Materi Basa Jawa Kelas XII SMA, Semester 1

8,697
-1

Published on

Published in: Education
0 Comments
5 Likes
Statistics
Notes
  • Be the first to comment

No Downloads
Views
Total Views
8,697
On Slideshare
0
From Embeds
0
Number of Embeds
0
Actions
Shares
0
Downloads
209
Comments
0
Likes
5
Embeds 0
No embeds

No notes for slide

Materi Basa Jawa Kelas XII SMA, Semester 1

  1. 1. Materi UTS 2013/2014 Kelas XII, SMAN 1 Sukoharjo Dening : Ingrid Elvina 16/XII IPA 6
  2. 2. WAYANG Wayang iku minangka budaya luhur tumrap bangsa Jawa, anane wiwit taun 939 nalika sri Jayabaya jumeneng Nata ing Kedhiri, kang yasa wayang Purwa saka Rontal , banjur katutugake Raden Panji ing Jenggala. Wayang iki sejatine mujudake gegambaran watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene mung ana rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana . Sing akeh dimengerteni lan kerep diparagakake jroning pentas pakeliran yaiku epos Mahabarata mligine thek kliwere Pandhawa lan Kurawa kang isih kapernah sedulur.
  3. 3. A. Ala lan becik • Patrape titah marang Gusti Allah • Patrape kawula marang Ratune • Patrape anak marang wong tuwane • Lan sapiturute
  4. 4. B. Jenis – jenis wayang 1. Wayang wong Yaiku, wayang kang paragane wong, dene critane padha karo wayang purwa. 2. Wayang beber Yaiku, wayang ditontonake kanthi migunakake mori sing digambari banjur dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Wayang iki nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji 3. Wayang klithik utawa wayang krucil Wayang iki dianggo ing kraton nyritakake lelakone Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan 4. Wayang wasana Wayang sing digawe saka kayu gepeng. Wayang iki nyritakake lakon Damarwulan lan Minak Jingga. 5. Wayang madya Wayang sing njupuk lelakone Parikesit tan turunane kajupuk saka crita babad Tanah Jawa.
  5. 5. 6. Wayang gedhog Wayang sing digawe saka kayu nyritakake lelaone Panji Asmarabangun karo garwane Dewi Sekartaji utawa Candrakirana 7. Wayang golek utawa Thengul Wayang kang wujude golekan. Nyritakake lakon Amir Hambyah lan Umarmaya, babone njupuk saka layang Menak 8. Wayang sadat Yaiku wayang kang nyritakake lakon agama Islam 9. Wayang suluh Wayang anggitane Jawatan Penerangan RI, kanggo menehi sesuluh (penerangan) marang rakyat 10. Wayang potehi Yaiku wayang kang nyritakake lelakon Cina
  6. 6. C. Ubarampe/peralatan pagelaran wayang : 1. Pluntur yaiku tali/tampar dianggo nggantung rericikaning gamelan. 2. Janget yaiku tali lulang kanggo nyencang kelir. 3. Kelir yaiku lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing (bayangan) wayang lulang/ kulit. 4. Blencong yaiku diyan/ lampu nganggo tedheng dianggo madhangi wayang. 5. Klanthe yaiku tali gong. 6. Jala-jala yaiku tali lulang dianggo mbedheng kelir. 7. Wayang 8. Debog 9. Cempala 10. Kothak 11. Keprak
  7. 7. D. Pralambang ing Pagelaran Wayang Ubarampe kang digunakake ing pagelaran wayang nduweni perlambang dhewe-dhewe. Dene perlambang mau, yaiku: Wayang mralambangake manungsa Kelir mralambangake langit Debog mralambangake bumi Blencong mralambangake srengenge, bulan, lintang Gamelan mralambangake kebutuhane manungsa (sandhang, pangan, papan) Kothak mralambangake sangkan paran Gunungan mralambangake urip Cempala mralambangake jantung Kepyak mralambangake lakuning getih
  8. 8. E. Urut-urutaning pagelaran wayang kulit sawengi natas • Jejer • Kedhaton • Paseban Jaba • Bodholan • Jejer Sabrang • Perang gagal • Gara-gara • Perang Kembang • Perang Brubuh • Tancep Kayon
  9. 9. Prabu Sumali masrahake Alengka marang Dasamuka Prabu Sumali yakuwi ratu ditya saka nagara Alengka. Sumali nduweni putra cacah loro yakuwi Dewi Sukesi lan Ditya Prahasta. Dewi Sukesi sawuse diwasa dilamar para ratu lan satriya, sahengga kanggo nemtokake jodhone banjur digelar sayembara njabarake sastrajendra hayuningrat. Saliyane kuwi isih ana pasanggiri perang tandhing kang dilakoni dening Ditya Jambumangli. Wusanane ilmu sastrajendra hayuningrat bisa dijabarake dening Begawan Wisrawa, kang makili putrane Prabu Danapati saka Lokapala. Nanging Dewi Sukesi dhewe gelem ningkah karo priya kang bisa njabarake sastrajendra hayuningrat. Dene Jambumangli jroning perang tandhing lawan Begawan Wisrawa nemoni tiwas.
  10. 10. Jroning jejodhoane antarane Dewi Sukesi lan Begawan Wisrawa iku nurunake putra cacah papat, yakuwi Rahwana, Arya Kumbakarna, Sarpakenaka lan Arya Wibisana. Sawuse rumangsa cukup anggone mengku kuwasa lan mimpin nagarane, Prabu Sumali sabanjure milih lengser keprabon lan masrahake wewengkone karaton Alengka marang putu pambarepe, yakuwi Rahwana kang tumuli jejuluk Prabu Dasamuka. Prabu Sumali dhewe sabanjure milih mratapa dadi pandhita.
  11. 11. Sedulur 1.Urutan Sarasilah (mudhun) Bapak / Ibu -> Anak -> Putu -> Buyut -> Canggah - > Wareng -> Udheg - Udheg -> Gantung Siwur -> Grepak Senthe 2. Urutan Sarasilah (munggah) Anak -> Bapak / Ibu -> Embah -> Buyut -> Canggah -> Wareng -> Udheg - Udheg -> Gantung Siwur -> Grepak Senthe
  12. 12. 3. Urutane sedulur : • Pembarep : anak nomer siji • Panglulu : anak nomer loro • Pandhdha : anak nomer telu • Sumendhi : anak kakang ragil • Wuragil : anak ragil 4. Pernahe Sedulur - Anake Anak = Putu - Anake sedulur Tuwa / Enom = Keponakan - Anake Keponakan = Putu Keponakan - Anak gawane bojo = Anak Kuwalon - Adhine Bapak / Ibu ( Lanang ) = Paklik
  13. 13. - Bocah Liya sing dipupu / diakoni Anak = Anak Angkat - Bojone Anak = Anak Mantu - Dudu Bapake dewe = Bapak Kuwalon - Dudu Ibune dewe = Ibu Kuwalon - Ipene sedulur = Pripean - Kangmase Bapak / Ibu ( Lanang ) = Uwa / Pakdhe - Mbakyune Bapak / Ibu ( Wadon ) = Uwa / Budhe - Sedulure Bojo = Ipe / Ipar - Sedulur tunggal Bapak / Ibu = Sedulur - Sedulur padha Embah, Anak Dulur = Misanan - Sedulur padha / tunggal Buyut = Mindhoan - Sedulur tunggal Ibu seje Bapak / seje Ibu tunggal Bapak = Sedulur Kwalon - Sedulur padha guru = Tunggal Banyu - Sedulur padha Bapak, Ibu = Tunggal Welat - Wong tuwane ( Bapak / Ibu ) Mantu = Besan - Wong Tuwane ( Bapak / Ibu ) Bojo = Mara tuwa
  14. 14. Upacara Adat Jawa Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe rangkeyanrangkeyanupacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu. Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung. Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
  15. 15. Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane: • Lamaran Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten. • Siraman Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
  16. 16. • Midodaren Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan. • Srah-srahan Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
  17. 17. • Ijab kabul • Upacara panggih Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman. • Upacara balangan suruh Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri. • Upacara wiji dadi Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
  18. 18. • Pupuk Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo. • Sinduran Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo. • Timbang Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan. • Kacar-kucur Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.
  19. 19. • Dahar Klimah Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan. • Mertui Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi. • Sungkeman Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa. • Kenduren / resepsi Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake.
  20. 20. Pasrah penganten lanang ana kang dileksanakake nalika acara midodareni yaiku ing wengi sadurunge acara ijab lan majemuk ditindakake. Ana uga kang adani sadurunge acara ijab kabul, lan uga ana kang dileksanakake sadurunge acara panggih utawa majemuk. Pasrah calon penganten ing acara midodareni wektune beda karo wektu panggih, mula tetep kudu diadani, dene pasrah calon penganten ing acara ijab lan acara panggih biasane ana ing wektu kang padha. Ijab kobul adakane diterusake acara panggih, utawa yen arep diadani ing sadurunge panggih, becike ora susah dipasrahake sadurunge ijab kabul. Kaya mangkono iku mung kanggo ngringkes wektu bae, nanging yen arep dileksanakake loro-lorone ya ora apa-apa.
  21. 21. Cengkorongan sesorah pasrah penganten utawa nampa pasrah penganten ing upacara adat Jawa, lumrahe kaya kasebut ing ngisor iki. 1. Salam pambuka 2. Pakurmatan 3. Puji syukur marang Gusti Allah 4. Nepungake dhiri kang sesorah 5. Atur salam taklim/kawilujengan rombongan pengiring calon manten 6. Wigatining sedya, yaiku masrahake calon penganten lanang saubarampene 7. Pamuji utawa pangarep-arep 8. Panyuwunan pangapura tumrap kaluwarga calon penganten lanang 9. Panyuwunan pamit (yen mengkone ora ana acara pamitan) 10.Panutup (panyuwunwn pangapura tumrap kang sesorah: masrahake/ nampa) 11. Salam panutup.
  22. 22. Unggah-ungguhing Basa Manut cak-cakan lan trap-trapane, basa Jawa iku sejatine kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan krama. Nanging manut panganggone ing satengahe bebrayan basa iku ana papat. Basa ngoko ana loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko andhap / alus. Basa krama uga ana loro, yaiku basa krama lan krama inggil / alus. Dene cak-cakane kaya ing ngisor iki!
  23. 23. No.Basa Digunakake Cirine 1. Ngoko - Marang sapadha-padha Bocah karo bocah - Wong tuwa marang bocah Kabeh tembungtembunge nggunakake tembung ngoko. Lugu TULADHA 1. Kowe sesuk dolan menyang omahku ya. 2. Aku karo adhiku padha-padha seneng bal-balan. 3. Apa kowe gelem dakjak nonton wayang kulit? 2. Ngoko Wong sing padha tuwane Nggunakake tembungWong tuwa marang wong enom sing tembung ngoko kang andhap / isih ngajeni diselingi tembung krama. alus - Adhi marang kakange sing wiskulina TULADHA 1. Aku wing ngerti pakdhe karo budhe tindak nitih mobil. 2. Mas Hasta, aku nyuwun tulung gawekna tulisan aksara Jawa kang genep. 3. Kena ngapa penjenengan ora kersa tindak dhewe?
  24. 24. 3. Krama TULADHA Wong sing lagi wae kenal Wong tuwa marang wong enom kang isih ngajeni banget Kabeh nggunakake tembung-tembung krama. 1. Menawi sampeyan pingin pirsa nggriya kula menika. 2. Nyuwun tulung sampeyan pendhetaken kalawarti punika. 3. Menapa sampeyan wau enjing sampun sarapan? 4. Krama inggil Bocah marang wong tuwa / alus Wong enom marang sing luwih tuwa sing isih ngajeni TULADHA Nggunakake tembung-tembung krama inggil kanggo sing diajak guneman, kanggo awake dhewe nggunakake tembung-tembung krama. 1. Bapak menapa panjenengan pirsa dalemipun Pak Brata? 2. Simbah punika tindakipun sampun radi rendhet. 3. Kenging menapa menika panjenengan tangkletaken?
  25. 25. Sesorah Menawa awake dhewe nekani sawijining acara, mligine ing acara formal mesthi ing kono bakal ana acara sambutan. Embuh iku saka panitya, para tamu, sing duwe gawe, lan liya-liyane. Smabutan iku sejatine klebu ing perangane sesorah (pidhato). Micara, sesorah, utawi pidhato uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak wicara iku kalebu sakabehing paripolahing wong sing mujudake polahing tumindhak, kalebu obahing awak, pasuryan , rasa pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bisa ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi sing wis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.
  26. 26. • • • • • • • Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kepatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bisa trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen. Cengkorongan sesorah : Salam pambuka Atur puji syukur marang pangeran Atur kasugengan , kairing atur panuwun Wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah Atur panyuwun pangapura Panutuping atur Salam panutup
  27. 27. Nulis Artikel • • • • Artikel Artikel kang ditulis kanggo medharake panemune sawijine penulis adhedhasar sawijine fakta/data/panemune wong liya miturut logikane dhewe. Tulisan lepas isi opinine sawijine pawongan kang ngonceki kanthi tuntas sawijine masalah tartamtu kang sipate aktual lan utawa kontroversial kanthi ancas menehi ngerti (informatif), mengaruhi, lan persuasif argumentatif utawa nglipur kang maca (rekreatif) Struktur artikel : Judul/irah-irahan Alinea Pambuka (Lead) Alinea Panjelas (Batang tubuh) Alinea Panutup (Ending)
  28. 28. • • • • • • • • • Bab kang wigatine jrone panulise artikel : Nemtokake /milih tema Nemtokake judul Gawe alinea sepisan Ngrembakake tema dadi pirang-pirang alinea andharan Gatekna format/gaya penulisan Eksploitasi data/referensi penting Dudutan panemu jrone alinea panutup Edit maneh draf wiwitan Draf pungkasan artikel
  29. 29. Blangkon Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia) Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi. Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:
  30. 30. 1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès). 2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan. 3. Blangkon Kedhu. 4. Blangkon Banyumas. 5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan. Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané. (Wikipedia)
  31. 31. Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ningo nek awake dewe nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng seng jenenge wong jowo ilang jawane. Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon saben minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane. Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi benda sing ora mung diweruhi wong Yogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional. Dadine ora mung dingo warga Indonesia ningo warga mancanegara
  32. 32. Maca Aksara Jawa Aksara Nglegéna ha hɔ/ɔ na nɔ ca tʃɔ ra ɽɔ ka kɔ da dɔ ta tɔ sa sɔ wa wɔ la ɭɔ pa pɔ dha ɖɔ ja dʒɔ ya jɔ nya ɲɔ ma mɔ ga gɔ ba bɔ tha ʈɔ nga ŋɔ
  33. 33. Nglegéna Pasangan ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga
  34. 34. Sandhangan panyigeging wanda Panyangga Cecak Wignyan Layar Pangkon ṃ ang ah ar -k Sandhangan swara a i u - Wulu Suku a/ɔ i u e é Pepet Taling ə e o Taling-tarung o
  35. 35. Cakra Sandhangan wyanjana Keret Pengkal ra re ya Aksara Swara Gunane kanggo nulis tembung-tembung sing asale saka manca lan ora kena dadi pasangan.
  36. 36. • Aksara Murda Gunane kanggo nulis asmane para luhur, jejuluke lan padunungane. Panganggone aksara murda cukup ditulis sakaksara wae, yaiku aksara murdha paling ngarep. Aksara Murda na ka ta sa pa nya ga ba nya ga ba Murda Pasangan na ka ta sa pa

×