun mratah ing saindhenging tlatahIndonesia. Sarehning prabot utawi tetilaran serat-serat minangka tandha yektinipun tuwuhing senipedhalangan ing tlatah Banyumas radi rekaos anggenipun angupados, pramila radi rekaos ugianggenipun badhe netepaken riwayat tuwuhipun sarta ngrembakanipun. Awit saking punikaparipaksa pancadan saking "teori" pangothak-athik sarta pangentha-entha adhedhasar golongingrembagipun para empu pedhalangan Banyumas, kados taksih perlu kataliti malih kayektinipun. Cundhuk kaliyan atur sakawit, ingkang badhe dipun cakaken inggih punika : a. Naliti sejarah tuwuhing Seni Pewayangan ingkang nyakup sadayanipun ing saindhenging tlatah Indonesia, kanthi migunakaken prabot-prabot methik saking babon utawi sumber ingkang taksih kasrambah; b. Pandugi-dugi sejarah larah-larahipun sarta tuwuhing Seni Pedhalangan ing tlatah Banyumas, ingkang alandhesan prabot-prabot kasebat ing nginggil.2. Sejarah mekaripun Seni Pewayangan ing Indonesia Kados ingkang sampun katur ing nginggil sejarah mekaripun Seni Pedhalangan GagragBanyumas mboten saged uwal saking sejarah pangrembakanipun Seni Pedhalangan ingsaindhenging Indonesia. Mila saderengipun katur mekaripun Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas,ing bagian punika badhe katur langkung rumiyin sejarah tuwuh tuwin mekaripun Seni Pewayanganing Indonesia miturut prabot-prabot utawi tetilaran serat-serat sarana babon utawi sumber ingkangtaksih sumrambah, urut jamanipun inggih punika: a. Jaman Dyah Balitung (898-910 M) Kasebat bilih ing jamanipun Dyah Balitung, nata binathara ing praja Mataram Hindu, Serat Ramayana abasa Sansekerta ingkang asalipun saking India saged kaimpun saha kaserat mawi basa Jawi Kina utawi Basa Kawi. 4
  • cahmbanjarb. Jaman Prabu Darmawangsa (991-1016 M). Ing jamanipun Prabu Darmawangsa punika Serat Mahabharata ingkang asalipun wonten 18 parwa saged karakit mawi basa Jawi Kina dados 9 parwa.c. Jaman Prabu Airlangga (1019-1042 M). Jaman Airlangga punika wonten cihna mekar lan ngrembakanipun kasusastran Jawi Kina, inggih punika dumadosipun Serat Arjunawiwaha ingkang karakit dening Mpu Kanwa kala taun 1030.d. Jaman Kediri (1042-1222 M) Nata Kediri ingkang asmanipun sambet rapet kaliyan ngrembakanipun kasusastran inggih punika Prabu Jayabaya (1135-1157). Inggih ing jamanipun Sri Jayabaya punika pujangga Mpu Sedah ngrakit Serat Bharatayudha, ingkang salajengipun dipun rampungaken dening Mpu Panuluh. Serat Hariwangsa punapa dene Serat Gathutkacasraya ugi yasanipun Mpu Panuluh. Malah-malah miturut gotekipun Serat Centhini, inggih Sri Jayabaya punika ingkang ada- ada dhawuh damel gambar "wayang purwa" cinorek ing rontal wiwit saking gambaripun Sanghyang Jagadnata dumugi Bambang Parikenan. Dipun sebat "wayang" jalaran wujud ingkang badhe ginatra sampun ical, nanging lajeng kaentha-entha ing salebeting batos ngantos nuwuhaken wewayangan ingkang cetha; kasebat "purwa" jalaran ingkang dipun anggit nama samukawis ingkang sampun lalu mangsa.e. Jaman Majapahit (1293-1528 M) Taksih miturut gotekipun Serat Centhini, ing jaman awal Majapahit wewayangan ringgit purwa dipun gambar mawi kertas Jawi, mawi dipun wewahi perangan-peranganing pangangge. Kaleresan sanget dene ing jaman Majapahit akhir wonten putra nata ingkang prigel sanget anyungging ngantos kawentar asma Raden Sungging Prabangkara. Dening ingkang rama kadhawuhan nyungging praboting ringgit. Warni ingkang dipun pigunakaken dipun cundhukaken kaliyan wujud saha tataran sarta pari-polahing ringgit. Sugengipun Raden Sungging Prabangkara punika wonten ing sakiwa tengenipun taun 1380.f. Jaman Demak (1500-1550 M) Duk bedhahipun Majapahit ringgit beber Prabangkara dipun boyong dhateng Demak. Raos sengsem dhateng karawitan tuwin pagelaran ringgit ingkang rujak sentul kaliyan anggering agami Islam nuwuhaken penggalihan anyar menggahing gambar ringgit, inggih punika mbucal wujud wewangunaning manungsa. Makaten penggalihanipun Sultan Syah Alam Akbar I (Raden Patah) ingkang dipun sengkuyung dening para wali. Ringgit purwa beber lajeng dipun ewahi, kadamel mawi wacucal maesa ingkang dipun tipisaken. Dhasar warni pethak kadamel saking iladrening glepung balung, dene pangangge 5
  • cahmbanjar dipun cet mawi mangsi. Wanda methok kadamel miring, mawi tangan radi panjang kadamel saking irisaning wacucal, lajeng dipun gapit saha dipun simping. Ingkang damel tatananing panyimping Sunan Bonang. Dene Sunan Prawata mewahi cacahing ringgit wujud raseksa tuwin rewanda saha ngasta sawetawis balunganing lampahan. Liman tuwin prampogan wewahan saking Raden Patah. Panyengkuyungipun Sunan Kalijaga rupi kelir, nggantos kajeng panyimping mawi witing pisang, blencong, kothak tuwin kekayon utawi gunungan. Sunan Kudus, dhalang ingkang moncer piyambak ing antawising para wali menawi grengsenging pagelaran. Kajawi nglestarekaken suluk ugi kawewahan greget saut tuwin ada-ada. Dene gangsa tetep slendro. Sultan Trenggana ingkang mboten kirang-kirang pamarsudinipun trumrap kamajenganing ringgit amrih mindhak sae saha mathis. Mripat, lesan tuwin talinganing ringgit dipun bedhah. Salajengipun nalika Susuhunan Ratutunggal nyulihi Sultan Trenggana, panjenenganipun nganggit ringgit sarana ngirangi panjang saha inggiling ringgit. Mripat kadamel liyepan tuwin, thelengan, lan inggih ing jaman punika wiwitipun ringgit mawi rada jene. Ringgitipun Susuhunan Ratutunggal punika kawentar nama Kidang Kencana. Kajawi ringgit purwa Susuhunan Ratutunggal ugi yasa ringgit gedhog salampahanipun ingkang manawi kagelaraken kairing gangsa pelog. Pagelaran ringgit gedhog namung dipun adani wonten ing salebeting kraton, dene tumrap bebrayan njawi Sunan Bonang nganggit ringgit Damarwulan.g. Jaman Pajang (1568-1586 M) Tandha kas ingkang tuwuh wiwit jaman Pajang inggih punika wiwitipun ringgit purwa punapa dene ringgit gedhog dipun tatah mlebet mawi dhekok-dhekok. Ingkang winastan pakem saking ringgit kekalih punika ugi wewah kathah. mBok bilih saking pakaryanipun, pujangga kraton Pajang Tumenggung Sujanapura. Pambudidaya mbangun wujuding ringgit purwa antawisipun nyundhukaken panganggening para paraga kaliyan wandanipun. Ratu ngagem makutha utawi topongan; para satriya rambutipun dipun tata sae, mawi praba, mawi sinjang utawi mawi clana. Taksih wonten salebeting jaman Pajang Sunan Kudus ngadani ringgit golek saking kajeng, dene Sunan Kalijaga ngadani ringgit topeng mendhet saking lampahan ringgit gedhog, inggih punika cariyos Panji. Topeng ingkang kadamel sawatawis kathah, kadosta topeng putri, Panji nem, Panji sepuh, Gunungsari, Prabu Klana, Andaga, Bugisan, Penthul, Tembem lan sapanunggilanipun.h. Jaman Mataram Islam 1) Jaman Panembahan Senapati (1582-1601 M) 6
  • cahmbanjar Wonten tigang prakawis ingkang prayogi dipun pengeti inggih punika: rambuting ringgit dipun tatah mawi pathokan saya nengah sangsaya alus; ringgit gedhog kawewahan ngangge dhuwung; cacahing ringgit wewah bangsaning peksi tuwin kewan kewanan. 2) Jaman Sultan Agung Anyakrawati (1601-1613 M) Ringgit Kidang Mas utawi Kidang Kencana yasan Susuhun Ratutunggal jaman Sultan Syah Alam Akbar III, dening Sultan Agung Anyakrawati kadhawuhan nginggilaken saha manjangaken sakedhik. Menggah pathokanipun kapendhet sepalih saking pidakaning ringgit. Dene ewah-ewahan ingkang mirunggan ing jaman punika, ringgit purwa punapa dene gedhog mawi bau saha tangan trap-trapan. Kajawi misah, tanganing ringgit ugi mawi cempurit. Ingkang pikantuk kawigatosan mirunggan inggih punika Arjuna ingkang sinebat Kyai Jimat. Wewahan sanesipun wujud sawatawis senjata arupi panah, dhuwung lan sapanunggilanipun. Kanjeng Sultan ugi karsa misuda dhalang negari. Dene ingkang kapiji satunggaling dhalang saking Kedhu ingkang kala samanten panci kalebet dhalang ingkang moncer piyambak tumraping pedhalangan ringgit purwa punapa dene ringgit gedhog. Sasampunipun ewah-ewahan tumrap ringgit Kidang Kencana rampung, Kanjeng Sultan karsa nganggit ringgit anyar minangka sangkala memet wujud raseksa ramping kathah tingkah polahipun, winastan raseksa Panyareng, ingkang ing padintenan kawentar nama Cakil, mengku sangkala: Nembah gaman buta tunggal 3) Jaman Sri Sultan Agung Anyakrakusuma (1613-1645 M) Ing jaman punika polaning ringgit karancang mekaten: Ubarampe tuwin panganggening ringgit jaler estri dipun tatah. Ringgit lanyapan mripatipun dipun krowek, dene ingkang ruruh sarta amripat bikakan ugi dipun krowek saha dipun kuris. Mripat makaten punika ingkang sinebat kedhondhongan. Kajawi ingkang punika tumrap satunggal-satunggaling ringgit dipun damelaken wanda rangkep warni-warni. Ringgit ingkang anggadhahi wanda kathah piyambak inggih punika Arjuna, nanging ingkang wigati piyambak kasebat wanda Mangu. Sasampunipun sedaya rancangan kagarap rampung lajeng dipun pengeti mawi sangkalah memet wujud raseksa arambut abrit ngore mengajeng kathih mawi jalu kalih kados kuku. Raseksa punika sinebat Buta Prapatan, nanging ing satengahing bebrayan kasebat Buta Rambutgeni, ingkang mengku sangkalan; Jalubuta tinata sang.i. Jaman Plered (1645-1677 M) 7
  • cahmbanjar Jaman Plered punika jamanipun Susuhunan Amangkurat Tegalarum, ingkang nalika wonten kraman Trunajaya kaseser linggar saking praja kadherekaken para sentana tuwin abdidalem dhalang Ki Lebdajiwa dumugi ing tlatah Banyumas. Kala-kala manawi pinuju lerem Ki Lebdajiwa kepareng ngringgit. Sareng anggenipun jengkar dumugi laladan sawetan Ajibarang, Susuhunan Amangkurat seda lajeng dipun sarekaken wonten ing Tegalarum: Rehning ing laladan Plered taksih kathah reresah, mila Ki Lebdajiwa wangsul dhateng dhusunipun ing Kedhu saha nerasaken anggenipun ndhalang.3. Sejarah mekaripun Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas Ing ngajeng sampun katur riwayat tuwuh saha ngrembakanipun Seni Pewayangan ingsaindhenging Indonesia, wiwit jaman Dyah Balitung dumugi jaman sapunika. Purwaka sampunmahyakaken bilih nemtokaken sejarah ngrembakanipun seni pewayangan saha seni pedhalangantlatah Banyumas ugi mboten gampil, awit prabot-prabot tuwin katrangan ingkang saged kaanggedhasar utawi sumbering panalusur tumrap seni pewayangan punapa dene seni pedhalangan ingtlatah Banyumas ugi langka sanget. Mila saking punika sarujuking rembag lajeng mendhet prabot ingkang saperangan ageng wujudseserepaning para Mpu Pedhalangan Banyumasan ingkang taksih sumrambah minangka bibit ingpanalusur kenginga kangge gegaran netepaken sejarah ngrembakanipun Pedhalangan GagragBanyumas. Bakunipun, Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas punika tuwuh saking sumber SeniPewayangan Indonesia, ingkang ngrembakanipun kados ingkang sampun katur ing ngajeng. Ewamekaten taksih perlu dipun telusur wiwit kala punapa Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas punikamandhiri pribadi, uwal saking lajeripun. Menawi sejarah tlatah Banyumas kita taliti, saged dipun kinten-kinten bilih salah satunggalingleluhur utawi cikal bakalipun warga Banyumas punika satunggaling satriya saking Majapahit, asmaRaden Baribin putra mantunipun Prabu Siliwangi ing Pejajaran, ingkang mangkenipu nilar prajaPejajaran lajeng tetep lenggah ing tlatah Banyumas sarta nerahaken para bupati ing tlatahBanyumas. Alelandhesan katrangan kasebat nginggil, mbokmanawi wonten mencokipun kapendhet dadosancer-ancer wiwitipun seni pewayangan mlebet sarta ngrembaka ing tlatah Banyumas. Malahmbokmanawi kathah emperipun bilih seni pedhalangan punika mbebet ing tlata Banyumas lumantartiyang-tiyang agami Hindhu saking Majapahit inkang sami sumingkir amargi kadhesek deningngrembakanipun agami Islam. Mlebetipun tiyang-tiyang agami Hindhu Majapahit dhatengBanyumas punika kinten-kinten nasak rerangkening tlatah pareden redi Lawu, rediMerapi/Merbabu, Sindoro/Sumbing, pareden Dieng, Rogo jembangan tuwin redi Slamet bablas 8
  • cahmbanjarmangilen. Sasampunipun mlebet ing tlatah Banyumas, mbokmanawi ugi sumebar nglangkungilengkeh lengkehipun lepen Serayu. Ing jaman Kasultanan Demak, tiyang tiyang Islam ugi mlebet dhateng tlatah Banyumas perlumencaraken agami Islam kanthi anglangkung margi punika. mBoten mokal bilih anggenipunmencaraken agami Islam ugi ngginakaken seni pewayangan tuwin pedhalangan. Wusananip senipewayangan ingkang sampun dipun wiwiti kala jaman Hindu wewah malih dening dayaning agamiIslam, salajengipun cawuh manunggal sarta daya-dinayan kaliyan anasir kabudayan ingkangsampun sumrambah ing kalanganing bebrayan Banyumas. Tilas saha tetalesipun punapa ingkang nembe kemawon katur ing nginggil dumugining jamansamangke taksih kraos wonten ing seni pedhalangan gagrag Banyumas-Purbalinggan. Ingkangmelok sanget inggih punika ingg cakepan-cakepan janturan punapa dene sulukan ingkang taksihkangge saha sumrambah dumugi samangke ing Pakeliran Gagrag Banyumas, langkung-langkunging tlatah pareden tuwin lengkehing lepen Serayu kados ingkang sampun katur ing ngajeng. Milasaking punika ingkang makaten wau lajeng kawentar minangka Pedhalangan Gagrag BanyumasLor Gunung (Redi Kendeng), ingkang pakeliranipun dumugi samangke tetep ngginakaken basaBanyumas deles. Serenipun Kasultanan Demak dhateng Pajang nuwuhaken ewah-ewahan sawatawis ing babsejarah ngrembakanipun seni pedhalangan Gagrag Banyumas. Kala semanten tlatah Banyumaskalebet wewengkon kasultanan Pajang. Tandha yekti bilih Banyumas kalebet wewengkon Pajang,inggih punika tiwasipun Bupati Wirasaba Wargautama saking dhawuhipun Sultan Pajang nalikaBupati Wargautama nembe kemawon ngaturaken bulu bekti dhateng kraton Pajang. Ingkang wigatitumrap tuwuh saha ngrembakanipun Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas ing Jaman Pajang, inggihpunika wiwit lumebetipun basa Jawi "Wetanan", ingkang tumrap para sedherek Banyumas dipunsebat "Basa Bandhek". Sawatawis tiyang mastani bilih tembung "bandhek" punika satunggilingkereta basa ingkang kadhapuk dados tembung camboran tugel, saking tetembungan "basaninggandhek", jalaran ingkang nyebar basa punika para gandhek, inggih punika para duta utawi utusansaking Pajang. Nanging kanyatanipun basa bandhek punika nembe saged ngrembaka saestu kanthirancag sarta jembar tebanipun, ugi ing jagading pewayangan ing sakiwa tengenipun taun 1920-an,inggih punika nalika Pamarentah Welandi nglebetaken pasinaon Basa Jawi Wetanan ingpamulangan-pamulangan dhasar. Ing jaman Mataram Islam wiwit Panembahan Senapati Sultan Agung Anyakrawati SultanAgung Anyakrakusuma ngantos dumugi bedhahipun kraton Plered, seni pedhalangan Banyumaslangkung rancag Saha majeng anggenipun ngrembaka, jalaran sesambetan antawisipun tlatahBanyumas kaliyan Mataram punapa dene kaliyan Kedu saged tumindak langkung rancag.Kawontenan ingkang makaten wau mahanani pedhalangan gagrag Mataraman tuwin Kedhu saya 9
  • cahmbanjarkiyat daya pengaruhipun dhateng seni pedhalangan gagrag Banyumas. Lah langkung-langkungnalika bedhahipun kraton Plered dening kraman Trunajaya. Kacariyos linggaripun SunanMangkurat Agung saking Plered badhe tedhak dhateng Jakarta dipun dherekaken pandheganingdhalang kraton Ki Lebdajiwa, lereh ing tlatah Banyumas. Ki Lebdajiwa ingkang asal saking Kedu,mbokmanawi kalebet siswa tusipun Kyai Panjangmas, dhalang asli Kedu ingkang moncer piyambaking bab pedhalangan ringgit purwa punapa dene ringgit gedhog, ngantos katimbalan mlebet dhatengkraton dados empuning dhalang wiwit jaman Sultan Agung Anyakrawati ngantos dumugijamanipun Sinuhun Sultan Agung Anyakrakusuma. Daya pengaruhipun gagrag Mataraman tuwin Kedu, mangkenipun kasusul dening gagragSurakarta tuwin gagrag Yogyakarta. Kas gagrag Kedu lan Yogyakarta, daya pengaruhipun dhatengSeni Pedhalangan Banyurnas sangsaya ageng sabibaripun Pagiyanti, kususipun dhateng tlatahBanyumas iring kidul, inggih punika ing tanah pesisir kidul, ingkang ing tembe nuwuhaken senipedhalangan gagrag Banyumas Pesisiran, minangka tetimbanganipun seni pedhalangan gagragBanyumas Lor Gunung ingkang sampun kasebat ing ngajeng. Ing bab cawuh manunggalipun Gagrag Mataram – Surakarta – Yogyakarta – Kedu ingkangnuwuhaken Seni Pedhalangan Gagrag Banyurnas Pesisiran ing kiwa tengenipun taun 1920-an, salahsatunggaling dhalang ing Menganti tlatah Gombong, inggih punika Ki Cerma ingkang ugi kawentarnama Ki Dhalang Menganti, kathah daya pengaruh saha lelabetanipun dhateng Seni pedhalanganBanyumas kala semanten. Ewah gingsiring kawontenan ingkang kadayan dening eebahing jaman satemah nuwuhakendumadinipun silih saya-dinayan antawisipun gagrag kekalih punika. Menawi gagrag Pesisiranmajeng ing babagan seni karawitanipun (daya Surakarta – Yogyakarta – Kedu), kosok wangsulipungagrag Lor Gunung melok saha majeng ing babagan falsafahipun sarta anggenipun ngugemi anasir-anasir kabudayan ingkang sampun sumrambah ing tlatah Banyumas. Satataning silih dayaantawisipun gagrag kekalih punika melok sanget ing cak-cakan pakeliranipun swargi Ki DhalangTutur saking Kesugihan (aslinipun gagrag Pesisiran) tuwin cak-cakan pakeliranipun Ki DhalangParsa tuwin Ki Dhalang Sugih (kalih-kalihipun suwau asli gagrag Lor Gunung). Dene ingkangtaksih saged kawastanan tetep ngleluri saperangan ageng pakeliran utawi pedhalangan Lor Gunung,inggih punika swargi Ki Dhalang Waryan saking Kalimanah. Saking daya tular-tumularing kabudayaan ingkang makaten wau temahan ing akiring taun 1930-an sarta wiwitaning taun 1940-an sajatosipun pedhalangan gagrag Banyumas sampun sangsayamelok ciri-cirinipun ingkang mligi. Lan ingkang saweg kita garap minangka pathokan tumrappedhalangan gagrag Banyumas, inggih gagrag utawi cak-cakaning pedhalangan punika. 10
  • cahmbanjar Mekaten sejarah ngrembakanipun seni pewayangan tuwin Seni Pedhalangan Gagrag Banyumas.Mugi-mugi kemawon andharan punika saged suka gegambaran kawontenaning seni pedhalangangagrag Banyumas ingkang pathokanipun katur ing bab-bab candhakipun. 11
  • cahmbanjar KAWRUHIPUN DHALANG1. Lenggah-lengahing pralebdanipun dhalang2. Sangunipun dhalang3. Cacading dhalang4. Tatakramaning Pakeliran5. Pangertosan-pangertosan6. Simpingan ringgit lan pangrakiting panggung sarta gangsa7. Sarasilahing wayang 12
  • cahmbanjar BAB III KAWRUHIPUN DHALANG1. Lenggah-lenggahing pralebdanipun para dhalang Bab lenggah-lenggahing pralebdanipun para dhalang punika sampun wonten naminipunpiyambak-piyambak, inggih punika wonten gangsal warni:1) Dhalang Sejati2) Dhalang Purba3) Dhalang Wasesa4) Dhalang Guna5) Dhalang Wikalpaa. Dhalang Sejati Dhalang Sejati manawi ngringgit, sedaya lelampahanipun ringgit lan isinipun cariyos, ngandhut isi raos pendidikan ingkang sae minangka tuladha kagem ingkang mriksani. Ingkang dipun cariyosaken ing salebetipun nggambaraken lelampahaning ringgit, isi piwucal ilmu kabatosan, wejangan sangkan paraning dumadi ngantos ilumugi kajaten. Dados paring pepajar dhumateng ingkang mriksani ingkang taksih sami kapetengan ing manah, nyukani piwulang gesangipun manungsa sageda tumuju dhateng kasampurnan. Dados lahir lan batosipun sageda jumbuh, njawi lan nglebetipun, tumujua dhumateng tumindak ingkang sae, sampun ngantos manungsa punika sami nyleweng, anggega kajengipun piyambak. Inggih punika ingkang dipun wastani Dhalang Sejati.b) Dhalang Purba Dhalang Purba punika manawi ngringgit, pandhapukipun cariyos isinipun warni-warni, inggih punika cariyos lelampahanipun ringgit ingkang kenging kangge patuladhan dhumateng ingkang mriksani murih kenginga kangge sangu gesang ing sadinten-dintenipun. Lahir lan batosipun tumuju dhumateng kasampurnan. Pramila cara anggenipun nyukani pitedah, namung mawi pitutur tembung ingkang alus-alus, minangka dados wejangan tumrap ingkang mriksani. Murih sagedipun sami kayungyun dhateng isi piwulangipun ki dhalang, anggenipun damel isi cariyos lelampahanipun ringgit, ingkang katindakaken salebetipun ngringgit sadalu wau. Ngantos ingkang mriksani taksih gadhah raos lamlamen salebeting manah, kados dene rumaos taksih nampi wejanganipun ki dhalang. Inggih punika ingkang dipun wastani Dhalang Purba, tegesipun satunggalipun dhalang ingkang sampun saged nyakup raos kasar lan alusing manungsa, sampun kenging karegem dados satunggal wonten wejangan punika wau. 13
  • cahmbanjarc. Dhalang Wasesa Dhalang Wasesa punika manawi ngringgit, piyambakipun nggadhahi keahlian, cara anggenipun nyariyosaken ringgit ngantos anggadhahi raos gesang, saking anggenipun baud ngecakaken damel tetembungan ngantos saged mranani ingkang mriksani. Inggih punika manawi nyariyosaken ringgit ingkang pinuju prihatos, inggih kados anggadhahi raos sisah saestu. Manawi pinuju temantenan, inggih anggadhahi raos bingah ingkang ngandhut katresnan. Manawi pinuju nepsu utawi ngamuk, inggih kados tiyang ingkang nepsu lan ngamuk toh pati saestu. Makaten salajengipun. Inggih punika saking anggenipun pinter nglampahaken lan nglagokaken solahing ringgit lan ngrakit tetembungan, ngantos ingkang mriksani anggenipun nyumerepi kados katingal iya-iyaa saestu. Inggih kados makaten punika wau lenggahipun dhalang wasesa, tegesipun sampun saged nyakup anguwaosi wonten salebetipun pakeliran.d. Dhalang Guna Dhalang Guna punika anggenipun nindakaken pakeliran lugu cariyos ingkang dipun remeni dening ingkang mriksani kernawon. Cariyosipun kosong, mboten wonten ingkang kenging kangge patuladhan, namung waton rame sajak katingal muyeg pamayangipun. Dados kasagedanipun inggih namung saweg sak saged nglampahaken ringgit dipun tabuhi sadalu muput, ngiras kenging kangge tengga griya. Dene caranipun namung kados tiyang dolanan wayang kemawon, cariyosipun tanpa isi, manawi milih lakon mesthi pados lampahan ingkang kathah ringgitipun ingkang medal, wigatosipun kathah perangipun, sakedhik gegendhingan lan cariyosipun. Kepara kathah peperanganipun, dados isining tetabuhan prasasat namung sampak, srepegan lan ayak-ayakan. Sadalu prasasat namung isi tigang gendhing, kenging dipun wastani beber bango mati. Pramila milih ingkang kathah wedalipun ringgit, salebetipun sadalu sampun ngantos kapedhotan lampahan. Dados tegesipun, ginanipun wau namung sak saweg remen ngringgit mawi dipun tabuhi gangsa.e. Dhalang Wikalpa Dhalang Wikalpa punika anggenipun ngringgit, inggih namung lugu manut miturut isinipun pakem, wewatonipun kawruh bab padhalangan. Cariyosipun namung ngetrepi punapa wontenipun kemawon, miturut piwulang pasinaon padhalangan, rikala piyambakipun nglampahi sekolah wonten ing pamulangan pedhalangan. Dados namung mujudaken kados dene tetiron kemawon, inggih punika kados ingkang dipun wastani latihan andhalang, nirokaken pantrapipun cara ngringgit sedalu. Punika ingkang dipun wastani Dhalang Wikalpa.2. Sanguning dhalang Dhalang punika ingkang kapetang sae cak-cakanipun kedah anggadhahi sangu sadasa bab,kadosta: 14
  • cahmbanjara. Regu Regu punika manggenipun ing wanci sonten, sampun ngantos katingal mboten sreg. Kedah sreg sarta jenjem. Sajak gadhah kawibawan. Sampun ngantos maelu dhateng tetembungan sarta raosanipun tiyang ingkang sami ningali. Salebeting cipta kedah pitados dhateng dhiri pribadi. Supados dhalang gadhah keyakinan makaten perlu dipun pikuwati mawi mantra-mantra.b. Greget Tegesipun manawi sereng kados sayektos.c. Sem Tegesipun, saged anyariyosaken adegan srawunging priya lan wanita ingkang nembe sami kapanduking branta asmara, saengga nuwuhaken raos sengsem tumrap ingkang sami mriksani.. (pandhongan, karonsih).d. Nges Tegesipun manawi pinuju sisah utawi welasan saged damel trenyuh.e. Renggep Tegesipun ajeg tumemen wiwit sonten dumugi enjing. Sampun ngantos ndhalang namung sasekecanipun utawi sok sembrana dupeh ingkang mriksani kathah ingkang kirang migatosaken. Langkung-langkung manawi ndhalang ing RRI renggep punika kedah dipun andhemi saestu.f. Antawecana Tegesipun, ulonipun cocok raosing pathet, ginemipun cocok lan ringgitipun, lan sanes- sanesipun.g. Cucut Tegesipun lucu, saged damel gumujeng.h. Unggah-ungguh Tegesipun, manawi nyariyosaken adegan saget angsal udanegaranipun, ceples traping basa, peprenahan, ginem, tanceban, lampahing ringgitipun lan sanes-sanesipun.i. Tutug Tegesipun anggenipun ngringgit cetha, urut, wijang cariyosipun mboten tumpang suh utawi molak-malik.j. Trampil Tegesipun mumpuni ing bab-bab: 1) Tandangipun nglampahaken ringgit sumeblak, resik mboten kether. 2) Saget manjangaken tuwin ngringkesaken lampahing cariyos, janturan, ginem, gendhing suluk, kepyakan, sirepan dhodhogan lan kepyakan mboten cewet lan sanes-sanesipun. 3) Saged mapanaken tetembungan ingkang kedah kasumerepan ing akathah. Nanging sampun ngantos nyimpang saking jejer pokokipun ringgit purwa. 15
  • cahmbanjar Bab-bab kawruh padhalangan kasebat ing nginggil perlu sanget dados sangunipun dhalang.Manawi ngantos gothang salah satunggal saking 10 bab kasebat ing nginggil, saestu badhe dadoscemplang mboten mranani ingkang sami mriksani, jalaran pakeliranipun dereng katingal gesang. Kajawi kawruh sangunipun tumrap para dhalang ingkang sampun dipun jlentrehaken ingnginggil, wonten prayoginipun saupami para dhalang ugi saged nyakup gegebengan 5 prakawisingkang winastan "Panca Gatra" pewayangan, inggih punika:a. Seni Pedhalangan lan Seni Pentasb. Seni Karawitanc. Seni Kriyad. Seni Widya (Pendidikan lan Falsafah)c. Seni Ripta Wondene jlentrehipun makaten: 1) Seni Pedhalangan lan Seni Pentas Supados anggenipun para dhalang angayahi kuwajiban ngringgit sadalu natas mboten nguciwani, sangunipun ngelmu ing bab seni pedhalangan lan seni pentas sampuna anyekapi. 2) Seni Karawitan Ing babagan seni karawitan, para dhalang langkung prayogi manawi saged nindakaken nabuh gangsa piyambak, sak mboten-mbotenipun kedah mangertosi ngelmi-ngelmi ingkang gegayutan kaliyan karawitan/gendhing-gendhing. 3) Seni Kriya Seni Kriya punika ngemu suraos seserepan ingkang gegayutan kaliyan cara-cara kados pundi menggah caranipun ndamel uba rampening ringgitan, kadosta damel gangsa, ringgit, kelir lan sanes-sanesipun. 4) Seni Widya (Pendidikan lan Falsafah) Ing babagan Seni Widya karangkum ngelmu-ngelmu ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pendidikan lan falsafah. 5) Seni Ripta Murih sangsaya mantep anggenipun dados dhalang, para dhalang kedah lebda ugi ing babagan seni ripta, inggih punika ngelmi ingkang gegayutan cara-cara kados pundi menggah caranipun damel lampahan anyar, damel sanggit, nyipta gendhing-gendhing anyar lan sanes- sanesipun. Parandene ingkung prayogi malih manawi para dhalang ugi ambudi daya sagedipun mumpuniing babagan ingkang wigatos sanesipun kadosta: 16
  • cahmbanjar 1) Tata susila Para dhalang kedah nyirik ngucapaken tetembungan ingkang saru lan kasar, lekoh lan ugi tembung-tembung, ingkang saged damel kirang mranani salah satunggalipun golongan. 2) Angguroni Saged maringi piwulang lan anggulawenthah kapribaden Nasional, nyingkiri panggepokipun kabudayan manca ingkang ngrugekaken kapribaden Nasional. 3) Saged anggelaraken kawruh kanthi nalar ingkang sehat, ambirat gugon-tuhon lan klenik, lan sanes-sanesipun. 4) Mangertosi dhumateng Sejarah Nasional (mboten perlu ahli nanging wajib nyinau) sarta anggadhahi jiwa Pancasila. 5) Kedah tumut anyengkuyung program-program garapanipun Pamarentah.3. Cacadipun dhalang Ingkang minangka dados cacadipun dhalang mboten namung amargi saking kekirangan sangu,nanging taksih wonten sanesipun malih, kadosta:a. Ngewahi balunganing lampahanb. Kabogelan Tegesipun, taksih dalu lampahan sampun telas. Dados cupet.c. Karahinan Tegesipun, sampun mlethek surya lampahan dereng rampung.d. Medal saking pakeliran, upaminipun: 1) Angginakaken tembung-tembung manca ingkang mboten trep nyinggung-nyinggung bab partai, mambet-mambet politik lan sanes-sanesipun. 2) Solah, upaminipun mawi numpak sepur, pit montor, montor mabur lan sanes-sanesipun. 3) ngGarapi ingkang kagungan damel utawi para tamu, nyemoni boja krama utawi sampar pakolih ingkang mikantukaken badanipun piyambak.e. Lelep utawi remben, upaminipun: 1) Gangsa sampun kasirep, nanging dangu mboten dipun jantur. 2) Pathetan sampun rampung mboten enggal ginem. 3) Gangsa sampun suwuk dangu mboten enggal pathetan utawi ada-ada utawi cariyos. 4) Ginem nglantur mboten mawi kasingget pathet utawi ada-ada. 5) Gangsa sampun mungel srepegan utawi sampak, dangu mboten ngedalaken ringgit. 6) Sampun wanci jam dereng wiwit talu, sampun jam 2 deren perang sekar.f. Dhalang nilar panggungan sebab betah dhateng pakiwan.g. Dhalang ingkang rongeh lenggahipun saha kirang tajem polatanipun. Tata kramaning pakeliran 17
  • cahmbanjar4. Tata kramaning pakelirana. Tata krama Jawi Ingkang kalebet tata/krama Jawi ing Pedhalangan inggih punika: 1) Busananing para paraga a) Dhalang menawi pinuju nindakaken kewajibanipun kedah mawi busana kejawen jangkep inggih punika: (1) Beskap atela cemeng (2) Sinjang latar cemeng, sabuk, epek kaliyan timang (3) Mawi duwung Ladrangan (4) Mawi selop b) Dene para wirapradangga busananipun sami kaliyan busananipun para dhalang namung dhuwungipun Gayaman. c). Semanten ugi para waranggana menawi pinuju ngayahi kewajiban inggih kedah mawi busana kejawen jangkep inggih punika: (1) Rasukan kebayak warni ijem pupus (sanes gadhung mlathi). (2) Sinjang latar pethak ukel saha slendhang sawitan. (3) Mawi selop ingkang jumbuh kaliyan ageman jawi. (4) Ukelan rikma sampun ngantos dipun sasak. 2) Trapsilaning para paraga Manawi pinuju ngayahi kewajiban, para paraga kedah: a) Kangge para dhalang (1) Polatan tajem mboten kenging nolah-noleh. (2) Ringgit ingkang badhe kawedalaken kedah sampun cumawis, sampun ngantos mendhet ringgit ingkang dipun simping. (3) Sadangunipun nglampahaken ringgit mboten prayogi sanget menawi kasambi dhahar ses. (4) mBoten kenging nyemu dhumateng ingkang kagungan karsa, para pradangga, waranggana lan para ingkang sami mirsani. b) Kangge para Waranggana (1) Polatan tajem mboten rongeh. (2) Salebetipun nindakaken kewajiban mboten prayogi manawi dhahar ses, sarta mboten prayogi manawi ngendikan kaliyan sesaminipun. c) Kangge para pradangga 18
  • cahmbanjar (1) Salebetipun gangsa mungel mboten kenging dhahar ses, sarta nampeni pasugatan. (2) Mlebet saha medal saking panggung sampun ngantos nglangkahi gangsa. (3) Salebetipun nindakaken kewajiban mboten kenging mbikak blangkon kaliyan mbikak kancing beskap.b. Tata krama tumrap basa Anggenipun ngginakaken basa wonten tatakramanipun kadosta: 1) Dhalang menawi pinuju njantur, cariyos, antawacana lan sapiturutipun kedah ngginakaken tembung ingkang mboten nyebal saking basa pakeliran upaminipun tembung manca lan tembung ingkang mboten trep kadosta: besluit (sok dipun ucapaken beslit), request, jelas, berarti, katam, fasih lan sapiturutipun. 2) Wonten ing pakeliran, swantenipun ringgit ingkang langkung anem utawi pangkatipun langkung andhap, prayogi sampun ngantos langkung sora, tinimbang ringgit ingkang langkung sepuh utawi ingkang pangkatipun inggil, kajawi tumrap ringgit ingkang miturut wanda lan wewatekanipun sarta miturut kawigaten kedah nyuwanten sora. Kajawi swantenipun R. Gathutkaca kedah langkung ageng tumrap R. Werkudara. 3) Prabu Suyudana dhumateng Patih Sengkuni ing salebetipun jejer ngginakaken tembung ingsun, sira, utawi pakenira. Nanging menawi kapinujon mboten jejer, mboten siniwaka, kedah krama dhumateng Patih Sangkuni. 4) Titah dhumateng dewa, mawi ngginakaken tembung, pukulun Dewa dhumateng titah mawi ngginakaken tembung: ulun utawa kita. 5) Semar dhumateng para bandaranipun, mawi ngginakaken tembung: sampeyan lan mu. 6) Rama dhumateng putra lan kosok wangsulipun, makaten ugi kakang dhumateng adhi lan kosok wangsulipung ngginakaken tembung: kulup, kaki, ngger, gendhuk, nok, nini, rama, yayi, adhi sarta kakang. 7) Ratu dhumateng ingkang sumewa ing salebeting jejer, mawi ngginakaken tetembungan: ingsung, sira, kajawi jejer Ngastina; 8) Guru dhumateng siswa, ingkang siswanipun kagungan pangkat ingkang inggil saged mawi ngginakaken tembung krama utawi ngoko miturut swasana lan empan papan, sarta miturut aluran kadang. Kajawi Anoman dhumateng R. Gathutkaca ngginakaken basa madya krama. 9) Siswa dhumateng guru, senajan siswanipun kagungan kalenggahan/pangkat ingkang inggil (upaminipun ratu, patih, senopati lan sanes-sanesipun), senajan anggenipun pirembagan mboten wonten ing paguron (upami wonten ing praja) prayogi ngangge tembung krama. 10) Kakung dhumateng garwanipun sageda ngginakaken tembung ingkang ngresepaken sarta nuju prana, mbok ratu, nimas, ibune kulup sapiturutipun. 19
  • cahmbanjar 11) Makaten ugi putri dhumateng garwanipun ngginakaken ternbung: "Kakang Mas", Kanjeng Sinuwun, bapake kulup lan sapiturutipun miturut kepangkatan lan tata cara.c. Panyebutipun pepernahan para Dewa Panyebutipun pepernahan para dewa wonten mawarni-warni, upaminipun: 1) Bathara Guru dhumateng Bathara Narada, mawi ngginakaken sesebatan Kakang Narada, Kakang Kanekaputra utawi Kakang Kaneka. 2) Bathara Narada dhumateng Bathara Guru, mawi ngginakaken sesebatan: Adhi Guru, Yayi Amisesa utawi Pramesthi Guru. 3) Bathara Anantaboga dhumateng Bathara Guru mawi ngginakaken sesebatan Wa Pukulun. 4) Dewa-dewa tedhaking Bathara Ismaya dhumateng Bathara Guru mawi ngginakaken sesebatan Paman Pukulun. 5) Dewa-dewa tedhaking Bathara Guru dhumateng Bathara Guru mawi sesebatan Rama Pukulun, nanging menawi dhumateng Bathara Narada mawi ngginakaken sesebatan Wa Pukulun, utawi Wa Resi. 6) Dewa-dewa tedhaking Bathara Ismaya dhumateng Bathara Narada ngginakaken sesebatan Paman Resi, utawi Paman Bathara.d Para Rata Danawa (Danawa begal) Kalebet danawa begal inggih punika Kala Pragalba, yaksa panyareng (Cakil), Buta Terong (irung kados terong) lan Ditya Jaewana (Thona-Thani). Dene urut-urutanipun sesebatan saking ingkang sepuh piyambak ngantos ingkang nem piyambak inggih punika: Kala Pragalba (tetunggul), Buta Terong, Jaewana lan Cakil. Wondene anggenipun ngormati panungguling, utawi yaksa ingkang pangkatipun langkung inggil, inggih punika sarana sembah karna utawi ngemek dhadhanipun panunggul sarta yaksa ingkang pangkatipun langkung inggil mawi ngginakaken sesebatan: Ki Raka.e. Parapan Panakawan Miturut pedhalangan gagrag Banyumas kina, inggih punika saderengipun pedhalangan Pasisiran (Banyumas Kidul Gunung Kendeng) gesang wonten wewengkon Banyumas, cacahipun panakawan wonten tiga (3), inggih punika Semar, Gareng lan Petruk. Petruk jaman semanten mboten sami kaliyan Petruk sapunika. Ingkang geseh kaliyan Petruk samangke inggih punika ngengingi bab wanda. Petruk kala semanten rainipun tumungkul lan burik. Caranipun damel burik mboten cekap wonten ing pulas kemawon nanging ngantos dipun tatah babar pisan saengga ing ayang ayanganipun katingal burik. Bathukipun Petruk mawi rengon ing kang kados pupukipun Bima, nanging pesagi panjang, badanipun radi wungkuk, 20
  • cahmbanjar bokongipun meh lonjong cekak, ngantos suku wing king katingal panjang. Petruk ingkang kados makaten dipun wastani Petruk Lengkur utawi cara Pasisiran dipun wastani Petruk Lor. Tembungipun Petruk Lengkur basa Banyumasan. Kajawi saking ciri-ciri kasebat ing nginggil punika, ugi mawi ciri anyengkelit bedudan Sasampunipun pedhalangan gagrag Pasisiran lumebet ing wewengkon Banyumas, wandanipun lajeng gentos kados dene Petruk ingkang semangke wonten ing wewengkon Banyumas, inggih punika mirip Petruk Kedu. Kajawi punika lajeng dipun wewahi panakawan satunggal malih ingkang nama Bawor utawi Carub sarta dipun damel putra pembajengipun Ki Lurah Semar. Ngantos semangke panakawan lajeng wonten sekawan ingka urut-urutanipun makaten: 1) Semar 2) Carub Bawor 3) Gareng 4) Petruk Awit saking punika dipun sebat Prepat Panakawan. Malah para kadang Banyumas sakelangkung remen dhateng Carub Bawor, saengga menawi mirsani ringgit ingkang tanpa Carub Bawor raosipun kirang marem.f. Panyebat Tata krami ingkang magepokan kaliyan bab panyebat, antawisipun kados ing ngandhap punika: a. Ratu dhumateng Patih ngginakaken sesebatan Kakang Patih, utawi Patih manawi patihipun kaprenah paman, adatipun mawi ngginakaken sesebatan Paman Patih b. Patih dhumateng ratu ngginakaken sesebatan Gusti utawi sinuwun. c. Prabu Kresna dhumateng Prabu Baladewa ngginakaken sesebatan Kaka Prabu. Dene menawi Baladewa dhumateng Prabu Kresna mawi ngginakaken sesebatan Yayi Prabu utawi Yayi Bathara. d. Prabu Puntadewa dhumateng Prabu Kresna ngginakaken sesebatan Kaka Prabu. Dene Prabu Kresna dhumateng Prabu Puntadewa mawi ngginakaken sesebatan Yayi Prabu utawi Yayi sami Aji. e. R. Bratasena dhumateng Prabu Kresna mawi ngginakaken sesebatan Kresna Kakangku utawi Jlitheng Kakangku. Semanten ugi menawi ngaturi dhumateng Prabu Baladewa inggih mawi sesebatan Baladewa Kakangku utawi Bule/Jrabang Kakangku. Dene menawi Prabu Kresna utawi Prabu Baladewa ngandika dhumateng R. Bratasena mawi ngginakaken sesebatan Yayi/ Dimas Harya Bratasena utawi Yayi Sena utawi sok asring dipun jengkar asmanipun kemawon. 21
  • cahmbanjar f. R. Bratasena dhumateng R. Janaka asring dipun jangkar Janaka utawi Jlamprong adhiku. Dene manawi dhumateng R. Nakula sesarengan kaliyan R. Sadewa ngginakaken sesebatan: Kembar, R. Janaka, R. Nakula lan R. Sadewa menawi dhumateng PrabuBaladewa, Prabu Kresna lan Prabu Puntadewa mawi ngginakaken sesebatan: Kaka Prabu. Manawi dhumateng Prabu Kresna piyambak asring ngginakaken sesebatan: Kakang Bathara. Dene menawi dhumateng R. Bratasena mawi sesebatan: Kakangmas utawi Kakang Harya; g. Batasena dhumateng Prabu Puntadewa mawi ngginakaken nesebatan: mbarep Kakangku, utawi Darma Aji Kakangku, dene menawi Prabu Puntadewa dhumateng R. Bratasena mawi sesebatan: Yayi Bratasena utawi Yayi Sena; h. Prabu Kresna dhumateng R. Janaka mawi ngginakaken sesebatan: Yayi Harjuna utawi Yayi Kaipe. Menawi nuju gegojegan asring ngginakaken sesebatan: Mas Nganten; i. Putra dhumateng Rama utawi Ibu, racakipun mawi ngginakaken sesebatan: Kanjeng Rama utawi Kanjeng Ibu, kejawi menawi ringgit mirunggan; j. Prabu Suyudana, Prabu Baladewa, Prabu Kresna, Prabu Karna, Prabu Puntadewa, R. Harjuna, R. Nakula lan R. Sedewa menawi ngaturi dhumateng Pandhita Durna mawi ngginakaken sesebatan: Paman Durna. Dene menawi R. Bratasena dhumateng Pandhita Durna mawi ngginakaken sesebatan: Bapa Durna Guruku. Menawi dhumateng Bathara Narada inggih lajeng mawi sesebatan Narada Dewaku utawi Narada kakekku; k. Eyang dhumateng wayah, rama dhumateng putra utawi ibu dhumateng putra. Racakipun mawi ngginakaken sesebatan Angger utawi Kulup; l. Pandhita Durna dhumateng Prabu Suyudana, Prabu Karna, Prabu Baladewa, Prabu Kresna lan Prabu Puntadewa mawi ngginakaken sesebatan: Anak Prabu, nanging menawi wonten ing pasewakan mawi ngginakaken sesebatan: nJeng Padukendra. m. Pandhita Durna dhumateng Patih Sangkuni, mawi ngginakaken sesebatan Yayi Patih utawi Adhi Suni. Dene menawi Patih Sengkuni dhumateng Pandhita Durna mawi ngginakaken sesebatan Kakang Resi, Kakang Begawan utawi Wakne Gondhel/Gonel; Wosipun bab panyebat antawisipun ringgit satunggal lan satunggalipun saged dipun larasaken miturut kepangkatanipun lan aluran sarta swasana. Dene menawi mboten wonten aluran punapa-puna sarta dereng tepang, saged mawi sesebatan: Ki Sanak.g. Pambagya Tata krami ingkang magepokan kaliyan pambagya punika mujudaken prabot kangge pambukaning antawacana. Dene tuladha bab pambagya, antawisipun kados ing ngandha punika: 1) Bageya sapraptanira, durung suwe ana ing praja ... 22
  • cahmbanjar 2) Sarawuh jengandika dereng dangu wonten ing praja kula ... ngaturaken pambagya sarta kasegahan panakrama.h. Panantang lan Pasumbar Panantang lan pasumbar saged darnel greget lan serenging swasana. Minangka tuladha, antawisipun kados ing ngandhap punika: 1) Ayo, aja genti mara, barenga mara leganing atiku, sayuta ngarep sakethi wuri, sewu ngiringan, ampyaken kaya wong njala, rebuten kaya menjangan mati, rayahen kaya bayangan. Yen aku nganti mundur sapecak lokna tatu arang kranjang; 2) Kekejera kaya manuk branjangan, kopat kapita kaya buntuting naga tapak angin, waton ora ilang ndak kedhepake, ketiban tanganku yekti lebur kuwandamu; 3) Arepa kadang dewa kanthi suksma yen ora lebur dening pusakaku, yekti dak sembah ider- ideran; 4) Hamuk sura mrata jaya mrata, majua sayuta ing ngarsa, sakethi ing wuri, ora bakal ndak tinggal mlayu; 5) Adoh sawat prabatang, cedhak tubruk, candhak sampirake pundhak, dak tugel dadi loro kunarpamu.i. Swantenipun ringgit Swantenipun ringgit punika kedah dipun jumbuhaken kaliyan wandanipun ringgit. Kajawi punika ugi kedah dipun jumbuhaken kaliyan swasana. Dene swasana punika kaperang dados sekawan perangan inggih punika: 1) Swasana merdika, liripun mboten bingah, mboten sungkawa, mboten duka, mboten gela lan sapanunggilanipun. 2) Swasana suka 3) Swasana duka 4) Swasana sungkawa Minangka tuladha sawatawis kadosta ing ngandhap punika: 1) Prabu Suyudana: a) Ing swasana merdika, mawi laras antawisipun 1 lan 2 saha radi melung sawatawis; b) Ing swasana suka, swantenipun radi sasap alit, wewah grecek semu gumujeng, nyrempet laras 2; c) Ing swasana duka wewah santak, radi sasap alit, gumreget lan anteb; d) Ing swasana sungkawa, mendhet laras 6 ageng, kemba, tledhok, kendho lan ampang. 23
  • cahmbanjar2) Swanten ringgit Putri: Swanten ringgit putri punika sami kaliyan ringgit jaler (upaminipun Dewi Bratajaya), nanging meksa benten trap-trapaning antawacana, jalaran tiyang estri mboten gadhah kalamenjing, mila mboten gadhah swanten anteb lan gumregel. Swanten ampang, laras dipun padosi saprayoginipun miturut wanda.3) Prabu Kresna: Wonten ing salebeting jejer mendhet laras jangga (2), swantenipun cetha lan sareh. Swanten ingkang kados makaten wau namung dumugi kedhaton. Dene sesampunipun kadhatonan, swantenipun malih dados grecek, kumlinthing alit. Larasipun minggah satunggal utawi kalih wilah, miturut swasana. Dene menawi aben ajeng kaliyan Prabu Karna, swantenipun Prabu Karna kedah langkung sasap alit tur mimpang grecek. Dene Prabu Kresna mimpang cetha tuntum arum.4) Prabu Baladewa: Swantenipun arum, wonten laras dhadha (3), leleh cetha, empuk. Manawi kaleres duka swantenipun mindhak santak saha groyok.5) Ratu Sabrang Bagus (Bangsanipun Dewasrani): Sanadyan piyambakipun kalebet ringgit luruh, nanging swantenipun meksa benten kaliyan Kunta Wibisana. Swantenipun ringgit sabrang bagus langkung grecek mawi raos gemaib, katingal wonten wanda sarta katarik saking wewatekanipun. Manahipun rongeh lan mboten lerem.6) Denawa: Sanadyan Danawa punika swantenipun ageng lan wujudipun ugi ageng, nanging rehning gadhah waja ingkang rangah, mila swantenipun mboten saged gilig lan anteb, nanging growah medal selaning waja.7) Dhagelan: Swantenipun kedah kaemper kaliyan wandanipun. Upami: a) Semar: Swantenipun nggaek, semu nangis, mawi raos kalara lara. b) Gareng: Mendhet laras jangga, tutukipun mlendhung malempuh kabekta lesanipun cupet. c) Petruk: Swantenipun lega, mulek wonten poking grana. d) Bawor: Lambenipun ndobleh (ndomble) mripat wiyar, dedeg cebol kepalang, dene swantenipun cekapan, mboten ageng mboten alit radi nyrempet tenggorokan. Tembungipun mawi 24
  • cahmbanjar basa Banyumasan, liripun menawi aksara nglegena racakipun dipun ungelaken kanthi swanten menga. e) Togog: Swantenipun kalebet ageng semu dhoso utawi radi kasesa. f) Sarawita: Swantenipun alit ngethak radi ngirung.8) Bathara Narada: Wongsal wangsul ngambah laras 3 (dhadha). Swantenipun meh kados tiyang pilek, mboten saged medal irung, liripun kados swanten tenggorokan. Swanten na, meh kados dha; me neh kados ba.9) Pandhita Durna: Swantenipun kumlenteng alit, cetha (wonten tenggak), kemaki, gemaib, amargi ngrumaosi menawi ing Praja Ngastina dipun pundhi-pundhi.10) Ringgit Gecul: Ingkang kalebet ringgit gecul, antawisipun: a) R. Dursasana : Swantenipun mbrabah, lega, saben ngendikan campur gumujeng, wekasan gumujeng latah. h) Patih Pragota : Swantenipun semu gumujeng glegak-glegek, swantenipun radi ampang. c) R. Burisrawa : Swantenipun lega semu gumujeng nanging tansah ngetingalaken raos sedhih, mboten nate ketingal gadhah raos suka. d) Braokan sanesipun : Kapendhet antawisipun Pragota lan Dursasana.11) Prabu Puntadewa: Swantenipun radi ampang, ngemu raos prihatin lan panarimah, larasipun nyrempet jangga utawi barang.12) Bathara Guru: Swantenipun meh sami kados Prabu Puntadewa, nanging radi langkung anteb13) Raden Bratasena: Swantenipun ageng, anteb, mendhet laras 5 ageng utawi 6 ageng. Tembungipun radi blekah- blekuh nanging patitis sarta mboten kekathahen pangandikan.14) Raden Gathutkaca: Swantenipun ageng, anteb, meh mirip kaliyan R. Bratasena.15) Raden Antareja: Swantenipun langkung alit tinimbang R. Gathutkaca meh mowot ing laras antawisipun 6 ageng lan 1. 25
  • cahmbanjar 16) Raden Anantasena: Swantenipun langkung alit malih katimbang swantenipun Raden Anantareja. 17) Raden Setyaki: Langkung ageng malih katimbang swantenipun Raden Anantareja, nanging langkung alit katimbang Raden Bratasena. 18) Raden Arjuna: Swantenipun arum, sareh, wijang, mowot antawisipun laras 6 ageng lan 1. 19) Resi Abiyasa: Swantenipun kados dene Prabu Puntadewa nanging tansah ngetingalaken kasepuhan. Tuladha-tuladha kasebat ing nginggil kados sampun cekap kangge ancer-ancer swantening ringgit. Menawi wonten ringgit kalih ingkang wandanipun sami, lan ukuranipun swanten kagalih sami, samangsa pocapan, prayogi ingkang langkung sepuh swantenipun kadamel langkung alit sawatawis. Upaminipun antawacananipun Bathara Bayu lan Raden Bratasena, swantenipun Bathara Bayu kedah langkung alit tinimbang Raden Bratasena. Dene swantenipun ringgit sanes-sanesipun prayogi dipun jumbuhaken kaliyan wanda lan wewatekanipun.5. Pangertosan-Pangertosana). Sabetan 1) Ingkang dipun wastani sabetan inggih punika lampah-lampahing ringgit tumrap solah-bawa, lumampah, kridhaning perangan lan sasaminipun. Dene sabetan punika kaperang dados 6, inggih punika: a) Cepengan b) Tanceban c) Bedholan d) Solah-bawa e) Sabetan perang f) Panyelehing ringgit 2) Cepengan Cepengan punika cara panyepenging ringgit satunggal-satunggalipun ingkang kedah miturut wanda lan golonganing ringgit. Dene cara panyepenging ringgit punika kaangkah murih nggampilaken tumindaking dhalang anggenipun angayahi kewajiban lan saged ngresepaken. 26
  • cahmbanjar 3) Tanceban Tanceban punika cara nancebaken ringgit. Dene panancebing ringgit sageda cetha lan ngresepaken manawi dipun pirsani saking ngajeng utawi wingking kelir, saha gampil manawi badhe kabedhol. 4) Bedholan Bedholan punika cara mbedhol ringgit. Dene pambedholing ringgit sageda katingal resik lan ngresepaken saha mboten mbibrahaken jejeran utawi adegan. 5) Solah-bawa Solah-bawa punika kridhaning ringgit ingkang katindakaken dening dhalang. Kadospundi menggah cara lan tumindakipun manawi badhe nyolah-bawaaken ringgit miturut wanda lan golonganipun utawi kabetahanipun upami lumampah, mbeksa, mabur, damel solah gecul lan sanes-sanesipun sageda ingkang wijang murih sae lan mranani. 6) Sabetan perang Sabetan perang punika kridhaning ringgit manawi wonten adegan peprangan. Kadospundi menggah cara lan tumindakipun manawi badhe molahaken ringgit wonten ing adegan paprangan sageda anggambaraken solahing tiyang ingkang pinuju pancakara, ulah kridhaning dedamel lan sanes-sanesipun. 7) Panyelehing ringgit Panyelehing ringgit punika cara nyelehaken ringgit wonten ing kothak utawi eblek. Manawi badhe nyelehaken ringgit kaangkaha murih saged tumata, mboten risak sarta gampil pamendhetipun manawi badhe kangge. Murih gamblangipun prayogi mirsani BAB VIII ing wingking.b. Janturan Ingkang dipun wastani janturan inggih punika ucap utawi kandhaning dhalang ingkang dipun sarengi ungeling gangsa salebeting sirepan.c. Cariyos Ingkang dipun wastani cariyos inggih punika, ucap utawi kandhaning dhalang ingkang tanpa dipun iringi gangsa saha miturut kabetahan.d Sulukan 1) Ingkang dipun wastani sulukan inggih punika, tembanging dhalang ingkang awujud: a) Kombangan b) Pathetan 27
  • cahmbanjar c) Sendhon d) Ada-ada e) Buka celuk 2) Kombangan: Ingkang dipun wastani kombangan inggih punika, tembangipun dhalang wonten salebeting gendhing. Ginanipun kangge sasmita telasing janturan utawi kangge sasmita manawi gendhing badhe ngelik lan ingkang perlu dipun kombangi. 3) Pathetan: Ingkang dipun wastani pathetan inggih punika, tembangipun dhalang ingkang dipun iringi gender, rebab, gambang, suling kenong lan gong. Dene ginanipun kangge mbabar swasana utawi raos sareh. 4) Sendhon: Ingkang dipun wastani Sendhon inggih punika, tembanging dhalang ingkang dipun iringi, gender, gambang, suling, kenong lan gong. Dene ginanipun kangge nyendhu raos, saking raos setunggal kasendhu kagentos raos sanesipun. Upaminipun saki raos gembira ndadak kasendhu raos sedhih sarana sendhon tlutur. 5) Ada-ada: Ingkang dipun wastani ada-ada punika tembanging dhalang ingkang dipun iringi gender, kempul, kenong, gong, binarung swantening dhodhogan/keprakan ngganter. Dene ginanipun kangge mbabar raos sereng, duka lan gembira. 6) Buka celuk: Ingkang dipun wastani buka celuk inggih punika tembanging dhalang, waranggana utawi wiraswara, pinangka cecala pambukaning gendhing saha lelagon dolanan.e. Tembang 1) Ingkang dipun wastani tembang inggih punika, reroncening tembang ingkang kawengku dening titilaran (notasi) saha ingkang kawengku dening pranatan ingkang sampun gumathok. Wondene tembang kaperang-perang kadosta: a) Tembang Gedhe b) Tembang Tengahan c) Tembang Macapat d) Tembang Dolanan 2) Tembang Gedhe 28
  • cahmbanjar Ingkang dipun wastani Tembang Gedhe inggih punika tembang ingkang kawengku dening lampah pedhotan. Ginanipun kangge bawa utawi kangge murwakani gendhing- gendhing. 3) Tembang Tengahan Ingkang dipun wastani Tembang-Tengahan inggih punika tembang ingkang mboten mawi lampah lan pedhotan. Ginanipun ugi kangge bawa utawi kangge murwakani gendhing-gendhing. 4) Tembang Macapat Ingkang dipun wastani Tembang Macapat inggih punika tembang ingkang kawengku dening guru lagu, guru wilangan lan wanda. Dene ginanipun kangge macapatan, uran-uran, palaran, nanging ugi asring kangge murwakani gendhing-gendhing utawi lagu-lagu dolanan. 5) Tembang Dolanan Ingkang dipun wastani Tembang Dolanan inggih punika tembang ingkang kawengku ing pathokan swara ("maatstrip"). Dene ginanipun kangge langen suka.f. Antawacana: Ingkang dipun wastani antawacana inggih punika pilah-pilahaning swantening ringgit satunggal lan satunggalipun.g. Dhodhogan lan Keprakan: 1) Ingkang dipun wastani dhodhogan lan keprakan inggih punika sasmitaning dhalang mawi cempala utawi keprak. 2) Ginanipun kangge: a) Nyasmitani ungeling gendhing b) Nyarengi beming kendhang ing pambukaning gendhing c) Mranata lampahing gendhing d) Singgetan utawi elet-elet gineming ringgit satunggal lan sanesipun carita e) mBukani utawi nyarengi sulukan f) Ngiringi jogeding ringgit g) mBabar raos sereng utawi mbabar raos menawi wonten wigati (Amrih cethanipun mriksananan BAB IX).h. Gendhing Baku Pakeliran: Gendhing baku pakeliran inggih punika, gendhing-gendhing ingkang sampun katetepaken utawi kapathok kangge ngiringi pakelirani. Gerong: 29
  • cahmbanjar Ingkang dipun wastani gerong inggih punika rerenggan lagu gendhing-gendhing Jawi ingkang katindakaken dening kakung utawi putri ingkang cacahipun langkung saking setunggal, ingkang kawengku dening irama, lan maatstrip saha manut kabetahanipun Dene ginanipun kangge amewahi regenging swasana.j. Sindhenan: Ingkang dipun wastani sindhenan inggih punika tembang pinangka rerenggan lagu gendhing-gendhing Jawi ingkang racakipun katindakaken satunggaling putri kanthi manut wewaton sarta kabetahan upaminipun: 1) Wanda; 2) Wangsalan.6. Simpingan ringgit lan pangrakiting panggung sarta gangsaa. Simpingan ringgit 1) Prakawis wigatos ingkang gegayutan kaliyan babagan pakeliran ingkang mboten saged dipun tilar, inggih punika simpingan saha pangrakiting ringgit. Ringgit sakothak dipun perang dados kalih perangan, inggih punika Ringgit Simpingan lan Ringgit Dhudhahan. Ringgit simpingan, inggih punika ringgit ingkang kedah dipun cawisaken wonten ing simpingan, liripun dipun tanceban wonten debog panggung miturut urut-urutanipun. Simpingan punika minangka pepajang utawi rerengganing panggung. Dhalang mboten kenging mendhet ringgit ingkang dipun simping. Dene ringgit dhudhahan inggih punika ringgit ingkang dipun cawisaken wonten nglebet kothak utawi wonten ing eblek, ingkang dipun tata wonten nginggil tutup kothak, dunungipun wonten sisih tengen dhalang. Manawi ringgit dipun ribig lan panyimpingipun sae, dipun pirsani temtu badhe angresepaken. Senadyan ringgit dereng wiwit (labet), mirsani simpinganipun kemawon sampun rumaos sengsem. Kosok wangsulipun manawi ringgitipun mboten ribig, inggih punika ringgit mbajujag sarta panyimpingipun kirang tumata, dipun pirsani katingal nguciwani. Ringgit ingkang badhe kagem kedah sampun dipun cawisaken, amrih nggampilaken dhalang anggenipun ringgit, dados mboten ketingal ribet. Prayoginipun debog paseban mboten kenging kangge nyimping, amargi manawi debog paseban kangge nyimping, badhe ketingal reged. 2) Simpingan kadamel kiwa tengen, dene ing tengah leres kasimping kayon. 3) Ringgit ingkang kasimping ing sisih tengen, inggih punika: 30
  • cahmbanjar(1) Prabu Tuhuwasesa(2) Raden Werkudara(3) Raden Bratasena (Bima nem)(4) Jagal Bilawa(5) Raden Gathutkaca(6) Raden Anantareja(7) Raden Anantasena(8) Prabu Sugriwa(9) Prabu Subali(10) Raden Anoman(11) Bathari Durga(12) Bathara Guru(13) Prabu Kresna(14) Prabu Harjunaeasrabahu(15) Prabu Ramawijaya(16) Prabu Pandhu (tropongan)(17) Prabu Parikesit (Dipayana)(18) Raden Palasara(19) Prabu Yudhisthira(20) Raden Harjuna(21) Raden Harjuna Sampir (srambahan)(22) Raden Suryaputra(23) Raden Pandhu (gelung)(24) Raden Regawa(25) Raden Dewaleksana(26) Raden Pemadi (sampir)(27) Raden Pemadi(28) Raden Sumantri(29) Patih Suwanda(30) Raden Sumitra(31) Raden Pancawala(32) Raden Angkawijaya(33) Raden Irawan(34) Raden Dewabrata(35) Raden Kresnadwipayana 31
  • cahmbanjar(36) Raden Wijanarka(37) Raden Nakula(38) Raden Sadewa(39) Dewi Jembawati(40) Dewi Sarpakenaka(41) Dewi Harimbi(42) Dewi Banowati(43) Dewi Kunthi(44) Dewi Hanggendari(45) Dewi Herawati(46) Dewi Banowati Nem (slendhangan)(47) Dewi Sumbadra(48) Dewi Rukmini(49) Dewi Setyaboma(50) Dewi Pregiwa(51) Dewi Surtikanthi(52) Dewi Jembawati (gelung ukel)(53) Dewi Srikandhi(54) Dewi Dursilawati(55) Dewi Siti Sendhari(56) Dewi Utari(57) Dewi Lesmanawati(58) Dewi Lara Ireng (Sumbadra nem)(59) Estren endhel lanyapan (kangge srambahan)(60) Estren endhel slendhangan (kangge srambahan)(61) Estren luruh (kangge srambahan)(62) Estren longok (kangge srambahan)(63) Dewi Rukmini nem(64) Dewi Setyaboma nem(65) Dewi Anjani(66) Dewi Mustakaweni(67) Bondhan Paksajandhu (Dewa Ruci)(68) Putren utawi Bayen Ringgit simpingan sisih tengen cacahipun antawis 68. 32
  • cahmbanjar Dene menawi rangkep-rangkep miturut wandaning ringgit, simpingan sisih tengen saged ngantos dados 93 ringgit.4) Ringgit ingkang kasimping sisih kiwa, inggih punika: (1) Buta Raton Kumbakarna (2) Prabu Niwatakawaca (3) Buta Raton Jamangan Garudha (Ratu Nem) (4) Raden Patih Prahastha (5) Prabu Tremboko (6) Raden Banjaranjali (7) Prabu Dasamuka (8) Prabu Bomantara (Boma Kuna sepuh) (9) Prabu Bomanarakasura (10) Raden Kangsadewa (11) Prabu Boma mawi Kethu (12) Prabu Jarasandha (13) Raden Indrajit (14) Raden Trikaya (15) Raden Kartapiyaga/Karta Wiyoga (16) Raden Trisirah (17) Raden Trinata (18) Raden Dewantaka (19) Raden Yaksadewa (20) Raden Narantaka (21) Prabu Duryudhana (22) Prabu Kurupati (23) Prabu Baladewa (24) Raden Kakrasana (25) Raden Kencakarupa (26) Raden Rupakenca (27) Raden Seta (28) Raden Ugrasena (29) Raden Utara (30) Raden Wratsangka (31) Raden Setyaki (32) Raden Sanga-sanga 33
  • cahmbanjar(33) Prabu Basukethi(34) Prabu Kunthiboja(35) Prabu Basudewa(36) Prabu Matswapati(37) Prabu Dhestarastra(38) Prabu Drupada(39) Prabu Salya(40) Prabu Bismaka(41) Prabu Setyajid(42) Prabu Radeya(43) Prabu Basukarna(44) Raden Yamawidura(45) Raden Durgandana(46) Raden Basudewa nem(47) Raden Sucitra(48) Raden Sabrang wok(49) Raden Dewasrani(50) Prabu Jungkungmardeya(51) Harya Kuntawibisana(52) Harya Prabu Rukma(53) Raden Rukmarata(54) Raden Drestajumna(55) Raden Rukmara(56) Raden Gunadewa(57) Raden Warsakusuma(58) Raden Narasoma(59) Raden Narayana(60) Raden Samba(61) Raden Partajumena(62) Raden Setyaka(63) Lanyapan srambahan(64) Raden Lesmana Mandrakumara(65) Raden Pinten(66) Raden Tangsen(67) Raden Bismawicara 34
  • cahmbanjar (68) Raden Wisanggeni/Wisageni (69) Raden Caranggana Ringgit simpingan kiwa cacahipun wonten 69 ringgit. Dene menawi rangkep-rangkep, miturut wandanipun, cacahipun ringgit wonten 80. 5) Sanesipun ringgit simpingan kasebat ing nginggil, winastan ringgit dhudhahan, ingkang anggenipun nyawisaken wonten ing salebetipun kothak, wonten ugi ingkang wonten ing eblek, katumpangaken ing tutup kothak, mapanipun ing sisih tengenipun dhalang. Ringgit dhudhahan anggenipun nyawisaken ugi wonten uruturutanipun, inggih punika dipun pantha-pantha miturut kabetahan (ringgit ingkang badhe kagem) saengga nggampilaken anggenipun madosi. Rehning ringgit ingkang dipun simping punika wau kathah, inggih punika menawi rangkep-rangkep ngantos meh 175 ringgit, pramila debog ingkang kangge nyimping kedah dipun sambung, supados saged cekap. Supados dhalang mboten repot anggenipun nyawisaken ringgit, langkung prayogi menawi dipun biyantu panyimping. Dene panyimping punika wau anggadhahi kuwajiban nyawisaken ringgit ingkang badhe kagem wonten ing pakeliran, pramila kedah mangertosi lampahan lan nami-namining ringgit. Panyimping wau sakedhikipun wonten kalih, kiwa lan tengen dhalang. Kanthi makaten dhalang badhe sekeca pangringgitipun. Debog ingkang sae kangge nyimping antawisipun debog pisang kluthuk utawi pisang kapok, amargi debog pisang kalawau mboten gampil pecah lan wulet sarta sekeca kangge nancebaken ringgit/cempurit.b. Pangrakiting panggung sarta gangsa Ingkang nama panggungan inggih punika papan kangge ngrakit gelaring pakeliran. Amrih panggungan saged sekeca kangge pakeliran, jembaripun: 1) Menawi gangsanipun Slendro antawis 5 X 8 meter; 2) Menawi gangsanipun Slendro lan Pelog antawis 7 X 9 meter. Kanthi panggung ukuran samanten, kejawi saged sekeca kangge ngecakaken pakeliran, swantening gangsa ugi badhe kapireng kempal mboten ngebyah. Panggung kedah dipun tata samurwatipun, saengga kajawi sakeca kangge nindakaken pakeliran ugi saged ketingal ngresepaken. Dene bab pranataning gangsa, prayogi mriksanana Gambar ingkang kasebat wonten ing kaca … 35
  • cahmbanjar7. Sarasilahing ringgita. Saderengipun ambabaraken sarasilah ringgit purwa, kaparenga langkung rumiyin angaturi pepenget, bilih para dhalang prayoginipun ngertos dhateng sarasilahing ringgit purwa, awit satunggal satunggaling lampahan, wonten gegayutanipun kaliyan lampah sanesipun. Kadosta: Lampahan Jambakan (pejahipun Dursasana) gandheng kaliyan lampahan Pandhawa Gubah tuwin Pandhawa Dhadhu. Dewi Kunthi prasetya: "Pati-pati ngagem rasukan, yen dereng ngagem rasukan kulitipun Harya Sengkuni". Dewi Durpadi: "Pati-pati ngagem ukel, yen dereng jamas rahipun Raden Dursasana". Dene lampahan Danumaya gandheng kaliyan Lampahan Mintaraga tuwin Lampahan Mustakaweni. Prabu Danumaya ngudi tuwuh sedanipun Prabu Niwatakawaca (ingkang eyang) tuwin Prabu Bimaloka (ingkang rama) dhateng Raden Arjuna. Lampahan Jabelan, gegayutan kaliyan lampahan Obong-obongan Bale Sigalagala, inggih punika prasetyanipun Resi Janadi (Resi Ijrapa), Bambang Sagotra tuwin Bambang Rawan (Putranipun Resi Janadi) rehning sampun kapotangan kasaenan ingkang tanpa upami dhateng Raden Werkudara minangka sarana ungguling yudanipun Pandhawa. Taksih kathah malih. Upami lampahan ringgit purwa mboten adhedhasar sarasilah, saben lampahan lajeng cuthel, kados dongeng limrah.b. Nabi Adam lan Dewi Kawa 1) Dene urut-urutanipun sarasilah kados ing ngandhap punika: Nabi Adam + Dewi Kawa Putra dhampit pinten Nabi Sis + Dewi Mulat pinten jodho Sayid Anwas Sayid Anwar Nurunaken para manungsa (Sahyang Nurcahya) tuwin manungsa winahyu Nabi Nurunaken para dewa tuwin para ratu 2) Kacariyos Nabi Adam kaliyan Dewi Kawa kagungan putra kathah sanget, saben babaran temtu dhampit (sawetengan kalih, jaler kaliyan estri). Babaran kapisan ingkang jaler sae, dene ingkang estri ayu. Babaran ingkang kaping kalih, jaler-estri awon sadaya. Makaten saterusipun, selang seling. Sareng sampun diwasa, karsanipun Nabi Adam, putra jaler ingkang awon dipun jodhokaken kaliyan ingkang ayu. Putra jaler ingkang sae kajodhokaken kaliyan ingkang awon (mboten ayu). Kersanipun Dewi Kawa kosok wangsulipun. Ingkang sae kedah kaliyan ingkang ayu, ingkang awon kedah kaliyan ingkang awon. Rehning sami dene kencengipun, Nabi Adam damel pasang giri: 36
  • cahmbanjar Kamanipun Nabi Adam lan kamanipun Dewi Kawa dipun wadhahi cupu piyambak- piyambak, lajeng sami manungku puja, nyuwun pangadilan, sinten ingkang kamanipun dados bayi, punika ingkang kedah dipun etut, martandhani karsanipun leres, saya kaidenan dening Ingkang Murbeng Dumados. Sareng pikantuk wangsit saking Ingkang Murbeng Gesang, lajeng sami wudhar anggenipun semedi, wasana kedadosanipun: Kamanipun Nabi Adam dados bayi priya, dene kamanipun Dewi Kawa dados rah. Bayi jaler kaparingan Wahyu Nabi, sarta kaparingan tetenger: Sis. Saking karsanipun Ingkang Murbeng Gesang pinaringan Wahyu Nabi. Mila sinebut: Nabi Sis. Putranipun Nabi Adam ingkang mursal anggenipun jejodhoan (mboten miturut kersanipun ingkang rama) lajeng oncat dhateng Nagari Cina, sami manembah brahala. Wonten malih ingkang nama Kabil, rebatan bojo ayu kaliyan sadherekipun ingkang nami Habil, ngantos kelampahan Sang Habil dipun pejahi dening Sang Kabil. Wekasan Sang Kabil pikantuk benduning Ingkang Murbeng Dumados, kejepit ing siti, ambles lumebet ing naraka.3) Nabi Sis Nabi Sis rehning mboten lahir dhampit, kaparingan jodho widadari, ingkang nami Dewi Mulat. Peputra kalih, inggih punika Sayid Anwas lan Sayid Anwar.4) Sayid Anwas Tedhak turunipun Sayid Anwas wonten ingkang sinung wahyu Nabi tuwin Ratu, kadosta Nabi Idris, Nabi Nuh, Nabi Ibrahim, Nabi Ismangil, Sultan Kinan, Sultan Barat, Sultan Muta Wasal lan sanes-sanesipun.5) Sayid Anwar Sayid Anwar remen tapa brata. Gegayuhanipun luhur sanget kapengin dados jalma ingkang pinunjul sadonya, sampun ngantos wonten ingkang ngungkuli kasektenipun. Sasedyanipun kedah kasembadan. Jinurung saha winongwong ing Hyang Widhi. Kapengin tan kenging pejah. Nunten linggar saking prajanipun. Iblis Ijajil mboten kasamaran, Sayid Anwar tansah jinangkung. Nalika lampahipun Sayid Anwar dumugi ing pinggir benawi Nil, Iblis Ijajil kanthi ngaken ingkang murbeng jagad nyewanten, Sayid Anwar kapurih terus ngantos dumudi in tukipun benawi Nil. Sayid Anwar mituhu. Sareng dumugi ing tukipun benawi Nil, Iblis Ijajil nyuwanten malih, "Anwar Delengen ing pucuke gunung iku, nuli munggaha. Yen wis teka ing pucuk, cahya kang gumilang, gumantung tanpa canthelan ana ing sandhuwure pucuk gunung itu lebonana!" 37
  • cahmbanjar Sayid Anwar sumerep cahya gumilang mancorong pindha rembulan purnamagumantung tanpa canthelan, sakalangkung anggenipun kasengsem, lajeng enggal minggahdhateng pucuking redi, terus lumebet ing salebeting cahya wau. Sayid Anwar sakalangkung eram, dene sadaya sarwi abra marakata, cahyanipunangenguwung. Iblis Ijajil wicanten, "Anwar Satuhune ingsun Kang Murbeng jagad. Ya ikikang jeneng Retnadumilah, yaitu kadhatoningsun. Sapa kang manggon ing kene yekti tankena ing pati. Retnadumilah gambaring swarga. Sabanjure bakal sun gelar ana ing pucukeardi Tengguru ing naga Benggala. Saiki terusna lakunira mangetan, yen wis tekan tlatahnagara Dewani, sira tapaa ana ing sajroning guwa kang ana satengahing alas. Ing tembe sirabakal jumeneng ratu ing kono satedhak turunira kang mituhu marang sira sarta ngidhepmarang ingsun, sawise tutug uripe ing marcapada, banjur unggahna kaswargan". Midhanget pitedahipun Iblis Ijajil makaten wau, Sayid Anwar rumaos awrat nilarkaswargan. Nanging ajrih yen ta mboten mituhu. Nunten medal saking kaswargan, sahatumurun saking pucaking redi, terus mangetan. Sareng sampun dumugi nagari Dewani,mlebet ing wana, madosi guwa kangge patapan. Enggaling cariyos, guwa sampunpinanggih, prayogi sanget kangge mara tapa. Kacariyos ingkang jumeneng ratu ing nagari Dewani jejuluk Prabu Nurradi tedhakturuning Jin. Putranipun ontang-anting putri, kekasih Dewi Nurrini, sakalangkung endah ingwarni. Anuju satunggiling dalu, nyupena kedhatengan kaki-kaki, wangsit bilih calonjodhonipun, satriya linangkung, asmanipun Sayid Anwar, samangke sampun wonten ingsalebeting guwa ingkang wonten satengahing wana ing nagari Dewani. Punika putranipunNabi Sis. Benjing saged peputra kakung satunggal, salajengipun badhe nurunaken para ratuing Benggala tuwin tanah Jawi. Dumugi samanten Sang putri wungu, enggal-enggal ngaturipriksa dhateng Sang Prabu. Ingkang rama nunten nimbali Rekyana Patih Amir, kadhawuhanngupados supenanipun ingkang putra Dyah Nurrini. Kyai Patih mundur, lajeng mesat ing gegana, wasana priksa teja manther wonten ingmadyaning wana. Enggal dipun purugi, pinanggih wedaling teja saking salebeting guwa.Sareng dipun lebeti, katingal wonten satriya lenggah sidhakep asuku tunggal, kalimputaning cahya sumunar. Kanthi manuara, Rekyana Patih lenggah ing ngarsanipun Sayid Anwar, aturipun, "Dhuhdhuh Raden, kaparenga anila krami, sinten ingkang sinambat ing wangi, pinangka sakingpraja pundi, teka kepati ambangun teki wonten ing salebeting gutraka ngriki". Sayid Anwar gya wudhar gennya semadi, wangsulanipun: "Nama kula Sayid Anwar,putranipun Kangjeng Rama Nabi Sis ing nagari Mekah. Wangsul andika sinten, saha wontenkarsa kadya pundi dene karaya-raya rawuh mriki?" 38
  • cahmbanjar Patih: "Kawuningana, kula Warangka Nata ing praja Dewani ngriki, inggih Rekyana Patih Amir. Mundhi dhawuhipun gusti Prabu Nurradi, andika katimbalan sageda sareng salampah kula". Sayid Anwar: "Kula namung ndherek ing karsa, sumangga!" Rekyana Patih saha Sayid Anwar runtung-runtung medal saking guwa sowan Sang Prabu Nurradi. Cekaking cariyos, sareng sampun seba ing ngarsanipun Sang Prabu, Dyah Nurrini kadangu punapa leres ingkang dados panuwunipun. Dewi Nurrini matur sampun leres. Sayid Anwar kataros badhe kadhaupaken kaliyan Dewi Nurrini, datan lenggana. Lebar mikramakaken ingkang putra, lenggana sawatawis laminipun Sang Prabu seleh kaprabon lumengser dhateng ingkang putra mantu: Sayid Anwar jejuluk Prabu Nurcahya.c. Para Dewa (wiwit Hyang Nurcahya) Sayid Anwar (Hyang Nuracahya Dewi Nurrini Hyang NurrasaHyang Darmajaka Hyang Wenang1. Dewi Dremani Hyang Tunggal + Dewi Rekathawati2. Dremana;3. Triyata;4. Caturkaneka; 1. Antaga, Togog; 2. Ismaya (Semar); 3. Manikmaya (Bathara Guru);Narada (Resi Kanekaputra) 4. Darmastuti; 5. Dewanjali; 6. Lodra 1) Hyang Nurcahya Hyang Nurcahya (Sayid Anwar) kaliyan Dewi Nurrini peputra kakung satunggal asma Hyang Nurrasa. 2) Hyang Nurrasa Hyang Nurrasa krama putra putrinipun Prabu Rawangin Ratu ing Pulo Dewata, kekasih Dewi Rawati. Wekasan jumeneng ratu wonten ing Nagari Pulo Dewata, anggentosi ingkang rama mara sepuh, jejuluk Prabu Nurrasa (Hyang Nurrasa). Peputra kalih, inggih punika: Hyang Darmajaka lan Sanghyang Wenang. 3) Hyang Darmajaka Garwanipun Hyang Darmajaka mboten nate kacariyos Peputra sekawan, inggih punika: a) Dewi Dremani, kagarwa Hyang Tunggal 39
  • cahmbanjar b) Hyang Dremana c) Hyang Triyata d) Hyang Caturkaneka (Peputra: Hyang Kanekaputra);4) Hyang Wenang (Hyang Utipati utawi Hyang Suksmakawekas) Hyang Wenang nyipta kahyangan Suralaya wonten ing sanginggiling mega ing laladan nagari Keling. Ratu nagari Keling, asmanipun Prabu Ari. Prameswarinipun asma Dewi Wisawati, kagungan putra putri satunggal, nama Dewi Saoti. Sang Prabu mboten rena sanget ngantos kongkulan kahyanganipun Sanghyang Wenang, lajeng nglurug dhateng kahyangan Suralaya, kawon. Dewi Saoti tumunten kadhaupaken kaliyan Hyang Wenang. Peputra satunggal, asma: Hyang Tunggal.5) Hyang Tunggal Hyang Tunggal maratapa wonten ing dhasaring saganten. Ratuning samodra jejuluk Prabu Rekathatama, kagungan putra putri asma Dewi Rekathawati, kagarwa Hyang Tunggal. Sareng peputra lair wujud antiga (endhog), mumbul ing awiyat, dipun tututi dening Hyang Tunggal, mboten kecandhak. Hyang Wenang kaleres saweg lelana wonten ing awiyat sanginggilipun Jawadwipa (Pulo Jawi), priksa barang ingkang gumebyar cumlorot ngener dhateng saliranipun, sareng dipun saut, jebul antiga. Lajeng dipun banting, dados lare jaler tetiga: a) Cangkoking tigan dados Hyang Antaga, inggih Togog, Wijamantri utawi Wijanamantri; b) Pethaking tigan dados Hyang Ismaya, Bathara Maya, inggih Semar; c) Jenenipun tigan dados Hyang Manikmaya, inggih Bathara Guru; Hyang Tunggal sareng marak ing ngarsanipun Hyang Wenang, dipun ngandikani bilih lare tetiga punika putranipun, kedaadosan saking antiga ingkang mumbul ing antariksa. Hyang Tunggal sakalangkung suka ing wardaya, sarta ngandika dhateng ingkang putra tetiga, bilih salah satunggal ing tembe badhe ngratoni Suralaya, (Sura = Dewa. Laya = panggenan) tuwin nurunaken para ratu ing Marcapada. Mireng pangandikanipun Hyang Tunggal makaten punika, Antaga lan Ismaya sami rebat sepuh saha rebat panguwaos, lajeng sami damel sayembara: sinten ingkang kuwawi nguntal redi sarta saged nglepehaken malih, punika ingkang wenang ngratoni Suralaya sarta nurunaken para ratu ing Marcapada. Sakawit Wijamantri, mripatipun ngantos mendelik-mendelik, cangkemipun ngantos suwek, ewa dene meksa mboten saged nguntal redi wau. Gentos Ismaya, saged nguntal, mboten saged nglepeh, awit redinipun kendel wonten ing bokong. 40
  • cahmbanjar Inggih margi makaten punika, mripatipun Togog mendolo, cangkemipun wiyar, Semar bokongipun ageng. Sareng Manikmaya, saged nguntal sarta nglepehaken. Hyang Tunggal ngandika, bilih ingkang kepareng ngratoni Suralaya sarta nurunaken para ratu ing Marcapada punika Manikmaya. Dene Ismaya kadhawuhan ngratoni jagad sonyaruri. Mila sadaya jim, setan peri, prayangan, gendruwo, siluman sapanunggilipun, sami ajrih dateng Semar. Togog kadhawuhan momong para ambek angkara murka, tansah asunga pepenget dhateng momonganipun. Dene Ismaya (Semar), samangsa sampun tumurun ing Marcapada, kadhawuhan momong turasing Manikmaya ingkang sami ambek utami, luhur ing budi. Putranipun Hyang Tunggal patutan kaliyan Dewi Dremani, tiga, inggih punika: 1.Hyang Darmastuti, 2. Hyang Dewanjali lan 3. Hyang Lodra. 6) Hyang Manikmaya Hyang Manikmaya kepareng nunggak semi asmanipun ingkang rama tuwin ingkang eyang, mung asma Hyang Wenang mboten kepareng tinunggak semi. Jejulukipun kathah sanget, kadosta Hyang Girinata, Jagadnata, Jagadpratingkah, Bathara Guru, Siwahbuja, Nilakantha, Kalawisesa lan sanes-sanesipun. Hyang Manikmaya ngratoni Suralaya, nguwaosi Retnadumilah (kaswargan), dumunung wonten ing sanginggilipun ardi Tengguru (Himalaya) ing nagari Benggala. Kedhatonipun nama Jonggringsalaka, yen siniwaka wonten ing bale Martyukundha (Bale Marakata). Garwanipun asma Dewi Uma. Saderengipun kagarwa Hyang Manikmaya, namanipun Umayi, salah kedadosan, dhadha sapanginggil taksih wetah kados suwau, dhadha sapangandhap arupi ulam tambra ageng, sliweran nglangi wonten ing tlaga. Tetiyang ing tlatah ngriku sami manembah dhateng sang Umayi ingkang salah kedadosan wau. Hyang Manikmaya rawuh ing papan ngriku. Tiyang-tiyang dipun serep-serepaken menggah kelintuning panembahipun. Sakawit tiyang-tiyang sami puguh, mboten ndherek. Sareng kaprabawan ing kemayanipun Hyang Guru, nembe sami asrah bongkokan. Karsanipun Hyang Manikmaya, sang Umayi sinidhikara, mboten dangu wangsul kados wingi uni sederengipun salah kedadosan, mandar langkung endah ing warni. Lajeng kapundhut garwa, santun asma: Dewi Uma, ndherek makahyangan wonten ing Suralaya. Wiwit kala samanten tiyangtiyang sami manembah dhateng Hyang Manikmaya.d. Sarasilah wiwit Hyang Tunggal dalah putra wayah. 41
  • cahmbanjar Dewi Dremani + Hyang Tunggal + Dewi Rekathawati   Darmastuti; Hyang Antaga Hyang Ismaya Hyang ManikmayaDewanjali;Lodra Widadari Dewi Kanastren 1. Hyang Patuk 2. Hyang Temboro 1. Bathara Sambo 3. Hyang Kuwera 2. Bathara Brama 4. Hyang Mahyati 3. Bathara Endra 5. Hyang Siwah 4. Bathara Bayu 6. Hyang Surya 5. Bathara Wisnu 7. Hyang Candra 6. Bathara Ganesya 8. Hyang Yamadipati 7. Bathara Kala. 9. Hyang Kamajaya 10. Hyang Darmanastiti. 1) Hyang Patuk lan Hyang Temboro Hyang Patuk lan Hyang Temboro, kalih-kalihipun gandhek ing Suralaya, pakaryanipun ngemban dhawuh-dhawuh saking Hyang Girinata dhateng para Dewa. 2) Hyang Kuwera Hyang Kuwera punika dewaning kasugihan, paring sandhang lan tedha dhateng para titah ing Marcapada. 3) Hyang Surya Hyang Surya punika dewaning surya. Sarwi titi, nastiti, ngatos-atos, mboten grusa- grusu, sareh nanging pakoleh. Kahyanganipun Hyang Surya wonten Ekacakra. Garwanipun kalih, inggih punika Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Putranipun ingkang asring kocap wonten ing paringgitan inggih punika Hyang Rawiatmaja. Wonten malih ingkang miyos saking Dewi Kunthitalibrangta, lair mboten medal ing margaina, inggih punika Raden Suryaatmaja. 4) Hyang Candra Hyang Candra punika dewaning rembulan, utawi dewaning sengsem. Remen adamel senenging sagung dumados, pangawak merakati, sumeh amanis, saged nuju prana. 5) Hyang Yamadipati Hyang Yamadipati punika dewaning naraka, watakipun tegelan, matrapi paukuman dhateng titah ingkang tumindak nasar, sarana kacemplungaken ing naraka. Kahyanganipun wonten ing Argadumilah. Garwanipun asma Dewi Mumpuni. 6) Hyang Kamajaya Hyang Kamajaya punika dewaning kasaenan (rupi sae). Garwanipun Dewi Ratih utawi Kama Ratih, dewaning ayu. Lacuting pangucap: kasaenan ing Suralaya miwah Marcapada 42
  • cahmbanjar sadaya, ingkang sapalih dumunung wonten ing Bathara Kamajaya lan Raden Janaka. Ingkang sapalih dipun edum para Dewa sa Suralaya tuwin tiyang jaler sajagat. Makaten ugi ayu sa-Suralaya tuwin sajagat, ingkang saparasekawan dipun enggeni Dewi Ratih, Dewi Sumbadra, ugi saparasekawan, ingkang sapalih dipun edum para widadari ing Suralaya tuwin para wanita sajagat. Kahyanganipun wonten ing Cakrakembang. Hyang Kamajaya tuwin Dewi Ratih sanget tresnanipun dhateng Raden Janaka tuwin Dewi Sumbadra. Mila tansah rumeksa kawilujenganipun Raden Janaka miwah Dyah Wara Sumbadra.7) Hyang Brama Hyang Brama punika dewaning latu. Watakipun galak, wentalan dhateng mengsah. Kahyanganipun wonten ing Duksina. Hyang Brama punika senapatining prajurit Dorandara (wadya bala Suralaya). Papan methukaken mengsah saking Marcapada wonten ing Repatkepanasan. Putranipun Hyang Brama ingkang asma Bambang Bremani dhaup kaliyan putra putrinipun Hyang Wisnu ingkang asma Dewi Srihunon. Peputra Bambang Parikenan, inggih punika ingkang nurunaken Pandhawa lan Kurawa. Sasampunipun peputra Bambang Parikenan, Dewi Srihunon kapirak, kaaturaken dhateng ingkang raka ingkang asma Bambang Bremana. Wonten malih putra putrinipun Hyang Brama ingkang asma Dewi Bremanisati, kagarwa Sang Bramanaraja, ingkang nurunaken para ratu ing Ngalengkadiraja.8) Bathara Endra Bathara Endra punika dewaning para widadari, watakipun berbudi, seneng paring nugraha dhateng titah ing Marcapada ingkang labet utami. Kahyanganipun wonten ing Kaendran, Endraloka, Tejamaya utawi Tinjomaya. Garwanipun asma Dewi Wiyati. Kagungan putra putri kalih inggih punika, Dewi Tara, (kaparingaken dhateng Resi Subali) lan Dewi Tari (kapangingaken dhateng Prabu Dasamuka). Dewi Tara pawingkingipun dados garwanipun Prabu Sugriwa.9) Bathara Bayu Bathara Bayu punika dewaning angin. Remen nastitekaken watak tuwin pandamelipun titah ing Marcapada. Peputra Bathara Sumarma, ingkang nurunaken para ratu ing Cempala tuwin para pandhita ing Atasangin. Kagungan putra angkat kalih, inggih punika Resi Anoman lan Raden Werkudara. Mila kalih kalihipun peparab Bayusuta, sami dene saged angreh angin, mila nami dene ngagem dodot poleng bintulu tuwin kuku pancanaka. 43
  • cahmbanjar Siswanipun Bathara Bayu kajawi Anoman kaliyan Werkudara, wonten malih, inggih punika Wil Jajahwreka, Bagawan Maenaka, Liman Satubanda, Naga Kurawa lan Garudha Mahambira. Kahyanganipun Bathara Bayu wonten ing Gendhingpitun.10) Bathara Wisnu Bathara Wisnu punika dewanipun kasekten. Remen memayu ayuning bawana. Mila asring nitis dhateng titah ing Marcapada minangka lantaran anggenipun nyirnakaken para ambek angkara murka gelah-gelahing bumi. Kacariyos titisipun Bathara Wisnu ingkang wekasan inggih punika Prabu Jayabaya, Ratu ing Mamenang (Kediri). Nate wadhag kaliyan alusipun nitis piyambak-piyambak Alusipun nitis dhateng Raden Arjuna (Permadi), wadhagipun nitis dateng Raden Narayana. Makaten ugi garwanipun ingkang asma Bathari Sri. Alusipun nitis dhateng Dewi Wara Sumbadra wadhagipun nitis dhateng Dewi Jembawati.11) Gajah Sena Gajah Sena punika putranipun Bathara Guru, ingkang saged mecah bungkusipun Raden Bratasena, sasampunipun glundhang-glundhung wonten ing samadyaning wana ngantos 8 tahun, malah sampun kasusulan kadangipun taruna Raden Premadi.12) Hyang Ganesya (Hyang Gana) Hyang Ganesya utawi Hyang Gana punika dewaning kawruh utawi kawicaksanan.13) Bathara Kala Bathara Kala punika kedadosan saking kama salah (Kama ingkang mboten katampen ing baga). Inggih punika kamanipun Bathara Guru nalika ambujeng Dewi Tenana ingkang saweg tapa ngrumbang wonten ing Tlaga Madirda, sarira nglegena. Satemah Bathara Guru kenyut. Derenging karsa arsa mangrurah asmara mring Dewi Tenana, satemah korut kamanipun, kedadosan latu mangalad-alad sundhul ing ngawiyat tan kenging sinirep. Wekasan dados lare anama Bambang Kumali. Pawingkingipun dados danawa geng kalawung-lawung, inggih punika Bathara Kala.14) Para dewa sanes-sanesipun a) Bathara Panyarikan Bathara Panyarikan punika juru serat ing Suralaya. b) Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata Bathara Cingkarabala kaliyan Bathara Balaupata padamelanipun jagi kori Selamatangkeb (Sikandhawaru). Manawi wonten titah Marcapada badhe malebet ing Kahyangan Suralaya tanpa idinipun Hyang Pramesti Guru, lajeng kawangsulaken dening dewa kekalih punika. 44
  • cahmbanjar c) Hyang Baruna Hyang Baruna punika dewaning Samudra (dewaning toya). Watakipun tegelan dhateng sok sintena ingkang atindak dur. Mila tansah ngasta sanjata Nagapasa kangge nalikung para titah Marcapada ingkang tumindak slingkuh utawi culika. d) Hyang Anantaboga Hyang Anantaboga (saleresipun sanes: Hyang Antaboga) punika dewa ingkang anyanggi bumi. Inggih dewaning sawer. Pepindhanipun oyoding wit utawi tanem tuwuh ingkang tansah anggesangi tanem tuwuh ingkang dados tedhaning titah Marcapada. Garwanipun asma Dewi Supreti (Dewi Suparti), peputra Dewi Nagagini kaliyan Bambang Nagatatmala. Dewi Nagagini kagarwa Raden Werkudara, peputra Raden Anantareja (Satriya ing Jangkarbumi). Ugi asma Raden Danupratala. e) Hyang Mahyati, Hyang Siwah lan Hyang Darmanastiti. Hyang Mahyati, Hyang Siwah lan Hyang Darmanastiti mboten kocap lampahanipun. Hyang Ismaya  Bathara Surya  Hyang Rawiatmaja  Hyang Karaba  Hyang Dewangkara  Hyang Dewanggana    Resi Dewasana Resi Dewatama     Resi Gotama Prabu Heriya Resi Wisageni      Dewi Anjani Resi Subradra Prabu Sugriwa Prabu Kartawirya    Anoman AnggadaPrabu Arjuna Sasrabahu  Trigangga    Resi Suwandageni Resi Jamadagni    Sumantri Sukasranae. Sarasilah Maespati (Wiwit Hyang Ismaya lan saterusipun). 1) Prabu Heriya 45
  • cahmbanjar Ratu nagari Maespati kapisan inggih punika Prabu Heriya ginentosan Prabu Kartawirya. Ingkang wekasan, Prabu Arjunasasrabau, sasampunipun maratapa wonten ing guwa Ringin putih. Salebetipun maratapa, Yaksamuka utusanipun Prabu Dasamuka ngupados sirah pandhita cacahipun sewu (1000), kangge minangkani pepanggilipun Dewi Citranglangeni putri ing Tunjungpura, saweg miber amargi dipun oyak-oyak dening Bambang Kartanadi, dumugi sanginggilipun guwa Ringinputih, dhawah kantaka. Sang Arjunasasrabau miyos. Yaksamuka dipun usada waluya jati. Bambang Kartanadi dhateng, nyuwun Yaksamuka: mboten kaparingaken, dados pancakara. Bambang Kartanadi kasoran, nungkul, lajeng suwita dhateng Sang Arjunasasrabau Sang Arjunasasrabau tindak dhateng Tunjungpura bade nglamar Dewi Citranglangeni, kadherekaken dening Yaksamuka tuwin Bambang Kartanadi. Wonten ing Tunjungpura Yaksamu ka dipun perung kupingipun dening Bambang Kartanadi kapurih wangsul dhateng Ngalengkadiraja. Dumugi ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, dipun pejahi pisan dening Prabu Dasamuka. Dewi Citranglangeni kagarwa Sang Arjunasasrabau, kaboyong dhateng Maespati, terus jumeneng nata nggentosi ingkang rama Prabu Kartawirya. Prabu Arjunasasrabau titisipun Hyang Wisnu Kacariyos garwanipun ampilan : dhomas (800).2) Resi Wisageni Resi Wisageni peputra Resi Suwandageni kaliyan Resi Jamadagni (Resi Ramabargawa).3) Resi Jamadagni Gentur tapanipun, tur wandat (mboten nggarwa). Pratapanipun wonten ing Sambiharja. Yuswanipun panjang sanget, ngantos rumaos bosen gesang wonten ing Marcapada. Nalika lelana namung ngasta jemparing Bargawastra. Prabu Arjunasasrabau seda nalika tandhing kaliyan Resi Rama Bargawa, amargi kejeplakan gandhewaning Bargawastra. Pawingkingipun Resi Rama Bargawa seda dening Prabu Ramawijaya, titisipun Prabu Arjunasasrabau inggih titising Hyang Wisnu. Sukmanipun Resi Rama Bargawa dados Dewa, asma Hyang Ramaparasu utawi Hyang Parasurama.4) Resi Suwandageni Padhepokanipun wonten ing Ardisekar. Gentur tapanipun, Peputra kalih inggih punika Raden Sumantri (Patih Suwanda) lan Raden Sukasrana.5. Resi Gotama 46
  • cahmbanjar Padhepokanipun wonten ing wukir Sukendra utawi ing Grastina. Garwanipun widadari, asmanipun Dewi Windradi. Peputra tiga inggih punika Dewi Anjani, Raden Subali lan Raden Sugriwa. Dewi Anjani sakalangkung sulistiya ing warni. Raden Subali lan Raden Sugriwa sami sae-sae rupinipun (Dereng awarni wanara). Dewi Windradi salah kedadosan dados tugu kenging sabdanipun Resi Gotama. Luwaripun wonten ing lampahan pejahipun Patih Prahastha, kangge ngantem sirahipun Patih Prahastha dening Anggada nalika perang ageng Ngalengkadiraja. Dewi Anjani salah kedadosan arai wanara, amargi suryan (raup) toyanipun tlaga Madirda ingkang kecemplungan cupu Manik Asthagina. Raden Subali lan Sugriwa sami salah kedadosan asarira wanara, amargi sami nggebyur ing tlaga Madirda, rebatan cupu Manik Asthagina. Supados saged ruwat sipatipun wanara, Resi Gotama dhawuh: Raden Subali lan Sugriwa supados maratapa wonten ing wukir Sunyapringga. Dewi Anjani kadhawuhan tapa nyanthuka wonten ing sapinggiring tlaga Madirda. Kocapa Dewi Anjani sareng sampun lami anggenipun mara tapa, nuwuhaken gara-gara Bathara Guru tumedhak, mirsani Sang Dyah ingkang tapa nyanthuka sarwi nglegena, lajeng korut kamanipun, turnetes ing ron kamal, gya pinethik punang ron wau, binucal ing pangkonipun Sang Dyah. Sareng kadhahar dening Dewi Anjani, sanalika Sang Dyah lajeng nggarbini Titimangsanipun mbabar, mawi prabawa sindhung riwut bayu bajra, arupi wanara seta, sinung asma Anoman (Kapiwara Bayusuta, Senggana). Asma ingkang sakawit Senggana. Sareng sampun saged mejahi danawa seta sekawan ingkang njagi taman Argasuka ing Ngalengkadiraja, namaning danawa seta sekawan dipun agem sadaya, inggih punika: Anoman, Ramadayapati, Prabancana lan Pracandhaseta. 6) Bagawan Anoman (Bagawan Kapiwara) Padhepokanipun wonten ing Kendhalisada. Garwanipun asma Dewi Urangayu, peputra Raden Trigangga. Bagawan Kapiwara lair saderengipun wonten Pandhawa. Yuswanipun panjang sanget, ngantos menangi turunipun Prabu Parikesit ingkang asma Prabu Astradarma, Nata ing Ngastina Sedanipun rikala mengsah Prabu Yaksadewa, malihanipun Bathara Kala, kinepruk mawi bindhi trialihanipun Bathara Brama.f. Dewi Pujawati (Dewi Setyawati) (Tedhak trah Hyang Ismaya). 47
  • cahmbanjar Hyang Ismaya  Hyang Wrahaspati  Hyang Godadarma  Hyang Darmaniskara  Hyang Sandiniskara  Hyang Yukawama  Bagawan Anggaskara  Bagawan Nagapasa  Bagawan Bagaspati  Dewi Pujawati + Kagarwa Raden Narasoma (Trah Hyang Brama/Hyang Wisnu).      Dewi Erawati Desi Surtikanti Dewi Ba-uwati Raden Burisrawa Raden Rukmarata Bagawan Bagaspati punika pandhita asipat danawa. Pratapanipun wonten ing Argabelah utawi Giri Purna. Senajan makaten, nanging pandhita linangkung, aludira seta. Dados tanda yektos sucining panggalihipun. Putranipun namung satunggal, putri akekasih Dewi Pujawati. Kagarwa dening Raden Narasoma. Sang Bagawan ngertos bilih ingang putra mantu rumaos lingsem kagungan marasepuh asipat ranseksa, mila sareng dipun semoni, ngrilakaken sariranipun dipun sedani. Mandar paring warisan aji Candrabirawa. Dewi Pujawati lajeng sesilih Dewi Setyawati. Raden Narasoma punika trah Brama lan Wisnu, canggah Resi manumayasa. 48
  • cahmbanjarg. Lokapala (Wiwit Bathara Sambo lan saterusipun) Bathara Sambo  Bathara Sambodana  Prabu Hesthijumali  Prabu Kumalasidhi (Prabu Kamulasidhi)    Prabu Dherodhana Dewi Indrasmi    Resi Wasistha Prabu Danurdana   Resi Pulastha Prabu Danurdara   Resi Padma Prabu Andanapati   Prabu Lokawana   Dewi Sukesi + Resi Wisrawa + Dewi Lokati (Lokawati)  Dasamuka – Prabu Wisrawana (Prabu Danaraja) Kumbakarna – Sarpakenaka – Wibisana – 1) Bagawan Wisrawa Resi Wisrawa punika pandhita ingkang linangkung. Garwa jaka-rara asma Dewi Lokati inggih Dewi Lokawati, putranipun Prabu Lokawana, Ratu ing nagari Lokapala. Peputra kakung namung satunggal, asma Raden Wisramana. Sareng sampun dewasa, jumeneng Nata ing nagari Lokapala, nggentosi ingkang eyang Prabu Lokawana. Limrahipun Resi Wisrawa kaanggep pandhita ingkang thukmis, tandhanipun ngantos karsa nglamar Dewi Sukesi kangge ingkang putra Prabu Wisrawa (Prabu Danaraja), wekasan kagarwa piyambak. Nanging menggah wigatosipun, mboten makaten Jawata badhe anitahaken umat ingkang punjul ing apapak mrojol ing akerep, inggih punika Dasamuka. Sanesipun wijinipun Resi Wisrawa mboten wonten ingkang kiyat. Samanten ugi wadhahipun kedah Dewi Sukesi, trah Bathara Brama. 2) Prabu Wisrawana (Prabu Danaraja) Prabu Wisrawana dupi midhanget pawartos bilih Dewi Sukesi kagarwa dening ingkang rama, sakalangkung krodha ing panggalih, ngantos purun mengsah ingkang rama, tegel badhe nyedani. Enggal kasapih dening Hyang Narada. Hyang Narada ngandika, yen Prabu Danaraja anggenipun mboten narimakaken Dewi Sukesi kagarwa ingkang rama Resi Wisrawa, punika leres, nanging anggenipun timindak tega, tegel, wani mring sudarma, tetep 49
  • cahmbanjar lepat lan mboten saged pikantuk pangapunten. Sarta dipun terangaken, bilih Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi namung sadremi nglampahi karsaning Hyang Jagad Pratingkah, minangka lantaran badhe tumitahipun Sang sudibya angkaraning rat, minangka tetimbanganipun titising Hyang Wisnu pamunahing satru sekti gelah-gelahing bumi. Mila ing tembe Prabu Danaraja badhe pikantuk piwales saking putranipun Dewi Sukesi ingkang pambayun, minangka undhuhanipun wohing pandamel anggenipun tumindak wani mring bapa. Prabu Danaraja sakalangkung getun ing panggalih. Ing tembe kelampah perang tandhing kaliyan Prabu Dasamuka, inggih putranipun Dewi Sukesi ingkang pembayun, ngantos dados lan sedanipun.h. Ngalengkadiraja Bathara Brama  Dewi Bremanisati  Kagarwa Prabu Bramanaraja, Nata ing Gilingwesi  Dewi Bremaniwati  Kagarwa Prabu Banjaransali, Nata Ngalengka  Prabu Jatimurti (Nata ing Ngalengkadiraja)  Sri Brahmanakandha (Prabu Brahmanakudha)  Prabu Getahbanjaran  Prabu Brahmanatama  Prabu Puksara (Dewa Muksara)    Arya Jambumangli Prabu Sumali  Kagarwa Resi Wisrawa + Dewi Sukesi     Prabu Dasamuka Arya Kumbakarna Dewi Sarpakenaka Arya Wibisana    – Kuntalamaryam – Aswanikumba – Dewi Jarini – Indrajit – Dityakumba (Kumba-kumba)    Kapi Jembawan + Dewi Trijatha Prabu Bisawa (Prabu Denta ukrama)  Dewi Jembawati + (Kagarwa Prabu Kresna) 50
  • cahmbanjar1) Prabu Dasamuka (Prabu Rahwanaraja) Yen triwikrama, mustakanipun 10 (sadasa). Saben mustaka satunggal dipun tapani 5 tahun. Mila ngantos 50 taun. Sekti mandraguna, punjul ing apapak, mrojol ing akerep. Saking Resi Subali pinaringan aji Pancasona. Garwanipun widadari putranipun Bathara Endra, asma Bethari Tari. Putranipun kalih inggih punika Kuntalamaryam lan Megananda (Indrajit). Nalika Prabu Dasamuka tindak lelana, weling dhateng ingkang rayi Raden Wibisana, manawi ingkang garwa ingkang saweg nggarbini benjing mbabar jabang bayi putri, badhe kepundhut garwa, awit manut sasmitaning jawata, punika panjamaning Bathari Sri, inggih titising Dyah Widawati. Sareng mbabar saestu putri, jabang bayi enggal winadhahan kupat sinta dening Raden Wibisana. Minangka lintunipun, Raden Wibisana nyaut mega, cinipta dados bayi jaler, tinengeran Megananda (Indrajit). Prabu Dasamuka seda kataman jemparing Guwawijaya dening Prabu Ramawijaya.2) Arya Kumbakarna Sanajan dawana, nanging awatak satriya, lumuh mbelani pandamel lepat, purun (wani) ngrungkebi pandamel leres. Kuwawi ndhahar tumpeng ngantos 100, awit kagungan aji Gedhongmengo. Yen mentas ngunjuk arak pinten-pinten jun, lajeng sare ngantos pinten- pinten dinten. Nalika praja Ngalengka dipun lurugi dening Prabu Rama, Arya Kumbakarna jumeneng senapati, mboten mbelani ingkang raka Prabu Dasamuka, nanging mbelani nagari wutah rahipun. Dhateng ingkang raka ngaturi: Dewi Sinta supados kaaturaken wangsul dhateng Prabu Rama. Sedanipun dening Prabu Rama, kataman jemparing Guwawijaya. Ganjaranipun anggenipun nuhoni watak utami, wonten ing lampahan Makutha Rama, sukmanipun pikantuk pitedah saking ingkang rayi Begawan Wibisana, supados sajiwa kaliyan Raden Werkudara, mapan ing wentisipun kiwa. Ing tembe saged tumut minggah swarga. Garwanipun asma Dewi Kiswani, peputra kalih inggih punika, Aswanikumba kaliyan Dityakumba utawi Kumba-kumba. Kalihkalihipun pejah wonten ing paprangan, saderengipun ingkang rama seda.3) Dewi Sarpakenaka Dewi Sarpakenaka punika putri arupi raseksi, nagarinipun ing Guthaka. Kagarwa Tumenggung Nopati. Kukunipun mawi wisa ingkang mandi. Wonten ing perang ageng Ngalengka, pejah dening Raden Anoman, sarana kapothes kukunipun. 51
  • cahmbanjar Makaten wau Dewi Jarini ugi pejah dening Raden Anoman. 4) Arya Wibisana Prajanipun ing Kuntara utawi Singgela. Garwanipun asma Dewi Triwati. Peputra kalih Dewi Trijatha lan Raden Dentawilukrama. Dewi Trijatha rumeksa Dewi Sinta salebetipun wonten ing taman Argasoka. Pawingkingipun kagarwa Kapi Jembawan. Peputra Dewi Jembawati, kagarwa Raden Narayana (Bathara Kresna). Kapi Jembawan, pandhita ing Gandamana. Raden Dentawilukrama jumeneng nata ing praja Singgela, jejuluk Prabu Bisawarna. Patihipun asma Kartabasa. Arya Wibisana mboten nayogyani ingkang raka Prabu Dasamuka mengsah Prabu Rama, awit Prabu Rama punika titising Wisnu. Prabu Dasamuka duka, ingkang rayi dipun tundhung, lajeng oncat, suwita dhateng Prabu Rama. Wiwit kala samanten katelah asma Arya Balik. Sabibaring perang ageng Ngalengka, Arya Balik kadhawuh jumeneng ratu ing Ngalengka, kanthi kawejang "Hasta Brata" sarta rumeksa kreta Jatisura titihanipun Prabu Rama punapa dene Balekancana saka dhomas. Salerehipun anggenipun jumeneng nata, kreta Jatisura tuwin Balekancana saka dhomas kapasrahaken dhateng ingkang putra Prabu Bisawarna, nata ing Singgela. Sang Prabu Wibisana mbegawan wonten ing pratapan Gohkarna, asma Begawan Wibisana. Patihipun ingkang asma Pati Padyamastana kadhawuhan ngembani Prabu Bisawarna. 5) Indrajit (Megananda) Kasudibyanipun: aji sirep tuwin jemparing Nagapasa sarta Naracabala. Wonten ing paprangan, seda dening Prabu Rama kataman jemparing Guwawijaya.i. Cempala utawi Atasangin Bathara Bayu  Bathara Sumarma  Bathara Tantra  Bathara Guritna  Bathara Retnasambawa  Resi Mintabasa  Resi Kuntadruwasa  52
  • cahmbanjar Bambang Basuki    Bagawan Maruta Prabu Sengara   Resi Baratmeja Prabu Dwapara   Pandhita Durna Prabu Drupada   Bambang Aswatama     Dhanghyang Suwela Dewi Drupadi Dewi Srikandhi Raden Drestajumna   Raden Pancawala Prabu Nirbita (Nirwatakawaca)1) Prabu Retnasambawa Garwanipun asma Dewi Mandarawati, putranipun Hyang Candra. Peputra Resi Mintabasa.2) Resi Mintabasa Garwanipun asma Dewi Bramanayekti, putranipun Prabu Getahbanjaran. Peputra tiga, inggih punika Resi Druwasa (Kuntadruwasa), Dewi Mintakawati lan Dewi Mintakaningsih.3) Resi Kuntadruwasa Garwanipun asma Dewi Durnityaswara, putranipun Prabu Jayasudikya, nata ing Ima- Imantaka. Peputra Endhang Balwadari lan Bambang Basuki.4) Bambang Basuki Garwanipun asma Dewi Rasawulan, peputra Bambang Maruta (Bagawan Maruta).5) Prabu Maruta Peputra Prabu Baratmeja (Baratmadya) nata ing Atasangin.6) Prabu Baratmeja (Prabu Baratmadya) Prabu Baratmeja, inggih Prabu Baratmadya, Prabu Baratwa, Prabu Baratwaja. Garwanipun asma Dewi Sritaci utawi Dewi Padmawati, peputra Bambang Kumbayana.7) Bambang Kumbayana (Pandhita Durna) Garwanipun widadari Dewi Wilutama, rikala awujud turangga sembrani amargi kebendon ing Jawata. Pinanggihipun nalika Bambang Kumbayana badhe dhateng praja Cempala, mangka kedah nyabrang samodra. Rehning mboten saged nggegana, katrucut prasetyanipun, sinten ingkang saged nyabrangaken, yen estri kaaken garwa, yen jaler, kaaken sadherek sinarawedi. Turangga estri malihanipun Dewi Wilutama tumedhak saking antariksa. Bambang Kumbayana kasabrangaken. Eloking lelampahan, kuda ngantos meteng. Sareng sampun dumugi ing sabrang, Bambang Kumbayana medhak saking gegering turangga, tansah dipun tutaken dening turangga wau. Dipun gusah mandar nyakot kepuhan (wiron). Bambang Kumbayana rumaos lingsem, turangga sinuduk, pejah, jabang bayi priya 53
  • cahmbanjar lair nurut tatuning curiga. Kacariyos, sukuning jabang bayi memper tracak kapal. Kuwandaning turangga musna, badhar dados widadari Dewi Wilutama. Bambang Kumbayana dipun weleh-welehaken dening Dewi Wilutama. Bambang Kumbayana mboten kumbi, jabang bayi kaaken putranipun, sinung asma Aswatama. Dewi Wilutama kondur makahyangan. Pusakanipun Resi Kumbayana namanipun Cundha manik (Cis Wijayakunang). Pandhita Durna dados gurunipun Kurawa lan Pandhawa. Wonten ing Perang Baratayuda, jumeneng senapati agung, wekasan sedan dening Raden Trusthajumna.8) Bambang Aswatama Nagarinipun ing Tirtatinalang. Gadhah jemparing Cundhamanik, saking sudarmanipun (Pandhita Durna). Anggenipun tumut Baratayuda mboten tutug, amargi sasedanipun Adipati Karna, Aswatama paben kaliyan Prabu Salya, ndakwa dhateng Prabu Salya, anggenipun nglampahaken titihanipun kreta Adipati Karna dipun sangaja supados pamanahipun Adipati Karna mleset. Mratandhani Prabu Salya awrat dhateng Raden Janaka. Prabu Salya duka yayah sinipi, Aswatama dipun larak, dipun sawataken. Rehning rumaos mboten kuwawi nadhahi krodhanipun. Prabu Salya, Aswatama lajeng oncat dhateng wana. Dados mboten menangi bedhahipun Ngastina. Ngretos-ngretos sareng pinanggih kaliyan Kartamarma. Salajengipun Aswatama ngudi tuwuh, ngantos saged nyedani Dewi Srikandhi, Raden Pancawala tuwin Raden Trusthajumna. Sareng badhe nyedani jabang Bayi Bambang Parikesit, ketaman jemparing Pasopati ingkang kajejak dening jabang bayi. Piyambakipun mlajeng dhateng Grojogan Sewu, pratapanipun Begawan Balatlewa. Nembe badhe matur, dipun kepruk dening Raden Setyaka, pejah. Sukmanipun Aswatama mlebet naraka salaminipun.9) Dewi Drupadi Dewi Drupadi punika putranipun Prabu Drupada ingkang pambayun, kagarwa dening Prabu Puntadewa sarana sayembara Gandamana. Prabu Puntadewa anggenipun nglebeti sayembara wakil Raden Bratasena. Saged ngawonaken Arya Gandamana, sarana kacubles kuku Pancanaka. Sang Dyah peputra kakung satunggal, asma Raden Pancawala. Nalika lampahan Pandhawa Dhadhu, Dewi Drupadi dipun wirangaken dening Raden Dursasana, kasendhal ukelipun ngantos udhar. Saking sanget wirangipun, ngantos prasetya: "Pati-pati ngagem ukel yen dereng jamas rahipun Dursasana". Prasesetyanipun Dewi Drupadi wau murugaken Baratayuda mboten saged kasandekaken.10) Dewi Wara Srikandhi 54
  • cahmbanjar Saderengipun kagarwa Raden Janaka, nate maguru manah dhateng Raden Harjuna. Mila wonten Baratayuda ugi dados senapati, mengsah Resi Bisma, awit ketitisan sukmanipun Dewi Ambika, ingkang sede dening Sang Resi Dewabrata inggih Resi Bisma. Kaliyan Raden Janaka mboten peputra. Namung nalika lampahan Kandhihawa, Dewi Wara Srikandhi malih dados priya saestu, saking rekadayanipun Begawan Mintuna. Bambang Kandhihawa krama putri ing Imaimantaka, Dyah Durniti, putranipun Prabu Dike. Dyah Durniti ngantos nggarbini, titimangsanipun mbabar jabang bayi kakung pinaringan asma Raden Nirbita. Raden Nirbita inggih Raden Niwatakawaca. Dene ingkang ibu (Dewi Durniti) seda konduran. Kacariyos Raden Nirbita saderengipun mbabar saking karsaning Bathara Guru pinaringan aji Keyong Pethak, dumunung wonten ing telak, mila sakalangkung digdaya. Kadugi nglamar Bathari Supraba. Nalika lampahan Mintaraga, Prabu Niwatakawaca inggih Prabu Nirbita, kelampah dipun sedani dening Raden Janaka ingkang saweg jumeneng Sang Maharsi Cipta Ening, sarana dipun jemparing telakipun mawi jemparing Pasopati peparingipun Bathara Guru. 11) Raden Drestajumna (Raden Trusthajumna) Raden Dresthajumna wonten ing Baratayuda nyedani Pandhita Durna mawi kajambak remanipun, lajeng katigas jangganipun. Patrap makaten punika sanget ndadosaken renguning panggalihipun Raden Janaka. Raden Dresthajumna dipun dukani kathah-kathah. Kala samanten Raden Dresthajumna kepanjingan sukmanipun Prabu Palgunadi, nata ing nagari Paranggelung, ingkang seda amargi asta racikanipun ingkang ngagem sesupe Gandok ampal (Soca ampal) dipun tigas dening Pandhita Durna nalika maguru sareng-sareng kaliyan Raden Premadi dhateng Pandhita Durna.j. Wiratha (Wiwit Bathara Wisnu dumugi Dewi Untari) Bathara Wisnu  Prabu Basurata  Prabu Basupati  Prabu Basukesthi  Prabu Basukiswara   Resi Pala + Dewi Durgandini + Bagawan Sentanu Prabu Durgandana (Prabu Matswapat) — Resi Seta; — Raden Untara;  — Raden Wratsangka;    — Dewi Untari;Resi Abiyasa Citragada Citrasena 55
  • cahmbanjar1) Dewi Durgandini Dewi Durgandini ugi asma Dewi Rara Amis, awit sariranipun ngganda amis. Sareng sampun dipun usadani dening Resi Palasara, gandanipun wangi angambar-ambar, lajeng asma Dewi Gandawati, inggih Dewi Setyawati. Kala samanten Dewi Durgandini saweg dados tukang nambang. Resi Palasara mulat sulistyaning warnanira Dewi Gandawati ingkang gandanipun sampun wangi angambar-ambar temah kasmaran. Sakala sesakitipun medal saking sariranipun Sang Dyah, mencelat dhateng toya, dipun sarab ulam tambra. Ulam tambra lajeng meteng, titimangsanipun lair jabang bayi jaler, tutuk mbajor kados cangkem ulam tambra, paningal melolo kados mripat ulam. Sareng taken bapa, kapurih sowan dhateng Prabu Palasara, nata ing Ngastina. Saking derenging brangta asmara, Sang Resi korut kamanipun, tinadhahan asta, kausapaken ing canthiking baita, nunten wijik ing toyaning benawi, lunturaning kama kasaut dening rekatha (yuyu), satemah meteng, sareng mbabar, lair bayi estri. Sareng taken bapa, kapurih sowan Prabu Palasara nata ing Ngastina. Resi Palasara kaliyan Dewi Gandawati mentas dhateng dharatan, baita kentir, dumugi ing muwaraning benawi, kesangsang wonten ing pinggir, canthikipun sigar, dados lare kembar jaler. Hyang Narada rawuh, paring pitedah, bilih kalih-kalihipun, putranipun Prabu Palasara nata ing nagari Ngastina. Sadaya sami sowan. Sadumuginipun ing ngarsanipun Sang Prabu, dipun aken lan sami dipun paringi nama. Ingkang lair saking ulam tam- bra, Raden Rajamala (asal saking ratuning sesakit). Ingkang saking rekatha, Dewi Rekathawati, pawingkingipun kagarwa Prabu Durgandana. Ingkang kedadosan saking kama ingkang lumepet, ing canthik ing baita, Raden Rupakenca kaliyan Raden Kencakarupa. Nagari Ngastina punika asalipun wana Gajahoya, dipun panah dening Resi Palasara, mawi Bramastra. Wana kabasmi, sasireping latu dados nagari, sampun wonten kadhatonipun. Kewan salebeting wana sami dados manungsa, kawula ing Gajahoya. Dewi Durgandini kaliyan Resi Palasara peputra satunggal, inggih punika Bambang Abiyasa, utawi Kresnadwipayana.2) Bagawan Sentanu Bagawan Sentanu punika pandhita ing Talkandha. Garwanipun asma Dewi Esthijumpeni. Peputra satunggal, asmanipun Raden Dewabrata (Bisma). Dewi Esthijumpeni, sasampunipun babaran, seda konduran. Bagawan Sentanu saking sanget sungkawaning panggalih, lajeng ngumbara kaliyan ngemban jabang bayi, ngantos dumugi ing praja Ngastina. 56
  • cahmbanjar Priksa Dewi Durgandini, Bagawan Sentanu melik, ngantos dados perang kaliyan Resi Prabu Palasara, ngantos dangu mboten wonten ingkang kasoran sarta nuwuhaken gara-gara. Sanghyang Narada tumedhak nyapih ingkang saweg sami perang. Prabu Palasara benjing badhe nurunaken para ratu ing Ngastina, nanging kedah trimah ngawon rumiyin, sarta kedah rila nilar karaton ing Ngastina, nglajengaken anggenipun maratapa wonten ing Saptaarga. Dene Bagawan Sentanu saged kasembadan mukti wibawa, sarta madeg ratu ing Ngastina, nanging turunipun badhe cures. Hyang Narada kondur makahyangan Prabu Palasara masrahaken Dewi Durgandini dhateng Prabu Durgandana, sapengkeripun Bagawan Palasara, ingaturan ngawontenaken sayembara pilih, kangge calon garwanipun Dewi Durgandini. Nalika Bagawan Palasara badhe bidhal dhateng Saptaarga, weling dhateng Dewi Durgandini, sampun ngantos, milih sanesipun Bagawan Sentanu. Sareng sayembara sampun katindakaken, ingkang kapilih Bagawan Sentanu. Raden Dewabrata dipun sesepi sareng kaliyan Bambang Abiyasa. Ing tembenipun, Bambang Abiyasa ndherek ingkang rama ing Saptaarga. Dewi Durgandini kaliyan Prabu Sentanu peputra kakung kalih inggih punika Raden Citragada kaliyan Citrasena. Sareng sampun diwasa, kadhaupaken kaliyan Dewi Ambiki tuwin Dewi ambaini, putranipun Prabu Darmamuka, nata ing Gyantipura, prameswaripun asma Dewi Swargandini. Putranipun putri kembar tiga, inggih punika Dewi Ambika, Ambiki tuwin Ambaini. Dewi Ambika ingkang kasmaran kaliyan Raden Dewabrata seda kataman jemparingipun Raden Dewabrata, dumeh badhe ndherek kemawon. Raden Citragada kaliyan Raden Citrasena panganten enggal ing wanci dalu kasendhal mayang kalihipun dening Dewa. Prabu Sentanu seleh keprabon, kondur dhateng Talkanda, ngantos dumugi sedanipun. Dewi Durgandini utusan nimbali Bambang Abiyasa, kadhawuhan jumeneng nata ing Ngastina, sarta kadhaupaken kaliyan randhanipun Raden Citragada tuwin Citrasena, inggih punika Dewi Ambiki lan Dewi Ambaini. Kaliyan Dewi Ambiki patutan Raden Dhestrarastra, kaliyan Dewi Ambaini patutan Raden Pandhudewanata. Saking garwa ampeyan peputra Raden Yamawidura.3) Resi Dewabrata (Bisma) Resi Bisma punika pandhita wandat (mboten nggarwa), wonten ing Baratayuda jumeneng senapati agung. Saged nyedani Raden Untara, Raden Wratsangka tuwin Resi Seta. Wekasan seda dening Dewi Srikandhi, ingkang kepanjingan sukmanipun Dewi Ambika sarana jemparing Pasopati. 57
  • cahmbanjar Anggenipun tumut dhateng Kurawa, mboten margi ngiloni tiyang lepat utawi ambek angkara murka, namung prelu badhe ngresiki pidosanipun anggenipun nyedani Dewi Ambika. Sang Resi sampun ngretos bilih ingkang saged nyedani sariranipun, mboten sanes namung Dewi Srikandhi, prajurit wanita ingkang kepanjingan sukmanipun Dewi Ambika. Saderengipun murud ing kasidan jati, mundhut kajang sirah (bantal), songsong, tuwin unjukan. Ingkang saged minangkani kanthi leres namung Raden Janaka tuwin Raden Werkudara. Prabu Puntadewa ingkang nyundhang mustakanipun, Raden Nakula Sadewa ingkang nyanggi samparanipun. Saking sanget kalegan panggalihipun, paring sabda bilih Pandhawa ingkang unggul juritipun. Sasampunipun seda, ingkang ngrukti kunarpanipun inggih Pandhawa.k. Awu-awu (Plasajenar) Bathara Wisnu  Sri Mahapunggung  Sri Mahawan  Resi Kala  Resi Sakra  Resi Kisthira  Resi Swakuthastha  Prabu Kistawa (Ratu Awu-awu I)  Prabu Suprala       Prabu Anggendara Dewi Anggendari Arya Suman Arya Sasabasata Arya Gajagsa  Kurawa 1) Sri Mahapunggung Nata ing nagari Purwacarita utawi Mendhangkamulan. Prameswarinipun tiga inggih punika Dewi Gemi, Dewi Nastiti lan Dewi Subur. Patihipun asma Jakapuring. Sri Mahapunggung ugi jejuluk Maharaja Kano. Kala ngagem asma (jejuluk) Sri Maharaja Kano, dipun sekseni dening Dewa 9 Brahmana 8, Pandhita 7. Mila tumrap sengkalan (candra sangkala utawi suryasangkala) tembung DEWA awatak 9, BRAHMA NA awatak 8, PANDHITA awatak 7. 58
  • cahmbanjar Putranipun 2, kedhana-kedhini, inggih punika Dewi Sri kaliyan Raden Sadana. mBokmanawi Raden Sadana inggih Sri Mahawan. 2) Prabu Suprala Prabu Kistawa, Ratu ing Ngawu-awu ingkang kapisan, ginentosan ingkang putra Prabu Suprala (Prabu Suwala). Prabu Suprala peputra 5, inggih punika Prabu Anggendara Dewi Anggendari, Arya Suman (Sengkuni), Arya Sarabasata lan Arya Gajagsa. 3) Prabu Anggendara, Dewi Anggendari lan Arya Suman (Sengkuni) Prabu Anggendara nggentosi ingkang rama Prabu Suprala Nalika Raden Pandhudewanata kondur mentas nglebeti sayembara pilih calon garwanipun Dewi Kunthi, Prabu Anggendara seda dening Raden Pandhu lajeng ginentosan Arya Suman. Nagari Ngawu-awu ketelah Plasajenar, Arya Suman jumeneng Ratu ing Plasajenar, ngrangkep Patih Ngastina, amargi Dewi Anggendari kagarwa Prabu Drestarastra, sarta kang jumeneng nata ing Ngastina ingkang putra Dewi Anggendari kang pambayun, taksih jaka, jejuluk Prabu Jakapitana. Sasedanipun Prabu Pandhudewanata, Kurawa rebatan lisah tala kaliyan Pandhawa. Arya Suman anggenipun wedhakan lisah tala meh wradin badan sakojur, namung ing dubur ingkang kelangkungan. Mila wonten ing Baratayuda pangapesanipun Arya Suman wonten ing dubur, dipun cubles kuku Pancanaka dening Raden Werkudara. Ingkang nggagalaken pirembaganipun Kurawa kaliyan Prabu Bathara Kresna nalika lampahan Kresna duta, inggih Dewi Anggendari. mBoten sarujuk manawi nagari Ngastina kasigar semangka kangge Kurawa kaliyan Pandhawa. Wekasan Baratayuda dados, Kurawa tumpes.l. Benggala, Magada, Ayodya lan Dwarawati Prabu Targani (Ratu Benggala trah Sayid Anwas lan Sayid Anwar, inggih Prabu Nur Cahya)    Prabu Sangadik (Ratu Menggala) Prabu Jisis (Ratu Magada)  Resi Wimasucandara Prabu Citradarma     Dewi Citrawati Raden Citragada    Prabu Dasarata Prabu Sumaresi Resi Kala Resi Sumaraja(Nata Ayodya) (Nata Suwelaraja)      Ramawijaya Barata Leksmana Rrugna (Regawa)  Prabu Ramabatlawa Prabu Kusiya Prabu Kunthiboja I 59
  • cahmbanjar  Prabu Kunthiboja II (Prabu Basukunthi)     Prabu Basudewa Dewi Kunthi Raden Arya Prabu Prabu Setyajid(Nata Mandura) (Kagarwa Prabu Pandhudewanata) (Prabu Bismaka Nata Kumbina) (Ugrasena, Nata Lesanpura)   Prabu Baladewa Prabu Kresna Dewi Sumbadra – Dewi Siti Sundari – Dewi Setyabona    – Dewi Titisari – Raden Setyaki Raden Wisata Raden Samba Raden Abimanyu – Arya Setyaki    – Raden Sanggasana Prabu Wiraka Raden Danur wenda Prabu Parikesit  Prabu Yudayana  Prabu Gendrayana 1) Prabu Targani Kempaling darah Sayid Anwas kaliyan Sayid Anwar (Prabu Nurcahya), jumeneng nata wonten ing nagari Benggala. Peputra kalih inggih punika Prabu Sangadik (nggentosi jumeneng nata ing kang rama ing nagari Benggala) lan Prabu Jisis (jumeneng nata ing praja Magada). 2) Prabu Sumaresi Jemeneng nata wonten ing nagari Suwelaraja, dipun embani dening Resi Kala. Putranipun kalih, putri sadaya inggih punika Dewi Kekayi lan Dewi Sumitrawati. Prabu Dasamuka utusan Arya Kumbakarna nglamar Dewi Sumitrawati, dipun tampik. Arya Kumbakarno ngamuk, dipun tandhingi Resi Kala, kawon, awit Resi Kala kagungan aji Petaki sewu. Dewi Sumitrawati tuwin bakyunipun (Dewi Kekayi) kagarwa Prabu Dasarata, nata ing Ayodya. Dewi Kekayi janji, samangsa kagungan putra kakung, kedah gumantos jumeneng ratu ing Ayodya (Tilas prajanipun Prabu Banaputra). Asalipun makaten: Prabu Banaputra kagungan putra putri asma Dewi Sukasalya (Dewi Ragu), sampun kaparingaken (kagarwa) Bagawan Baratmeja. Prabu Dasamuka nglamar, dipun wangsuli bilih sampun kaparingaken Sang Begawan. Prabu Dasamuka krodha. Prabu Banaputra dipun sedani. Makaten ugi Begawan Rawatmeja. Saderengipun seda, Begawan Rawatmeja dhawuh dhateng Dewi Sukasalya, supados nyuwun pangayoman dhateng Sang Dasarata ing Dhandhaka. Garudha Sempati (kakangipun Jenthayu) tetulung, mengsah Prabu Dasamuka, kawon. Wulunipun dipun bubuti ngantos mboten saged miber. Dewi Sukasalya kapurih mundhut wulu penjawat, dayanipun ngrikataken plajengipun Dewi Sukasalya, ngantos mboten saged ketututan Prabu Dasamuka. Sadumuginipun ing Dhandhaka Dewi Sukasalya kaumpetaken dening Sang Dasarata. Prabu Dasamuka mundhut 60
  • cahmbanjar Dewi Sukasalya, dipun caosi Dewi Sukasalya pujan, kedadosan saking sekar. Saking bingahipun Prabu Dasamuka, Sang Dasarata kaganjar praja Ayodya, tilas nagarinipun Prabu Banaputra. Kocapa sareng dumugi ing karaton Ngalengka, Dewi Sukasalya dipun rungrum, malih dados sekar. Prabu Dasamuka duka, sarwi pratignya: tedhak turunipun Sang Dasarata dadosa mengsahipun. Saestu. Dewi Sukasalya (Dewi Ragu) kaliyan Prabu Dasarata peputra Raden Ramawijaya (Regawa), dados mengsahipun Prabu Dasamuka, ngantos Prabu Dasamuka wekasanipun tumpes kelor (cures).3) Putra-putranipun Prabu Dasarata Prabu Dasarata kaliyan Dewi Sukasalya (Dewi Ragu), peputra Raden Rama (Raden Regawa). Kaliyan Dewi Kekayi peputra Raden Barata. Kaliyan Dewi Sumitrawati peputra Raden Laksmana tuwin Raden Trugna. Raden Laksmana inggih Raden Sumitra. Miyosipun Raden Barata nunggil wekdal kaliyan miyosipun Dewi Sinta tuwin Senggana (Anoman). Sareng Raden Regawa sampun krama kaliyan Dewi Sinta, rehning Prabu Dasarata sampun sepuh, karsa seleh keprabon, Raden Regawa kadhawuhan gumantos jumeneng Nata Ing Ayodya. Dewi Kekayi nagih janji, Raden Barata kaparenga ingkang gumantos jumeneng Ratu. Raden Regawa tuwin Raden Laksmana kaaturan nundhung, supados mboten ngribedi. Prabu Dasarata dhahar aturipun Dewi Kekayi, rumaos kawon janji. Raden Regawa, Dewi Sinta, Raden Laksmana oncat dhateng wukir Kutharunggu. Kocapa sapengkeripun putra tetiga oncat saking karaton Ayodya, Sang Begawan Dasarata gerah kabekta saking sanget sekeling panggalih, ngantos dados lan sedanipun. Prabu Barata netah ingkang ibu anggenipun meksa nyuwun gumantosipun jumeneng ratu Raden Barata ingkang anjalari gerah lan sedanipun ingkang rama. Wasana Raden Barata oncat saking keraton, nusul ingkang raka Raden Regawa, badhe katuran jumeneng nata ing Ayodya. Pinanggih wonten ing Wukir Kutharungu. Raden Regawa katuran kondur, saha jumeneng nata. mBoten karsa ma dhawuh dhateng ingkang rayi Raden Barata supados nglajengaken jumeneng ratu gumantos ingkang rama. Raden Regawa punika titisipun Hyang Wisnu, Dewi Sinta titisipun Bathari Sri. Lelampahanipun Raden Regawa sampun kasebat wonten ing sarasilah Ngalengkadiraja. Makaten ugi Dewi Sinta.4) Prabu Kunthiboja I Prabu Kunthiboja I punika nata ing Mandura ingkang kapisan Garwanipun asma Dewi Indrasmi, putranipun Prabu Kiswaji nata ing Dwarawati Prawa, peputra Raden Basukunthi. 61
  • cahmbanjar5) Prabu Kunthiboja II (Prabu Basukunthi). Prabu Basukunthi inggih Prabu Kundhiboja II, patihi. asma Patihipun Saragupita. Parameswarinipun Dewi Bandonsari, putranipun Prabu Basukiswara ing Wiratha. Peputra sekawan inggih punika Prabu Basudewa, Arya Prabu Bismaka (Arya Prabu Rukma), Dewi Kunthi (Kunthitalibrangta lan Prabu Setyajid (Ugrasena).6) Prabu Basudewa Garwanipun sakawit tiga, inggih punika Dewi Maerah, Dewi Maera tuwin Dewi Badraini. Dewi Maerah kapirak, amargi cinidra resmi dening Prabu Gorawangsa, peputra Raden Maruta utawi Kangsadewa. Dewi Maerah, peputra kembar sulasih (Gondhang-kasih), Raden Kakrasana kaliyan Raden Narayana. Dewi Badraini peputra Dewi Sumbadra Raden Kakrasana gumantos ingkang rama jumeneng nata ing Mandura jejuluk Prabu Baladewa. Raden Narayana sasampunipun saged ngawonaken Prabu Yudakalakresna ing Dwarawati, lajeng gumantos jumeneng nata ing Dwarawati.7) Prabu Baladewa Nata ing Mandura. Garwanipun Dewi Erawati, putranipun Prabu Salya. Nalika lampahan Kangsa aben-aben, Raden Kakrasana kelampahan saged mejahi Prabu Kangsadewa ngangge pusaka Alugora. Kajawi Alugora ugi kagungan pusaka Nenggala, kedadosan saking siyungipun Naga Rangsang, mapan wonten ing epek-epek. Manawi astanipun kapusus, pusaka Nenggala mijil saking asta. Raden Kakrasana punika titisipun Sanghyang Basuki. Nalika Baratayuda, kasingkiraken dening Prabu Bathara Kresna dhateng Grojogansewu, apawadan dipun aturi maratapa, kinanthenan Raden Setyaka, perlunipun supados mboten tumut perang, awit mboten wonten ingkang kiyat nadhahi pusaka Nenggala. Dados mboten pikantuk tandhing, prasasat Baratayuda dipun piyambaki saged rampung. Yuswanipun panjang, ngantos bibar Baratayuda taksih ngembani Prabu Parikesit.8) Prabu Bathara Kresna Nalika Dewi Maerah nggarbini sepuh, Bathara Wisnu Kadhawuhan nitis, alusipun nitis dhateng putranipun Dewi Kunthi, inggih punika Raden Premadi. Mila mbabaripun langkung rumiyin. Wadhagipun nitis dhateng putranipun Dewi Maerah ing Mandura. Tumedhakipun Sanghyang Basuki sareng kaliyan Sanghyang Wisnu, awit Dewi Maerah anggenipun nggarbini kembar. Kala samanten Dewi Badraini ugi saweg nggarbini, nanging taksih enem, nyarengi Dewi Trijatha (garwanipun Kapi Jembawan ing Gandamadana) nggarbini Dewi Jembawati. Sareng sampun titiwanci, alusipun Bathari Sri nitis dhateng putranipun Dewi Badraini, inggih punika Dewi Sumbadra, wadhagipun nitis dhateng Putranipun Dewi Trijatha, inggih 62
  • cahmbanjar punika Dewi Jembawati. Ing tembenipun, Dewi Sumbadra kagarwa Raden Premadi. Dewi Jembawati kagarwa Raden Narayana (Prabu Bathara Kresna). Peputra Raden Samba.9) Arya Prabu Rukma (Prabu Bismaka) Raden Arya Prabu Rukma dipun mintasraya dening Jawata, nyirnakaken Prabu Sasradewa, ratu ing Guwamiring ingkang badhe ngrisak Suralaya dumeh katampik anggenipun nglamar Dewi Rumbini (Widadari). Prabu Sasradewa dalah patihipun nama Kalayaksa, saged kasirnakaken sadaya. Raden Arya Prabu Rukma kadhaupaken kaliyan Dewi Rumbini (Widadari), sarta kajumenengaken ratu ing nagari Kumbina, jejuluk Prabu Bismaka, peputra Dewi Rukmini, kagarwa Raden Narayana (Prabu Kresna), pinanggih nakdherek (peputra Dewi Siti Sundari, Dewi Titisari).10 Prabu Setyiajid (Prabu Ugrasena) Nalika Kahyangan Suralaya dipun inggahi Prabu Garbaruci ratu nagari Paranggubarja badhe nglamar Dewi Wresini (Widadari), Raden Ugrasena dipun pintasraya. Sareng sampun saged nyirnakaken, lajeng kadhaupaken kaliyan Dewi Wresini, sarta jumeneng nata ing nagari Lesanpura, peputra Dewi Setyaboma kaliyan Raden Setyaki. Dewi Setyaboma kagarwa Prabu Bathara Kresna, peputra Raden Setyaka.11) Garwanipun Prabu Bathara Kresna. Garwanipun Prabu Bathara Kresna sedaya wonten sekawan, inggiti punika. 1. Dewi Jembawati 2. Dewi Rukmini 3. Dewi Setyaboma 4. Dewi Pratiwi Dewi Pratiwi punika putranipun Sang Nagaraja, ing Saptapratala, Putranipun sadaya wonten 3, inggih punika Dewi Pratiwi, Prabu Bomantara (Bomapati, inggih Prabu Bomanarakasura) lan Bambang Partiwanggana. Dewi Pratiwi kagarwa Prabu Bathara Kresna, peputra Bambang Suteja. Nalika perang kaliyan ingkang Paman Prabu Bomantara, ingkang paman seda, sukmanipun manjing dhateng Bambang Suteja. Bambang Suteja lajeng ngagem asmanipun ingkang paman saha jumeneng nata ing Trajutrisna. Garwanipun asma Agnyanawati, titisan Dewi Dremi Patihipun Pancadnyana. Patih Pancadnyana ramanipun Dewi Agnyanawati. Dados marasepuh Bambang Suteja. Punggawanipun Supala kaliyan Ancakogra. Titihanipun Prabu Suteja Garudha Wilmana. Wonten ing lampahan Samba Sebit, Raden Samba seda dipun juwing-juwing dening Garudha Wilmana. Raden Samba kala samanten badhe ngrebat Dewi Agnyanawati, awit Raden Samba punika titisipun Bathara Darma, mangka Dewi 63
  • cahmbanjar Agnyanawati titisipun Bathari Dremi, garwanipun Hyang Darma. Bathara Kresna lajeng tegel anyedani ingkang putra Prabu Suteja (Prabu Bomanarakasura), kataman senjata Cakra kanthi dipun anjang-anjang, awit Prabu Bomantara ngagem aji Pancasona.m. Leluhuripun Pandhawa (Keinpalipun dharah Bathara Brama kaliya dharah Bathara Wisnu). Bathara Guru    Bathara Brama Bathara Wisnu     Bambang Bremana Bambang Bremani + Dewi Srihunon  Babmang Parikenan Bambang Manumanasa    Bambang Sriati Bambang Sakutrem   Prabu Hartati Mandrakumara Bambang Sakri   Prabu Hartadriya Mandradipa Bambang Palasara    Raden Narasoma Dewi Madrim – Dewi Erawati – Raden Nakula – Resi Abiyasa – Dewi Surtikanthi – Raden Sadewa – Raden Rajamala – Dewi Banuwati – Dewi Rekathawati – Raden Burisrawa – Raden Rupakenca – Raden Rukmarlata – Raden Kencakarupa 1) Bambang Bremani Kaliyan Dewi Srihunon Bambang Bremani putranipun Bathara Brama, kadhaupaken kaliyan Dewi Srihunon, putranipun Bathara Wisnu. Sasampunipun peputra satunggal, inggih punika Bambang Parikenan. Dewi Srihunon kaaturaken wangsui dhateng Bathara Wisnu. Pawingkingipun Dewi Srihunon kagarwa Bambang Bremana, ingkang raka Bambang Bremani. 2) Resi Manumanasa (Resi Manumayasa) Resi Manumanasa nggentur tapa wonten ing Saptaarga. Garwanipun asma Dewi Reknawati. Kadangipun Dewi Retnawa asma Dewi Kanastri, dhaup kaliyan Semarasanta (Semar). Dewi Retnawati inggih Dewi Sumarwana, peputra satunggal, asma Bambang Sakutrem. 64
  • cahmbanjar3) Bambang Sakutrem (Bambang Kalingga) Nalika Resi Manumanasa dipun minta sraya dening Jawata supados nyirnakaken Prabu Kalimantara ingkang nglamar Dewi, Supraba, di pun paringi jemparing Pasopati dening Bathara Guru. Prabu Kalimantara kataman jemparing Pasopati, badhar dados Jimat Kalimasada. Patihipun asma Patih Sarotama, badhar dados jemparing Sarotama, punggawanipun nama Raden Ardadhedhali, badhar dados jemparing Ardadhedhali. Kagendra Garudha Banarata, badhar dados songsong Tunggulnaga. Jemparing Sarotama kaliyan jemparing Ardadhedhali karsanipun Bathara Guru kaparingaken dhateng Bambang Sakutrem, dene Jamus Kalimasada kaliyan songsong Tunggulnaga badhe kaparingaken dhateng turunipun. Pinuju lelana, Bambang Sakutrem kepethuk kaliyan naga, sareng dipun jemparing, badhar dados putri, lajeng musna. mBoten antawislami, Bambang Sakutrem midhanget pawartos, ing wukir Pujangkara, wonten putri damel sayembara, sinten ingkang saged ngombe isinipun kendhi Pratala ingkang sakalangkung benter, yen priya dados jatukramanipun, yen wanodya, dadosa sadherek sinarawedi. Putri wau asmanipun Dewi Nilawati, badharanipun naga ingkang dipun jemparing Bambang Sakutrem. Kacariyos Bambang Sakutrem nglebeti sayembara, kuwawi ngunjuk tirta isining kendhi pratala ngantos asat. Wekasan Dewi Nilawati kagarwa Bambang Sakutrem, peputra kakung satunggal, asmanipun Bambang Sakri.4) Bambang Sakri Bambang Sakri krama putranipun nata ing Trebelasuket, (Prabu Partawijaya) asmanipun Dewi Sati, peputra Bambang Palasara. Lelampahanipun Resi Palasara sampun kasebat wonten ing katrangan Sarasilah Wiratha ing ngajeng.5) Bambang Sriati Bambang Sriati punika putranipun Resi Manumanasa ingkang nurunaken para ratu ing nagari Mandaraka. Katenggak saking Prabu Hartadriya, Mandradipa inggih Prabu Mandratpati, punika peputra kalih, inggih punika Raden Narasoma lan Dewi Madrim. Raden Narasoma nggarwa Dewi Pujawati inggih Dewi Setyawati, putranipun Bagawan Bagaspati (Sampun kasebat ing katrangan Sarasilah, Dewi Pujawati). Sasampunipun nggarwa Dewi Setyawati, rehning katundhung dening ingkang rama, lajeng oncat saking karaton Mandaraka, nglebeti sayembara pilih ing nagari Mandura, kangge putranipun Prabu Kunthiboja ingkang asma Dewi Kunthinalibrangta. Saged pikantuk. Wonten ing margi kepethuk kaliyan Raden Pandhudewanata, ingkang badhe tumut 65
  • cahmbanjar nglebeti sayembara, nanging sampun kasep. Raden Pandhu dipun tantang perang dening Raden Narasoma. Sakawit Raden Pandhu kawon, lajeng nglepasaken jemparing Maruta. Raden Narasoma kombul ing lesus, sambat kawon. Sareng dipun dhakaken, nantang malih. Raden Pandhu janji yen kawon malih, totohanipun kedah putri kalih. Sareng dipun jemparing, kabekta mumbul ing lesus, sambat-sambat kawon. Dewi Kunthinalibrangta kaliyan ingkang rayi Dewi Madrim, kangge asok dhateng Raden Pandhu. Raden Pandhu jumeneng nata ing Ngastina, nggentosi ingkang rama Bagawan Abiyasa. Dewi Kunthinalibrangta peputra 3, inggih punika Raden Wijakangka (Puntadewa), Raden Wijasena lan Raden Wijanarka (Premadi). Dewi Madrim peputra kembar Raden Pinten lan Raden Tangsen (Nakula/Sadewa). Wonten ing lampahan Pandhu papa (sedanipun Prabu Pandhudewanata), Dewi Madrim bela sedanipun Prabu Pandhu, nggebyur ing kawah Candradimuka. Dene Dewi Kunthi terus momong Pandhawa, ngantos tutug bibar Baratayuda.n. Pandhawa lan Kurawa (Wiwit Bagawan Abiyasa dumugi putrawayah)  Bagawan Abiyasa     Prabu Drestarastra Prabu Pandhudewanata Raden yamawidura   Kurawa 100. Putra pambayun   Raden Yuyutsuh Prabu Jakapitana. + + – Raden Lesmana Mandrakumara   – Dewi Lesmanawati Dewi Kunthi Dewi Madrim       Prabu Puntadewa Raden Wrekudara Raden Arjuna Raden Nakula Raden Sadewa – Raden SabektiRaden Pancawala – Raden Anantareja – Dewi PRamati – Dewi Rajung Wulan – Raden Gatotkaca – Bambang Prasinta – Raden Dewakusuma (*) Garwa saha putra-putra Raden Arjuna No. Garwa Putra, putri, wayah Nagari/Pratapan Peputra 1 2 3 4 5 1 Wara Sumbadra Putra Prabu Basudewa Mandura Abimanyu 2 Wara Srikandi Putra Prabu Drupada Cempalaradya 3 Larasati Putra Prabu Basudewa Widarakandhang Brantalaras 4 Ulupi Putra Bagawan Jayawilapa Candhibungalang (Yasarata) Irawan 5 Supraba Putra Bathara Endra Kahyangan Tin- jamaya Prabakusuma 6 Dresanala Putra Bathara Brama Kahyangan Duk- sina Wisanggeni 7 Sulastri Prabu Sasrasu darma Pularajapethi Sumitra 8 Purnamasidi Putra Bagawan Sidikwacana Andongpurnama Manonmanonton 9 Manuhara Putra Bagawan- Sidanggana Andongsumawi Pregiwa/Pregiwati 10 Gandawati Putra Prabu Gandawardaya Tasikmadu Gandasari (Gandasasi) 66
  • cahmbanjar 11 — Bagawan Pramanasidi Gebangtinatar Nilasuwarna/Dewi Nilawati 12 — Bagawan Partana Guwawara Wijanarka 13 — Bagawan Sidi- waspada Glagahwangi (Endralaya) Priyambada 14 — Bagawan Jati- supadma Andongraras Tejasuwarna 15 — Bagawan Jati- mulya Argatilasa Setiwijaya/ Setiwiguna 16 — Bagawan Sidik- mulya Gambirmlathi Danasalira (Bagawan Saptarengga)1) Bagawan Abiyasa Bagawan Abiyasa, utawi Maharsi Kresnadwipayana, yuswanipun panjang, ngantos bibar Baratayuda. Garwanipun Dewi Ambiki, peputra Raden Drestarastra. Dewi Ambaini, peputra Raden Pandhudewanata. Garwa ampean, peputra Raden Yamawidura. Nalika ingkang putra Prabu Pandhudewanata dipun sendhal mayang dening Dewa, Bagawan Abiyasa nyuwun dhateng Bathara Endra tuwin Bathara Guru, supados ingkang putra Prabu Pandhu sampun ngantos dipun papanaken wonten ing naraka, sageda kainggahaken dhateng swarga. Sang Bagawan ingkang sagah nebusi pidosanipun ingkang putra.2) Raden Drestarastra Kaliyan Dewi Ambiki peputra satunggal Raden Drestarastra. Cacadipun wuta. Pinaringan aji Lebursakethi. Sintena mengsah ingkang kagrayang, temtu ajur mumur. Garwanipun asma Dewi Anggendari, peputra Kurawa satus. Pambayunipun Prabu Suyudana. Wuragilipun putri asma Dewi Dursilawati, kagarwa Raden Jayadrata.3. Prabu Pandhudewanata Prabu Pandhudewanata putranipun Bagawan Abiyasa saking Dewi Ambaini. Cacadipun tengeng. 67
  • cahmbanjarGAMBAR PANGRAKITING GANGSA ING PANGGUNGKaterangan : 6. Rebab 12. Slenthem 18. KenongGedebog 7. Gambang 13. Bonang Barung 19. Kempyang/KtDhalang 8. Gender Penerus 14. Bonang Penerus 20. Kempul/GongKothak 9. Kendhang 15. Demung 21. WarangganaTutup 10. Siter 16. Saron Barung 22. WiraswaraGender Barung 11. Suling 17. Saron Penerus 68
  • cahmbanjar BAB IV WEWATON CAKING PAKELIRAN1. Pambuka utawi Purwaka Saderengipun pagelaran ringgit purwa Gagrag Banyumas kawiwitan, langkung rumiyin dipunaturaken pasugatan gendhing-gendhing pahargyan dhumateng para miyarsa saha para pamiyarsa.Dene gendhinggendhing ingkang dados pathokan inggih punika: Gangsaran – Liwung – ManyarSewu – ingkang sedaya awujud Lancaran.Dene lampahipun utawi garapanipun makaten: Gangsaran katampen Liwung, wangsul Gangsaran,kalajengaken Manyar sewu, wangsul Gangsaran, lajeng kasuwuk. Manawi pinuju ngayahi pagelaran ing salah satunggaling panggenan ingkang kedah dipunungelaken gendhing-gendhing sesaji, (saged dipun selingaken gendhing sesaji ingkang dipunkersakaken minangka babaring manut panggenan satunggal lan satunggalipun.2. Manggung utawi Talu Sesampunipun gendhing-gendhing pambuka kasuwuk, nunten kaaturaken Gendhing Patalon,kangge nguntapaken dhalang ingkang badhe minggah panggung ing sangandhaping blencong. Dene gendhing-gendhing ingkang dados pathokan inggih punika: a. Gendhing Gambir Sawit, Laras Slendro, Pathet 9. b. Ladrang Gonjang-ganjing, Laras Slendro, Pathet 9. c. Ketawang Rajaswala, Laras"Slendro, Pathet 9. d. Ayak-ayak, Laras Slendro, Pathet 9. e. Srepeg, Laras Slendro, Pathet 9. f. Sampak, Laras Slendro, Pathet 9.Dene lampahipun utawi garapanipun makaten: - Gendhing Gambir sawit katampen Ladrang Gonjang-ganjing, kalajengaken Ketawang Rajaswala, dhawah Ayak-ayak, dados Srepeg, minggah Sampak (ing ngriki dhalang sampun wiwit minggah panggung, nunten mapan ing sangandhaping blencong). Sampak lajeng kasuwuk. - Taksih salebeting Sampak (saderengipun Sampak kasuwuk), dhalang niti priksa ubarampening pakeliran, kadosta: ringgit ingkang badhe kawedalaken lan sapanunggalanipun. 69
  • cahmbanjar3. Jejeran Kapisan (Ing salebeting Pathet-6). Sasampunipun sampak manggung kasuwuk, tumunten:a. Dhalang samadi, lajeng andhodhog kothak lamba sapisan (DHOG), minangka sasmita pathetan utawi grambyangan (tanpa ungel-ungelan sulukan).b. Salajengipun dhalang andhodhog kothak banyu tumetes kaping tiga, kasambet dhodhogan sarug sapisan (DHOG-DHOG-DHOG, DHERODHOG), katampen ungeling gong suwukan.c. Sasampunipun punika lajeng andhodhog rangkep sapisan, lajeng katampen kendhang buka, nunten dhodhogan pinjal kaping kalih nyarengi swanten lampahing kendhang, ngleresi Gong buka kasarengan Keprak (DHOG-DHOG, DHOG-DHOG, DRODHOGCAK).d. mBedhol gunungan/kayon.e. Sasampunipun kabedhol, gunungan kageteraken sinarengan keprak, dhodhogan seseg sareng- sareng kalajengaken sasmita gedhog wirama rangkep, dados Ayak-ayak Lasem Wirama tamban, kangge angiringi medaling Parekan sae lan awon.f. Sarampunging parekan ambeksa, ayak-ayak minggah Srepeg Lasem arang. Mengel keprak sasmita, nyarengi medaling Ratu.g. Ing Pasewakan, Ratu sampun medal, Putran lan Patihan dereng katingal. Yen Ratu sampun lenggah, Putran nembe marak sowan, kasusul Patihan lan sanes-sanesipun.h. Ing ngriki Srepeg Lasem arang kadadosaken ayak Lasem malih, kangge nyarengi kombangan CANDRA SANGKALA WATAK SATUNGGAL, utawi CANDRA PANGGUNG, lajeng minggah ayak Lasem sawatawis, kalajengaken gendhing BONDHET, sinarengan dhodhogan pinjal lamba, kasambet tetegan, sarug, dhalang wiwit NJANTUR. Ing salebeting dhalang njantur, gangsa ingkang mungel namung: Gender, Gambang, Slenthem, Gong sareng Kenong, Rebab lan Suling. Dene Waranggana mungel lirih (setengah swanten). Kendhang ngimbangi irama.i. Telasing janturan, dhalang paring sasmita gedhog sapisan, kasamber Gombyakan utawi Ciblon;j. Ciblon sa-Gongan kasuwuk. Sasuwuking gendhing, dhalang lajeng Suluk Pathet-6 Ageng.k. Kangge nyasmitani suwuking gendhing, dhalang ndhodhog lamba sapisan (DHOG), sasampunipun Kenong Tiga, wonten panggenan ngajengaken magak (pipilan)l. Suluk badhe telas kirang kalih gatra, ndhodhog sapisan, kasambet keprak nitir.m. Kirang sagatra tinampen dhodhogan nitir ngantos purna.4. Ginema. Manawi jejer mboten wonten tamu (jengkaran kemawon), dipun suluki: PLENCUNG.b. Manawi jejer wonten tamu, dipun suluki: IRIM-IRIM;c. Jengkaran, Gapuran, Kedhatonan lan Samadi namung dipun gedhongaken kemawon. 70
  • cahmbanjard. Ing salebeting Sang Ratu wonten ing Sanggar Pamujan, dipun suluki: Ada-ada Greget Saut CANDRA SANGKALA WATAK TIGA.5. Paseban Jawi Ringgit wonten Paseban jawi dipun iringi: Srepeg Lasem. Lan sasampunipun suwuk, dipunsuluki SENDHON SUSUN.6. Budhalan Budhalan mawi Kapalan, Rampogan lan mawi nyandra Mathining KapalDene iringanipun: Ricik-ricik Banyumasan, Manyar sewu utawi Gangsaran Dhadha.7. Adegan Singgetan Patih Sabrang lan sesaminipun kadherekaken wadya. Iringan manut wasana.Perang gagal, nunten simpangan margi. Manawi Bambangan mengsah Dugangan, srepeg Lasemkarangkep saperlunipun.8. Adegan Sabrang (Adegan Pathet-6 Kaping Kalih) Kangge nyelani utawi pratandha badhe gentos adegan, ing salebeting Pathet-6, gunungan/kayon,dhoyong dhateng sisih kiwa (manawi dipun tingali saking wingkinging dhalang). Katancebaken ingdebog ngandhap. Iringan gendhing merdika, manut swasana. Satelasing janturan, swantening gendhing wangsul kados saderengipun sirepan, nuntenkasuwuk, lajeng dipun suluki Pathet-6 jugag, kasamber ginem. Tumunten bidhalan, perang kaping kalih utawi Perang Magakan.9. Gara-gara (Ing salebeting Pathet-9)a. Ing salebeting gara-gara, nyandra isen-isening Gunungan.b. Dipun suluki ada-ada Greget saut. Gunungan kawalik (warni abrit), lajeng nyandra kadadosaning Gara-gara.c. Sesampunipun punika nunten sasmita Ayak Sanga, dhawah Srepeg Sanga, kalajengaken Sampak Sanga, gunungan kabedhol kageteraken, kasolahaken teras kageteraken malih, lajeng katancebaken ing sisih kiwaning dhalang.d. Taksih salebeting Sampak, Prepat Panakawan: Semar, Petruk, Gareng lan Bawor, kawedalaken Sarwi jejogedan.e. Badhe gentos Pathet-9, Gunungan jejeg ing debog nginggil, mboten dhoyong ngiwa utawi manengen.f. Ing salebeting gara-gara katembangaken Sinom Grendhel utawi Suluk Semar 9. Ugi lelagon gendhing-gendhing Banyumasan. 71
  • cahmbanjar10. Adegan Pratapan (Pandhita lan Bambangan) Gendhing merdika, manut swasana. (suka, gembira, sungkawa). Ginem Budhalan, mawi iringan Ladrang Clundhang winangun. Perang sekar utawi Perang Kembang (Bambangan – Cakil utawi Macan).11. Adegan Sintren (Adegan Pathet-9 kaping kalih) Gunungan taksih jejeg, katancebaken ing debog ngandhap. Gendhing merdika, manut swasana.Dipun suluki Pathet-9 Jugag. Ginem. Budhalan. Perang Sintren, kairingan Srepeg-912. Adegan Manyura (Ing salebeting Pathet Manyura) Gunungan Pathet-6 katancebaken miring manengen (manawi dipun tingali saking wingkingdhalang). Gendhing merdika manut swasana. Dipun suluki Pathet Manyura Wetah (saking Barang). Ginem Budhalan Perang manyura (Perang Srambah). Dipun suluki Greget saut Manyura Banyumasan.13. Adegan Manyuri Suluk Gagak-Ngurah (Suluk Pancer Lima), kalajengaken Sampak.14. Tayungan (Perang Brubuh) Sampak Jangga Tayungan Bima mawi ketawang Pisan Bali, kasuwuk lajeng Sampak, dados Ayak-ayak.15. Adegan Pungkasan Ayak-ayak, suwuk lajeng Ginem sawatawis, kalajengaken TANCEB KAYON. Kangge pungkasan dipun ungelaken gendhing Eling-eling Banyumasan. Adegan Pungkasan, ringgit mboten kenging langkung saking gangsal (5) 72
  • cahmbanjar KANDHA LAN CARIYOS1. Kandha kombangan2. Kandha janturan tumrap Jejer Kapisan Nagari Ngastina3. Kandha janturan tumrap Jejer Kapisan Sri Bathara Kresna ing Dwarawati4. Kandha janturan tumrap Jejer Kapisan Bathara Guru ing Kahyangan Junggring Salaka5. Kandha panyandraning Nata lenggah siniwaka6. Kandha salebeting Jejer Ratu manggih rembag pakewed7. Kandha salebeting Jejer badhe katamuan8. Kandha majenging tame mawi gendhing9. Kandha badhe kondur angedhaton10. Kandha badhe kondur angedhaton tumrap Kahyangan11. Kandha Gapuran12. Kandha Adegan ing Kadhaton13. Kandha kondur angedhaton, gapuran, kadhatonan, sanggar palanggatan kasanggit utawi kagedhongaken14. Kandha paseban jawi15. Budhalan16. Kandha panyandraning ringgit turangga17. Kandha tumrap Sri Kresna kondur angedhaton lajeng badhe mabur18. Kandha wayang duka (nesu)19. Kandha candraning ringgit, tumrap ringgit badhe asilih warna20. Kandha kangge Adegan II (Adgan Sabrangan)21. Kandha badhe Gara-gara22. Kandha janturan Gara-gara23. Kandha bakda Gara-gara24. Kandha janturan pratapan Sapta Harga25. Kandha adegan ing tengah wana26. Kandha tumrap ringgit trenyuh27. Kandha candraning ringgit tumrap R. Harjuna nedya anglepasaken jemparing28. Kandha candraning ringgit tumrap R. Gathutkaca badhe mahawan gegana29. Kandha candraning ringgit R. Werkudara sedya lumaksana30. Kandha tumrap ringgit pinrawasa ing paprangan 73
  • cahmbanjar BAB V KANDHA LAN CARIYOS1. Kandha Kombangan Salebeting Jejer Kapisan mawi Candraning Panggung a. Kelir : Si Jagad Ginelar b. Debog : Si Bumi dadi c. Peluntur : Si Kelabang ngerap d. Gotongan : Si Megantara e. Ander : Si Panugering Jagad f. Placek : Si Paksi Raja g. Tepak dara : Si Sangga Buwana h. Kothak : Si Gedhong Pangrantunan i. Keprak : Si Gelap Ngampar j. Cempala : Si Panggugah Ati k. Blencong : Si Surya Kembar l. Tebeng Blencong : Si Banas Pati m. Kinteling Blencong : Si Tlaga Ngembeng n. Lisahing Blencong : Si Bathara Bayu o. Delesing Blencong : Ususing Bethara Kala p. Soroting Blencong : Si Bathara Surya Urubing Blencong nyawaning Wayang. Wayang kinudang dening Dhalang. Sukma manjingraga, raga manjing sukma. Kandha kombangan salebeting jejer kapisan mawi Candra SangkalaWatak I. Rupa Candra Sasi Nabi Sasa Dhara Bumi Budha Roning Medi Ibu Dara Janma Eka Wak Suta Siti Hawani Wungkulan Wulan Niyata Tunggal Kabeh2. Kandha janturan tumrap Jejer Kapisan Negari Ngastina Hong wilaheng awegenam astu namas sidhem. 74
  • cahmbanjarAna ratu sidibya pranatengrat pramuditya. Mantra-mantra wetan hanggendanu kilen. Rep-repsurup Hyang Pratanggapati, kilen pinayungan asta gangga wiron tanu. Asta tangan, ganggabanyu, wira papan, tanu tegese tulis. Yen dhalang hamastani papan lan tulis tan prabeda. Denedhalang tegesipun ngudhal piwulang yektine anggelar suraosing Wedha sekawan.Ingkang kawastanan : Satunggal : Wedha Paramayoga Kalih : Wedha Pustakaraja Tiga : Wedha Purwakandha Sekawan : Mahabarata Wedha sekawan punika ngemu suraos HA – NA – CA – RA – KA dumunung sisih Wetan,DA – TA – SA – WA – LA Kidul, PA – DHA – JA – YA – NYA Kilen. Dene Ler MA – GA –BA THA – NGA. Purwaning cariyos hawewaton : KANDHA – BUDA – PURWAKA, KANDHA marangcaritane, BUDA marang asale, PURWAKA marang kawitane. Pramila samangkya samiamastani perang budi kang tetela kariya lasing tabet ingkang awujud gambar rineka jalmainggih winastan wayang. Wayang minangka pralampita wewayangin gesang sarta gegambaraning pakarti sae lanpakarti awon. Wayang kawine ringgit, tegesipun karipta miring sarana den anggit. Sayektianggitipun para pujangga linangkung duk ing uni. Gumelaring jagad raya yekti wonten jaman ageng tigang prekawis, inggih punika: Satunggal : Jaman Tirtayoga Kalih : Jaman Dwapara Tiga : SengaraSanadyan jagading manungsa ugi among tigang prekawis ingkang winastan : Satunggal : Guruloka Kalih : Endraloka Tiga : Janaloka Senadyan jaman tetiga hamung sayuga ingkang minangka wewaton sayekti JamanTirtayoga. Marma sinebat jaman Tirtayoga awit jagad ingkang gumelar taksih ngawang-uwung,tan wonten titah aneng Marcapada. Hamung wonten wewarnen catur warna, inggipunika :SURYA, CANDRA, KARTIKA lan BAWANA. Gantiya ingkang cinarita hanenggih dalu punika negari pundi ta ingkang KAEKA – ADI –DASA – PURWA. EKA marang sawiji, ADI linuwih, DASA sepuluh, PURWA marang 75
  • cahmbanjarwiwitan. Senadyan kathah titahing Dewa ingkang kaungkulan ing akasa, kasangga ing Pratiwi,kaapit ing samudra, kathah ingkang samya hanggana raras, hananging tan kadi Negari Ngastinaya Negari Gajahoya ya Kuru Janggala, Pramila winastan Ngastina, tuhu Kedhatonira PrabuHasti, Gajahoya yektine yasanira Sang Gajahoya ing uni, Kuru Janggala, kang hangratoni darahing Kuru. Sayekti negari ingkang panjang punjung, pasir wukir, loh ajinawi, gemah, aripah, karta, turraharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, pasir samudra, wukir gunung.Pratandha Negari Ngastina ngungkuraken pagunungan, ngeringaken benawi, nengenakenpasabinan, ngajengaken bandaran ageng. Loh tulus ingkang sarwa tinandur, ajinawi murah kangsarwa tinuku. Gemah pratandha para kawula ingkang sami lampah dedagang raina-wengi dhatanana pedhote, labet tan ana sangsayaning dedalan. Aripah dene janma manca negari ingkangdedunung ing praja Ngastina, pangraos jejel pipit, tepung cukit, papan wiyar katingal rupak,saking gemah raharjaning negari. Karta para kawula ing karang padusunan, ingkang anginguraja kaya, bebek, ayam, kebo sapi, tan ana kang cinancangan, kalamun raina haglar ingpangonan, kalamun ratri padha bali marang kandhange sowang-sowang. Raharja, dene tebihparang muka tuwin para abdi mantri bupati dhatan wonten ingkang sami lampah cecengilan,atut runtut saiyeg saeka kapti, sirna saking lampah durjana juti. Marmane ngupaya ing raya negari satus datan pikantuk kalih, negari sewu tan pikantuksadasa. Sayekti negari ingkang padhang jagade, jero tancebe, dhuwur kukuse, adoh kuncarane.Kathah narendra pat manca negari ingkang hanungkul aris, dhatan karana ginebaging prang,yektine hamung kaungkulan pambeganira Sri Nara Pati. Sinten ta dasa namane ingkang hamengku bawat jumeneng Narendra ing Negari Ngastina ,wenang den ucapena : Hajejuluk Maha Prabu Duryudana, Nararya Jakapitana, NarpatiJakapitana, Maha raja Gendari suta, Sri Bupati Kurupati, ya Prabu Suyudana. Mila ajejulukMaha Prabu Duryudana, tuhu makutha ning prajurit, Nararya Jakapitana, wiwit jaka denira ulahpuja. Narpati Jakapitana, rosa ing pamuja. Maha raja Gendari suta tuhu atmajane Dewi Gendari.Prabu Kurupati hangratoni dharah Kuru, Sri Suyudana suyud marang pepengil dana marangpaweweh. Sayekti ageng dedanane narendra ing Negari Ngasina, remen paring sandhang janmaingkang kawudhan, remen paring boga marang janma ingkang nandhang kaluwen, paringtudhung janma kepanasan, akarya suka marang kang nandhang prihatin. Yen ta ginunggungawiyaring jajahan, luhuring kaprabon miwah pambegane, yekti sadalu tan ana pedhote. Pramilapinunggel ingkang hamurweng kawi. Dene ingkang caket muggwing ngarsa nata, yeku Brahmananing Praja ingkang kinaryaparan para, pandhita ing Sukapanca ingggih ing Sukalima, ingkang hajejuluk Dahyang Durna yaResi Kumbayana. Pandhita putus marang saliring saniskara, anrang westi datan kasamaran 76
  • cahmbanjar marang mobah mosiking manungsa, lebda marang saliring guna pangawikan. Pramila wong sap raja pada sumungkem ambapa marang Resi Kumbayana. Ingkang lenggah hamarikelu kaya konjem-konjema pratala wadanane, warangka nata ing Ngastina, ajejuluk Rekyana Patih Harya Suman, Harya Sangkuni ya Sri Gantalpati. Warangka nata limpad pasang graita, lebda ing wicara, julig ing pambudi, mumpuni dhateng reh-ingering praja. Pramila para kawula sami sumungkem ambapa, awit ajrih kapanduking karti sampeka. Dene ingkang lenggah mungwing wurinira, hanenggih Sang Harya Kartamarma. Pangeran ngiras paniti sastra, pramila rainten-dalu tansah cinaketan kaliyan ingkang raka nata. Kasambet pisowanipun para wadya, pepak hambelabar dumugi trataging paringgitan, mangaler dumugi pangurakan, mangilen dumugi ing wantilan, mangidul dumugi ing Monggangan. Habra busanane sagunging kang samya hanangkil, tinon saking mandrawa pindha panjrahing puspita. Jroning pagedhongan Sri Nara Nata ndaweg manggalih ….. Makaten sabda pangandikan ingkang dereng kawedar ing lesan.3. Kandha janturan tumrap Jejer Kapisan Negari Ngastina Hong wilaheng awegenam astu namas sidhem. Ana ratu sidibya pranatengrat pramuditya. Mantra-mantra wetan hanggendanu kilen. Rep-rep surup Hyang Pratanggapati, kilen pinayungan asta gangga wiron tanu. Asta tangan, gangga banyu, wira papan, tanu tegese tulis. Yen dhalang hamastani papan lan tulis tan prabeda. Dene dhalang tegesipun ngudhal piwulang yektine anggelar suraosing Wedha sekawan. Ingkang kawastanan : Satunggal : Wedha Paramayoga Kalih : Wedha Pustakaraja Tiga : Wedha Purwakandha Sekawan : Mahabarata Wedha sekawan punika ngemu suraos HA – NA – CA – RA – KA dumunung sisih Wetan, DA – TA – SA – WA – LA Kidul, PA – DHA – JA – YA – NYA Kilen. Dene Ler MA – GA – BA – THA – NGA. Purwaning cariyos hawewaton : KANDHA – BUDA – PURWAKA, KANDHA marang caritane, BUDA marang asale, PURWAKA marang kawitane. Pramila samangkya sami amastani perang budi kang tetela kariya lasing tabet ingkang awujud gambar rineka jalma inggih winastan wayang. 77
  • cahmbanjar Wayang minangka pralampita wewayangin gesang sarta gegambaraning pakarti sae lanpakarti awon. Wayang kawine ringgit, tegesipun karipta miring sarana den anggit. Sayektianggitipun para pujangga linangkung duk ing uni. Gumelaring jagad raya yekti wonten jaman ageng tigang prekawis, inggih punika: Satunggal : Jaman Tirtayoga Kalih : Jaman Dwapara Tiga : SengaraSanadyan jagading manungsa ugi among tigang prekawis ingkang winastan : Satunggal : Guruloka Kalih : Endraloka Tiga : Janaloka Senadyan jaman tetiga hamung sayuga ingkang minangka wewaton sayekti JamanTirtayoga. Marma sinebat jaman Tirtayoga awit jagad ingkang gumelar taksih ngawang-uwung,tan wonten titah aneng Marcapada. Hamung wonten wewarnen catur warna, inggipunika :SURYA, CANDRA, KARTIKA lan BAWANA. Gantiya ingkang cinarita hanenggih dalu punika negari pundi ta ingkang KAEKA – ADI –DASA – PURWA. EKA marang sawiji, ADI linuwih, DASA sepuluh, PURWA marangwiwitan. Senadyan kathah titahing Dewa ingkang kaungkulan ing akasa, kasangga ing Pratiwi,kaapit ing samudra, kathah ingkang samya hanggana raras, hananging tan kadi Negari ingDwarawati ya negari ing Amiralaya. Pramila winastanan Dwarawati, Dwara – lawang, wati tegese alam, pranyata negari kinaryawiwaraning rahsa, pabukaning Budi. Negari ingkang hanyakrawati, hambaudhendha. Madhepmanembahe marang kang akarya jagad. Asih hangaji-aji marang sesamining dumadi, rukunmanunggal wangsane, golong gilig mranata prajane sarta adil paramarta bebrayaning kawulane. Pramila kene den arani negari Dwarawati, negari ingkang panjang punjung, pasir wukir, lohajinawi, gemah, aripah, karta, tur raharja. Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane,pasir samudra, wukir gunung. Pratandha Negari Amiralaya ngungkuraken pagunungan,ngeringaken benawi, nengenaken pasabinan, ngajengaken bandaran ageng. Loh tulus ingkangsarwa tinandur, ajinawi murah kang sarwa tinuku. Gemah pratandha para kawula ingkang samilampah dedagang raina-wengi dhatan ana pedhote, labet tan ana sangsayaning dedalan. Aripahdene janma manca negari ingkang dedunung ing praja Ngastina, pangraos jejel pipit, tepungcukit, papan wiyar katingal rupak, saking gemah raharjaning negari. Karta para kawula ingkarang padusunan, ingkang angingu raja kaya, bebek, ayam, kebo sapi, tan ana kang 78
  • cahmbanjarcinancangan, kalamun raina haglar ing pangonan, kalamun ratri padha bali marang kandhangesowang-sowang. Raharja, dene tebih parang muka tuwin para abdi mantri bupati dhatan wonten ingkang samilampah cecengilan, atut runtut saiyeg saeka kapti, sirna saking lampah durjana juti. Marmanengupaya ing raya, negari satus datan pikantuk kalih, negari sewu tan jangkep sadasa. Sayektinegari ingkang padhang jagade, jero tancebe, dhuwur kukuse, adoh kuncarane. Kathah narendrapat manca negari ingkang hanungkul aris, tan karana ginebaging perang, hamung kaungkulanpepoyaning kautaman. Sinten ta dasa namane ingkang hamengku bawat jumeneng Narendra wonten negariDwarawati hajejuluk : Maha Prabu Sri Bathara Kresna, Narayana, Prabu Sasra Sumpena, PrabuPuthut Cakrandana, ya Prabu Harimurti. Pramila hajejuluk Maha Prabu Sri Bathara Kresna : Kres-ireng, Na tegese padhang jagade,yektine Narendra pirsa sadurunge winarah. Narayana tegese manungsa asipat Bathara. PrabuSasra Sumpena : Sasra – sewu, Sumpena tegese impen, yektine Sang Prabu Sang Prabu Kresnanyupena sedalu kaping sewu rambahan, parandene tan ana kang sisip. Prabu Puthut Cakrandana tegese Puthut wus ngarani, Cakrabunder, Dana – weweh sayektiNarendra remen dana weweh marang saliring tumitah. Prabu Harimurti : Hari – enom. Murti –panjamane Sang Hyang Wisnu, Narendra panjamaning Sang Hyang Wisnu. Sayekti Narendra mustikaning jagad, andeng-andenging bawana, Narendra hambekparamarta: tanuhita, darmahita, somahita miwah sarahita. Tegese remen ulah pangadilan, remenulah kapandhitan, remen ulah kaprajuritan sarta marsudi mring tata krami. Narendra kinasihDewa, kinamulen para widadari, kinacek samaning ratu, unggul tan hangungkul-ungkuli,endhep tan kena kaungkulan. Yen ta ginunggunga luhuring kaprajan miwah pambegane, yektisadalu tan ana pedhote, pramila pinunggel ingkang hamurweng kawi. Nalika samana pinuju ari respati Sri Nara Nata, miyos siniwaka, munggwing sitinggil binatarata, lenggah kursi gadhing dhampar dhenta, ingkang pinatik ing kumala, lelemek babut prangwedani, sinebaran sari-sari ginanda wida, lisah jebad kasturi den ayap para badhaya sarimpi,manggung ketanggung ingkang samya ngampil upacara retna, kinebutan lan badhak kanankering, kongas gandhane dumugi sajawining pangurakan. Dene ingkang caket munggwing ngarsa nata, putra saking KasatriyanParanggarudha,ingkang hakekasih R. Samba Wisnu Brata. Dhasar satriya bagus, rinengga ingbusana , limpad pasang graita, pramila hanggung cinaket kaliyan rama nata. Ingkang lenggahjejer radi kapering, satriya ing Garbaruci inggih ing Lesanpura, ingkang hakekasih R. Setyaki yaR. Singa Mulangjaya. Satriya gul-agul gedhug manggalaning yuda negari Dwarawati, pramiladhatan mokal kalamun tansah kinasihan kaliyan ingkang raka nata. 79
  • cahmbanjar Sinambung ing wurinira, hanenggih Sang Rekyana Patih Hudawa, ingkang pilenggah ing Widara Kandhang. Kasambet pisowaning para wadya pepak hambelabar dumugi dhateng trataging Paringgitan, mangaler dumugi Pangurakan, mangilen dumugi Wanitalan, mangaler dumugi ing Monggangan. Habra busanane pindha panjrahaning puspita. Jroning pagedhongan Sri Nata manggalih ….. Makaten sabda pangandikanira, ingkang dereng kawedharing lesan.4. Kandha Janturan Tumrap Jejer Kapisan Bathara Guru Ing Kahyangan Junggring Saloka Ing mangkya langya miyos siniwaka wonten ing made Marcukundha manik, munggwing amparan mutiara, lelemek babut pepanjanging swarga, den ayap para widadari kang busana adi mulya, ageganda lisah jebat kasturi, Mahataning widadari ing Suralaya. Dene ingkang sampun sowan ngabyantara wonten made Marcukundha manik, ingkang mangkya tuwangganing para Jawata, inggih sepuhing Jawata, ingkang hajejuluk Sang Hyang Kaneka Putra ya Sang Hyang Narada. Ing wuri sinambung pisowanipun Jawata ing Kahyangan Harga Duksina, yeku Sang Hyang Bathara Brahma miwah Sang Hyang Bathara Panyarikan. Pepak para pangagenging Jawata, para Hyang-Hyang yayah samudra pasang, hambelabar dumugi himbanging pakahyangan. Binarung ungeling gamelan Lokananta munya mangangkang, pratanda miyosing Sang Hyang Jagad Pratingkah, aneng made Marcukundha manik. Jroning parepatan agung, Sang Hyang Bathara Guru lagya manggalih ………. ingkang hamrebawani gara-garaning jagad. Teka mangkana dawuh sabda pangandikanira Sang Hyang Jagad Girinata ingkang dereng kawedaring lesan.5. Kandha Panyandraning Nata Lenggah Siniwaka Rep jagad sulaksana pundita, ingkang nata gung ing Negari ….. jelujuk Kacarita nuju ari respati Sri Nata Miyos siniwaka, munggwing sitinggil binata rata, lenggah ing kursi gadhing dhampar kencana ingkang pinalipit ing kandhana, pinatik ing kumala, lelemek babut sutra biru renenda rinengga adi, sinebaran sarining puspa warni, ingayap para emban sumawana jaka palara-lara kanan miwah kering, sirna sipating titah pindha Jawata ngejawantah wauta. Sakathahing para wadya kang samya seba, yen cinandra pindha konang mangsa katiga ing wanci dalu. Kaprabawan Hyang Sasadara dangu Sri Naranata dereng karsa paring pangandika, pranyata sunya jroning panangkilan, sanadyan godhonging kayon tan ana obah, samirana datan 80
  • cahmbanjar lumampah. Hamung kapiyarsa swabawaning abdi gendhing miwah kemasan, kang samya nambut kardi, lawan peksi jalak kang munya ing madya gantang. Teka mangkana wijiling sabda pangandika ……….6. Kandha salebeting Jejer Ratu Manggih Rembag Pakewed Wauuta, kocap kacarita kaya mangkana Nata ing ………. Prabu ………. dupi midanget aturira ……… sakala yayah katraman badra irawan. Badra araning rembulan, irawana mendhung. Panggalihe Sang Nata peteng dhedhet lelimengan, bebasan sagebyaring thathit tan ana padhang. Dangu sangsaning dangu ginagas, saksana jroning mangya pinupus ing wardaya, hamung mangesti marang pangwasaning Hyang kang akarya jagad. Mangkana ta pegat-pegat pangandikanira ……….7. Kandha Salebetin Jejer badhe Katamuan Lah ing kana ta wau, kandheg pangandikanira Sri Naranata, dupi uninga kupu kekejer samadyaning pendapi gung, miwah kapiyarsa swantening kukila prenjak ingkang hangganter- ngganter, yekti mratandani menawi badhe wonten tamu. Dereng ngantos medhar pangandika, wasana kasaru gegering jawi, gumeder samya alok ana tamu. Sakala tuwangganing prajurit jumangkah minggah ing sitinggil, miyak kang samya hanangkil, arsa atur wuninga dhateng Sang Prabu ………. (minggahing tamu prayogi mawi sasmita gendhing).8. Kandha Majenging Tamu mawi Gendhing Wus prapteng jroning panangkilan caraka saking Nagari ………. Ingkang apeparab ……. repeh-repeh pindha sata manggih krama lampahe, dupi caket ing arsa Nata gya hamanembrama, nulya lenggah kaya konjem-konjema ing bantala wadanane. Jawil-jinawil para wadya kang samya hanangkil, waneh-waneh panarkane, parandene rep sidhem permanem data nana swabawane. Hamung jroning panglucitaning wardaya, paran baya wigatine teka ana utusan munggah marang sitinggil. Alon wijiling sabda pangandikan Sri Naranata.9. Kandha Badhe Kondur Hangedhaton Kocap kacarita, purna dhawuh pangandikanira Sang Nata hangrengkoni wika-wiku sabda Pandhita Ratu. Sabdaning Pandhita Pangandikaning Ratu dhatan ana bedane, bebasan senteg pisan anigasi denta-denti, kusuma wresa. Denta – gajah, denti gadhing, kadi gadhing ingkang 81
  • cahmbanjar los saking papanipun, yakti tan saged wangsul. Kusuma-kembang, wresa-udan, kadi udah kang wus tumetes bantala tan saged wangsul malih. Sumawana sabda pangandikaning Narendra. Sakala Sri Narendra arsa kondur hangedhaton, jengkar saking palenggahan jleg tumedhak saking kursi gadhing dhampar dhenta, tindaking Sri Naranata binayang-bayang kare, sirna kamanungsane, yayah prabancana ngejawantah aneng madyapada. Kurmating para nara praja, miwah para wadya tinon saking mandrawa ….…… (sasmita gendhing).10. Kandha Badhe Kondur Ngadathon Tumrap Kahyangan Hanenggih wau kocapa, purna wedharing wasita Sang Hyang Jagad Pratingkah arsa kondur Makahyangan Purantara. Yekti henetepi denira jumeneng Narendraning para Dewa, tuhu kang kaweca dadya, medhar sabda sapisan dadi, tan kena owah gingsir. Sigra kondur Makahyangan den ayap para widadari, tinon saking madrawa kadi ………. (sasmita gendhing).11. Kandha Gapuran Laju tindakira Sri Naranata, ing Sri Panganti datan pinarak, kendel sangajenging gapura mriksani rerengganing gapura, mesem jroning nala dupi uninga polahing bremara ingkang samya ngisep sarining kembang pepethetan kang taksih cungkup. Hanggraita jroning wardaya Sri Naranata, bebasan luhuring gapura kaya ngarosaken gunung Mahameru. Kanang gapura ingukir mas rinaja werdi, puncake rinengga ing sesotya saklapa gedhene, ingapit mawa retna, pating galepyar sumorot jroning taman, amahanani rainten dalu tan ana bedane, saking prabawaning kanang sesotya. Punapa ta ingkang minangka kangge tetengering siyang lan ratrine, yeku klangenanira Sri Narendra, arupi paksi jiwa-jiwa sajodho. Kalamun samya saba mratandhani kalamun wanci siyang, dene kalamun mapan tilem mratandhani wanci dalu. Korining gapura sinung kaca gedhah jingga, ginambar temanten kakung lan puteri, yen kori pinuju menga kadi pepacangan kang semayan, kalamun pinuju minep kanag kori, pindha temanten binayang-bayang. Tepining gapura pinetha upala jalu lan estri pindha yaksa lan yaksi. Rema gimbal parunggu ginosok kang kinarya, mripat kumala rekta, kulit ginawe saking tembaga wulu pamor, mundhi gada hamedeni. Kupinging gupala sinung bremara, yen menga minebing kori, sru gumerit swarane, pindha panggerenging yaksa arsa hanubruk. Asri dinulu kekembangan jroning taman. Saselaning 82
  • cahmbanjar pepethetan kinarya margi sajuru-juru, sinebaran sesotya mirah jemerut, mutiara, widuri, kalamun sinampar para emban cethi kang lagya lumaksana, pating galebyar pindha kartika asilih pernah. Nora mantra-mantra kalamun taman ing marcapada, hananging padha kalawan taman taman ing Kahyangan Kawidadaren.12. Kandha Adegan Ing Kadhaton Hanenging pundi ta ingkang cinarita, ora kaya kang ana ing kedhaton ……… sinten ta ingkang ndaweg lenggah munggwing panirating Prabu Suyasa, punika ta ingkang hakekasih ………. Dhasar wanodya sulistya ing warna, rinengga ing busana adi, tur saged hangemong marang sakarsanira ingkang raka Nata. Pramila sapisan kewala dereng nate karengon, awit saking denira widagda hanuju prana, limpad pasang graita hambeg hangumala arum. Dahat sulistyaning warna, kalamun cinandra luwih warna kurang candra. Wadana nedheng hamaesan, palarapan nyela cendhani, wimba nanggal sapisan, netra kocak halindri-lindri, grana rungih, pepasu lir pinatut, lathi pidha manggis karengat, waja hamiji timun, pangarasan haduren sajuring, athi-athi hangudhup turi, karna nedheng hanjamur kuping. Rema memak hangembang bakung, sarira njenar hambengele keris, jangga ngulan-ulan, pembayun hanyudenta weweg, asta hanggendawa gadhing, driji mucuk tanjung, bangkekan hanawon kemit, jejengku lir cupu manik, kempok kiyal hangemanak, kencet lenggang maya- maya, tungkak bunder lir jinangga, jempol pindha sirahing sarpa, gares lurus lir pinatut, wentis hamukang gangsir. Sayekti akarya brataning kang samya humiyat. Pilih sapedhaning wanita, sumeh semunira, manise arebut enggon, eseme pait madu pinastika, lembeyane mblarak sempal, tindake njalak ndinding. Kacarita Sang Sri Supadmi wara pinuju pinarak lenggah ing Prabasuyasa, sinambi mriksani pra badhaya sarimpi, ingkang sami gladhen beksa. Pradangga munya hangrangin, sesenggakan rebut wirama, keplok imbal hangedasih. Sasuwuking wirama, ana sasmita kalamun Sri Naranata kondur hangedhaton, gupuh-gupuh Sang Sri Supadmi nggenira hamethukaken, sinambi ngasta setaman, kinarya mijiki padanipun Sang Nata.13. Kandha Kondur Hangedhaton, Gapuran, Kadhaton, Sanggar Palanggatan Kasanggit utawi Kangedhongaken. Lah ingkana ta wau, lulus raharja tindakira Sri Naranata ing Negari ………. Prabu .......... denira kondur hangedhaton, datan kendel mriksani reregganing gapura. Gya manjing jroning 83
  • cahmbanjar datulaya, kembul nandang sumawana ingkang garwa, kusumaning ayu retraning dyah Ratu ………. Saha ingkang putra-putri sekaring kedhaton Dewi .......... Purna nggenira kembul bujana ing papan pambojanan, gya manjing jroning panti busana. Ngracut busana kanarendran, ngrasuk busana kapandhitan, tumameng Sanggara Palanggatan, wus samapta saput parantining pamuja, ingkang warni sesaji. Apa ta warnaning sesaji, yeku menyan saendhasing gajah gedhene. Sinemed munggwing palataran, kukus kumendeng yayah sumundhul mring antariksa. Sri Naranata gya manggah samadi. ………. Greget saut (Candra Sangkala Watak III). Gya sidhakep asuku juga, ngeningaken pandulu nutupi babahan hawa sanga. Panca driya kaeksi, sekawan ingkang binengkas sajuga kang sinidikara, kinarya laksiting brata. Hanut lebu wetuning bajra-erawana, angukud panca driya, kinemat-kamoting wardaya. Jagad rinegem dadya samrica binubut, tuhu dudu jagad kang gumelar, hananging yektine jagate Sang Prabu ……….. Wauta, nahenta kang lagya samadi maladi hening, aneng Sanggara Palanggatan, orang kaya kang ana Paseban Njawi. Rekyana Patih ………. animbali para wadya. Saking wantering dhawuh, solahe para wadya pidha gabah den interi.14. Kandha Paseban nJawi Kocap kacarita ora kaya kang ana pagelaran njawi, pepak andher para wadya kang samya hanganti, mundurira Sang Rekyana Patih ………. Saking ngarsa Nata. Samya gambira ing cipta para wadya, dupi uninga rawuhe Sang Adipati, ingkang mandhap saking sitinggil ………. (sasmita gendhing).15. Budhalan Wauta dhampyak-dhampyak, para prajurit ingkang samya nampi dhawuh saking Rekyana Patih, kinen pacak baris pasisiran. Bawane kang wus datan kirang sandhang lawan boga, turta kacukupan marang sakamubarange, yekti samya sigrak gambira ing cipta. Tinata kapantha sajuru-juru, kang busana abang kumpul padha abang kadya wana kabesmi, kang busana kuning kumpul padha kuning kadi podhang binorehan, kang busana ireng kumpul padha ireng pindha gagak mangsa wangke, kang busana putih kumpul padha putih candrane pindha kuntul haneba, kang busana ijo kumpul padha ijo, kadya tanduran kang lagya gumadhung. Rame swaraning para prajurit, gung gumuruh dhedhe katatab teteg kaya butul-butula, budhaling wadya tinon saking mandrawa kadi ………. (sasmita gendhing). 84
  • cahmbanjar16. Kandha Panyandraning Ringgit Turangga Ora kaya kang aneng madya hantara; madya – tengah, hantara tegese alun-alun, aneng madyaning alun-alun yeku kuda titihanira ………. ingkang awasta ………. Kudha tedhaking si ………. ya tedhak si ………. yektine kuda saking Kadewatan, kang wus kena den handelake ana ing rana adilaga. Tau tate sisip jemparing, sumusup kukusing sendawa, datan tumama ing braja, tapak paluning sisaning gurendra, tanapi tedhasing kikir. Kanang turangga handarbeni katurangga, yeku : Sumur bandhung kang dumunung aneng bathuk, Gandhik ilo kang dumunung aneng salebeting mripat. Glathik ngilo kang dumunung aneng sejawining mripat Gerot kang dumunung aneng waja Gereng kang dumunung aneng andeman Turingas kang dumunung aneng lathi Satriya manah kang dumunung aneng bau kanan Satriya kapanan kang dumunung aneng bau kering Baya pepe kang dumunung aneng geger Baya ngangsar kang dumunung aneng jaja Klabang angling kang dumunung aneng poking wentis Satriya pinayungan kang dumunung aneng geger rangkep kalih Kembang sepasang kang dumunung aneng bathuk rangkep kalih Surung kang dumunung aneng bokong rangkep kalih Kala luweng (dhekok) kang dumunung aneng saenggen-enggen Klungsur kang dumunung aneng tlapukan Pagas kang dumunung aneng bathuk rata mripat Apa ta sandhanganing turangga : Lapak baludru, rarabe sutra diwangga, kinalungan mas kang rinengga. Dipun clekathaki kajeng cendana garu rasa mala, ingkang kadamel wiru-wiru. Sangga wedhi cracangan wesi pulasrani, apus buntut cengkelat aji, apus buntut cengkelat dhenta. Dipun edeg-edegi kanan miwah kering barong asepak, saha keparingan cemethi. Cemethi dipun pepentholi sesotya sabotor gedhene. Kalamun kanang cemethi kacegeraken, candrane yayah teja hanelahi, kalamun kaplengkungaken, candrane pindha kekuwung, kalamun kanang cemethi kaobat-abitaken, candrane yayah konang beburon. Wauuta : ………. (asma) wus haitihi kuda Kyai ………. gya hanyandhak apusing turangga miwah hangasta kanang cemethi. 85
  • cahmbanjar Kanang cemethi kasawatakaen suku wajik ingkang kiwa, lampahing kudha lir bedhaya. Sareng kanang cemethi kasawataken suku wajik ingkang tengen, lampahe turangga kagir-kanggep. Kagire kudha edeyan, kanggepe si Badranaya, ngerap-ngerap lir Maesandhanu, kumricik lampahing turangga. (………. sasmita gendhing) Katerangan : Bab katurangganing Turangga, prayogi dipun jumbuhaken kaliyan ringgit ingkang hinitihi.17. Kandha Tumrap Sri Kresna kondur hangedhaton lajeng badhe mabur Kocap kacarita nata ing Amiralaya Maha Prabu Sri Bathara Kresna miyos ing pabaratan, ninging driya nedya tindak dhateng ………. Bawaning Narendra gung kinathara hanyakrawati, nedya mahawan gegana, ngagem busana kaprabon. Apa ta busanane ? Ngagem makutha kang tinaretes ing sesotya, jamang mas sungsung tiga, kinancingan garudha mungkur, utah-utahane rineka sagara muncar, sinangga praba kancana, anting retna pinindha gegubahan surengpati, sang-sangan lur-luran naga rangrang dawala ngiras tetali kelat bau naga mangsa, gelang krang-rangan, supe tajug satunggal sisih, ngagem celana sutra seta. Purana nggenira ngagem busana Kaprabon, gya manjing sanggar pamelengan. Jroning sanggar pamelengan wus samapta saput parantining pamuja, ingkang awarni sesaji. Kanang sela seta wus munggwing padupan, sapira agenging sela, saklapa kiring gedhene. Gya binasmi winoran ratus myang garu rasmala bel murub yayah sumundhul mring antariksa. Sri Naranata gya nglekasaken pamuja, sidhakep asuku juga, samadi maladi hening, maneges karsaning Bathara. Estining penggalih jroning panekung, mugi pinaringan karaharjan. Sasmitaning Hyang Wasesa, tanantara prapta riris sumawur saka dirgantara, mawa ganda wida wewangi tumibeng pamelengan. Binarung tumuruning pulunggana pratandha katarima panedhane. Sakala ngracut samadine, hangetap busanane, hanetepake jejamange, mesat ngambara hanut kukusing dupa, pindha pesating warastra.18. Kandha Wayang Duka (nesu) Wauuta : duka yayah sinipi Sang Prabu / Raden ………. Dupi midhanget aturira ………. Padha sanalika geter sarirane, goyang kanang mustaka, netra ngumukus, waja gathik, kumejot padoning lathi. Jajabang mawinga-winga wengis, duka yayah sinipi, bebasan kadya merang binesmi bel mijil dahana, wauta; Sora wijiling pangandika.19. Kandha Candraning Ringgit, Tumrap Ringgit badhe Asilih Warna 86
  • cahmbanjar Wauuta : Nata ing ………. Prabu ………. Estining penggalih, pamengkuning raos nedya asilih warna. Puja mantra, teki brata, mati raga. Gya sidhakep asuku juga, nutupi babahan bawa sanga, hangeningaken panca driya. Panca wilangan lima, driya tegese angen-angen, hanyirnakaken napsu gangsal perkawis yeku pamiyarsa, pangganda, paningal, pangucap, miwah pangrasa. Hamung hanyipta sayuga, ingkang akarya jagad, pinandeng ing harga kusika, ana swara tan kapiyarsa, ana ambu tan ginanda, ana rupa tan dinulu, samadi maladi hening. Padha sakala hanjejer kaya tugu sinukarta, mati ngadeg yeku mati sajroning urip. Mancala putra mencala putri, sipating priya bisa dadi wanita, sipating wanita bisa dadi priya. Ical Prabu ………. jleg dadya ……….20. Kandha Kangge Adegan II (Adegan Sabrangan) Sasampunipun nyariyosaken ingkang nembe kalampahan, lajeng karasan janturan Adegan. Hanenggih ingkang kacarita, nunggil panggenan seje kandhane, mboten kadi ing Negari ………. Sinten ta dasa namane, hajejuluk ………. asra lenggah siniwaka, pepak andher para Nararya, dalah pada wadya ingkang samya marak seba. Miyosing Sang Nata tinon kadi ………. (sasmita gendhing).21. Kandha Badhe Gara-gara Lah ing kana ta wau, ingkang samya handayuda, wadya bala saking Negari ……… mengsah wadya bala saking Negari ………. Rame nggenira sami bandayuda, dugang-dinugang, silih ungkih ganti kalindhih. Sadaya sami ngetog kasudibyane, ing wasana wadya bala saking Negari ………. asoring yuda, karana pangumuking Raden ………. ingkang pindha sardula arsa memangsa. Mengsahira sami kapracondhang, bibar mawut, playune asalang tunjang ngupadi gesang. Dene wadya bala saking Negari ………. sesampunipun sami bibar mawut, gya sami hamakuwon ngasokaken sarira sami raraywan wonten sangandhaping randhu alas jejer sanga. ………. (dados pathet sanga)22. Kandha Janturan Gara-gara Sigeg gantya kang winursita. Gorohe wong kandha, enggale kang munggel kawi. Kang adoh ginawa perak, kang perak tinebihna. Ing mangkya nyariyosaken ingkang wonten ing Pratapan Saptahangga miyosipun Sang Wiku Dibya Begawan Abiyasa, ingkang nalika samana ndaweg nampi, pisowanipun ingkang 87
  • cahmbanjarwayah Raden ………. kadherekaken panakawan Catur Pamon Sejati, yeku Ki Lurah Semarsaatmajane. Kocapa mijilipun Ki Lurah Semar, karana kaprabawan Sang Hyang Ismaya ngejawantahaneng marcapada, temahan hamahanani gara-gara. Dene gara-gara punika wonten tigangperkawis :1. Gara-garanipun satriya pethinganing Jawata ingkang ndaweg nandang sungkawa.2. Gara-garanipun Kyai Lurah Semar saatmajane. Apa ta marmane kalamun Ki Lurah Semar mijil amahanani gara-gara ?. Awit padha-padha titah. Kyai Lurah Semar saatmajane titah kang pinaringan yuswa panjang.3. Gara-garanipun Ki Dhalang. Ki Dhalang nganakake gara-gara, awit alam nedya ganti jaman, jaman nendya ganti alam, dene Dhalang arsa ganti pathet, yeku pathet nem nedya gumantos dadya pathet sanga.Apa ta pratandaning gara-gara ? Pratandhane ana gambaring kekayon kang tumanceb aneng satengahing jagad. Yektine dudujagading manungsa, hananging jagading kita Ki Dhalang. Tetela kekayon punika ingkangkasebat kayu Tursina, lire sedaya ingkang cinatur ana. Kayon mengku pralambang, pepengettumraping gesanging manungsa ing madyapada, awit kayun utawi khayun tegese gesang. Isen-isening wana ginambar peksi pudhang, lire peksi-pepek isine, pudhang tegesembenjang tembe kalamun namungsa kapupu bakal ana kang ngadhang, ngemu suraos kalamuning tembe kita kapundhut mring pangayunaning Gusti ingkang akarya jagad, pratamtu nedyakadangu, menggah lelampahan kita, nalika gesang ing jagading sesrawungan. Kethek sahakalong, tegese sak sintena janma kang remen ngglathek, tundhane nandhang kalong. Lutungtegese manungsa parikedah lulut ing petung. Ngemu suraos laku satindak, ngendika sakecap,kedah mawa petung haywa ngatya akarya kapitunaning liyan, minggahing dhateng Negari. Ginambar banspati tegese kita gesang ing madyapada, haywa ngantya nengenake dhatenglaku panas baran utawi panas aten. Ginambar kemangmang tegese urip aneg madyapada, ajasemang barang kang becik, singkirana tuladha kang ala. Buto loro tegese kita tansah nyebutaasmane kang akarya jagad, ginambar awarni Cingkarabala – Balaupata, kang tinanggenahhanjagi kori Selamatangkep. Kaya Tursina kang sisih kiwa pinulas abang. Mengku suraos, abar gambar kawahCandradimuka. Tetela sak sintera titah ingkang tansah makarti ngiwa, pratamtu manjing anengKawah Candradimuka, kabesmi dahana mangalad. ………. Greget saut Candra Sangkala Watak IX. (Kayon Kawalik)a) Mangkana sangsaya ageng hardaning Gara-gara, ngantya sumundhul mring Kahyangan Syalendra Bawana, kaya hanjebol-jebola kori Selamatangkep, kumitir pethite Hyang 88
  • cahmbanjar Hanantaboga, rengat sunguning Lembu Andini, dhoyong Made Marcukundhamanik. Gegodhongane kayu Klepu, Dewandaru alum padha sekala, kawah Candradimuka kadya kinebur, amber mbalabar si bledaba, para widadara myang widadari samya geger wayang- wuyung. Dupi kaprabawan agenging Gara-gara saking Kahyangan Syalendra Bawana, hamrebawani marang Kahyangan Eka Pratala. Eka wilangan siji, pratala-bumi, sumudhul aneng bumi sap kapisan. Saking Eka Pratala, Dwi Pratala, Tri Pratala ngantya Sapta Pratala. Kahyanganipun Sang Hanantaboga. Kagyat kadora wekasan Sang Hyang Hanantaboga, padha sakal kumitir pethiting buntut kang hanyangga bumi, hamewahi agening Gara-gara, kumrayak swarane. ………. Gansa neter.b) Saged angginakeken Janturan Wahananing Gara-gara punika ugi Eka-Bumi, Dwi-Sawah, Tri-Panggonan, Catur-Tawang, Panca-Wanarga, Sad- Punggawa, Sapta-Mitrawandawa, Hasta-Pandhita, Nawa-Ratu, Dasa-Bathara. Eka Bumi : Eka siji, bumi wus ngarani. Gara-gara mangsa siji, bumi genjot, gunung guntur, lemah bengkah, mijil prahara wor dahana. Dwi Sawah : Dwi loro, sawah wus ngarani. Gara-gara mangsa karo, tegal sabin katon mluwa, tanem tuwuh lesah hanggulasah, ama ngrebda tanpa pepindhan, nara kisma karerantan, awit ilang kertaning bumi. Tri Panggonan : Tri Telu, panggonan wus hamastani. Gara-gara mangsa katiga kewan senggut raja kaya, kebo sapi, sami lumajar asalang tunjang kadi gabah den interi, karana kasrakating tirta, suket kadi godhong datan thukul, tri warsa tan ana jawah. Catur Tawang : Catur papat, tawang wus hamastani. Gara-gara mangsa kapat ing akasa peteng dhedhet lelimengan swara gumaludhug hanggegirisi, sinauran geter dhedhet era wati angakak, jawah adres wor lan lisus, banjir bandhang, singa katrajang larut. Panca Wanarga : Panca lima, harga gunung. Gara-gara mangsa kalima jugrug hangganing harga, gara gurnita kagiri-giri. Lindhu kasapta, horeg bumi prakampita, geger mawalikan, kewan wana kutu-kutu walang ataga bubar mawut ngungsi gesang, marang papane sowang-sowang. Sad Punggawa : Sad enem, punggawa-nara praja. Gara-gara mangsa kanem, Nara karti mungur ing wajib, hangumbar hardaning hawa napsu priyangga, tan wruh marang jatining Panembah. Temahan tatananing bebrayan gung rusak tan mangga puliha. 89
  • cahmbanjar Sapta Mitra- wandawa : Sapta pitu, mitra kanca. Gara-gara mangsa kapitu, janma memitran padha bubrah, bapa lali anak, anak lali bapa, kadang ilang asihe, wong liya tuwuh rateke. Hasta Pandhita : Hasta wolu, pandhita wiku. Gara-gara mangsa kawolu, para wiku supe ing jejibahan, darbe ngelmu tanpa laku, japa kang tanpa tapa, ngongasake tumindak nistha, memetri laku hangkara, nenuntun marang pakaryan akarya kapitunaning liyan. Nawa Ratu : Nawa sanga, ratu wus ngarani. Gara-gara mangsa kasangan para ratu nilar praja, manung manekung samadi maladi hening, meminta nugrahaning Bathara, awit prajane kenging benduning Jawata, tuwuh pageblug, peceklik, larang boga miwah wastra. Para kawula ingkang kataman sesakit, lara esuk sore mati, lara sore esuk tumekeng pralaya. Pepati datan kendhat, bumi sangar gagrag ngrangrang. Dasa Bathara : Dasa sapuluh, Bathara dewa. Gara-gara mangsa sapuluh dewa, hapsari medhaking Dorandara geger mawurahan. Kahyangan sungsang bawana balik, hambe endhut si blegedaba, menceng siwot ogal-agil. Jebol lawang si Kandhawaru, mubal urubing geni yomani, kumitir pethite Hyang Hanantaboga, nyabet pucuking harga Jamurdipa. Dewa-dewi pating balulung, ngungsi marang kahyangan dhewe-dhewe, meminta pangayomaning Sang Hyang Otopati.23. Kandha bakda Gara-gara Sireping Gar-gara, katingal ana sesotya cumlorot saking wiyati, jumegur tibeng bantala, gumebyar, lir kartika asilih pernah. Kalamun masa yektine mas kepon, kalamun selaka yektine selaka celeng. Sinten ta ingkang ngrenggunuk kadi gumuk, mbegogok kadi tenggok, melik-melik kadi litang krainan yeku Kyai Lurah Margasamun, ya Kyai Lurah Semar, Nayantaka, Ki Badranaya, Ki Suronsari, Ki Marpapringga, ya Kyai Lurah Bogajati. Marma peparab Kyai Lurah Semar, saka tembung sengseming asamar. Awit kabekta wujud kang sarwa samar. Samar Dewa, samar umat, samar sato, samar manungsa, samar jalu samar pawestri. Kalamun jalu dene kopeke sakilan, kalamun pawestri sejatine jalu. Kyai Lurah Badranaya, Badra-wulan, naya tegese sorot, sanadyan Kyai Lurah Semar lagya peteng ndhedhet penggalihe, parandene cahyane sumorot hamadhangi pribadine. Ki Nayantaka, Naya-ulat, taka tegese pati, lire ulate kadya wong mati. Ki Bogajati, Boga-pangan, jati (yekti) tegese lintang, 90
  • cahmbanjar lire sanadyan Ki Lurah Semar nedya handahar lintang bebasane, yektine tan ana kang kuwawi mambeng, nadyan ta Sang Hyang Pramesthi Guru. Pramila sanadyan Kyai Lurah Semar ala tanpa rupa, kadibal sangalikur bebasane, hananging kalamun darbe pepenginan, sagebyaring thathit yekti kalampahan. Awit Kyai Lurah Semar yektine Sang Hyang Ismaya, ngejawantah aneng madyapada, mangka pamomonge satriya hambek utama, hamemayu rahayuning bawana. Kacarita kalamun Kyai Lurah Semar pinuju lenggah, ana sawenehing kukila miber, hangungkuli tiba padha sakala. Sanadyan megamendhung, gya miyak hanganan-ngering. Layak mangkana, tuhu kaprabawan Jimat Astagina, kang dumunung aneng kuncung. Nalika samana pinuju lenggah ing peputhuk, ayem kayoman witing mandira, dangu tansah mulat nganan-ngering, dene ingkang putra: Kyai Lurah Nala Gareng, Petruk saha Carub Bawor, datan katingal, teka mangkana pangudasmaraning driya: E, e, e. Thole Nala Gareng, Petruk apa dene Carub Bawor, mara padha mrenea.24. Kandha Janturan Pratapan Sapta Harga Hanenggih pundi ta ingkang cinarita, wonten pandhita linangkung ingkang hangasrama sapucaking harga, ingkang winastan Pratapan Saptaharga. Sapta wilangan pitu, harga gunung, gunung pitu jajar kaya tepung tepunga dadi siji, ingkang tengah munggul puncake mawa cahya, awasta Padhepokan Ngretawu, kabekta dene wonten sendhangipun ingkang winastan sendhang Pawitra. Sumilak wening kanang warih, mawa ganda arum marabuk rumabasing durgandana. Kacarita Pratapan Saptaharga sekalangkung wingit awerit, gawat kaliwat aja maneh janma, ditya, sato miwah kukila, sanadyan mendhung kalamun hangungkuli luhuring Pratapan, satemah piyak ngananngering, yektine kaprabawan Sang Atapa saking guntur subratane. Kalamun pinuju ari Sukra lan Hanggara kasih, keh para Jawata kang padha tumedhak aneng Pratapan Saptaharga, saperlu sami abawa raos. Dhasar pandhita trahing kusuma, rembesing madu, wijiling atapa, tedhaking andana warih. Ing uni jumeneng nata gung binathara, hanyakrawati hambau dhendha, aneng Negari Ngastina. Mila tilar kawibawan, minggah ing haldaka milalu mahas ing asamun, yektine arsa mangesti marang Pangwasaning Hwang kang akarya Jagad, daya-daya sageda memayu hayuning kanang rat. Sinten ta peparabe Sang Wiku Dibya, hajejuluk Resi Abyasa, Kresna Dwipayana, Begawan Wiyasa ya Sang Dewayana. Mila jejuluk Sang Resi Wiyasa, yekti pandhita putus marang saliring saniskara anrang westi datan kasamaran marang mobah mosiking manungsa. Kresna Dwipayana, cemeng sarirane, senenge hamung sumunu hamadhangi jagad. Wiyasa, dene remen ulah marang kautaman. 91
  • cahmbanjar Dewayana, titising Dewa pramila datan samar marang saulah kridhaningrat. Marma datan mokal kalamun, sinisihan para Dewa, kina mulen para pitri, kinacek sesameng muni. Kacarita nalika samana Sang Wiku Dibya ndaweg lenggah ing bale Pancrabakan, ingadhep para cantrik, ajar, wasi, cekrel, jejanggan miwah ulu-ulu guntung, indhung-indhung, kang wus samya ngayahi kuwajibane dhewe-dhewe. Nalika samana sawega eca denira pinarak, kasaru sowanira ingkang wayah , datan kantun parepat sekawan, yeku Ki Lurah Semar, Nalagareng, Petruk miwah Ki Lurah Bawor. Rinangkul sigra Sang Abagus kang nembe prapta dening Sang Maha Wiku, nulya Sang Abagus sumungkem aneng padaning ingkang eyang, gya lenggah hamarikelu kaya konjem- konjema pratala wadanane. Kaya mangkana alon wijiling sabda pangandikanira Sang Resi Wiyasa.25. Kandha Adegan Ing Tengah Wana Kacarita ing madyaning wana wasa, wana pundi ta, ingkang winastan ………. wana ………. sinten ta ingkang saweg lenggah munggwing sela kumalasa, sangandhaping wit gurda, punika ta satriya ingkang hakekasih ………. Dahat sungkaweng tyas, sakedhap tumenga, sakedhap tumungkul, waneh-waneh panggraitane, kucem pasuryane katon lungkrah wadanane. Bawane satriya linangkung, dhasar wijiling atapa trahing kusuma rembesing madu tedhaking andana warih, saksana jroning mangkya sanggyaning kekayon samya tumungkul, parandene gegodhonganing kekayon tan ana obah, sato-sato sen-isening wana sunya datan nyebawa, sami bela sungkawa marang sangnawung sungkawa. Dangu dereng kersa ngandika, teka mangkana wijiling pangandika.26. Kandha Tumrap Ringgit Trenyuh Surem-surem diwangkara kingkin, yektine karana kaprabawan dhuhkitaning tyas Risang ………. sungkawa sang Abagus dahat genging panandhang. Ngungun jroning wardaya dene ing mangsa kala iki, taksih wonten janma kang candhala ing budi. Jroning cipta sang kasungkawan hamung hanut marang kadiwasan ing kodrat, sumarah mring pangwasane kang akarya jagad. Dangu datan karsa ngandika sang kadhuhkitan, hamung tansah hangusap kanang waspa ingkang mijil saking netrane.27. Kandha Candraning Ringgit tumrap R. Harjuna nedya hanglepasaken Jemparing Pangkur : Harjuna nyandhak pusaka ingkang awasta Kyai Pasopati Gandhewa pinenthang sampun 92
  • cahmbanjar Jaja ingkang den arah Lumepas saking gandhewa tinon mamprung Prapteng jaja pura raya Mungsuh tiba hangemasi Wauta : Kocap kacarita risang Harjuna, wus angasta kanang pusaka peparinging Dewa Sang Hyang Bathara Guru, ingkang awasta Kyai Pasopati. Kyai Pasopati yektine dumadi saking siyungipun Bathara Kala. Awit duk nalika timuripun Bathara Kala, tinigas pucuking ledhah miwah pucuking siyung, kacipta dados pusaka kalih, yeku Kyai Pasopati miwah Kyai Kuntadruwasa. Kyai Pasopati R. Janaka kang handarbeni, dene Kyai Kuntadruwasa Prabu Basukarna kang handarbeni. Sakala arsa linepasaken, kanang pusaka Kyai Pasopati, pinenthang kanang ru, mangkelung yayah kekuwung. Pinent hang kendhe ing langkap, ngembat-embat kanang jemparing, tikswaning jemparing katingal murub saobor gedhene. Kanang warastra los saking kendhenging langkap, jumepret swarane. Tumanduk ing jaja tembusing walikat sakala sigar mrapat, sumembur kanang ludira, lampus sanalika.28. Kandha Candraning Ringgit tumrap R. Gathutkaca badhe Mahawan Gegana Kocap kacarita satriya ing Pringgandani R. Harya Gathutkaca, ya Prabu Anom tetuka ya Raden Purbaya. Marmane hajejuluk Raden Gathutkaca, pratandha wiwit timur wus datan pasah ing braja, bebasan teguh timbul, tinatah mendat, jinara menter, datan tedhas tapak paluning pandhe, sisaning gurenda, tanapi tedhasing kikir. Prabu Anom Tetuka pranyata satriya handarbeni swara gora. Awit petakipun Raden Gathutkaca lampahan sawulan kapiyarsa. Pramila jejuluk Raden Purbaya, yektine satriya tan cidra ing janji. Raden Gathutkaca jumeneng nata ing Pringgondani karena kersaning Dewa, awit rikala taksih jabang bayi sinaraya dening Dewa, kinen hanyirnakaken rajaning ditya ingkang hajejuluk Prabu Kala Pracona. Nalika samana Raden Gathutkaca arsa hanjumantara, candrane pindha tugu Tugu Pratimo Kancana. Tugu wus ngarani, Pratimo-golek, kancana tegese mas, kaya golek kancana, habra murub busanane datan owah salawase. Sagunging busanane wong agung Pringgondani yektine babaran Tinjamaya. Pramila kalamun R. Gathutkaca siniwi ngagem busana kaprabon, kalamun nedya sowan Madukara ngagem busana kaprajuritan. Apa to busanane? 93
  • cahmbanjar Ngagem gelung supit urang pinetha candhi rinengga, jamang mas sungsun tiga, kinancingangarudha marep mungkur, utah-utahaning garudha sinangga praba kancana kang mangaroronpatra hangawit, tinata tinatu rengga, sesulaman ing pranaja, sumping parumbing kancanatinaretes ing kumala, pinatik ing mawa retna, rineka ganggeng kintar-kintir, kalamun kawantinglir thathit rebut paran. Anting retna, sangsangan banduwara rineka gegubahan surengpati. Kelat bau mas pinetha naga mangsa, kancana sinilih asih, bebinggel kancana winangun calumpringan, sinungsun gelang kana kancana ginosok, sesupe tajugsakembaran, harja badhong diwangkara, ulur-ulur naga karangrang dawala ngiras tetali.Ngagem dodot parang rusak barong tinepi ing renda pinarada mas satebah ngayang godhage,uncal kancana uncal wastra, calana cindhe puspita, ukup renda gubeg. Pantes R. Gathutkaca ngagem busana wasiyat peparinging Dewa: Kutang Antrakusuma,sinung cap ing Basunanda, tarumpah Pada Kacarma, sabuk renda cinawiti, timang wesipulasrani, ngagem kampuh sembagi warangan, ngemut tirta manik kamandanu. Apa ta dayapanguwasane ………. ? Ngagem Kutang Antrakusuma, ing jaja sinung taping Basunanda. Kutang Antakusumadayane yekti datan pasah tapak paluning pandhe, sisaning gurenda, dene pangwasane bisamabur tanpa lar. Pangwasane Caping Basunanda, teguh yuwana tanpa maguru, kalamun kinarya lumaksanaudan tan kudanan, panas tan kepanasan. Ngagem Tarumpah Pada Kacarma, kasut-tarumpah, pada-sikil, carma tegese lulang. Sayektitarumpahe wong agung Pringgondani, dudu lulang sak lulanga, tuhu walulange HyangHanantaboga. Marmane kalamun kinarya ngambah siti sangar, kayu angker dadi tawa, sanadyanhangangkuli pandhita kang lagya manekung brata samadine, yekti datan kasanglat ing dayapangaribawa. Kalamun ngambah papaning jim, setan, peri perayangan, kang katrajang bubarmawut. Ngemut tirta manik Kamandanu, ingkang dipun emutwonten lathi sisih nginggil, dayapangaribawane: kalamun R. Gathutkaca lumaksana aneng dirgantara, sanadyan lampahansacandra, sawarsa, sawindu, dhatan krasa ngelak.Wauta : Wus puma nggenira ngrasuk busana wong Agung Pringgondani arsa hajumantara. Sigra hanetepake jejamange, hangencengi tali badhonge, cancut taliwanda. Cancut jenenge wong acincing, taliwanda den ubedake mring sasira. Nggedrug bantala kaping tiga, ndedel dirgantara, kebat kaya kilat, kesit pindha thathit, sumusuping jaladara pindha garudha nglayang ………. Gangsa mungel sampak. 94
  • cahmbanjar29. Kandha Candraning Ringgit R. Werkudara nedya lumaksana Kocap kacarita satriya Munggul Pawenang R. Harya Werkudara, mijil ing madya hantara. Madya-tengah, hantara tegese palataran, mijil aneng palataran. Meger-meger kaya tugu sinukarta, candrane yayah lintang Bima Sekti. Nalika samana arsa lumaksana, nuhomi dhawuhe ingkang raka Nata, sigra ngrasuk busana kaprajuritan. Apa ta busanane wong Agung Jodhipati? Gelung minangkara cindhi rangga, ginambar endhep ngarep dhuwur mburi. Pupuk mas mangkara estha. Sumping pudhak sinumpet rineka jaroting asem, tinumpangan sekar pudhak putih, rineka wangi njaba lan jerone. Anting-anting panunggul maniking warih. Gelang candra kirana. Kuku Panca naka. Kalung Naga Puspita ganda. Kelat bau mas rineka ceplok manggis, ginubah katut sakendhagane. Paningset cindhe binara, binelah numpang wentis kanan — kering. Kampuh poleng bang bintulu aji, ginambar limang prakara, abang, ireng, kuning, putih lan ijo. Pranyata busanane R. Werkudara kinarya pikukuh pambegane, saha kinarya pralambang wejanganing Sang Gurunadi. Marma ngagem gelung minangkara cinandhi rengga endhep ngarep dhuwur mburi mratandhani R. Werkudara, satriya pinter api mbalilu, srengate bodho batine pinter. Pupuk mas mangkara estha. Pupuk wus ngarani, mangkarawewukiran, estha tegese urang murub. Ginambar padhang nyrawang, pratandha R. Werkudara budine padhang nrawang, datan kasamaran marang Dewa lan manungsane. Sumping pudhak sinumpet, rineka Jaroting asem. Sumping wus ngarani, jarot-lajer, asem tegese rasa. Pranyata R. Werkudara wus hanyepeng lajering rasa. Tinumpangan sekar pudhak putih, rineka wangi njaba lan njerone, pratandha R. Werkudara satriya kang lahir batin tan ana bedane. Anting-anting panunggul maniking warih, pratandha satriya datan kasamaran marang sawiji- wiji. Gelang Candra kirana, gelang wus ngarani, Candra-wulan, kirana tegese sorot. Pranyata kawruhe R. Werkudara sumorot pindha wulan purnama. Kuku Pancanaka, kuku wus ngarani, panca-lima, naka tegese pikukuh. Awit pikukuhe R. Werkudara lima padha dawane, hananging hamung katingal sajuga, tetela astane R. Werkudara ngregem datan owah. Bisa owah regemane, mbenjang menawi dumugi pupuhan, kinarya nyepeng gada Rujakpolo. Kalung Naga Puspita Ganda, kalung wus ngarani, naga-raja ning ula, ganda tegese arum. Pranyata satriya Munggul Pawenang dadya mkukuhing kadang lelima. Pramila kalamun taksih jejeg adege R. liratasena, yekti tulus dayane kadang Pandhawa. Naga, rajaning ula, mracihnani kalamun karosane R. Werkudara, ngungkuli karosane Sang Naga Krura, kalamun bandayuda datan watak kalah, kalahe mati. Kelat bau mas rineka ceplok manggis, ginubah terus kendhagane, ing cipta mbesuk tekeng wekasan, aja ana kang kari barenga lawan jagade. Kampuh poleng bang bintulu aji, ginambar 95
  • cahmbanjar limang prakara: abang, ireng, kuning, putih tan ijo. Abang marang kaneson, ireng marang kawantosan, kuning marang pepenginan, putih marang kasucen, ijo marang kaprayitnan. Mracihnani kalamun kinarya pralampita ubaling hawa napsu limang prakara. Wus purna R. Werkudara nggenira ngagem busana kaprajuritan, ciptaning driya arsa lumaksana. Gya matek aji: Balabak Pangantol-antol saha Bandung Bandawasa ya aji Jala Sengara. ………. Greget saut (Buta Pandhawa). Buta wus ngarani buta lanang kang mawa siyung. Pandhawa yeku putraning Pandhu. Tata getih otot; Gati-keketeg; Wisaya-panggawe; Indri-bayuning mata: Yaksa-buta wadon kang mawa siyung; Sora-lelandhep; Maruta-angin angirit gandaning kembang; Pawana-angin adres; Bana-alas gedhe; Margana-angin ana dedalan; Samirana-angin ngilangake kringet; Warayang- sanjata; Panca-lima; Bayu-angin kang mlebu metu; Wisikan-wurukin bapa; Gulingan-maruta kang mijil saking patunggon; Lima-lima. R. Werkudara wus matak aji Bandung Bandawasa, sakala saking, sarira mijil prabawa maruta, sindhung riwut bayu bajra aliwawar. Manempuh mring wreksa kang cethek pancere kabedhol, kang jero pancere sempal kaprampal. Watakipun R. Werkudara menawi lumampah mbeber datan menggok, sanadyan gunung dipun lumpati, sanadyan segara dipun jeguri. Lumpate Sang Werkudara dohe sapandeleng dwipangga. Kumrusuk wijiling Pancawara, katarik saking hangganing Sang Werkudara.30. Kandha tumrap Ringgit Pinarwasa ing Paprangan Wauta : Rame nggenira bandawala pati rebut unggul yudane, Risang ………. lawan ………. jroning palagan. Sakala kekalih samya kabrananging tyas, padha tatage, padha tanggone dhasar pada kasektene. Parandene papak mangsa padhaa, padha man papaka. Dangu sangsayaning dangu Risang ………. Matak ………. Karana gedhe kadigdayane lan pangwasane aji Sakla Sang ………. lena kaprayitnane, kena den grayang jajane, mutah ludira, linolosan hanggane, rinacut bayune. Dhawih ing bantala njrebabah ndepani pratiwi, sirna marga layu. 96
  • cahmbanjar SULUKANa. Sulukan Pathet Nem Ageng/Nem Wetah ginanipun kangge nyuluki jejeran kapisanb. Sulukan Pathet Nem Jugag, ginanipun kangge sabadhenipun wigatosing pasewakanc. Sulukan Sendhon Plencung kangge nyuluki sasampunipun Pasewakand. Trim-irim kangge nyuluki manawi badhe wonten tamu salebeting jejerane. Sinom kioloran kangge nyuluki manawi wonten tamu utawi Paseban Jawif. Asmaradana kangge nyuluki gondhangi wadyag. Pangkur kangge nyuluki tengara budhalanh. Pangkur dhendha kangge nyuluki Sri Bathara Kresna andirgantara lan sesaminipun (Larasipun miring)i. Cakepan Pangkur Dhendhaj. Sulukan kloloran jugag kangge nyuluki saderengipun perangk. Cakepan sanes lagu sami (Abimanyu utawi Samba)l. Ada-.ada greget saut nemm. Suluk Plencung kangge nyuluki bibar perang kapisann. Suluk Pathet Nem Jugag kangge nyuluki sabadhenipun adegan kaping kaliho. Sulukan Mijil Sulastri kangge nyuluki sadhengah pathet (Adegan putri)p. Tangisan kangge sadhengah pathet (Larasipun miring);q. Kloloran kangge nyuluki sabibaripun perang sapisan sabadhenipun gara-garar. Kloloran jugags. Ada-ada nyorog barang tandha Pathet Nem sampun rampung (Larasipun miring)t. Sulukan Pathet Sanga Wantah/Agengu. Ada-ada greget saut (kangge nyuluki sabibaring gara-gara)v.1. Sulukan Pathet Sanga Jugagv.2. Sinom Grandel Slendro Pathet 9v.3. Sendhon Jangkep Slendro Pathet 9v.4. Ada-ada Greget Saut Wanav.5. Ada-ada Greget Saut Watak 5v.6. Sendhon Jugag Swasana Sukav.7. Pathet 9 Jugag (Adegan 9 kaping kalih)v.8. Ada-ada Greget Saut Watak 10, (Ngraga Sukma)v.9. Greget Saut Pancer limav.10. Greget Saut Sendhalanv.11. Sulukan Pathet 9 kangge nyuluki sasuwuking gendhing adegan pandhitaw. Pathet Manyura Wantah 97
  • cahmbanjarw.1. Pathet Manyura Ageng x.Ada-ada Greget Saut Manyurax.1. Ada-ada Greget Saut Jugag y.Sastrodatan Manyuri Ageng z.Gagak Ngurak Manyuriz.l. Pathet Manyura Wantah/Ageng 98
  • cahmbanjar BAB VI SULUKAN PEDHALANGAN GAGRAG BANYUMASa. SULUKAN PATHET NEM AGENG/NEM WETAH, GUNANIPUN KANGGE NYULUKI JEJERAN KAPISAN 6 3 3 3 3 3 3 2 123 Leng – leng myang sa – sang ka 2 2 2 2 2 2 35 35 Sa – yah – nya la – gya – ru – ma – ra – ras 2> 2> 2> 2> 2> 2> 1> 2>1>6> Ri – neng – ga la – ring pu – tri 3 3 3 3 3 3 35 3 232 Yet – ti a – na – sir – man – da – ya 235 5 5 5 5 5 35 3 535 man – da – ya se – ka – ring kis – wa 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2 2>3>1>6> 6 6 6 65 656 ja – la – dri ka – pi – tan – ingsurya de – ning wa – ka – wa 3 3 3 3 3 3 3 3 35 3 232 han – jrah su – mem – bur sa – king sa – li – ra 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 1>2>3>2>1>2> 6 6 561 653 Ri – sang se – ka – ring na – ren – dra le – la – le – la 6 6 6 6 6 6 6 6 65 35 21 6<16<5< Ri – sang se – ka – ring na – ren – dra suk – ma na – la 3 3 3 3 3 5 656 21 1 2 1 6< rum – se – dya as – ma – ra de – wa 6 2 3 3 3 5 216 5 6< 5 3< de – wa – ta ning suk – meng – na – la 1 1 1 1 1 2 1 6< 5< 5< 5< sa – li – ra ma – di – bya di – bya ja – yeng 2 2 2 21 1 2 1 6< 12 1 212 6< a – mur – ja ar – ja a – lon – ob. SULUKAN PATHET NEM JUGAG, GINANIPUN KANGGE SABADHENIPUN WIGATOSING PASEWAKAN 99
  • cahmbanjar 3 3 3 3 3 3 3 3 6 12 2 A – ngam – bar gan – da – ning Sang – Na – ta de – wa 2> 2> 2> 2> 2> 1> 2> 3> 65 3 ko – ngas a – kar – ya wi – ge – na 6 6 6 6 61 655 2 2 21 6< 1 6< 5< *) su – mu – nu kang cah – ya a – na – we – ngi 2 2 2 2 2 2 2 2 25 32 2 1 6< sa – yek – ti na – ren – dra mus – thi – keng – rat 3 3 3 3 3 3 2121 3 216 12 6 ya – mus – thi ka – ning – Na – ren – dra – ta ma o Opak gender *) 2 5 . 5 6 5 3 5 2 3 5 6 1 3 2 1 6 . 3 3 5 3 1 2 3 2c. SULUKAN SENDHON PLENCUNG KANGGE NYULUKI SARAMPUNGING PASEWAKAN 3 3 3 3 3 3 565 61 Jlong tu – mu – run sa – king – tepas – sana 6 6 6 6 6 6 6 1>2>3>2>1>2> 65 353 ar – sa – nga – gem gam – par – an – ira ga – dhing 2 2 2 2 2 3 56 3 5 ma – nyar ma – nyar kang bi – wi – nam – bung 2 2 2 2 2 1>2>3> 1>2> 1>6 1*) bu – sa – na su – tra ma – ne – ka 3 35 3 5 6 353 23 1 26 3 23 21 2121 lung – sir ba – lung – sir ku – ning ja – mang tun – dha ti – ga 3 3 3 3 3 3 2 13 ki – nan – cing – an ing ga – ru – dha. 1 1 1 1 1 1 56 53 1216 tah – u – tah – an si – nang – ga pra – ba. 3 3 3 3 35 3 2161 212 6 Sang – na – ta tin – dak nya – a – lon, o Umpak wiwit, manawi dumugi wilah 6 alit .1.6.1.6.1.3.2.3.1.2.3.2. .1.6.1.2.1.1.21.2.3.5.3 .6.5.2.1.3.2.1.(6).2.3.5.31.2.3.(2) Wiwit : * .5.3.2.3. wirama rangkep lajeng tamban dumugi c 1.1.2.1.& saking .2.3.5.3. karangkep malih wilet ngantos telas. 100
  • cahmbanjard. IRIM IRIM KANGGE NYULUKI MANAWI BADHE WONTEN TAMU ING SALEBEERIPUN JEJERAN 3 65 6 1 3> 3> 3> 3> 3>/ 3 3>5> 3>2>1> Sang – Nar – pa – ti kan – dheg de – ni – ra ma – nab – da, 6 6 6 6 1 2>3>1>2> 6 1653 ti – dhem jro – ning pan – ca – ni – ti, 6 6 6 6 6 6 61 56565 pin – dha jro – ning so – nya – ru – ri, 2> 2> 2>3>2>1>2> 6 6 61 653 53532 sa – yek – ti ka – pra – ba – wan o, 5 5 5 5 5 5 56 1653 *) swa – sa – na kang – nya – ta ka – ton, 1 23 12 16 6 1 2 3 Sri – Na – ren – dra da – tan ke – wran 1> 1> 1> 1>6 5356 53 1216 de – ni – ra a – nang – gap – i, 3 3 3 3 3 2 123 1.2 6 Sang – Na – ta ngan – di – ka a – lon, o. UMPAK. : 5 6 1> 5 6 5 3 . 6< 1 2 . 3 2 1 3 2 1 6< . 1 6 1 6< Wiwit rangkep .: 6< 1 2 3 6 5 2 1 3 2 1 (6<) 3 3 5 3 1 2 3 (2) 6< Ump. wiwit saking cakepan anyar katon dawah wil. 3 tengah gender . .damel tengara umpak.e. SINOM KLOLORAN KANGGE NYULUKI MANAWI WONTEN TAMU UTAWI PASEBAN JAWI 2 2 2 2 2 2 2 2 Si – gra kang ba – la tu – mi – ngal 1> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 3> 1> 2> 6 a – cam – puh sam – ya nge – da – li, 5 5 5 5 5 5 6 53 lir – tha – thit wi – let ing ga – da, 2 2 2 2 2 3 12 2 dha – nyang gung ma – ngun – dha – ni – ti, 5 5 5 5 5 5 3 2 mben – jang Sang – A – ji mi – jil, 101
  • cahmbanjar 1 1 1 1 1 1 21 6< la – thi – nya nge – da – li wus – wus. 2 2 2 1 6< 1 6< 2 6< 1< 6< 5< Trus – ta su – ra wi – la – ga, 3 3 3 3 3 5 323 3 ka – di bu – ta si – nga wre – gil, 3 5 6 1 3>2>1>6 1 2> 1> 6 3 3 35 3 2121 2 pas – thi jang – ga dhen da – nya ma – ngam – bak ba – ya Umpak-umpak genderan 6 3 2 3 6 < 3 2 3 6 < 3 2 – 2 5 5 6 1> 2> 1> 3> 1> 2> 1> 6 . 6 . 1 . 6 . 1 . 6 . 5 . 3 . 2 . 3 . 1 . 2 . 3 . (2) . 5< . 6< . 5< . 6< . 5 . 3 . 2 . 1 . . 2 . 3 . 2 . 3 . 2 . 1 6 5 . 6 2 . 1.6(5) . 3 . 5 . 3 . 5 . . 3 . 5 6 1> 3> 2> 1> 6 3 3 5 3 1 2 3 (2)f. ASMARADANA KANGGE NYULUKI NGONDANGI WADYA 6 6 6 6 6 5 6 1>/ 6 1> 6 Kya – na pa – tih mun – dur a – glis, 6 2> 3 3> 5>/ 2 2 6 1> 6 1> 6 a – ngon – dhang – i mring pra wa – dya, 5 3 2 6 6 6 6 1/ 5/ 3 5/ 3 sa – mya – si – kep ge – ga – ma – ne. 6 6 6 2 3 5 53 56 sa – wus – nya sa – mi sa – map – ta, 3 3 3 3 3 3 3 5/ 3232 a – ywa pe – gat ka – pra – yit – nan, 6 2 3 3 5/ 2 3 5/ 3 5/ 3 u – myung ben – de be – ri ngung – kung. 1 1 1 1 2 3 3 5 3232 pra – tan – dha ar – sa bu – dha – lan. 6 2 6 6 2 6 6 6 2 Mong – jir mong – mong – jir mong – mong – mong – jir 5 5 5 5 5 6/ 5 321 pa – ba – ri – san wus – tu – ma – ta, 5> 5> 3> 2>/ 1> 1> 6/ 565 5 566 3 2121 je – jer an – dher tan – a – na – ca – rup, 102
  • cahmbanjar 2 2 2 2 2 2 2 1212 yek – ti a – sri yen – di – nu – lu, 2> 2> 3> 3> 6 5 6 5 5/ 61 1 13 2121 sa – da – ya teng – ga sas – mi – tag. PANGKUR KANGGE NYULUKI TENGARA BUDHALAN 6 6 6 2 3/ 5 535 53 wa – u – ta bu – dhal – ing wa – dya, 3 5/ 6 6 3 3 3 3 3 3 35 3232 ang – lur se – lur je – jel ri – yel an – da – li – dir 1> 2> 2> 2> 2> 2> 3> 2/> 1> 6> 1> 6> wan – ci en – jang bi – dhali – pun, 2 3 5 3 3 3 35 3 sa – yek – ti a – sri ka – wur – yan, 3 5/ 6 6 3 3 3 3 3 3 3 5/ 3 232 pin – dha te – ja le – li – we – ran a – ke – ku – wung, 2 3 5 3 3 3 35 5 sa – da – ya ka – ton pra – wi – ra, 2 3 5 3 3 3 35 3232 dig – da – ya ja – yeng a – ju – rit.h. PANGKUR DENDHA KANGGE NYULUKI SRI KRESNA NDIRGANTARA LAN SESAMPUNIPUN, LARASIPUN MIRING 6 6 6 6 1 2> 3> 5> 2> 1> 6> 1> 6> Mu – luk mum – bul a – ngum – ba – ra, 5> 3> 5> 2> 6 6 6 6 6 1> 2? 3> 1652 232 la – mat la – mat a – wor lan me – ga kang pu – tih, 6 6532 6 6 6 65 6 1616 mi – lang mi – ling ka – dya jang – kung, 5 5 5 5 5 5653 232 mi – der mi – der ka – dya un – dar, 6 6 6 6 6 6 6 6 6 65 6 1> 6 1> 6 mu – lat ngan – dap ka – ti – ngal sa – mo – dra bi – ru, 6 6 6 6 1 23 1653 232 pra – na – ta Na – ren – dra di – bya, 1 2> 1> 2> 3> 2> 1> 2> 6 5> 3> 5> 2 2 2 12 6 mus – ti – kaning rat sa – yek – ti o. 103
  • cahmbanjari. CAKEPAN PANGKUR DENDHA Katon gagah kang tumingal, pasuryane kebak brewok lawan rawis, sor soreng yen amuwus, sapolahnya mbek deksura, suka ing tyas lamun kathah samya nggunggung, wuswusnya saya sembrana, lena prayitnaning batin.j. SULUKAN KLOLORAN JUGAG KANGGE NYULUKI SADERENGIPUN PERANG 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 Tu – hu sa – tri – ya pra – wi – ra ta – ma, 2> 2> 2> 2> 1> 2> 3> 1> 2> 1> 6 dig – da – ya ja – yeng ju – rit, 2> 2> 2> 2> 2> 2> 1> 1> 2> 3> 2> 1> 2> 6 6 5> 3> 2> 6 pri – gel so – lah kri – dha – ning ba – dhama.k. CAKEPAN SANES LAGU SAMI (ABIMANYU / SAMBA) 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 Gen – dreh ke – mas – an ma – ra A – bi – ma – nyu, 3> 3> 3> 3> 3> 3> 2>/ 5> 3> 3> 2> 1> 6 ga – we ge – lar ma – ngi – kul ba – la, 5 5 5 5 5 5 5 5 5 5 6 53 sa – ba ne – tra ga – we ra – tu da – nar wang – wang, 5 61 12 32 6 Da – nar wang – wang o. l. ADA ADA GREGET SAUT NEM 6 6 6 6 6 6 6 6 6 56 Ba – ya ba – yak kang sam – ya hu – mang sah, 5 5 5 5 5 5 565 32 si – gra mem – peng sa – ro – sa – ne, 1> 1> 1> 1> 1> 1> 1> 2> 1> 6 3> 5> 3> 2> kro – da gya a – men – thang lang – kap o, 2 2 2 2 2 2 2 ing – kang as – mya pi – nus – thi, 5 5 5 5 5 5 5 61 5653 2 6 pe – dhang bin – dhi can – dra – sa ma – wud o o. 2. Cantut gumregut tumandang, mundhi gada unclang pedhanipun, kang kataman braja, temah tekeng lalis, surak manengker gumuruh. 104
  • cahmbanjarm. PLENCUNG KANGGE NYULUKI BIBAR PERANG SAPISAN 5 5 6 1> 6 6 6 6 65 5653 Sam – ya wang – wang pa – dha trus nggar – ji – ta, 2 2 23 5 2> 2> 2> 2> 2> 2>1> 1> 6> 1> 6> Te – ka bi – ra – nir – ma – la ma – nga yun mring. 3 3 32 12 6 2 3 3 353 21 *) Trus ung – gya – ne sang – su – pad – ni wa – ra, 2 2 2 2 2 2 2 21 3 2 1 6 Tar – len ywa – na dwi nglem – ba na – ma – ha gu – ya. *) Umpak gender wirama rangkep 61>2> 6 3 2 6 2 1 3 1 2 3 6 5 3 2 1 1 2 1 3 2 1 (6<)n. PATHET NEM JUGAG KANGGE NYULUKI SABADHENIPUN ADEGAN KAPING KALIH 3 3 3 3 3 3 3 62 3 23 me – dhak me – neng la – ras – i – ra ka – ton, 2 2 2 2 3 56 53 35 Ni – nging – tyas da – dya lak – si – ta, 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 3> 2> 1> 6 1> 6 Ne – neng he – ning pa – trap – i – pun, 3 3 3 3 3 3 3 216 12 A – mung mu – hung kar – seng Hyang ma – non 2> 2> 2> 2> 2> 2> 1> 2> 3> 65 3 Li – nam – bar – an pa – srah lan ri – la, 6 6 6 6 2> 1> 6 5 2 2 2 1 6< 2 6< 1 6< 5< *) Sa – yek – ti i – ku da – dya sa – ra – na ja – ti, 2 2 2 2 2 2 223 1 6< La – ras ing dar – ma lak – si – ta, 3 3 3 3 3 3 21 3 216 12 6< A – sih tres – na mring sa – meng – du – ma – di o. *) Umpak gender wirama kalih saya tamban . 2< 5< . 5< 6< 5< 3< 2< 3< 5< 6</ 1 3 2 1 6< 3 3 5 3 1 2 3 2 (6) Sanes cakepan namung kadamel angkatan saking wilah nem (6) dhateng 3 Menembah konjuring langit, pasang swara ngaru-aru, wukir ngranthil katon malela, kayu ragas witing pisang, kitha raja tameng sadurunge ana kutha, wis ada calunthang mentasing paran, kisasana ing kukum wis ana sabar drana, tawekal lan narima o. 105
  • cahmbanjaro. MIJIL SULASTRI KANGGE NYULUKI SADHENGAH PATHET (ADEGAN PUTRI) 3> 6> 1> 1> 3> 3> 3> 3> 2> 1> 2> 3> Ku – ning ku – ning ci – tra – ne wong ma – nis, 1> 1> 1> 1> 1> 2> 1> 6 1> 6 cah – ya – ne man – co – rong 3> 3> 2> 1> 2> 6 3 2 12 21 61 Ung – gya – ni – ra se – dheng a – man – tes – I, 6 6 1 2> 1> 6> 353 2121 Jang – ga ang – lung ga – dhung. 3> 1> 2> 6 1> 2> 1> 6 3532 2 Yen me – sem den in – crit in – crit 5 5 5 3 565 356 2 2 2 21 3 121 616 3 su – meh se – mu – ni – ra pan – tes – a – kar – ya wu – yung o.p. TANGISAN KANGGE SADHENGAH PATHET LARASIPUN MIRING 2>3>5>3>2>3>2>1>2>1> 5> 5> 5> 5> 5> 5> 5> 5> 3> 2> 3> 2> E Ri – na – sa pe – pes ang – ga – ni – ra, 6 6 6 6 6 6 61 6565 2--3 5 sa – sat i – lang be – ba – yu – ne o 6 1> 2> 1> 6 6 56 5 5 5 5 5 5 53 3532 sam – bat – e ka – re – ran – tan ri – na – os pin – dha ri – nu – jit, 5 5 5 5 5 5 516 565 1> 2> 1> 6 61>65 353 na – lang – sa ka – da – lu – war – sa was – pa de – res mi – jil, 2 3 532 1616 3 3 3 3 3 3 35 3232 1 21216 a – mar – gi yuh wa – sa – na a – nu – tuh dhi – ri o. CAKEPAN SANES E – waspa deres kang mijil, saking jroning netra, o. Luhnya marawayan mili-dahat nggenira nalangsa, wuwusnya tan kawijil. petheng dhedhet lelimengan. Sarwi sambat pindha lekasing sudra, o.q KLOLORAN KANGGE NYULUKI SABIBARING PERANG SAPISAN SABADHENIPUN GARA- GARA 6 6 6 6 6 6 6 6 6 56 Ca – tur wa – ha – na – ha – na pa – wa – rih, 5 5 5 5 5 53 56 532 2 wan da – dya da – di ke – blat pa – pat, 106
  • cahmbanjar 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2>3> 2>1>2> 6 6 6 6 6 653 2 6 to – ya su – ci u – da – ka we – woh na – di jle – dri sin – du o o. CAKEPAN SANES Yoga gawe tlaga her wening, udan bun tirta marta, karya sumber sumur masuh warna, karti karta, o -- o. --.r. KLOLORAN JUGAG 2 2 2 2 2 2 2 3 212 32 ja – la – ni – dhi sa – mo – dra u – da – ya, 2> 2> 2> 2> 2> 2>1> 1>2>3> 653 3 2 6 ta – sik ta – wa se – ga – ra we – dang, o-- o.--s. ADA ADA NYOROG BARANG TANDHA PATHET NEM SAMPUN RAMPUNG LARAS MIRING 5 5 5 5 5 5 5 65 3 21 Byo – ma mus – na nis – das mle – tik la – ngit, 5> 5> 3> 2>1> 1>2>1> 65 5 5 sir – na i – lang kom – bul a – wang, 5 65 3 2121 1 1 1 1 me – sat mu – luk ge – ga – na glis, 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 12 tu – me – nga ne – nga lu – hur su – wung so – nya mus – na, 2> 2> 2> 2>3> 1>6565 5 5 5 5 5 5<6<1 doh – te – bih swar – ga tan – pa ba – ra – kan o.t. SULUKAN PATHET SANGA WANTAH / AGUNG 2 2 2 2 2 2 2 2 Ka – yu – ne pur – wa se – ja – ti, 5 5 5 5 5 5 5 5 5 32 5 3 21 pa – ngi – ra ja – gat go – dhong ki – nar – ya su – mem be, 1> 1> 1> 1> 61>2> 5356 632 a – pra – da – pa ke – ku – wung, 6 6 6 6 6 6 6 61>61> 565 2>.3> 1>2>1> 65 kem – bang lin – tang ta la – ga la – ngit o.- 2 2 2 2 12 1616 woh sur – ya lan teng – sun, 107
  • cahmbanjar 2> 2> 2> 2> 2> 612 165 5< 6< 1 1 1 ka – si – rat bun lan u – dan pun – cak a – ka – sa, 1 1 12 1 61 2 2 2 2 2 23 216 16165 beng – kah pra – ti – wi o – yod – e ba – yu ba jra o.--u. ADA-ADA GREGET SAUT (KANGGE NYULUKI SABIBARING NYANDRA GARA-GARA) 2> 2> 2> 2> 2> 2> Trus – tha trus – ti mu – ka, 5 6 1> 1> 1> 2 1>61> 61> ga – pu – ra wi – wa – ra dwa – ra 6 6 6 6 6 6 6 1>61> 2> 2> nan – da wi – la – si – tha – gu – wa ra – go, 6 6 6 6 6 6 6165 5 2>.3>1>2>1> Lu – dra ga – tra ga – da leng – rong o, 1 1 1 1 1 1 1 1 song te – ru – san ye – ku ang – ka 6 6 6 6 6 6 165< 5< 1 ba – ba – ha ha – wa sa – sa – nga, o.-- CAKEPAN SANES Bolong nawa dwara pintu, kori bedhah lawang wiwara, gapura rong song wilasita, angling trustra-trustrhi o, trus butul Dewa sanga jawata manjing, arum ganda kusuma muka rudra masuk, o.—v.1 SULUKAN PATHET 9 (SANGA) jugag 6 6 6 6 6 6 6 6 6 5<6 Ca – tur war – na wa – ha – na pat – wa – rih, 21 1 1 1 1 1 1 1 1 6<1 wa – u da – di da – dya ke – blat pa – pat, 2 2 2 2 2 2 2 16< 16<5< to – ya su – ci u – da – ka we, o.--v.2 SINOM GRANDEL SLENDRO PATHET 9 5 6 1 1 1 2 1 6565 Gus – ti su – jan – ma mra – ta – pa, 2> 2> 1>65 5 5 6 1> 653 ru – pa ma – ha bu – dha na – bi, 1 1 1 1 6 1 2 1 6<5<6<5< 108
  • cahmbanjar leh – i – ku woh – ing bu – weng ing – rat, 12 2 2 2 2 21 2 3232 sur – ya can – dra sa – sa bu – mi, 1 1 1 1 1 2 1 6<1<6<5 ro – ning e – ke wi – ji u – rip, 5 6 1> 1> 1> 1> 1? 61> sang pra – bu ke – nya a – ne – kung, 5 5 5 5 5 5 32 ra – ja pu – tra sa – dha – ra, 2 2 2 2 23 21216<5< wung – kul – an – ing bu – di 3 5 56 5 32-5 35 1 6 2 23 16 5< 2 pa – si da – ra tyas wa – ni sang hyang ja – gat rat o,-v.3 SENDHON JANGKEP SLENDRO PATHET 9 5 5 5 5 5 5 5 5 5 35 Has – ta ka – lih ma – nem – bah nga – bek – ti, 6 6 6 6 6 6 1> 2 161 532 ne – tra kem – bar myat man – deng na – ya – ka, 2 3 5 5 5 5 5 35 swi – swi lar si – ka – ra gan – dheng. 3 3 32 3 5 321 1 pak – sa a – ma – sang su – ngu, 1> 1> 1> 1> 1> 1> 6> 1>2> 532 a – thi a – thi ta – li – ngan dres – thi, 2 3 3 32 5 3 21 5 ca – ra – na ta – ngan kar – no, o.-- SENDON JUGAG 1 1 1 1 1 1 1 2 1 61 leng – leng – ing dri – ya ma – ngun, ma – ngung – kung, 1 1 1 1 612 5 5 32 3 5 3 21 man – dhuh – an ru – mang lir le – na tan – pa ka – nin.v.4 ADA-ADA GREGET SAUT WANA 2. 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 1>2> Ku – mro – sak swa – ra – ning ke – ka – yon, 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 1>2> 109
  • cahmbanjar keh pang sem – pal ka – pa – re – pal, 6 6 6 6 6 1>2> 2> ka – tra – jang sa – to wa – na, 6 6 6 6 6 6 1>65 5 1> sor pra – ba – wa lyan sang – pe – kik, o, 1 1 1 1 1 1 1 1 1 61 sang – sam se – nuk me – mreng si – nga ba – rong, 6 6 6 6 6 6 6 16 5< 1 su – ming – gah pan sa – mi a – ne – bih o.-v.5 ADA-ADA GREGET SAUT WATAK 5 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 1>2> Bu – ta pan – dha – wa ta – ta – ga – ti, 5 6 1> 1> 1> 1> 1> 1> 1> 2>1> 61> wi – sa – ya in – dri – yak – ya sa – ra maru – ta, 6 6 6 6 6 1>6 1>2> 2> pa – wa – na ba – na mar – ga – na, 6 6 6 6 6 1>65 5 1> sa – mi – ra – na wa – ra – yang o.- 1 1 1 1 1 1 1 6< 6< 6< 6< 16< 5< 1 pan – ca ba – yu wi – sik – an gu – ling – an le – li – ma, o PATHET 9 JUGAG 6< 6< 6< 6< 6< 6< 6< 6< 6< 6< 5<6< Ka – car – yan yan – de pu – tra pa – we – kas an, 21 1 1 1 1 1 1 1 6<1 tun – dhung ri – wut kang ka – bar a – nom, 2 2 2 2 2 2 2 21 6< 16<5< tri – su – la – nya mang – gen – drik ma – nis o.-v.6 SENDHON JUGAG SWASANA SUKA 2 2 2 2 32 16< 6< Sa – to wa – na – ra se – ta, 2 2 2 2 2 2 1 1 6< 1 6< 16< 5< 1652121 5< mum – pung a – nom ngu – di – ya ka – wruh kang u – ta – ma, o, o.-v.7 PATHET SANGA JUGAG (ADEGAN 9 KAPING KALIH) 110
  • cahmbanjar 6< 6< 6< 6< 6< 6< 6< 6< 6< 5<6< Bo – long na – wa dwa – ra pin – tu ko – ri 2 3 5 5 5 5 6 1 65 321 be – dhah la – wang wi – wa – ra ga – pu – ra, 2 2 2 2 2 2 216< 6< 16<5< rong song wi – la si – ta a – ngleng, o.-v.8 ADA-ADA GREGET SAUT WATAK 10 (NGRAGA SUKMA) 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 2> 1>2> Byo – ma mus – na nin – das mle – tik la – ngit, 5 6 1> 1> 1> 2> 1> 61> sir – na i – lang kom – bul a – wang, 6 6 6 6 6 1 61>2> 2> me – sat mu – luk ge – ga – na glis, 6 6 6 6 6 1>65 5 1> tu – me – nga me – nga lu – hur o.- 1 1 1 1 1 1 1 6<1 su – wung so – nya wus – na ti – bih, 6 6 6 6 6 16<5< 5< 1 swar – ga tan – pa ba – rak – an ov.9 GREGET SAUT PANCER LIMA 3> 1>2> 1> 6 6 2> sir – na i – lang o, 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 kom – bul a – wang me – sat mu – luk ngge – ga – na, 3 3 3 3 3 33 3 3 321 1 2 me – nga lu – lur su – wung so – nya mus – na, o.--v.10 GREGET SAUT SENDHALAN 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 Swar – ga tan – pa ba – ra – kan tan ru – sak, 3 3 3 3 3 3 3 3 3 321 1 2 bras – tha swuh wa – lang – kas pe – jah a – ka – sa, o.--v.11 SULUKAN PATHET 9 KANGGE NYULUKI SASUWUKING GENDHING ADEGAN PANDHITA 6 6 6 6 6 6 6 6 6 6 Sap – ta pra – wa – ta an – ca – la gi – ri, 111
  • cahmbanjar 2 3 5 5 5 5 65 5 3 21 ar – du go – ra pra – ba – ta hi – ma – wan, 1> 1> 1> 1> 1> 1>2> 565 32 Pan – dhi – ta pi – tu kas – wa – reng, 6 6 6 6 6 61> 6565 2>.3>1>2>1>65 Re – si sa – ga – ta wi – ku o.-- 2 2 2 2 2 2 2 2 2 Yo – gi swa – ra dwi – ja su – ya – ti, 2 2 2 2 2 23/2 16<16< wu – lan we – ling wa – si – ta, 2 2 2 2 2 2 2 61 65 tung – gang tu – rang – ga gung swa as – wa, 5 5 5 5 5 ti – tih – ab ku – da, 5 6 1 1 1 1 1 1 121 61 a – ji ar – ga sab – da angsa mu – ni, 2 2 2 2 2 232 16 1216<5< su – ka bik – su bik – su ka o.-- CAKEPAN SANES Mahambeg keng para marta tuhu pandhita kang wus limpad parama widyeng sunyata mengku liring kasujanan, o agal alit mumpuni prayudana ing arungsit asih samaning dumadiw. PATHET MANYURA WANTAH 3 3 3 3 3 3 3 Hyang can – dra wus gu – mle – wang, 6 6 6 6 1 2>1>6> 1>2> 1>2> ing im – bang ing ca – kra – wa – la, 2> 2> 2> 2> 2> 1>2>3> 61>6 53 wa – yah – e wus ga – gat ba – ngun, 112
  • cahmbanjar 1> 1> 1> 1> 1> 1>2 1>61>6 2>1>2> 3>2>1>6 ra – me sab – da – ning sa – to o, o, 3 3 3 3 3 3 353 2121 ku – ku lu – ruk se – sa – ur – an, 3> 3> 3> 3> 3> 3> 1>2>3>2> 1>6 we – tan so – rot – ing ha – ru – na, 3 3 3 3 3 3 353 21 216 lir ne – tra – ning ang – ga ra – puh, o, 6 212 3 3 3 3 353 21 216<5<3< 16<16< sri – gun – ting ngo – ceh a – ba – rung o.--w.1 PATHET MANYURA AGENG 1 1 1 1 1 1 1 61 Rep – si – rep si – dhem ke – ka – yon, 3 5 6 1 2>1>6 56 532 ja – gat ka – dya ki – nu – cang, 2> 2> 2> 2> 1>2>3> 65 3 sir – na – ning ja – ma ra – ma, 1> 1> 1> 1> 1> 1>2> 1>61>6 3>2>3>2>1>6 ja – man se – pi a – na – ne, o, 3 3 3 3 3 3 3 3 3 3 353 2121 ma – nu ma – bur a – bur – e ngung – kul – i la – ngit, 3>2>3>2>1>6 6 1 2 2 2 2 21 12 O ngu – pa – di sa – ri – ning pa – ti, 3 3 3 3 3 3 3 3 353 21 216< pa – tang war – na pang – go – da – ning la – ku, o, 6< 212 3 3 3 3 313 21 216<5<3< 16<16< pu – tih – a – bang ku – ning i – reng o,x. ADA-ADA GREGET SAUT MANYURA 1> 1> 1> 1> 1> 1> 1> 1> 61> De – wa sa – nga ja – wa – ta man – jing 3 5 6 6 6 6 6 56 2> a – rum gan – da – ning ku – su – ma o, 2 2 2 2 2 2 12 mu – ka ri – dra ru – ma – suk, 1 1 1 1 5 6 53 216< 2 ra – ga a – grong gu – wa me – nga, o 113
  • cahmbanjarx.1 ADA-ADA GREGET SAUT JUGAG 2 2 2 2 2 2 2 Trus – ta trus – ti trus bu – tul, 1 1 1 1 3 5 6 53 216< 2 De – wa sa – nga ja – wa – ta man – jing o,y. SASTRODATAN MANYURI AGENG 1> 1> 1> 1> 1> 1> 1> En – jing bi – dhal gu – mu – ruh, 3 5 6 3 1 216< 6< sa – king na – gri Wi – ra – tha, 5 61 3 1>2> 6 31 2 1 6< gung ing – kang ba – la kus – wa, 5 6 3 3 3 3 321 1 5<6<5<3< a – bra bu – sa – na ni ra o, 1 2 6 3 1 216< 6< li sur – ya we – dal – i – ra, 6 2 23 1 2 16< 6< 5< 3< sa – king ing ja – la – ni – dhi, o – o.-z. GAGAK NGURAK MANYURI 1> 1> 1> 1> 1> 1> 1> 1> 61> Pa – dhang su – mi – rat bang – bang we – tan, 1> 2> 3> 2>/ 1> 6> 1> wa – yah – e ga – gat en – jing, 1> 1> 1> 1> 2>/ 6/ 5/3 lin – tang ra – i – na ka – ton, 5 5 5 5 5 5 6 1 1 23 1 ka – dy pa – ngle – bur – ing ja – gat ra – ya, oz.1 PATHET MANYURA WANTAH / AGENG 3 3 3 3 3 3 3 3 Hyang si – ta res – mi wus ang – lem, 3 2 2 2 2 2 12 ing im – bang – ing hal – da – ka 2> 2> 2> 2> 2> 1>2>3> 6561> 5653 bi – na – rung sab – da – ning sa – to 114
  • cahmbanjar1> 1> 1> 1> 1> 1> 65 356 3> 2>3>2>ku – ku – lu – ruk se – sa – ur – an, o,3 3 3 3 3 3 323 21sa – ma – na wus meh ra – hi – na,3 3 3 3 3 3 1>2>3>2> 1>6we – tan bang ka – ton su – mi – rat6 1 2 2 2 2 2 12ye – ku cah – ya – ning hyang ar – ka,3 3 3 3 3 3 32 2321 216<lir ne – tra – ning ang – ga ra – puh o,3 3 3 3 3 3 32 2321 2365 3 16<16<sir – gun – ting ngo – ceh am – ba – rung, o.-- o.--. 115
  • cahmbanjarGENDHING-GENDHING BAKU PAKELIRANI. Purwaka utawi PambukaII. Manggung utawi taluIII. Pathet 6 1. Jejer Kapisan 2. Jengkaran 3. Gapuran 4. Kadhatonan 5. Semadi (Sanggar pamujan) 6. Paseban jawi 7. Budhalan 8. Perang Ampyak 9. - 10. Singgetan 11. Perang alus mengsah gagahan 12. Perang dugangan 13. Adegan kaping kalihIV. Pathet 9 14. Gara-gara 15. Adegan Pratapan 16. Bambangan mandhap saking pratapan 17. Perang sekar (Cakilan) 18. Adegan kaping II (Sintren)V. Pathet Manyura 19. Adegan Manyura Sapisan 20. Adegan Manyura 21. Perang Brubuh 22. Tayungan 23. Adegan Pungkasan 24. Tanceb Kayon 116
  • cahmbanjar BAB VII. GENDHING-GENDHING BAKU PAKELIRANNo. Jeran/Adegan Gendhing Swasana Sasmita 1 2 3 4 5I Purwaka utawi Gangsaran-Liwung-Manyarsewu- Gangsaran- Gambira pambuka Suwuk. Laras Slendro Pathet Manyura. Gendhing sesaji manut kabetahan: 1. Katawang Pisan Bali Slendro Manyura 2. Lancaran Eling-eling Slendro Manyura 3. Ketawang Gunungsari Slendro Manyura 4. Lancaran Sekargadhung (Banyumasan) Slendro Manyura 5. Ladrang.Uluk-uluk Slendro ManyuraII Manggung utawi Gendhing Gambir Sawit Kethuk 2 Kerep Regu Talu Minggah. Kethuk 4 Kerep Slendro 9 Ladrang Gonjang-Ganjing Slendro 9 Ketawang Rajaswala Slendro 9 Ayak-ayakan Slendro 9 Srepeg Slendro 9 Sampak Slendro 9.III PATHET 61 Jejer Kapisan Srepeg Lasem arang Slendro 6. Ayak-ayakan Renggep Dhodhogan Lasem Slendro 6. Srepeg Lasem arang Slendro katempen keprak sapisan sareng 6. Gendhing Bondhet Kethuk 2 gong. Kerep Minggah. Kethuk 4 Kerep Slendro 6. Suwuk. Manawi women tamu angginakaken gendhing kawiwitan saking sendhon Irim-irim, pocapan lajeng sasmita gendhing. 1. Alusan: Gambira Pindha Puspita kataman Hyang a. Ladrang Kembang Pepe Slendro 6. Bagaskara b. Ladrang Remeng Slendro 6 Pindha Hyang Candra kasaputing mega c. Ladrang Srikaton Slendro Manyura Gambira Asri Kawuryan 2. Gagahan: a. Ladrang Moncer Slendro Manyura Sereng Anggedhedher koncane b. Ladrang Jatikumara Slendro Manyura Sereng Sajatining Kumara c. Ladrang Sigramangsah Slendro Manyura Sereng Pindha satriya mangsah ingayuda d. Ladrang Dwiradameta Slendro 6 Gajah medhot saking wantilan2 Jengkaran Sendhon Plencung-Ayak-ayakan Lasem Renggep Pyak ngarsa tangkeping wuri Slendro 6 minggah Srepeg Lasem arang Slendro 6.3 Gapuran*) Srepeg Lasem arang Slendro 6 kalerep, teras Renggep Dhodhogan lerepan janturan. Telasing janturan gangsa wangsul sakawit lajeng suwuk.4 Kedhatonan*) 1. Ladrang Ginonjing Slendro Manyura Gambira Adamel gonjinging penggalih 2. Ladrang Asmaradana Slendro Manyura. Gambira Memangun jayaning asmara5 Semadi (Sanggat Sarampungipun nyandra semadi kalajengaken Renggep Dhodhogan lan keprakan pamujan) Srepeg Lasem Slendro 6.6 Paseban jawi Srepegan Lasem Slendro 6. Renggep –7 Budhalan Suluk Asmaradana nyorog Barang Tengara Renggep – budhalan.8 1. Lancaran Manyar sewu Slendro Manyura Renggep Tinon saking mandrawa pindha manyar neba 2. Lancaran Gangsaran dhadha (manggul) Renggep Katingal sengkud nggenira Slendro Manyura. anyangkul karyaning praja 3. Lancaran Sapu jagad Slendro Manyura Renggep Gumuruh pindha arsa hambrastha memalaning jagad 4. Lancaran Ricik-ricik Banyumasan Slendro 6. Renggep Kumricik swantening kendhali9 Perang Ampyak Srepeg Slendro 6. Sereng Dhodhogan/keprakan Srepeg Lasem Madras Slendro 6. Sereng Dhodhogan/keprakan 117
  • cahmbanjar10 Singgetan Srepeg Lasem Slendro 6 karangkep (sirepan Sereng Idem kangge njantur) wangsul Srepeg Lasem Slendro 6 malih.11 Perang alusan Srepeg Lasem karangkep saeekapipun lajeng Sareng Idem mengsah gagahan wangsul 1 irama satunggal.12 Perang Dugangan Srepeg Madras Slendro 6. Sereng Dhodhogan/keprakan13 Adegan kaping kalih: a. Bagus 1. Ladrang Wirangrong Slendro 6 Gambira Pindha jejanggan nandhang branta 2. Ladrang Jongkeri Slendro Manyura. Gambira Datan keri sajangkah-jangkaha. 3. Ladrang Wahyu Slendro 6. Gambira Angadhang nugrahaning Bathara b.Sabrang thelengan 1. Ladrang Bedhat Slendro 6. Gambira Netepake jejamange. 2. Gedhong Majemuk Slendro 6. Gambira Kinembong bojananing temanten. c. Danawa Raton I. Ladrang Sapu Jagat Slendro 6 Gambira Ambrastha reretuning jagat. 2. Ladrang Geger Sekutha Slendro 6. Gambira Anggegerake wong sapraja.IV PATHET 9 Gara-gara. Ayak-ayakan Slendro, Srepeg Slendro 9 Sereng Dhodhogan/ keprakan Sampak Slendro 914 Adegan 1. Gd. Runtut Kethuk 2 Kerep Minggah Prihatin Pandhita kang wus runtut Pratapan Kethuk 4 Kerep Slendro 9 saliring weweka 2. Ladrang Sri Karonron Slendro 6 idem Sayekti Pandhita kang wus jumbuh lahir lah batine 3. Ketawang Gd. Sumendhang Slendro 9 idem Pandhita kang wus winenangake amadhangi jagat16 Bambangan 1. Ladrang Clundhang Slendro 9. idem Samargi-margi tansah mandhap saking ceclunthangan pratapan 2. Ketawang Kasatriyan Slendro 9 Prihatin Aja ninggalaken marang kesatriyane 3. Ladrang Subakastawa Slendro 9. idem Samarga-margi hanggung sinuba suba17 Perang Sekar 1. Srepeg Slendro 9 Sereng Dhodhogan/ keprakan (cakilan) 2. Lancaran Sembunggilang Slendro 9 idem Gilang-gilang kuwandane Yaksa-bajangan Sampak idem – medal18 Adegan kaping II 1. Gd. Renyep Kethuk 2 Kerep Slendro 9 Trenyuh Sayekti Pandhita kang wus sepi (Sintren) ing pamrih 2: Ketawang Langengita Slendro 9 Gambira mBrengenging kombang pindha Brahmana BagawatgitaV PATHET MA NYURA19 Adegan Manyura 1. Ladrang Pangkur Slendro Gambira Kang wus mungkur marang Sapisan sakathahing pepenginan 2. Ketawang Sandhung Slendro Manyura Prihatin Pindha kasandhung ing tawang 3. Ladrang Kandha Manyura Slendro Manyura Prihatin Sayekti wus cedhak marang kasampurnan20 Adegan Manyura Srepeg Manyura Sigrak Dhodhogan/keprakan21 Perang Brubuh Sampak Manyura Sereng idem22 Tayungan Ketawang Pisan Bali Gambira idem Sampak ayak-ayakan Slendro Manyura23 Adegan Pungkasan Ayak-ayakan Slendro Manyura Gambira idem24 Tanceb Kayon Eling-eling Banyumasan Gambira idemCatatan: +) Kagedhongaken 118
  • cahmbanjar WEWATONING SABETANa. Sabetanb. Cepenganc. Tanceband. Bedholane. Solah-bawaf. Sabetan perang 119
  • cahmbanjar BAB VIII. WEWATONING SABETANa. Sabetan Ingkang dipun wastani sabetan inggih punika lampah-lampahing ringgit tumrap solah bawa, lumampah, kridhaning perangan lan sasaminipun ingkang kedah jumbuh kaliyan wanda lan golonganing ringgit. Awit saking punika kedah saged katingal beda-beda tumrap satunggal lan satunggalipun ringgit miturut kawontenaning sesipatanipun, kadosta solah bawaning ringgit gagahan kadamel beda lan solah bawaning ringgit alusan, ringgit gagahan beda lan ringgit danawa lan sapanunggilanipun. Makaten ugi bab sabetan perangan kedah wonten bentenipun. Dene sabetan punika kaperang dados 6, inggih punika: 1) Cepengan 2) Tanceban 3) Bedholan 4) Solah-bawa 5) Sabetan perang 6) Panyelehing ringgitb. Cepengan Cepengan punika cara panyepenging ringgit satunggal-satunggalipun ingkang kedah miturut wanda lan golonganing ringgit. Dene cara panyepenging ringgit punika kaangkah murih nggampilaken tumindaking dhalang anggenipun angayahi kewajiban lan saged ngresepaken. Cepengan punika kaperang dados 4, inggih punika: 1) Methit tumrap ringgit : estren, putran, katongan utawi ringgit ingkang agengipun dumugi sami Satyaki, ing genuk ngandhap 2) Sedheng tumrap ringgit : Kurawa dumugi Gathutkaca, ing lengkeh. 3) Ngepok tumrap ringgit : danawa prepatan saha raton utawi kayon, ing picisan dumugi ing genuk nginggil. nJagal tumrap ringgit : bujengan tuwin prampogan, dumugi ing wacucal. Tumrap angka 1, 2, 3, njagal punika dados cacad. Tuladha panyepenging ringgit: 120
  • cahmbanjar 1) Ringgit putren: upaminipun Sumbadra, Banowati, Drupadi lan sasaminipun patraping panyepeng kados dene nyepeng gagang pen tegesipun ngantup utawi nyempurit ing salebetipun swasana gambira. Manawi ing salebeting swasana sereng/perangan panyepengipun ngrenggep/nggegem. 2) Ringgit bambangan/bokongan upaminipun: R. Harjuna, Prabu Kresna, R. Abimanyu lan sasaminipun, patraping panyepeng kados dene panyepenging ringgit putren nanging radi minggah sakedhik. 3) Ringgit dugangan tanggung upaminipun: R. Setyaki, R. Gathutkaca, R. Kartamarma lan sasaminipun, patraping panyepeng ngrenggep/magak jempol kapeta ing lengkeh ngandhap. Ing salebetipun swasana gambira, kasesa, sereng/perangan patraping panyepeng ngrenggep/nggegem. 4) Ringgit dugangan ageng upaminipun: R. Werkudara, Prabu Duryudana lan sasaminipun patraping panyepeng ngrenggep/nggegem, jempol kapeta ing picisan/ngepok. Ing salebetipun swasana gambira, sereng/perangan panyepengipun ugi ngrenggep. 5) Ringgit yaksa bajangan utawi glundhung upaminipun: Kala Pragalba, Kala Dahana lan sasaminipun, patraping panyepeng ngrenggep sarta njagal, tegesipun driji nggepok wacucal. 6) Ringgit kewanan, rampogan, seta patraping panyepeng njagal (cempurit/gapit gepeng). 7) Kayon/gunungan patraping panyepeng ngepok driji panuduh manginggil. Caranipun matrapaken astaning ringgit punika miturut dhateng gegelanipun, bakenipun astanipun ringgit ingkang ngajeng wonten ing njawi, dene ingkang wingking wonten ing nglebet. Pramila patrap panyepenging tuding dipun jumbuhaken njawi lan nglebetipun. Patrap panyepenging ringgit lan kapal (kapalan) cempurit karangkus dados satunggal, astaning ringgit ingkang ngajeng kapetha ing lising kapal/kuda, asta wingking katekut mawingking, tudingipun kalebetaken iringan nglebet sacelaking kampuh. Dene patraping panyepeng, driji sekawan ngrangkus dados satunggal, jempol manginggil dipun angkah sawetawis wonten sangajengipun cempuriting ringgit radi manjawi.c. Tanceban Tanceban punika cara nancebaken ringgit wonten debog ngangdhap utawi nginggil. Dene panancebing ringgit sageda cetha lan ngresepaken manawi dipun pirsani saking ngajeng utawi wingking kelir, mboten ngribah ringgit ingkang sampun katancebaken langkung rumiyin saha gampil manawi badhe kabedhol. Panancebing ringgit punika pangangkahipun: 121
  • cahmbanjar1) Raining ringgit mepet ing kelir, kaangkaha ing wingking ugi mepet (manawi mepet ing wingking wau damel gongganging rai, ing wing- king kenging gonggang sakedhik, uger rai tetap mepet kelir), murih katingalipun saking wingking kelir, mboten mbibrahaken wujuding ringgit.2) Badan dumugi suku kagonggang sakedhik kaliyan kelir, namung suku ngajeng kedah mepet (cempurit cakipun suku medal), supados gampil pamendhetipun, katingal gesang sarta sagedipun ing nginggil mepet, punika manawi ing ngandhap kagonggang sakedhik, nanging sampun ngantos ndengkek sanget, kajawi sawanganipun kirang sae, saged nugelaken cempurit.3) Kangkah tlapakan tumumpang palemahan, dados katingal ambles utawi tapak layang- layangan, ananging ingatasipun ringgit ingkang cempuritipun celak, upami putren, punika kapeksa mboten saged netepi pangangkah, kajawi punika, saking kuciwaning palemahan, kawiyaran utawi keciuten, sarta saking kuciwaning placak, kapanjangen utawi kacelaken, punika inggih pinuwung, kapendheta sakecanipun.4) Jejeg dhoyonging adeg punika, ukuran sampun wonten palemaha ning ringgit, uger palemahan ringgit wau radin kaliyan palemahan kelir, punika adegipun sampun pikantuk, kajawi manawi pinuju ngadhep, punika ing pamatawis: saking pasemonipun ringgit ladak luruhipun, utawi pantes anggenipun ngaosi ingkang ngadhep wau.5) Leting (godhaganing ringgit) tanceban ringgit kalih ajeng-ajengan, punika bilih ringgit padhalangan watawis saagenging kayon, kirang langkung 1 1/2 kaki utawi setengah meter; dene tumrap ringgit jujutan langkung, ringgit kidang kencanan saha ringgit putren kirang sakedhik.6) Tanceban ringgit, jejer punika, manawi saged sampun ngantos katumpangaken, murih sawangan saking ngajeng katingal resik, saking wingking kelir katingal wijang. Dene manawi ringgitipun kathah, katancebaken kados ing nginggil papanipun mboten nyekapi, kenging ngangkah sawangan cetha saking ngajeng, inggih punika sageda katingal cetha rainipun. mBujeng prayogining sawangan malih, kathahing tanceban ing sisih kiwa kaliyan tengen punika kaangkaha timbang.7) Ringgit ingkang ingajenan, samanten malih nancebaken ringgit satunggal ing sisih tengen, adegan ingkang lajeng katungka wonten tamu, manawi mboten kapeksa, ing sanadyan tamunipun nampeni pangaji-aji, tancebanipun mboten ewah, tamu lajeng wonten sisih kiwa.8) Tangan a) Ringgit ingkang luruh tangan kaumbar, tangan ingajeng jujur mangandhap, tuding kaslonjoraken dhateng wingking jujur mangandhap, tuding kados tangan ngajeng, 122
  • cahmbanjar nanging kedah kapepetaken ing kelir supados saged mepet; tuding ingkang kumlewer punika dhateng sawangan reget. b) Ringgit ingkang lanyapan, thelengan, kadhelen tuwin kadhondhongan, dugangan sasaminipun, tangan wingking dipun palangkerikaken, kininten-kinten sawatawis wonten sangandhaping cethik. Papanggihanipun ringgit kalih ingkang adatipun sami malangkerik (Baladewa- Duryudana) kapendhet ing dugi-dugi, wonten prayoginipun kaumbar, rehning sami ratu, ngatingalaken anggenipun aji ing aji. c) Ngatingalaken dekungipun ringgit ingkang ngadhep, tangan dipun kapurancangaken, tangan kalempakaken, sarta murih mboten udhar, kaprenahing ugel-ugel dipun panthalitaken. Ngapurancangipun ringgit mripat gabahan tangan kaumbar jujur ngatingalaken lurusing badan sarta tajemipun, dene ringgit kedhelen minggah, tangan ngajeng katekuk, mendhet sawangan santosaning badan, dados mathentheng utawi sereng; ngapurancang ingkang kantun punika murih mboten ewah-ewah, tuding karangkus, kaslempitaken sawingking suku.9) Ringgitan punika debogipun ngangge kalih, panatanipun ing wingking langkung inggil, debog ingkang ngandhap punika kangge tanceban ingkang kedah ngaosi.10) Nancebaken ringgit sapisan punika, kedah kaangkah papanipun cekap manawi mangke kangge malih.11) Manawi tangan kiwa tengen nyepeng ringgit, samangsa badhe nancebaken, punika tengen rumiyin nancebna, katata saprayoginipun, kiwa taksih kapanjer, sarampungipun tangan tengen saweg kiwa.12) Nancebaken kedah angon iramaning gendhing, tumancebipun ngangkaha dhumawahing gong, punapa kenong, kempul utawi methuk.13) Adegan ingkang mawi gendhing: a) Tumancebipun ringgit ingkang luhur piyambak ngangkah dhawah gong. b) Tumancebipun ringgit ingkang kantun piyambak ngangkah dhawah kethuk bibar gong, kethuk kalih kasirep: nyembah (kajantur). Nalika kenong tiga dhalang sasmita seseging gendhing ndhodhog ngganter, gong, ringgit medal nyembah, kethuk tumanceb, kethuk kalih nyembah malih lajeng ngapurancang, sirep. Punika manawi gendhing kethuk kalih kerep, kenong tiga (4, gong).14) Ringgit ingkang kaadegaken punika, ingkang dados pangageng, sasampunipun tumanceb, supados mboten katingal kemba utawi suwung, ambenakaken pangangge utawi rambut ingkang pantes dipun serengaken, kaliyan capeng, ngelus gumbala saprayoginipun. 123
  • cahmbanjar 15) Ringgit seba sesampunipun kasembahaken, saderengipun katancebaken sampun ngantos kawalik. 16) Manawi nancebaken ringgit kaangkaha angginakaken tangan tengen.d. Bedholan Bedholan punika cara mbedol ringgit. Dene pambedholing ringgit punika sageda katingal resik lan ngresepaken saha mboten mbibrahaken jejeran utawi adegan. Manawi mbedhol ringgit mawi tangan satunggal sampun ngantos katingal ungkag-ungkeg, katingal kuciwa sanget patrapipun, cempurit kacepeng ing perangan sisih nginggil, tangan• mepet debog, jenthik kabiyantu driji manis lan panunggul kapadalaken ing debog, cempurit kacepeng kenceng lolosipun saking debog, tamtu. gampil. Kajawi manawi mbedhol ringgit ingkang ageng-ageng, kadosta: Werkudara kedah dipun aya sawetawis, tangan ingkang kiwa gondhelan kothak. mBedhol ringgit badhe kalampahaken satunggal, tanganipun dipun tata, tanganipun ringgit satunggalipun kacepeng ing tangan kiwa. Manawi nglampahaken ringgit ingkang mentas kabedhol kaangkaha ngantos dumugi ing satelasing panggungan, kepara minggah sawetawis, supados ringgitipun mboten katingal anjlog utawi ambles.e. Solah-bawa Solah-bawa punika kridhaning ringgit ingkang katindakaken dening dhalang. Kadospundi menggah cara lan tumindakipun manawi badhe nyolahbawaaken ringgit miturut wanda lan golonganipun utawi kebetahanipun upami lumampah, mbeksa, mabur, damel solah gecul lan sanes-sanesipun sageda ingkang wijang murih sae lan mranani. Ingkang kalebet solah- bawaning ringgit antawisipun: 1) Solahing kuda Saderengipun kuda kalampahaken/kasolahaken, langkung rumiyin rampogan kawedalaken saking tengen mangiwa lajeng tanceb ing debog ngandhap, kirang langkung saprotigan sisih kiwa antawisipun pungkasaning simpingan kiwa lan tengen, lajeng: Pekathik nuntun kuda, tanceb sawingkingipun rampogan. Salajengipun ngedalaken ringgit ingkang badhe numpaki kuda, rampogan, pekathik kabedhol kalampahaken mangiwa. Solah-bawaning kuda inggih punika: nyigarada, kridha ngidak-idak keracak (tel), kridha sirig andhapan, kridha wedhi kengser (ngayun), kridha adheyan (nyongklang). 2) Solahing liman manawi meta 124
  • cahmbanjar Menggah solahing liman manawi meta inggih punika: ngempret, mobat-mabit, ngidak, nggadhing, nlale, mbucal lan mbanting.3) Solahing sima Menggah solahing sima inggih punika: nggereng, nggero, nubruk, nyaut, ngraut, nyakot, narap mangsa lan nggondhol.4) Solahing sawer utawi naga yen kakarsana Menggah solahing sawer utawi naga yen kakarsana inggih punika: ngakak, nyembur wisa, mulet nyakot, lan nguntal.5) Solahing peksi Menggah solahing peksi inggih punika: mabur kalangan ing nggegana, kekejer, nglayang, niyup, nyamber, matuk-ngabruk utawi nladhung, nyengkerem, nyakar lan nggondhol.6) Solahing maesa tuwin bantheng Menggah solahipun maesa tuwin bandheng inggih punika: nyrudug, nyundhang, nujah, ngidak-idak.7) Solahing wraha Menggah solahing wraha inggih punika: nyrudug, nyronggot lan nisil.8) Solahing wanara Menggah solahing wanara inggih punika: (1) Ulap-ulap, tanceb, capeng, malangkerik (2) Ulat-ulatan (3) Mere (4) Lampah dingkik-dingkik (5) Ngiwi-iwi (saradanipun kukur-kukur) (6) Nyaut (7) ngGraut (8) Nyakot (manawi mengsahipun ageng mawi ngamplok) (9) mBanting (10) mBuwang9) Solahing rampogan Menggah solahing rampogan inggih punika: (1) Prang ampyak = ngrata margi: lampahipun geter, uluk-uluk kalantaka, nocog, mbucal, mbrobos, ngganthol lan ngidak. (2) Prang sami rampogan: nocog, ngesuk, ngancap, nggablok, ingkang kawon mundur lan ingkang menang ngesuk. 125
  • cahmbanjarf. Sabetan perang Sabetan perang punika kridhaning ringgit manawi wonten adegan peprangan. Kadospundi menggah cara lan tumindakipun manawi badhe nyolahaken ringgit wonten ing adegan peprangan sageda anggambaraken solahing tiyang ingkang pinuju pancakara, ulah kridhaning dedamel lan sanes-sanesipun. Menggah warni-warnining sabetan perang ing salebeting pakeliran sadalu muput punika saperangan dipun wastani: (1) Perang gagal/gagahan ing salebeting pathet nem, kridhaning perang punika: tubrukan, jeblosan lan aber-aberan manawi ingkang perang punika antawisipun ringgit dugangan tanggung kaliyan dugangan tanggung upaminipun: R. Gathutkaca lan R. Kartamarma. (2) Perang sekar salebetipun pathet sanga, kridhaning perang punika: gendiran, alihan antawisipun R. Harjuna kaliya danawa cakil. (3) Perang brubuh ing salebeting pathet manyura, kridhaning perang punika: ndugang, mbanting, ngejug, nubruk manawi ingkang perang punika ringgit dugangan ageng upaminipun: R. Bratasena lan danawa raton utawi danawa patih mawi siyung. Tuladha sabetan perang: I. PATIHAN (kiwa) R. SAMBA (tengen) 1. Kabedhol nubruk 1. Kabedhol, endha kaentas manengen 2. Nututi kalampahaken manengen 2. Mundur saking kiwa, majeng kalampahaken manengen 3. ABEN AJENG 4. Nubruk iringan njawi nglebet 4. Enda iringan nglebet njawi kawalik mawingking madhep manengen 5. Nubruk iringan njawi nglebet mangajeng 5. Endha iringan njawi ngleber kawalik madhep mangiwa mundur 6. Nubruk 6. Endha iringan njawi mangiwa kaentas 7. Kawalik mangiwa nututi kaentas 7. Kawedalaken saking tengen mangiwa 8. Saking tengen nubruk iringan njawi 8. njambak mawi asta ngajeng mangajeng kadhongsokaken 9. Dhawah mungkur, menyat kawalik 9. Nempiling asta ngajeng cul majeng manengen. 10. Dhawah mungkur 10. Tatag tanggon 11. Nubruk 11. Asta ngajeng njambak asta wingking ndhongsokaken 126
  • cahmbanjar 12. Menyat kawalik manengen nubruk 12. Endha iringan nglebet njawi kawalik iringan njawi nglebet mawingking madhep manengen, njambak mawi asta wingking kajeblosaken asta cul 13. Menyat kanthi rekaos 13. Kagendir wongsal-wangsul mawi asta ngajeng-wingkingII-a.PUPUH SAPISAN R. Kartamarma (kiwa) R. Gathutkaca (tengen) 1. Kridhasolah-bawa (capengan) kabedhol 1. Anduwa asta ngajeng, kejengaken nubruk 2. Kajengkang kaentas 2. Kridhasolah-bawa kabedhol nututi 3. Majeng malih 3. Mapagaken 4. ABEN AJENG 5. Ngesuk 5. Mundur sareng kaentas manengen 6. Kawedalaken saking kiwa manengen 6. Mundur sesarengan 7. Nubruk iringan njawi nglebet 7. Endha iringan nglebet njawi dados mawingking mungkur 8. Nubruk iringan njawi nglebet mangajeng 8. Endha iringan nglebet njawi dados aben ajeng 9. Njeblos iringan njawi manengen kawalik 9. Njeblos iringan njawi mangiwa kawalik wangsul mangiwa wangsul manengen. 10 ABEN AJENG 11. Ngabar asta ngajeng cull 11. Mundur kaentas majeng malih gentos ngabar asta ngajeng cul 12. Mundur kaentas 12. Nututi II-b.PUPUH KAPING KALIH 1. ABEN AJENG 2. Nubruk iringan njawi nglebet 2. Endha iringan nglebet njawi dados mawingking mungkur 3. Nubruk iringan njawi nglebet mangajeng 3. Endha iringan nglebet njawi dados aben ajeng 4. Nepak/nempiling 4. Dhawah kapeta mangajeng 5. nJambak, kadhongsokaken 5. Dhawah mungkur 127
  • cahmbanjar6. Kajambak malih saking wingking 6. Kaentas manengen kajongkongakenII c.PUPUH KAPING TIGA 1. ABEN AJENG2. Nepak jaja wongsalwangsul 2. Tatag tanggon3. Limpe 3. nJambak, nempiling4. Dhawah mungkur mangiwa 4. nJambak malih, nempiling mawi asta wingking5. Dhawah mungkur 5. Nyepeng mawi asta kalih sarwi ndhongsokaken6. Dhawah kaentas 6. …………………..III.PERANG SEKARDanawa Cakil (kiwa) R. Harjuna (tengah).1. Kridhasolah-bawa (capengan) kabedhol 1. Kabedhol endha kaentas nubruk.2. Nutututi manengen 2. Mundur manengen 3. ABEN AJENG4. Nggegiro njeblos iringan nglebet njawi 4. Tatag tanggon wangsul manengen5. Nubruk iringan njawi nglebet 5. Endha iringan nglebet njawi dados mawingking mungkur6. Nubruk iringan njawi nglebet mangajeng 6. Endha iringan nglebet njawi dados mungkur asta wingking njambak7. Kajeblesaken dhawah 7. Nggendir asta wingking dados mangiwa8. Kawalik mangiwa kaentas majeng malih 8. nJambak asta ngajeng njeblesaken tinadhahan dhengkul kadhongsokaken9. Dhawah mungkur menyat nggegiro 9. Nggendir wongsal-wangsul asta ngajeng kanthi rekaos wingkingIV.PERANG BRUBUHR. Kumbakarna (kiwa) R. Bratasena (tengen)1. Nggereng nubruk 1. Kabedhol ndugang2. Endha 2. Tatag tanggon 128
  • cahmbanjar 3. ABEN AJENG 4. mBrakot 4. Ngipataken 5. Kontal dhawah mungkur menyat malih 5. Njangkah nungkak 6. Endha iringan nglebet mawingking 6. Kawalik malumpat menengen 7. Kawalik ngendhani iringan nglebet 7. Kawalik mangiwa mangiwa 8. ABEN AJENG 9. Nepak jaja wongsal-wangsul 9. Tatag tanggon 10. Kalimpe 10. nJambak, ndhengkul, ndhongsokaken mawi asta wingking 11 Dhawah mungkur 11. nJambak malik mawi asta ngajeng 12. Dhawah kanthi rekaos 12 ……….g. Panyelehing ringgit Panyelehing ringgit punika cara nyelehaken ringgit wonten ing kothak utawi eblek. Manawi badhe nyelehaken ringgit kaangkaha murih saged tumata, mboten risak sarta gampil pamendhetipun manawi badhe kangge. Ing bab Panyelehing ringgit ing mriki ingkang baken inggih punika kangge para dhalang ingkang saweg nampi ayahan ngringgit, anggenipun nyelehaken ringgit ingkang mentas kemawon kasabetaken sampun ngantos dipun uncalaken utawi kabucal ngaten kemawon. Tumindak ingkang kados makaten punika kajawi dados cacading dhalang, manawi dipun pirsani ugi mboten resep lan malih tamtu badhc ngrisakaken ringgit. Patrap panyepeng saha panyolahing ringgit punika rekaos manawi kapratelakaken wonten ing serat. Nglengkara sanget saged utawi trampil dhateng sabetan, manawi namung kanthi maos katrangan ing serat kemawon. Manawi sinau ing bab sabetan kedah wonten ingkan nuntun. Seratan ngengingi sabetan perang ing nginggil namung minangka tuladha sawetawis. 129
  • cahmbanjar WEWATONING DHODHOGAN LAN KEPRAKAN1. Dhodhogan2. Keprakan3. Sasmitaning dhodhogan tumrap gendhing 130
  • cahmbanjar BAB IX. WEWATONING DHODHOGAN LAN KEPRAKAN1. Dhodhogana. ingkang dipun wastani dhodhogan lan keprakan inggih punika sasmitaning dhalang mawi cempala utawi dhateng para pangrawit kanthi angginakaken cempala ingkang kadhodhogaken kothak. Dene dhodhogan punika wonten 8 perangan, inggih punika: 1. Lamba 2. Pinjal lamba 3. Singgetan 4. Pada wacana 5. Neter 6. Panggugah 7. Sendhalan 8. Sumelehb. Menggah kateranganipun kados tuladha ing ngandhap punika: 1) Lamba : Kangge sasmita pathetan utawi kangge nyelani ringgit ginem piyambak. Tuladhanipun: Dhog 2) Pinjal lamba : Kangge pambukaning srepeg lasem arang. Tuladhanipun : Dhog-dhog, dhog- dhog, dhog-dhog, lajeng katampen keprak: Cak 3) Singgetan : Kangge, pada pocapan. Tuladhanipun: Dhe-rogdhog-dhog; 3) Pada wacana : Kangge pada santuning antawacana antawisipun ringgit satunggal lan sanesipun. Tuladhanipun: Dhog, dhog, dhog, dhogDherodhog 5) Neter : Kangge tengara swasana sereng Tuladhanipun: Dherodhog dhog dhog dhog 6) Panggugah : Kangge tengara purnaning rembag, gangsa badhe mungel srepegan. Tuladhanipun: dhog, dhog, dhog, dhog 7) Sendhalan : Kangge tengara gangsa mungel sampak. Tuladhanipun: dhog, dhog, dhog tumunten kasambet keprak: cak; 8) Sumeleh : Kangge tengara gangsa mungel ayak-ayakan. Tuladhanipun: Dhog, dhog, dhog, dhog, dherodhog;2. Keprakan 131
  • cahmbanjar a. Ingkang dipun wastani keprakan inggih punika, sasmitaning dhalang dhateng pra pangrawit kanthi anjejak keprak utawi ugi kangge nyarengi solah-bawaning ringgit. Dene keprakan punika kaperang dados 2, inggih punika: 1) Ambajing kerep; 2) Ngalap-alap. b. Menggah keteranganipun kados tuladha ing ngandhap punika: 1) Ambanjing ngeket : Keprak mungel nyarengi iramaning srepegan utawi sampak. Tuladhanipun: cek, cek, cek, cek, 2) Ngalap-alap : Keprak mungel kangge nyarengi solah bawaning ringgit. Bab ingkang ka-aturaken sedaya ing nginggil punika saged ewah, karana solah-bawaning ringgit. Ungeling keprak punika kawiwitan saking bedholan kayon.3. Sasmitaning dhodhogan tumrap gendhing. a. Gendhing (Ladrangan, Ketawangan lan Gendhing). 1) Sasmita pambukaning gendhing tinampen gedhog lamba sapisan (dhog) sareng kendhang (dhog); 2) Sasmita dhodhog sarug sapisan, mungkasi pocapan. Tuladhanipun: Dherodhog; b. Suwuk Ladrang. 1) Kenong kaping kalih, dhodhogan lamba sapisan (dhog); 2) Kenong kaping tiga, dhodhogan lamba sapisan (dhog); 3). Kempul pungkasan, dhodhogan rangkep, tetegan, sarug, katampen gong (Dhogdhog, dhog-dhog-dhog-dhog-dhog-dhog-dherodhog); c. Suwuk Ketawang 1) Kenong sapisan, dhodhogan lamba sapisan (dhog); 2) Kempul pungkasan, dhodhogan rangkep, tetegan, sarug, katampen gong (Dhogdhog, dhog-dhog-dhog-dhog-dhog-dhogdhog-dherodhog; d. Lerepan (Sirepan) punika cak-cakanipun sabadhenipun gong kirang sekawan thuthukan, wonten salebetipun wirama kalih lajeng kadhodhog pinjal lamba. Tuladhanipun: Dhog- dhog-dhog-dherodhog; e. Srepeg Lasem Dhodhogan rangkep sapisan, tengara pambuka, dhodhogan rangkep pinjal nyarengi kendhang kaping kalih nyarengi gong, katampen keprak neter (Dhogdhog, dhog-dhog-dhog- dhog, cek, cek, cek f. Madras 132
  • cahmbanjar Dhodhogan pinjal kaping sekawan, neter nyarengi gong, katampen keprak neter (Dhogdhog, dhogdhog, dhog-dhog, dhogdhog, cek, cek, cek;g. Sampak Tayungan (Perang Bima) Sampak Jangga Dhodhogan lamba kaping tiga, katampen kendhang sareng keprak (Dhog-dhog-dhog, cek).h. Suwuk Srepeg 1) Sareh : Dhodhogan sapisan katampen ater-ater kendhang, suwuk, katampen dhodhogan lamba kaping kalih, katampen wiramaning kendhang (Dhog …, dhog, dhog…) 2) Sendhalan : Dhodhogan kapisan, katampen ater-ater kendhang suwuk, katarapen dhodhogan lamba kaping kalih, katampen wiramaning kendhang (Dhog …, dhog, dhog ....) i. Ayak-ayakan : Dhodhogan lamba kaping sekawan lajeng sarug sapisan, lajeng gong (Dhog, dhog, dhog, dhogdherodhog ....) j. Gara-gara : Ayak-ayakan 9, minggah Srepeg 9, Sampak 9 ayakayakan, suwukipun dhodhogan lamba sapisan nyarengi wilahan-5, dipun kombangi swanten laras barang alit (1). Tuladhanipun: Dhog-dhog-dhogdhog-dherodhog- (suwuk)-dhog. k. Jengkaran : Ayak-ayakan, minggah srepeg lasem arangdhodhoganipun mawi dhodhogan Ayak-ayakan (Dhog-dhog-dhog-dhog-dherodhog). 133
  • cahmbanjar BAB X PENUTUP Ing ngajeng sampun kaandharaken bilih naskah punika taksih dereng paja-paja jangkep utawisampurna. Pramila taksih kedah dipun jangkepi. Miturut rancangan, naskah "Pathokan PedhalanganGagrag Banyumas" Jilid I punika badhe dipun jangkepi Jilid II ingkang ngewrat tuladha-tuladhapakeliran sedalu muput. Dene Jilid III kaangkah ngewrat gendhing-gendhing baku pakeliran ingkang samangke dipunangge ngiringi pakeliran ing tlatah Banyumas. Minangka panutuping atur, mugi-mugi buku "Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas" punikakenginga kangge tuntunan tumrap para siswa ingkang badhe sinau pedhalangan gagrag Banyumaslan tumrap para. sutresna kabudayaan Jawi segeda njangkepi kapustakanipun ingkang gegayutankaliyan Seni Pewayangan. Tumrap para dhalang ing tlatah Banyumas, buku punika minangka tetilaran dhumateng paradhalang mudha utawi calon dhalang saha para sutresna kabudayan Banyumas. Panitia penyusunan "Pathokan Pedhalangan Gagrag Banyumas", ngaturaken gunging panuwuningkang tanpa upami dhumateng sintena kemawon ingkang sampun kasdu paring pambiyantusaengga buku pathokan pedhalangan punika saged kehimpun kanthi sae. Nuwun 134