1. Nama : Dwi Retno D /8A/09
Djaka Lodang Edisi 52 Sabtu Pon, 30 Mei 2009
Cerita cekak TRESNA KANG PUTIH
Ardini Pangastuti BN
Sepisanan ketemu, aku ora nate mbayangake yen dheweke bakal dadi jatu
kramaku. Nggon rupa wae wis ora ketarik, apa maneh penampilane uga semrawut lan ora
modhis. “ Ngati-ati yen karo dheweke, dheweke kuwi kondhang pinangka play boy,”
bisike Lina sawise aku dikenalake dening Lina marang dheweke. Pinangka wartawati
anyaran ing kutha iki, aku pancen durung duwe tepungan akeh. Beda karo Lina kang
dhasare bocahe ayu, gandes, luwes lan supel karo sapa wae gampang akrab.
“ Dheweke kuwi saka medhia ngendi ?” pitakonku marang Lina karo klesik-klesik. “
Dheweke dudu wartawan, nanging seniman. Tulisane akeh ngrenggani udayana lan
buletin-buletin budaya. Welingku, ngati-ati yen cedhak dheweke.” Krungu omongane
Lina batinku ngguyu. Dheweke kuwi dudu type cowok idholaku. Telung sasi sawise
sapatemon sapisanan kuwi, aku ketemu maneh karo dheweke ing sawijining seminar. Aku
kang lagi miling-miling golek kursi kosong, dumadakan aku oleh kursi ing jejere
dheweke.
“ Wis suwe Mas, wiwite ?” pitakonku basa-basi. “ Durung, kok. Iki mau aku uga
mentas wae teka. Dingaren sing teka akeh nganti mbludag. “ Mungkin merga temane
menarik yaiku “ Sek jroning kabudayan jawa” lan pembicarane uga cukup kondhang.” Yen
ngono anggonmu teka iki merga ketarik marang sek utawa pemakalahe ?”
“ His. Ngawur wae. Iki semata-mata tugas. Dakjiwit lengene sing ora ketutupan
jaket. Dingaren dheweke rapi. “ Aku seneng yen kok jiwit, rasane nikmat,” bisike
cedhak banget ing kupingku. Reflek aku nguculake jiwitanku. Sabanjure aku luwih fokus
marang pemakalah sing lagi medhar sabda mbabar crita ngenani simbol-simbol ing relief
candhi-candhi kuna.
Nalika rehat makan siang, aku duwe kesempatan omber kanggo ngobrol karo
dheweke. Maune mung ngobrol ngalor-ngidul sing ora ana juntrunge nganti pungkasane
mbahas UU pornografi sing saiki isih dadi kontroversi. “ Laire UU pornografi satemene
uga ora uwal saka soal sek, akeh wong sing kaweden yen ora kuwawa ngendhaleni
syahwate, saengga mbutuhake tameng undhang-undhang iku, “ kandhane karo nyengir
nanggapi omonganku.
“ Lha iya, definisi Pornografi dhewe uga ora jelas lan akeh pasal sing multi tafsir.
Wong, yen pikirane dhasare wis ngeres, nyawang apa-apa sarwa ngeres.” Dheweke
komentar maneh, mung mlengeh cukup amba. O…yen ngguyu ngono kuwi jebul ya manis,
eh bagus. Merga sing takweruhi sasuwene iki dheweke cuek banget.
Wiwit kuwi aku asring ketemu dheweke. Dheweke dadi kerep dolan menyang kos-
kosanku, semana uga aku. Dheweke pancen kanca ngobrol sing nyenengake, dijak ngobrol
apa wae bisa nyambung. Aku seneng duwe kanca seniman kaya dheweke pekne wawasane
2. jembar lan toleransine dhuwur. Saben aku dolan mrana, mesthi ana cewek liya sing teka
genti-genten. Apa merga gunemane sing empuk eyub iku sing njalari akeh cewek ketarik
karo dheweke?
Nalika aku mrana sing sepisanan, cewek sing ngapeli dheweke Meiske, saka
Bandhung. Kaping pindho jenenge Yeni, arek Malang, kaping telu ana Ratna, bocahe lagi
wae mentas lulus SMU. Nalika aku mrana maneh kanggo sing kaping papat, kahanan
omahe sepi. Wong saomah kajaba dheweke menyang Jakarta pekne Pakdhene duwe
gawe mantu.
“ Kok njenengan ora katut ? “ pitakonku. “ Aku milih tunggu omah sapa ngerti ana
tamu, “ kandhane karo mripate nakal nyaang aku. “ Oh,…ge-er. Olehku mrene merga…..”
Merga kangen, ta ? “ pamunggele sadurunge omonganku rampung. Aku mleruk, jujur
satemene pancen iya. Embuh wiwit kapan aku duwe perasaan kaya iku. Aku sadhar yen
aku dudu apa-apa dibandhing karo cewek-cewek sing ana ing sakupenge.
Nanging aku duwe keyakinan yen ing antarane cewek-cewek iku ora ana sing
istimewa tumrap dheweke. Durung nganti sepuluh menit, dumadakan ana tamu teka. Ana
cewek loro. Edan ! Dumadakan wae aku rumangsa cemburu. Apa sih sing menarik saka
dheweke kok akeh cewek sing “ kedanan “ marang dheweke? Aku dadi kelingan piwelinge
Lina yaiku kudhu ngati-ati karo dheweke pinangka kondhang playboy.
Cewek loro sing mentas teka iku ketoke cukup akrab lan sikape rada aleman karo
dheweke. Ngobrol karo lendhetan. Ih, sebel ! Cepet-cepet aku pamit amarga ora tahan
ndulu sikape cewek loro iku. Ing njero taksi sing nggawa aku bali, pikiranku kuwur. Dina-
dina sing tau tak liwati bebarengan dheweke ora mung sepisan pindho aku nonton
bareng, mangan lan uga ora arang ngentekake tugelan wengi ing taman kutha utawa
nonton rembulan ing alun-alun.
Nanging sasuwene iku dheweke ora nate ngatonake sikape sing keladhuk kaya
ngrangkul utawa bangkekanku, paling banter mung nggandheng tangan. Kabeh kuwi ora
ana sing ditindakake dening dheweke. Mungkin aku pancen ge-er. Tekan ngomah aku
wiwit nimbang-nimbang, kepriye apike sikapku maran dheweke. Lagi ngalamun kaya iku
dumadakan….ningnong…! Setengah aras-arasen aku menyat marani lawang jebul…
Dheweke wis ngadeg ana ngarep lawang karo mlengeh mamerake eseme. “ Kok
tamune ditinggal ?” pitakonku sawise ngacarani dheweke mlebu. “ Iya, kepeksa tak
tinggal. Soale nalika lunga ekspresimu aneh. Jujur, ujug-ujug wae aku dadi wedi
kelangan, “ kandhane karo manther nyawang aku kanthi mripat kang edhum. Apa iki
sawijining pengakuan ? Ah, tresna pancen aneh, bisa nyulap tangis dadi ngguyu, sengit
dadi seneng utawa suwalike. Bener apa sing dikandhakake dening almarhum Gombloh
liwat lagune : “ bila cinta melekat tai kucingpun rasa coklat ”.
Mbayangake dheweke, mikirake dheweke ing sisihku wis mekrok kebak aruming
kembang. Tekane dheweke ing sisihku wis aweh pemahaman anyar. Aku bisa mahami yen,
abang, ijo, biru, kuning…satemene hakekate mung sawerna. Putih. Kaya putihe tresna
kang gumontang ing dadha.